Yu Ginah

Panjurung

[ 148 ]1

YUGINAH

Fr. Sri Yuniarti

Yu Ginah, mengkono katelahe ing kampung kono, genepe mono Tuginah. Randha enom anak-anak siji sing ditinggal mati bojone telung taun kepungkur. Patine sing lanang mergo nemu kacilakan, kesrempet truk tangki sing ngebut nalika dheweke lagi nglakokake becake. Saiki uripe mung karo anake wadon jenenge Sumini, sing saiki wis kelas enem Es Dhe. Bocahe kenes, grapyak, lan seneng srawung, Uga klebu pinter ing sekolahane. Rapote wiwit kelas siji ora ana abange, lan bijine sandhuwure rata-rata kelas. Ana ing ngomah uga ora wegah gaweane mBokne apa wae. Mula asih tresnane Yu Ginah tumplek blek marang dheweke, luwih-luwih ngelingi yen wis ora duwe bapa. Ya mung marang anake mau Yu Ginah nduweni pangarep-arep bakal bisa nerusake sejarahe wong atuwane.

Yu Ginah lan anake mau manggon ing omahe Pak Jaya, sing pancen nyewakake omah kanggo wong-wong ora duwe. Mula wujude ya mung prasaja omah kampung saka gedheg. Omah siji ukuran seket meter persegi kuwi disingget-singget, dinggoni telung somah (keluarga). Racake sing manggon wong bebadra; ana sing seka Gunungkidul lan uga ana sing seka Wonogiri klebu Yu Ginah.

Senajan wis ditinggal mati bojone, Yu Ginah ora kepengin bali ing ndesane. Awit wong tuwane sakeloron uga wis ora ana, lan uga ora bisa njagakake asiling lemah tinggalane wong tuwane sing cengkar. Mula Yu Ginah duwe tekad tetep golek pangan lan urip ing kutha. Kanggo nyambung uripe Yu Ginah banjur reka-reka gawe panganan, kayata pisang goreng, tahu susur, bakwan lan liya-liyane; banjur dititip-titipake ing warung-warung lan bakul wedang jahe (warung koboi). Ing sekawit usahane mau lumayan bisa kanggo cagak urip. Nanging kocapa. ... bumi pertiwi gonjang ganjing keterjang krismon sing ora bisa dibendung. Ru- piah anjlog, dollare ndedel. Mahanani kahanane perekonomian mawut ora karuwan. Buruh-buruh kena Pe Ha Ka utawa dipecat jalaran pabrike bangkrut; penggangguran saya nderbala. Kahanan iki dhampake ora mung dirasakake pengusaha-pengusaha gedhe lan madya wae, nanging usaha- usaha gurem kaya usahane Yu Ginah uga ora luput.


bad

148 [ 149 ]Esuk kuwi sawise subuhan Yu Ginah ora gage menyang pasar kaya adat sabene, saperlu kulakan. Sawise nggodhog wedang lan nyepakake sarapane Sumini, dheweke bali lungguh ing dhipan peturone. Mripate nyawang tas kresek ireng ing dhuwur bangku, isi panganan sing ora payu, utawa balen saka warung-warung. Ya pancen kaya ngono kuwi resikone bakul panganan sing ora didol dhewe. Ya saploke krismon iki bakul cilik kaya Yu Ginah iki padha sambat. Ha, ning piye maneh pancen “dayabeli masyarakate menurun”.

“mBok, mBok ... wis awan lho, ora neng pasar pa?” pitakone Sumini sing wis siap arep mangkat sekolah.

“Ahembuh Sum, Aku kuwi rak bingung ... arep dodol apa ora,” wangsulane mBokne karo nyawang njaba.

“Bingung sing kepiye ta, mBok.”

“Kowe rak ya ngerti dhewe nek wis ana sesasi iki anggone bebakulan tansah rugi. Kamangka pawitane kuwi rak dhuwit utangan sing kudu dianaki pendhak sasi. Apa saya ora rekasa nek diterus-teruske?”

“Ha, ning nek ora dodol njur arep ngapa?”

“Ya iki sing ndadekake bingungku Sum. Wis wis kana gek ndang mangkat mengko mundhak selak telat, mengko dirembug maneh.”

“Yo, wis ya mBok, tak mangkat dhisik,” guneme Sumini karo mlangkah metu.

“Yakana ... sing ngati-ati!”

Sapungkure anake Yu Ginah isih panggah lun gguh karo mikirake nasibe. Gegawangan katon wewayangane bojone sing wis ngajal kang banget ditresnani lan uga nresnani dheweke. Senajan mung tukang becak,

ning tanggungjawabe gedhe tumrap brayate. Pira wae oleh-olehane dibrukke kabeh marang sisihane. Dene yen ana kurange, bojone mau uga mbudidaya polek tambahan pemetu kanthi cara apa wae waton kalal.

“Kulanuwun ....”

Gragap. Yu Ginah krungu wong uluk salam, Dheweke age-age menyat lan methukake tamune.

“Oh manga-mangga ... tindak mlebet Bu. Nyuwun pangapunten lho, panggenanipun kados mekaten ....”

“Wis wis ora papa,” mengkono wangsulane tamune mau, sing ora liya Bu Marto bakul balapecah ing pasar Beringharjo. Dene daleme

149 [ 150 ]ana ing perumahan sacedhake kampung kono.

“Kok kadingaren Bu, wonten kersa menapa?”

“Ngene ya Yu... tekaku iki arep njaluk tulung kowe.”

“Ngersakaken mundhut tulung menapa?”

