Sejarahe Bengawan Sala

[ 78 ]
SEJARAH BENGAWAN SALA.

 Ing sawiji dina Eyang R. M. Ng Tiknopranoto lenggeh ana pandhapa, diadhep para wayahe gedhe cilik cacah 13. Wektu iku Eyang ndangu marang wayah2e, "Apa putu2ku bisa menyanyi lagu Bengawan Sala (Solo)? Ature para wayah asaur manuk; "Sageeeed - - Eyang!!! Eyang banjur dhawuh; "Coba padha menyanyia bebarengan"! Wayah-wayah nuli padha menyanyi bebarengan Ana salah siji sing mimpin, supaya olehe menyanyi bisa rampak lan laras, supaya bisa gawe renaning penggalihe Eyange. Aba ne : Ji . . ro . . . . lu.!!!
 Bengawan Solo, riwayatmu ini,
 sedari dulu jadi perhatian insani.
 Musim kemarau, tak brapa airmu.
 Dimusim hujan air meluap sampai jauh.
  Mata airmu dari Solo terkurung gunung Seribu,
  Air mengalir sampai jauh akhirnya ke laut.
 Itu perahu riwayatnya dulu,
 Kaum dagang selalu naik itu perahu.
 Sawise meneng anggone menyanyi, Eyang nuli ndangu; Apa putu-putuku samene kehe iki ana sing ngerti, ing endi mungguh tuke Bengawan Solo?" Atur wangsulan para wayah: "boten ngertoooooos, Eyang banjur ngandika maneh: Putu-putuku kabeh, pada rungokna lan gatekna! coba dak wiwitane ndongeng, methik dedongengan sejarahe Bengawan Solo kalayan cekak. Wektu Eyang isih sekolah kaya kowe, Eyang tau maca buku Bibliotik, cap2an ing pangecapan Papirus Betawi - saiki Jakarta - tahun Masehi 1916. Karangane R. Adipati Arya Reksakusuma, Bupati Bojanegara. Critane mengkene:

I TUK LAN ILINE BANYU BENGAWAN SALA.

 Mungguh tuke Bengawan Sala iku ana ing tlatah Karesidenan Surakarta, kaprenah ing tembing kidul wetan, ing pagunungan Sewu. Saka etuk mili ngidul ngulon, dadi watese Kabupaten Pacitan karo Kab. Wonogiri. Banjur menggok mengulon, lumebu bawah Wonogiri. [ 79 ]Bareng ana ing Kakap menggok ngalor bener. Ana sakidul kutha Wonogiri Bengawan Sala kaejogan iline banyu kali Keduwang, kang etuke saka ing Gunung Lawu. Sawise ngliwati kutha Wonogiri iline menggok ngalor-ngulon, kaejogan iline banyu kali Dengkeng, kang tuke saka Gn. Merapi. Saka kono iline banyu nekuk ngalor ngetan. Bareng tekan kutha Sala, kaejogan iline banyu kali Pepe, kang etuke saka Gn. Merbabu - Iline bengawan Sala isih ngalor ngetan. Nuli kejogan iline banyu kali Kedhungbang, kang tuke saka Gn. Lawu. Bareng iline banyu tekan ing desa Sokawati lor kutha Sragen, ing kono Bengawan Sala banjur nekuk ngetan tekan ing wates Kab. Ngawi karo Sragen kejogan iline banyu kali Kedhung-bantheng, kang etuke saka Gn Lawu. Wiwit saka kono iline banyu Bengawan Sala mlebu ing tlatah Kab. Ngawi Iline banyu mengetan bener. Tekan kutha Ngawi tempuk karo Bengawan Madiun, kang uga aran kali Genthong. Wiwit saka tempuran kono, Bengawan Sala banjur dadi kali kang gedhe, kena diambah ing prau nganti tekan ing muwarane (anjoge ing sagara).
 Anane kali Genthong kasebut Bengawan Madiun amarga ngliwati kutha Madiun. Bengawan Madiun (kali Genthong) banyune gedhe, saka kejogan iline banyu kali ing tlatah Panaraga, Magetan, Madiun lan ngawi. Saka kutha Ngawi Bengawan Sala menggok mengalor lumebu ing laladan Karesidenan Rembang. Ana kongalor no dadi watese Kab. Blora karo Bojanagara. Iline saya ngalor ngenceng mangetan. Bareng tekan Cepu kejogan iline banyu kali Bathokan, kang tuke saka Gn. Gamping kaprenah lor-wetan kutha Blora. Saka kono iline meggak-menggok mengetan lumebu kutha/Kab. Bojanagara. Bareng tekan sawetene kadhistrikan Padhangan kejogan kali Gandhongan, kang etuk saka Gn. Pandhan. Mengetan maneh kejogan banyune kali Tidhu. tuke ugar saka Gn. Pandhan wiwit saka kaonderan/kecamatan Malo, iline banyu Bengawan Sala nekak-nekuk mangetan bener. Tumekane Kab. Boja-negara kejogan kali Kening, kang tuke saka pagunungan Gamping, ing laladan Kab. Rembang sisih kidul wetan. Iline terus mengetan, dadi wates Kab. Bojanegara karo Tuban. Bareng tekan salore kaonderan Kapas kejogan kali Pacal, kang etuke saka gu[ 80 ]nung Pandhan. Bareng iline tekan saelore kadistrikan Pelem, nekuk mengalor. Tekan Kadhistrikan Rengol nekuk mengetan nganti tumeka ing Babat Saka Babat ilining banyu ngalor ngetan dadi watese Kab. Tuban karo Gresik, banjur lumebu ing laladan Gresik, iline nekak-nekuk mangetan.
Bareng iline tekan sakidule kutha Sedayu, banyune Bengawan Sala banjur wutah ing sagara, ing salore supitan Madura.

II. BENGAWAN SALA GEDHE PITULUNGANE TUMRAPE WONG AMONG DAGANG LAN LELUNGAN

 Ing jaman kuna ing sadurunge ana sepur, para among dagang lan wong lelungan lakune padha metu ing Bengawan Sala, kanthi nunggang prau Wektu samana prau kang ngambah Bengawan Sala nganti atusan cacahe. Tumindake mung ing mangsa rendheng, awit banyune gedhe. Dene yen mangsa katiga ora bisa tumindak jalaran banyune cilik (sethithik). Yen banyune Bengawan gedhe, akeh prau padha momot dagangan saka Ngawi menyang Cepu, Bojanagara, Babat, Sedayu lan Gresik. Bengawan Sala katon rame. Prau dagang pating sliri, milir utawa nungsung ilining banyu (milirmudhik) saka Gundih tumeka Surabaya.
Papan kang kanggo labuh prau dagang dadi papan kang reja.

Akeh wong dodolan bangsane jajanan warna-warna, kaya ta: sega wedang, gethuk pohung, puli, legandha. wajik ispne. Para pemborong cina kang mborong kayu jati, cukup kayune dicemplungake ing Bengawan sarana digandheng-gandheng mujudake gethek. Prasasat tanpa ragad. Mung mbayar tenaga kang diprecaya, kang tumindak kanthi nunggang gethek saka kayu-kayu mau karo nggawa satang. Kaya mangkono kalayan rikat saka daerah kehutanan, upamane saka Cepu, Bojanagara lspne kayu bisa dikirimake menyang Surabaya lllne. [ 81 ]
III. PENGHASILAN KANG TINEMU ING BENGAWAN SALA.

 Ing pinggir pinggire Bengawan Sala tinemu akeh lemahe kang mawur, kedadeyan saka lemah canmpur wedhi lembut, lumrah diarani "wedheg". Wong2 kang dedunung ana sacedake Bengawan akeh kang pada ngusungi wedheg mau, kanggo ngurug latare, bisa agawe gasik. Ana maneh lemah kang katut banjir, mandheg ing pinggir, kang aran waled. Wong nati padha mbutuhake waled mau, kanggo ngrabuk tetanduran, marake subur.

 Ing setren pinggir Bengawan tinemu akeh tanduran kang subur subur, ya iku tembako, Jagung, terong, krai, semangka, lombok, kancang Iline. Wong2 kang dedunung ana sakiwa tengene Bengawan, panggaotane padha golek wedhi, krikil saka Bengawan Oleh olehane didol menyang ngendi-endi: pepayone kanggo nyampet kabutuhane uripe. Kijaba golek wedhi lan krikil uga akeh kang paniguripane golek iwak, awit ing Bengawan Sala pancen akeh iwake warna warna kaya ta ; iwak badher, wagał, lempuk rengkik, kakap, wader pacal, trumpah, urang. senggaringan lspne.

 Piranti kang kanggo golek iwak ya iku; jala, samber, jaring, pancing, bandhang, cundhit, sisir, ayap, benco, waring, cempuling Ispne.

IV. BEBAYA ING BENGAWAN SALA.

 ing mangsa rendheng yen udane wis ora leren leren, lan terkedhang pirang-pirang dina udan terus terusan, Bengawan Salanjur banjir. Yen banjir sok ngedab-edabi Banyune luber nganti adoh saka lajere. Ngelebi desa-desa sawah sawah ing sakiwa tengene Wong2 sing kebanjiran padha ngungsi golek urip Omah akeh sing ambruk njur katut ing banyu. Prabot omah akeh rusak lan keli. Mengkono uga kewan2 ingon Kebo sapi ora bisa diungsek ake akeh sing ilang utawa mati. Luwih2 bangsane kewan iwen.

 Sawah2 pirang2 hektar padha rusak, ketrajang ilining banyu Tanduran-tanduran akeh kang mati, saka bosok. Saka kesuwen kerendhem ing banyu. Wis ora kalap Kapitunan bisa jutaan. [ 82 ]V. PAPAN URUTE BENGAWAN SALA ANA KANG GAWAT

  1. Kerek.
    Saelore Kutha Ngawi, ana panggonan kang diarani Kerek. Anane aran Kerek, jalaran samangsa ana prau kang mudhik, ana kono prau mau kudu dituntun nganggo dhadhung, kagered ing wong lumaku urut pinggire Bengawan, sebab iline banyu santer banget, lan dhasare Bengawan banget miringe, watune mlapar.
  2. Kedhung Maya.
    Kacarita ing sangisore Kerek ana desa aran desa Kuwung. panggedhene desa aran Kyai Ageng Kuwung. Ing sawiji dina Kyai Ageng pinuju mlampah2, priksa ing kali kurung ana bocah lanang keli, kesangsang ranggot Dening Kyai Ageng bocah mau ditulungi, tinemu isih urip. Bocah banjur kadadekake panggone, dikon angon kebo Sarehne ketemune kesangsang, bocah mau dijenengake Jaka Sangsang Mungguh Jaka Sangsang iku sejatine ing ngarep anak angkate mBok Randha ing Jambe, wujude bagus.

 Ingon-ingon kebo Kyai Ageng akeh Dadi bocah pangone iya akeh Kebo2 mau yen diplegungake ing plegungan katon, kumruwet kaya semut, Tilase papan plegungan saiki dadi kali, katelah jeneng kali Semut.

 Kocapa sawijining bengi Jaka Sangsang lan kanca kancane bocah pangon pandha turu ana pandhapane Kyai Ageng. Wektu lingsir wengi Dewi Maya, putrine Kyai Ageng Kuwung pinuju metu, mirsa kabener ing awake Jaka Sangsang ana cahya mencorong Sang Dewi nuli marani. Jarik kang dienggo Jaka Sangsang banjur dibundheli. Esuke Sang Dewi matur marang Kyai Ageng. nyuwun supaya didhaupake karo bocah pangon, kang jarite ana bendhelane.

 Kyai Ageng banjur nimbali kabeh bocah2 pangone. Sawiso nglumpuk, dititik. Jarik kang ana bundhelane, ya iku kang dienggo Jaka Sangsang Sarehning Jaka Sangsang wis diwasa, [ 83 ]banjur didhaupake oleh Dewi Maya. Ananging panggalihe Kyai Ageng lingsem, dene putra putrine oleh pangone. Saka lingseme Jaka Sangsang sumedya dipisahake karo Dewi Maya. Kyai Ageng oleh akal. Jaka Sangsang arep disuwitakake menyang Krato Pajang Klakon, ing sawiji dina Jaka Sangsang diparingi layang dening Kyi Ageng Layang supaya diaturake menyang Pajang Cekaking carita ana Pajang pasuwitane Jaka Sangsang ditampa, lan kalebu kasihan Gandheng rupane bagus, Jaka Sangsang banjur kapundhut mantu, kadhaupake karo putrane putri, kang sulistya ing warnane Sarehne ana Pajang wis lawas, Jaka Sangsang pamit karo garwane arep tilik menyang desa Kuwung. Sang putri Nglilani.

 Dewi Maya kang wis suwe katinggal dening kakunge, ing sawiji dina mangkat saka daleme, nedya nusul menyang Pajang. Lampahe nyabrang Bengawan Sala, kang wektu iku banyune kena disabrangi. Lampahe tekan tengahing Bengawan keplesed dhawah, slirane kentir, keli kecemplung ing kedhung, dadi lan sedane.

 Nalika iku, lampahe Jaka Sangsang tekan kono Mireng ramene wong2 kang padha tetulung, Jaka Sangsang nginguk banjur ing kedhung. ing kono mirsa Dewi Maya awe-awe. Jaka Sang-sang nuli ambyur ing kedhung, dadi lan sedane.
Putri Pajang kang wis sawetara lawas tininggal ing kukunge, nuli nusul menyang desa Kuwung. Lampahe tekan ing sacedhake kedhung ana kang matur, menawa Jaka Sangsang seda kecemplung ing kedhung Mireng paturan mau, Sang putri banjur nyemplung ing kedhung, dadi lan sedane. Awit saka kaanan mengoko mau, kedhung banjur diarani Kedhung Maya. kang pikolehe dadi papan gawat. Menawa ana prau liwat ing kono, kang pada nunggang Kudu pada meneng, ora kena rembugan. Awit yen pada rembugan, apa maneh nyuwara clometan, praune mesti bilai, kerem.

3. BENGAWAN GUWA SENTANA

 Ing sangisore (urute) Kedhung Maya, ana pupan kan gawat maneh, karan Bengawan Guwa Sentana Anane diarani mengkono, amarga iline banyu Bengawan notog watu gedhe. [ 84 ]Ing sadhuwure watu ena Guwane: ing sadhuwure guwa ana kuburane. Papan mau dadi patilasane Kanjeng Sunan Bonang.
Lakune prau yen liwat ing kono, kang padha nunggang ora kena rembugan sora. Menawa wani nerak, ya iku rembugan sora, praune mesti nemoni bebaya. Kang mesti kerem utawa pecah.

 Mungguh anane Guwa Sentana iku miturut dedongengan, kalayan cekak kaya ing ngisor iki:
Ing pucaking gunung Bonang ana benggole durjana, jejuluk Blacak Ngilo Blacak Ngilo misuwur digdayane lan sekti. Wong2 ing Bonang lan sakubenge padha susah atine, sebab tansah dicolongi bandhane. Kanjeng Sunan Bonang mireng pasambate wong2 padesan kang rumagsa dijarah rayah bandhane dening wong2e Blacak Ngilo. Ing sawiji dina Kanjeng Sunan Bonang manggihi Blacak Ngilo. Paring dhawuh supaya dhewek meareni tindake kang agawe susahe wong2 ing padesan. Blacak Ngilo krungu dhawuhe Kanjeng Sunan ora nggugu, nanging malah muring2 ngajak adu kasekten Pangajake dituruti dening Kanjeng Sunan. Wektu iku Blacak Ngilo muja gandhen dadi jago.
Kanjeng Sunan muja palu dadi jago. Nuli padha diedu Jagone Blacak Ngilo kalah, badhar dadi gandhen. Warna-warna kesektene kang diwetokake, nanging mung tansah kalah karo kesektene Kanjeng Sunan Pungkasane adu kasekten. Blacak Ngilo Ngajak (main) dhelikan. Kanjeng Sunan diaturi nggoleki anggone ndhelih. Blacak Ngilo ambles ing bami, menthungule ana pinggir Bengawan Sala. Papan menthungule Blacak Ngilo dadi guwa, kang banjur aran Guwa Santana. Wektu Blacak Ngilo menthungul, Kanjeng Sunan wis ana papan ing dhuwure guwa kang saiki awujud kuburan.

