Panjurung

[ 139 ]SUMPRIT Sulistyanto

“Kur iikur Kur

Mangkono Sutoto ngundang saperangan pitik sing durung gelem mlebu kandhang. Sawise sagenggem gabah disebar ing njero kandhang, pitik-pitik mau banjur padha mlebu. Padha rebutan notholi gabah. Sing wis mapan uga pingin melu rebutan, dadi pating bleber.

“Hemm ... kaya rebutan barang jarahan wae, tik-pitik, ” Sutoto ngomong dhewe.

Ora let suwe sawise nutup lawang kandhang, dumadakan Mini, adhi ponakan, mlayu-mlayu nyedhaki, Sajak wigati banget.

“Kang To, oleh layang!”

Oya, sapa sing ngeterke, Dhik, Pak Dhukuh pa?”

“Mas Mono kok mau ,..”?

Durung rampung anggone omong, Mini kaget merga Lesmono, kangmase, sing lagi olahraga sore wis ana tengene. Sinambi ngobah- Obahake tangan lan sikil, Mono ngomong,

“Mau udakara jam sepuluh, kancamu mrene lan nitip layang iku, delengen rak ora ana perangkone, ta?”

Sutoto selak kepingin banget ngerteni isine layang iku. Mulane sawise Mini lan Mono ngedoh, amplop banjur disuwek pinggire lan dluwang salembar ing njerone banjur dilolos. Dheg ...dheg ,..sirr! Apa isining layang?

Pranyata saka Sanggar Embun Bening. Isine layang yaiku undhangan murih dina Minggu, tanggal 28 Oktober, jam 8 teka ing sekretariat sanggar saperlu latihan teater. Putra mbarepe Pakdhe Jaya iki dadi malah katon bingung. Merga telung dina sadurunge oleh undhangan saka Balai Penelitian Bahasa murih melu upacara pengetan dina Sumpah Pemuda banjur diterusake “dhiskusi? babagan sastra Jawa. Pokoke saka dina, tanggal, lan wektune, persis pleg.

“Wadhuh ....kok ya bareng-bareng, ta?” Sutoto nggrundel sinambi

mlaku lan mlebu omah. Dheweke dadi kurang. sumringah, ora liya mikirake 2 acara

139 [ 140 ]kasebut. Sing endi sing kudu dipilih. Durung bisa kejawab. Ing kursi tamu, layang iku dibaleni diwaca. Tetep gawe bingung.

“Ahh ... luwehlah, pikir sesuk ...,” banjur ngglethak ing kursi dawa.

Koran sing ana ing meja diranggeh, ning ora diwaca. Malah, mung dienggo nutupi raine. Merga ana rasa lungkrah utawa kesel m ora let suwe bisa turu nglegeses. ringng ... kriing ...!” ka kamare Sutiti, adhine, gawe kaget. Sutoto age- Ndelengjam ing kamar tamunuduhake jam 04.00. henguk menthengik ing kursi. Apa sing dipikirake






“Krrring .. Jam weke agemelek lan ngol Banjur njenggelek



mutusake, kudu milih salah siji .. kayane nge i Penelitian Bahasa, Muga pilihanku diridani dening Gusti Sing Kuasa... Amiin.”

Sawise ngucap mangkono kanthi dibatin, Sutoto ngadeg lan tumuju ing sumur. Ora lali wudhu, banjur mlebu ing kamar “pribadhine”. Kanthi khusyuk zikir, ndonga, lan salat sunat Istikharah, Bubar iku, tekade tansaya bunder kepleng, ora liya milih melu upacara mengeti dina Sumpah Pemuda lan “dhiskusi” ing Balai Penelitian Bahasa.

“Utawa maneh, undhangane uga dhisik saka Balai Penelitian Bahasa kok. Sanadyan mangkono aku kudu menehi kabar marang Mas Gareng, pimpinan Sanggar Embun Bening ... Akh, mengko mampir telpon.”

Kanggo mujudake rencana utawa angen-angen iku Sutoto menyang gasik alias mruput. Udakara jam 07.00 wis tekan Wartel Punakawan. Wartel sing dadi langganane iku pas sepi. Tinjung, sing pas njaga langsung aruh-aruh.

“Ee... Mas Toto, mangga langsung wae, mumpung sela!”

“Siip, Njung....” wangsulane Toto karo ngguyu sumringah, banjur mlebu kamar tilpon. Age-age ngangkat gagang tilpon mencet nomer, Jan wis nyambung.

