Bathang

Panjurung

[ 7 ]BATHANG Kuswandi Kertarahardja

Watara seminggu Pak Karso bingung kepriye carane supaya kewan sing jenenge tikus kuwi ora tansah ngganggu omahe. Saben wayah, ora awan utawa bengi, tikus-tikus mau gawe mangkel atine Pak Karso. Wis coba ta, pitik kuthuk kang cacahe sepuluh kok bisa mati kabeh. Kuwi mau ora liya mung dipangan tikus. Malah ana tikus wirog sing gedhe banget. Gedhene meh matikel loro karo marmut,

Pak Karso saya mangkel meneh anggere nyimpen lawuh mesthi ilang. Kalah dhisik karo tikus. Ya ana tempe, gereh, iwak pitik goreng, endhog dadar, lan lawuh liyane.

Cekak aos Pak Karso kepingin tikus-tikus mau ora ngganggu maneh. Awan bengi ora tansah nyolong pangan. Pokoke tikus mau kudu mati. Empuh kepriye carane. Mula saiki Pak Karso mbat-mbatan karo bojone.

“Kepriye mBokne, dipasangi jepretan wae, pa?” pitakone Pak Karso sinambi nglinthing rokok klembak menyan, mBok Karso sing lagi nyusur mangsuli kanthi sareh, “Lha, mbok ben ta? Wong tikus golek pangan kok dipateni.”

“Kowe ki, edan apa gendheng? Aku kuwi omong tenan, ora dolanan. Lha, kok le wangsulan manut udele dhewe!” celathune Pak Karso rada anyel.

“Bok ben urip. Lha wong tikus sing gaweyane nyolong wae ora mung ana njeron omah. Galo, Pak Lurahe dhewe saiki ya sugih. Kuwi ya merga Pak Lurah dadi tikus. Gaweyane ngrikiti!” celathune mBok Karso ngeyel.

“Lha, kok malah nglantur tekan Pak Lurah, kuwi nalare gek priye?”

“Ora dhong ya wis ta, Pak!”

Pak Karso meneng sedhela. Dheweke nggagas omongane bojone. Pancen, Pak Lurah saiki sugih banget. Pak Karso wis tau krungu yen dhuwit bandes, pajak, lan dhuwit kas desa jarene dipangan lurahe kabeh. Yen manut kabar sriwang-sriwing, Pak Lurah korupsi. Malah tau ana

7 [ 8 ]polisi sing teka neng omahe Pak Lurah. Ananging tekan saiki, babagan sriwang-sriwing mau ora ana kabar sateruse. Pak Lurah isih tetep ngantor kaya adate. Pak Carik, Pak Dhukuh, lan pamong liyane biasa-biasa wae. Sajak kaya durung tau ana kadadeyan apa-apa.

Ora let suwe Pak Karso menyat saka amben. Dheweke lunga klepat. Sawise mbako mlebu slepen, Pak Karso enggal lunga. Dheweke mangkel merga bojone mrekitik nalika diajak rembugan.

“Menyang endi, Pak Ne?” pitakone mBok Karso sawise nyopot mbako susur saka lambene. |

“Lunga! Tuku jepretan tikus!”

“Oh, ... edan, diajak ngomong malah klepat!” guneme mBOK Karso ana njeron ati.

sekak

Saiki Pak Karso katon lega. Dheweke bakal bisa mateni tikus. Sing dituku dudu jepretan, nanging endrin. Nalika tengah wengi, racun mau ditlesepake ana njeron pangan supayane tikus sing bakal mangan mesthi mati. Embuh kapan tekaning pati, Pokoke kudu mati. Dheweke jengkel tenan karo sing jenenge tikus.

Saiki klakon tenan ora ana meneh tikus sing kluyuran. BOk menawa padha wedi yen saiki Pak Karso masang racun. Mula tikus- tikus sirg isih urip ora wani mara meneh, Dheweke protes lan unjuk rasa kanthi mogok mangan. Tikus-tikus mau padha susah, melu bela sungkawa awit kancane wis ana sing mati. Malah nganti bosok dirubung singgat Jan laler. Ambune nggambreng setengah mati. Pak Karso bingung enggoné nggoleki ana ngendi bathang mau,

Pirang-pirang dina Pak Karso lan mBok Karso nggoleki bathang tikus. Ndhuwur lemari, ndhuwur gentheng, ngisor amben digoleki ya 0ra ana. Malah saiki Pak Karso diuring-uring bojone.