 Sarehne Blacak Ngilo wis rumangsa lalah kasektene Sarta wis sayah, mula banjur sumendhe marang kersane Kanjeng Sunan Bonang. Papan mau saiki aran desa Mendhen.

4. BENGAWAN PASAR SORE.

 Ing desa Jipang kadhistrikan Panolan, Kab. Blora, ana papan tilas kratone Adipati Jipang asma Arya Panangsang. Mungguh pernale kraton ana sapinggire Bengawan Sala. [ 85 ]Sisih kulon Kraton Bengawan Sala disundhet kagawe Bengawan karan Bengawan Pasar Sore. Sudhetan mau tumeka kali Kecing, terus gathuk karo Bengawan Sala.
Dadi kratone kaubengan ing Bengawan Jembare papan kang dienggo kutha dununge kraton ana sapal pesagi. Wektu sugenge Arya Panangsang kersa gawe watu gedhe kaentha gong. Watu mau dicemplungake ana ing wiwitane sudhetan Bengawan Pasar-Sore. Prau prau kang liwat ing kono kudu ngati-ati. Sebab yen nganti natab watu gong, praune mesthi pecah.
 Mungguh Arya Panangsang iku putrane Pangeran Seda Lepen (putrane R. Patah. Sultan Demak) Sedane Pangeran Seda Lepen wektu jumeneng Sultan Demak, disedani dening putrane Pangeran Trenggono ya iku Pangeran Prawata. Awit saka sedanne keng ramane, ya iku Pangeran Seda Lepen, Pangeran Prawata banjur disedani Arya Panangsang. Nanging Arya panangsang durung lega penggalihe: arep nerusake panyidrane marang putra-putrane Pangeran Trenggana. Klakon nyidra garwane Ratu Kalinyamat. Banjur ngangkah arep nyidrapi Sultan Pajang, nanging ora bisa klakon. Ratu Kalinyamat lan garwane Sultan Pajang iku pada putrane Suwargi Sultan Trenggana. Sultan ngerti marang karepe Arya Panangsang kang ora becik. Mula Jipang banjur di Jurugi saka Pajang. dadi perang rame. Wektu arepe perang ana Swara keprungu, sapa kang wani nyabrangi Bengawan Pasar Sore bakal asor jurite. Sarehne watake Arya Panangsang brangas, Bengawan Pasar Sore disabrangi. Tumeka sisihe (sabrange) Bengawan Arya Panangsang ditumbak dening Ki Ageng Pamanahan mbrodol ususe Usus kumlewer disampirake ing Wengkingane kang saiki ditiru kanggo rerenggan awujud kembang gombyoke keris penganten. Arya Panangsang durung seda, malah ngamuk punggung, agawe pepati akeh. Sarehne tituhane jaran nglumba2, wangkingane modot nggesrek usus, Usus cedhot. Arya Panangsang dhawah, terus seda. Prajurit Pajang banjur padha surak mawurahan jalaran perange menang.

5. TINGGANG.

 Sangisore Bengawan Pasar Sore ana kedhunge, aran kedhung Braja, kang kejogan iline banyu kali Tinggang, kang tuke saka gunung Ngancik. Anane aran inggang, gotek dedongengan ing jaman kuna ana buta mati kuna panahe Kyai Ageng range. [ 86 ]Patine buta mau mbreganggrang. Luluhe dadi Tinggang Ing papan mau isih tinemu balung gedhe gedhe, kakira balung buta.

6. BENGAWAN GETAS.

 Kaprenah sangisore Bengawan Pasar Sore, ana papan kang gawat Ya iku tengah tengale Bengawan Sala ana pulone jejer loro Menawa tukang nglakokake prau ora ngati ati, praune notog pulo mau bisa pecah utaw kerem Awit menawa banyune gedhe, pulo mau klelep ora ketok.

7. KEDHUNG WER PITU

 Sangisore Bengawan Getas ana kedhunge, aran Kedhung Wer pitu. Prenahe ana ing tekukan Bengawan kang banyune mulek.
Ing kono ana pulone cilik kakum ing banyu, ora ketok. Anane diarani kedhung wer pitu, ing kunane, yen ana prau liwat kono, sarate kudu mungser (oleg) kaping pitu.

8. SOBRAH PANGANTEN

 Ing dhukuh Semandhing bawah desa Kemiri, ana wit gedhe jejer loro, thukul ing tengah-tengahing Bengawan Sala. Papan mau karan Sobrah panganten. Goteking dedongengan ing jaman kuna ana panganten sarimbit nyabrang ana kono kintir keli, kang wekasane ilang.
Sailange penganten nuli ana wit thukul jejer loro. Dikira wit mau kedadean saka penganten kang ilang Tukang nglakokake prau yen liwat ing kono, kudu meneng, ora kena rembugan. Lupiyane manawa nerak pepaline para kupa, praune mesti nemoni rubeda.

9. KEDHUNG WALIYAN.

 Sacedhake Bengawan Sala ana desa aran desa Pethak. Ing kono ana kedhunge, aran kedhung waliya. Lumrahe ing akeh kedhung mau ana kang mbau reksa, awujud setan gundhul, aran Kyai Singajaya. [ 87 ]Manggone ing wit asem gedhe ing pinggir kedhung. Wit asem mau dadi pepundhen kanggo panuwunan wong kang nyuwun sugih.
Kajaba ana ing wit asem. Kyai Singajaya Mangon ana wit ingas kang tukhul ing pinggir Bengawan ing desa Majenon. Wit mau uga dadi pepundhen, ya iku yen ana wong duwe gawe nganggo nabuh gamelan kudu caos dhahar mrono. Yen ora caos dhahar, kang duwe gawe mesthi nemu alangan.


10. KEDHUNG SRUNGGA

Bengawan Sala nalika iline ana sacedhake dhukuh Kampak desa Tanggir, ana kedhunge aran kedhung Srungga. Ing kedhung kono ana bayane gedhe, katiban watu gedhe ora bisa obah Sabanjure baya mau dadi dhanyange kedhung kono. Saben ing mangsa labuh, yen ana swara gumludhug asal saka kedhung mau, miturut piyandele wong tani ing desa kono, anggone tetanen bakal akeh asile


11. PASAREAN TULUNG

Kaprenah ing sakulone kutha Bojanagara, dumunung ing sa pinggire Bengawan Sala, ana desa aran Tulung. Ing kono ana pasarean kang gawat, Dene kang sumare ing kono jejuluk Gusti Raden. Ya iku putra Pajang kang kaseser perange karo (mungsuh) Mataram.

Mungguh halade pasarean mau, yen wong ing desa Tulung kono ana ngombe inuman keras, bangsane arak (ciu), wong mau mesthi edan, ora suwe banjur mati.


12. PASAREAN BUYUT KENCANA

Saelor wetane kutha Bojanagara ing pinggir Bengawan Sala kang sisih lor ana gununge cilik, bawah desa Banjarsari. Ing kono ana pasarean aran pasarean Buyut Kancana, uga karan pasarean Buyut Sanga. [ 88 ]Amarga ing pasarean mau kang sumare jejer sanga Gotek dedongengan kang sumare ing pasarean mau putra pajang kane lolos tinggal praja. Lolose saka Pajang sagarwa putra. banjur dhedhukuh ana Banjarsari nganti sasedane Pasarean mau saben taun disadrani dening wong2 ing desa Banjarsari : kasuwun sawabe berkahe, supaya slamet lan nemu mulya uripe. Dene pasareane Buyut Hirapati kanggo pasadranane wong2 kang padha nglakokake Jru lan gethek aja diganggu gawe dening baya. nemua slamet ing lakune Anane pasareane Buyut Hirapati dadi pasadranane tukang nglakokake prau utawa gethek, miturut gotek dedongengane kaya ing ngisor iki:

 Ing sawiji dina Nyai Buyut Hirapati kadherekake putrane mususi beras menyang Bengawan sajrone lagi mususi Nyai Buyut disarap baya, kagondhol menyang kedung Depis desa Sima. Dohe saka dhukuh Banjarsari watara 4 pal. Putrane mirsa menawa ingkang ibu digondhol baya, nuli kondur matur ingkang rama, ya iku Kyai Buyut Hirapati. Ki Buyut nampa ature putra, banjur rawuh ing Bengawan, nggebyur ing banyu. Wektu iku ki Buyut mirsa garwane kagondhol ing baya, Menyang endi parane baya dening Ki Buyut tansah ditutake. Wekasan lakune baya tekan ing kedhung Depis Ora antara suwe Ki Buyut uga rawuh ing kedhung Mirsa ing kono ana guwane nuli dileboni Lagi ngancik ing cangkeme guwa, Ki Buyut kraos manawa manggon ing alam kaalusan Cangkeme guwa malih katon gapuraning karaton Ki Buyut terus lumebu, mirsa guwa mau malih awujud kraton kang endah rerenggane.
Dene baya2 kang ana kono padha awajud manungsa Mung Nyai Buyut Hirapati malih awujud pitik babon putih ana ing kurungan.

 Cekaking carita Ki Buyut ketemu ratune baya. Ratune Baya nyumurupi Kasektene Ki Buyut banget gumune, lan rumangsa kasoran prabawa. Mula iya ora wani apa2. Ki Buyut ngandika, rawuhe ing kono perlu mundhut kagungane pitik babon putih kang ana ing kurungan. Lan mundhut baya kang nggondhol garwane, perlu arep dipidono. [ 89 ]Ratune baya ngaturake, lan nyumanggakake apa kang dadi kersane Ki Buyut Kanthi ngasta pitik babon putih Ki Buyut nuli kondur. Tumeka ing dalem pitik babon putih malih dadi Nyai Hirapati. Sawise lerem sawatara, kanthi ngasta gembel lan dhadungduk, Ki Buyut rawuh maneh ing kratone baya. Sarawuhe ing kono baya kang nandhang luput banjur dikalungi dhuk sarta dititihi, didawuhi ngeterake kondur mengyang Banjarsari.
Lakune baya kanthi nglangi Ing sadalan-dalan congore dipenthungi dening Ki Buyut nganggo gembel, nganti gobrah getih. Bareng tekan gisiking Bengawan sacedhake daleme Ki Buyut baya banjur katuntun munggah ing gisik. Putra wayahe kang methukake rawuhe, didhawuhi menthungi baya kang mentas dititihi.
Para putra wayah banjur padha tumandhang Ana kang menthungi nganggo alu: ana kang mbandhemi nganggo watu Ing sarehne baya wis rumangsa luput lan banget kelaran, mula banjur matur marang Ki Buyut, nyuwun ngapura lan mertobat. Ora bakal ganggu-gawe marang putra wayahe. Lan prasetya, ing tembe buri yen baya mau ngetok, putra wayahe Ki Buyut aja nganti menyang Bengawan. Awit wektu iku ing Bengawan ana baya lanjon kang golek mangsan Sawise ngaturake prasetya, baya diparingi pangapura, nuli lunga nggebyur ing Bengawan. Sabanjure baya mau dadi danyang ana Bengawan kono. Tumeka saiki, yen ana baya kang gulune kalungan ireng ngetok, wong2 ing desa Banjarsari padha ora wani menyang Bengawan.


TAMAT.
[ 90 ]
LELANA MINGGAH REDI LAWU

 Kacarios ing kampung Jayengan Surakarta, wonten satunggil ing jejaka sampun lola, nama Jaka Lelana Menggah Wewatekanipun jejaka wau anocogi sangat kaliyan namanipun, inggih punika remen lelana lan amesu brata.

 Anuju satunggaling dinten ngajengaken tanggal sapisan wulan Sura, Jaka Lelana tuwuh sedyanipun badhe minggah ing Redi Lawu. Kajawi kepengin badhe nyumerepi kawontenan ing pucaking redi, ancasing cipta badhe amesu brata, nyenyadong parimarmaning Pangeran ingkang murbeng jagat, sageta sinembadan punapa ingkan sinedya.

 Nalika bapakipun taksih gesang, piyambakipun asring dipun dongengi bab kawontenaning satunggal-tunggalipun papan patilasan ardi-ardi, pasareyan-pasareyan lan sapanunggilipun ingkang asring kangge panepen utawi pajiarahan. Dados boten nama aneh yen piyambakipun mengertos dhateng wewaler-wewaler ingkang boten kenging tinerak, punapa dene tata-cara tuwin sesaji ingkang kédah katindakaken. Upaminipun: menawi sumedya minggah dhateng pucaking redi Lawu, kedah tatag teteg sarta adhedasar suci ing lahir batosipun, Dene wewaleripun boten kenging mengangge ingkang sarwa ijem warninipun.

 Sareng sampun kacekap anggenipun ngrakit pirantos2 ingkang badhe kabekta minggah, Jaka Lelana bidhal piyambakan. Badhe bidhalipun, ngucapaken mantra wasiyat saking bapakipun, murihipun supados rahayu ing lampahipun. Menggah rapalipun makaten: Sengkala sengakala padha suminggaha, durga mandheg, gajah mungkur rahayu slamet saka kersaning Allah Sang Hyang Ibu Bantala, Sang Hyang Bapa Hanantaboga, niyatingsun lumaku rina kalawan wengi. Ana sangkala enggal balia saking karsaning Allah. [ 91 ]
 Sasampunipun ngucapaken mantra lajeng nggedrug (njejak) siti rambak kaping tiga, tumunten bidhal.
 Lampahipun dharat saking kampung Jajengan mangaler dumugi margi agengg Keprabon menggok mangetan nglangkungi Gladhag, pelken Harjanagara (katelahipun kawastana Pasar Gedhe), Mesen, Jebres, Jurug, Palur, terus mengetan bablas.
 Wetawis wanci bedhug siyang, lampahipun Jaka Lelana sampun dumugi Tawangmangu, Lajeng kendel wonten sangandhapipun wit klengkeng ingkang ayom, perlu ngaso. Sareng sampun ngaso ing sawatawis Jaka Lelana nglajengaken lampah. Saking Tawangmangu merginipun sampun wiwit minggah, arahipun ngidul ngetan. Watawis wanci Asar lampahipun Jaka Lelana dumugi ing dhukuh Tara, laladan Kalurahan Blumbang. Ing padhukuhan wau kewontenanipun hawa sakalangkung asrep Sarehne sampun badhe nyelaki wanci seraping surya jejaka wau lajeng pados pasipengan. Kaleresan ingkang dipun jujug, griyanipun juru panedah margi dhateng redi Lawu, nama Pak Kartasentana. Jaka Lelana sasampunipun uluk salam, ingkang gadhah griya medal. Salajengipun Jaka Lelana anglairaken panembung, menawi kepareng sarta boten wonten pakewedipun badhe nedha sipeng sedalu kemawor. Pak Kartasentana saderengipun suka wangsulan, pitaken dhateng Jaka Lelana bab nama, griya sarta sedyanipun badhe dhateng pundi. Jaka Lelana ugi suka wangsulan ing saperlunipun. Enggalpun panembungipun Jaka Lelana neda nyipeng, dipun tampi kanthi bingahing manah.
Jaka Lelana sasampunipun reresik badan lajeng jagongan kaliyan pak Kartasentana, sinambi wedangan lan nedha pohung bakaran.
Pak Karta: Gus, sampeyan kok boten mawi rencang niku asale minggah teng redi Lawu empun rambah ping pinten?
Jaka Lelana: Pak, kula dereng nate minggah, enggih nembe sepindah niki, dados kula mung majeng tekad mawon. Dene sababe kula boten ngajak rencang, kabekta kula niki lare lola tur ontang anting. Dados mrika-mrika empun kulina ijen mawon.
Pak Karta: We lha, kok ageng tekad sampeyan. Napa boten ajrih yen manggih alangan onten mergi? [ 92 ]Jaka Lelana: Kula boten gadhah raos ajrih lan semelang. Awit begja cilakane badan niku mung Pangeran ingkang nguwaosi, Kula mung saderma anglampahi.

