VI. Tuladha:

[ Sampul ]Kridha Basa 1 (cover) [ Irah-irahan ]


Kridha Basa
1

Kanggé
Klas 1
Sekolah Menengah Umum Tingkat Pertama
(SMP)

Karacik déning
Siswadi

Edisi Kapisan
1988

PT INTAN - PARIWARA
Penerbit dan Percetakan

[ Katrangan ]






Hak cipta dilindungi undang-undang pada: Pengarang
Hak penerbitan pada : PT Intan Pariwara
                Anggota IKAPI Nomor 006
Dicetak oleh  : PT Macanan Jaya Cemerlang
         (Isi di luar tanggung jawab pencetak)
Perancang kulit : Jonipan
Ilustrasi  : Endra Sutapa
No. Kode Penerbitan : 282/88
_____________________________________
Kantor Pusat : Jl Beringin, Klaten Utara, Kotif Klaten 57438
           Kotak Pos 111 Telp. (0272) 21461, 21890, 22012, Fax. 22021

[ Bebuka ]
Bebukaning Atur

Nuwun, para nupiksa.

Ngaturi wuninga, bilih buku Kridha Basa SMP punika ngewrat racikaning wulangan basa Jawi ing SMP, kados ingkang kapacak wonten ing salebetipun Garis-garis Besar Program Pengajaran Bidang Studi Bahasa Jawa, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan babaran pungkasan.

Urutaning wulangan ing salebetipun buku punika kadamel cèples kaliyan urut-urutaning pokok bahasan ingkang kawrat wonten ing salebetipun Garis-garis Besar Program Pengajaran (GBPP) punika. Pamrihipun, sageda nggampilaken para kadang guru saha para anak murid ingkang sesarengan nindakaken kegiatan belajar mengajar bidang studi basa Jawi.

Latihan saha garapan ingkang kapacak wonten ing salebetipun buku punika kacawisaken kanggé para anak murid wonten ing sekolahan punapa déné wonten ing griya, minangka garapan kokurikuler. Sami kawuningan bilih garapan kokurikuler ingkang kacawisaken saha dipun tandangi ing samesthinipun punika nyengkuyung lumampahipun cara sinau ingkang kawastanan Cara Belajar Siswa Aktif (CBSA), ingkang tundonipun ndayani rumesepipun wulangan saged tumanem wonten ing celenging manahipun para anak murid, wekasan para anak murid saged munpangataken wohing wulangan punika ing saprayoginipun.

Kula pitados, buku punika taksih kathah kirang saha cèwètipun. Awit saking punika sadaya panyaruwé badhé kula tampi kanthi bingahing manah lan atur panuwun ingkang tanpa upami.

Panutuping atur, mugi-mugi buku Kridha Basa SMP punika saged suka sumbangsih sawatawis tumrap ajenging basa, bangsa lan nagari.
Nuwun.

Klaten

Aturipun pangracık

Maret 1988 [ Pratélaning isi ]

Bebukaning Atur ................................................... i
Wulangan ka-1 ..................................................... 1
Wulangan ka-2 ..................................................... 10
Wulanpan-ka-3 ..................................................... 17
Wulangan ka-4 ..................................................... 24
Wulangan ka-5 ..................................................... 31
Wulangan ka-6 ..................................................... 38
Wulangan ka-7 ..................................................... 46
Wulangan ka-8 ..................................................... 54
Wulangan ka-9 ..................................................... 63
Wulangan ka-10 .................................................... 71
Wulangan ka-11 .................................................... 78
Wulangan ka-12 .................................................... 84
Kapustakan ........................................................ 94

[ 1 ]
Wulangan ka-1

I. A. Wacanen batin!

Slamet Riyadi

Ora kanyana-nyana, dhèk tanggal 19 Desember taun 1948 tentara Walanda nyerang sarta banjur ngebroki kutha Ngayojakarta, kutha punjering papréntahané Negara Republik Indonesia. Kajaba kutha Ngayoja, Landa uga ngebroki kutha-kutha gedhé liyané ing Tanah Jawa Tengah, kayata Sala, Ambarawa, lan Semarang.

Weruh krénahé tentara Walanda kuwi, ora katalompèn bangsa Indonesia, gedhé cilik, tuwa anom, lanang wadon,padha cancut gumregut saiyeg saéka kapti, ngadani perang mungsuh bangsa Walanda sing murang tata, ambeg adigang adigung lan adiguna [ 2 ]kuwi. Ing saenggon-enggon rakyat padha asikep gegaman sakecekelé, ngadani perang gerilya, perang kanthi cara dhedhemitan.

Kacarita, ing kutha Sala tentara Republik sing dipanggedhèni déning Letnan Kolonel Slamet Riyadi ngamuk punggung pindha banthèng ketaton, agawé kekes lan mirising atiné wadya bala Walanda. Satemah, wadya bala Walanda padha ndhelik ana ing sajroning bètèng, ora wani ngatonaké rainé.

Slamet Riyadi pranyata prajurit sing kendel, tatag lan tanggon. Kuwanèné Slamet Riyadi uga kacihna nalika mandhégani wadyabalané perang mungsuh tentara Walanda sing ngebroki Ambarawa, Srondhol, Mranggèn, lan Semarang.

Ora mung kuwi, Slamet Riyadi uga tau kajibah mbrastha rerusuh ing laladaning Gunung Merapi-Merbabu, lan uga numpes gerakan APRA Westerling ing Tanah Jawa Kulon.

Ya awit saka kekendelané sing ngédab-édabi kuwi, dhèk taun 1950 Slamet Riyadi ketiban sampur manèh. Slamet Riyadi tampa ayahané negara mbrastha dahuru ing Ambon, yaiku pambalélané Soumokil sawadyabalané, sing ada-ada ngedegaké Negara Republik Maluku Selatan (RMS), nyempal saka penguwasané Negara Republik Indonesia.

Ora ulap marang pepaking gegaman sarta kaprigelané Soumokil ing bab ulah kridhaning perang, Letnan Kolonel Slamet Riyadi sawadyabalané ngangseg maju nedya ngrebut bètèng Victory, bètèng sing diagul-agulaké déning bangsa Walanda ing kutha Ambon. Klakon, bètèng Victory kena karebut ing tangané Slamet Riyadi, nanging Slamet Riyadi dhéwé gugur kena lésáning mimisé mungsuh, nalika lagi patroli nganglang kutha.

Minangka pepulih tumrap lelabuhané Slamet Riyadi, Negara paring ganjaran arupa Bintang Sakti (Mei taun 1961), Bintang Gerilya (Juni taun 1961), sarta Satya Lencana Bhakti (November taun 1961). Lan, Letnan Kolonel Slamet Riyadi uga winisudha dadi Pahlawan Perang Kemerdekaan Indonesia. [ 3 ]B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang patitis, nganggo basa krama!

  1. Dhèk tanggal 19 Desember taun 1948 ing negarané dhéwé kéné ana kedadéyan apa?
  2. Weruh patrapé tentara Walanda sing murang tata kuwi bangsa Indonesia kepriyé?
  3. Kepriyé pangamuké tentara Republik Indonesia ing kutha Sala? Sapa sing mandhégani?
  4. Critakna ringkes baé lelabuhané Letnan Kolonel Slamet Riyadi marang nusa lan bangsa!
  5. Kajaba ganjaran arupa ”bintang”, Letnan Kolonel Slamet Riyadi uga pinaringan ganjaran apa?
C. Wacanen kang patitis!
  1. Kutha Ngayojakarta punjering papréntahané negara Republik Indonesia.
  2. Ngamuk punggung pindha banthèng ketaton, agawé kekes lan mirising atiné wadya bala Walanda.
  3. Letnan Kolonel Slamet Riyadi dhéwé gugur kena lésaning mimisé mungsuh.
  4. Minangka pepulih tumrap gedhéning lelabuhané Letnan Kolonel Slamet Riyadi, Negara paring ganjaran.
II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog, sing cumawis ing sisih tengen!

A. 1. Slamet Riyadi pranyata prajurit sing ..., tatag, lan tanggon.

  1. Adhiku ..., bola-bali tiba ora nangis.
  2. Bawa kuwi pancèn ..., angger bubar kodanan mesthi lara.
  3. bocah ..., kesénggol baé nangis.

a. takad

b. bencirih

c. bandel

d. kendel

e. gembèng

f. jirih

[ 4 ]

B.1. Lemah cengkar yèn diupakara mesthi bisa dadi ...

