Oalah Biyung-Biyung

Kidung Megatruh

[ 60 ]OALAH BIYUNG-BIYUNG

Seruni Eka Novita Sari

Wis telung jam aku lungguh ngarep ing komputer. Aku nyoba ngosongake pikiranku saka babagan sing dak anggep ora cocok karo pangrasaku wektu iki, amarga aku kudu konsentrasi golek ide kanggo nulis crita.

“Tik, tok,tik,tok.” mangkono swara detikane jam ing tembok kang kaya-kaya notog-notog atiku supaya gage ngampungake gaweyanku. Wis limang jam suwene aku tetep durung nduweni ide kanggo nulis cerita cerkak sing ditugaske saka BBY. Kok angel tenan, kamangka mung nggolek idekanggonulis cerkak. Walah-walah.., marai endasku tambah mumet.

“Dek Vita... tukokake endhog sekilo, ya!” Ujug-ujug ndawuhi aku saengga marai konsentrasiku buyar. “Ngih, Bu. Inggih, sekedap malih” Sawise tuku endhog, aku balik ning kamarku lan ngedepi komputer lan nulis “Tema : Kriwikan dadi grojogan”. Oalah biyung... ceritane arep mbahas apa ya?. Huh...!

Saiki wis jam 6sore. Adzan wisngumadang, aku arep sholat ndisik. Sawise sholat, aku neruske ngadep komputer sepbisanan maneh. Kamangka ya wis sholat, ati wis tentrem, pikiran wis normal, kok ya ora ndang entuk ide.

“DekWVita... maem ndisik! Mengko kok teruske maneh”. Swarane Ibu mau wusanane mbadarake olehku golek ide kanggo nulis cerkak. Aku banjur maem lan nglalekake gaweyanku bengi kuwi.

Dina Minggu, aku nduwe wektu akeh kanggo ngrampungake critaku sing ora dadi-dadi. Sawise aku konsultasi karo guru basa Jawaku, aku dadi ngerti yen nulis cerkak kuwi pancen angel. Apa maneh nganggo basa Jawa. Dina banjure aku isi krasa kangelan miwiti nulis cerkak, nanging tetep tak peksa-peksa.

Vah..kesel tenan, kamangka durung entuk rong halaman luwih. Mripatku lan boyokku rasane wis wegah banget lungguh ing ngarep komputer nulis lan nambahi ceritaku maneh. Bubaran sekolah aku nyoba niyat ngrampungke cerita supaya aku bisa leren. Lumayan, wis entuk sak [ 61 ]halaman.

Tekan ngomah, aku langsung reresik omah lan nyoba ngurupake komputer. Ujug-ujug, atiku nyelos. Kok komputerku ora bisa murup. Tak pikirmati lampu, kamangka ora. Saklare uga wis temancep. Wah ana apa iki. Aku malah ora wani ngurupake komputer amarga aku wedi nek mengko aku tetep mekso ngurupake, malah dadine tambah rusak apa kongslet. Ya Allah... paringana sabar... rasane gelo banget. Kamangka wis apik banget halaman pertamaku. Kok dadi malah komputere ora bisa murup ki kepiye.

Aku matur karo bapakku yen komputere kayane rusak. Terus, kayane rusake kuwi gara-gara aku lali mateni adaptor. Yen adaptore ora dipateni sawise mateni komputer, kabele bisa ana sing mledup utawa gosong amarga kobong. Krungu critaku kaya ngono, bapakku kaget. Aku saya kagetamarga wusananeaku malah didukani bapak.

“Pak, komputere rusak malih. Kula kesupen mejahi adaptor.” kandhaku melas. “Lhoh.. kok bisa? Kan wis tak kandhani, nek mateni komputer adaptore langsung kok pateni. Kowe kan ya nggawe tulbisan aja lali adaptorre dipateni, ta? “Inggih pak.. kula kesupen saestu. Kula keturon sabibaripun mejahi komputer. Kesupen saestu kula, Pak. Lajeng kadospundi? Data-data penting kula ical sedaya?”. pitakonku wedi.

“Lha ya piye. Sesuk bapak ana acara, ora bisa bali gasik. Kowe telpon mas Ryan wae kon mrene jam telu. Sapa ngerti dheweke bisa mbenakke komputermu”.

“Nggih, Pak.”

“Kowelagiarep nandangi apa saiki?”

“Ajeng ngrampungaken cerkak tugas saking BBY.” “Yakok tulis dhisikapa nang rentalan kan akeh.” “Nggih pak”.