Pak Karta: Nggih Gus, kula nderek ngemum mawon.

Jaka Lelana: Pak rehne kula dereng ngertos mergine, yen sampeyan lega manahe, kula nedha ancer2 urut2ane margi ngantos dugi pucak.

Pak Karta: nggih ta nek ngoten, ning sing ajeng kula criyoskeniku margi sing sering kula langkungi mawon Cobi sampeyan mirengake. Saking dhukuh Tara ngriki lampahe ngidul ngetan nglangkungi dhukuh Blumbang. dhukuh Tlagadlingo anjog Cemara Sewu. Saking Cemara Sewu ngaler ngetan menggak-menggok ; nekuk ngidul terus minggah ngetan Yen empun dugi papan sing namane Tamansari enten ngriku sampeyan ampun kaget lan ampun ajrih. Jalaran kaprenah kidul kilen Tamansari niku dununge kawahe redi Lawu. Swantene kawah gemludug. damel mirising manah.

Gandane lirang nduleg: sing beten betah ambete. nggih marakake sesek Saking Tamansari margine minggah ngaler ngetan, anjog jurang Pangarib-arib. Enten ngriku sampeyan nggih kedah kendel caos dhahar. Awit jurange lebet sanget, tur gawat, Wiwit ngriku sering kedhatengan amphuhan, sing disetani ampuhan niku peteng kados pedhut nggembuleng, mawi nyuwanten kumrasak ngujrih-ajrihi, hawane kekes atis.

 Saking jurang Pangarip arip mergine wiwit minggah ndeder, puruge mengetan dugi Punthuk Papon Saking Punthuk Papon mergine mengidul dugi Penggik, terus dugi Ondharante; terus anjog Cakrasrengenge. Onten ngriku sampeyan kedah kendel caos dhahar. Yen mireng swanten peksi crat-cret, sampeyan telingke prenahe swara. Yen empun cetha dununge swara sampeyan turut kangge, panuntun lampah sampeyan, murih bonten keblasuk Miturut piandele tiyang-tiyang ing ngriku, peksi wau namine Jalak Gadhing Wulune ijo, cucuk kuning, nganggo jamang kuning kados enco Peksi wau utusane Sinuhun Lawu, didhawuhi nedahake margi dha teng sinten mawon sing redya sowan.

 Saking Cakrasrengenge mergine ngidul ngilen, menggah malih dugi Harga Dalem, nggih ngriku niku sing disetani palenggahane Sinuhun Lawu. [ 93 ]Sampeyan enten ngriku mung kudu meleng lan empun kendhat enggene totor, awit hawane kekes atis. Onten ngriku sampeyan nggih kudu caos dhahar.
 Jaka Lelana : Wah, kula rumaos gamblang, pak, mirengake ancer2 sampeyan. Dados sinaosa kula dereng nate minggah, nanging yen ngugemi crios sampeyan wau, tentu saged dumugi puncak kanti wilujeng.
Pak Karta ; nggih mugi2 sageda kabul sedya sampeyan, Gus.
Jaka Lelana : Napa sakiwa tengene pucak niku nggih enten papan sanese sing kramat?
Pak Karta: O, papan pundhen niku kiwa tengene pucak kathah sanget. Kejawi niku guwa-guwa nggih sawatawis.
Sasumerep kula mawon, papan pundhen niku Argadumilah, Argapurusa, Argadumeling. Argakembang, Tlagakuning, Pasar Diyeng Sendang Drajat, Kahyangan, Selapundutan lan Cakapawenang.
Dene cacahe guwa kirang langkung anten pitu: Setupa. Segala-gala, Sitlorang, Lumbung Siliyur, Siteplok. Mangling. Sumur Jalatundha.
Jaka Lelana: Kados empun cekap nggen kula nedha seserapan pak Kula matur nuwun lan nedha sawab pamuji. sageda kadumu gen sedya kula. Rehne kula empun kraos arip, kula nedha lilah sampeyan ajeng mapan tilem.
Pak Karta : nggih-nggih, mpun ngriku disekecakake kados enten griyane dhewe.
 Ing wanci dalu boten kacariyosaken reroncenipun. Sareng wanci bangun, sasampunipun reresik badan. Jaka Lelana pamitan Pak Karta badhe nglajengaken lampah, sarta nglairaken panuwun, nggenipun sampun dipun tampi kalayan sae saha dipun sukani ketrangan warni - warni, ingkang migunani tumrap - sedayanipun. Pak Kartasentana nglilani saita njurung pamuji, mugi manggiha wilujeng tuwin sageda kasembadan sedyanipun. Benjing menawi mandhap kemawon puruna kampir malih. Kacarios ampahipun Jaka Lelana tansah ngengeti sacaya cariosipun Pak Kartasentana. [ 94 ]Enggaling carios lampahipun dumugi ing Cakrasrengenge watawis wanci jam 17.00 kanthi wilujeng. Liripun wiwit bidhalipun saking dhukuh Tara ngantos dumugi Cakrasrengenge boten kapapag ampuhan. Namung ing katebihan piyambakipun nyumurupi lampahing ampuhan. Wujud sarta swantenipun ngepleki kados ingkang kacriyosaken Pak Kertasentono. Pancen inggih ngajrih-ajrihi yektos. Wonten ing Cakrasrengenge Jaka Lelana lajeng kendel caos dhahar. Kawontenanipun sepen anglangut: punapa malah wekdal semanten nuju jawah riwis2. Nanging boten antawis dangu lajeng terang, langitipun sumeblak
Miturut kapitadosanipun jejaka wau, bilih wonten pratandha antawisipun kepareng punapa ingkang dipun sedya Salebetipun caos dhahar wonten swanten crat cret ingkang kapireng lajeng dipuntilingaken. Prenahipun saking kidul kilen. Sabakdanipun caos dhahar Jaka Lelana nglajengaken lampahipun ngener ngidul ngilen anut prenahing swantenipun peksi wau. Marginipun minggah mayat Sareng pikantuk kalih onjotan, ing ngajeng watawis let 5 meter ketingal wonten jalak lincek2, mlampah nolah-noleh kaliyan mungel crat-cret. Jaka Lelana namataken ulesing peksi. Wulunipun ijem, cucuk jene, mawi jamang jene. Piyam bakipun lajeng kengetan dongengipun Pak Kartasentono ing dhukuh Tara. Dados peksi wau sampun tetela, bilıh Jalak Gadhing. klangenanipun Sinuhun Lawu, ingkang kautus nuntun ing lampahipun. Peksi jalak lajeng mabur mangilen. Jaka Lelana ngucap suka syukur ing Pangeran. Lajeng ngetutaken aburing peksi jalak Gadhing ngener mangiler. Enggaling cariyos ing wanci ± jam 18.30 lampahipun Jaka Lelana sampun dumugi ing Arga-Dhalem, njujug ing bangsalan. inggih punika griya mawi payon lan gebyog saking seng, nanging boten mawi konten.

II. KAWONTENAN ARGA DHALEM.

Ing Arga Dhalem kawontenanipun sampun peteng. Mila Jaka Lelana lajeng damel obor. Kaleres ing sakiwa tengening bangsalan ngriku wonten kajeng pating tlecek, lajeng dipun kempalaken, perlu kangge totor. Sareng angpenipun damel bedhihan sampun dados, jejaka wau minggah kanthi mbekta obor, badhe caos dhahar telenging Arga Dhalem. [ 95 ]Sareng dumugi nginggil, Jaka Lelana radi nggragap manahipun. Awit nyumerapi tiyang sepuh jaler linggih. patrapipun kados saweg semadi Jaka Lelana kendel sekedhap, namataken tiyang sepuh wau, punapa inggih temen tiyang saestu, punapa bangsaning lelembat Sarehne dipun kedhepaken ambal kaping tiga tetep taksih katingal, piyambakipun wantun mastani tiyang saestu. Mila kanthi tatag Jaka Lelana nglajengaken lampah, dumugi ing griya alit kados patrolan, mawi payon sarta gebyog saking kajeng Jaka Lelana kendel, lajeng mapan linggih. Salajengipun caos dhahar, mbesem dupa, Sarampungipun caos dhahar lajeng wangsul dhateng bangsalan ing ngandhap, perlu nyelaki bedhihan ingkang sampun kadamel ing saderengipun minggah, awit atisipun anglangkungi. Dene tiyang sepuh ingkang saweg pitrap semedi wau lestantun wonten ing nginggil. Jaka Lelana dumugi ing bangsalan ngandhap, sasampunipun nambahi kajeng ingkang kangge totor, lajeng mapan linggih, amiwiti panekung pun Tanceping cipta nyuwun parimarmaning Pangeran, sageda kasembadan sasedyanipun. Ing dalu boten kacariosaken reroncenipun Namung kadhang2 kapireng swantenipun kewan wana ing katebihan.
Ing wanci enjing umun2 Jaka Lelana sampun tangi, nanging dereng wantun nilaraken panggenanipun. Awit kejawi pedhutipun taksih kandel, tisipun ngantos tumrecep kados rumasuk ing bebalung. Sareng Sang Bagaskara sampun ngatinggilaken sorotipun. Jaka Lelana saweg nilar papanipun mingguh malih dhateng telenging Arga-Dhalem, perlu caos dhahar. Sarampungipun caos dhahar, lajeng patrap semedi, Saparipurnaning semadi Jaka Lelana menyat, badhe wangsul mangandhap malih. Nanging dereng ngantos mlampah, kapireng wonten swantenipun tiyang celuk2 Jaka Lelana nolah-noleh, madosi asaling swanten. Ingkang celuk2 wau boten sanes tiyang jaler sepuh ingkang dipun sumerepi winginipun dalu. Jaka Lelana lajeng murugi.
 Tiyang sepuh lajeng wicanten: Nak aja dadi atimu, ya, aku nungkak krama karo kowe Anggonku duwe patrap mengkono kuwi ora duwe karep ngremehake marang kowe, nanging murih luwih rumakete. [ 96 ]Jaka Lelana mangsuli: Inggih, boten dados menapa pak.
Tiyang sepuh: Jenengmu sapa, ngger? Lan saka ngendi asalmu?
Jaka Lelana: Nama kula Jaka Lelana. Asal saking Negari kampung Jayengan Sawangsulipun bapak asma sinten, lan ingkang dipun dalemi pundi?
Tiyang sepuh: Jenengku Kyai Wangsadirya, asal saka dhukuh Bangsri, ing tanah wetan. Apa tekamu mrene ora ngango rewang ngger?
Jaka Lelana: Bonten pak. Kula namung Piyambakan kemawon
Kyai Wangsadriya: Wis rambah kaping pira anggonmu munggah mrene kok wis wani dhewekan.
Jaka Lelana: Inggih saweg sepisan menika, pak.
Kyai Wangsadriya: We lha, kagolong kendel temen kowe, ngger. Rahayune ora keblasuk-blasuk
Jaka Lelana: Inggih, angsal pangestunipun bapak, lampah kula wilujeng. boten manggih alangan satunggal punapa.
Kyai Wangsa: aku mono wis marambah rambah anggonku mrene. Dadi kene iki wis ambah2anku, prasasat wis omahku.
Jaka Lelana: kula nyuwun seserepan, Pak Griya alit ingkang wangunipun kados patrolan lan mawi payon sarta gebyog saking kajeng menika kangge menapa?
Kyai Wangsa: O. ngertia ya ngger Nalika kunane manawa ana jumenengan Nata, Ingkang Sinuhun banjur utusan nglabuh pangageman sarta sesaji mrene. Pangageman dalah sesajine didokokake ana omah cilik kuwi.
Dene utusan Dalem banjur ngujubake, perlune, tata kramane ganep. tetembungane susila lan wijang. kaya2 lagi matur ana ngarsane Ingkang Sinuhun temenan. Sawise mengkono abdi dalem Juru suranata lan mutihan ndongani ajad Dalemn. Dongane warna loro, Buda lan Arab Dene saikine omah cilik kuwi kanggo ndokokake wilujengan saka para sadulur kang rumangsa katarima panyuwune Sawise disajekake sawatara, banjur lagi dikepungake marang para, sedulur kang pinuju jiarah mrene
Jaka Lelana: Menawi dhangan, kulu nyuwun dipun dongengi sakawit sinten ingkang mara-tapa ing redi Lawu ngriki. [ 97 ]Kyai Wangsa: lya prayoga. Nanging luwih dhisik kowe dak jak mubeng2, nonton kaanane pucak dalah sakiwa tengene, dimene mundhak sesurupanmu Mengko yen wis kemput anggone, nitiprik sa, kowe bakul dak dongengake riwayate sing seckawit maratapa ana kene. Saiki ndelenga keblat papat sakubenge, mungguh kaindahane Alam gumelar, kang tinitahake dening Gusti kang murbeng jagad.
Jaka Lelana ugi mituhu ningali keblat sekawan Kawontenan sakubeng ing pucak ingkang tiningalan saestu damel lam-laming raos Satemah saya ageng kapitadosanipun, bilih namung Allah piyambak ingkang weaang amurba tuwin amesesa alam donya dalah saisen-isenipun. Saya anengsemaken malih nalika piyambakipun nyumerepi ngalempakipun ampak-ampak ing iring ler lan wetan, tebih saking Arga-Dhalem, ing salajengipun dados mega pethak sami mlampah urut urutan kaprenah sangandhaping redi, purugipun mangile
Kyai Wangsidriya nudingi mangandhap kaliyan wicanten ngGer, mara delengen lakuning mega sing urut urutan sangisoring gunung kae. Kajaba becik sesawangane, aku lan kowe iki rak kaya Raden Gathutkaca sajrone crita wayang purwa. Lire wis ngrasakake turu ana sadhuwure mega malang.
Jaka Lelana: Inggih, kasinggihan ngandikanipun bapak.
Kyai Wangsa: Wis ayo saiki ngetutna aku, daktuduhake patilasan2 kang ana sakiwa tengene Arga Dhalem kene.
Jaka Lelana: Mangke rumiyin, Pak. Kula taksih dereng telas2 pangungun kula, dene kawontenanipun Arga Dhalem kok benten sanget kaliyan nalika dipun tingali saking ngandhap. Katingalipun Saking ngandhap mencu kados tumfeng, nanging kawontenanipun kok jebul bawera.
Kyai Wangsa lya pancen bener mungguh kandhamu iku. Mungguh kaanan ing Arga Dhale n iku yen diemper-emper pepetane kaya Siti Inggil ing Surakaria Mara tamatna, wewatesane mubeng kagawe saka watu tinata tharik-tharik. Saka papan kono dalane mengisor nganggo undhak-undhakan uga sa ka watu, tumeka papan kang ana bangsale kang dipayoni lan digebyogi seng Saya nggumunake maneh, dene sangisore Arga Dhalem ora ana wit witan kang gedhe lan dhuwur. Kabeh padha racak endhek tur ora ana godhonge. Mung ing Arga Dhalem dhewe kang kethukulan wit kang gedhe lan dhuwur. [ 98 ]Anehe, wit2an kang racak cendhek2 sanajan isih padha seger2, , nanging yen kapecok kanggo totor, kayune iya gumridig kaya kayu guring bae.
Jaka Lelaa: Punapa sanginggilipun Arga Dhalem taksih wonten papan kangge pepunuhen, pak?
Kyai Wangsa: O, isih ana ngger. Ing sadhuwure Arga Dhalem isih ana pucak loro manch. Sig dhuwur dhewe aran Arga Dumiling: sangisore aran Arga Dumilah, banjur Arga Dalem kene, sing umume kanggo Jujugane para Sadulur kang suncaya nyuwun barkah dulem Sinuwun Lawu
Jaka Telana: Lha, sapunika kula rumaos sampun gamblang kawontenan ing Arga Dhalem ngriki. Sapunika sumangga kula dherekaken tindak2 nitipriksa kawotenan sanes2ipun.
Kyai Wangsadriya mlampah ngaler ngilen (mandhap) dipun tutaken Jaka Lelana dumug papaa wiyar ngen tak enthak boten katuwuhan punapa2, kajawi sela pating jenggeleg. Papan wau dipunwastani Pasar Diyeng, inggih punika pekenipun para lelembat. Awit yen ngleresi pekenan kapireng swanten warni-warni, nanging boten wonten wujudipun. Sacelakipun peken wonten tumpuka sela, ingkang winangun kados kuburan. Miturut gotek, punika pasareanipun Kyai Sapujagad. Saking Pasar Diyeng lampahipun Kyai Wangsadriya tuwin Jaka Lelana ngaler ngetan dumugi papan ingkang pinageran mawi sela mubeng, inggilipun watawis sameter kepara langkung sekedhik. Ing ngajengan mawi kori blak2an. Salebetipun papan wau wonten sela winangun kados meja. Sanginggilipun meja wonten selanipun ingkang kawangun kados tumpeng ageng alitipun cekapan. Saleripun meja wau wonten griyanipun alit kados patrolan, kadamel saking kajeng dalah sapayonipun Papan wau dipun wustani Sela Tumpeng utawi Sela pundhutan. Miturut kapitadosanipun sadherek, sinten tiyangipun ingkang kuwawi mbekta sela tumpeng wau ngangge tangan kiwa (patrapipun kasangga ing epek2) lumampah ngubengi meja sela wau, badhe kadumugen ing sasedyanipun. Dene griya alit kados patrolan wau kangge pandekekan wilujengan sauba rampenipun saking para sadherek ingkang rumaos katarimah panyuwunipun.
Kyai Wangsadriya kaliyan Jaka Lelana wangsul malih dhateng Arga Dalem, ngaso wonten bangsalan ingkang ginebyog sarta pinayoman seng. [ 99 ]Sasampunipun aso ing sawatawis Kyai Wangsadriya criyos dateng Jaka Lelana, bilih badhe katedahaken dunungipun Sendhang Drajat. Saking Arga Dalem lampahipun mangetan lajeng nekuk mengaler. Sadumuginipun ing papan ingkang dipun sedya, Jaka Lelana gumun sanget, dene ingkang kawastanan Sendang Drajat menika toyanipun sekedhik sanget, bebasan kados pagupakan maesa.