2. Tegalané ..., ora ana tandurané apa-apa.

3. Tanah ... cocog ditanduri kekembangan.

4. Tebu cocog ditanduri ing tanah ....

a. ngaré

b. bera

c. loh

d. lempung

e. padhas

f. pegunungan

C.1. Lataré resik, jembar tur ...

2. Kembang anggrèk kuwi sarupa-rupaé katon sarwa ....

3. Bocah jatmika, solah bawané sarwa ....

a. éndah

b. marak ati

c. pèni

d. asri

e. cèkli

III.A.Tuladha:

  1. Dhèk tanggal 19 Desember taun 1948 tentara Walanda nyerang sarta banjur ngebroki kutha Ngayojakarta.
  2. Slamet Riyadi tampa ayahané negara, mbrastha rerusuh ing Ambon, yaiku pambalélané Soumokil sawadyabalané.

Tembung nyerang asalé saka tembung lingga serang éntuk ater-ater anuswara ny (any).

Mbrastha asalé saka tembung lingga brastha éntuk ater-ater anuswara m (am).

Ater-ater anuswara ana patang warna, yaiku ater-ater n (an), m (am), ng (ang), lan ny (any).

Ater-ater anuswara kuwi rumaketé karo linggané ana sing luluh, ana sing ora luluh.

Sing luluh, upamané: n + tangis = nangis, m + pikul = mikul, ny + sapu = nyapu, ng + kudang = ngudang.

Sing ora luluh, upamané: n + dhodhok = ndhodhok, m + balang = mbalang, ng + gugu = nggugu.

B. Tembung-tembung ing ngisor iki wenehana ater-ater anuswara, sarta banjur gawénen ukara sing luwes!

1. tembang 5. parut
2. dhudhuk 6. bedhol
3. loloh 7. cangking
4. kerok 8. cukur
[ 5 ]IV. Tuladha
  1. a. numpes = ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱ꧀
  2. b. ndhelik = ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦭꦶꦏ꧀
  3. a. mikir = ꦩꦶꦏꦶꦂ
  4. b. mbaléla = ꦲꦩ꧀ꦧꦭꦺꦭ
  5. a. nguras = ꦔꦸꦫꦱ꧀
  6. b. nggugu = ꦲꦁꦒꦸꦒꦸ
  7. a. nyerang = ꦚꦼꦫꦁ
  8. b. njabel = ꦲꦚ꧀ꦗꦧꦼꦭ꧀


A. Tulisen nganggo aksara Jawa!

  1. nyadhong
  2. njajal
  3. ngarit
  4. nggoling

5. minggir
6. mbedhah
7. nulis
8. ndhekem

[ 6 ]B. Tulisen nganggo aksara latin!
  1. ꧋ꦲꦚ꧀ꦗꦗꦃꦢꦺꦱꦩꦶꦭꦁꦏꦺꦴꦫꦶ꧉
  2. ꧋ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦣꦃꦥꦿꦗꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁꦲꦸꦥꦼꦠꦶ꧉
  3. ꧋ꦲꦁꦒꦒꦭꦏ꧀ꦫꦕꦏ꧀​ꦤꦤꦔꦶꦏꦽꦩꦶ꧉
  4. ꧋ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦴꦣꦺꦴꦏ꧀ꦲꦕꦸꦁꦲꦕꦸꦁ꧉


V. Tuladha:

Minangka ganjaran tumrap gedhéning lelabuhané Letnan Kolonel Slamet Riyadi, Negara awèh ganjaran arupa Bintang Sakti.
(ngoko lugu)

Minangka ganjaran tumrap gedhéning lelabuhané Letnan Kolonel Slamet Riyadi, Negara paring ganjaran arupa Bintang Sakti.
(ngoko andhap/ngoko alus)

Ukara-ukara ngoko lugu ing ngisor iki owahana dadi ngoko andhap kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Badrus diwenehi tinggalan embahé, omah sapomahané.
  2. Pak Lurah uga dakundang, nanging ora bisa teka amarga mbeneri konfènsi.
  3. Sing madhep ngalor cèté wungu kaé omahé Pak Wita.
  4. Aku ditakoni Bulik, apa aku weruh montor-montorané Dhik Sigit. [ 7 ]

5. Mulih saka kantor, Pakdhé mampir toko buku, tuku kalkula-
   tor.
6. Aku dikongkon Bapak, mènehaké layang marang Pakdhé.
7. Ibu kuwi pyayi sabar, yèn ora kebangeten ora tau nesu.
8. Yèn ora klèru panyawangku, sing lungguh jejer Pak Camat kaé
Pak Wedana.
9. Wiwit mengko soré jam lima Simbah pasa, ora mangan ora
ngombé amarga sésuk arep dioprasi.
10. Nalika Mas Bima teka, Bapak karo Ibu lagi lungguhan ana
 ngarepan.

      Gambuh

Wonten pocapanipun,
adiguna adigang adigung
pan adigang kidang adigung pan èsthi,
adiguna ula iku
telu pisan mati sampyoh.

Gambuh kuwi klebu éwoné tembang Macapat. Tembang Macapat mono klebu éwoné basa pinathok, yaiku iketaning basa sing kawengku ing pathokan-pathokan sing wis ditemtokaké. Déné tembang Macapat mono kawengku ing pathokan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu utawa dhong-dhing.
Tembang Gambuh sapada ana 5 gatra, guru wilangan lan guru laguné: 7u, 10u, 12i, 8u, 80. Tegesé: tembang Gambuh kuwi sapada ana 5 gatra. Gatra kapisan pitung wanda, pungkasané gatra tiba swara u; gatra kapindho sepuluh wanda, pungkasané gatra tiba swara u; gatra katelu rolas wanda, pungkasané gatra tiba swara i; gatra kapat wolung wanda, pungkasané gatra tiba swara u; gatra kalima wolung wanda, pungkasané gatra tiba swara o.

Coba aranana jenengé tembang Macapat liyané, lan golèka tuladha tembang Gambuh liyané sapada baé!

Iketané basa pinathok kuwi saliyané tembang isih ana manéh sawetara. Upamané: paribasan, parikan, lan purwakanthi.
                                                     

[ 8 ]

1. Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen gumathok kang ajeg panganggoné, surasané wantah, ora ngemu surasa pepindhan.

Upamané:
a. Adigang adigung adiguna, tegesé: ngendel-endelaké kekuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
b. Durung pecus kesusu keselak besus, tegesé: durung pinter sekolahé, wis duwé pepénginan sing ora-ora.
c. riwis cawis, tegesé: dikongkon sajak wegah, nanging sumadhiya.
d. Tulung menthung, tegesé: tetulung nanging wusanané malah gawé rekasane sing ditulungi.
e. Jalukan ora wèwèhan, tegesé: gelem njaluk ora tau gelem wèwèh.

Mara golèka tuladha paribasan liyané lima baé!

2. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku runtuting swara utawa sastra ing sajroning tembung loro utawa luwih. Yen sing runtut swarané jenengé purwakanthi swara, yèn sing runtut sastrané jenengé purwakan- thi sastra.

Tuladha:

a. Purwakanthi swara:
  — Dirajang-rajang kaya brambang, diiris-iris kaya buncis.
  — Aja kedlarung-dlarung mberung mbrekunung.
  — Sing gemi, setiti lan ngati-ati.
  — Watak ayem, ati jenjem, uripé bisa tentrem.
  — Ulat madhep, ati karep.

b. Purwakanthi sastra
  — Kekudanganku marang kowé, klakona mengku kamulyan.
  — Guru sugih guna kawegigan, ginugu kabèh gunemé.
  — Yèn dènumbar bisa ambabar dadi rubéda kang ngreribedi.
  — Anak anung anindhita.

[ 9 ]Tuladha purwakanthi sastra ing sajroning tembang:

   Wirangrong

 Karerantan rontang-ranting,
 rentenging tyas gung katonton,
 katetangi panggrantesing kalbu,
 brangtaning tyas keksi,
 narawung kawistara,
 surem kucem kang wadana.

 Mara, golèkana sastra apa sing padha tinemu ing sajroning tembang Wirangrong kuwi, sing nuwuhaké anané purwakanthi sastra!

