Sewungkus Roti Cilik
[ 12 ]SEWUNGKUS ROTI CILIK Yessi Martha Sari
Awan-awan jam 2, aku lungguh dhewe ing kursi taman cedhak blumbang sekolahku. Sepi banget amarga kabeh bocah lan puru wis padha bali. Aku dhewe durung gelem bali amarga aku lagi kepengen crita karo iwak-iwak ing blumbang sangarepku ngenani gegayuhanku.
“Wak, Iwak, telung sasi kepungkur aku melu tes seleksi kanggo mlebu MIT University. Aku deg-degan banget, je. Satenaneaku pancen duwe angen-angen bisa kuliah ing Amerika wiwit aku SD”. Iwak mung megap- megap wae, kaya-kaya dheweke ngerti apa sing dakcritakake, Sanajan mengkono aku seneng wis bisa ngetokake uneg-uneging atiku. Nalika aku lagingalamun, dumadakan ana wong bengak-bengok.
“Nduk, kowe ketampa! Syukur marang Gusti, lha jebul kowe ketampa!” keprungu swarane guruku Bu Rani saka mburi rada adoh, Aku kaget banget, jebul isih ana wong ing sekolah. Dakkira wis ora ana wong. Nalika krungu swara mau, aku ora mudeng Bu Rani mbengoki sapa. Thingak-thinguk aku ora weruh wong sakliyane aku lan Bu Rani. Jebul Bu Rani mbengoki karo aku, ngabari menawa aku lolos seleksi kanggo beasiswa ing MITUniversity Amerika Serikat.
“Inggih napa, Bu. Ibu mangertos saking pundi?” pitakonku mbalesi saka adoh. “Saka Dinas Pendidikan Kota Wonosari” wangsulane Bu Rani karo mbengok. Aku bungah banget amarga sing dakkarepake bakal kasil. Aku nyedhaki lan ngrangkul Bu Rani kenceng banget.
“Matur nuwun nggih, Bu. Kula syukur sanget marang Gusti Ingkang Maha Kuwaos.”
Nanging ora mung aku sing lolos seleksi, Sutris, Bejo, Suti, lan Bayu uga katut. Aku lan kanca-kancaku diwenehi penghargaan amarga dadi bocah saka kutha Wonosari, kabupaten Gunung Kidul sing bisa dadi mahasiswa ing MIT Amerika Serikat, Banjur aku pamit karo Bu Rani lan kandha karo iwak-iwak, “Wak, aku ketampa wak! Aku arep kuliah menyang Amerika! Wis, ya, aku bali ndhisik.”
Sawise pamit karo iwak-iwak, aku cepet-cepet mlayu bali. Satekane nang omah, aku mlebu karo menggeh-menggeh, “Mbok, simbok!!! Kula ketampi!”
Atiku bungah banget, nanging simbok kang lagi nguleg lombok [ 13 ]NIN
ing pawon malah bingung, “Ana apa ta, Nduk? Bengak-bengok kaya ing alas wae!” Aku pancen ora kandha marang wong tuwaku yen aku melu seleksi telung sasi kepungkur lewat Dinas Pendidikan Pemkot Wonosari. Meneng-meneng aku arep gawe kejutan, aku pancen kepengen wong tuwaku mongkog marang aku. Banjur aku crita yen aku lolos seleksi kuwi. Oranyana, simbokku malah langsung nangis.
“Walah, Nduk. Simbok bungah banget, Nduk. Pungkasane kowe dadi bocah pinter. sesuk mesthi kowenumpak motor mabur, ya!” Ujug-ujug simbok mlayu menyang kebon tela nemoni bapak kang lagi macul.
“Pak, anakmu, Pak!” Bapak mangsuli, “Anakku sing endi?” Simbok dadi menggeh-menggeh saking bungahe.
“Si Genduk arep numpak motor mabur. Arep kuliah ning Amerika.” Bapak langsung kaget, anggone macul mandeg lan ngulatake simbok. “Aku ora duwe dhuwit. Wis, to. Ora sah reka-reka. Kuliah ning Jogja wae yen kepengen kuliah.” wangsulane Bapak.
Aku krungu bapak malah nesu-nesu marang simbokku. Banjur aku kandha, “Mboten, Pak. Kula pikantuk beasiswa saking MIT University Amerika Serikat.” Bapak ujug-ujug nguncalke pacule, mlayu ngrangkul aku karonangis.