Nanging ingkang nggawokaken malih bilih toya ing sendhang wau dipun angsu ngantos pinten² klenting, kawontenaning toya boten asat. Kyai Wangsadriya criyos dhateng Jaka Lelana, tembungipun; ngGer, miturut kepercayane sedulur akeh, sing sapa kuwat adus grujug banyu ing Sendhang Drajat kena nganti rambah kaping 7, bakal katarima panuwune. Apa kira² kowe keduga dakdusi nganggo timba kuwi nganti rambah kaping 7? Wangsulane Jaka Lelana: Inggih, pak, kula namung nderek kersa panjenengan. Salajengipun Jaka Lelana, dipun grujugi mawi toya ing sendhang drajat ngantos rambah kaping 7. Sinaosa namung pitung timba, nanging raosipun dhateng badan sakalangkung njekut. Ewa semanten saking dayanipun manah mempeng, Jaka Lelana babar pisan bonten ngraosaken atis. Sarampungipun adus Jaka Lelana dipun jak wangsul malih dhateng Arga Dalem, sami leren wonten ing bangsalan.

Kyai Wangsadriya miwiti rembagan tembungipun: ngGer, aku arep nyritakake asal usule Kanjeng Sinuhun Lawu, sarta mula bukane ngratoni para lelembut ana ing ardi Lawu kene. Mara saiki wigatekna, dakwiwitane saka Nata Binathara ing Majapait kang pungkasan.

Sang Prabu Brawijaya V, ya iku Nata Binathara ing Majapait kang pungkasan jejuluk Sang Prabu Kertabumi, kagungan putra kakung lan putri cacah 101, Nalika samana Sang Nata dalah para kawula ing Majapait padha nganggo panutan Agama Budha Senadyan Sang Brawijaya ngrasuk agama Budha, nanging penggalihe andanardana, Lire ora nglarangi, menawa ana kawula sing nganggo panutan agama liya. Kajaba saka iku, uga maringi palilah marang Sunan Ngampel Denta, anggone sumelya mencarake agama Islam ana ing pulo Jawa. [ 100 ]Sarta banjur diparingi tanah predikan, minangka padhepokane, Sunan Ngampel Denta iku putra keponakane prameswari Nata. Bareng Kraton Majapait kabedah dening R. Patah, Sultan ing Demak Miturut pengetan rusake Kraton Majopait ing taun Masehi 1470. Taun Jawa sengkalane n uni : Sirna = 0; llang = 0. Kerta (ning) = 4. Bumi = 1. Dadi cethane; Sirna Ilang Kertaning Bumi taun Jawa; 1400 Sang Prabu Brawijaya nandang gerah ana ing pandhepokane Sunan Ngampel Denta (Surabaya) Ing wektu iku putrane Sang Prabu kang angka 23 asma R. Gugur ngadhep ing ngarsane ingkang rama kang pinuju gerah Sawise R. Gugur nampa pangandikane Sang Prabu kang werna2, ing kono Sang Prabu banjur surut ing kasidan jati (seda). Saparipurnaning pangruktine layon, R Gugur banjur dhedhukuh ana ing sikile gunung Lawu nganti sak muksane, kang sabarjure jumeneng Sinuhur Lawu. Dene padhukuhan kang tilas didalemi tumeka saprene karan dhukuh gugur. Kajaba kang ana ing Ga. Lawu iku Sinuhun Lawu ana maneh kang sinebut Sunan Lawu Mungguh dedongengane mengkene:

Nalika ingkang Sinuhun Paku Buwana VI ing Surakarta kakekandhangake menyang Ambon garwa Dalem ya iku Kanjeng Ratu Ageng ora nderek, amarga mbobot sepuh Bareng wis tumeka wancine arep mbabar ingkang raka Gusti Kanjeng Pangeran Arya Mangkubumi Surakarta III. nenggani (anggone ingkang rayi arep mbabar). Ing kono Gusti Kangjeng pangeran mireng cengering bayi. Nanging ora ana wujad: kijabaug Ing batos Gusti Pangeran sakelangkung lingsem panggalihe. Ora antara suwe kapireng maneh cengering jabang bayi : dipirsani, jabang bayi maujud (= ana). Ya iku kang ing tembe jneneng Ingkang Sinuhun Paku Buwana IX Dadi cethane Kangjeng Ratu Ageng mbabar kembar. Nanging kang miyos dhisik ora ana - Gampang - ana ilang. Miturut lumrahe ing akeh anak kembar iku kang lair dhisik, dianggep kang dadi enom Dene kang lair keri kang dadi tuwa.

Kocapa ing sawiji dina, wektu Iagkang Sinuhun Paku Buwana IX isih timur, ngarepake supit, Ingkang Sinuhun nandhang gerah, njalari prihatose penggalihe Kangjeng Ratu Ageng sakulawar[ 101 ]ga Kraton Awit saka iku ing kraton rina wengi dianani tetuguran Ana kang marak ing ngarsane Kangjeng Ratu Ageng ana ing pesareyane ingkang putra kang lagi nandhang roga. Ana kang manggon ing pacaosane dhewe2. Ing wektu samana ana jejaka bagus kang pasuryane ngepleki pasuryane Ingkang Sinuhun kaping X, sowan ana ing pasarean Ing kono sgawe cingak lan kagawokane Kangjeng Ratu Ageng dalah para kang padha ana ing pasarean.

Kanjeng Ratu nuli ndangu marang jejaka kang nembe sowan Thole, kowe kuwi sapa lan saka ngendi pinangkamu lan apa perlune, dene tekamu marak ora ana kang nglarapake? Jejaka banjur munjuk: Ibu, punapa Ibu kesupen, bilih dalemnpunika putra panjenengan dalem piyambak Miturut fangandi king guwagarba dalem, adalem lajeng kapundhut dening Eyang kanipun Eyang Sinuhun Lawu, si Sampunipun edalem air sasinuhun Lawu kabekta kesah, salajengipun kapundhut putra. Wontenipun adalem marak, kejawi sowan tuwi ugi badhe nyaosi jejampi gerahipun kakungmas punika.
Cekaking carita Ingkang Sinuhun banjur diusadani. Sanalika bisa waluya. Sawise iku jejaka mau nuli nyuwun pamit, kondur menyang Lawu. Kangjeng Katu nglilani sarta paring trima kasih, dene puputrane wis mari gerahe Dene kondure jejaka mau sawise metu saka kamar banjur ora katon. Goteking ngakeh jejaka mau kang senebut Sunan Lawu Uga ana dedongengan dak rungu saka abdi dalem Kraton. Surakarta kang wis sepuh yuswane, nerangake : Nalika kang jumeneng Nata Ingkang Sinuhun Ingkang minulya sasaha Ingkang Wicaksana Paka Buwana X; samangsa ing Kraton ana dhayoh Walanda kang sajak ngrembug babagan wigati lenggahe Ingkang Sinuhun katon ana kang ngamping ampingi, kang pasuryane kaya Ingkang Sinuhun Paku Buwana IX kang wis suwarga. Mung bae kang bisa sumurup mau mung abdi dalem kang wening atine. Dadi ora sadhengah abdi dalem kang weruh.

Mengkono ngger dedongengane kalayan cekak kahanane kahanane kang jumeneng ana Arga Dalem kene. Jaka Lelana miner dedongengan wau sanget anggeaipun migatosaken. [ 102 ]Kyai Wangsadriya nglajengaken rembag tembungipun: ngGer, coba delengen kaanane isen isen jagad olehe warna-warna kaanane nyenengake sarta ngresepake ing pandulu. Kaanane tetanduran katon ijo arayo royo godhong. Gunung2 kasawang kadi kadohan katon pating jenggeleg biru wernane. Kali2 lan bengawan katon pating jlarit. Mungguh gunung2 iku miturut dedongengan kedadean saka banyu kang aran tirta kamandhanu, kang ora oleh panas soroting srengenge, banjur njendhel dadi embag, suwe2 dadi lemah. Mungguh keng dadi gunung iku embag kang pepunthukan ing negara kang hawane adhem, ing kono ana pepunthukan salju kang kaya gunung. Ana kang rata. Mung bae samangsa kena panas soroting srengenge, salju mau ajer dadi banyu.

Awit kaanan kang tinemu dadi isen isening jagad iku katitahake urip, perlu ayake aku nyritakake bab dumadine jagad saisine, methik saperlune saka buku Darmasonya, anggitane Sang Bagawan Yogiswara ing Mamenang. Terange kaya ing ngisur iku:

III. DUMADINE JAGAD

Mungguh kang gumelar. jagad kang kapisan iku diarani "So nyaruri". Tegese; suwung utawa sepi. Mulane mengkono amarga titahing Pangeran durung padha dumadi. Kang lagi dumadi dhisih ya iku: Surya, candra, kartika lan suwasana.

Mungguh suwasana iku saikie aran "amun amun". Amun-amun iku minangka kekandange surya, candra lan kartika. Dene surya, candra lan kartika iku mau ing jero prdha kebekan amun-amun, Patang prakara. Mau langgeng ing kaanane lan ora kena owah gingsir ing salawas lawase apa dene jejeg ing wujude lya iku kodrating Pangeran kang dhisik dhewe. Kaanan papat iku padha kasinungan wahyaning wahyu ing kauripan. Ing tembe bakal kuwasa anartani ing kauripan kita iki kabeh. Dene kodrat papat kang wis katerangake ing dhuwur, wujud utawa gedhe cilike, apa dene panguwasane beda-beda. Pratelane kaya ing ngasot iki:

  1. Candra (rembulan) wujude sumunu semu kuning maya-maya. Kuwasane ing tembe bakal kawasa mahanani jaga raya iki kabeh. [ 103 ]
  2. Pamanggone ngumandhang ana sadhuwure rembulan watara lettelung atus pindulu. Kuwasane ing tembe iya bakal mimbuhi maratani jagad raya iki kabeh.
  3. Surya (srengenge), wujude abang amarkata. Gedhene luwih saka ge lhene lintang. Pamanggone ngumandhang ana sandhuwure lintang. watara let telung atus pandulu, Kuwasane ing tembe bakal mahanani urub-urube jagad raya iki kabeh.
  4. Swasana iku gedhene sa (k) srengenge. Rupane ireng meles amaya-maya. Kuwasane dadi kekadangane sakabehing dumadi iki. Kuwasane iku saka lembute lan jembare tebane, tur mesti anane.

Sawenehe para winasis agawe perlambang : kodhok ngemuli lenge, utawa rangka manjing curiga, curiga manjing warangka.