[ 10 ]

Wulangan ka-2

I. A. Wacanen batin!

Transmigrasi
Transmigrasi

Tlatah wewengkonipun negari Republik Indonesia punika arupi pulo ageng-alit, maèwu-èwu. Sumebaripun pendhudhuk ing pulo-pulo boten radin. Wonten pulo ingkang pendhudhukipun jejel-riyel, wonten ingkang namung pating kremya sakedhik sanget, malah wonten ingkang taksih suwung blung dèrèng wonten ingkang ngenggèni. Pulo ingkang pendhudhukipun jejel-riyel punika upaminipun Pulo Jawi, Pulo Bali lan Medura. [ 11 ]Pendhudhuk ingkang sumebaripun boten radin punika saged dados jalaran lampahipun pembangunan nasional kirang rancag. Ing pulo ingkang pendhudhukipun jejel-riyel adhakanipun lajeng tuwuh kawontenan ingkang kirang prayogi. Upaminipun wontenipun tiyang ingkang boten gadhah panggaotan ingkang mesthi, laré ingkang boten komanan sekolahan, pamardining kasarasan ingkang nguciwani, tuwuhipun reresah ingkang njalari kawontenanipun masyarakat lajeng boten tentrem. Kosok wangsulipun, pulo ingkang pendhudhukipun namung sekedhik ugi njalari kirang rancaging lampahipun pembangunan. Upaminipun ing ngriku lajeng kathah papan jembar ingkang bera, awit pendhudhuk ing ngriku boten kaconggah nggarap amargi pancèn sampun kekathahen siti ingkang dados garapanipun. Tembungipun sanes papan ing ngriku kekirangan tenaga kerja.

Pamaréntah tanggap. Kanggé ngawékani amrih lampahing pembangunan boten sendhet ingkang jalaran sumebaripun pendhudhuk boten radin, Pamaréntah ngadani transmigrasi. Inggih punika mboyongi kulawarga saking pulo ingkang pendhudhukipun jejel-riyel dhateng pulo ingkang taksih jembar bawéra. Upaminipun saking Tanah Jawi utawi saking Bali dhateng Sumatra, dhateng Sulawesi, utawi dhateng Irian Jaya. Warga ingkang dipun boyong punika dipun wastani warga transmigran.

Transmigrasi makaten ingkang baku ancasipun wonten kalih warni. Inggih punika ngradinaken “tenaga kerja” ing sedaya tlatah wewengkonipun negari. Déné ingkang angka kalih mbudidaya amrih gesangipun para warganing negari ingkang sèkèng jalaran boten gadhah pakaryan ingkang mesthi dados sekéca, ayem tentrem lair batos.

Amrih gesangipun para warga transmigran punika boten popog kados nalika dèrèng boyong transmigrasi, wonten ing papan énggal punika kedah sami purun sengkud makarya. Ingkang sami tetanèn kedah ngecakaken “panca usaha tani”. Srananipun: migunakaken bibit unggul, migunakaken rabuk, migunakaken obat-obatan, migunakaken toya oncoran (toya irigasi), lan nenanem kanthi ngecakaken kawruh tetanèn. Tetanèn ingkang ngecakaken “panca usaha tani” ing saleresipun, [ 12 ]saged ngindhakaken asiling tetanèn. Ingkang arupi pantun, saged mindhak ngantos dumugi 6 ton utawi 10 ton. Kajawi punika, para transmigran ugi kedah nggatosaken pananemipun taneman-taneman sanès, upaminipun klapa, kopi, lan kacang brol. Punapa malih kedah sami purun ngingah-ingah raja kaya utawi iwèn. Perlunipun, samangsa anggènipun tetanèn mlèsèd, wontena pamedal sanès ingkang kénging kanggé sembulih. Satemah gesangipun transmigran dados mindhak saé. Awit, menawi para transmigran punika gesangipun popog kados rikala dèrèng boyong, ateges ada-ada transmigrasi punika muspra tanpa gina.

B. Wangsulana kang patitis nganggo basa krama!

  1. Kepriyé sumebaré pendhudhuk ing tlatah wewengkoné negara Republik Indonesia?
  2. Sumebaré pendhudhuk sing ora rata kuwi njalari apa? Terangna!
  3. Apa ancasé ada-ada transmigrasi kuwi?
  4. Ing papan anyar para transmigran kuwi kudu gelem apa?
  5. Apa manfaaté “panca usaha tani” sing dicakaké ing samesthiné?
  6. Transmigrasi sing muspra tanpa guna kuwi transmigrasi sing kepriye?

C. Wacan ing dhuwur kuwi wacanen sing patitis, laguné sing trep!

II. A. Tuladha:
kacingkrangan Uripé kacingkrangan jalaran ora duwé pakaryan sing maton.

Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes, kaya tuladha ing dhuwur!

  1. mubra-mubru
  2. prasaja
  3. cethil
  4. gemi

5. ngebrèh
6. wekel
7. taberi
8. kesèd

[ 13 ]B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung-tembung sing cumawis ing sisih tengen!

  1. Resikan kuwi klebu péranganing ....
  2. Wong manembah brahala jenengé wong ....
  3. Wong ... kuwi lair lan batiné cengkah.
  4. ... marang Gusti Allah, tegesé manut marang dhawuhing Allah lan ngedohi pepacuhing Allah.
  5. Wong kang sélak marang agamané jenengé ....
  6. Gegayuhan becik kang disaranani ... lan panuwun kang mantheng, Gusti Allah mesthi bakal ngijabahi.
  7. Dhèwèké kaé pancèn ..., kenceng banget anggoné nglakoni agamané.
  8. Watak gumedhé, umuk, lan anggep iku klebu éwoné ....

a. munafik
b. musrik
c. takwa
d. iman
e. ikhtiyar
f. khusuk
g. murtad
h. takabur

I. Tuladha:

Pamaréntah tanggap

Pamaréntah  : jejer
tanggap  : wasésa

Jejer yaiku péranganing ukara sing dadi baku lairing gagasan. Déné wasésa yaiku péranganing ukara sing dadi andharaning jejer. Mula, wasésa uga diarani andharan.

A. Ukara-ukara ing ngisor iki durung ana andharané utawa wasésané. Mara wènèhana wasésa!

  1. Adhiku ....
  2. Bapak ....
  3. Ibu .... [ 14 ]

4. Pésoné ....
5. Klambiné ....
6. Keboné Bapak ...
7. Dalané ....
8. Sawahé ....
9. Dosané ....
10. Trapsilané ....


B. Ukara-ukara panyandra ing ngisor iki durung ana jejeré. Mara wènèhana jejer sing trep!

  1. ... nyélacendhani
  2. ... ngandhan-andhan
  3. ... ngudhup turi
  4. ... ndurèn sajuring
  5. ... nanggal sepisan
  6. ... nraju mas
  7. ... nggendhéwa pinenthang
  8. ... nawon kemit
  9. ... ngolan-olan
  10. ... mukang gangsir


IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!

Transmigrasi makaten ingkang baku ancasipun wonten kalih warni. Inggih punika ngradinaken tenaga kerja ing sadaya tlatah wewengkonipun nagari, déné ingkang angka kalih mbudidaya amrih gesangipun para warganing nagari ingkang sèkèng jalaran boten gadhah pakaryan ingkang mesthi, dados sakéca, ayem tentrem lair batos.

V. Tuladha:

a. Tegalan bera kidul désa kaé kagungané sapa?
b. Tegalan bera kidul désa kaé duwèké sapa?

Ukara kapisan dhapukané mawa basa ngoko alus, déné ukara kapindho mawa basa ngoko lugu. [ 15 ]A. Ukara-ukara ngoko alus ing ngisor iki dadèkna ngoko lugu, kaya tuladha!


  1. Sing mriksani apa akèh?
  2. Sapa sing ndèrèkake konduré?
  3. Padatan wunguné jam pira?
  4. Sing maringaké ana kéné mau sapa?
  5. Jaré arep dipundhut, sida apa ora?
  6. Yèn ora pareng taktuku, takséwané baé.
  7. Sing padha ngendikan ana ngarepan kaé sapa?
  8. Sapa sing arep siram nganggo banyu anget iki?
  9. Sing cekoh cekrah-cekrih kaé sapa?
  10. Yèn ora kebangeten, ora bakal duka.


