Murkane Ibu

[ 24 ]Lara Ati

Rina Lenitasari SMK BOPKRI Wates, Kulonprogo

kd

ngga paling seneng dolan menyang nggone kancane sing jeneng

aras. Jan-jane mono Angga ki lagi kesengsem marang Laras. Nanging, dheweke isih duwe rasa isin arep kandha marang Laras. Laras pancen bocah wadon kang ayu rupane. Mula ora mokal yen akeh sing kesengsem marang Laras. Angga rumangsa yen akeh saingane menawa arep dadi kanca cedhake Laras. Mula kuwi, Angga mung nyimpen rasa pangrasane ing ati.

“Eh, Ri.... Kowe gelem nulungi aku ora? Yen isa, aku butuh ba- nget pitulunganmu,” kandhane Angga marang Veri nalika dheweke metu saka perpustakaan.

“Pitulungan apa? Yen aku isa wae aku gelem nulungi Ngga”.

“Ngene Ri, Kowerak wis ngerti ta, yen aku ki kesengsem ma- rang Laras?. Lha saiki aku njaluk iguh pratikelmu, piye carane sing apik kanggo nyedhaki dheweke, lan yen isa uga macari dheweke sisan”.

“Wooo, lha yen mung arep nyedhaki mbok saiki wae geh ndang dicedhaki...”

“Ora ngonokarepku Ri. Kuwi lho Ri, piye carane isa narik kawigatene Laras?” Veri sajak mikir-mikir.

Let sauntara, dhewekw njenggirat kaya-kaya wis nemu akal.

“Ngga, yen kowe ki percaya marang aku lho, sak jan-jane ngono, ana sing luwih gampang mbok cedhaki. Lan gampang mbok pacari sisan. Yen kowe gelem lho....!” Kandhane Veri menehi pa- ngarep -arep marang Angga.

24 = Antologi Crita Cekak ee [ 25 ]“Sapa? Wegah ah yen dudu Laras. Aku mung kepengin macari si Laras wae kok Ri!”

“Hmm, ngene ya Ngga. Yen saiki kowe arep nyedhaki Laras, kowe wis telat Ngga. Laras kuwi saiki wis duwe kanca cedhak. Bo- caheluwih ngganteng lan luwih sugih tinimbang kowe!” Veri kan- dha karo ngguyu.

“Gombal ah kowe Ri. Aku kok ora ngandel marang omongan- mu Ri.” kandhane Angga ora percaya marang omongane Veri .

“Yawis yen kowe ora ngandel. Aku ki omong tenan sebab aku ki wis tau weruh dhewe pacare si Laras, dadi ya isa mbandhingke antarane kowe karo dhewek.” kandhane Veri karo alise njengkerut.

Anggasajak mikir-mikir krungu omongane kancane sing sajake pancen tenanan. Let sak untara dheweke njur takon marang Veri.

“Hmm, yen kowe pancen wis tau weruh dhewe, saiki aku dak- takon marang kowe Ri, pacare laras kuwi kaya sapa?”

“Wah piye ya, yen dakbandingake antarane kowe karo dhe- weke, kaya-kaya bumi karo langit je. Soale ngene, pacare Laras ki kaya bintang film, Anjasmara, ngerti ta kowe bintang sinetron Anjas- mara kae?” pitakone Veri.

“Wah yen mung kaya Anjasmara wae, ya isih ngganteng aku ta Ri?” semaure Angga medhot omongane Veri.

“Kowe karo Anjasmara nggantheng kowe? Lha sing nyawang karo didhipet mripate pancen iya. nanging ya dak akoni menawa kowe ki ya pancen klebu duwe rupa nggantheng Ngga. Nggan- thengmu ki kaya... hmmm, sapa ya? Ooo, Iya kaya Tukul Arwana...! Kandhane Veri njur langsung cekakakan latah-latah.

Anggangamuk-ngamuk, arep mbandhem sepatu. Veri saiki ke- thok lagi mikir-mikir maneh. Angga ki kepriye ta, tinimbang mikir Laras, la mbok mikir liyane. Saiki ki rakapa-apa mundhak, numpak bis sekolah wae ya mbayare mundhak. Kok isih kober-kobere mikir pacar wae, ngono batine Veri.

“Ngga, kowe gelem manut aku apa ora? Aku saiki isa nulungi ko- we, turangger kowemanut?” kandhane Veri nyedhaki lungguhe Angga.

“Piye, piye Ri?” Angga takon marang Veri.

“Ngene. Si Laras iku yen mangkat sekolah rak numpak bis ta. Lha kowe saiki, isa apa ora, yen bali sekolah numpak bis mbayari Laras. Ethok-ethoke nulungi. Suwe-suwe mengko si Laras rak duwe ati marang kowe...”

= “Murkane Ibu” ee 25 [ 26 ]“Lha mengko motorku piye?”