Anane kaparibasakake mengkono, amarga swasana iku nadyan ing sajerone watu iya isih kebekan dening kaanane swasana. Ing mangka watu iku ing jaba iya manggon ing sajroning swasana. Ing sajroning alam "sonyaruri" jagad iki isih jenjem premanem, angin durung ana lumaku banyu sagara durung ana. Bebasan isih suwung tumlawung, kejaba mung serat soroting srengenge, kang sumebar angebeki sa (k) bawana kabeh. Serat soroting srengenge, iku ndarteni daya panas. Lawas2 nabeti marang suwasana mau. Tabet panasing swasana suwe2 tumeka ing antariksa (awang) tumanduk ing rembulan lan ing lintang2. Rembulan lan lintang bareng kena dayaning panas, temahan padha kumaringet Dene kringete rembulan lan lintang2 padha tumiba ing gunung cakrawala kang sisih lor kang aran pul elor (Noord pool). Wondene kringete rembulan lan intang2 mau diarani tirtaprawita", kang tegese bayu kang kawitan". Lawas2 tirtaprawita mau banjur mili Tampa kendhat, sarta iline angubeagi sakubuking jagad iki kabeh. Ing kono tirta prawita banjur karan "tirtakamandhanu", kang tegese banyu kang mili malengkung, Mungguh warnane tirtakamandhanu iku putih kaya kapuk kapas, sarta mawa cahya maya2. Iline tirtakamandhanu bareng temeka ing poking bawana kang ireng kidul kang diarani "pul kidul" (zuid pool), temahan tempuk lan panasing srengeage. Ing kono nuli padha arebut daya, [ 104 ]padha kuwate lan padha kuwasane. Nalika padha nedheng-nedhenge tempuke Tirtokamandhanu karo daya panasing srengenge, temahan nganakake swara humyung. Saka kuwate sakaro karone, temahan kawawa ngobahake bawana iki kabeh. Obahing bawana bareng ketempuk dening daya kang padha rebut daya ing ngarep, wekasan srengenge, rembulan, lintang apa dene swasana, padha mubeng nyakra minggilingan dhewe-dhewe. Tirtokamandha nu kang tempuk karo panas kang tampa kendhat ing sadina dina ing kono wiwite ana bengi lan rahina (awan). Ing nalika iku Tirtokamandhanu ilang adheme sarta srengenge ilang panase. Sailange adhem lan panas, temahan padha sumaring saring adhem lan pinas, tumuli kumpul, manggon ana swasana Jlantahe tirtokamandhanu sarta jlantahe panas kang kasar padha tumus tumeka sajroning bawana, dumadi dadi jalanidhi, kang tegese banyu kang bener, utawa banyu wantah. Wondhene jlantah kang alus padha bali marang Sunung cakrawala. Kabeh mangkono ing salawase. Iline tirtokamandhanu mau santosane kalawan daya prabawane dhewe. Prabawa iku diarai banyu Mangkono uga panasing srengenge iku uga mawa daya prabawa rog prakara mau, nalika tempiking tirtokamandh inu lan panasing srengenge, temahan kumpul dadi siji Ing kono banjur sinebut maruta" utawa markuta, kang tegese amoring daya loro. Maruta banjur manut salaku jantrane tirtakamandhanu. Mula lakune angin iku kasarane kena daya prabawane panggendenge banyu. Ing wektu iku bawana wis kadunungan kodrat cahya campuran rong prakara, ya iku kang dhisik banyu, banjur maruta. Bareng wis mangkono banjur ora diarani alam sonyaruri, ananging banjur diarani "alam tirtayoga" kang tegese "banyu tumitah utawa" tumitahe banyu kang kapisan Banyu-banyu kang tinemu ing sisih lor (Noord pool) lan ing sisih kidul (Zuid pool) kaanane isih padha njundhel Anane mangkono jalaran adoh karo srengenge. Dene banyune kang padha ajer mung kang dumunung ana tengah Ewadene manava banyu mau kataman ing dayane adhem ing wektu bengi. iya bisa kumpul ing sawatara, katıtik saka tibaning ebun ing wektu esuk. Nanging manawa kena panasing srengenge, banyu kang kumpul dadi encer. Mengkono ing salawas-lawase. [ 105 ]
IV. SALEBETIPUN JAMAN TIRTAYOGA

 Ing sajroning jaman tirtayoga iku ana wahyaning wahyu kauripan telung prakara. Siji dumunung ana sendhang cakrawala, yaiku wahyuning tirtakamandhanu, ing tembang Sanskriet diarani manik "I O. Ma," kang tegese "urip", warnane putih hamancur. Loro: dumunung ana ing maruta. Rupane : ireug sumorot. Ing tembung Sanskriet diarani manik "Is Maya". kang tegese: rembesing kaweningan. Telu dumunung ana ing srengenge. Rupane abang amblerengi. Wujuding sorot kaya purnamaning rembulan. Ing tembung Sanskriet diarani manik mulat, kang tegete; murub

 Mungguh kaanane manik tetelu mau padha arebut daya, arebut panguwasa Dene kang kuwasa daya panggendenge, ya iku manik I. O. Ma; manik Is Maya lan manik Mulad kena panggendenge manik I O Ma mau banjur campur dadi sawiji. Cimpure manik tetelu iku temahan banjur padha ilang sipate, ya iku kung putih ilang putihe; kang ireng ilang irenge; lan kang abang ilang abange Ing wasana salin warna dadi cahya biru maya2 asemu ijo banjuraran "trimurti" kang tegese; amore cahya tetelu, utawa kahalusan tetelu Trimurti iku tetep bangsane ngaluhur, yektine dene bangsane cahya, gesang tanpa suksma utawa tanpa raga. Trimurti iku binasakake urip ora ana kang nguripi. Yen ing tembung Arah diarani "Nur" Yen para alli badi ing tanah Eropah padha ngarari "Zel". Ing nalika iku Trimurti manggon ana samadyane Tawang. Ya iku kang diarani Alam-Antara. Mungguh Alam Antara iku ana tengah tengahe dhuwur lan ngisor, apa dene tengah tengahing elor lan kidul, wetan lan kulon. Tengah2 mau saikine terusing mangisor ana sakdhuwure bumi Mekkah. Nalika imurti jumeneng ana ing Alam-Antara, sesilih Tripurusa: kang tegese wahyu tetelu Mulane sinebut "Tipurusa", amarga jumekuwasa anarik sarisarining Bawana. Sajroae Alam Tirtoyaga iki kage wis ora mobak mosik ing sadina- dinane. sarto pengkuh anggone angukuhi marang kahen ngane. Mula saya lawas saya tabih kasantosane, utawa tambah2 wahyaning wahyune. Ing wasana wakasa anarik sarisaniring Bawana. Sajrone alam Tirtoyaga iki kabeh, apa dene serat sorote. [ 106 ]Tripurusa mau, temahan padha anguripi sarupane beburon seron ing mangsa iku. Dene sakabehing beburon ing nalika anggone dumadi ana sajerone Alam Tiroyoga mau kang dadi pratandhane, kabeh padha mawa cahya kaya dene lintang alihan, iku sejatine beburon. Mungguh kaanane beburon ing awang-awang mau, kakeh padha ora keaa ing pati. amarga bakal ora kena hawa sesukering bumi ing selawas-lawase. Beda karo beburon kang padha ana sajerone jalanidhi. Sanadyan ing alam Tirtayoga ragane iya padha ndarbeni cahya, nanging sarehne bakal padha katabetan hawaning bumi, mula ing tembe bakal kena ing pati Amarga ing alam iku kena diarani alam kahalusan-uga kena diarani karaton "Siwandakara", kang tegese kabeh kang padha dumadi ing alam mau padha ndarbeni cahya kang mencorong.

 Tripurusa ing sadina-dinane ora kendhat anggone kataman sarining panas, sarining banyu lan sarining angin. Lawas2 sari tetelu mau kuwawa anglimputi Tripurusa. Bareng wis sawatara kandel, kumpule sari tetelu mau kuwasa dadi kekandhange Tripurusa, sarta banjuur awujud kang diarani sarira, uga kena diarani sarining hawa kang tegese sari banyu. Bareng Tripurusa manggon ana sarira, banjur aran Pramana, kang tegese katon utawa maujud. Kang binasakake maujud iku sariraning Pramana. Wujud sarira mau lawas lawas tumulidadi gatra manusa banjur aran Bathara, kang tegese alus. Sawise mangkono Pramana banjur kena diarani "Raga Bathara", Bareng wis aran Raga Bathara, Pramana tumuli tuwuh panguwasane cacah limang prakara, ya iku kuwasa andulu tanpa netra; angganda tanpa grana: ngandika tanpa ngucap: amiyarsa tanja karna: amirasa tanpa sarana. Mungguhterange kaya ing ngisor iki:

 Ing nalika sajrone Alam Tirtayoga durung ana carane wong pedha mangan lan turu, apa-dene suka lan prihatin utawa laralan kapenak. Pramana mau saya lawas saya tambah dayane kasantosan. Yen rina kuwasa ngukut sarining srengenge. Yen bengi kuwasa ngukut sarining Tirtakamandhanu. Lawas2 tambah praba utawa kaya Wane, mancorong cahyane kaya purnamaning wulan utawa kasrengenge. [ 107 ]Kang mengkono iku mratandhani wis sarira wahyu. Tetepe manawa wis sarira wahyu, dene ora obah katempuh gedhene maruta ; ora panas kataman prabawane srengenge ; ora adhem kekuming Tirtamarta. Terange mangkene :
Sapira santosane maruta, isih kalah karo santosaning Pramana. Sapira panase Sang Bagaskara. isih kalah kalawan panasing Pramana. Mangkono uga sapira ademing Tirtaprawita isih kalah karo adheme Pramana. Saya suwe serat soroting Pramana mau saya tambah akeh sarta warna² rupane. Ana kang ijo, ana kang abang ana kang kuning ana kang wungu, ana kang dadu, ana kang ireng, ana kang biru, ana kang putih lspne Rerupan samono mau. bareng oleh daya wahyune Pramana, wekasan padha urip dhewe², apadene banjur sumewa ing ngabyantarane Pramana Rerupan mau ing tembe bakal dadi wijining dumadi.

Anggone arep mencarake tuwuh, sakehe wiji iku diarane Hapsara; yen ing tembung Arab diarani “Rochani”, yen ing tembung Walanda isih diarani ”Ziel“. Para Hapsara mau ing tembe bakal dadi wewijangane dumadi dhewe-dhewe. [ 108 ]
V. WERDINIPUN WIJI TIGANG PREKAWIS

 Mungguh werdine wiji telung prakara iku, siji rupane putih. Wiji kang rupane putih iku asal saka sarining Tirtakamandhanu, arane Pramana kang tegese; suci utawa padhang: yen ing tembung Arab diarani "Rokh rakhmani".

 Loro rupane abang. Wiji kang rupa abang iku asal saka sarining srengenge, arane "Mulad", tegese: murub utawa padhang (terang). Ing tembung Arab diarani "Rokhilapi".
Telu: rupane ireng. Wiji kang rupa ireng iku asal saka sarining Marute, arane "Murti", tegese: alus. Yen ing tembung Arab diarai "Rokhrabani".

 Mungguh wiji telung prakara iku anggone bisa dadi wiji, manawa wis campur dadi sawiji, utawa rupa sawiji. Dene manawa isih mligi wujud dhewe2, iya bakal ora kuwasa dadi wiji.

 Cethane kaya ing ngisor iki ;

  1. Wiji kang rupane biru-amarakata, iku pratanda wiji asli saka sarining Maruta, kawoworan sawatara wiji saka sarining Tirtakamandhanu, katambahan sawatara wiji saka sarining Srengenge. Manawa wiji mau bisa dadi, ing tembe dadine bocah, wewatakane bakal cubluk, guru aleman nanging langgeng legawane.
  2. Wiji kang biru enom semburat maya2, iku pratandha wiji asli saka sarining Maruta; kawoworan wiji sarining Tirtakamandhanu utawa wiji sarining Srengenge rada kaduk, Manawa wiji mau bisa dadi, ing tembe kaanane dadi bocah wewatekane bakal nrima sarta kadunungan budi welasan.
  3. Wiji kang ijo maya2 iku isih sarining Maruta, kawoworan wiji sarining Tirtakamandhanu sawatara; sarining Srengenge rada kaduk, iku wis kena diarani Trimurti, ananging adon-adone durung satimbang. Kang mangkono iku ing tembe menawa wiji mau bisa dadi kaanane dadine bocah bakal lantip lan darbe nanging rada budi, sedheng, apa dene kadunungan sabar atine, nanging rada amem wicarane.
[ 109 ]
  1. d. Wiji kang rupane ijo mancur maya2 iku tetep adone wiji Trimurti sa (k) - ukur: ilang wujude putih, abang lan ireng, mung mligi salinggane Pramana ya iku kang diarani sajatine rupa, Ing tembe manawa wiji bisa dadi, kaanane dadine bocah bakal ndarbeni budi lilan temen lan narima, utama lan tata-titi teteg ngati ati Apa maneh kadunungan heneng hening awas iling, apa dene tetep mantep tur lantip marang kabudayan.
  2. e. Wiji kang rupa kuning semu suminar, iku isih sarining Trimurti, nanging adon-adone rada kaduk wiji sarining srengenge, apa dene wijine sarining Tirtakamandhanu Kang mangkono iku bakal mahanani kaya adege Trimurti, kang kasebut ing dhuwur mau; kaceke mung ndarbeni cipta wasesa; kang diarani cipta wasesa iku tukuling karsa; pangiyas marang sapepadhane tumindhak.
  3. f. Wiji kang rupa abang abra mblerengi, iku pratandha sarining Srengenge kawoworan sarining Maruta lan sarine Tirtakamandhanu mung sethithik. Kang mangkono iku ing tembe yen wiji mau dadi bocah, bakal mahanani duwe watak landhep budine sarta sugih panggraita, kalawan panas beranan, tur sentosa amisesa nanging yen wis kataman makartine cipta, cepak semining lila legawane.
  4. g. Wiji kang mung wungu warnane, muyek amarkata, iku pratandha sarining Srengenge kawoworan sarine Tirtakamandhanu sethithik kang akeh sarining Maruta. Kang mangkono iku ing tembe yen wiji mau dadi bocah bakal duwe wewatekan drengki angkara murka, sarta cugetan aten, ora ngandelan, culika, durjana tur gedhe kiyase marang sapepadhaning tumitah, apa dene buteng utawa rupak budine, adoh welas asihe, cepak kasusahane. Kang mangkono iku adat ing tembe bakal ndarbeni lara rong prakara. Manawa larane tumanduk ing raga, dadi lara kang ora bisa waras; yen tumanduk ing panon, dadi edan.
  5. h. Wiji kang rupa dadu, dumilah asemu maya2, iku pratandha sarining Srengenge, kawoworan sarining Tirtakamandhanu cukupan, sarining maruta rada kaduk. Kang mangkono iku ing tembe manawa wiji mau dadi bocah, bakal mahanani duwe wewatekan gedhe panjangkane, ngrebda angga tunggine, gedhe ang-
[ 110 ]karane, tipis budi dayane. Kang mangkono iku ing tembe bakal mahanani nduweni lara panas sarta suda ing pandulune.

 Mungguh pencaring wiji kasebut nduwur kalebu ing mangsa sajrone Alam Tirtayaga. Awit isih padha raga cahya kabeh.
Muncaring cahya mau wis ora beda karo urubing Pramana. Mula kena binasakake araga suksma, "sarira Bathara". Dadi ing wektu iku durung ana lara lan pati. durung ndarbeni sedya lan karsa. Mung jumeneng kalawan heninge bae.

VI. WEWAHING KODRAT CAMPURAN

 Ing dhuwur wis katerangake bab ana banyu jalanidhi kang ing saben bengi kataman dayaning adhem, kang satemah kumpul (njendhel) Yen awan kataman hawa panas satemah ajer. Ananging ajere banyu jalanidhi mau anteng kanthi njlantah. Jlantahe lawas2 awujud dadi embag, kang sabanjure dadi lemah, kang tegese lemes. Sarehne embag mau ing saben dina tansah katambahan suwe2 dadi kandel awujud dadi lemah sinartan oleh siliring, angin lan panasing Srengenge, temahan dadi akas.
Ing sajeroning lemah tansah katambahan jelantah.

 Mungguh santosaning lemah mau kadaya saka sari telung prakara, Ya iku sarining Srengenge (panas) sarining banyu lan sarining angin Sari telung prakara iku anggone tumanduk ing lemah salawase.

 Saka panuksmane sari tetelu wekasan mahanani wewujudanya iku thetukulan lan sapepadhane. Bareng lemah mau wis ana thethukulane, banjur diarani bumi, kang tegese: wadah Bareng kaanane bumi saya lawas saya kandel, panusupe sari tetelu mau banjur ora bisa lestari tumeka ing jeroning bumi. Amarga kaanane sari tetelu mau isih kagolong sari kasar, Lire saben kena daya adhem kumpul. Yen kena daya panas ajer
Ajer sari tetelu mau mahanani sari alus kang kawasa tembus ing wis padha bumi, andiyani dadi panguripane thethukulan kang wis pada tumuwuh ana bumi utawa beburon kang wis padha tumitah ana ing kono. [ 111 ]Mungguh kahalusane sari tetelu kang tembus ing sajerone bumi iku mau nganakake jelantah kang banjur campur karo jelan tah kang ana sajrone bumi campuran jelantah mau temahan dadi wujud wolung prakara.

