Murkane Ibu

[ 89 ]Kleru Tampa

Lucia Tri Wahyu Ningrum SMA Negeri 1 Wates, Kulonprogo

kd

[AA A AN “Feeaaalah wis ganti piwulangan ta, rasane kok cepet banget,” “Hayia ta..kadekna kawit mau kowe mung turu wae, Gus,, Gus,,” “Eee,,,ja salah...! Nanging pancen bener kandhamu “Terus saiki pelajaran apa?”, pitakone Rendra Basa Jawa,” jawabe Surya “Oaahh...basa Jawa mboseni...! Cetathune Bagus Bener kandhamu, sak benere pancen basa Jawa rumangsaku samlebune aku SMA wis ora nyenengke maneh,” pocape bagus “Sssssttt.. aja sero-sero nanging pancen bener, wis akeh kanca- kanca sing ngomong kaya mangkono.” “Lho, Sur...kok pimikirane kanca-kanca padha kaya ngono?” “Embuh, nanging akeh sing padha muni gurune ora nyeneng- ke, panjenengane saben ketemu menehi tugas maneh, panjenengane uga nduweni pangrasa, dadi ora bisa diajak guyon, suasana dadi serius”. “Setuju...!!!”, wangsulane Bagus. Thok...thok...thok..., suara lumangkah sikil kang nganggo sepatu gagang dhuwur sangsaya sero nyedhaki kelas. “Huss,...kayane gurune wis arep mlebu”, kandhane Ramli sing kawit mau ngadek ing ngarep lawang, “Assallamu'allaikam. Wr.Wb” “Wallaikum 'sallam.Wr.Wb”, Bocah-bocah padha mangsuli.

4

A


> “Murkane Ibu” ee 839 [ 90 ]“Anak-anakku, tugas minggu kapungkur sing durung dikum- pulake ing dina iki, cepet-cepet dirampungke lan kudu dikumpul- ake. Ing dina iki, bu guru arep maringi piwulangan bab geguritan”. Ngendikane Bu Irma miwiti ketemuan basa Jawa ing dina iku. Na- nging, para siswa malah padha sibuk ngobrol lan ngurusi urusane dhewe-dhewe. Ngerti kadadean kaya mengkono iku, Bu Irma banjur ngendika,” Wis apike saiki padha gawe geguritan lan dikumpulake sawise pelajaran basa Jawa iki.”

“Ealah, bu...sampun bosen. Saben ketemu kok diparingi tu gas, punapa miturut panjenengan para siswa menika kaya robot? Mbok yaa... toleransi sakedhik, tugas siswa menika mboten naming basa Jawa,” ceplose Bagus

“Yo, wis menawa panemumu kaya mengkono, sapa wae sing bosen ora gelem nggarap tugas, ora sah nggarap!”, ngendikane Bu Irma kanthi duka.

Amarga wektu uga wis rampung, Bu Irma sing duka banjur ninggalake kelas. Bocah-bocah sakelas padha bingung, nanging uga anabocah sing nyuraki nyoba ngwenehi semangat karo Bagus kang- go pratanda rasa seneng amarga uneg-unege karo bu Irma bisa di- omongke langsung. Nanging uga ana sing nyalahke Bagus amarga apa sing diomongke.

“Gemblung kok kowe Gus..wani-wanine omong kaya ngono?!” Surya ndisiki omong ”

“Haaiyo..piye to? Jarene akeh kanca sing padha grundelan ingmburi, aku mungnyoba ngomongake kanthi jujur apa sing kudu- ne diomongke lan ora ana sing didhelik-dhelikake. Pancen secara sadhar, opo sing dhka omongke mau ora tumata nanging aku blaka anggone matur. Aku malah mesakake menawa akeh bocah sing pa- dha grundelan ing mburi, bisa ngrugeakerong pihak bebarengan.” Jawabe Bagus nyoba nerangake alesane. Kanca-kancane Bagus sing padha ngrungoake padha manggut-manggut lan uga ana sing ge- leng-geleng,.