B. Ukara-ukara ngoko lugu ing ngisor iki dadèkna ngoko alus!


  1. Mangané aja nganti kasèp.
  2. Larané apa ta, kok nganti oprasi kuwi?
  3. Yèn diundang kuwi mara, aja mung nan-nun ana ngenggon.
  4. Yèn gelem, wènèhana!
  5. Angger teka mesthi nggawa rupa-rupa.
  6. jaran sing dicancang ana ngisor tanjung kaé tumpakané sapa?
  7. Tekamu réné iki. karepmu dhéwé apa ana sing akon.
  8. Kandhané para winasis, gugon tuhon kuwi ngrerendheti kemajuan.


VI. Tuladha:

Kembang mlati kembang menur
transmigrasi murih makmur.

[ 16 ]Unèn-unèn ing dhuwur kuwi jenengé parikan. Mara parikan-parikan ing ngisor iki rampungna nganggo tembung-tembung kang cumawis!


1. Kembang waru kembang mlathi
Dhasar ayu ....
2. Grenang-greneng nèng sor nangka
Dhasar anteng ....
3. Nandur asem sandhing ringin
Ayem tentrem ....
4. Kembang tlasih mbang kemangi
Tresna asih ....
5. Godhong maja godhong kawis
Gawé gela ....

a. ra wis uwis
b. tur jatmika
c. lair batin
d. marak ati
e. mring sasami


Gawéa parikan kaya tuladha ing dhuwur lima baé! [ 17 ]

Wulangan ka-3

I. A. Wacanen sing titi!

Yos Sudarso
Yos Sudarso

Sewelas taun dangunipun bangsa Indonesia mbudidaya kanthi cara alus nedha wangsulipun Irian Barat (sapunika namanipun Irian Jaya) saking regemanipun bangsa Walandi. Nanging, pambudidaya punika cabar, boten angsal damel. 'Walandi puguh, boten purun ngulungaken Irian Barat dhateng bangsa Indonesia. Mangka, manut suraosipun prajanjian Konferensi Meja Bundar (KMB), Walandi sagah ngrampungaken prakawis Irian Barat punika ing salebetipun setunggal taun sasampunipun prajanjian punika dipun tandhatangani kala tanggal 23 Agustus 1949. [ 18 ]Bangsa Indonesia telas kesabaranipun. Kala tanggal 19 Desember 1961 Presiden Sukarno ngumandhangaken Tri Komando Rakyat (Trikora) wonten ing sangajengipun rakyat Indonesia ing Ngayojakarta. Trikora punika dados pancadanipun Pamaréntah saha rakyat Indonesia, anggenipun badhé ngrebat wangsulipun Irian Barat saking cengkeremanipun bangsa Walandi. Salajengipun Presiden ndhapuk Komando Mandala Pembebasan Irian Barat, dipun cekak Komando Mandala, dipun pandhégani Bapak Mayor Jendral Suharto.

Anuju satunggaling dinten, ing salebetipun ngayahi ayahan Trikora punika, Komodor Yos Sudarso, Deputy Kepala Staf Angkatan Laut, nganglang ing Seganten Arafuru, niti priksa kawontenaning laladan tapel watesing papan ingkang dipun broki wadyabala Walandi. Ing pangangkah, asiling paniti priksa punika badhe kangge ngrancang anggenipun prajurit TNI badhé sumusup ing dharatanipun Irian Barat.
Kala semanten Komodor Yos Sudarso nitih kapal Motor Torpedo Boat (MTB) RI Macan Tutul. Déné para pandhèrèkipun, sawetawis nitih MTB RI Macan Kumbang, sapérangan nitih MTB RI Harimau. Kapal-kapal punika gadhahanipun Kesatuan Patroli Cepat ingkang dipun pandhegani déning Kapten Pelaut Wiratno. Boten kanyana, kapal-kapal punika dipun papagaken kapal mengsah, cacahipun kalih. Punapa déné malih ing gegana ugi wonten montor maburipun mengsah ingkang keklinteran nglinteri kapal-kapal punika. Cekaking cariyos, kapal RI Macan Tutul, RI Macan Kumbang saha RI Harimau kinepang mengsah, ing seganten punapa déné ing gegana.

Kala semanten wanci dalu kirang langkung pukul 9.15'. Montor maburipun mengsah punika ingkang satunggal dumadakan nglepasaken senjata arupi ”peluru suar”. Inggih punika peluru ingkang ngedalaken cahya sumunar, majari papan dunungipun kapal-kapal ingkang dipun titihi Komodor Yos Sudarso, saha kapal-kapal sanèsipun ingkang dipun titihi pendhèrèkipun.

Lumepasipun ”peluru suar” saking motor mabur punika lajeng dipun susul lumepasipun mriyem saking kapalipun mengsah, tumuju dhateng papan dunungipun RI Macan Tutul, RI Macan Kumbang saha RI Harimau. [ 19 ]Wuninga glagat ingkang mutawatosi punika, Komodor Yos Sudarso lajeng paring dhawuh, bilih panguwaosing pimpinanipun patroli kapundhut. Komodor Yos Sudarso lajeng dhawuh dhateng RI Macan Kumbang saha RI Harimau supados sami nebih. Wondéné RI Macan Tutul piyambak lajeng nglelèdhèk mengsah.

Rékadayanipun Komodor Yos Sudarso punika tetela wonten wohipun. Sapunika kawigatosanipun mengsah namung tumuju dhateng kapal RI Macan Tutul. Perang tandhing antawisipun RI Macan Tutul kaliyan kapalipun mengsah punika temtu kemawon boten babag. Awit kapalipun mengsah punika asikep senjata jangkep tur sarwa modern, kathik taksih dipun amping-ampingi montor mabur kalih ingkang keklinteran ing gegana. Boten nggumunaken, boten antawis dangu kapal RI Macan Tutul dalah sedaya ingkang sami nitihi kèrem wonten ing dhasaring seganten. Ewasemanten, sadèrèngipun kèrem, Komodor Yos Sudarso taksih saged paring dhawuh lumantar radhio supados bangsanipun ingkang tinilar nglajengaken mbudidaya ngrebat wangsulipun Irian Barat ngantos kecepeng.

Saèstu, Seganten Arafuru dados seksi kèremipun RI Macan Tutul saha guguripun Komodor Yos Sudarso, Kapten Pelaut Wiratno dalah para prajurit TNI Angkatan Laut sanèsipun, ingkang sami dados bebanten wangsulipun Irian Barat wonten ing salebeting wewengkonipun negari Republik Indonesia.

B. Wangsulana kang patitis, abasa krama!

  1. Apa sababé Presiden Sukarno ngumandhangake Trikora?
  2. Bubar ngumandhangake Trikora Presiden Sukarno banjur ndhapuk apa?
  3. Apa wigatiné déné Komodor Yos Sudarso nganglang ana ing Segara Arafuru?
  4. Apa wigatine déné Komodor Yos Sudarso dhawuh supaya RI Macan Kumbang lan RI Harimau padha sumingkir ngedohi RI Macan Tutul?
  5. Apa rékadayané Komodor Yos Sudarso kuwi ana asilé? Endi buktiné? [ 20 ]II.A.Walandi puguh, boten purun ngulungaken Irian Barat dhateng bangsa Indonesia.

Puguh tegesé ora gelem miturut, ngukuhi panemuné dhéwé.

Watak ing ngisor iki ditembungaké kepriyé? Mara golekana candhakané sing wis cumawis ing sisih tengen!

1. Ngendel-endelaké trahing ngaluhur.

2. Rumaket ing pamitran.

3. Gampang mèri marang kabegjaning liyan.

4. Dhemen adul-adul.

5. Tansah ngandhut rasa kuwatir.

6. Ngugemi beneré dhéwé.

7. Kudu unggul, emoh asor.

8. Dhemen mitenah ing liyan.

9. Gampang muring.

10. Mutungan.

a. cugetan

b. candhala

c. adigung

d. sumanak

e. mèrèn

f. parawadulan

g. sumelangan

h. mbrekunung

i. brangasan

j. sumungah

B. Walandi puguh, boten purun ngulungaken Irian Barat dhateng bangsa Indonesia.

Puguh kosok baliné nurut.

Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes, banjur golèkana kosok baliné!

1. andhap asor

2. kendel

3. sentosa budiné

4. luhur budiné

5. sumanak

III. Tuladha:

Presiden Sukarno ngumandhangaken Trikora.