“Sing tenan. Ora ngapusi Bapakmu, ta Nduk?” Aku manthuk-manthuk karo mesem. “Kowe arep mlebu fakultas apa, Nduk?” bapak nyuwun pirsa.
“Kedhokteran kemawon, Pak. Kula kepingin dados dhokter supados saged ngobati Bapak kaliyan Simbok menawi masuk angin, he, he,” wangsulanku karongguyu.
Bapak lan simbok uga melu ngguyu. Sawise kuwi, wong tuwaku lan wong tuwane kanca-kancaku kang padha arep menyang MIT, duwe gagasan nganakake syukuran. Kabeh ngadini yen syukurane ngundang bocah-bocah saka Panti Asuhan Kartini. Acarane mangan bareng ing Restoran Sagan, Jogja. Sinambi mangan bebarengan, aku ngobrol karo kanca-kancaku sing arep mangkat barengaku menyang Amerika Serikat.
“Kanca-kanca, padha arep mlebu fakultas apa, ta?” pitakonku. “Aku psikologi wae, aku kepengen dadi psikolog. Nyinauni wong liya kuwi kepenak, Iho,” wangsulane Bayu. [ 14 ]ki
Dheweke pancen wis mantep dadi psikolog. Bakate kuwi wis ketok saka watake, sikape marang aku lan kanca-kanca. Bayu iku sensitif banget, mikir lan tumindak mesthi nganggo pangrasa. Ora tau waton omong utawa ngece kancane, Saliyane kuwi, dheweke duwe kawigaten kang gedhe banget karo sakiwa-tengene. Beda maneh karo Bejolan Suti.
“Lha kowe apa Sut?” pitakonku marang Suti. “Aku padha karo Bejo, njupuk fisika,” ujare Suti. Bocah loro kuwi ketampa ing fakultas fisika.
“Tris, sliramu apa?” Bayu takon marang Sutris. “Teknologi Informatika,” wangsulane sutris cekak banget. Dheweke ora seneng kumpul-kumpul, luwih seneng dhewekan. Sawise mangan bareng aku lan kanca-kancaku bali. Aku sakanca uga nyepakake paspor lan barang-barang kang prelu digawa sasi ngarep.
Saiki wektune mangkat sawise ngenteni sesasi. Aku sakanca wis tekan bandara Adi Sucipta jam pitu esuk, nanging montor mabure mangkat jam wolu seprapat. Wong tuwaku lan wong tuwane kanca-kancaku padha ngobrol. Aku sakanca uga padha omong-omong ing cedhak loket sinambi ngangkati barang sing arep dilebokake bagasi montor mabur.
“Surasane, aku sing paling pinter ing kene, amarga aku paling wasis fisika. Fisika kuwi angel lan mung bocah pinter wae kang bisa,” ujare Bejo. “Yo jelas, ta. Contone uga aku iki, Iho,” umuke Suti. Aku ora gelem kalah, banjuraku melu omong,
“Apa iya, Kowe padha ngerti ora yen gajine dhokter kuwi gedhe banget. Lha kuwi pratandha yen dadi dhokter iku luwih angel tinimbang dadi fisikawan. Dhokter uga akeh pengabdiane tinimbang fisikawan.”
Bayu banjur menehi panemune, “Yen miturut panemuku, kabeh kuwi duwe paedah lan karugiane,” Aku nyaut maneh, “Ya ora, ta. Dadi dhokter kuwi ora ana kerugiyane, Akeh banget mampangate. Dadi fisikawan kuwi lagi akeh rugine. Mung mbuwang-mbuwang wektu kanggo mikir sing abot-abot.”
Bayu ngandharake alesane, “Ora Nduk. Dhokter kuwi mengko arang duwe wektu karo kulawargane dhewe. Tanggung wangsulane uga gedhe banget.” Sutris ora gelem komentar, Bocah kuwi mung meneng wae. Buneg ngrungokake wong padha sulaya. Dheweke banjur lunga mlaku- mlaku cedhak kaca ruang tunggu nyawang, montor mabur kang lagi landing lan take off. Saking nggumune, nganthi mripate ora kedep lan cangkeme menga jembar kaya trowongan. [ 15 ]“Tris, bayem mingkem, Tris! Kelebon laler lho mengko!” aku ngelingake Sutris. Bejo banjur marani aku lan Sutris. “Heh, padha ngerti ora ngapa montormabur sirahe digawe kaya mangkono?” pitakone Bejo.
