Tangising Krajanku

Lintang Biru
[ 49 ]

NABILA HUDA UTAMI
SMP Negeri 1 Piyungan

Tangising Krajanku

Krajan iki dadi rusak
Tangise ngeres-ngeresi ati
Oo.. le ora rusak lan nangis wae kepiye
Akeh wong kang nglanggar aturan lan tatanan
Papa Cintraka
Sugih Miskin
Anom Tua
Ora ana bedane
Sing nggawer Undang-Undang nglanggar
Jalaran pengen entuk kekuwasaan
Korupsi, kolusi nepotisme dadi budaya
Dhuwit ngajak rusake negara
Dhuwit dadi pikiran
Pemimpin saiki ora ana sing isa dipercaya
Undang-Undang kang wis digawe,ora ditindakke

[ 50 ]

He.. manungsa
Donya iki amung sauntara
Aja nambahi dosa
Padha tumindako kang isa nambani krajan iki
Supaya krajan iki dadi tentrem