Dadi ora penak aku karo Bapakku, dhuwit manehdhuwit maneh. Larang ora ya nek mung ngganti kabel. Yen ora larang banget kabele MP3 uga bisa didandani sbisan. Walah-walah kok ya aneh-aneh to ya, kamangka mung perkara arep nulis cerkak, dadine malah ngetokake dhuwit lan komputerku dadi rusak. Wah.. njuk nek bisa dibenerke, mung data-data pentingku lan tugas sekolah kabeh padha ilang. Piye, ya. Apa mesthi tak baleni. “Uahh.. aku mumet.” [ 62 ]Uwis dina Selasa. Aku kudu rada nyrempeng ngrampungke cerkakku. Tugas-tugas sekolah uga tambah numpuk. Kudu dirampungke siji-siji. Wusanane cerkakku dak tulis ning buku.

Ya padha wae, padha-padha merlokake wektu suwi kanggo mikir. Bedane nek aku nulis komputere ora bakal rusak. Nek nganggo komputer, ya.. resikone akeh. Aku wis nelpun Mas Ryan supaya tekane jam-jam sore wae. Rasane dhadhaku sesek banget. Komputer sing wis suwi banget bareng karo aku saiki rusak mung gara-gara ora tak pateni adaptorre.

Mas Ryan teka banjur mlebu kamar. Komputere diilang-iling lan dibukaki CPU-ne didelok apa wae sing kudu diganti, Untunge mas Ryan kuwilangganane Bapakku saka kantor. Dadi wis kaya sedulur dhewe.

Wis sakjam lawase durung ana tanda-tanda menawa komputerku arep dadi. Aku sing nyoba nulis cerkak malah tambah ora bisa mikir. Kamangka apa ya kedadeyan sing kayane cedhak karo aku mung aku ora pati ngrasakke.

Masya Allah.. aku kelingan saiki! Temane paribasan 'Kriwikan dadi Grojogani, saiki kayane uwis kedadean karo aku. Iya bener. Mula bukane aku mung arep nggarap cerkak, malah saiki dadine komputerku sing rusak. Iya bener. Kamangka mung cerkak sing ora dhawa lan mbutuhake wektu sak dina.

Aku ora bisa ngrampungke cerkak sing perlu wektu sedina, malah nganti rong dina, tambah maneh lali mateni adaptor, kamangka aku kudu kelingan mateni. Terus komputere dadi rusak. Ya Allah, bener banget. Kenapa aku ora eling babar blas ya. Ya, tak coba nulis sethithik. Sapa ngerti dadine malah apik ora kedawan lan ceritane padet. Sesuke aku didangu bapak.

“Dik, wingi mas Ryan ninggali apa?” ngendhikane bapak. “Mboten nilari menapa-menapa. Pripun to, Pak?” “Kayane kudu

atiku ora karuan krungu Bapak ngendhika kaya ngono. Datane ana ning komputer. Piye iki? Terus ceritaku, apa aku kudu ngetik ning rentalan. Ora letsuweaku lunga menyang rentalan komputer.

“Mas, arep ngrental.. sejam pinten?” “Sejam sewu, arep karo nge-print, saklembare Rp 300.” [ 63 ]“Nggih.. mboten napa-napa.”

Basan wis telung jamaku nulis, wusanane rampung. “Huuuuh.. rampung. Cerita lan tugasku wis rampung wusanane.” mangkono clathuku ing ngarep komputer. Sawise ngrampungake tugasku, aku gage bali lan turu. Esuke, aku tangi mruputarep budhal sekolah.

“Bu, kula bidhal, nggih.” Aku pamit karo Ibu lan Bapakku arep menyang sekolah. Bali sekolah, aku langsung tumuju nang BBY melu latiyan drama. Aku lega amarga critaku wis dadi lan kari numpuk ning BBY. Aku mbukak tasku.. aku nggoleki CD lan print out cerkakku. Aku banjur krungu swara “blek..crek.”

“Apakuwi?”

“He.. cd-netugel”.

Nasib-nasib. Mung arep gawe cerkak kok alangane akeh temen. Komputer rusak, cd-ne malah tugel, printout-e kelunturan banyu. Aku jengkel banget.

Saiki dina terakhir pertemuan 'Bengkel Sastra Jawa'. Aku wis numpuk sing didhawuhake panitia kalebu cerkakku sing nggawe komputer lan dhuwitku enthek. Kriwikane wis dadi grojogan, uga wis kriwikan maneh. Masalah mbaka sithik ilang kaslamur karo masalah liyane. Nanging, wis legarasa atiku soaleaku wisrampung nulis.

Seruni Eka Novita Sari, siswa SMAN 6,

Jalan C. Simanjuntak no.2, Yogyakarta,

Telepon (0274) 562458.

Lair 14 November 1989. Alamat omah, Jalan: Srikandi GKI/ 16 Demangan Kidul, Yogyakarta. Telepon 085643807452.

Hobi: nulis crita, ngrungokke musik, maca novel.