“Lhaembuh. Pancen kaya mangkono bentuke,” wangsulanku. “Lha kuwi yen wong ora ngerti fisika. Pitakonan kaya mangkono wae ora ngerti. Bodho!” Bejo ngeceaku.
Saka mburiku, Suti njujug mangsuli, “Sirahe montor mabur digawerada lancip kanggo mbelah angin yen lagi mabur lan nyuda tekanan angin saka ngarep,” wangsulane Suti. Suti lan Bejo banjur omong sajak umuk,” Ngene iki wong pinter fisika!”
Aku lan Sutris dadi jengkel marang bocah loro kuwi. Jeleh omongan karo Bejo lan Suti, aku mlaku marani Bapak lan Simbok kang lagi lungguhning kursi tunggu.
“Pak, Mbok, nyuwun donga pangestu nggih, supados kula pikantuk sukses dados dhokter. Mangke kula sowan tilik Bapak kaliyan Simbok menawi prei. Bapak kaliyan Simbok ngersakke oleh-oleh menapa saking Amerika?” Krungu pitakonku, bapak lan simbok malah nangis banter banget nganti wong-wong ing ruang tunggu padha ngulatake.
“Welingku, kowe aja kaya mbakyumu, ya. Aja dadi bocah mbeling yen adoh saka wong tuwa. Kowe kudu bisa ngopeni awakmu dhewe,” pesene Bapak. Bapak ngendika kaya mangkono kuwi jalaran mbakyuku adol narkoba sawektu nyambut gawe ing Batam. Bapakku ora gelem yen aku dadi kaya mbakyuku sing saiki ndekem ning penjara.
“Mengko yen kowe ana apa-apa, telpon Pakde Tole, ya. Aja lali. Ngati-ati ing kana, aja sembrono ya, Nduk!” Simbok ngelingake aku.
Sawetara wektu aku krungu wara-wara menawa montor mabur Garuda tumuju Jakarta, sing arep daktumpaki, wis teka. Aku pancen kudu transit menyang Jakarta dhisik amarga ora ana montor mabur saka Jogja kangujug-ujug mabur menyang Amerika.
“Inggih, Pak, Mbok. Kula bidhal rumiyin, nggih. Montor maburipun sampun dhateng.”
Krungu aku pamit, Bapak karo Simbok nangis saya banter kaya ora ngeklasake aku lunga. Suwi-suwi aku dadi trenyuh lan mbayangake yen urip adoh saka Bapak lan Simbok. Aku uga melu nangis ing sajroning ati, nanging aku tetep kudu mangkat. Aku kuliah supaya dadi dhokter uga [ 16 ]kanggo nyenengake wong tuwaku. Aku ora pelem yen wong tuwaku nduweni rasa keduwung, Sinambi mengo nyawang Bapak lan Simbok, aku mlaku alon tumuju lawang kang nyambungake ruang tunggu lan lapangan lepas-landas. Sawise tekan lawang aku nglambehake tangan marang Bapak lan Simbok. Wusanane, aku lan kanca-kancaku bisa ndemok montor mabur tenanan.
“Wah, jebul montor mabur kuwi gedhe banget, ya,” rerasanku sajroning ati. Aku sakanca banjur mlebu montor mabur kuwi.
“Weleh-weleh, kaya mangkene iki ta njerone montor mabur. Apik banget.” Grenenge Bayu. Suti nyauti banter, “Wooo, lha wong ndesa, ora tau numpak montor mabur.”
Bayu ngrasa isin banget karo wong-wong ing njero montor mabur kuwi. Dheweke uga lara ati jalaran Suti ngarani dheweke “wong ndesa”. Sawise nyelehake tas cilik ing bagasi nduwur, kabeh wong padha lungguh ing kursine dhewe-dhewe manut nomer kursi sing wis kacathet ing tiket. Aku lungguh ing antarane Suti lan Bayu. Dene Sutris lan Bejo lungguh ing mburiku. Sawise mapan lungguh, sawijining pramugari nerangake tata carane nganggo sabuk pengaman, pelampung, lan alat bantu pernapasan yen tekanan kabin mudhun.
