Kumlebeting Gendera Putih

Murkane Ibu

[ 85 ]Kumlebeting, Gendera Putih

Wiji Imam Saputro SMA Negeri 1 Samigaluh, Kulonprogo

A ti ora tentrem. Pikiran tansah mrana-mrana, sing sakdurunge sah ayem tentrem ora ana apa-apa.

“Ah, ana apa awak iki kok-kok rasane kaya ngene.”

“Ana apata Pak? Kok gemremeng sakarepe dewe, kaya wong linglung wae ta, Pak?”

“Embuh ta Bu, kok ujug-ujug pating grekes ora karuan kaya ngene. Uga atiku ya ora tentrem. Arep ana apa ya Bu?”

“Lah Pak mbangane kaya ngono kuwi mbok ya digawa ngaso- ngaso kona, mengko mbok menawa kepenak.”

Nalikane arep mapan turu ujug-ujug ana tamu sing arep ke- temu bapak Jumadi sekeluarga.

“Kula nuwun Pak.”

“Mangga...! Tindak mlebet.”

“Matur nuwun. Mekaten Bu. Badhe kepanggih Bapak Jumadi wonten ndalem menapa mboten?”

O..., wonten. Kula aturi nengga sekedhap mengke kula puru- gane.”

“Lho, Bapak teng pundit ta Bu?”

“Bapake wonten nglebet.” Pak, Pak..., ana tamu iki Pak?”

“Sapata Bu tamune?”

“Ya pokoke ndang rene wae, iki selak dienteni.”

“YaBu, mengko dhisik.

Pak Jumadi uga banjur metu seka sakjroning kamar. Ana ing tuwang tamu kanthi swasana ati ora tentrem. Awak pating grekes,

> “Murkane Ibu” ee 85 [ 86 ]mata pet-petan, sirahe mumet, lan pikiran kang ora tentrem uga. Nanging, wis dadi kuwajibane Pak Jumadi menawa ana tamu kang mertamu ana ing gubuge kudu ditemoni Pak Jumadi kanthi trapsila lan merdikaning manah.

Satekane ana ing ngarepan, Pak Jumadi kaget sak katoke. Kok janur gunung temen ana tamu sing durung dikenal. Esuk-esuk kok wis mertamu ana ing gubuge.

“Mangga. Sampun wiwit kala wau Pak? Sugeng ta tindake?”

“Sampun sawetawis. Pangestunipun sae, sak kundure?”

“Mpgihh ngeten niki.”

“Nggihih kepareng matur dhumateng Bapak Jumadi sekeluar- ga. Ingkang sepindah, kula sak rencang badhe silaturahmi. Ingkang kaping kalih kawula dipun utus lan diparingi mandhat kaliyan Ibu Sularsih, garwanipun Bapak Sumadi, rayinipun Bapak, bilih kala wau kirang langkung jam 10.00 Bapak Sumadi kondur wonten Ngarsa Dalem Allah swt.” kandhane tamu mau

Nalikane oleh kabar kang ora ngepenakake ati kuwi, sanalika Pak Jumadi semaput, amarga saking kagete oleh kabar sedane Pak Sumadi, tunggale dhewe.

Ewa semana, Bu Ngatini kang lagi sibuk ana pawon, lagi gawe wedang ujug-ujug mbanting gelaslan sak cerete amarga saking ka- gete weruh bojone gumlethak ana ing kursi, dikira Pak Jumadi mati.

Nalika Pak Jumadi wis eling lan apik kahanane, malah Bu Nga- tini saya kaweden lan nagis gero-gero.

“Onten napa ta Bu, kok sajakipun ajrih?”

“Niku lho Pak, tiyang sampun pejah kok taksih saged gesang melih.”

“Lho, ingkang pejah sinten ta Bu

“Lha niku, Bapak rak wau pejah ta?”

“Walah Bu, Pak Jumadi meniko mboten pejah.”

“Lho! Kok Bapak wau mboten ambegan.”

