Lintang Biru
[ 28 ]

ELSHA D. PUTRI

SMP Negeri 1 Sewon

Rusaking Alam

Alam, lumantar Gusti kang paring sira panguripan
Lumantar sumber pangan kang akeh
Lumantar alas kang paring kamardikan
olehmu ambegan
Lumantar banyu saka pirang-pirang arah,
kang bisa nguripke tanduranmu
Alam, ora nate akeh golek
Alam menehi kamardikan kanggo menungsa ing
donya,
supaya uripe kacukupan
Nanging, sawetara alam ngrasa dilarani,
dimaling, dijaluk peksa, ngotot
Rusaking alam merga manungsa
Rusaking alam nuwuhake bencana
Banjir, longsor, lan sapanunggalane

[ 29 ]

Aja nganti alam lara maneh,
Merga Gusti bakal menehi balesan kang
sakmurwat