Sandhal Goreng

[ 41 ]Tuma Kathok

Annisa Cahyanti

TI

Adhiku lanang sing paling cilik dhewe lagi rewel-rewele. Umure isih rong taun, nanging wis bisa ngecipris. Esuk kuwi, ibuku lagirepot ngumbahi dadi ora duwe wektu longgar kanggo momong adhiku.

“Ndhuk, tulung adhine dineng-nengi. Ibu lagi ewuh, ki. Ga- weyane isih pating klarah,” bengoke ibuku sinambi.

np

Krungu panjaluke ibuku, aku banjur gregah tangi. “Nggih, Bu. Tak neng-nengane,” wangsulanku sinambi

nyedhaki adhiku.

"n

cantil

7

akal


anter. “Ndak mau ndak mau...mau entok bob-entok bob,” panja- luke adhiku karo mimbik-mimbik rewel lan manja banget. Dhe- eg-dheleg aku, bingung nuruti apa pepinginane adhiku. Ru- mangsaku adhiku njaluk dinyanyekake menthok-menthok. Ban- jurgage aku nyanyi, “Menthok-menthok tak kandani mung laku- mu anggg....

“Ucup... .ucup....ucup diyem adhikku sayaaaang sing paling paling manis.”

Mengkono aku bola-bali ngudang adhiku.

“Kenapa kok nangis terus mau permen...eh eh .. atau mau bacain cerita Upin Ipin, mau.” Krungu wangsulanku mau tangisane adhiku malah saya

4

Durung rampung anggonku nyanyi, tangisane adhiku tam-

ah sero. Atiku rasane buneg tenan, mangkel nanging ora tega


weruh dheweke nangis.

me A1 [ 42 ]

“Untung mung ndhuwe adhi siji. Nek genep papat walah dadi ra waras aku,” batinku nang jero ati. Saya suwe tangisane samsaya kaya gludhug mecahake sepine omah.

“Sreeekkk....srekkkk....sreekkkkk,” swara sandale ibuku.

Ibuku banjur marani lan takon, “Iseh nangis terus nopo Nduk.”

“mjih, Bu. Lha adhik niku jaluk entoook-bob entokkk-bob sampun kulo tambangke menthok-menthok ning tangisane tam- ah sero,” wangsulanku karo rada jengkel.

“Owalahhh, Ndhuk. Adhimu kuwi jaluk ndhelok Sponge Bob ora njaluk dinyanyekke menthok-menthok,” wangsulane ibuku aro nguyu.

Aku saiki lagi mudheng kenapa adhiku nangis. Nalika cilik esenenganku karo adhiku iki beda. Aku mesthi nangis njaluk ditukokake buku crita. Wektu kuwi sing paling tak senengi crita Sincan. Menawa ditukokake buku crita Sincan senengku ora ja- mak. Kon milih dolanan apa buku crita mesti milih buku crita, eda karo bocah jaman saiki sing senenge mung nonton TV.

Saben-saben ditukokake buku crita, aku bungah lan buku ku- witak waca bola-bali, tak gawa nang ngendi wae aku lunga. Wek- tukuwiaku duwe sedulur kang jail banget jenenge Panjul. Bocahe manja. Apa-apa panjaluke kudu dituruti karo wong tuwane. Se- dulurku kuwi senengane dolan ning omahku. Sing paling njeng- kelake, dheweke mesthi ngrusak barang apa wae kang mentas dicekel lan dianggo dolanan. Mula aku bingung kepriye ngaman- ake barang-barang dolananku menawa bocah kuwi teka. Do- lanankusok tak seleh neng kamar mandi, nanging tetep ora aman, tak seleh neng kamar saya gampang dikonangi. Judheg banget lan bingung menawa bocah kuwi dolan neng omahku.

Durung rampung anggonku ngangen-angen, eh...keprungu swara wong nothok lawang.

“Thokkk.. thokkkk....thookkk....thokkk.”

Jebule budheku lan putrane, Panjul. Sakal pikiranku dari bi- ngung. Sing ana pengangenku piye carane aku nyelametake buku



ma 42 mo [ 43 ]

critaku sing anyar iki saka pangganggune Panjul. Bingung lendhe- likake bukuku, banjur tak lebokake ning njero kathokku banjur lingguh anteng lannguya-nguyu mesam-mesem manggakake bu- dheku. “Koyo wong ra genep,” batinku. Ibuku, budheku, Panjul abeh padha lungguh ana ing meja mangan lan geguyon. Lha, aku mung isa ndelengake wae saka kadohan ora wani nyedhak amarga wedi keconangan dening Panjul menawa aku ndhelikake buku crita ing njero kathokku. Aku mung isa dhelengake karo ke- thap-kethip. Rasane keju temenan lingguh terus tur ya piye me- nawa aku ngadhek. Bukune mesthi mbrojol tiba terus konangan Panjul lan dirusak. Tak tahan-tahan sinambi ngampet ngelih lan ngampet pipis. Ibuku nimbali aku supaya melu ngumpul sameja makan, nanging aku tetep ora obah saka palungguhanku. Wah, ancen cilaka tenan iki.



Lagi nengahi padha dhararing meja makan, dumadakan ke- prunguswara SUWUWUTTTIT. .... ,SUWUUUUTTTITIT. . ..,SUTMTTNTANANNTTNNNT banjur kabeh do teles. Aku njenggirat. Jebul aku ngompol. “Wa- dhuh, Biyung,” batinku karo kisinan banget. Jebule anggonku ngampet nguyuh mau wis ora bisa tak tahan maneh. Iki gara- gara aku mung pingin ngamanake bukuku sapa Panjul si bocah nakal kuwi.

Ngongangi aku ngompol, sanalika Panjul mbengok alok, TM Pangan a WÈT YI Yasa sa WENGI Yan ra dedepol...dedepolll...... dedepol cah gedhengompol haaaangom- pol ngompol dedepol.” “Aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaana....


<,” aku mbengok saken- cengku. Isin, isin, isin tenan aku dikonangi wong akeh. Aku banjur nangis ngguguk. Wis isin ditambah buku crita sing tak dhelikake dadi teles kebes tur pueeeeesing ambune.

Sawise ibuku lan budheku mangerteni dhodhok selehe per- kara kenapa aku wiwitmau meneng wae ora gelem nyedhak, ban- jurmaklum lan mesem sajake ngrasa geli. Aku dicedhaki ibu lan arep dituntun menyang WC. Nanging aku mung mbegegeg ora gelem menyat seko panggonanku. Wusanane aku rada digeret


me 43 [ 44 ]

dening ibuku. Walah kathokku wis ora rupa kathok lan buku ceritaku wes kebes lan ambune puesing ora karuwan. Mula wiwit kedadeyan kuwi tekan saiki parabanku “tuma kathok”. Menawa kelingan pengalaman kuwi saiki, aku mung ngguyu lan isin.

me A4