Omah Cilik Sumber Setan

Panjurung

[ 97 ]OMAH CILIK SUMBER SETAN Sofwan

Mas Brata, Yu Juminah, Mas Parjo, Mas Suyadi, lan Pak Jayadi padha mbrebes mili ing ngisor wit pelem. Wong-wong mau karo mlaku dingkik padha pating klesik. Wose padha welas marang “bapak” sing dadi diuyab sisihane ing omahe Pakdhe Marta iku,

Tangga-teparone Pakdhe Marta padha ngerti Jan meruhi kabeh adegan gelut antarane “bapak””lan “ibu ing omah cilik iku, Jalaran sanajan omah iku cilik lan manggon ing desa, nanging njerone padhang kencar- kencar awit mentas wae ditukokake mesin diesel dening “bapak”.

Yen lawange omah iku dibukak, kabeh sing lagi nganakake adegan ing njerone omah iku bisa diweruhi saka njaba. Luwih-luwih saka omahe Mas Raharjo, sing manggon adhep-adhepan karo omahe Pakdhe Marta.

Wektu iku “bapak” lagi lungguh neng kursi. Astane karo diselehake ing sirahe Ermawati. Sing kiwa kanggo ngganjel sirah kang diturokake ing pangkone. Dene sing tengen kanggo ngelus-elus rambut, kebak rasa asih.

“Ayo, mlebu kamar, Pak,” ngono Ernawati bisik-bisik.

“Sik ta, isih sore wae kok. Aku mengko nginep kene kok. Wong aku pamit rapat nyang kabupaten!”

“Masiya ngono, penak neng njero, Nek” neng njaba mengko diinceng uwong.”

“Sapa wani nginceng? Aku rak bapake wong sakalurahan.”

“Masiya ngono ... ahh ... asyiiik.”

Ernawati ngguyu-ngguyu, terus mlayu menyang njero kamar. Kanthi mesem kumrungsung “bapak” nguber. Sedhela engkas kamar ngarepan iku ditutup saka njero. Weruh kaya ngono, “ibu?” sajake wis ora kuwat nahan bruwaling ati. Mencolot ngeget, myerang omahe Pakdhe Marta.

“Asuuu!” ngono swarane “ibu” histeris.

Krungu swarane wanita sing diapali iku, Ermawati bukak lawang terus mencolot mlayu metu. “Bapak” sing wis kadhung nyoplok sepatu, klambi, lan kethune, ndhredheg wel-welan ana ing kamar iku. Lawang

97 [ 98 ]wis kadhung menga. Arep ditutup maneh, keselak kedhisikan “ibu” nyerang menjero.

Astane “bapak” diglandhang, digawa metu karo muni-muni sakayange. Asu, bedhes, celeng, bangsat, lan isih akeh maneh sing lekoh- lekoh metu pating glogok saka lesane “ibu”. Ora trima swara wae. Astane “ibu” iya melu aktifnendhangi “bapak” sing lagi apes pitung turunan iku.

“Bapak” sing babar pisan ora nduga yen bakal nemoni wirang kaya ngono iku uga babarpisan ora bisa budi. Diseret metu iya manut wae. Ditapuki ora suwala. Diunen-uneni iya emoh males muni-muni. Sajake “bapak” kelingan yen panjenengane iku isih tedhak turune bendara.

Kesel olehe nandangi “bapak”, “ibu” ngeculake astane “bapak” sing nyawang nyicil lega, rada bisa ngendhokake napas. Sing ndingkik padha ujal ambegan landhung. Nanging durung nganti legane ati pantog tekan pulunging maras, wong-wong sing ndingkik iku dikagetake dening swarane “ibu” maneh.

“Jupuken klambimu, asuuu!”

Kanthi gugup kaya kamituwa nyingitake dhuwit pajek, “bapak” bali mlebu ngomah lan nylingker menyang kamar. Metu karo nganggo klambi sajak kesusu.

“Sepatune pisan, bedhes!”

“Bapak” sing wis kadhung dadi wong bodho, bali mlebu ngomah maneh. Metune wis mondhong sepatu, Nanging lagi wae dheweke nyedhaki “ibu”, “bapak” njingkat ngeget. Awake ketara kaku, netrane mentheleng, kaya wong ngadhepi sekaratul maut. Nanging sedhela engkas awake “bapak” sing kaku iku dadi lemes kaya kulupan kangkung, bareng krungu “ibu” muni-muni luwih kereng.

