Murkane Ibu

[ 95 ]Tanggap Warsa (Ulang Taun)

Jeisna Priyanti SMA Negeri 1 Kokap, Kulonprogo

kd

A | ripatku rasane wis abot banget, lengket, nanging tugasiki kok ung rampung. Menawa nganti ora rampung, sesuk esuk

bakal dadi masalah. Yen makalahku ora dadi lan aku ora bias pre- sentasi anaing kelas, wah bias-bisa aku kudu mbaleni. Wahhhhh..... jan abot banget. Nanging aku banjur gumregah lan mesem dhewe. Aku ora kena sambat lan ora kena rumangsa abot.

“Sinta, lagi ngapa iki? Wis rampung pa makalahe?” pitakone Ani sawise aku ngangkat ponselku sing kedhip-kedhip.

“Iya An, iki meh rampung kok. Eh, sesuk aku direwangi ya?”

“Beres Sin, siapno pitakonan kanggo aku ya. Sesuk aku bakal takon lan sliramu wis siap jawabane.”

“Kok tumben An, sliramu apikan. Apa bayarane?” pitakone Sinta.

Aningguyu lakak-lakak krungu guyonanku. Ani kanca kenthel wiwit sepisanan mlebu SMA tekan saiki aku kuliah.

“Sin, aku mung pengin mbok kancani. Sesuk malem minggu nanggone kancaku amarga kancaku tanggap warsa (ulang taun) sing kaping 17 (pitulas). Aku ora duwe kanca. Mulane kowe gelem ta ngancani aku?”

“Tanggap warsa? Apa kuwi An tanggap warsa?”

“Iya, tanggap warsa iku ulang taun. Kancaku rikala SMP sing jenenge Datik sesuk pas malem minggu tanggap warsa utawa ulang taun. Aku ora duwe kanca, gelem ta kowe Sin ngancani aku?”

“Wah yen aku ya mesthi gelem wae ta ngancani kowe.”

Ani pancen saiki lagi ora duwe pacar. Malah lagi telung sasi iki pacare kang kayungyung wanita liya. Atine isih lara sanajan

> “Murkane Ibu” ee 9295 [ 96 ]dheweke duwe semangat anyar. Sapa ngerti, tanggap warsa utawa ulang taun kancane SMP bakal menehi semangat anyar kanggo Ani. Dheweke ngajak aku supaya ngancani nekani acara tanggap warsa utawa ulang taun kancane.

Aku kaya dielingake anane pesta tanggap warsa (ulang taun). Wis pirang-pirang taun aku ora tau nekani acara tanggap warsa kan- caku, apa maneh tumrap aku dhewe jan ora tau dirayakake ulang taunku dening wong tuaku. Bapak lan ibuku nate ngendika menawa tanggap warsa utawa ulang taun kuwi ora kudu dirayakake.

Atiku sedhih banget kamangka kanca-kancaku saben dina ulang taune mesthi padha nggawe acara kanggo mahargya dina kelairane. Yen wis ngono, atiku dadi keranta-ranta lan mung bias nangis amar- ga meri karo kanca-kancaku. Ora krasa luh ana ing mripatku tume- tes nelesi pipiku. Aku wis ora bias nerusake maneh anggone ngram- pungake makalah iki.

Ora bias selakmaneh. Sengara aku bias endha lan ora sida ngan- cani Ani nekani acara tanggap warsa. Ani, kancaku sing wis gelemntu aku esukmau. Pitakonan-pitakonan kang wis dirancang karo jawab- ane. Sing baku, sesuk aku kudu nyiapake tenan tesisku kanthi ma- teng.

“Sin, kowe wis siap?” keprungu swarane Ani karo mlebu kamar kosku.

“Ya An, sedhela maneh, aku dak njupuk dhompet dhisik ya!”

“Eee, sliramu kok katon ayu banget, wah mesthi mengko bakal akeh sing nglirik ki.”

Ani nyawang aku sajak gumun, ndomblong nang ngarepku. Aku mungmesem marang polahe Ani. Menawa wae dheweke nerti, wis setaunan iki aku ora nate dandan kaya ngeneiki, dheweke mesthi kaget. Menawa ora kepotangan budi marang Ani kang jalari aku lolos ujian, mesthi wae aku emoh diajak nekani acara tanggap warsa

Rasane atiku sepi ana pahargyan tanggap warsa kangmirung- gan. Ani isih asyik ketemu kancane SMP. Nanging swasana endah ujug-ujug owah. Nalika ana tamu nyedhaki panggung tanggap warsa. Embuh apa sing dirembug. Nanging atiku bali kaya kesilet-silet. Nalika weruh kancane patang taun kepungkur kumlebet maneh.

KK

96 = Antologi Crata Cekak ee. [ 97 ]= “Murkane Ibu” ee

Jeisna Priyanti, lair ing Jakarta, 14 April 1993, siswa ing SMA Negeri 1 Kokap, Jalan Jambon, Hargorejo, Kokap, Kulon Progo, agamane Islam, mapan ing Siwates,

Kaligintung, Temon, Kulon Progo, hapene 085729345290, kesenengane dolan-dolan.

97