Bayu ora nggathekake, malah ngomong wae karo Suti, “Sut, kowe kok omongane kaya mangkono, ta. Atos banget. Aku ya isin, nganthi wong sakmontor mabur krungu.” Suti ora ngrewes, malah nyawang njaba. Dhewekeuga ora gelem njaluk ngapura.
“Iya, Sut. Kowe kuwi, lho, Mbok aja kebangeten kaya mangkono mau. Ora becik,” aku mbelani Bayu, “Walah, kaya ngono wae kok bingung. Ora susah isin, Pancen kowe kuwi wong ndesa, ta. Aku omong kayata saktenane, ta!” wangsulane Suti,
“Iya kuwi Bayu sensitif banget, kaya mangkono ndadak dipikir tenanan. Pancen sanyatane kowe kuwi ndesa, Ora kaya aku, sanajan saka ndesa, aku wis kaping lima numpak montor mabur,” Bejo umuk banget,
Wah, kahananedadi ora kepenak. Aku sakanca padha ributdhewe, kajaba Sutris. Dheweke mung meneng, ora menehi komentar, Aku ngerti yen sakjane Sutris anyel banget marang aku sakanca.
“Tris, cangkemmu kok delehake endi, ta? Ilang, pa?” ujare Bejo karo ngguyu cekakakan. ”Jo, kowe ora ngerti, pa, yen Sutris kuwi ora duwe cangkem? Hahaha..... Dheweke kuwi patung mlaku!” ujare Suti madep Bejo ngeceSutris kang meneng wae. [ 17 ]Sawektu Suti lan Bejo ngguyu cekakakan, montor mabure ujug- ujug oleng lan lampune mati. Aku weruh swiwi kiwane montor mabur tugel separo. Kabeh wong ing montor mabur padha bengak-bengok keweden. Aku uga bingung, nanging aku kelingan apa sing diparagakake karo pramugari mau. Langsung aku njupuk parasut lan pelampung ing ngisor kursiku.
“Kanca-kanca! Ayo jupuk parasut ing ngisor kursimu dhewe- dhewe!” Saking kewedene, nganthi padha ora bisa nganggo parasute. Aku nyoba tetep kalem ora wedi sinambi ndonga ing sajroning ati, “Duh, Gusti, paringana keslametan dhumateng sedaya penumpang, amin.”
Ndilalah parasutku suwek. Aku gelo banget, “Waduh Gusti, kenging menapa kula kedah wangsul samenika.” Sajroning kabingunganku, ana sawijining penumpang kang wis sepuh kang lungguh ing ngarepku ngulungake parasite.
“Jupuka parasit iki. Aku pengin mati ing kene wae. Kana gek metu!”
Akubingung kok priyayi sepuh iiki malah ora pengen slamet.
“Lha simbah, pripun?” pitakonku karo bingung. “Aku wis tuwa. Yen mati ora apa-apa. Bojo lan anakku uga wis ora ana. Kowe isih enom. Eman-eman yen mati. Mengko yen kowe wis slamet aja gelut karo kanca- kancamu meneh ya! Sing akur.” welinge simbah sinambi ngulungi parasite.
Aku mikir yen simbah iki mesthi ngrungokake pasulayanku sakanca mau. Cepet-cepet aku nampa parasut kuwi, “Matur nuwun nggih, Mbah. Mugi-mugi Simbah mlebetsuwarga.”
Aku mlayu menyang pintu darurat sisih tengen. Siji-siji wong padha mlumpat saka montor mabur. Sakwektu aku arep mlumpat, aku nyawang simbah kuwi malah mesem marang aku lan nglambehake tangane. Babar pisan ora ana rasa wedi utawa kuwatir mati ing pasuryane.
Beja, aku slamet tekan lemah.
“Gusti, paringana berkah dhumateng simbah kala wau ingkang nulungi kula.” dongaku karo mbrebes mili.