“Yen bab motor wae gampang, Ngga. Mengko ya aku isa ngga- wa motormu. Tak nggone bali dhisik”.

Angga semangat banget. Yen Veri ya seneng-seneng wae. Mangkat dipethuk Angga, bali sekolah isa nggawa motore Angga. Ah, sisan dienggo methuk Yeni, adhine.

Nalika sepisanan mbayari Laras numpak bis, bungahe Anga jan sundhul langit pitu. Laras dhewe yo seneng merga bisa ngirit sewu rupiyah.

“Wah nuwun banget Iho, Ngga. Kowe kok apikan banget karo aku”.

“Ah...ora kok Ras. Iki rak mung kepeneran wae. Soale aku iki kepingin numpak bis, kok”.

“Lha motormu saiki ning ngendi?”

“Digawa Veri, je. Tak titipke omahe.

Esuke Laras cerita marang Veri, yen saiki Angga apikan banget Gelem mbayari numpak bis barang,

“Ras, iku rak begjamu. Isa oleh subsidi sedhela saka dheweke. Lha aku ya oleh subsidi je. Motore dikon nggawa, malah dititipke omahku angger bali sekolah...”

Laras durung mudheng yen dheweke lagi dicedhaki Angga.

“Boros yo ben, angger isa nyedaki Laras!” swarane atine Angga yakin banget.

Coba bayangna, yen mengko Angga ngerti dheweke pacare si Laras. Njur dheweke mumet pa ora? Saben dina Angga ntraktir Veri. Yen bali sekolah mesti mbayari Laras. Lha sing dibayari mesti wae ya seneng banget. Coba dietung-etung, Seminggu wae wis ngirit pitung ewu rupiyah. Lha yen sesasi wis pira?

“Ras, pisan-pisan gelem pa nonton film bareng aku?” Angga takon marang Laras.

Krungu pitakonane Angga mau, Laras kaget banget lan sajak gumun.

“Nonton Film? Film apa Ngga?”

“Ya film bioskop no. Gelem pa ora? Yen gelem mengko, pa kapan-kapan tak ampiri”.

“Ya, wis kapan-kapan wae. Yen mengko aku ora isa, soale akeh gawean je.”

26 = Antologi Crita Cekak ee [ 27 ]“Yoh, sesuk wae ya” Angga tambah bungah. Saiki wis bisa ngajak nonton Laras. Raketang mung lagi janji Veri sing dicritani dening Angga melu-melu bungah.

Lagi wae bali dolan, arep mlebu omah, saka ndalan katon Ang- ga mlaku mlebu latare omahe Veri. Nanging katon lemes ora kaya biasane. Wah, iki mesti ana apa-apa! Apa kagol pa ya?

“Lho, ana apa Ngga, koksumrin gah banget?” Sindire Veri karo ngakon mlebu omah. Angga mung meneng wae.

“Kowe ki ngapa Ngga?” Veri nandheske pitakone. Ora ana jawaban!

“Oooo, iki mesti gara-gara si Laras ya? Piye kabare dheweke?” Apik-apik wae ta Ngga?”

“Apik piye! Genah kaya ngene dadine....!”

“Laras kenapa ta? Mbok aku dikandhani Ngga,” Angga man- deng Veri. Kosokbaline si Very kebak rasa pitakon marang Angga.

“Kowebener Ri. Laras wis duwe pacar. Saiki mbasan aku ngerti dhewe, aki ya nrima apa anane kok. Mung aku ki rada korban pe- rasaan marang kowe....”

“Eh, aja Ngga. Yen korban ki wedhus apa sapi, percuma nek kowe mung korban perasaan wae...”

“Kowe ki yen diajak guneman mesti ora nggatekake. Aku ki srius je. Saiki apike piye Ri, kowe apa isih isa nulungi aku?”

Piye ya? Wis, saiki ora sah sedhih Ngga. Ning mengko kowe aja njurnjegur sumur lho. Saiki awake dhewe mubeng-mubeng wae ya?”

Angga manut ajake Veri. Wis sakuntara cah loro muter-muter, atine Angga mentas kagol oleh tamba. Isa nyawang kaendahane sesawahan lan langit sore sing abang, manuk-manuk sing bali ing susuhe. Marahi atine Angga sing kagol rada kobatan.

“Kowe yen kawit wingi manut kandhaku, ora kaya mengkene Ngga dadine”.

Veri malah njur cerita werna-werna. Soal pemilu, korupsi ing negarane dhewe lan keroyokan cah-cah SMA ing Jogja. Rekane mono si Veri kepingin ngelipur atine Angga, supaya ora njur kuciwa.


Sk

Rina Lenitasari, sekolah ing SMA Bopkri Wates, Jalan Sugiman 1, Wates, Kulon Progo, telepon (0274) 773079

= “Murkane Ibu” ee 27