  1. Manik2 sapanunggalane.
  2. Emas.
  3. Salaka.
  4. Timah.
  5. Tembaga.
  6. Wesi.
  7. Uyah.
  8. Walirang.

Mungguh wewujudan wolung prakara mau, ing nalika kataman adhem kumpul. Manawa kataman hawa panas, kawawa metu hawane kanthi oleh campuran saka sari telu saanane. Ananging cecampuran ing hawa wolung prakara mau, sejatine isih kasar. Mula anggone arep njedhul marang Bawana durung bisa. Jalaran kapepetan ing bumi. Hawa wolung prakara mau yen kataman adhem njendhel; yen kataman panas ajer. Ajere hawa mau nganak ake sarining hawa kang alus, kawawa nembus ing bawana, banjur nartani panguripan, iya sing diarani asthagina. Tegese kaanan wolu kang kaanggep urip. Wondene jalantah hawa kang padha keri ana sajrone bumi mau dadi wewujudan limang prakara.

  1. Pulung. Rupane biru semu ijo. Iku pratandha saka cahyane manik-manik (bangsane akik), emas sarta tembaga. Pulung mau ing tembe iya bakal dadi sarana nambahi daya panguripan. Wondene kang den luluti (katiban) pulung, bang sane kang darbe cipta welas asih marang saliring dumadi.
  2. Wahyu. Rupane putih sumirat kuning. Iku saka cahyane manik emas sarta timah utawa salaka. Wahyu mau ing tembe ya bakal kanggo sarana nambahi daya panguripan. Wondene kang diluluti (ketiban) wong teaceping ciptane marang lila legawa,temen lan narima.
  3. Handaru, rupane kuning, kumunir. Iku pratandha saka cahyane manik2emas, wesi, salaka. [ 112 ]Handaru mau ing tembe ya bakal kanggo sarana kanggo nambahi daya panguripan. Wondene kang diluluti wong kang tanceping ciptane kang marang martapa mardi aksama.

4. Teluh braja. Rupane abang sumirat wungu Iku pratandha saka cahyane tembaga, wesi timah lan walirang. Teluk braja mau ing tembe iya bakal kanggo sarana nambahi daya panguripan. Dene kang diluluti wong kang tanceping batine jail muthakil lan mbethithil.

5. Guntur. Rupane wungu sumirat dadu. Iku pratandha saka cah, yane wesi, tembaga uyah lan walirang. Guntur iku ing tembe iya bakal kanggo sarana nambahi daya panguripan. Dene kang den luluti wong kang tanceping ciptane angkara murka. Samono mau dadine kalawan diesthi. Kalakone kudu kinanthenan tapa brata.

Mungguh tumibane pulung, wahyu Isine, terange mengkene:

  1. Tanceping ciptane kang marang welas asih, mangka kinanthenan ing tapa brata, mengkono iku mau, adate tumuli cepak tibaning pulung.
  2. Tanceping ciptane kang marang lila legawa, temen lan narima mangka kinanthenan ing tapa, adate tumuli cepak tibane wahyu.
  3. Tanceping ciptane kang marang mertapa mardi aksama, mangka kinaathenan ing tapa brata : adate tumuli cepak tibane ndaru.
  4. Tanceping ciptane kang marang drengki, srei, jail muthakil mbetitil, mangka kinanthenan ing tapa brata, adate tumuli cepak tibane teluh braja.
  5. Tanceping ciptane kang marang angkara murka kinanthenan ing tapa brata, adate tumuli cepak tibane Guntur.

Mungguh kaaman limang prakara kasebut ing dhuwur, kena diarani darajad kang tegese wadhahing hajat. Dene cethane kaya ing ngisor iki.

  1. Pulung. Pikolehe sinupeketan ing akeh, apa dene linuhurake ing asmane, tur rinaksa ing kasangsarane ing pepadhane tumitah.
  2. Wahyu. Pikolehe linulutan sarta jinurungan dening pepadharing tumitah
[ 113 ]
  1. Handaru Pikolehe kareganan (dihargai) sarta kena keringan dening pepadhane tumitah.
  2. Teluh braja Pikolehe sinengitan dening sapepadhane tumitah, mangkono iku adat cepak ing sangsarane, adoh kabegjane tur cumawis kacilakane.
  3. Guntur. Pikolehe rinuketan marang sapepadhaning tumitah. Kang mengkono iku cepak bilaine tur cumawis bebayane.

 Mungguh kedadeane emas, inten sapepadhane apa dene wahyu sapanunggalane, terange kaya ing ngisor iki.

  1. Emas, kedadean saka kringete rembulan awor bun sumusup ing bumi.
  2. Inten, kedadean saka kringete lintang awor embun sumusup ing bumi.
  3. Manik2 kedadean saka kringete swasana (umun2). awor bun sumusup ing bumi
  4. Wesi, kedadean saka swasana; awor watu sumusup ing bumi.
  5. Timah kedadean saka amun2 awor watu lan lebu sumusup ing bumi.
  6. Walirang, kedadean saka hawa panas sumusup ing bumi.
  7. Uyah, kedadean saka banyu segara kentir sumusup ing wedhi.

 Mungguh rerupan pitung prakara kasebut ing dhuwur, mahanani daya kaalusan cahya kaya ing ngisor iki.

  1. Emas, manik, wesi, salaka dadi Andaru Sapa sing katiban ndaru, kasinungan bisa simpen emas, dadi lan kasugihane.
  2. Inten (manik2), emas, timah lan salaka, dadi wahyu. Sapa kang kaiban wahyu, Kasinungan bisa dadi wong kang mangku pangwasa utawa kasinungan bisa nyimpen barang inten, dadi lan sugihe.
  3. Manik2, emas lan tembaga dadi Pulung Sapa kang katiban pulung, kasinungan disihi wong akeh, bisa dadi paguron, lan linulutan bangsane akik, mirah, jumerut sapepadhane.
  4. Wesi tembaga, timah lan welireng. dadi Teluhbraja. Kang mesthi duwe lara bubrah, upamane kowak sapepadbane. Nanging linulutan bangsane wesi, timah lan tembaga. (Lumrahe pakaryane dadi bangsane pandhe). [ 114 ]5. Welirang, uyah, wesi, tembaga, dadi bledeg.

 Mungguh metune Wahyu lan Teluhbraja iku ing wayah sore antarane jam 19.00 tumeka jam 23.00. Dene Andaru lan Bulung metune ing wayah bangun esuk.
Watara 03.00 tumeka jam 05.00. Tumrap metune bledeg mungsaben ing mangsa udan. Yen wektu udan metune ing wanci bengi utawa bangun euk, ing mangka kawoworan bun upas, njalari bisa nuwuhake lelara kolera.

 Bareng kaanane bumi naltka wis tumuwuh, banjur ingaranan jaman Tirtayoga. Tegese lestarine urip utawa mauripan. Ing mangsa iku isih anuhoni saka pakartine dhewe. sarta lestari anggone lumaku panarimane. [ 115 ]
VII. KAWONTENAN JAMAN TIRTOYOGA

 Ing sajrone jaman Tirtayoga kaanane thethukulan ing bumi wis gumelar warna-warna. Mangkono uga sato-kewane, kutu2 walang ataga wis ana Awit saka rembes jcbusing sari bumi saya ngrebda, mula sari kang dumunung ing Ngarca-pada iku isih kalebu sari kasar Amarga isih akeh tabeting hawa bumi.
Sari kang alus kasar mau manawa kena hawa adhem njendel. Yen kena hawa panas ajer-kanthi, metu uwabe, ya iku sari kang padha muksa ing gegana tumanduk ing Pramana. Dene sari kang kasar isih padha keri ana ing Ngarca-pada.

 Kaanane Pramana terus terusan tansah kataman dening sarining bumi. Lawas2 sarining bumi mau anglimputi kaanane Pramana. Bareng Pramana wis kalimputan ing sarining bumi, dadi tambah antebe. Wasana Pramana tumurun ana samadyaning tawang yaiku ing sangisoring tawang, ing sandhuwuring bumi. Pramana manggon ana kono. Yen kena dayaning panas, kaanane kumringet. Karinget mau diarani "Mani" Mungguh Mani mau saben kena daya adhem njendhel. Ananging saben kena dayane panas, ajer. Lawas2 encer njendhele mani mau ing jaba temahan kumulit, kang diarani Jantung. Jantung mau nalika kena dayane panas, kumringet Kringete suwe2 kuwawa mahanani:

  1. Ati amperu (paru-paru), rupane ijo, kaprenah ing dhadha kiwa ngisor susu iya sanubari.
  2. Ati maknawi, rupane abang tuwa, kaprenah ing dhadha tengen dhuwur susu.
  3. Ati putih (maras), rupane abang enom, kaprenah dhadha tengah ndhuwur susu tengen let 4 nyari.
  4. Ati jantung (wuluag) rupane abang tuwa, kaprenah ing dhadha kang ndhekok ndhuwur.
  5. Ati pengasih rupane abang sap sapan. Kaprenah ing dhadha tengen sangisore susu rada buri.
  6. Ati sir. rupane abang semu kuning. Kaprenah ing dhadha tengen, sangisore susu bener. [ 116 ]
    1. Ati manguni ( thinthil ), rupane putih semu abang, Kaprenah sangisoring susu kiwa buri, gathuk limpa lan paru2.
    2. Ati pusuh ( limpa ), rupane ijo semu abang. Kaprenah ngisor susu kiwa let satebah malang.
    3. Ati jantung, rupaue abang wungu, kaprenah ing dhadha bener kang legok rada ngisor, ya kang kumringet.

    Kajaba kang kapratelakake ing angka 1 tumeka angka 9 ing nduwur uga mahanani anane jerawan, kabeh iya saka jantung kawitane. Wondene kang bareng dumadine jeroan, iya iku banyu2 apa dene cecalone balung2.

    Mungguh cecalone balung iku diarani sungsum. Sungsum iku kedadean saka mani nalika kataman ing pepanas. Bareng tumekane kataman daya adhem temahan njendel mujudake reragangane sarira. Dene kang minangka cocithakane ragangan mau saka serat sorote Pramana.

    Ing wektu iku serat sorote Pramana wis kalimputan ing kaanane sungsum. Serat sorote Pramana bareng wis kalimputan ing sungsum banjur diarani Suksma. Sungsum kang suwe2 kena daya panas lan adhem wekasan dadi akas, temahan kumulit. Mungguh kaanane sungsum ing sadina-dina ora kendhat anggone kejogan saka mani. Ing kono njalari bisa semi, tembusan dadi otot-otot sapanunggalane. Iku kang dadi kekuwatane sarta kencenging kulit sarta daging, lan minangka pikuwatan adon-adon sambungane balung. Samektane ragangan iku kabeh saka Pramana saya tanbah antepe, temahan tumiba ing Ngarcapada. Ana ing Ngacapada sari kang padha mesat menyang gegana nahanani dadi lidhah, kilat kalawindha nglimputi. Pramina banjur pecah. Pepecahane sari temahan pithathit sapanunggalane Sarirane sari kang nglimputi Pramana, babar dadi sarira dhampit, kang tegese dhempet utawa pipit. Bareng kena dayaning panas tumuli kawawa pisah maujud dhewe dhewe agatra lanang lan wadon. Ing kono banjur asesilih aran "Hapsara lan Hapsari". Hapsara kang lanang Hapsari kang wadon. [ 117 ]Bareng sakehing wiji kang padha ditinggal ana ing Alam Samjaruri kadayan panggendenging Pramana temahan tumurun ing ngarcapada manjing ing guwa garbane Hapsara, kang banjus kawawa sarupa karo Pramana. Sawise Pramana kataman dening panuka maning wiji, banjur semi tuwuh kekarepan kang marang cumbana. Mung bae wektu iku patrape sa cumbana tumindake kalawan cipta sasmita.
    Rasaning cipta sasmita mau bisa tumindak ing Pramaning Hapsari kang sabanjure njalari mbobot (meteng) temahan mbabar manungsa sajodo ing sabanjure. Manungsa kang padha tumitah ing jaman iku ragane isih padha alus alus. Anane mengkono jalaran durung kalabetan dening sarining bumi kang kasar sarta durung ana kang nyandhang utawa mangan. Wondene kang minangka dadi sandangane kanggo nglimputi wewadine ya iku urubing cahjane dhewe. Dene kang minangka dadi pangane sarupane sara-sari kang arum-arum gandane. Mula uripe manungsa ing wektu iku durung kena ing lara lan pati, apa maneh ketaman suka lan prihatin. Ing jaman iku diarani jaman Kadewatan, kang tegese kealusan. Awit saben muksa kawawa nggawa ragane dhewe2 Jaman kadewatan iku lawas rong ewu taun. Ing temburg Jawa jaman mau diarani jaman Purwa, kang tegese jaman wiwitan utawa kawitan. Ing tembung Sanskriet diarani "Masidhem". tegese jenjem, utawa jejeg. Manawa ing tembung Arab diarani "alam Makdam". Makdam kang tegese kawitan.

    Manungsa ing jaman Tirtayoga: isih padha anuhoni makartining Pramana Anane mangkono, amarga ponca driya durung kawawa pencar, Anane durung pencar awit sari sarining jagad durung bisa tumular, kagawa cahyane Pramana durung wigar. Dadi empaning karsa iya durung tumangkar Ing jamin Tirtayoga para manungsa isih padha lepas pandulune (isih padha awas), jalaran kalis dening pepadhange Srengenge, utawa terang pamiyarsane tengen) Anane mangkono amarga ora katabetan kumaraning amboning bawana, apa dene padha tetep pamicarane. Awit isih jagad. Sarta landhep ing panggandane kagawa kalis saka ambon anuhoni krenteging ciptane kang sejati. Mungguh kang diarani cipta kang sejati iku kang isih mlingi, durung kawoworan karsa. [ 118 ]
    VII. DUMADOSING MANUNGSA

    Sapungkure jaman Tirtayoga, gumanti jaman kang diarani jaman Dwaparayoga kang tegese jaman kamokalan. Ing sajron jaman mau kasnane bumi saya tambah kandele, lan metune hawa ne bumi sangsaya akeh. Thetukulan. sato2 wis mawarna warna. Ing Jaman iku ragane manungsa utawa kewan-kewan amiwiti kasare, apa dene panca-driya uga wis miwiti pencare. Pencaring pancadriya mau temahan kawawa nuwuhake karsa ing dudu sawantahe. Ing kono tumuli pada thukul ing pepinginane utawa kekarepane. Bareng wis mangkono tumuli kelu pada mangan woh the thukulanebumi, kaya dene pakartine kewan spne Mula ing jaman iku manungsa padha tambah ing kaagalane, temahan nyudak ake kapitunane kang tumrap sudaning kasektene. Saya lawas saya muadhak kekarepane wekasan padha tuwuh akale anggone padha sacumbana kanthi kalawan ragane. Kang mangkono iku ndadekake suruting (sudane) urub mancaring Pramana, sapanunggalane. Ing jaman Dwaparayoga wis ora ana wong mati kang bisa muksa. Yen ana kudu kalawan tapa brata. Apa maneh wis ora ana wong sekti, yen ora kudu gelem kalawan ngengurangi. Ingsareh ning jaman iku wis padha tumindak kang kanthi raga, dadi anggone mencarake wiji iya kudu asarana nggarbini (meteng). Amarga ing jaman iku daya panggendenge ora kawawa anarik wiji manawa ora kalawan heninging atine (ciptane). Wondene mungguh terange kaya ing ngisor iki.