Presiden Sukarno : jejer
ngumandhangaken : wasésa
Trikora : lésan

[ 21 ]Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha ing dhuwur!

1. Montor mabur punika nglepasaken ”peluru suar”.

2. Montor mabur punika nglinteri MTB Macan Tutul.

3. Seganten Arafuru neksèni kedadosan punika.

4. Walandi nyidrani isinipun prajanjian KMB.

5. Mengsah mbrondong titihanipun Komodor Yos Sudarso.

Gawéa ukara sing dhapukané awujud jejer, wasésa lan lesan, nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

1.ndulang 6.ngampiri
2.mbedhil 7.ngancani
3.nguras 8.nggocèngaké
4.ngasah 9.ngeteraké
5.ngongoti 10.nyuwèkaké

IV. Tuladha:

klinter : ꦏ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ
padhang : ꦥꦝꦁ
rampung : ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ
wènèh : ꦮꦺꦤꦺꦃ
nglinteri : ꦔ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦫꦶ
madhangi : ꦩꦢꦁꦔꦶ
ngrampungake : ꦲꦁꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦔꦏꦺ
mènèhaké : ꦩꦺꦤꦺꦃꦲꦏꦺ

[ 22 ]Tembung-tembung ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!

1.ngrèmèhaké 6.nacahaké
2.ngrawuhi 7.maringi
3.nudingi 8.nyigari
4.maringaké 9.ngegaraké
5.nangkaraké 10.nandhingi


V. Tuladha:

Sawatara Perwira TNI Angkatan Laut padha ndhèrèkaké tindaké Komodor Yos Sudarso. (Ngoko alus)

Sawatawis Perwira TNI Angkatan Laut sami ndhèrèkaken tindakipun Komodor Yos Sudarso. (Krama alus)

Gawéa ukara ngoko alus nganggo tembung-tembung ing ngisor iki, sarta banjur owahana dadi krama alus!

1.sowan
2.ndhèrèk
3.matur
4.nyaosaké
5.ngaturi


VI. Wacanen kang patitis!

Tepa Palupi

Kupu kekejer nèng antariksa
Mbabar kaéndahaning elaré
Ciptané mangsa anaa madha
Nandhingi ing bab kasantosané

Kasaru tekané si branjangan
Sigra nyamber kupu kumalungkung
Anggité tan ana bisa nglawan
Cukat, trampil kaya nggoné nladhung

[ 23 ]

Sumbaré kukila kang degsura
”Sapa baya kang wani prang tandhing.”
Nora ngerti yèn ngisor ana janma
Ribut riwut nggoné masang jaring

Dahat suka kaki juru pikat.
Dupi mulat jaringé ngenani
Batiné, ”Eh branjangan keparat,
Aja sira nglawan marang mami.”

Juru pikat ngungalaké dhadha
Kurang wewéka tiba kesandhung
Samengko lagi rumangsa papa
Tangané tugel sikilé putung

Sambat melas asih juru ngala
”Ah, banget kumalungkung aku iki
Yektiné: manungsa titah ina,
Sing kuwasa mung Gusti pribadi.”

(Subagijo Ilham Notodidjojo,
GURITAN, Suripan Sadi Hutomo)

[ 24 ]

Wulangan ka-4

I.A.Wacanen batin!

Wadhuk Gajahmungkur

Saben mangsa rendheng, wong-wong sing padha manggon ing sakiwa tengené Bengawan Sala iring ngisor tansah goreh, atiné ora bisa tentrem. Kang dadi jalarané ora liya banjir gedhé sing asalé saka Bengawan Sala.

Wis makaping-kaping banjir bandhangé Bengawan Sala njalari kapitunan gedhe banget tumrap wong-wong padésan sakiwa-tengené. Tetanduran ing sawah lan ing pategalan padha larut gusis, déné sing ora kéntir katut ing banjir bosok karendhem ing banyu. Atusan hektar sawah lan pategalan rusak babar pisan. Ora ngemungake sawah, tegal, lan tetandurane, omah saisiné akeh sing padha kérut katut ing banjir, raja kaya lan [ 25 ]sato iwèn padha ilang lan mati, malah kala-kala ana sawetara kurban jiwa.

Pamaréntah banget anggoné prihatin lan menggalihaké carané nyingkiraké bebaya banjir Bengawan Sala kuwi. Pepuntoné penggalih banyu kali sing mbebayani kuwi disulap dadi banyu sing mumpangati. Ing tlatah ilèn-ilèn ing kali sisih ndhuwur dibangun wadhuk kanggo nadhahi lan nyimpen banyu udan mangsa rendheng sing padatan bablas mili anjog ing Bengawan sing njalari bena. Mungguh dunungé wadhuk kuwi ana ing tlatah Wanagiri. Ambané ora mekakat, nyakup padésan ing pirang-pirang kecamatan. Wadhuk kuwi jenengé Wadhuk Gajahmungkur, kapirit saka jenengé gunung sing dadi tuké Bengawan Sala.

Wadhuk Gajahmungkur mono mumpangaté gedhé banget. Kanthi anane wadhuk kuwi, bebaya banjir bandhang sing adhakané klakon ing mangsa rendheng bisa ditanggulangi. Kosokbaliné, anane bebaya kasatan banyu ing mangsa ketiga uga bisa sumingkir. Sawah tadhah udan sing ambané maèwu-èwu héktar, saiki ketiga rendheng bisa digarap ditanduri pari, ora tau bera. Jalaran, dioncori nganggo banyuné wadhuk kuwi. Kajaba kuwi, tlaga yasan sing ambané ora ilok kuwi uga didadèkaké panggonan kanggo miyara iwak. Mayuta-yuta bibit iwak disebar ing wadhuk. Sabanjuré, Wadhuk Gajahmungkur uga didadèkaké obyek wisata kang uga ngasilaké dhuwit ora sethithik tumrap Pemerintah Daerah lan masyarakat sakiwa-tengené wadhuk, njalari panguripane rakyat saya kepénak, jalaran pembangunan lakuné sansaya rancag.


B. Wangsulana kang patitis, nganggo basa krama sing luwes!

  1. Biyèn, saben mangsa rendheng wong-wong sing padha dedunung ing sauruting Bengawan Sala padha was sumelang atine. Apa sababé?
  2. Kanggo nanggulangi mbludagé Bengawan Sala kuwi, piye réka dayané Pamaréntah?
  3. Généya wadhuk ing Wanagiri kuwi dijenengaké Wadhuk Gajahmungkur?
  4. Mara critakna, apa baé manfaaté Wadhuk Gajahmungkur kuwi! [ 26 ]C. Wacanen sing patitis, tembung-tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!
  1. Saben mangsa rendheng, wong-wong sing padha manggon ing sakiwa tengené Bengawan Sala iring ngisor tansah gorèh, atiné ora bisa tentrem.
  2. Aja ramé-ramé, bengi kuwi mangsané wong padha turu!
  3. Ibu tindak pasar, olèh-olèhé nangka.
  4. Ana unen-unen: Gupak pulut ora mangan nangkané.
  5. Saben Setu soré dhèwèké tampa bayar.
  6. Tampané nem ping telung èwu rupiyah.
  7. Mbah Kerta ndandani andha.
  8. Andhané untuné wis padha gapuk.

II. A. Rajakaya lan sato iwèn padha ilang.

Rajakaya kuwi kéwan ingon sing ngetokaké kaya, upamané kebo, sapi, lán jaran!

Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana camborané tembung raja, sing cumawis ing sisih tengen!

1. Anaké ora disangoni ..., nanging disangoni kapinteran.

2. Para ratu telukan padha asok glondhong pangareng-areng, pèni-pèni ..., guru bakal guru dadi.

3. Prakara ... kuwi wis ana ing tangané kang wajib.

4. Kanggo keslametaning negara, sang Prabu nganakaké slametan jenengé sesaji ...

5. Sang ... munjuk atur marang sang Prabu bab murcané Dèwi Sekartaji saka ing kedhaton.

a. rajapatni

b. rajapati

c. rajabrana

d. rajapèni

e. rajawedha.