“Dadosngeten bu. Sepindah kula sarencang sowan mriki badhe silaturahim. Ingkang kaping kalih kawula dipun utus kaliyan Ibu Sularsih saperlu caos kabar, bilih Bapak Sumadi, rayinipun Bapak kala wau kirang langkung jam 10.00 kondur wonten Ngarsa Dalem Allah swt.”

“Imnalillahi wainna ilaihi raji'un.”

“Napa Pak ? Pak Sumadi mboten wonten?”

pr

86 = Antologi Crata Cekak ee. [ 87 ]“Injih bu. Leres!”

Bu Sularsih sansaya nangise angugung sarta rasa kang ora ke- penak lan pikiran kang mumet.

“Yawis Bu. Gek ndang menenga.”

“Apike saiki pek padha tata-tata mengko ndhak selak kesoren olehe menyang layat.”

Kanthirasa kang kesusu-susu lan kemrungsung selak arep bu- dhalana ingomahe adine. Nalika ganti, Bu Ngatini ujug-ujugnjerit- njerit sak seru-serune ana ing sakn gareping lemari.

“Pak! Pak! Mreneyo Pak! ”

“Ana apata Bu?”

“Renea ta Pak, cepet!”

“Iya Bu, ana apa, ana apa?”

“Kuwi Pak ana tikus neng cerak klambiku.”

“Walah Bu mung karo kayangono kok wedine setengah mati.”

“Uwis ta Pak, kok malah khotbah mbokya gek dipateni tikuse kuwi!”

“Tya, sabar ta Bu

“Sabar gundulmu kui.”

Sinambi ngenteni rampunge Pak Jumadi mateni tikus, Bu Nga- tini nyiapke uba rampene kang arep digawa mengko.

Sakrampunge dandan Pak Jumadi uga Bu Ngatini gek ndang- ndang mangkat.

Satekane ana pelataran lelayatan Pak Jumadi uga semaput me- neh amarga durung trima menawa adhine wis mati.

“Pak, ana apa ta Pak? Istipfar Pak, istigfar Pak, aja melu nututi matiPak. Aku mengko mung dhewe ora ana sing ngancani Pak ...!”

“Pak, tulung niki dibeta mlebet mawon”

“Injih, Bu.”

Nalika Pak Jumadi digotong mlebu ana ing jero ngomah, Bu Ngatini malah nuni-muni ana ing pelataran omah.

“Pak, Pak, kowe aja nututi mati Pak. Kowe ki isih enom Pak. Isih duwe tanggungan.”

Katimbang saya ngrusak suasana, BNgatini diajak mlebu de- ning wong-wong kang padha layat.

Nalikane Pak Jumadi lan Bu Sularsih wis ayem tentrem banjur padha wudhu saperlu arep nyolatke almarhum.

pr

> “Murkane Ibu” ee 87 [ 88 ]Kanthi khusuk Pak Jumadi lan B Ngatini padha nyolatke almarhum bareng jamaah liyane.

“Duh, Gusti..., paringana sabar marang kula niki, paringana panjang umur 3000 tahun melih. Amin, Amin.”

Kanthi kahanan kang lagi sedhih, samangsa jenazahe Pak Su- madi arep dibudhalake menyang paturon kang pungkasan, Pak Jumadi, Bu Sularsih, lan keluarga Pak Sumardi mung bisa ndedonga lan nrimo ing kahanan.

Sak rampunge pemakaman Pak Jumadi lan Bu Ngatini pamit mulih.

Kek

| Wiji Imam Saputra, lair ing Kulon Progo, 20 Januari 1992, siswa SMA Negeri 1 Samigaluh, Tanjung, Ngargosari, Samigaluh, Kulon Progo, amana sing dirasuk Islam, omahe ing Sandat, Gerbosari, Samigaluh, Kulon Progo, HP-ne 081806744365, senengane olah raga.


88 = Antologi Crata Cekak ee.