Tresna Apa Kanca?

Murkane Ibu

[ 81 ]Tresna Apa Kanca?

Rohanna Desy Kurniawati SMA Negeri 2 Wates, Kulonprogo

kd

doh saka ramene kutha, ing pelosok desa Pawuhan ana bocah

lu kang padha kekancan. Bocah telu iku Nia, Rina, lan Maman.

Bocah telu iku wis kekancan sawetara suwe. Wiwit cilik tekan saiki,

SMA. Sajroning kekancan Maman lanang dhewe. Bocah telu iku ang- gone kekancan diwujudake kanthi sinau bareng,

“Man, piye? Mengko sinau bareng, ya!” panjalukke Nia.

“Tya, sesuk ana ulangan Matematika ta?” Rina mbenerake.

“Ya, tak usahakke. Bubar Magrib piye?” wangsulane Maman.

“Beres pokoke,”

Bengiiki Nia, Rina, lan Maman sinau bareng neng omahe Ma- man. Bocah telu iku pahe sinau Matematika.

“Man, piye rumuse nomer telu iki?” pitakone Rina sinambi ngathungke buku Matematika ing sak ngarepe Maman.

“Mengko dhisik! Aku lagi SMS karo kancaku.” wangsulane Ma- man sakarepe dhewe.

“Mbokmengko anggonmu SMS! Kenesinau dhisik!” pangajake Nia.

“Sik ta, mbok ya sing sabar!” Maman lekas nesu.

“Yauwis kana SMS sak senengmu. Menawa sesuk kowe ora iso ulangan matematika, siap- siap her wae” kandhane Rina kanthi rai abang pratandha dheweke uga nesu.

“Ora apa- apa her. Dudu urusanmu!” wangsulane Maman.

“Ya, yen ngono aku karo Rina mulih dhisik.” kandhane Nia.

Rina karo Nia banjur bali. Bocah telu iku ora sida sinau. Ing dalan bocah wadon loro kuwi padha grundelan.

> “Murkane Ibu” ee 81 [ 82 ]“Anaapa ta karo Maman? Kok saiki dadi beda?” pitakone Rina

“Embuh, aku ya ora ngerti. Yen dipikir, mbiyen Maman kuwi bocah paling sregep menawa awake dhewe sinau bareng. Nanging ngapa saiki dadi kaya ngono?” grundelane Rina.

“Ah embuh! Dakbali dhisik ya!” kandhane Rina.

Esuke Maman ora mangkat sekolah. Jarene guru piket, Maman lagi lara. Krungu kabar mangkono, Nia lan Rina age-age kepengin menyang omahe Maman.

“Rin, mengko bubar Isyak menyang omahe Maman piye?” Ya, aku isa.” epriye yen mengko sisan menehke tugas dina iki kanggo Maman?” usule Nia.

“Ya, apik iku.”

Bengine bocah loro kuwi padha menyang omahe Maman. “Kula nuwun, Bu!”

“Nggih mangga! Oalah, Dhik Rina lan Dhik Nia ta. Kene mlebu kene, lungguh.” pajalukke ibune Maman kanthi sumeh.

“Nggih, Bu. Matur nuwun, Maman wonten, Bu?” pitakone Nia.

“Lho, Maman kilunga awitjam siji mau. Sampeyan ora padha ngerti Maman lunga menyang ngendi?”

“Mboten, Bu. Menawi mboten klentu, Maman wau mboten mlebet sek....”

“O, nggih sampun, Bu. Kula lan Rina wangsul rumiyin.” kan- dhane Nia medhot gunemane Rina karo ibune Maman.

“Ya, nagputen lho Nduk.”

“Nggih, mboten menapa-menapa kok, Bu.” kandhade Rina

Ingati, Nia akeh pitakon. Apa bener kandhane guru piketme- nawa Maman iku lara. Gek-gek Maman ngapusi. Kasunyatan bengi iki Maman ora ana ingngomah. Nanging, Nia mbuang pikiran-pikir- an kang negatifiku. Nia duwe pangarepmuga-mugaMaman olehe lunga mbengi amarga pancen dheweke uwis waras. Rada ayem. Nanging,

“Ni...,Nia, pawakan gedhe kae Maman dudu? “ pitakone Rina.

“Endi?” Nia genti takon.

“O0, kae! Maman? Lho, kok jejer karo bocah wadon?”

“Aku ora ngerti. Ayo diceraki wae!” panjaluke Rina

“Ya!”