B. Rajakaya, sato iwèn bangsané gegremetan, lan sakabèhing kéwan kuwi diarani sato kéwan.

Tembung sato kéwan kuwi jenengé tembung saroja, yaiku tembung loro sing padha tegesé sing dicambor dadi siji. [ 27 ]Mara, tembung-tembung sing cap-capané kandel ing ngisor iki dadèkna tembung saroja!

  1. Radèn Gathutkaca satriya gagah sekti...
  2. Atimu sing tatag, aja was ...
  3. Sing rukun, aja seneng tukar'....
  4. Coba aku critanana, piyé mula ... kedadeyan kuwi.
  5. Wong tetulung mono kudu dilambari ati éklas, lega... ora ngarep-arep pepulih.
  6. Pangrengkuhé marang tangga teparo, sanak ... lan mitra ... rumaket kaya karo seduluré dhéwé.
  7. Yèn ketanggor bot ... aja rikuh-rikuh sowana Pakdhé nyuwuna iguh ...
  8. Omongané mranani, tandang ... ngresepaké.

III. Tuladha:

Iwan nonton lomba layang gantung ana ing Wadhuk Gajahmungkur

Iwan : jejer
nonton : wasésa
lomba layang gantung : lésan
ana ing Wadhuk Gajahmungkur : katrangan panggonan

A. Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Andri mèpèni kumbahané ana ing ngiringan omah.
  2. Sardi nglèbokaké sandhangané ana ing lemari.
  3. Badrun nyèlèngi dhuwité ana ing kantor bank.
  4. Yanto nyinggahaké dhuwité ana ing laci.
  5. Sakri nyèndhèkaké pité ana ing ngisor pelem.

B. Gawéa ukara sing dhapukané: jejer, wasésa, lésan, lan katrangan panggonan, nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

  1. ana ing tembok
  2. ana ing Puskesmas
  3. ana ing ngisor meja
  4. ana ing bak sampah
  5. ana ing apoték [ 28 ]IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!

Mungguh dunungé wadhuk kuwi ana ing tlatah Wanagiri. Ambané ora mekakat, nyakup padésan ing pirang-pirang kecamatan. Wadhuk kuwi jenengé Wadhuk Gajahmungkur, kapirit saka jenengé gunung sing dadi tuké Bengawan Sala.

V. Pacelathon iki apalna, banjur tindakna ana ing ngarep klas karo kanca-kancamu!

Amin : Pak, bénjing menapa saèstu dhateng Wanagiri?
Bapak : O, karepmu nonton Wadhuk Gajahmungkur kuwi, ta?
Amin : Inggih, Pak. Kabaripun ing Wadhuk Gajahmungkur ngrika sesawanganipun saé sanget.
Ibu : Sapa sing kandha, Lik?
Amin : Ingkang ngendika Pak Guru, Bu.
Ibu : Apa pak gurumu wis tau tindak rana?
Amin : Boten namung sampun naté.
Bapak : Lho, piyé kok boten namung sampun naté. Karepmu pak gurumu wis kerep banget tindak rana. Ngono apa piyé?
Amin : Inggih, Pak. Tiyang pak guru kula menika aslinipun pancèn Wanagiri.
Bapak : O, sing kokarepaké ki Pak Warno, pak gurumu sejarah kaé ta?
Amin : Inggih, Pak. Pak Warno menika aslinipun Wanagiri. Malah ngendikanipun, dhusunipun Pak Warno piyambak ugi katut keleb dipun damel wadhuk. Bapak ibu tuwin adhik-adhikipun Pak Warno lajeng tumut transmigrasi bedhol dhusun dhateng Sitiyung.
Ibu : Lha pak gurumu kok ora ndhèrèk transmigrasi bapak ibuné?
Amin : Ngendikanipun Pak Guru, kala semanten Pak Gun ngleresi sinau wonten ing IKIP Sala. Sejatosipun sarampungipun sekolah, Pak Guru badhé nusul rama ibunipun dhateng Sitiyung, Sumatra.
Bapak : Lha kok ora sida nusul généya?
Ibu : Lha iya, généya ora sida nusul?

[ 29 ]

Amin : Cekap anggènipun sekolah, lajeng dipun benum wonten ngriki menika.
Bapak : O, ngono, ta.
Ibu : Terus karepmu kapan olèhmu arep sida mlancong nonton Wadhuk Gajahmungkur kuwi?
Amin : Kula ngaten namung ndhèrèk keparengipun bapak ibu.
Bapak : Yèn ngono, bésuk minggu ngarep baé, ya.
Ibu : Ya, Pak. Aku mathuk kuwi. Sedheng urusané sawah wis rampung.

VI. Éndahing alam pegunungan, tlaga, lan gisiking segara, apadéné éndahing alam ing wayah bangun ésuk, wayah candhikala, lan sapituruté kerep dirumpaka déning para pujangga dadi rumpakan sing èdi pèni, gawé sengsemé sing padha maca. Rumpakan mau ana sing adhapur gancaran, ana sing tembang, ana sing wujudé puisi gagrak anyar.
Sing adhapur tembang, upamané panyandra kaanané alam padésan ing wayah bangun ésuk, kaya ing ngisor iki. Tembange Dhandhanggula.

 
Jago kluruk ramé kapiyarsi,
lawa kalong luru pandhelikan,
jrih kawanen ing semuné.
Wétan bang sulakipun,
mratandhani yèn bangun énjing.
Rembulan wus gumléwang,
nèng kuloné gunung.
Ing padésan wiwit obah,
lanang wadon pan samya anambut kardi,
netepi kuwajiban.


Déné sing adhapur lelagon dolanan, upamané:

 
Raméné ing wayah ésuk,
ésuk umun-umun.
Ésuk wayah bangun,
isih akeh ebun.
Wit-witan kang gedhé,
mung katon remeng-remeng,
kaya buta lagi,

[ 30 ]

 
anéndra kepati.
Tan antara suwé
keprungu swarané,
jago kluruk sesumbaran saya ramé.
Yèn digagas dawa kaya awèh tandha,
marang pra manungsa,
énggal padha ndang tangia.


Mara, gawéa puisi gagrak anyar (puisi bebas) sing isi panyandra éndahing alam. [ 31 ]

Wulangan ka-5

I. A. Wacanen kanthi patitis!

PKS
PKS
Wisnu : Mas, kowé arep menyang ngendi, soré-soré kok dandan?
Brata : Arep menyang sekolahan. Latihan.
Wisnu : Latihan apa, Mas?
Brata : Latihan PKS.
Wisnu : PKS ki apa ta, Mas?
Brata : Wah, Dhik Wisnu ki yèn takon ngoyak terus.
Wisnu : Lha kepéngin ngerti, kok. Ora éntuk ta, Mas?

[ 32 ]

Brata : Éntuk, Dhik, cah bagus.
Wisnu : Apa, Mas, PKS kuwi? Kuwi rak cekakan ta, Mas?
Brata : Géné ki pinter. Hara, PKS ki cekakané tembung apa?
Wisnu : Ah, aku ora ngerti kok, Mas. Kandhanana ta!
Brata : PKS kuwi cekakané tembung Patroli Keamanan Sekolah.
Wisnu : Apa kabèh SMP ana kaya ngononé kuwi, Mas?
Brata : Kaya ngononé apa?
Wisnu : Kuwi lho, PKS kuwi..
Brata : Lha rak ya ngono sing cetha. Heeh, Dhik. Kabèh SMP kudu duwé PKS. Ora mung SMP. SMA, SPG, SGO, SMEA, lan liya-liyané uga kudu padha duwé PKS.
Wisnu : Kanggo apa, Mas?
Brata : Wo, gedhé banget gunané. Dhik Wisnu rak wis tau liwat ngarep sekolahanku, ta.
Wisnu : Kerep. Wah, dalané, Mas, ramé banget.
Brata : Saya yèn wayah ésuk, wayahé bocah-bocah padha mangkat sekolah, lan wayah awan wayahé murid-murid mulih sekolah. Raméné ora ilok. Lha, pas jam-jam ramé ngono kuwi PKS mbantu nata tertibé dalan.
Wisnu : Mas Brata ya wis tau éntuk giliran tugas jaga nèng dalan, Mas?
Brata : Durung, Dhik. Saiki isih tugasé mas-mas lan mbak-mbak klas telu. Bésuk, yèn reguku wis rampung latihané, genti tugas jaga. Mas-mas klas telu lèrèn, tata-tata ngadhepi EBTA.
Wisnu : Sing nglatih PKS kuwi apa ya mas-mas klas telu kuwi, Mas?
Brata  : : Sing nglatih Pak Pulisi. Pak Pulisi saka Polres utawa saka Polsek.
Wisnu : Aku bésuk ya kepéngin dadi regu PKS kaya Mas Brata.
Brata : Mula yèn maem sing akèh, bèn ndang gelis gedhé ndang latihan PKS.