“Sokur, salahe sapa kewan urip kok dipateni?” celathune mBok Karso ngenyek sajak sengkring yen dipagas.

“Kepriye?” Pak Karso mripate mendelik. Bojone, ora sida kena dhamprat utawa dipisuhi, Mangka saben dinane misah-misuh yan atine Pak Karso lagi jengkel. Kabeh jeneng kewan metu saka lisane. |

8 [ 9 ]Ora let suwe bathang tikus sing ambune nggambreng wis ketemu. Jebulane ana ndhuwur pyan plastik. Saiki Pak Karso enggal njupuk andha sing diselehake ana mburi omah. Kanthi rada abot sethithik, Pak Karso manggul dhewe andha mau. Abot entheng ora perduli, sing penting bathang wis ketok. Cetha wela-wela. Senadyan ambune kaya mengkono, Pak Karso nekad arep njupuk lan mbuwang bathang mau, merga pirang-pirang dina iki anggere mangan arep luntak awit gandane bathang tikus.

Andha kasil dipasang, disendhekake saka. Sawise tekan ndhuwur, Pak Karso gujengan usuk utawa blandar, Kethawil-kethawil. Tangane ora tekan ngranggeh. Pak Karso maju sethithik, tangane ganti cekelan usuk. Saiki tangan sijine ngranggeh bathang mau nganggo uthik. Kethawil- kethawil, bathang tikus durung bisa dijupuk. Tangan sijine ndredheg. Ucul anggone gocekan usuk.

“mBokne ...!!!” bengoke Pak Karso.

Brug! Pak Karso tiba. Pyan plastik jebol. Usuk sing dienggo gujengan jebulane wis gapuk. Saiki tugel. Pak Karso tiba nyekakar. Bathang uga wis kasil dijupuk. Ambegane Pak Karso menggeh-menggeh. Seseg banget.

Ngerti bojone tiba, mBok Karso mbengok tulung-tulung. Tangga teparo padha teka. Gemrudug. Kabeh padha kepingin nulungi Pak Karso. Ana sing golek banyu putih, ana sing njupuk obat merah, gawe kopi panas lan uba rampe liyane. Pak Bari cepet-cepet golek taksi sawise didhawuhi Pak RT.

Tangga teparo padha bingung, mBok Karso nangis ngguguk. Pak Karso ora gelem diombeni. Dayane lemes. Pucet banget. Getihe isih dleweran. Ana sing metu saka irung, saka sirah, lan ana sing metu saka kuping.

Marto pijet sing gawene mijeti nyoba mijeti sakabehing awak, nanging durung ana bedane. Pak Karso isih meneng wae. Ambegane saya rekasa. Kempas-kempis.

Keprungu swarane mobil, Pak RT banjur ngungak saka lawang. Mobil taksi wis teka. Pak Bari cepet-cepet mudhun saka taksi.

“mBokne ...!”” celathune Pak Karso alon banget. Keprungu dheweke diundang, mBok Karso enggal nyedhak.

“Priye, Pakne! Gawa menyang rumah sakit, ya?” pitakone mBok

9 [ 10 ]Karso karo ngelap getihe sing temempel ana pipi.

“Aku ... aku ...!”

“Nyebut, Pakne! Nyebut ...!” welinge mBok Karso.

“Allah ...! Allah ...! Allah .,.!”

Mripate Pak Karso merem rapet. Ambegane wis pedhot. Swarane tangis banjur pating cruwet,

“Taksinipun sampun dumugi, Pak RT!” celathune Pak Bari ana ngarep lawang, ora adoh saka lungguhe Pak RT,

“Wis ora bisa ditulungi, Ri!”

“Kepripun, Pak RT?”

“Wis, saiki kenthong wae!”

Kenthong dawa kaping pindho wis katabuh, mertandhani yen dina iki ana lelayu. Omahe Pak Karso kebak wong. Bathang tikus sing njalari matine Pak Karso banjur dibuwang ana mburi omah. Dipendhem jero.

“Kae tikuse!” kandhane Pak Bari nalika weruh tikus telu padha oyak-oyakan. Ciyat-ciyet! Tikus-tikus padha mbungahi senadyan tikus sijine wis dadi bathang.