Sungkem Kagem Ibu

Lintang Biru
[ 59 ]

NURDIYANTO

SMP Negeri 1 Banguntapan

Sungkem Kagem Ibu

Kanthi rasa kang bisa medhot uripmu
rasa kang nora bisa digambarake larane
Lelabuhan kang ngetohake nyawamu

rasa lara datan rinasa
susahmu ilang dadi bungah
kanthi pangajab mring Gusti
“mugi dadi wong migunani”

iku sakcuwil gambaran pengorbanan
perjuangane ibu mring putrane

[ 60 ]

rasa lara lan susah
amung ana pangarep-arep lan bungah

Ibu pengin ingkang putra sungkem
ananging apa pantes?
Si durjana sungkem ing sukumu
Putra kang kebak salah, luput, lan gawe euwo

Ibu kanthi pangajab tulus lan pasrah
Ingkang putra nyuwun pangapura