Wis seminggu sawise kedadean iku. Nanging Bagus nduweni rasa ora kepenak. Tanpa kanca-kancane Bagus ngerti, satenane Bagus nduweni rasa salah lan ora kepenak karo Bu Irma. Saben dheweke ketemu karo Bu Irma, ora ana salam, pandangon, ugo siji-lan sijine ora padha wang sinawang, Dheweke kepingin njaluk ngapura karo

90 = Antologi Crata Cekak ee. [ 91 ]Bulrma, nanging pancen dhasare Bagusnduweni sifatangel ngalah, mula dheweke durung bisa nglakoni iku.

Sawijining dina, seminggu sawise prakara Bagus lan Bu Irma, kanyata ing jam piwulangan basa Jawa, piyambake ora rawuh ing kelas. Kanca-kancane Bagus padha bingunglan uga ana sing seneng amarga jam piwulangan basa Jawa kosong.

“Wah, jam basa Jawa kosong apa gurune pancen duka?”, pita- kone Dian.

“Banjur kepriye apike”, sautane Rima. epriye yen menawa kita rembug sakelas bebarengan karo wali kelas kita Bu Ismayani”, tembunge Andi.

“Wah, apa kuwi ora bakal ngrepotake kanca-kanca? Ing praka- ra iki sing salah pancen aku,” jawabe Bagus rumangsa salah. owe ki aja kaya ngono!” Aku lan kanca-kancamu iki kok angep apa? Kita iki wis kaya sedulur dhewe, endi ana prakara utawa masa- lahe wong siji bakal dirampungake bebarengan.” pocape Dian.

Bagus katon sumringah, dheweke banjur krasa ora dhewekan ngrampungake perkarane.

“Terus apike aku kudu kepriye?”, takone Bagus.

“Nah, ngene wae..aku, Bagus lan Rima ngadep menyang Bu Irma. Kita padha ngrembug perkarane,” usule Dian.

“Wah, aku ora setuju!, saute Andi.” Miturutku, Bagus ora salah, pancen guru basa Jawane sing ora pas anggone mulang,

“Kepriye yen awake dhewe sakelas sing ngadep guru basa Jawa banjur ngrembug kepriye genahe piyambake mulang”.

“Yen mengkono, aku sing ora setuju, kaya-kaya iku ngadili puru, kanggoku pancen ora adil” saute Irma.

“Uwis-uwis.. aja padha saurmanuk dhewe. Luwih becike sing gadep Bu Irma mengko aku, Rima, lan Surya. Aku lan kanca-kanca bakal ngrembug becike piye. Nanging uga bener kandhane Rima amarga menawa sing ngadepi Bu Irma iku sakelas, kaya-kaya awake dhewe padha ngadili lan mojokake piyambake”.

“Eh,,mengko dhisik...! Aku ya melu ngadep Bu Irma. Lha kok bisa mengkono?” protese Surya sing kawit mau ora melu pirembug- an amarga lunga ing kantin.

“Yen dipikir-pikir saumpama sing ngadep iku Bagus, mestine yaBagus sing bakal di salah-salahke. Aku milih kowe kanggo nggen-


> “Murkane Ibu” ee 91 [ 92 ]teni Bagus amarga miturutku kowe sing pas angone omongan,” pungkasane Dian.

“Ya, menawa iku apike lan kanggo kancaku dhewe, bakal dak lakoni,” dibarengi Surya sing mliriki Bagus.

“O.. .iya, ajalali uga ngaturi Bu Isma supaya gelem ngrawuhi pirembugan kita lan Bu Irma. Piyambake bakal dadi panengah supa- ya kabeh bisa ngrampungake kanthi adhem ayem”, elinge Dian.

“Terus kapan kita arep ngadep Bu Irma?” takone Surya.

“Kanca-kanca ...aku mau wis ngadep karo Bu Isma, satenane piyambake wis sisik-melike perkara sing lagi anaing kelas kita. Mula mengkono, piyambake langsung kersa dadi panengah kita,” panje- lase Rendra.

“Wah.. goodiku,” pocape Adi nganggologat basane wong Landa.

“Supaya kabeh cepet anggone mrantasi perkara iki, wis ageya cekat-ceket,” kandhane Dian.

“Nanging banjur kepriye piwulangan geografi kanga rep kawi- witan sadhela meneh?” pitakone Bagus.

“Aja padha kuwatir, mau Bu Isma dhawuh supaya nyuwun idi kanggo bocah 3 sing melu pirembugan mau,” jelase Rendra.

