Anggonku Ngenteni

Murkane Ibu

[ 59 ]Anggonku Ngenteni

Anis Safitri SMA Negeri 1 Galur, Kulon Progo

kd

[4 kaya wingi-wingi, anggonku mlaku ora ana tujuwane. Ora takrasakke sayahe sikil lan lungkrahe awakku. Tekan pelabuhan tibanelakuku. Mungisa takangen-angen, nanging ora tahu dadi nyata.

“Ana kapal saka Sumatra!” bengokane bocah, kanthi seneng lan mlayu-mlayu.

Ora sranta anggonku mlaku katatih-tatih tumuju ana tekane swara. Atiku bungah, sing ana neng angen-angenku Mas Tono bali, lan arep njupuk aku, netepi janjine, yen arep nglamar aku, sawise isa kerja lan bali anggone golek kabegjan.

“Nur,” ngono celuke wong neng buriku sing sok gawe buyar angen-angenku.

“0... alah, Simbok! Ngagetke wae l0 ....” kandhaku rada jeng- kel.

“Wis setaun anggonmu ngenteni, ora ana kabar, lho Nduk. Simbok mesakake lakumu mungngono wae. Uga maneh kowe mung lagi sesasi kenal karo Tono, kok banjur percaya wae marang Tono. Apa kowe yakin?” ngono kuwi kandhane simbok saben weruh aku ngalamun.

“Mbok, aku ngenteni iku ana kang tak enteni Iho! mbok ajangge- lan-nggelani to ...! Aku dadi susah.” kandhaku karongampetanggon- ku nangis.

Ora isa ngapa-ngapa maneh aku. Aku mlayu saka anggone simbok ngadeg. Ora ngerti arep menyang ngendi. Pancen bener kandhane simbok, Mas Tono iku lagi wae tak kenal, nanging aku

> “Murkane Ibu” ee 59 [ 60 ]tresna banget marang dheweke. Mas Tono uga tresna marang aku, wis nglamar maneh, marang Bapakku. Sakwise Mas Tono pamit menyang Sumatra, kandhane arep tilik Pak Dhe, lan arep golek ragat kanggorabi mengko. Wismeh setaun lungane MasTono ora analayang lan kabar kang ngandhakake kahanane Mas Tono. Aku mung tansah ngenteni kanthi sabar lan sabar.

Kelingan telung sasi kepungkur, aku arep dilamar Mas Joko, tanggaku sing pancen ora kurang apa-apa. Wis bagus, apik, wong duwe maneh. Nanging, kanthi ati kang abot aku nolak, tresnaku mung kanggo Mas Tono, lan janjine marang aku.

Wayahe wis katon peteng, aku bali menyang ngomah ngenteni dina sesuk. Mung ngono iki lakuku. Esuk sak durunge ana wong tangi aku wis mlayu menyang pelabuhan kanthi gedhene pangarep- arep. Mbok menawa ana kabar utawa baline Mas Tono. Yen wis sore aku bali kanthi ronto ging pangarep-arepku. Saben dina mang- kono kuwi lakuku, nganti bocah-bocah ana pelabuhan nyeluk aku “Nyai Tunggu.”

Iki dina Minggu, aku kawanen menyang pelabuhan, lagi wae arep mbukak lawang, ana tamu.

“Oh ..., Pak Dhukuh, mangga Pak! Wonten menapa Pak?”

“Ngene lho Ndhuk, ana layang saka Sumatra ....” durung rampung anggone Pak Dhukuh ngendika, layang iku langsung tak jaluk, tak gawa ana ing kamar, aku bungah banget, iki layang saka Mas Tono, genea Mas Tonoisih eling karo aku. Layang langsung tak bukak. Tak waca ngati-ati.

“Kanggo Adhiku Nuri,

Dhik, aku Mbak Lastri, kabarku apik-apik wae! La piye kabar ing kono? Bapak-Simbok waras to? Aku kangen ....”

Aku gela banget, nanging tetep tak terusake anggonku maca.

“Mbak Lastri arep bali menyang Semarang, Dhik, saiki aku wis duwe calon bojo jenenge Mas Adit saka Bandung, Entenana tekaku sesuk Senin”.

Aku dadi bungah krungu kandhane Mbak Lastri, isine pancen singkat. Aku matur marang bapak lan simbok.

MbakLastri wis telung taun kerja ana Sumatra. Gajine lumayan kanggo nutupi kabutuhane kulawarga. Mbak Lastri iku sing golek pangan sawise bapakku lara stroke amarga darah tinggi. Mbak Lastri bali menyang Semarang menawa dina riyaya lan menawa


60 = Antologi Crata Cekak ee. [ 61 ]wis kangen marang bapak lan simbok. Aku matur nuwun banget karo Mbak Lastri, lantaran bisa ngrampungake SMA-ku, lantaran dibiyayani Mbak Lastri. Sesuk mbak ayu sing tak tresnani bakal bali karo calon bojone meneh.

Kanggo ngenteni tekane Mbak Lastri lan calon bojone, wong tuwaku nganakake syukuran, tangga teparo padha diaturi rawuh.

Wusana sing ditunggu-tunggu teka. Mabak Lastri lan .... Lha, sapa ta iku, calone, pa?

Tak ulurake tanganku marang calon bojone Mbak Lastri, aku ngenteni anggone dheweke nyebut jenenge.

“Adit, aku calon bojone ....” ora ngantek rampung anggone dheweke omong,

“Apa wis lali marang aku?” kandhaku ing atiku.

“Lho kenapa ta Dhik?” Apa ora seneng karo calon bojoku ...?” kandhane Mbak Lastri sedih, lantaran weruh aku matung. Sakwetara aku ora bisa jawab.

“O0... ora ngono, Mbak, aku seneng, mathuk marang calon bojo- mu, sapa ta mau jenenge, Mas Tono?” anggonku takon tak lirihake.

“Mas Adit. A...d.. .i...t....” Mbak Lastri ngeja kanthi cetha.

Aku ora isa ngomong apa-apa maneh, atiku lebur dadi awu. Akungadeg kaya cagak listrik. Kaya wong keblebeging banyu. Bapak lans wis lali rupane Mas Tono. Mas Adit saiki beda, gondrong lan kumisen. Nanging aku ora bakal lali rupane Mas Tono. Mas Tono, yaiku Mas Adit kang dadi calone Mbak Lastri. Kanthi bungahing Mbak Lastri tak ikhlasake Mas Tono lan tresnaku keli ana segara, ilang ora bakal bali. Kang ana saiki Mas Adit utawa Mas Tono iku calon kakang ipeku. Aku trima ngalah.

Kek

Anis Saritri, lair rikala tanggal 14 April 1992, ing Kulon Progo, sekolahe ana SMA Gegeri 1 Galaur, Tirtorahayu, Galur, Kulon Progo, agamane Islam, omahe Bapanagan, Karangsewu, Galur, Kulon Progo, kesenengane maca.

> “Murkane Ibu” ee 61