By
[ 64 ]BY Lathifa Parayuha
Esuk iki katon endah, langite biru lan megane katon lamat-lamat. Srengengene semburat jingga, sajak isin arep pamer njalari swasana dadi adhem-ayem. Mangkono uga ing pasar Beringharjo. Ing pasar iku wisrame banget kebak wong. Ana kang lagi blanja, nawakke dagangane supaya cepet payu, rerasanan, lan liya-liyane. Pokoke sawenehe wong lan dagangan tumplek blek ing pasar mau. Ujug-ujug, swasana mau rusak amarga ana
kangalok.
Wong-wong padha noleh banjur ngoyak copet mau. Korbane sawijinging Ibu kang lagi blanja lan nyangking tas blanjan.
“Woiii.... Ana copet!”
“Endi copet!”
“Kae mlayu banter banget!! Ayorewangi nyekel.”
“wooo...awas kowe copet!“Ora let suwe, copete kecekel. Buk, bak, buk. Mangkono swarane wong-wong kang nggebugi copetmau.
“Ampun, Pak! Adududuh.... Kula kapok!” “Ampunampun! Nek wis kecekel lagi ampun-ampun!” “Tak lapurkepolisi kowe!”
“Ampun, Pak. Hwadoooh... Ampun dilaporke polisi!” “Kepenaken kowe!”
“Wis rasah kakehan cincong ayo padha digawa menyang kantor polisi!!!” Nguing... Nguing... Nguing... keprungu swara sirene polisi.
“Wonten menapa niki, Pak? Kok rame banget? Lha tiyang nika kenging napa, kok babak bundhas? Ketoke aku kenal?” pitakone salah sijining bapak polisi kang duwejeneng Widodo.
“Menika ,Pak. Nem-neman menika ingkang wau nyopet Ibu ingkang nembe blanja.” “Sampun samenika bapak-bapak padha bubar mawaon. Copete dados urusan kula.” Mangkono. Wong-wong sing ndelok
padha bubar. [ 65 ]“Pak pak! Kula badhe nyuwunpirsa, Ibu kang kecopetan wau, samenika wonten pundi nggih?” pitakone Pak Widodo karo nyandhet salah sijining wong ing pasar mau.
“Oowonten mrika pak. Wonten menapa nggih?”
“Ibu wau kedah nderek dateng kantor polisi maringi kaseksen kanggelaporan.”
“Oomangga kula dherekaken.”
“Maturnuwun, Pak.”
Banjur Pak Widodo lan kanca-kanca didherekake sagwijining bapak kang nganggo topi ijo nggoleki Ibu kang kecopetan mau. Rada suwe anggone ngoleki mubeng pasar amarga ibu mau wis mlaku blanja maneh, Wusanane ketemu.
“Nyuwun sewu, Bu. Kula lan kanca-kanca saking kepolisian. Ibu kula suwun nderek dateng kantor polisi paring kaseksen kanggelaporan.” Ibu mau katon banget yen wedi lan bingung, amarga isih shock bubar kecopetan. Sajake pak Polisi mau ngerti yen Ibu mau wedi.
“Mboten napa-napa, Bu. Ibu mboten ditahan, Ibu namung perlu paring kesaksian ing kantor polisi. Ibu-Ibu mau manthuk-manthuk, tanda ngerti.
Sawise menehi kaseksen, Ibu mau metu saka kantor polisi. Ibu mau umure kira-kira 45 taun, asmane Bu Rini. Bu Rini isih katon pucet nanging wis ora kaya mau. Sajake Bu Rini isih wedi aja-aja ana sing arep nyopet meneh, ketok saka carane ndeleng dalan ing sakiwa-tengene, Tas blanja lan dompete digegem kenceng.
Copet mau wusanane ditahan ing kantor polisi, dheweke wis ora suwala maneh amarga ana kaseksen saka Bu Rini. Copet mau duwe inisial By, umure 19 taun, lan wis suwe dadi buron polisi amarga bola-bali nyopet. Asiling nyopet mesthi dienggo ngombe minuman keras. By digiring menyang kantor polisi Pusa.tdhewekediadili lan ditahan sangang sasi lawase.