Aku bingung kudu tumuju menyang endi. Ora ana wong, sepi banget. Aku uga ora ngerti aku ana ing endi. Aku ngadeg lan mlaku alon- alon nurut kali. Ora adoh aku mlaku, keprungu swara wong nangis. Kanthi rasa wedi, aku ora wani nyedhaki swara kuwi, nanging aku kepengin ngerti sapa sing nangis ing tengah alas iki. Daksawang saka adoh, jebule Bejo sing, lagi nangis. [ 18 ]“Wis ayo mlaku, rasah nangis, awake dhewe kudu bisa metu saka alas iki.” Aku ngajak Bejo mlaku bareng, Nanging Bejo malah tetep nangis, ora gelem ngadeg. Suwi-suwi aku anyel marang dheweke, “Manja banget, ta. Bocah gembeng.”
Akulangsung mlayu marani Bejo, “Jo, ayo mlaku!” Bejo mung gedheg-gedheg karo ndungkluk. Dakdheleng jebul sikile Bejo sowek amba banget metu getihe, Cepet-cepet aku nyowek klambiku, dakubet-ubetkeing sikile Bejo.
“Ngapura ya, Jo. Aku ora ngerti yen jebul sikilmu lara.” “Nduk, kowe mlaku wae dhewean, kowe kudu slamet, ora sah kuwatir marang aku.” Bejo ngongkon aku sinambi menehi aku roti saka sak klambine.
“Iki roti kanggo sangu kowe ing dalan, tinggalen aku.” aku rumangsa menawa Bejo kuwi bocah sing apikan banget. “Ora, aku bakal ngancani kowe, ngobati sikilmu nganti mari. Mengkop awake dhewe mlaku bareng metu saka alas iki.” Bejo mung meneng wae karo nyawang aku. Rong dina aku urip karo Bejo, “Jo, iki rotimu, Kowe kudu mangan ben cepet mari.” Aku ngongkon Bejo.
“Orasah, aku ora ngelih. Kanggo kowe wae, Nduk. Aku ora gelem kowelara.”
Lagi pisan iki Bejo duwe kawigaten karo aku. Gelem ngalah lan ora egpis kaya biyasane. Nanging aku ora tegel karo Bejo, aku uga ora gelem yen Bejo tambah lara. Banjur aku duwe ide,”Ya wis, rotine dipara loro ya, separo kanggo aku, separo kanggo kowe.”Bejo manthuk-manthuk karo mesem. “Ya, kuwi luwihapik.”
Pas lagi dakpangan, aku ora nyangka yen jebul roti cilik rega limang atus kuwi dadi krasa enak banget ing ilatku. Luwih enak rasane tinimbang yen mangan dhewe. Roti kuwi sing marai aku lan Bejo bisa akur, kamangka kuwi mung roti murah rega limangatusan, Sawise sikile Bejorada mari, aku lan Bejo nerusake njajah alas. Ing dalan aku lan Bejo bisa akur banget, tulung-tinulung ing saben rekasa sing awake dhewe adhepi, mlaku bareng, nyabrang kali uga bareng, Malah bisa gojeg lan crita bab sing marai ngguyu.
“Nduk, ngapuranen aku, ya. Aku kerep marai kowenesu lan anyel marang aku.” Aku ngerti rasane bisa rukun karo mungsuhku. Wong sing kerep gelut karo aku. Embuh ngapa aku betah urip ing alas iki karo Bejo, sanajan biyasane aku crah karo Bejo. [ 19 ]Ora adoh anggone mlaku, aku lan Bejo ketemu karo helikopter tim SAR. Aku ngawe-awe lan ditulungi. Banjur aku sakloron digawa menyang omah sakit kanggo pengobatan. Syukur marang Gusti, wusanane aku lan Bejo bisa slamet lan dikirim langsung menyang MIT University Amerika Serikat karo Presiden RI.
Aku lan sakabehing wong ora ngerti nasibe korban liyane. Bangke montor mabure uga ora ditemokake. Mung aku lan bejo sing kecathet slamet. Muga-muga kanca-kancaku uga slamet lan aku nyaguhi ora bakal crah meneh marang kanca-kancaku. Urip rukun kuwi gawe urip luwih kepenak.
Yessy Martha Sari, siswa SMA3, PADMANABA, Jalan Yos Sudarso 7, Yogyakarta.
Telepon (0274) 512856
Lair 9 Maret 1991. Alamat omah Badran ST 1/ 774, Yogyakarta. Telepon 081806836485.
Hobi: renang, maca, main game.