“Hallo, Mas Gareng?”

“Hallo, iya bener. Iki seka sapa, ya?”

“Sutoto, Mas...”

140 [ 141 ]“He ...e, priye, To?”

“E ...e, ngene Mas, dina iki aku pamit ora bisa melu latihan teater 1. merga ana acara liya sing ora kalah penting.”

j “Acara apa?”

“Ngene Mas, dina iki aku kudu nekani undhangan saka Balai Penelitian Bahasa, yaiku melu upacara kanggo mengeti dina Sumpah Pemuda lan dhiskusi babagan sastra Jawa.”

“Acara kuwi, tenanan ora ngapusi?”

“Tenan, Mas!”

“Wani sumpah?”

“Lha mbok sumprit!”

“Ha..ha..haa..kok sumprit, ta, To?”

“Lho... kok malah ngguyu, Mas?”

“Lha, iya tembungmu lucu, je. Lambemu kok bisa ngucap sumprit iki mau kepriye?”

“Oh...iku wis saradan, Mas, Aku seneng tembung sumprit kok, Mas, Sing cetha yen mengko ana wektu aku mesthi niliki latian, Mas.”

“Sumprit?...”

“Sumprit, Mas!”

“Ha..haa..haa, Okel!, To tak ajeni anggonmu gelem pamit lan ngomong jujur, Wis ngono wae? Pokoke yen bisa, teka.”

“Nggih, matur nuwun, Mas.”

Sawise iku Sutoto nggendring tumuju Balai Penelitian Bahasa. Ing ndalan rumangsa luwih seneng utawa ana rasa plong merga wis menehi kabar marang Sanggar Embun. Katambah maneh Mas Gareng minangka pimpinan ora nesu. Malah ana geguyon sing banget ora dinyana, yaiku tembung “sumprit'. I. 5

Ing Balai Penelitian Bahasa, Sutoto melu acara mbaka siji kanthi tertib lan seneng. Ora ana sing nguciwani. Kabeh penguruse ramah- tamah. Kacipta rasa “asah-asih-asuh”, Nyenengake.

Udakara jam 12.00, acara ing Balai Bahasa wis rampung. Sutoto banjur “tancep gas” tumuju omahe Mas Gareng, Ing ndalan tansah diincoki pitakon, bubar-durung. Sing dijaluk latihan durung bubar.

Tekan ing ngarepan omahe Mas Gareng, kendharaane kanca- kanca tumata tharik-tharik. Sawise cucul jaket banjur mlayu mlebu, tumuju

141 [ 142 ]papan latihan. Ndilalah ing kamar tamu ketemu Emi, adhine Mas gareng, sing lagi ngolak-alik utawa nata koran.

“Ekh ..halo Emi, rampung durung ya latihane?”

“Durung Mas, lagi wae padha ngaso, kok,” wangsulane Erni.

Sutoto terus nerusake playu tumuju ruangan mburi, papan latihan. Tenan, latihan durung rampung. Kanca-kanca lagi padha ngaso katitik padha ngadhep gelas sing dikancani panganan.

“E..Sumprit...teka!” sawijining kanca mbengok nalika Sutoto mlebu ing papan latihan.

Kabeh padha ngguyu, lan akeh sing ngucapake “Sumprit- sumprit..sumprit ...!” kaya “vokal grup” nyanyi.

Cemplon mlayu nyedhaki, kaya pemain sinetron wae, ngomong mangkene “Kanjeng Sumprit, sugeng rawuh, sumangga lenggahe.”

“Oh, njih nimas Cemplon, matur nuwun.”

Kabeh padha ngguyu gayeng maneh. Kalebu Sutoto dhewe, melu ngguyu, sanadyan durung mudheng guyonan mau. Alias, ing waliking guyune kebak pitakon. Dheweke banjur thenguk-thenguk nyedhaki Mas Gareng sing tujune lenggah ing pinggir dhewe.

“Ing dina Sumpah Pemuda iki kowe oleh parapan anyar, To.”

“Lha, kok bisa, Mas?”

“Merga anggonmu sumprat-sumprit nalika tilpon mau esuk, dakcritakake marang kanca-kanca. Aku ora ngira kanca-kanca banjur padha kompak, sarujuk marapi kowe Sumprit.”

Sutoto mung bisa nyengir.

Sumprit.

142