[ 33 ]

Wisnu : Aku yèn maem ya wis akèh kok, Mas.
Brata : Sokur yèn wis akèh. Wis ya, Dhik, aku budhal. Mengko, yèn Ibu kondur, matura, aku latihan PKS ana sekolahan nganti mengko soré jam lima.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Brata arep menyang ngendi?
  2. PKS kuwi apa?
  3. Sapa sing nglatih regu PKS?
  4. Apa saben sekolahan duwé regu PKS?
  5. Apa tugasé regu PKS?

C. Wacanen sing patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

  1. Saya yèn wayah ésuk, wayahé bocah-bocah padha mangkat sekolah.
  2. Arep menyang sekolahan. Latihan.
  3. SMA, SPG, SGO, SMEA, lan liya-liyané uga kudu padha duwé PKS.
  4. Ah, aku ora ngerti kok, Mas. Kandhanana ta!

II. A. Tuladha:

    a. Saya yèn wayah ésuk, wayahé bocah-bocah padha mangkat sekolah.
    b. Saya yèn wayah ésuk, wektuné bocah-bocah padha mangkat sekolah.

Tembung-tembung sing cap-capané kandel ing ngisor iki salinana tembung liya sing padha tegesé, kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Tumrap sekolahan, PKS kuwi gedhé banget gunané.
  2. Saya yèn wayah ésuk, wayahé bocah-bocah padha mangkat sekolah.
  3. Mas-mas klas telu lèrèn, tata-tata ngadhepi EBTA.
  4. Mas, kowé arep menyang ngendi, soré-soré kok dandan.
  5. Sing nglatih PKS kuwi Pak Pulisi. [ 34 ]B. Polres kuwi cekakané tembung Kepolisian Resor, déné Polsek cekakané tembung Kepolisian Sektor.

Ing pasrawungan, ana kang negesi tembung kepirid saka wanda-wandané tembung kuwi, digathuk-gathukaké manut panemuné dhéwé.

Cara negesi tembung piring. Wanda pi ditegesi sepi, wanda ring ditegesi miring. Sabanjuré, piring ditegesi sepiné yèn miring.

Cara negesi tembung kaya ngono kuwi jenengé jarwa dhosok, utawa kérata basa.

Aja padha kléru tampa. Polsek sing tegesé Kepolisian Sektor lan Polres cekakané tembung Kepolisian Resor, kuwi ora klebu éwoné jarwa dhosok utawa kérata basa. Kuwi cekakan.

Mara terangna, tembung-tembung ing ngisor iki umumé padha dijarwadhosoki kepriye?

  1. tebu  : ....
  2. cengkir  : ....
  3. wédang  : ....
  4. kuping  : ....
  5. kupluk  : ....

6. tépas  : ....
7. cangkir  : ....
8. siti  : ....
9. krikil  : ....
10. tandur  : ....

Poma dipoma, aja padha seneng njarwadhosoki utawa ngérata basa tembung, sabab njarwadhosoki tembung utawa ngérata basa tembung ateges negesi tembung sakarep-karep.

C. Regu PKS mbantu nata tertibé dalan

Tembung nata tertibé dalan kuwi tembung salah kaprah, sabab sing ditata dudu tertibé dalan, nanging wong utawa kendharaan sing mlaku ana ing dalan kuwi. Dadi, sing ditata dudu dalané, nanging lakuné wongé utawa lakuné tumpakan.

Gawéa ukara nganggo tembung-tembung salah kaprah ing ngisor iki!

  1. nyunduki saté
  2. mbunteli témpé
  3. netel jadah
  4. nggodhog wédang
  5. nguleg sambel

6. mènèk krambil
7. mipis jamu
8. ndhudhuk jugangan
9. ndheplok gethuk
10. nganam klasa

[ 35 ]III. A. Tuladha:

Aku latihan PKS, adhiku tunggu omah.
Ukara kuwi ukara loro sing didadèkaké siji. Ukara kapisan:
Aku latihan PKS; jejeré aku, wasésané latihan PKS.
Ukara kapindho adhiku tunggu omah; jejeré adhiku, wasesané tunggu omah.
Aku latihan PKS, adhiku tunggu omah jenengé ukara camboran wudhar.

Mara ukara-ukara camboran wudhar ing ngisor iki rampungna!

  1. Bapak tindak menyang sawah, Ibu...
  2. Aku milih iki, Wawan...
  3. Sigit klas lima, Budi...
  4. Klambiné Wahyu biru, klambiné Ratih...
  5. Bapak maos koran, aku...
  6. Simbah ngunjuk cabé puyang, Dhik Bawa....
  7. Sakri nggoncengaké Edi, Iwan...
  8. Bulik nenuru Dhik Andri, Mas Bawa...
  9. Tegale Bapak ditanduri wijen, tegale Siwa...
  10. Tarmana tuku buku catur, Tarmini...

B. Tuladha:
Aku ora latihan amarga awakku nggregesi.
Ukara kuwi jenengé uga ukara camboran. Ukara kapisan: Aku ora latihan, ukara kapindho: awakku nggregesi.
Généya aku ora latihan? Wangsulané: amarga awakku nggregesi. Dadi, ukara kapindho (awakku nggregesi) dadi pérangané ukara kapisan (aku ora latihan). Ukara kapindho dadi katrangan sababé ukara kapisan.Ukara camboran sing salah sijiné ukara dadi pérangané ukara sijiné, jenengé ukara camboran tunggal.

Mara, ukara-ukara camboran tunggal ing ngisor iki rampungna!

  1. Badri keplèsèd amarga dalané ....
  2. Guntur ora munggah amarga bijine .... [ 36 ]

3. Pawit ora tuku apa-apa amarga dhuwité ....
4. Sarpan ora sarapan amarga segané ....
5. Bandana tekané telat amarga pité ....
6. Nalika Embah séda, aku ....
7. Nalika Pakdhé rawuh, adhiku ....
8. Nalika bapak nemoni tamu, Mas Bima ....
9. Galengané dibedhah supaya tanduré ....
10. Lawangé dikancingi supaya omahé ....

IV. Tuladha:

a. ora wani :
ꦲꦺꦴꦫꦮꦤꦶ
b. ditawani :
ꦢꦶꦠꦮꦤꦶ

Tulisen nganggo aksara Jawa!

1. a. karung goni
 b. ditunggoni
2. a. among tani
 b. dipétani
3. a. bukuné Rani
 b. diparani

4. a. bibi sani
 b. dirasani
5. a. muni-muni
 b. ditamoni

V. Tuladha:

a. Dhik, matura Ibu manawa aku latihan PKS.
b. Dhik, kandhaa Beja mengko soré arep dakampiri.

Gawéa ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

1. mènèhi
2. nyaosi
3. maringi
4. ngaturi
5. mundhut

6. tuku
7. tumbas
8. tilik
9. tuwi
10. sowan

11. takon
12. takèn
13. ndangu
14. nyuwun priksa

[ 37 ]VI. A. Wacanen kang patitis!

PKS

PKS punika cekakanipun tembung Patroli Keamanan Sekolah. Patroli Keamanan Sekolah punika nama, mila boten kénging dipun cara jawèkaken, utawi dipun gantos mawi basa sanès. Patroli Keamanan Sekolah punika namanipun regu ing sekolahan ingkang ayahanipun mbiyantu warganing sekolahan njagi tata tentreming sekolahan.

Saben sekolahan kedah gadhah regu PKS. Awit tan kénging boten saben sekolahan temtu kepéngin kawontenaning sekolahanipun tata lan tentrem, tebih ing raos was sumelang. Langkung-langkung sekolahan ingkang mapanipun wonten ing sacelakipun margi ageng, margi ingkang ramé. Menawi boten katata, ing margi ingkang ramé temtu asring tuwuh kedadosan ingkang boten ngremenaken, upaminipun wontenipun tabrakan.

