Murkane Ibu

[ 105 ]Pasang Surut

Suci Nurlaeli Khurfaftul Jannah SMA Negeri 1 Temon, Kulonprogo

kd

ku anak nomer papat, sedulurku kabeh ana telu. Sing mbarep mang, wis omah-omah lan wis diparingi momongan loro, loro- lorone wadon. Dene mbakyuku sing gedhe lagi wae rampung kuliah ana UIN. Mbakyuku lulus MAN setaun kepungkur, lan saiki melu kursusrias penganten ana ing BLK. Ngendikane bapak, mbakyuku pancen ora arep dikuliahke, amarga pancen rada kenes, lan bapak kuwatir menawa kuliah malah dadi salah pergaulan. Aku dhewe isih sinau ana ing SMA 1 Temon, kelas loro. Bapakku tani, duwe usaha huller gabah lan seneng ngoleksi tanaman hias. Dene ibuku, ibu ru- mah tangga biasa, sing saben dinane ngurusi omah, bojo, lan anak. Aku dilairke lan digedhekke anaing desa Karangwuluh, keca- matan Temon, yaiku kalebu tlatah kabupaten Kulon Progo, iring kidul kulon. Desa kang asri, ora sepi bangetlan orarame banget, amar- gaora pati adoh saka dalan propinsi, kurang luwih mung sakkilo meter. Omahku kalebu omah kuna, omah tinggalane swargi simbah- ku. Omah ngarepiki jarene jenenge ceregancet, yaiku omah kampung gandheng telu, iku dianggo pendhapa, digandheng karo omah joglo. Anaingomahjoglo kuwi, masku, bojone, lan anak-anake padhamang- gon. Aku, mbakyu-mbakyuku, bapak, lan ibuku manggon ana ing gandhok, kang dawane gandhok mau padha karo dawane pendhapa tekan omah joglo, malah isih disambung pawon, sumur, kulah, lan lumbung, Sanajan omahku omah kuna, kang jare mbakyuku wis ora nja- mani, lan saiki akeh omah sing apik-apik model mutakhir, nanging bapakku tansah ngendika

> “Murkane Ibu” ee 1085 [ 106 ]“Awake dhewe iki kudu bersyukur, pira-pira simbah kiwis ninggali omah. Sepira akehe dhuwit, nekawake dhewe nggawe omah semene gedhene. Nek iki, rak awake dhewe mung kari ngenggoni.”

Pancen ya bener ngendikane bapakku.

Ing plataran ngarep omah akeh tanduran tanaman hias, malah diwenehi omah-omahan kang perlu kanggo ngisis sinambi nyawang tetanduran. Bapakku pancen tlaten banget ngrumat tandurane. Ngendikaneibu, biyen bapak ki yen tindakmenyang endi wae jajane mesthi kembang. Ya merga saka kasenengan kang ditlateni mau sing sabanjure bisa dadi bisnis sing bisa diarani lumayan.

Nalika semana bapak kagungan witadhenium, sing wong awam ngarani semboja Jepang. Wite wis lumayan gedhe, pange pirang- pirang, lan bonggole uga apik. Bapak kepengin sak uwit mau kem- bange werna-werna. Mula bapak banjur ngaturi Pak Iskandar, yaiku bakul kembang langganane bapak kang daleme Yogya supayanyam- bungke. Jaman semono ongkos sambungan siji, sepuluh ewu rupiah. Dene enteke nyambung yen ora kleru telung atus ewu rupiah.

“Ora papa entek semono, pancen wong sekolah kuwi larang regane.” ngono ngendikane bapak wektu kuwi.

Pancen bener, amarga pirsa anggone nyambung Pak Iskandar, bapak dadi pinter nyambung dhewe. Lan sing paling nengsemake, ngendikane Pak Iskandar.

“Nek kowe arep kepenak, dadiya tani kembang, aja dadi tani lombok.” ngonongendikane Pak Iskandar. Bapak banjur gumregah, wiwit semangat bisnis adhentum kang wektu kuwi pancen lagi mumbul- mumbule.

Ora watara suwe ana meneh kembang model anyar kang jenenge Fuphorbia.

“Iki gentine anggrek, amarga ngrumate kepenak, kembang terus ora tau kendhat.” ngendikane bapak.

Rumangsaku, wektu kuwi ya pancen apik tenan. Kembang werna-werna tur awet, ora cepetalum nganti telu tekan nem wulan.

Wektu kuwi bapak nganti sok nyare ana ing Yogya, amarga ngenteni dhun-dhunan Euphorbia seka Medan. Euphorbia wae seka Medan tekan Yogya ditumpakke montor mabur lho! Bapakku banjur kagungan inisiatif nyambung wit Suru karo Euphorbia. Mula bapak banjur mburu wit Suru sing wis gedhe-gedhe banjur disambungi EFuphorbia. Hasile pancen apik tenan.

106 = Antologi Crata Cekak ee. [ 107 ]Nganti salah sawijining dina kancane bapak ngejak pameran anaing alun-alun Wates, ing acara Hari Jadi Kabupaten Kulon Progo. Bapak ora kersa, amarga ora kuwawa anggone ngurusi. Pancen ya rada adoh omahku tekan alun-alun Wates, udakara telulas kilo meter.

“Ampun kuwatir Pak, mangke kula sing ngurusi.” ngono ngen- dikane kancane bapak.

