Murkane Ibu

[ 67 ]Klambi Anyar

Dwika Ningrum SMA Negeri 1 Sentolo, Kulonprogo

kd

wan kuwi, aku babar pisan ora duwe pikiran yen bakal nemahi

akara kang ngisin-isinake. Bubaran sekolah aku banjur me-

nyang ing Jogja arep nonton pameran fotografi. Sakwise metu saka Ramai tuku klambi ulatku isih tansah njaprut. Atine sedih!

Jan-jane yen wong nembe wae tuku klambi lak ya atine seneng, lan ya ana sing saking senenge nganti njingkrak-njingkrak polah ora karuwan lan ya ana uga sing pengin saben dina nganggo klambi anyar kuwi. Nganti wegah ganti klambi, dikumbah eman banget.

Ewa semana, atiku tetep ora bisa sumringah sakwise aku tuku klambi kuwi, banjur langsung tak enggo.

Amarga bapakku pirsa polatanku kang njabrut kaya mangkono kuwi, banjur bapakku ndangu aku

“Ana apatandhuk? Tak sawang-sawang ket mau kok raimu isih peteng, ora bisa mesem ing sakiwa tengene wong kang padha pating sliti?”

“Boten wonten menapa-menapa Pak.” wangsulane Asih marang bapakke (isih ndhingkluk amarga isin yen bapakke mirsani anggone Asih njabrut).

“Ora ndhuk, jane apa, matura marang Bapak.”

“Mekaten Pak, menapa nggih wangun yen kula ngangge klambi enggal menika. Ananging ngandhapipun kok rok seragam sekolah?”

“Lho, ya wangun waeno, wernane ya wis serasingono. Kena apa kok awakmu tansah nggrundel nganggo klambi kuwi?”

“Boten PD kemawon Pak, sakjane kok kirang mecing.”

> “Murkane Ibu” ee 67 [ 68 ]“Ealah Ndhuk, bocah jaman sak iki senengane kok niru artis- artis ing TV, kayata Luna Maya, Aura Kasih, Agnes Monica, lan sa- panunggalane. Lha wong klambi durungnganti rampung anggone njahit, kok wis padha dingo. Lak ya kurang wangun disawang.”

“Nggih sak boten-botene dipun pundhutaken malih rok utawi clana ingkang langkung serasi kaliyan klambi menika.”

“Ndhuk, prihatina dhisik ya, Bapak lagi bisa numbaske klambi, sisuk yen Bapak anarejeki njaluk apa wae tak tukokke. Bapak njaluk, menawa apa sing kok pengini durung bisa keturutan. Dongakna Bapak aleh rejeki sing akeh ya Nduk....”

“mggih Pak, nyuwun pangapunten menawi kula taksih ngeyel nyuwun werni-werni. Mugiyo Bapak pikantuk rejeki ingkang ka- thah, melimpah ruah, halal, barokah.”

Asih mung meneng wae ora bisa mangsuli lan nanggapi apa sing dingendikake Bapake.

“Iyo, ndhuk. Wis-wis, ayo gekndang mangkat menyang gedhung kesenian, ketmauning pikiran kok malah mung padu. Ora wangun didelok wong liya.”

“Inggih ndherek kemawon Pak, menawi sampun badhe budhal sak menika nggih mangga.”

Ing sajroning dalan, Asih tansah ngangen-angen. Kepiye yen mengko sakwise tekan kana, banjur wong-wong padha pating plongo ngawasake Asih sing nganggo klambi anyar anangging ngisor rok sekolah?

Ora let suwe asih lan bapake tekan kedung kesenian amarga arep nonton pameran tunggal fotografi kagungane Pak Suja'i Karta- sasmita. Bapake asih ngendika yen sakiki wis tekan nggone awake dhewe arep nonton pameran. “Inggih Pak.” jawabe Asih.

Asih lan bapake banjur mlebu marang jedung, Ing kana akeh foto-foto kagungane Pak Suja'i kang dipipura banjur digantung ngang- go senar. Akeh para seniman lan wartawan sing padha rawuh.

Asih rada mindher campur isin, amarga wong-wong sing padha nonton pameran. Kok tenan..., padha pating plongo. Aja-aja apa sing ana ing angen-angene Asih ing ndalan mau dadi kasunyatan.

Asih mung tansah ndhempel papakke. Ora wani mlaku dhewe. Nalika Asih nyawang sakiwa tengene dhewekke, kok teka-teka ana wong kang nyawang Asih saka dlamakan sikil nganti pucuking rambut paling ndhuwur, banjur ngguyu, Hahahahahahaha...!

68 = Antologi Crata Cekak ee. [ 69 ]Ing atiku, aku mung bisa ngucap “Sabar..., Sabar.... Jane aku yo isin banget. Lha kepiye ora isin, aku wis ana ing antarane para seniman-seniman sing klambine padhamecing tur ya gaul-gaul. Ora kaya...?”

“Asih...!” timbalane Bapak marang aku sinambi didemek pun- dhaku.

“Nggih Pak.”

Banjur aku ngetutke ana ing mburine. Aku ngrasa yen aku kok ndesa dhewe anggone nganggo klambi, beda karo liya-liyane. Ananging aku kudu sukur marangGusti, lantaran nonton pameran aku duwe klambi anyar.

Sakwise aku mubeng-mubeng karo bapak, aku banjur mulih karo bapakku. Atiku rasane lega, amarga aku wis ora dadi tontonan kanggo wong liya.

Kk

Dwika Ningrum, lair rikala tanggal 4 Oktober 1992, ing Kulon Progo, sekolahe ana SMA Negeri 1 Sentolo, Plasa, Banguncipto, Sentolo, Kulon Progo, agamane Islam, omahe ana Separang, Pagerharjo, Samigaluh, Kulon Progo, HP- ne 087834587472, nduweni kesenengan nembeng lan maca puisi, nate dadi juara ||, nembang tingkat kabupa- ten.

> “Murkane Ibu” ee 69