Hamuk

Panjurung

[ 24 ]HAMUK Agus Suprihono

Istingarah kaget nalika methukake bojone mulih saka nyambut gawe. Ngatijo, bojone kuwi jebul ora bisa omong. Najan ora bisu babar | pisan. Swara sing metu saka tutuke mung saukara, Kamangka dhek arep | mangkat nyambut gawe esuk mau isih kaya adate, Ngliling anake sing isih suson. Weling marang dheweke supaya ngati-ati sasuwene ditinggal lunga. Nanging saiki wis malik grembyang. Apa kampiran dhemit h prapatan lor kono, batine.

Tangga teparone sing krungu kabar lelarane Ngatijo enggal tinjo. Nakyinake bener lupute kabar sing enggal sumebar sakampung yen Ngatijo | ketaman lelara aneh. Mulih saka nyambut gawe mung bisa saukara. Tangga-tangga padha nakon-nakoni, ngajak guneman. Ngajak guyon, Ngajak gojek. Ning Ngatijo mung menehi reaksi siji saka tutuke. Tembung saukara sing gawe geter patere ati kabeh sing krungu. Ngatijo mung bisa guneman “Hamuk!”

“Kuwi bokmenawa rak tom-tomen wayang mau bengi,” | kandhane salah siji tanggane. “Mau bengi wayang nggon radio nglakokake | Ranjapan Abimanyu. Si Ngatijo mesthi tom-tomen para Kurawa anggone | ngranjap Abimanyu nganggo tembung hamuk. .. hamuk... hbamuk. ..!” |

“Bisa uga,” sambunge tangga liyane, “Bisa uga kelebon roh arwahe Dursasana.” |

“Bok ya enggal diikhtiyarke ta, Is,” kandhane salah sijine tanggane | maneh. “Bokmenawa yen kencokan dhemit Ngepreh,”

“Lha njur ikhtiyar menyang endi, Lik?” pitakone Istingarah bingung karo njejelake susune marang lambene anake,

“mBah Suro, ben diwenehi banyu bening.”

Ati bingung njalari ora bisa mikir yen ing kampung kono ana paranormal sing asring tetulung, Istingarah lagi kelingan marang mBah 5. : Suro sing kodhang bisa nambani sadengah lelara, Dheweke rumangsa | 5 pancen kudu ikhtiyar kaya sing dikandhakake tanggane mau. Mula sorene dheweke ngajak Ngatijo menyang omahe mBah Suro. Anake sing isih | suson diajak pisan, merga yen ditinggal ora ana sing momong. Tekan

Wa


24 [ 25 ]ngarep lawang omahe mBah Suro, Ngatijo uluk salam.

“Hamuuuk.”

“Huh! Aku wae sing kulanuwun,” Istingarah menggak kekarepane sing lanang.

“Kulanuwun, mBah,” swarane Istingarah.

“Mlebu!” keprungu wangsulane mBah Suro saka jero. Istingarah pancen wis kulina mrono. Saben-saben yen anake anget, utawa mriyang, playune mesthi mBah Suro, Lan wong sakampung wis nganggep yen mBah Suro pancen wong tuwa sing seneng tetulung marang liyan.

“Aku pancen wis ngramal lelara iki bakal nemahi marang wong- wong kampung kene, “kandhane mBah Suro sawise rampung ndhiagnosis lelarane Ngatijo. “Mangka yen wis ana sing ketaman lelara iki, yen ora enggal diusadani temah bisa nular. Bisa uga wong sakampung bakal ketularan kabeh!”

“Pramila kula nyuwun berkahipun Simbah, sageda semah kula enggal saras kados wingi uni”, panuwune Istingarah.

“Gampang”, mBah Suro mesem, “mung kudu dioprasi!”

Istingarah kaget krungu tembung “oprasi” mau. Najan saben- saben dheweke krungu yen mBah Suro asring ngoprasi pasien-pasien sing tetamba mrono lan sukses. Nanging tembung oprasi kuwi gawe geter atine Istingarah. Ora merga geter bakal gagale mBah Suro anggone nambani Ngatijo, nanging sing digagas prekara ragat,

“Gulune bojomu kudu dioprasi,” kandhane mBah Suro maneh. “Pita swarane bojomu wis rusak. Kudu dijupuk banjur diganti iki,” mBah Suro nuduhake kaset cilik ing tangane.