“Kethumuuu setaaan! Endi? jupuken, dhampuuut! Aku ora arep menehi kalodhangan kowe ngeloni lonthe maneh, doboool awas, ya! Sesuk kowe bakal daklaporake Pak Kepala. Ben kowe dipecat. Ben kowe dadi bambungan. Ben kowe dadi cah ngarit. Bedhes!”

“Bapak” mlayu mlebu maneh karo isih mondhong sepatu. Bali metu kethune wis dienggo, nanging sepatune isih panggah dipondhong wae. Ing ngarepe “ibu”, “bapak” iki wis kadhung ora nemu papan.

“O, alaaah, Bu, Ibu. Jenenge wae piyayi. Teka ora bisa njaga prasajane kakung. Najang pegela kaya ngapa, ingatase wong intelek teka

98 [ 99 ]kaya wong umbaran ing pereng gunung. Hemmm,” ngono grenenge Pak Kadhes Warno, tanggane Pakdhe Marta, nginceng lelakon serik iku ing petengan.

“Karo dene, “bapak” kuwi, apa dudu wong lanang, ta?” Mosok kok olehe ketok wedi banget. Ingatase wong lanang kuwi panggonane talak, teka kaya ngono sikepe. Gedheya sagajah abuh, ingatase wong wedok wae duwe kekuwatan sepira? Timbang banjur kontrang-kantring kaya wong pengung ngono, mbok ditabok apa digejoh cengele “ibu” sing rusak cangkeme iku. Ben ora ndedawa wirang kaya ngono.”

“Pancen wis kondhang kok, bapake” dhewe iku kalah karo “ibu”. “Kejaba kae mosok “bapak” kuwi ora duwe pikiran. Jarene dheweke kuwi sarjana. Mosok ora bisa nguwasani sing wedok. Arepa salahe kaya ngapa, arepa wis ana peraturan PP 10, sing menangake wong wadon, nanging yen nganti kliwat takeran ngono iku kejeme wadonane iya perlu diwenehi pengajaran. Apa iya wong wis salah, kudu terus dikuya-kuya ngono?”

“Delengen kae, 0 alah huk-huk-huk .., mesakake “bapak?!”

Wong-wong wadon padha nangis ngguguk weruh kahanane “bapak” sing memelas iku. Dheweke kepeksa mondhong sepatune karo mlaku, ngithing lakune “ibu” marani sepedhah montore.

“Ora susah dienggo sepatune, Awas nek kok enggo!” ngono pangancame “ibu”, pisan iki “bapak” wani semaur. Senajan swarane persis kaya kaki-kaki sing wis telung dina ora nyeret.

“Lah njur piye ta, bu?”

“Rak piye-piye. Pokoke pondhongen terus nganti tekan ngomah.”

“Bapak” manthuk loyo. “Ibu” banjur nylingkrik ing sedhele sepedha montore, Ora kangelan, awit “ibu” menganggo sarwa lanang.

Clanan, heman, lan nganggo sepatu lars. Dhasare potongane atletis, dadine ketara pideksa. Nanging ing mripaté wong-wong sing lagi nginceng anane prastawa iku, gagahe “ibu” iku malah nukulake pangigit-ipit. Umume wong-wong iku padha ngemanake kawibawane “babak”, sing dirusak dhewe dening “ibu” kuwi.

“He, he. Ayo dha bubar. “Ibu” kuwi mengko mesthi liwat dalan

kene.” Pak Kadhes menehi komandho klesik-klesik marang wong-wong

99 [ 100 ]sing padha laku dingkik iku. Sakala wong-wong desa iku padha bubaran. Sarehne olehe singitan ana ing grumbul lan seserutan sakubenge omahe Pakdhe Marta. Sanajan ngati-ati olehe mlaku, meksa keprungu kumrasaking kekayon diterjang dening awak-awak mendhosol.

Mesthine “ibu” iya krungu swara pating kreseg kuwi. Nanging sarehne kupinge wis kadhung dicawisake kanggo Ermawati lan kanggo “bapak”, swara-swara iku ora digape. Tujune Ermawati sakulawarga ora ana sing wani cumuwit. Saupama siji wae ana sing semaur, kahanan mesthi selot rame. Saya maneh yen “bapak” uga tumanggap rembug. Papan kuwi mesthi banjur kaya jaratan.

