Murkane Ibu
[ 13 ]
Mawarku
Eka Ristiyana
SMK Muhammadiyah 1 Wates


Kanggo mawarku...,
Menawa mawar ilang wangine
Wangining awakmu ora entek dipangan sore
Menawa surya iku ilang sunare
Sunaring atimu, nyoroti aku nganti saklawase
Kalem mu sing tak tresnani
Endahing atimu sing tak cedhaki
Muga-muga awakmu bias mangerteni
Yen aku seneng setengah mati.

Guritan ing dhuwur iku diwadhahi nganggo amplop kayadene layang. Ing sandhinge amplop ana kembang mawar. Kabeh mau ana ing dhuwur mejane Mawar. Mawar kuwi jenenge bocah wadon kelas 3 SMA. Dheweke duwe kanca cedhak, jenenge Shanti lan Dhani.

Mawar sing dina iku mlebu kelas kaget lan bingung amarga weruh ana layang lan kembang mawar ana ing mejane. Mawar sing dikenal bocah wadon kalem, pinter, ayu, lan sregep anggone ngibadah ora nyana bakal entuk barang loro mau.

“Ciyeee... Mawar! Wah kayane ana Arjuna sing kepencut ki!" kandhane Shanti sajak nggodhani.

“Ati-ati lo War, aja-aja kuwi saka teroris, wah bias gawat ta!" kandhane Dhani sajak meden-medeni Mawar.

“Woo, terorise mbahmu pa Dhan?” kandhane Shanti. [ 14 ]“Yawis la, aku ya ora ngerti, iki kabeh saka sapa.” Mawar ngo- mong karo nggoceki layang lan kembang mawar iku.

Ing ngomah, Mawar bungah banget atine amerga entuk layang lan kembang mawar. Nanging dheweke isih bingung banget gek sapa kang menehi, banjur sapa pria sing seneng karo dheweke.

Wayah esuk wancine padha mlebu kelas, Mawar kaget maneh amarga ing mejane ana maneh layang lan kembang mawar padha dina sadurunge. Lan dina-dina candhake saben esuk mesthi ana barang loro kuwi.

“Wah.... Wong iki pancen seeng buanget karo awakmu War, nyatane saben dina kowe dikirimi terus.” Kandhane Shanti sajak bangetake.

“Iya, tak kira ya pancen mangkono War! Wah yen aku kapan ya bakal dikirimi kata Mawar?” kandhane Dhani sajak meri.

“Ora kober arep ngirimi kowe, mendhing ngirim nang kuburan wae malah ana gunane!” Shanti sajak nyepelekake.

“Asem ki!” Dhani ora trima disuarani kaya ngono. Mawar mung ngguyu ngrungokake Dhani lan Shanti padha omongan.

Dina iku beda karo dina liyane, kabare ana murid anyar sing arep sekolah ing sekolahane Mawar.

“Dhan, war, jare arep ana murid anyar ya?” pitakone Shanti marang Dhani lan Mawar.

“Ho'oh. Jare bocah-bocah arep nang kelase awake dhewe. Sapa ya, ahmuga-muga wong wadon sing ayu tenan.” Dhani wangsulan sajak kaya nduweni pamrih.

Lha wedhusmu kae rak ya ayu ta Dhan?” Shanti nyaut.

“Pancen, wedhusku kae luwih ayu tinimbang koweSan!” Dhani mangsuli Shanti.

“Asem ki!” wangsulane Shanti sajak mangkel. Ya ni

Jebul murid anyar mau jenenge Bima. Bima iku kalem, bagus, lan pinter. Bapakne Bima sing duwe sekolahan. Nanging eman, Bima agamane beda. Bima ing sekolahan gampang anggone tetepungan karo kanca-kancane.

“Wah eman-eman ya, wis bagus nanging kok agamane beda karo awake dhewe. Wah nek padha agamane wis tak embat” Shanti nyelani rembug,

“Sing penting awakedhewe bias kekancan karo Bima. Oh ya, kepri- yesesuk sido golek majalah apa ora?” Mawar takon marang kancane.

14 = Antologi Crata Cekak ee. [ 15 ]Ha ya kudu, karo refreshing barang ta?” Dhani nyarujuki.

Esuke, dina Minggu, Mawarlan kancane padha pit-pitan saper- lu arep tuku majalah. Ngepasi ana ing penggokan, Mawar sing ana ing ngarep dhewe wong. Jebul wong mau Bima. Mawar lan Bima padha tiba.

“Weela, malah ana adeganromantis barang ta?” Dhani ngguyu sajak ngece.

“So sweet yo, Ni” Shanti nambahi.