Wusanane bapak sida melu pameran, njupuk rong kapling. Ora kenyana-nyana stand kembang kagungane bapak rame banget, saengga ibuku kagungan gagasan nyetak kartu nama, kanthi je- nenge stand “Az-Zahra” (dijupuk saka jenenge ponakanku). Saben wong sing mundhut kembang, ing pote dikantheni kartu nama. Wektu kuwi bapakku nganti dijuluki “Raja Euphorbia Kulon Progo.”

“Wedeh....” batinku.

“Pak, njenengan ampun njagakke bathi riyin, niki idhep-idhep dingge promosi, sing penting sesuk kasile bar pameran njenengan dadi terkenal.” ngendikane kancane bapak sakwise pameran ram- pung.

“TIyak, napa enggih, jare sinten?” ngono wangsulane bapakku.

Eeee..., jebul tenan ngendikane kancane bapak mau. Tamu pirang-pirang, endi sing nyambungke utawa mundhut Adhenium, endi sing nyambungke Suru utawa mundhut Euphorbia, kabeh mau ora mung seka Kulon Progo, nanging uga okeh saka njaban kutha.

Ya kanthi sebab melu pameran mau, para petani lan pedha- gang tanaman hias sa-Kabupaten Kulon Progo banjur dikumpulake dening Pak Bupati. Kabeh diparingi pengarahan lan dibimbing dening petugas seka Dinas Pertanian lan Kelautan, banjur dibentuk kelompok kanthi diparingi jeneng “Kelompok Petani lan Pedagang Tanaman Hias Sekar Binangun.”

Sakwetara kuwi pamore Adhenium apadene Fuphorbia saya mlorotamarga ana sakwenehe tanduran kang wiwit mumbul rega- ne, yaiku Anihurium. Dene Anihurium kuwi jenise pancen werna- werna, lan sing paling kondhang lan paling murah, yaiku gelom- bang cinta.

Ora ketinggalan bapakku uga kagungan Anthurium sepirang- pirang, kayata Gelombang Cinta, Super Red, Hokeri, Corong, Bintang Kejora, lan sing paling larang yaiku Jenmani.

Pendhapa, gandhok, pawon, kebak Anthurium, seka sing cilik tekan sing gedhe kabeh ana. Wektu kuwi Anthurium pancen regane

> “Murkane Ibu” ee 107 [ 108 ]edan-edanan. Aku isih kelingan, pundhutane telung atus seketewu isa payu rong yuta setengah, wolung puluh ewu isa payu wolung atus ewu. Kuwi wae sing tuku rebutan. Tamu ki persasat ora tau kendhat. Esuk, awan, sore, malah tengah wengi barang. Wis tau wit sak pote arep diijolipit montor loro, nanging ora diwenehake. Pokoke wektu kuwi bakul-bakul kembang padha jaya. Cekelane telepon genggam lan pulsane atusan ewon.

Tan kocapa, ora antara suwe regane Anthurium ambleg, Embuh kepiye mula bukane kok isa dadi kaya ngono. Jenmani sing maune rega selawe yuta, saiki mung dibandrol siji setengah yuta, kuwi wae ora ana sing nglirik. Apa meneh Gelombang Cinta, Hokeri. Biyen wis diarepi patang yuta ora oleh, saiki dadi uwuh.

“Ya wis, sabar wae! Pancen durung rejekine, kabeh mau ana sing ngatur. Ora payu ya disawang dhewe.” ngendikane bapak.

Pancen bener ngendikane bapak. Yen ora dipupus lan dipeper atine dhewe, malah isa dadi stress. Nek dipikir-pikir ya pancen ora tinemu nalar. Ana atase wit kok regane nganti atusan yuta, malah kepara ana sing regane sak milyar, yaiku sing jenenge Jenmani Super- nova.

Rega tanaman hias kabeh ambleg, ora mung Anthurtum. Sing tuku ya sepi, embuh kepiye.

“Rega larang okeh sing tuku, kok mbasan murah malah ora payu,” ngono batinku.

Kamangka aku ya ngerti, yen kanggo pawitan tuku Anthurium kuwi, wong tuaku njupuk silihan saka BRI. Wis sakmestine saben sasi kudu nganakake kanggo nyicil, durung kanggo ngragadi mbak- yu-mbakyuku kang wektu kuwi padha durung rampung anggone kuliah lan sekolah. Mesthi wae keluargaku urip kanthi prihatin banget

Heller gabah kang ana cedhake omahku wae ya sepi, amarga kalah karo kuller keliling, Mula bapakku banjur kagungan gagasan. Sapa wae sing arep nggilingke cukup sms, mengko gabah dijupuk, lan yen wis dadi beras banjur diterke. Alhamdulillah, kanthi cara meng- kono mau usahane bapak kang wis surut, lekas perneneng-perne- neng maneh.

Malah saiki bapak wis isa kagungan gilingan keliling. Kuwi mau kabeh ya pancen kemurahane sing Maha Kuasa. Dene usaha tanaman hias, bapak isih tetep optimis. Saiki bapak lagi seneng ngo- leksi jinis Puring.

108 = Antologi Crata Cekak ee. [ 109 ]“Eeee... sapa ngerti, suk nek ana rejaning jaman, tanaman hias dadi laris meneh.” ngono ngendikane bapak.

Kek

Suci Nurlaeli Khurfatul Jannah, lair ing Kulon Progo, 21 "| Agustus 1992, sekolahe ana SMA Negegri | Temon, Ki Kebonrejo, Temon, Kulon Progo, telepon (0274) 7117523, MW ngrasuk agama Islam, mapan ing Karangwuluh, Temon, Kulon Progo, nomer hapene 087839104102, nduweni kesenengan nulis.



> “Murkane Ibu” ee 109