Ora krasa sangang sasi wis lumaku. Sawijining dina ing Malioboro anabis kota liwat.
“Minal... minal... terminal mas? Sik sik. . .!!! yo!” Ana nom-noman sing lagi wae munggah. Dheweke bingung, [ 66 ]thingak-thinguk golek panggon kanggo lungguh. “Mas-mas!!! kene lenggah kene!” Ana sawijining Ibu njawil pundhake lan nawani palungguhan ing jejere. Nom-noman mau banjur lungguh. Sawise lungguh sauntara, dheweke krasa menawa ibu ing jejere tansah ngematke dheweke. Nom- noman mau banjur mengo. Ibu mau tetep ngematke dheweke karo ngeling- eling kaya tau ketemu nanging embuh ing ngendi.
“Ibu!”
Nom-noman mau kaget banget basan kelingan sapa sing ngematke lan nawani dheweke lungguh. Jebul Bu Rini. Sawise terwaca lan kelingan marang kedadeyan sangang sasi kepungkur. Nom-noman mau banjur matur marang ibu ing sandhinge.
“Bu, kula nyuwun pangapunten. Rumiyin kula nate nyopet Ibu. Samenika kula khilaf. Kula sampun janji mboten mbaleni malih. Ku kula sampun tobat.”
“Oalah...kowe to mas?” Bu Rini banjur kelingan kedadeyan sangang sasi kepungkur ing Pasar Beringharjo.”Kenging menapa, Bu?” pitakonenom-noman mau kaget.” Aku ora nyana ketemu wong sing mbiyen tau nyopet aku lan saiki lengguh ing jejerku, beda banget. Kowe wis dadi waong alim. Rasane kaya ngimpi. Dadi tanganku dak jiwit supaya aku yakin ora mung ngimpi. Jebul aku ora ngimpi. Iki nyata.. Alhamdulillah. Banjur kepriye critane?” “Sapajenengmu, Mas?” Kula Bayu, Bu.”
Durung rampung pitakonane Bu Rini marang Bayu, keprungu swara kenek bis sing bengok-bengok.
“Lapangan, lapangan, persiapan lapangan!” “Pak lapangan! Nika tulung gawane.” Swarane Bu Rini karo gage ngadheg.Sinambi mlaku, Bu Rini ngajak Bayu karo nggandheng tangane.
“Mas Bayu, ayo mampir!” “Ning Bu, kula...” “Wisrapapa ayo mampir nang omahku!”
Tangane Bayu mau ditarik karo Bu Rini. Wong loro banjur mudhun. Bayu nggawakke blanjane blanjane Bu Rini. [ 67 ]“Kuwi omahku, wis ketok, ora adoh to?” Basan wis tekan ngarep omah, Bu Rini ngajak Bayu mlebu.” Ayo mlebu. Ora usah isin, dienggo wae sandale.
Bu Rini banjur nglebokake blanjane ing pawon. Ora let suwe metu maneh karo nggawa wedang.
“Iki wedange diunjuk, lan panganane uga di dhahar.”
“Duwenemung iki. Oleh-oleh saka Bandung.
“Inggih, Bu.”
“Maturnuwun, Bu. Kula malah ngrepoti.”
“Ora papa. Santai wae. Ayo peuyeum-e dicoba. Iki enak, rasah isin- isin. "Sawise ngombe lan mangan saanane, Bu Rini banjur nakoni lelakone Bayu sajroning sangang sasi.
“Piye critane, kowe bisa dadi kaya ngene? Aku dadi kepingin ngerti.” pitakone Bu Rini. “Wis ora papa. Aku wis ngapurani kowe. Aku percaya kowe wis tobat lan ora bakal mbaleni maneh, Ha'a ta?” “Inggih, Bu. Matur nuwun. Ing penjara kula dipun panggenaken setunggal sel kaliyan Pak Karmo.”Bu Rini kaya kaget krungu jeneng Pak Karmo. Nanging rasa kuwi bisa disimpen neng atine.