“Wah, iku wis cip, oke banget, manging sik mengko disik...! Saure Dian kang ngendekake lumakune.

“Ngapa? Wis aja diundur meneh...!”

“Aja padha kesusu, kita uga kudu mikirake apa sing bakalan kita omongake ing pirembugan mengko,” usule Dian.

“0, iya, bener iku, aja nganti kita malah salah wangsulan, ban- jurmalah disalahake. Hmm... apike kita ngrembug bab cara-carane Bulrma anggone mulang lan maringi tugas kang nyebabake perkara antara Bagus lan Bu Irma.

“Wis, sarujuk aku marang panemumu...” pocape kanca-kanca bebarengan.

Telung puluh menit wektu wis kapungkur. Dian, Surya lan Rima ketemu Bu Isma lan Bu Irma kanggo rembugan, saengga ora melu piwulangan geografi. Let sadhela, Surya banjur mbalik ing kelas nangingmung dhewekan. Mlaku kanti alon, mbalik ing papan lung- guhe, dheweke banjur ngundang Bagus.

“Gus...kowe didhawuhi ana ing pirembugan kana”.

Kanthi ati kang ora keruan, dheweke menyat saka papan lung- guh lan nggeblas metu saka kelas. Sawangane para kanca ngiringi

92 > Antologi Crita Cekak ee [ 93 ]jumangkahe Bagus ing kelas banjur padha glesik-glesik siji lan siji- ne.

Satekane ing ruang siswa sing dadi papan parembugan.

“Kula nuwun...” bagus ngucap salam dibarengi notho lawang,

“Tya. langsung lungguha mrene,” ngendikane Bu Isma” Lang- sung wae supaya ora mbuwang wektu.”

“Leres Bu...,” jawabe Bagus.

“Apa sing nyebabake Bagus bisa omong elek minggu wingi marang Ibu?”, pitakone Bu Irma.

“Nah, Ibu mestinipun sampun mangertos, pripun caranipun panjenengan maringi piwucal lan maringi tugas ingkang kathah sanget. Punapa ibu inggih mboten menggalihaken murid-murid inkang sampun sayah,” terange Bagus.

“Iya,,,Ibu mangerti, Ibu njaluk ngapura, nanging kabeh iku kanggo apike kita kabeh,” panjelase Bu Irma.

Kahanan katon nyenyet. Pirembugan sasuwene kira-kira se- tengah jam. Sarampunge pirembugan mau, Irma, Bagus lan Dian menyat mbalik ing kelas. Para kanca wis siap padha ngrubung lan padha takon.

“Wis, wis, sabar...aja padha grusa-grusu, karepe wong telu iki nerangake kahanane mau. Kepriye benere kabeh,” kandhane Rendra katon tumindak wicaksana.

“Mulane,,kabeh padha nglimban g-nglimbang ana ing pamikir- ane dhewe-dhewe sing dianggep bener. Nanging enthek-enthekane bisa karembugan kanthi adhem ayem,” jelase Dian.

“Banjur apa bisa sawise pirembugan iki, apa bakal ana bedane anggone cara mulange Bu Irma?', takone Andi.

“Muga-muga wae, ora ana sing ngerti tembe ngarep, tunggu wae wektu mbesuke.”

“Wah..Bagus bisa nyuwaraake suwarane para kanca, yo..ana positifelah.” pocape Rendra.

“Wah, ya ora kaya ngono, ndhek wingi aku mung lagi khilaf wae,” jawabe bagus.

“Huuuuuuuuuuu......,” kanca-kancane Bagus padha nyoraki lan ngunyeli sirahe Bagus.

anus

> “Murkane Ibu” ee 93 [ 94 ]94

Lucia Tri Wahyu Ningrum, lair nalika tanggal 16 Oktober 1992, ing Bantul, sekolahe ana ing SMA Negeri 1 Wates, Jalan Terbahsari 1, Wates, Kulon Progo, telepon (0274) 773067), ngrasuk agama Katolik, omahe ana ing Seboka- rang, Triharjo, Wates, Kulon Progo, telepon omahe (0274) 774260, hapene 087839354056, kesenengane nenandur,

= Antologi Crita Cekak #e