Esuke rame swarane wong padha nggunem kahanane “bapak”. Olehe mondhong sepatu lan olehe klunthuk-klunthuk nuruti pakone “ibu” sing lagi histeris, dadi underaning rembug sing paling gayeng. Wose pacelathon kabeh padha nyalahake “ibu” sing ora bisa nahan ati.

“Tibake piyayi kuwi iya ana sing kaya pidak padarakan carane tukaran.”

“Piyayi harak iya menungsa, ta?”

“Ning nek “ibu” dhek mau bengi kuwi yen kebangeten tenan lehe ra ngeman prajane.”

“Sakrunguku cen wis suwe “ibu” kuwi ra ngeman prajane. Coba .

pikiren! Ingatase dadi ibune wong sakalurahan, Iha kok isih dhemen ngumpulake cah-cah enom ing daleme. Malah omben-ombenan barang. “Bapak” sing pagaweyane numpuk lan utege nganti meh pecah nggo mimpin uwong, nggo nindakake tugas, mung trima diemblegi wae.”

“Iya, malah aku weruh dhewe. Nalika “bapak” dhong dhahar, ibu mesthi ora nunggoni. Kosok baline malah ngisi teka-teki silang karo cah eneom-enom barakane Gunawan. Pantes ora ngono kuwi?” Ngono pitakone Yu Juminah kang tau ngabdi “bapak” dadi juru adang, suwene rong wulan.

Rapat ing dalan kang dianakake dening wong-wong nganggur kang sibuk ngrasani liyan iku mutusake, yen “bapak” lawas-enggale mesthi megat “ibu” lan kawin karo Ermawati, kekasihe kang wis suwe dadi bojo simpenan “bapak” iku.

Durung asat idune sing padha rerasan ing pinggir dalan iku, |

keselak ana sepedha motor metu dalan sangarepe wong-wong omong

100 [ 101 ]bubaran pamit bali yen wis cukup kaperluane. Bapakmu ora banjur bali. Adhine bapakmu, sing jeneng Jenar iku seneng main, uga bapakmu. Mulih saka asok tukon mau banjur lunga menyang Kemetiran, Bareng-bareng padha menyang papan maksiyat, ngubengi meja mainan. Bapakmu, lan adhine bapakmu kalah maine, Dhuwit entek ludhes. Suwe-suwe apa sing cumanthel ing awak mbaka siji katut. Kalung karset ke gadhe, jam bandhul mlebu asrama, nganti klambi, jarit, lan selope kabeh dipadhekake ing papan kono.

Kakang adhi apes jayane kabeh, ora ana sing nguthut menang. Wayahe durung tengah wengi, bapakmu banjur turu ana papan cedhake wong main kono. Embuh adhine ora dipikir. Ketoke isih ana meja mainan sijine. Sajake isih bisa nerusake main, Kang digagas bapakmu, sesuk- esuk ora bakal bali mulih, arep minggat menyang ngendi parane embuh. Sebab ngentekake barang silihan ora bakal bisa mbalekake,

Ora krasa banjur, “leeesss...” keturon. Ing sajroning turu mau bapakmu ngimpi dibandhemi tai, nganti gluprut awake. Ambune adhuh theng-thengan. Kanthi mangkono bapakmu banjur nglilir anggone turu karo isih muni-muni, “Kurangajar wong jare dibalangi tai!” Sing padha main padha kaget, lan noleh,

“Ana apa kang Joga bengok-bengok?”

“Heh, aku ngimpi ta, jam pira iki?”

“Tengah wengi turu maneh bae, pa main meneh, wuda kathoke digadhekake,” pangecene bangsat-bangsat iku.

Bapakmu banjur ninggal papan iku, lan tekan cedhak pager nyamar barang rada abot, jebul kanthong isi dhuwit. Gage bali menyang papan mainan. Ndilalah ana sing medhot kentekan dhuwit. Tatrap main meneh, dhuwit sing ana njeron kanthong mau dadi tikel-tikel akehe. Kabeh padha entek ledhis dhuwite padha kegaruk dening bapakmu. Kalung karset, jam bandhul, jarit klambi, lan selop kabeh bali maneh. Bapakmu banjur mung njupuk dhuwit pawitane, Liyane didum diwenehake marang sing padha kalah main.

Mardi dheleg-dheleg krungu dongenge Joga, bapakne. Mardi uga arep mari anggone seneng domino sanadyan cilikan. Mardi angles karo

nggagas-nggagas...

101