    Saupama ana wong kataman heninging ciptane, kang suwene ora kurangg sapandurat, iku daya panggendenge lagi kawawa narik wiji. Nusupe wiji mau mbarengi nalika lebuning napas, banjur sumesep ing utek rembes marang panon. Kang diarani panon iku banyu sari ya iku sesarining utek, kang mangon ana satelenging manik. Wiji mau ana kono. kawasa sumusup tumeka Pramana, kang kawawa amor sarahsa lan sacahya, utawa sakehe karsa kang mangkono mau adat banjur nuwuhake adrenge sacumbana Adrenge sacumbana mau yen cinegah dadi pacdah. Yen linantur (tinurut) dadi batur. Lire mangkene ; [ 119 ]Sing sapa kasusupan wiji, ing mangka bisa kawawa nanggulangi (nyegah) iku sayekti tambah muncaring pangeksine (awas). Manawa den turuti, kawawa mahanani dadi putra. Terange kaya ing ngisor iki:

    Yen ana wong arep cumbana, mangka metune napase kang banter metu bolongane irung kang kiwa, iku cumithaking wiji manggon ana panon (bayu sari utek kang ana telenging manik) kang tengen, iku bakal nuwuhake wiji lanang. Kosok baline manawa metune napase kang banter metu bolongan irung kang tengen, iku cumitake wiji manggon ana panon kiwa, iku bakal nuwuhake wiji wadon.

    Manawa metune napas padha bantere metune ing bolongan irung kiwa tengen, iku cumithaking wiji ana satengahing panon. Ing kono tembung Jawa tengahing panon iku diarani manon. Ing tembung Arab diarani "Iksan Kamil", kang tegese kumpuling rerembes utawa paguting parembes. Wiji mau bakal mahanani putra wandu, ya iku: ya lanang, ya wadon Mungguh kang mesthi dadi wiji iku kumpule sari tetelu ya iku; sarining Tirtakamandhanu sarining Srengenge lan sarining Angin, kaya kang katerangake ing Dhuwur. Menawa adon2 sari tetelu mau ora ganep, kang mesthi wiji mau ora dadi. Upama dadia ya ora lestari uripe.
    Terange mangkene:

    Manawa sari Tirtakamandhanu karo sarining Srengenge nanging tanpa sari Angin kang mesti ora kaw.wa dumadi dadi manungsa. Kaya mangkono sapiturute.

    Mungguh purwane ana umur dawa lan umur cendhak, iku ora liya mung saka kurang lan luwihe adon adone sari tetelu. Wondene anane putra kembar iku wektu sacumbana kataman heninging Cipta suwene nganti rong pandurat. Nganti kawawa narik wiji loro saka santosa apa dene luwih kuwasa daya panggendenge wiji kang cumithak ana punon kang sisih. Wondene manawa putra, cumithake ana panon kiwa tengen."

    Ing wekdal samanten Ki Wangsadriya kendel anggenipun dogeng lajeng cariyos dihateng Jaka Lelana, tembungipun. [ 120 ]ngGer, dedongengan bab dumadineng agesang kaya cukup dakpugel samene bae. Ya mung lowung kanggo nambahi sesurupanmu. Jaka Lelana ngaturaken sangat gunging panuwunipun, dene Kyai Wangsadriya sampun kepareng maringi dedongengan, ingkang piyambakipun dereng nate mireng utawi manggih ingkang kados makaten. Ing Sarehning Jaka Lelana anggenipun Wonten ing redi Lawu sampun tigang dinten tigang dalu, piyambikipun lajeng nyuwun pamit dhateng Kyai Wangsadriya; badhe mantuk. Kyai Wongsadriya nglilani kànthi paring pepuji, mugi2 lampahipun manggiha raharja. Dene Kyai Wangsadriya kantun anggana.
     Lampahipun Jaka Lelana medal ing margi ingkang dipun langkungi wekdal minggahipun mandhapipun saking ngredi langkung rekaos, amargi kedah ndegeg. Perlunipun saged nahan, sampun ngantos kejlungup. Kosok wangsul kaliyan kala minggahipun. Lampahipun kedah ndungkruk, supados saged rosa panapakipun suku. Sareng sampun dumugi ngandhap terus mantuk boten mampir ing griyanipun Pak Kartasentana ing Tara, KI. Blumbang. Awit miturut kaol kina, bilih tiyang kesah jiarah mekaten, kirang prayogi yen ta wangsulipun ngangge mampir2 mara tamu.
     Cekakipun cariyos Jaka Lelana sampun dumugi ing griya, ing kampung Jayengan Surakarta. Sadumugipun ing griya lajeng sesuci adus kramas, ngiras ngicalaken sayah lan adamel segering badan. Sareng anggenipun ngaso sampun sawatawis dinten, Jaka Lelana kesah malih sumedya sowan gurunipun, nama Kyai Karsa dimeja ing Pantaran. Awit Jaka Lelana kemutar, blih ing sale betipun wulan Sura Kyai Karsadimeja adat ingkang sampun kepareng amedharaken kawruh menapa kemawon dhateng para siswanipun. Lampahipun ing margi boten kocap. Gancaripun carto Jaka Lelana sampun dumugi ing dalemipun gurunipun. Ing ngriku sampun kathah para siswa ingkang sami dhateng perlu badhe nampi petedah2 tumrap kawontenanipun kawruh warni-warni, ingkang tundonipun murih wilujeng ing gesangipun. Sasampunipun para siswa nglempak, ing Wanci lingsir dalu Kyai Karsadimeja kaadhep para siswa wonten ing griya pandhapi, paring piwulang kados ing ngandhap punika. [ 121 ]Menggah manungsa gesang punika wiwit lair saking guwa-garbaning biyung, saben 8 tahun wewatekanipun sontan-santun. Mila lajeng dados kalimah ing akathah, manawi lare sapun umur 8 tahun, ajeng dipun pengeti, sarana wontenipun wilujengan windonan. Dene yen sampun dewasa, saben umur 32 saha umur 64 tahun, dipun wonteni pengetan tumbuk yuswa. Ing atasipun tiyang2 ingkang sami kecekap ing gesangipun pengetan tumbuk yuswa mekaten mawi dipun wonteni jagongan. Ngangge ngulemi sanak sedherek tuwin mitra kawruhipun, kanthi ngawontena ken wilujengan. Cacahipun tumpeng sami kaliyan cacahing tahun umuripun. Namung ingkang ageng cekap satunggal. Sanes2ipun cekap alit-alit.

    Menggah sontan santuning watak wau ing ngriki kula wastani santuning "alam", ingkang ateges santuning pangalaman. Wondene peprincinipun santuning alan kados ing ngandhap punika :

    1. Wiwit jabang bayi dumugi umur 8 taun, punika ngambah alam Rinaja Putra tegesipun watakipun "kemratu-ratu. Liripun pikajenganipun kedah katurut, kedah dipun emong sapikajenganipun, boten kenging dipun sulayani lan dipun canthulani. Lare umur samanten wau lintrahipun dereng mangertos dhateng kabetahan adeging gesangipun ingkang sepuh, ingkang dipunmangertosi namung wonten. Nedha punapa kemawon kedah saged kaleksanan, cepak muringipun, cepak tangisipun.
    2. Wiwit umur 8 taun dumugi l6 taun, ngambah ing alam "Sukakarya" : tegesipun wewatakanipun Sampun ngancik remen dateng pedamelan Liripun asring purun dipunkengken, reresik griya, rerencang wonten pawon, sanajan boten ajeg, mlebet sekolah ingkang ugi kalebet karya (nyambut damel). Wiwit umur 16 taun dumugi umur 24 taun, anganmbah ing alam "suka busana" lan ing alam "suka wanita". Tegesipun wewatakanipun saweg remen2ipun angadi busana, liripun remen mangangge ingkang sarwa sae.
    [ 122 ]Saweg rerembagan kemawon kaliyan kancanipun ingkang nunggil barakan, ingkang karembag inggıh panganggen utawi barang ingkang sae. Utawi rehne saweg amepek berai, estria, jalera limrahipun ingkang karembag inggih bangsanipun raos sengsem. Yen jaler rembagipun tumuju dateng estri, yen estri dhateng jaler. Mekaten ugi bilih ura2 utawi menyanyi, ingkang dipun senengi inggih bangsanipun gandrung2 sasaminipun. Tumrap lare jaler umur samanten wau ing jaman kina limrahipun sami remen pados kawruh bangsanipun pangasihan lan jaya kawijayan.
    1. Wiwit umur 24 taun dumugi 40 taun ngambah ing alam "suka pangreksa". Tegesipun wewatakanipun remen ngreksa dateng kawilujenganipun anak semahipun. Ing jaman kina limrahipun umur 24 taun dumudi 40 taun punika remen pados seserapan bangsanipun jampi2 tuwin saratipun tiyang gegriya, murih manggih wilujeng ing sakukubanipun.
    2. Wiwit umur 40 taun salajengipun ngambah alam "suka pralaya". Tegesipun tiyang umur2an semanten punika remen pados seserepan ingkang magepokan kaliyan kawruh kabatosan Saweg rembagan kemawon ingkang kalimrah inggih babagan kawruh2 kabatosan. Awit saking mekaten pangudinipun dhateng kadonyan limrahipun lajeng kirang rosa (kathah panarimahipun). Katitik mengangge kemawon inggih sampun sami suda kabesusanipun. Lajeng gadhah raos kathah narimahipun. Uger panganggeaipun sampun resik lan pantes, sampun cekap. [ 123 ]
      K. MANUNGGILIPUN KAWULA GUSTI.

     Menggah ingkang kawastanan "manunggalipun kawula Gusti" mekaten langkung rumiyin perlu madosi, pundi ingkang kawastanan "kawula", lan pundi ingkang sinebut "Gusti". Awit saking kawontenan wau, sagedipun nyumerepi, ing riki perlu kapendetaken pepiridan saking dedongenganipun para sepuh. Terangipun kados ing ngandhap punika.
     Ing dedongengan wau katerangaken, bilih kempalipun sari tetiga ingkang kadunungan wahyu panguripan, inggih punika sarining toya, srengenge lan sarining angin (Banyu, Geni, Angin) ingkang lajeng kawastanan "Trimurti", inggih punika gesang, ing tembung Arab kawastanan "Nur"; ing tembung Walandi kawastanan "Ziel" tumrap limrahipun ngakatah kawastanan jiwa", ingkang tegesipun wiji saking kuwasaning sarining hawa tetiga (Trimurti), inggih jiwa wau ingkang kawastanan "Gusti".
     Sareng "Trimurti" manggen wonten alam + Antara", inggih punika manggen ing tengah-tengahing jagad, liripun ing sanginggilipun Bumi, lan sangandhapipun Langit, ing ngriku lajeng kawastanan Tri Purusa". Tegesipun wahyu panguripan ingkang santosa, sampun boten mobah mosik. Saking angsal tambahing serat soroting Srengenge, sarining Toya lan sarining Angin Tri Purusa" kumulit, lajeng awujud sarira (raga) Inggih raga punika ingkang kawastanan "Kawula" Gesangipun raga angsal soroting jiwa, katam bahan saking jawi, inggih punika saking serat soroting sari 4 (sarining Bumi, sarining Geni, sarining Banyu lan sarining Angin), ingkang temahan gesangipun raga sakalangkung rosa, ngawonaken daya gesang saking nglebet, inggih punika saking soroting jiwa. Mila gesangipun jiwa lajeng kabuntel (kaesuk) dening gesangipun raga, njlari gesangipun jiwa kalimputan ing pepeteng.
     Angsal tambahan soroting sari sekawan wau, gesanging raga ajeng pecah dados gesang sekawan ingkang dumunung wonten raga lajeng dados wewatàkan sekawan prekawis, inggih punika: [ 124 ]

    1. Gesanging Aluamah, kedadosan saking sarining Bumi, Wewatekanipun rosa angangsa-angsa angkara murka, angangah-angah kedah mamah.
    2. Gesanging Amara, kedadosan saking sarining Latu (Srengenge). Wewatekanipun: sereng, getapan, brangasan remen utawi gampil muring2.
    3. Gesanging Suffiah, kedadosan saking sarining Toya. Wewatekanipun: penginan, nmelikan, ewan, dahwen.
    4. Gesanging Mutmainah. kedadosan saking sarining Angin. Wewatekanipun: lumuhan, sabar narima, Pikajenganipun namung dhateng kanikmatan.

     Menggah gesanging jiwa lan gesanging raga kawontenanipun sami rebat kuwaos. Saking rosanipun gesanging raga limrahipun ing akatah gesanging jiwa kalindih, inggih punika ketunggangan. Hawit saking rebat kuwaos wau, lajeng seged nyumerepi, pundi ingkang rosa. Manawi ingkang rosa gesanging jiwa, kawontenan adeging gesangipun manungsa katingal ayem, tentrem, seneng, lan boten ngadahi kasamaran dhateng kawontenan ing donya, sampun boten rosaa. Tumrap nyandhang mengangge sanadyan boten samrahipun ngakathah sampun narimah lan sampun remen. Nanging ingkang mekaten wau ing antawisipun gesang bebrayan pinanggihipun inggih kirang prayogi Nama kirang utawi boten rumeksa ing prajanipun. Kosok wangsulipun bilih ingkang langkung rosa gesang ing raga, adeging gesangipun manungsa kawontenanipun namung remen ompak2an. Liripun remen mubra mubru nedha eca, tilem sakeca, nyandhang mengangge sarwa sae Bojo nedha ingkang ayu tur rangkep rangkep, senadyan ingkang dipun angge gesang mubra-mubru wau barang saking anggenipun tumindak ingkang boten prayogi. Upaminipun nggedhor korupsi, mandung. ngapusi lsp. Mekaten punika tumraping ngakathah dipun wastani sampun risak morilipun.

     Awit saking cengkahipun gesang kekalih kasebut ing nginggil lajeng kados pundi sigedipun mbudidaya murih sagedipun manunggilaken, ingkang lajeng saged kawastanan "Manunggiling Kawula Gusti"?. [ 125 ]

    Bab manunggilaken wau kedah adhedasar emut dhateng Ingkang damel Gesang, sinartan ing kawruh lantaran brata. Bokmanawi kenging kangge ular2ing sawatawis, punapa ingkang kawrat ing tembang sinom ing buku "Wedha Tama" kados ing ngandhap punika :

    "Nulada laku utama, kang tumrap wong tanah Jawi, Wong Agung Ngeksi Ganda, Panembahan Senapati. Kepati amarsudi, sudaning hawa lan napsu, (gesang raga) pinesu ing tapa brata, tanapi ing siang ratri, amemangun karya nak tyas ing sasama."

    Wonten malih pambudidaya sagedipun manunggilaken gesang kekalih wau inggih punika kedah katindakaken makaten: Lair (gesanging raga) den udi, liripun nyambut damel murih saged kacekap ing gesangipun. Batin (gesanging jiwa) den perdiliripun kedah kaperdi emutipun dhateng Ingkang Maha Kawasa Gesangipun raga sageda dipun reh, sampun ngantos gadhah tindak ingkang kirang prayogi. Sampun ngantos adamel kapitunanipun sanes/liyan. Manawi saged nindakaken ingkang kados mekaten, bokmenawi gesangipun saged tuwuh seneng, tentrem, boten gadhah kasamaran tur ageng panarimahipun. Kenging kawastanan boten katumpakan dening pakartining napsunipun.

    Menggah wohing tumindak ingkang sampun saged manunggilaken gesanging raga lan jiwa, tumrap srawungipun kaliyan sinten kemawon saged longgar, sakeca tur boten anguciwani. Awit lair batosipun sampun saged jumbuh.

    Ing ngajeng sampun kapratelakaken bilih rosaning gesangipun raga adamel petenging gesangipun jiwa, ingkang satemah tansah damel reribet. Wondene menggah kawontenanipun reribet kados uran2 (tembang) sinom kalih pada paringipun tiyang sepuh kados ing ngandhap punika : [ 126 ]
    1. Karana kaanan donya, mung tansah ngribeti pati, yen den kerem karemana, sarta banget den tresnani, mesthi nemu bilai. Lire kerem iku, kerem marang pra wanita, anggeyot anggrobag sapi, mungguh kerem marang sawarnining tedha.
    2. Dene diarani tresna, marang bandha drajit rabi, anak putu nora beda, iku kabeh angribeti, yen padha angoncati, wekasan agawe kisruh. Lamun banget tresnanira, kang tentu gingsir pinanggih, ora liya mung kang eling lan waspadha.