Mawar banjur njaluk ngapura karo Bima. Saka kedadean iku, Mawar lan Bima kayane padha duwenirasa seneng lan suwe-suwe pancen padha seneng. Nanging Shanti lan Dhani ngelingake mena- wa Bima iku beda agamane. Mawar dadi sedhih. Bapak lan ibune ya ora sarujuk yen Mawar duweni rasa tresna marang Bima sing beda agamane.

Kuciwane Bima padha karo sing dirasakake Mawar. Bima uga ora entuk yen Bima seneng marang Mawar. Nanging Bima ora bakal mutung, dheweke terus mbujuk bapak ibune, nanging hasile padha wae. Malah Bima dikon bapake supaya pindhah sekolah ana ing manca negara.

Masalahe Bima tambah ruwet, nanging Bima ora crita karo Mawar yen dheweke bakal disekolahake ana manca negara. Rina wengi Mawar tansah mikirake sesambungane karo Bima. Amarga tansah mikirake, Mawar banjur lara. Wislimang dina ora mangkat sekolah.

“Dhan, Mawar lara apa ya? Kok wis limang dina ora mlebu sekolah? La piye yen mengko bali sekolah awake dhewe tilik Mawar, trus Bima dikandhani “ pitakone Shanti.

Dhani lan Shanti sawise sekolah banjur budhal menyang omahe Mawar, nanging mampiri Bima dhisik. Saktekane omahe Bima, jebule Bima ora anaing omah. Bocah loro mau banjur padha budhal menyang omahe Mawar. Tekan omahe Mawar kok sepi, jarene tanggane, Mawar digawa ana ing rumah sakit.

“Wah gawat, terus awake dhewe kudu piye iki?” kandhani Dhani.

“Yasaiki awake dhewenyusul ana ing rumah sakit. Wis ayo!” kandhane Shanti karo nggeret tangane Dhani.

Sakwise tekan ramah sakit, bapak lan ibune Mawar lungguh nunggoni Mawar lan padha ngendikakake piye kok Mawar bias lara tipes. Apa amarga Mawar ora ajeg nggone maem lan dheweke uga terus mikirake Bima.

> “Murkane Ibu” ee 18 [ 16 ]Sore iku Bima mara ana ingrumah sakit arep niliki Mawar. Saben dina Bima nggawakake kembang mawar. Bapak lan ibune ngerti yen Bima pancen tresna banget karo Mawar.

“Pak, Bu, sakderengipun kula nyuwun ngapunten amargi kula, Mawar dados makaten niki. Kula badhe nyuwun pamit, kula didha- wuhi bapak supados sekolah wonten ing manca negari. Kula nitip salam kangge Mawar nggih pak, Bu.” Kandhane Bima karo netesake luh amerga sedhih banget. Sakdurunge Bima pamit, Bima nitipake layang lan kembang mawar kanggo Mawar.

Bima banjur ga. Mawar ana ing rumah sakit wis telung dina. Bapak lan ibune ora tega wenehke layang lan kembang saka Bima amarga Mawar saben dina tansah nakokake Bima.

“Pak, Bu, Bima mboten mriki napa?” pitakone Mawar lirih.

“Ngene ya Ndhuk, telung dina kepungkur Bima mreene. Dhe- weke nitipake iki kanggo kowe.” Kandha mangkono, ibune banjur ngulungake layang lan kembang saka Bima karo rasa semedhot.

Mawar kagetamarga layang lan kembang mawar mau kok padha karo sing saben esuk ana ing mejane Mawar. Maar banjur maca isi layang mau, isine yaiku

Kanggo Mawarku ...,

Mawar sing tak simpen ing ati Erimu tumancep ing awakku iki Pancen perih rasane, nanging ora tak rasakake Lan ngrasakake perih ninggalake wangimu. Aku njaluk ngapura marang sliramu Menawa aku ora bisa nunggu Mung mawarku iki kang bias ngancani uripmu Lan mawar, salawase ana ing atiku,

Sakwise maca layang mau, atine Mawar kaya diiris-iris lan ketancepewonan eri. Dheweke ora nyana yen bakal kaya mangkene pungkasane. Nanging dheweke eling yen takdir wis ora bias diowahi maneh laning atine Mawar tetepnyimpen wan gining Maware Bima.

Kek

16 = Antologi Crata Cekak ee. [ 17 ]Eka Ristiyana, lairing Kulon Progo, 8 Oktober 1993, seko- lah ing SAK Muhammadiyah 1 Wates, Gedingan, Wates, Kulon Progo, ngrasuk agama Islam, mapan ing Gunung Gem- pang, Giripeni, Wates, Kulon Progo, HP 081903730188, nduweni kesenengan nulis lan dheweke wis nulis cerkak “Lunganing Sliramu”.


> “Murkane Ibu” ee E