“Pak Karmo menika mlebet penjara amargi dipun wastani korupsi arta 2 milyar ing perusahaanipun. Nanging estunipun Pak Karmo mboten nate korupsi. Pak Karmo namung dipun jebak kaliyan kancanipun. Emanipun, Pak Karmo mboten gadhah bukti kangge mbela dhiri.”
“Pak Karmo menika ingkang ngajari kula sholat. Tiyang ingkang nyadaraken kula saking margi ingkang sasar. Pak Karmo menika sregep ngibadah. sepisanan kula rumaos risi ningali Pak Karmo sholat lan maos GDuran.”
“Miturut kula, sholat lan maos Ouran menika namung mbrebeki. Mboten wonten ginanipun. Mboten saged nulungi kula medal saking penjara. Mboten saged nulungi kula nalika rumiyin kula nandang kesisahan, pas kula lan kelwuarga kula kathah kabetahan, pas kula gadhah masalah. Nanging, Pak Karmo lajeng njlentrehaken menapa ginanipun sholatutawi ndonga marang Gusti Allah,”
“Nate kula ningali Pak Karmo dipun tuweni kaliyan sinten kula mboten ngertos. Pas wangsul Pak Karmo kaya duka. Lajeng Pak Karmo [ 68 ]sholat sanajan dede wekdalipun sholat. Bibar sholat, Pak Karmo ketingal langkung tentrem manahipun. Kula kaget. Kula mboten nyana menawi sholat menika manfaatipun ageng sanget. Nanging wekdal menika kula tetep kukuh, kula gengsi menawi kedah ngalmpahi sholat.”
“Pak Karmo tetep kukuh ngajak kula sholat lan ngaji, nanging kula ugi tetep kukuh mboten purun, mboten onten ginanipun lan namung mbucal wekdal. Bayu leren sedela, ngombe wedangesing disuguh Bu Rini.
“Pak Karmo ngendika menawi awakipun piyambak dhewe gadhah kekajengan kedah onten prosesipun, mboten saged ujug-ujug kaleksanan. Sejatosipun menika caranipun Gusti Allah nguji kesabaran manah kita. Mepana awakipun piyambak tetep eling marang Gusti Allah utawi malah tambah tebih.”
“Pak Karmo kathah sanget maringi kula pitutur. “Mula ngandhani, kowe saiki tobata, nyuwun pangapura marang Gusti Allah, nyuwun diparingi gampang, nyuwun diparingi sabar. Lan kowe janji aja mbaleni maneh kesalahanmu sing mbiyen tau mbok lakoni.”
“Aku ora meksa, aku seneng yen kowe gelem sadar. Ibadah kuwi kudu ana niyat kang becik, manteb, lan uga kudu amarga kesadaran ora amarga dakpeksa utawa sapa sing meksa. Tugasku mung nyadarke kowe, cah enom. Uripmu isih dhawa, ora becik yen kowe gawe ala kaya ngana wingi.”
“Sabanjure, aku njaluk ngapura yen aku duwesalah. Yen aku kerep ngejak-ngejak kowe, kamangka kowe wis mangkel. Tak dongake kowe cepet bebas. Muga-muga buku kuwi bisa nulungi kowe. Cepeta tobat, yo Le. Ojo lali marang wong tuwa iki. Muga-muga awake dhewe bisa ketemu maneh ing wektu kang luwih apik. Ojo gampang pupus atimu. Ojo lali donga. Saiki wis wektuku kanggo bebas. Paukumanku wis rampung. Sesuk esukaku arep metu saka pakunjaran iki. Wis yo, assalamualaikum.”