“Iha, ragate njur pinten, mBah?”

“Murah, Mung seket ewu. Murah ta? Dadi kowe aja nganggep saben-saben prodhuk teknologi kuwi larang. Iki aku dhewe sing gawe. Nalika ramalanku meh kabukten, aku enggal gawe kaset-kaset iki kanggo ngganti pita swarane wong-wong sing wis rusak,” kandhane mBah Suro karo nuduhake kaset-kaset setumpuk sing diwadhahi ules,

Ringkese Istingarah setuju. Ora mreduli dhuwit semono kuwi yen ing jaman kaya ngene iki prasasat mendelik anggone golek. Sing ana angen-angene mung marine Ngatijo. Bisaa enggal duwe swara kaya wingi uni maneh. Lan Ngatijo dhewe uga setuju.

25 [ 26 ]TETI NGPEn |

“Hamuk. Hamuk,” swarane Ngatijo manthuk-manthuk nalika dikandhani arep dioprasi gulune dening mBah Suro.

Sidane Ngatijo dioprasi gulune dening mBah Suro. Ora ndadak nganggo sesuk-sesuk. Ora susah nganggo pasa barang kaya yen arep | nglakoni oprasi ana ing rumah sakit. Lan esuke Ngatijo wis entuk bali najan tatu jaitan isih durung garing, lan pita kaset ing gulune durung bisa kanggo nyuwara.

Seminggu sawise oprasi, Ngatijo nyoba migunakake pita kaset sing ana ing gulune kanggo nyuwara. Dheweke kepingin digawekake bubur esuk iki dening Istingarah. Nanging kaya apa kagete Ngatijo, jebul swara sing metu saka tutuke dudu swara panjaluk bubur, naging malah kaya suwara tembang! i

Istingarah nyedhaki bojone kanthi ulat semringah.

“Wah, wis mari tenan saiki kowe, Kang. Kowe wis bisa nembang barang.” Kandhane Istingarah karo nyelehake gelas isi wedang teh ana 7 meja sandhinge turu Ngatijo. “Nembang apa kuwi, Kang? Kok kaya | nggon radio saben bubar warta berita.”

Ngatijo terus nembang, Karepe mono nyuwara liyane tembang kuwi. Karepe mono nyuwara kaya karep ing jeroning atine. Ning kaset sing dipasang dening mBah Suro mung bisa nyuwarakake tembang kuwi thok.

“Uwis, Kang. Aku wis percaya yen sampeyan wis mari temenan. Sesuk wis bisa nyambut gawe maneh. Mau juragane becak | “wis nakokake sampeyan dhek ketemu aku neng pasar.”

Istingarah banjur klepat lunga menyang pawon. Anam-anam karo | nunggu anake sing nglêempus. h

“Is! Ts!” ana suwara nyelukake Istingarah saka ngarepan. Sing | diundang agahan mara. Jebul Lik Marto.

“Ana apa, Lik?”

“Nggonmu nambakake Ngatijo wingi kae entek pira?” pitakone Lik Marta gita-gita.

“Seket ewu. Lha priye, ta?”

“Likmu lanang kae sajake ya ketaman lelara kaya si Ngatijo. Ora bisa omong liya kejaba mung “hamuk”! Atikunganti mrinding. Mula karêpku uga bakal daktambakake menyang mBah Suro. Bojomu wis


26 [ 27 ]mari tenan?”

“Uwis, lha kae wis bisa nembang.”

Lik Marto nilingake kupinge kanggo ngrungokake swara saka jero omah.

“Jo? Jo? Wis mari kowe, Le?”

Keprungu swara tembang saka njero omah, swarane Ngatijo, Lik Marto mesem.

“Ah, ya sukur nek wis mari tenan kowe, Jo. Wis ya Is. Aku dakenggal menyang omahe mBah Suro.”