    {{gap}]Mekaten menggah kawontenaning reribet utawi pepeteng ing gesangipun jiwa yen kawengku ing gesanging raga. Awit gesang ing raga mekaten remen dateng kanikmatan ing donya.

    XI. SAMBATIPUN GESANGING RAGA.

    Ing nginggil sampun katerangaken bilih gesanging raga punika remen sanget dhateng kawontenaning donya. Ananging gandheng kaliyan indhaking umur, ingkang njalari sudaning kekiyatanipun raga, punapa malih damel boten sekeca raosing raga, mahanani gesangipun raga kepeksa asesambat sarta ngudarasa dhateng badanipun piyambak, manawi nggadhadi raos bosen. Wondene pasambat lan pangadarasa gesinging raga kados uran2 tembang sinom kados ing ngandhap punika :

    1. Anane wong ana donya, rasa urip angebosi, baku urip tri pra- kara dhahar sare dateng wingking, lamun gothang sawiji, nora penak raosipun bentayangan luru tamba, supaya, bisaa mari, ewadene isih njaluk umur dawa.
    2. Umur dawa malah lara, sudane piranti diri, netra lan pamireng suda, waja sirna kari gusi. Keju kemeng ndhatengi, rengkeng2 lampahipun, ewadene isih arsa, amengku parawan sunthi, nguja hawa kaya Menggung Wiraguna.
    3. Perlu apa umur dawa, elinga uripmu iki nglakoni ukumanira, durung pundhat dosa neki, dosanira ing nguni, wektu urip kang rumuhun, mula urip nora penak, montang-manting saben ari, saka iku nyuwuna bisa sampurna. [ 127 ]4. Murih bisane sampurna, lakune kang ngati-ati, kang becik kalakuanira, aja siya mring sesami, tumindak welas asih, marang pra titah sadarum aja agendhak sikara, tumindak kang ora becik, angudia kautaman uripira.

    Ing nginggil sampun katerangaken, bilih baku gesanging raga punika angsal daya serat soroting gesangipun jiwa: amila bilih gesanging jiwa ngoncati gesanging raga lajeng tanpadaya, kados uran-uran dhandhang gula kalih pada ing ngandap punika :

    1. Ngendi benjang goningsun ngemasi, ngong wus wikan wisma geng kang kobar, anggereg pangalad alad. Upama ingsung lampus neng sajrone wisma kabesmi, wangkeningsun katiban, ing wreksa kang murub, gumuruh swaraning tangga, ting garubyug anyirep ubaling agni, ingsun ora miyarsa.
    2. Ngendi benjang nggoningsun ngemasi, ngong wis wikan wong nderes kang tiba, kongsi tekang kantakane. Upama ingsun lampus kang lantaran mengkono yekti, wangkeningsun gumlimpang neng jroning nerungkut, gumuruh swaraning janma, rerebutan samya amitulungi, ingsun nora miyarsa.

    Saparipurnaning anggenipun nerargaken pamanggih bab sambutipun gesanging raga, Kyai Karsadimeja lajeng nerangaken bab tumimbal lair. Menggah jiwa ingkang dipun tumimbalaken lair, punika supadosa ngrampungaken pedamelan2 ingkang dereng rampung, rikala gesangipun ingkang rumiyen. Awit saking punika sami kangkaha gagedipun sampurna, sampun ngantos wongsal-wangsul malih.

    Ing tembung sirom ing nginggil nerangaken: "ana donya rasa urip angebosi " Punika jumbuhipun kaliyan sawenehing kawruh kebatosan, bilih gesang punika yen sampun wonten raos gela lan kemba, ing gesangipun, punika mratandani bilih sampun nyelaki bade kukud ing yuswa (tilar donya).

    Kejawi ingkang katerangaken ing nginggil. Kyai Karsadimeja nerangaken malih pamanggih, bilih "karsa" punika dados "kaagunganipun". Pangeran Ingkang Maha Kawasa. [ 128 ]Wontenipun dados ”kagungan” awit Pangeran badhe nitahaken sagunging dumados, wiwitanipun saking ”karsa“ Sasampunipun "karsa", Pangeran lajeng ngawontenaken Rasul (utusan). Ingkang kautus inggih punika Mokhamad, Mila lajeng sinebut “Mokhamad niku dadi utusane Pangeran“ Utusan wau kaparinganngampil kaelokan kaelokan lajeng wasesa ingkang makartinipun masesa kawontenan punapa kemawon. Salajengipun “sampurna“, inggih punika blegering wujudipun dumadi menggahoncek-oncekanipun mendhet saking dumadosipun manungsa panika saking Karsaning Pangeran. Lajeng adamel utusan, ingkang angampil kaelokan2(kalangkungan2 sasaminipun) Menggah dunungipun “karsa “ punika wonten ing sirah. Dene kaelokan dunung pun wonten ing dhadha, kaprenah susu kiwa tengen Lajeng ngewontenaken “wasesa", dumunung ing padharan, kaprenah ing lempeng kiwa. Ingkang tumindak inggih punika ”napsu". Barang wujud punapa kemawon saged klebet, Sasampunipun wasesa lajeng sampurna. Inggih punika sampun jangkep dados baleger wujuding manungsa Awit saking kawontenan wau bilih gadhah gegayuhan tuwin ngudi dhateng kasampurnaning, gesangipun ing lair utawi ing batos, sagedipun manggih kaelokan, kedah saged amasesa ing wasesa, kados ingkang kawrat ing buku Wedha-tama “kang wasesa, winasesa (a-nyulayani hawa napsu).

    Ing sarehning sampun boten wonten ingkang katerangaken malih, Kyai Karsadimeja lajeng cariyos dhateng para siswa ingkang sami ngadhep, bilih pamanggih ing nginggil, leres lepatipun kaborongaken dhateng para siswa. Para siswa lan Jaka Lelana nampi pangandikanipun Kyai Kartadimeja ing nginggil, sakalangkung anggenipun nggatosaken. Gandheng sampun boten wonten ingkang kadhawuhaken, para siswa kalebet Jaka Lelana sami nyuwun pamit, badhe wangsul Kyai Karsadimeja anglilani kanthi njurung pamuji, mugi2 lapahipun ing margi dumugi ing griyanipun piyambak2 sami manggihaken karaharjan.

    Para siswa lan Jaka Lelana lajeng sami bidhal, lampahipun ing margi boten kacriyos


    T A M A T
    [ 129 ]
    KATERANGAN

    Menggah tembang sinom angka 3 ingkang suraosipun: “perlu apa umur dawa, elinga uripmu iki, nglakoni ukumanira, durung pundhat dosa neki, dosanira ing nguni, wektu urip kang rumuhun“.

    Punika terangipun makaten : Gesang ingkang rumiyin punika, miturut kawruh kebatosan, manungsa katitahaken gesang wonten Alam donya manawi pejah, ing mangka jiwanipun boten/dereng saged wangsul ing Alam kamulyan langgeng, inggih ing pangayunaningnPangeran Sejati (sampurna), jiwa wau taksih kedah tumimbal lair malih dhateng Alam donya, Mekaten wau bilih jiwa wau saged nampi pangapuntenipun Gusti Ingkang murbeng gesang.
    Dene yen boten angsal pangapunten, tetep manggen wonten ing alam Kafiruna (Alam panasaran) Wondene umur dawa, punika ing sayektonipun ing atasipun ngelmu kabatosan ateges ukuman dawa, Tembungipun sanes "dipun paringi wektu panjang“, kangge nyekapaken ”kuwajibaning gesangipun“. Ewa semanten ugi kathah ingkang mbungaken "ganjaran" kangge lintunipun tembung ukuman. Upaminipun “saweg ginanjar sakit“, Senajan sakit menika boten sakeca, ewa semanten dipun tampi kados ganjaran saking Gusti ingkang Maha Agung. Pamila ing atasipun ngelmu kasuksman langkung perlu "mati(kang) sampurna", katimbang "umur dawa" awot saking punika prayogi kaudi, supados kita saged pejah kanthi gampil, pinarengan margi pandhang, boten ngangge sekarat (rekaos).

    Wondene umur dawa kaanggep danguning paukuman, punika kula pethikaken dedongengan kalayan cekak, Inggih punika lelam pahanipun sang bisma. Terangipun mekaten.

    Kacurios ing satunggaling dinten Sang Hyang Guru (Bathara Guru) lenggah kaadhep Dewa cacah 9. Ing wekdal wau dewi uma sowan. Dereng ngantos lenggah wonten angin ageng nempuh sariranipun, ngantos pangagemanipun kabur, Ing ngriku dewi uma pinanggih ngliga salira datanpa awer awer (wuda mbalejed). [ 130 ]Dewa 9 nyumerepi kawontenan wau, ingkang 8 lajeng sami ndingkluk. Dados anggenipun nyumerepi namung sadlerengan. Ananging Dewa ingkang satunggal boten ndingkluk, kados patrapipun Dewa-Dewa sanesipun, nanging malah namat-namataken ngantos kados paribasan "Kedhep tesmak" ( = kami tenggenen ). Sang Hyang Guru mirsa kawontenan kados mekaten wau, ndadosaken dukaning panggalih, lajeng dhawuhaken paukuman dhateng Dewi Uma tuwin Dewa cacah 9. Inggih punika sami kaandhapaken dhateng Ngarcapada. Dewa cacah 9 ing tembe dados putranipun Dewi Uma. Dewa ingkang namung sadlerengan anggenipun nyumerepi (pangliga sariranipun Dewi Uma), keparengipun Sang Hyang Guru, Dewa-Dewa wau namung sakedhap wontenipun ing ngaraca pada. Kosok wangsulipun Dewa ingkang ngantos kami tenggengen wontenipun ing Ngarcapada, inggih dangu/lami.

    Kocapi satelasing dhawuhipun Sang Hyang Guru, Dewi Uma tumedhak ing Ngarcapada,anjalma dados putra putrinipun Pandhita linangkung.

    Cithakan:GapmusikSatunggaling dinten Sang Prabu Santanu pepara nitih kuda,rawuh ing padhepokananipun Sang Pandhita, Sang Prabu mirsa ing Padhepokan wonten wanodya ingkang sulistya ing warni adamel kasmaraning penggalih. Sang Prabu lajeng ndangu dhateng Sang Pandhita, sinten ta wanodya wau. Sang Pandhita munjuk bilih wanodya wau putranipun nama Dewi Sulistya Wati. Saking kasiking kasmaran, saking keparengipun Sang Prabu. Dewi Sulistya Wati punika panjalmanipun Dewi Uma. Dene Sang Pandhita Sang Dewi dipun timbali, supados marak ing ngarsanipun Sang Prabu. Sasampunipun marak Sang Dewi kaparingan dhawuh, punapa ingkang dados keparengipun Sang Prabu, Sang Dewi munjuk sandika angestokaken, uger Sang Prabu kersa nuhoni janji, punapa ingkang dipunsuwun dening Sang Dewi. Inggih punika punapa ingkang katindakaken. Sang Prabu boten kenging nyaruwe lan angaru biru kedah namung sak kendel. Sang Prabu nyagahi [ 131 ] Kalampahan Sang Dewi lajeng kapundut dados Prameswari. Anggenipun pala krama piannggih sami sih-sinisihan, atut rukun kados mimi amintuna. Kocapa Sang Prameswari mbobot, lajeng mbabar miyos kakung kanthi wilujeng. Ki jabang sanget pekik ing warni. Sasampunipun dipun rukti ing samestinipun, Ki jabang lajen kabopong dening Sang Prameswari, kacemplungaken ing bengawa. Sang Prabu mirsa tumindhakipun Sang Prameswari ingkang kados mekaten wau namung kendel kemawon. Awit enget dhateng punapa ingkang kajanjekaken dening Sang Prameswari, wekdal badhe kapundhut garwa. Tumindak ingkang kados mekaten wau ngantos rambah kaping 8. Saben Sang Prameswari kagungan putra, putranipun lajeng kacemplungaken ing benawi. Inggih putra 8 wau panjalmanipun Dewa 8, ingkang rikala Dewi Uma ngliga sarira (wuda) wonten ing Kahyangan, anggenipun ningali namung sadlerengan.

     Sareng Sang Prameswari kagungan putra malih, inggih punika mbabar putra ingkang kaping 9, badhe tumindhak kados ingkang sampun, Sang Prabu kapeksa nggondheli, boten kepareng bi lih putra wau kacemplungaken ing benawi kados ingkang sampun-sampun. Cekaking carios Sang Prameswari kaliyan Sang Prabu lajeng padudon rame. Wekasan Sang Prameswari lajeng muksa, badhar dados Dewi Uma, wangsul dhateng Kahyangan. Sampun pundhat saking wasesaning Sang Hyang Guru. Wondene putra angka 9, punika panjalmanipun Dewa ingkang kami tenggengen nyumerepi Dewi Uma inggih punika Sang Resi Bisma, inggih punika ingkang sedanipun ing perang Barata Yuda. [ 132 ]
    GAMBAR DENAH SAWIJINING KRAMEAN SEKATEN ING SURAKARTA MANGGON ING ALUN? LOR.


    KATRANGAN:

    Dl. : Dalan 9. Pajagan Kepaleri.
    O ; Ringin Kurung 10. Toko Wangi2an & Obat2an.
    1 2 : Los Pameran 11. Alat Pemadam Api.
    (Tentoon Stelling) 12. Pejagan Pulisi.
    3. : Gambar Hidup. 13-15 Restoran2.
    4. : Kemd. soreng 16. Kompl Tontonan Cilik cilik
    5. : Ged way. wong. 17. Kompl Warung Makanan.
    6. : Rest Jepang 18. Kompl. Toko toko.
    7. : Kompl Tontonan Cilik2 19. Kompl. Angkringan.
    8. : Kompl. Angkringan. 20. Masjid Gedhe


    [ Pratélaning isi ]

    Angka ISINING BUKU Kaca :
    1. Purwaka 3
    2. Sejarahe kutha Sala 4
    3. Omahe rakyat 5
    4. Diyan 5
    5. Tata tentrem 6
    6. Kaanane rakyat 8
    7. Sandhang panganggo 12
    8. Pangupa jiwa 13
    9. Kasenengane rakyat 15
    10. Tetunggangan lan dalan 19
    11. Tontonan 20
    12. Kramean Sekaten 25
    13. Bab omong²an yen pinuju sanja 32
    14. Kasenengane bocah jejaka 44
    15. Salin tahun 48
    16. Kawontenan ing Kraton Dalem ing Surakarta 66
    17. Bengawan Sala 78
    18. I. Lelana minggah Redi Lawu 90
    19. II. Kawontenanipun Arga Dhalem 94
    20. III. Dumadine Jagad 102
    21. VI. Salebetipun jaman Tirtayoga 105
    22. V. Werdinipun wiji tigang prakawis 108
    23. VI. Wewahing kodrat campuran 110
    24. VII. Kawontenan ing jaman Tirtoyoga 115
    25. VIII Dumadosipun manungsa 118
    26. IX. Santuning alam 121
    27. X. Manunggilipun Kawula Gusti 123
    28. XI. Sambatipun gesanging raga 126
    29. Katerangan 129
    30. Gambar denah 132
    [ Sampul ]
    Toko Buku & Penerbit

    PELAJAR

    JL. DIPONEGORO 20 Telp. 3933 SURAKARTA.






    • Tersedia buku Pelajaran & umum.

    Dapat melayani buku Penerbitan :
    ** KS, SABDA BUDI, TRI MURTI,
    ** SERIBU SATU, INTAN, DLL.






    PENERBIT


    TB PELAJAR

    JL. DIPONEGORO 20


    SOLO