Urip (Nur Icehsanuddin)
[ 39 ]Urip
Nur Icehsanuddin A.K. SMK Negeri 1 Pengasih, Kulonprogo
kd
lak Jono ngalamun ana ing ngarep omah. Atine gela, sajak rada
ku
Ciwa merga kabeh bandhane wis ludhes didol, yamung omah
sing dienggoni saiki sing isih dieman. Dheweke wis ora duwe sawah lan pomahan. Nanging, kabeh mau wis dikarepake. Nggo urip me- wah, sanajan mung sadhela.
Pak, Sampeyan ki ana apa? Kok tak gatekake ngalamun wae.”
Pitakone bojone.
“Aku iki, ora ngalamun, Bu. Aku iki lagi mikir. Bingung, kok
uripe awake dhewe iki dadi kaya ngene!” kandhane Pak Jono.
Gusti
Lha piyeta, Pak? Kabeh ki ya uwis dalane. Wis diserat dening mgkang Maha Kuwasa. Ora perlu digetuni lan dikuciwani!”
kandhane Bu Jono kanthi sabar banget.
ya, pancen bener kandhamu Bu. Kabeh iki pancen wis takdir
kang diparingke dening Gusti Kang Maha Asih. Nanging, tumrape
nasibe
diowa:
awake dhewerak ya bisa diowahi ta, Bu, yen wingi orangono.” ya Pak, aku ya ngerti saka pengajian. Yen kabeh kuwi bisa hi yen gelem ihtiyar kanthi tenanan. Nanging, ya piye meneh
Pak, kabeh mau wis kebacut, wis ora bisa digelani maneh.”
piye?
“Nanging aku ya isih kepikiran Bu. Anak putuku sesuk banjur
abeh bandhaku wis bablas. Kari omah siji wae wis kaya
ngene. Gedhe ning arep ambruk.”
weya
abeh mau wis dikarepake awake dhewe kok, Pak. Anake dhe- wis melu ngrasakake seneng. Ngapa kok ora wiwit ndhisik le
ana pikiran ngene iki.
> “Murkane Ibu” ee 39 [ 40 ]“Ya pancen kuciwa iku metune keri, Bu. Tak pikir, kok bener apa sing dingendikakake para pujangga kae ya Bu. Yen seneng- seneng mulane, mesti banjur susah ing mburine. Sawise nglakoni dhewe, awake dhewe iiki kurang nrima ya Bu. Yen ndhisik ora pengin lan mlaku apa ananerak ya ora ngene.” ngono kandhane sajak getun.
Pak Jono lan sisihane isih anaing ngarep omah. Ngomongake nasibe. Melas. Banjur ora suwe, Paiman, anake lanang siji-sijine teka saka dolan.
“Wonten napa ta, Pak, kok kalih Ibu ten mriki? Kok kadosengen- dikane wigati sanget.”
“NgenelLe, aku lan ibumu iki lagi wae ngomongake bab nasibe awake dhewe. Piye nasibe kulawarga iki sesuk.”
“Nggih kados pundi ta, Pak? Bingung?”
Pak Jono banjur nyritakake kahanan sak durunge marang anak lanang.
“Lha piye ta Le, dipikir-pikir awake dhewe lan anak putumu sesuk. Aku iki kok ngrumangsani dadi wong tuwa salah. Salah ang- gonanku ngecakake carane urip. Aku rikala wingi durung mikirake uripe anak putuku. Aku iki dhisik seneng dolanan kartu lan omben- omben. Pancen kabeh iku nyenengake. Lan bener sing haram penak dilakoni. Kabeh mau dadi lali. Tuntunane sing becik mungguhing agama bisa kalalekake. Amarga saka kuwi, aku banjur adol apa du- wekku, kayata lemah, pomahan, lan mas-masan duweke ibumu sa- perlu mung kanggo nuruti hawa nepsuku le ora bisa tak penggak. Kudu tak turuti ing wektu kuwi. Menawa ora keturutan, wektu kuwi rasane cengklungen. Mula aku ora eling, Menawa lemah lan mas- masan iku mau sabenere kena tak enggo njembarake cara urip kang becik, kayata kanggoragating tembene, kalebu kanggo nyekolahake kowe tekan sarjana.
Paiman nggatekake anggone Pak Jono ngendika kanthi tenan- an.
“Pancen iki salahku. Aku ora bisa bersyukur karo bandha sing wis tak adhep. Menawa akeh-akeh bersyukur mbok menawa aku ora bakal kleru cak-cakane. Kesasar ing jurang dolanan kertu lan omben-omben. Mula iku ya, Le, aku arep weling marang kowe anak- ku siji-sijine, okeh-okeha bersyukur awujud nikmat paringan saka Gusti, cilik utawa gedhe. Luwih-luwih kowe sing tak karepake, kowe kudu bisa dadi panutan tumrape awakmu dhewe, kulawargamu,
40 = Antologi Crata Cekak ee. [ 41 ]sumrambahe marang warga. Mula aku pesen mempengana anggo- nanmu ngibadah. Amarga ngibadah iku, dhasar kanggo sekabeha- ne. Pengalaman pait bapakmu iki bisa kanggo tuladha sing ala, sing kudu adoh-adoh tok tinggalake.”
Pak Jono banjur mungkasi critane. Pak Jono sajake wis tobat temenan lan pengin ngakehi rasa syukure marang Gusti lan mem- pengake anggone ngibadah. Banjur Paiman njawab kanthi tulusing Ati.
“Inggih Pak, Insya Allah kula saget dados anak ingkang saget panjenengan kersakaken. Dalem badhe ningkataken rasa syukur ugi ngibadah ingkang langkung lebet. Sedaya menika saget dados tuntunan kula anggenipun nglampahi gesanging tembene. Donga pangestu Bapak kalih Ibu sanget kula antu-antu.”
“Alhamdulillah. Bapak lega banget yen kowe duwe pangarep- arep ngono. Aku lan ibumu bakal mangestoni lan tansah dedonga kanggo kowe, Le.”
Keluarga Pak Jono bisa dadi ayem tentrem. Mlaku apa anane sing dilambari saka okeh-okehe rasa matur nuwun marang kang gedhe marang Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
banu
Nur Ichsanuddin A.K. , lair rikala tanggal 17 Maret 1992, ing Kulon Progo, sekolah ing SMK Negeri 1 Pengasih, Kulon Progo, Jalan Kawijo 11, Pengasih, Kulon Progo, telepon (0274) 773081, agama Islam, omahe ana ing Kedungan III, RT 07717, Kedungan, Temon, Kulon Progo, telepon omahe (0274) 8210601, HP-ne 085228925070, kesenengane ngrungokake radhio.
> “Murkane Ibu” ee 41