Kocapa, nalika Istingarah krasa yen Ngatijo ora bisa nyuwara liya kejaba mung nembang, dheweke enggal menyang omahe mBah Suro. Lik Marto wedok isih ana kono saperlu nunggoni bojone sing lagi wae rampung anggone nglakoni oprasi. ;

“Lho, kok kowe nusul, Is?” pitakone Lik Marto wedok.

“Kowe, nDhuk,” kandhane mBah Suro mbagekake tekane Istingarah. “Aku ngerti kowe arep takon ngenani kahanane bojomu, ta? Dakkandhani, saiki bojomu pancen lagi bisa nyuwara tembang thok. Besuk yen kahanan wis owah, dheweke bakal dakwenehi kaset sing luwih komplit, Saiki wong-wong sing lara kaya bojomu kuwi kudu duwe swara kaya ngono kuwi thok. Merga yen ora, wabah lelara mau bisa tekan ngendi-endi, Mangertiya, ya, nDhuk. Lehku mikir bab lelara kuwi wis suwe. Sadurunge aku nemokake tambane wujud kaset mau, aku wis ngadani pacoban makaping-kaping. Dadi sadurunge aku masang kaset ana gulune bojomu, aku wis masang ana gulu liya. Ayo, daktuduhake.”

mBah Suro ngajak menyang buri omah. Istingarah kinthil ana buri. Lik Marto wedok, bawane kepingin ngawruhi pacobane mBah Suro uga enggal melu tut wuri.

“Galo, pacobanku. Gulune wedhus sing wis dakoprasi lan pita swarane sing mung “embek”, wis dakganti,” mBah Suro nudingi wedhus sing dicencang ana wit gori.

mBah Suro pancen bisa gawe pangeram-eram: Kejaba para- normal, dheweke uga nguwasani teknologi perkasetan kang diarahake kanggo kemajuwaning ilmu kedhokteran. Istingarah lan Lik Marto wedok kamitenggengen krungu wedhus bisa nembang Satu Nusa Satu Bangsa. Nalika wong wadon loro mau krungu ana suwara liya, dheweke noleh.

27 [ 28 ]Ing pang wit rambutan ana munyuk bisa ngumandhangake Sumpah Pemuda. Bebek-bebek sing padha baris ing pelataran buri kuwi padha ngumandhangake Sapta Marga lan Sumpah Prajurit.

Durung tutug anggone padha gumun, keprungu swara rame-rame ana ngarepan “hamuk, hamuk, hamuk,...” mBah Suro enggal metu saperlu ngungak apa sing gawe rame mau.

Pranyata wong sakampung kono padha mara menyang omahe mBah Suro merga padha ketaman lelara hamuk. Teka mrono saperlu njaluk banyu bening saka mBah Suro. Ana wong wadon sing ngeterake bojone, anake lanang, adhine, lan liya-liyane. Ning anehe sing nandhang lara mau rata-rata wong lanang.

“Yen kowe kabeh padha mrene pancen ora luput. Aku duwe tamba sing bakal bisa ngusadani lelaramu kabeh. Wis, saiki dha sing sabar antri, lan aja ana sing gawe rerusuh ana papan kene.”

Kandha mangkono mBah Suro enggal mlebu omahe. Atine mesem. Mung kari ngetung wae wong sakampung mau ping seket ewu. Yakuwi pametune sing bakal mlebu dhompete mBah Suro. Sabanjure, wong sakampung mung bakal duwe swara mligi. Kudu mung duwe swara siji. Merga yen ora, bisa nuwuhake prekara maneka warna kang tundhone bisa gawe ora tentreme kampung. Kabeh mung duwe swara tembang kuwi, swara sumpah kuwi, lan swara-swara sing ora bakal nuwuhake rasa mrinding tumrap sing krungu.

Lakune mBah Suro tumuju senthong tengah. Papan sing kanggo nyimpen kaset-kaset sing wis digawe swara padha. Lakune mlipir ruang tengah. mBah Suro noleh menyang tumpukan bagor-bagor lan zag ana kono. Tumpukan rupa beras, gula pasir, lan lenga klentik. Dheweke n gerti banget yen sejatine kuwi tamba sing mujarab kanggo nambani lelara “hamuk!” mau.

28