Rina karo Nia mlaku saya cedhak nanggone lungguhe Maman. Bengi iki, bengi kang endah. Mbulane bunder kempleng pratandha

  1. 4

4


82 > Antologi Crita Cekak ee [ 83 ]wulan purnama. Bintang- bingtang uga padha ngancani wulan nyu- nari bumi. Nanging sawise weruh temenan sapa kang lungguh ing taman iku. Kaya-kaya bledheg nyamber. Gludhug-gludhug padha nyuara. Bener. Bocah lanang kang lungguh ing taman iku Maman. Sing luwih ngiris ati Maman lungguh jejer bocah wadon. Oramung kuwi, Maman jebulane nganggo sragam SMA. Dheg. Jantunge Rina lan Nia kaya arep copot. Kasunyatan Maman ngapusi. Maman nga- pusi ibune, gurune, lan kancane.

“Man, kowe, kowe kok ngganggo sragam. Karo bocah wadon maneh” kandhane Rina khanti ati kuciwa.

Maman isih meneng,

“Man, ngomong Man!” panjaluke Nia

“Man, sakjane aku tresna marang sliramu. Naging kowe uwis ngiris atiku ing kadadean iki,” batine Rina.

Luhe Rina netes. Rina ora nyana yen Maman sing ditresnani uwis duwe pacar.

“Man, jebulane sing ngganggu awake dhewe sinau kuwi ta?” kandhaneNia karo nudhingi bocah wadon kang lungguh jejer Maman.

“Uwis Ni, rasah ngganggu Maman maneh,” panjalukke Rina.

“Oraisa Rin, sewelas taun kekancan pedhot ning ndalan merga iki?” Nia lekas nesu.

“Nanging...”

“Uwis Rin. Kowe rila yen kekancan iki pedhot?”

“Ora...” Rina lekas nangis.

“Man! Ngomong!” panjaluke Nia.

“Man, menawa kowe ngerti. Saktemene aku tresna marang sliramu. Nanging aku ngupasliramu mbuang rasa iki. Kowe ngerti ora? Aku emoh yen kekancan sing endah iki rusak. Nanging apa ? Malah kowe dhewe sing ngrusak?” Rina lekas ngomongke rasa ing atine marang Maman.

“Ha, bener kuwi Rin ?” pitakone Nia ora percaya.

“Hooh....” Rina ndhungkluk.

“Rin, Nia. Pancen iki pacarku, Susi.” Maman lekas omong,

O....” wangsule Nia

“Rin, aku ora ngira yen sliramu tresna marang sliraku. Aku ndhisik uga tau tresna marang sliramu. Nanging iku uwis telung taun kepungkur. Saiki aku uwis duwe Susi,” kandhane Maman.

> “Murkane Ibu” ee 833 [ 84 ]Atine Rina uwis pecah. Ora ngira yen Maman bakal ngomong kaya ngono. Rina tambah nangis. Nia ngrangkul Rina.

“Uwis Rin, rasah nangisi bocah kaya Maman. Raurus Maman kuwi.” Nia muntab.

“Aku..., Ak....” kandhane Maman

“Aku ngapa? Kowe arep ngomong yen kowe getun? Ora isa!” Nia tambah muntab.

“Nanging..., aku ning arep nja....” Maman nyoba arep ngo- mong.

“Meneng Man!”

Uwis, Nia. Ayo bali wae. Uwis wengi.” Rina ngajak bali Nia nyambi isih nangis.

“ Mengko Rin. Aku arep ngrampungke perkara iki! Ni, aku dakngomong dhisik.” panjaluke Maman Rasah! Saiki kowe kudu milih tresna apa kanca? Tresna ma- rang Susi apa kanca marang aku lan Rina?” kandhane Nia.

“Aku ora isa mutuske.” udu isa!”

Ya, neng kene aku milih, kanca. Naging awit saiki Susi melu ing kekancan iki. Piye? Adil ta?”

“Apa kowe isa njaga kelakuanmu marang Susi sajroning meng- ko kekancan?” pitakone Rina.

“Dakusahakke!” wangsulane Maman.

Rina, Nia, lan Susi padha mesem. Bocah wadon telu iku per- caya keputusane Maman kuwi sing paling adil. Rina ngusap luhe. Awitsaiki kecipta kekancan kang anyar antarane Nia, Rina, Maman, lan ditambah Susi.

7

7

7


KA

Rohanna Desy Kurniawati, lair rikala tanggal 25 Desem- ber 1992, ing Kulon Progo, sekolah ing SMA Negeri 2 Wates, Bendungan, Wates, Kulon Progo, telepone 773055, agamane Islam, omahe ana ing Botokan, Jatirejo, Len- dah, Kulon Progo, HP-ne 08812487044, senenge olah raga lan nari, uga nduweni prestasi Juara | Senam Tk. Propinsi, Juara M Nari Tk. Propinsi, Juara || Pidato basa Jawa Tk. Kabupaten, lan Juara ||| Karawitan Tk. Kabupaten.

84 = Antologi Crata Cekak ee.