“Nek kowe gelem, aku rewangana momong putu-putuku ... kae lho anake Tejo sing nyambut gawe neng kantor Pajek.”

“Kados rak sampun wonten pamongipun ta?”

“Tya bener. Ning saiki wis matu. Nek pamite mono mung mulih tilik wong tuwane, ning jebule saline wis digawa kabeh.”

“Inggih, kula nyuwun wekdal. Kula pikiripun lan kula ugi kedah tantunan dhateng Sumini rumiyin.”

“Ya ning aja suwe-suwe, yen bisa sesuk kowe wis menehi keterangan. Oh iya nek kowe sesuk saguh, takblanja pitungpuluhlima ewu sesasi, lan sore bisa mulih,” mengkono ngendikane Bu Marto ngyakinake.

“Inggih inggih... mbenjing sonten kula sowan wonten ndalem.” “Yawis rebut cukup, tak njaluk pamit”, ngendikane karo menyat saka lenggahe.

“nDherekaken lho Bu ....”

Yu Ginah nguntabake tamune tekan lurung cilik ngarep omahe. Karo lumaku bali dheweke mikir-mikir apa sing wis dingendikakake Bu Marto mau. Lagi wae arep mlabu ngomah, Ratmi tanggane adu gedheg takori,

“Ngapa Yu .... bu Marto mau?”

“Oh nganu .... butuh rewang, nggo momong wayahe,” wangsulane karo marani Ratmi.

“Butuh rewang? njur mau nari kowe?”

“He-eh,” wangsulane cekak.

“Lha kowe gelem ora Yu.”

“Aku isih nyuwun wektu, arep mikir ndhisik.”

“Rene, rene tak kandhani!” kandha ngono kuwi Ratmi karo nggeret tangane Yu Ginah dijak lungguh ing lincake.

Ratmi banjur crita akeh-akeh sing nyebabake rewange Bu Marto kuwi padha ora krasan. Jalaran mantune, ya garwane mas Tejo kuwi kejaba crewet, seneng nyubriyani, uga sujanan, Mulane sing ndherek

150 [ 151 ]neng kana paling suwe bisa bertahan telung sasi.

“Piye Yu... percaya ora karo critaku?” pitakone Ratmi sawise mungkasi critane.

“Percaya ... percaya. Mosok karo kowe ora percaya.”

“Lha ning yen kowe gelem lakonana, aku mung ngandhakke apa anane.”

“Jan-jane mono aku ya butuh gawean Mi. Lha bakulan yen kahanane isih kaya ngene ya mung tiwas numpuk utang.”

“Yu... apa koweora kepengin omah-omah meneh ta?” pitakone Ratmi ngalehake rembug.

“Ah kowe ki ana-ana wae,”

“Lha wong isih enom, rak ya ora papa ta. Malah ana sing dijak rembugan lan momong Sumini.”

“Wis, wisaku tak mulih dhisik... ndhak malah nggladrah,” muni mengkono karo nyiwel pupune Ratmi,

“Yaaja nesu lho Yu... aku mung guyon kok.”

Yu Ginah banjur klepat mlebu ngomahe, njujug pawon. Ing wadhah bumbon isih ana tempe semangit karo kacang panjang saunting.

“Wis tak 0seng-o0senge wae,” grenenge.

YuGinah banjur wiwit olah-olah saanane, sing penting bisa kanggo lawuh mangan awan. Dene mengko sore bisa tuku lawuh neng warung.

“Wah ambune kok sedhep .... masak apa mBok,” dumadakan Sumini wis ana cedhake,

“Iki ... masak oseng-oseng tempe semangit, senenganmu. Yahmene kok wis bali ta Sum.”

“Iya mBok, wong gurune padha rapat.”

“Yoh kana ndang salin ndhisik... mengko gek mangan.”

Sumini banjur salin lan wisuh ing pekiwan, banjurnjupuk piring, karo ngejak mBokne mangan bareng. Wong loro banjur pating kethemul, katon nikmat banget. |

Sabubare mangan wong loro mau banjur padha lungguhan ing amben. Yu Ginah ngandhakake bab gaweyan sing ditawakake Bu Marto, lan njaluk pertimbangane anake. Katone Sumini ora kabotan mBokne nyambutgawe, Bab critane Ratmi ora dikandhakake, dadi Sumini ora

ngerti. Awit yen diwenehi ngerti mesthi ora oleh.

151 [ 152 ]Wengi kuwi Yu Ginah ora bisa turu kepenak. Pikirane isih mangu- mangu, apa sing bakal ditindakake. Kamangka sesuk kudu wis menehi keterangan marang Bu Marto. Yen ngelingi butuhe tansaya akeh, yakuwi kanggo ngragadi anake sing wis arep nempuh Ebtanas, tekade wis kenceng nedya nyaguhi. Nanging yen kelingan critane Ratmi, bali kendho. 'Apa kira-kira dheweke bisa ngladeni mantune Bu Marto sing jare judhes kuwi?

Esuke ... atine Yu Ginah wis golong-gilig arep sowan Bu Marto lan njatnyambutgawe ing daleme. Mula sawise Sumini mangkat sekolah, embokne mau uga age-age budhal menyang daleme Bu Marto.

“Kulonuwun ....”

Yu Ginah thingak-thinguk, Dalem gedhe mau katon sepi. Mula YuGinah banjur nyedhaki jendhela sing menga, karo ngambali uluk salam Jan nothok jendhela. Dumadakan “Guk guk guk guk ...” Sing anguk- anguk jendhela malah klangenane Bu Marto. Asu herder gedhene sak wedhus nyander-nyander. Yu Ginah mlayu sipat kuping karo kamigilan

152