Pancasila (Vinny Rista Winurtika)

Lintang Biru
[ 77 ]

VINNY RISTA WINURTIKA

SMP MATARAM

Pancasila

Telungngatus seket (350) tahun
Lawase
Bangsa kita dijajah Walanda
Rakyat nalangsa lan sengsara
Diidak-idak rasa kamanungsane

[ 78 ]

Indonesia mikul abot lahir lan batin
Dirusak mentale, wis ilang percayane
Awake dhewe maneh
Matumpuk-tumpuk rekasane

Ananging kanggo kamardikan
Kudu wani maju mbela bener lan adil
Para pejuang lila korban jiwa raga tumrap
negara

pancasila kang dadi dhasare negara
bisa ngrebut tamba ati kang lapa
kanthi persatuan lan percaya
mardika ... mardika ... mardika !