“Sepisanan kula remen sampun mboten wonten ingkang ngganggu kula ngajak-ngajak sholat. Nanging kula kasepen, kula kangen kaliyan swantenipun Pak Karmo. Lajeng kula nyobi mbikak buku paringan saking Pak Karmo. Sepisanan kula males, ukaranipun angel banget. Nanging kula tetep nyobi. Kula sampun mboten tahan ing nglebet pakunjaran. Kula kepingin bebas. [ 69 ]Wusananipun kula saged apal donga-donganipun. Kula nyobi, sepisanan namung sholat maghrib, lajeng mboten, teras tambah-tambah. Wusana kula saged sholat5 wektu.”
“Kula sadar mboten wonten ingkang siya-siya. Bibar menika urusan kula mlampah kanthi gampil. Kula bebas. Kula dipun taweni pedamelan ing penjara, dados uztad. Nanging mboten kula tampi, kula risi, kula dereng cekap ilmunipun. Pihak penjara inggih maklum. Kula mboten nyana estu-setu diparingi margi ingkang gangsar.”Bu Rini manthuk- manthuk. Mung meneng wae. Sajak ana sing dipikirke. Teka-teka Bu Rini nangis. Bayu kaget, ana apa kok ngerti-ngerti Bu Rini nangis.
“Bu, wonten menapa kok muwun? Kula nyuwun ngapunten menawi kula damel salah kaliyan Ibu, nanging kula mboten sengaja, kula mboten ngertos menapa sebabipun.”
“Bubar krungu critamu, aku dadi kelingan karo garwaku.”
“Wonten menapa kaliyan garwanipun, Ibu?”
“Kowengerti ora le cah bagus, Pak Karmo kuwi garwaku. Aku ora nyangka. Aku seneng banget. Aku... aku bingung arep ngomong apa. Aku seneng.”
Bayu kaget, uga ora nyangka iki kebeneran utawa di sengaja. Pak Karmo sing nulungi Bayu, sing gawe Bayu dadi kaya ngene. Pak Karmo sing nyadarke Bayu saka tumindak nista bin ala bin tercela. Bayu luwih ora nyangka yen Pak Karmo iku garwane Ibu sing mbiyen tau di copet.
Bayu ngucapke syukur, ketemu sing wis nulungi dheweke, nanging uga isin ditulung akeh banget. Bayu trenyuh atine. Bener kandhane Pak Karmo, Gusti Allah iku Maha Murah lan Maha Gedhe. Bayu ora ngerti piye carane mbales Pak Karmolan Bu Rini kuwi sing wis apikan lan nulungi dheweke akeh banget. Bayu mung bisa donga muga-muga, amale Pak Karmolan Bu Rini dibales karo Sing Kuwasa.
“Bu, kula mboten nyana, kula lingsem, kula maturnuwun sanget kaliyan Bapak saha Ibu. Samenika pripun kabare Bapak?”” Pak Karmo apik- apik wae kok.”Wong loro mau gumeman nganti ora sadar yen Pak Karmo kondur.
“Assalamualaikum...” “Wa'alaikumsalam. Eh Bapak wis kondur. Iki ana tamu spesial, [ 70 ]kancane Bapak.” “Kanca?! Sapa, Bu?” Pak Karmo bingung. Pak Karmo banjur mlebu nemoni tamune. Pak Karmo pangling nanging ora suwe.
“Oo kowe to Le? Piye kabare?” ngendikane Pak KArmo karo ngangkul Bayu suwe banget. Sawise crita lan kangen-kangenan, Bayu nyuwun pamit arep bali.
“Omahmu ngendi, Le? Ayo dakterke bali.”
“Matur nuwun, Pak. Mboten sisah, kula sampun ngrepoti kathah sanget.” “Yo wis, ati-ati yo, Le! Kapan-kapan mampir mrene ya ngancani Bapaklan Ibu.” “Insya Allah, Pak. Kula pamitrumiyin. Assalamualaikum.” “Wa'alaikumsalam. Ati-ati!!!”
Lathifa Parayuha, siswa SMA 7,
Jalan: MT Haryono 47, Yogyakarta.
Telepon (0274) 377740.
Lair 8 Juni 1991. Alamat omah, Kromodangsan, Lumbung Rejo, Tempel, Sleman, Yogyakarta. Telepon (0274) 7164626,
Hobi: maca