Murkane Ibu

[ 56 ]Yanti

Kuswandari SMAN 1 Galur, Kulon Progo

kd

agi sesasi anggonku kenal Yanti, yaiku kawit Yanti dadi murid

anyar ana ing sekolahanku. Yanti bocah kang lembah manah, kebak ing tata karma lan sugih esem. Ya kuwi kang daksenengi saka Yanti. Kejaba iku, dheweke pinter lan kerep mbiyantu aku ngajari ngilmu pelajaran itung-itungan kang kawit biyen paling aku ora bisa. Wektu sesasi mau wis cukup kanggo aku kenalluwih adoh babagan uripe Yanti, semono uga suwalike. Mula, prasaja wae yen aku lan dhe- weke sing padha-padha easy going bisa cepet raket.

Yanti iku asale saka Kutha Kembang utawa Bandung, dheweke lanibune pindhah ing kutha Gudheg iki amarga keluwargane kang broken home, Aku dhewe ora beda karo Yanti, dadi korbane wongtuwa singmung mikirake wudele dhewe. Mbok menawa babagan iki kang, bisa nambah raketing kekancananku karo Yanti, amarga padha- padha ngrasakake lara lan susahing dadi kurban ke-egois-ane wong tuwa. Apa maneh yen nganti diece kanca lan tangga teparo. Ati rasa- nekaya diiris peso kang landhep, perih ora mari-mari.

Nanging kawit kenal karo Yanti aku wis ora preduli maneh apa kang diomongake wong liya babagan aku lan kulawargaku. Aku ora perlu duwe rasa isin, ora perlu lara ati, amarga aku ya aku, awakmu ya awakmu. Durung mesthi wadi kang ana ing kulawarga iku ora bakal ana ing kulawarga liyane. Mung wong kang pikirane cekak wae kang bakal mikir kaya mangkono. Lan durung mesthi uga uripe wong liya iku luwih mulya saka uripku.

56 = Antologi Crata Cekak ee. [ 57 ]Saiki saben dina aku ngampiri Yanti yen arep menyang seko- lah. Omahku lan omahe lumayan cedhak lan sakjurusan tumuju seko- lah. Ing sekolah, aku uga sebangku karo Yanti. Uripku seneng bisa tepung marang Yanti kang menehi semangat lan makna hidup anyar ing awakku.

Dinaiki, tak rasakake Yanti rada aneh. Dheweke kaya ngendha saka aku. Wektu istirahat, takajak jajaning kantin ora gelem. Banjur lunga ora ngomong babar blas. Arep tak tututi, aku ora kepenak, trima takenteni wae ing kelas. Sapa ngerti ora suwe utawa mung are neng kolah. Nangingnganti sawe Yanti ora bali ing kelas nganti bel istirahat entek. Kancaku, Laila, mlayu-mlayu marani aku.

“Na, Yanti Na!” bengok-bengok.

“Yanti? Ngapa Yanti?” pitakonku kanthi ati sajak ora kepenak.

“Yanti saiki ing UKS, mau semaput,” jawabane Laila.

“Apa?” setengah aku ora percaya.

Aku ora preduli Pak Guru wis mlebu kelas, aku banjur mlayu wae banter tumuju ing UKS. Yanti wis kaya mayit urip. Raine pucet banget. Taktunggoni Yanti nganti sadhar. Sawise sadhar, dheweke mung mesem karo aku.

Telung dina yanti ora mlebu sekolah. Dina-dinaku sepi rikala Yanti ora mlebu sekolah.

Aku seneng banget weruh Yanti mlebu sekolah dina iki. Yanti wis balik maneh, kaya biasane nanging dheweke ora gelem ngaku yen sitakoni duwe penyakit apa kok wingi nganti semaput. Jawab- ane mesthi ngawur. Ngakune wingi dhewekke mung ethok-ethok semaput supaya bisa turu. Dikirane aku percaya kamangka sethithik wae aku ora percaya senajan aku ngerti Yanti ora tau ngapusi.

Meneng-meneng aku nyetitekake apa kang sebenere dipendhem Yanti. Nganti seminggu sawise aku ngerti saka ibune Yanti, menawa Yanti lara kanker otak stadium akhir. Yanti ora gelem digawa ing rumah sakitamarga dheweke ngrumangsani yen penyakite iku ora bakal bisa mari. Ngrumangsani uga yen tabungane ibune wis entek kanggo ngobati penyakite. Ibune nganti mrebes mili anggone crita marang aku. Sawise rampung crita, njaluk tulung aku meksa Yanti supaya gelem melu kemoterapi. Sanajan wis ora ana pangarep-arep bisa mari. Nanging saora-orane wis ngupaya.

Entek-entekane, Yanti gelem nglakoni terapi sawise tak peksa karo ibune. Anggonku menehi semangat Yanti ora entek-entek.

> “Murkane Ibu” ee 57 [ 58 ]Nganti aku melu potong buthak amarga Yanti ya buthak, merga kemo- terapi mau. Mung cara kuwi kang takbisani kanggo nyemangati Yanti, lha kepriye maneh, yen arep biyantu biaya pengobatane, aku ora sanggup amarga aku wong mlarat.

Awake dhewe mung bisa ngupaya nanging Ingkang Kuwasa kang nemtokake. Yanti banjur koma limang sasi nganti entek-en- tekane ditimbali Sang Khalig.

Yanti, saumpama Kang Maha Kuwasa ngijinake awake dhewe tetep bisa ngukir endahing kekancan kang sejati, mbokmenawa ati iki ora bakal susah. Awakmu kang ngajarake ngelmu urip kang mipu- nani banget kanggo aku. Sanajan saiki awakmu ora bisa ngancani aku maneh ing alam donya, nanging aku ora bakal nglalekake awak- mu.... Nganti pati nekani aku, aku ora bakal lali lan aku kepingin bisa ketemu marang sliramu.

38

Kuswandari, SMAN 1 Galur, Kulon Progo

58 = Antologi Crata Cekak ee.