Bab tata tentreming kawontenipun margi punika dados tanggel jawabipun sadaya warganing negari ingkang sami langkung ing margi ngriku. Nanging bab punika taksih kathah para sadhèrèk ingkang boten rumaos, satemah perlu dipun awatawati utawi dipun jagi. Wondéné bebauning negari ingkang tinanggenah njagi lan ngawat-awati para ingkang lumampah ing margi supados lumampah manut pranatan ing samesthinipun punika bapak-bapak pulisi. Nanging, yektosipun cacahipun bapak pulisi punika boten imbang kaliyan ageng saha awrating jejibahanipun. Mila, ing babagan njagi tata tentreming margi punika bapak pulisi lajeng ndhapuk regu PKS ing sekolahan-sekolahan.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Apa irah-irahané wacan ing dhuwur kuwi?
  2. Wacan kuwi ana pirang alinéa?
  3. Coba tulisen baku-bakuning gagasan ing saben alinéa! [ 38 ]
    Wulangan ka-6

I. A. Wacanen batin!

Kancil karo Memedi Sawah

(Pocung)
Kancil karo Memedi Sawah

 


  1. Wanci ésuk baskara lingsir puniku,
    kancil sigra medal,
    saking garumbul kuliling,
    mider-mider maring tegal patimunan.


  2. Kagyat ndulu si kancil pangraosipun,
    yen ana manungsa,
    saking doh matakapeni,
    lamat-lamat kaya dudu kaya iya.

[ 39 ]

 
3. Mandheg mangu si kancil ing lampahipun,
   sakedhap angungak,
4. Mangu-mangu si kancil kèndel adangu,
   ngandikèng wardaya,
   yèn nyata manungsa yekti,
   pesthi obah lunga saking ing panggonan.
5. Iki dudu sun tingali nora maju,
   éca malang kadhak,
   nulya ana angin midid,
   mayug-mayug memedi lir ajumangkah.
6. Kancil gugup andhelik maras kalangkung,
   dangu ingantosan,
   mayug-mayug tan lumaris,
   angin ariş angirit gandaning sekar.

(Serat Kancil)

Katrangan

baskara = srengéngé
kagyat = kagèt.
matakapèni = kaya-kaya, ora cetha
wardaya = ati
yekti = temenan
nulya = nuli, banjur
maras = kuwatir
tan lumaris = ora mlaku
aris = alon

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Wayah ésuk kancil metu saka ngendi?
  2. Kancil banjur menyang ngendi?
  3. Kancil kaget, rumangsané weruh apa?
  4. Généya kancil ora pati percaya manawa sing katon malang kerik ana ing tengah pategalan kuwi manungsa?
  5. Wusanané kancil gugup, sumelang lan banjur ndhelik. Apa sababé? [ 40 ]

C. Tembang Pocung nem pada ing dhuwur kuwi tembangna,

Lagu, pedhotan utawa andheging napas, lan kedaling tembung, sing patitis, alon, aja kesusu!

II. A. Wayah èsuk baskara lingsir puniku.
Baskara kuwi tegesé srengéngé. Dasanamané srengéngé kuwi akeh.

Kayata: bagaskara, bagaspati, surya, pratanggapati, aruna.
Tembung-tembung ing ngisor iki dasanamané tembung apa?

1. warih, ranu, her, wé, tirta
2. samirana, pawana, maruta, bayu
3. samodra, udaya, tasik, jaladri, jalanidhi
4. candra, sasangka, sitaresmi, sasadara, kirana
5. agni, dahana, pawaka, brama
6. bantala, kisma, pratiwi, pratala
7. ardi, prabata, imawan, ancala, wukir casa.
8. prabatang, wreksa, taru
9. puspa, puspita, kusuma
10. kartika, taranggana, sudama

B. Tuladha:

a. Mangu-mangu si kancil kèndel adangu.

 Adangu asale saka tembung dangu, tegesé suwé.

b.Aku didangu Bapak Guru bab larané Basuki.

 Didangu asalé saka tembung dangu, tegesé takon. Didangu tegesé ditakoni.

Gawéa ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

1. a. sulak = semu; (ijo sulak kuning)
 b. sulak = arané piranti
2. a. puter = ubeng; mubeng
 b. puter = araning manuk
3. a. gumun = éram, gawok
 b. gumun = legokan ing lambé dhuwur (antarané bolongan irung)
4. a. lanjar = imbuh kawènèhaké wong sing tuku
 b. lanjaran (lanjar + an) = wilah (kayu) dianggo pikukuh rambataning tetuwuhan

[ 41 ]

5. a. pandung = kramané pangling
 b. pandung = kramané maling
6. a. ajar = nggeulang (sinau) supaya bisa
  b. ajar = pandhita tapa
7. a. dibubuti (di + bubut + i) = didudut lan dibedhol (tumrap suket, rambut, jenggot lan sapanunggalané)
  b. dibubuti (di + bubut ) = dilus lan diwangun sarana diubengaké serta disisrik (tumrap kayu, wesi lan sapanunggalané)
8. a. kalong = suda sethithik (marga dijupuk, dianggo lan sapanunggalané)
  b. kalong = bangsané lawa
9. a. kanji = wis ora wani manèh
  b. kanji = jur-juran pathi kanggo nyekuli klambi lan sapanunggalané
10. a. kedalon = kematengan
  b. kedalon = kewengèn

III. Tuladha:

Ana angin midid. (ukara lamba)
Memedi sawah obah mayug-mayug. (ukara lamba)
Ana angin midid, memedi sawah obah mayug-mayug. (ukara camboran)
Memedi sawah obah mayug-mayug amarga ana angin midid. (ukara camboran)
Gandhèngé ukara lamba karo ukara lamba dadi ukara camboran, ana kalané mawa tembung panggadhèng, ana kalané ora.

A. Ukara-ukra lamba ing ngisor iki dadèkna ukara camboran!

1. Aku sinau.
Ibu maos koran.
2. Bèbèkè Dira satus.
Bèbèkku selawé
3. Bapak gerah waos
Sawengi natas Bapak ora saged saré

[ 42 ]

  1. Tegalé Duryat ditanduri semangka.
  2. Tegalé Parmun ditanduri timun.
  3. Wisnu arep nonton bal-balan.
  4. Aku dikon ngampiri Wisnu.


B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung panggandhèng sing cocog, sing cumawis ing sisih tengen!

  1. Kebomu gawanen mulih baé, ... gudèlé susulna réné.
  2. Andri adus ... dandan.
  3. Gathot sida boyong menyang Sulawesi, ... omah lan pekarangané wis didoli kabèh.
  4. Aku wis ngerti surasané layangmu, ... bab panjalukmu aku durung bisa ngirimaké saiki.
  5. Sing didakwa njupuk bukuné aku, ... aku weruh baé ora.
  6. Bijiku wis apik, ... isih kalah apik karo bijiné Harmini.
  7. ... aku dhéwé lagi butuh dhuwit, aku ora bisa nulungi.
  8. ... kowé gelem ngampiri, aku gelem mèlu.
  9. ... kowé ora bisa teka, kowé kandhaa saiki.
  10. ... aku dudu niyaga, yèn mung dikon ngegong baé aku saguh.


a. apa manèh
b. lan
c. anadéné
d. déné
e. utawa
f. banjur
g. mangka
h. ambakna
i. yèn
j. éwadéné
k. sarèhné
l. anggeré

m. nalika


IV. Wong nganggit-anggit kuwi pendhapuking basané ana sing gancaran, ana sing ngango kacancang ing pathokan. Sing kacancang ing pathokan upamané awujud tembang Macapat, kaya pethikan ing dhuwur.

Mara, pethikan kang kadhapuk ing tembang Macapat ing dhuwur kuwi pendhapuking basané owahana dadi gancaran, kanthi ora ngowahi surasaning crita. Upamané wiwitana ngéné: [ 43 ]

Kancil karo Memedi Sawah


Wayah ésuk, nalika srengéngé lagi jumedhul ing sisih wétan, kancil tangi. Kancil njedhul saka ing gegrumbulan, banjur mider-mider menyang tegal patimunan.
.............................................
Lan sapituruté.

V. Mangu-mangu si kancil kèndel adangu, ngandikèng wardaya....
Ngandikèng wardaya kuwi garbané tembung ngandika ing wardaya.
Ngandika kuwi tembung basa krama inggil. Apa trap-trapané krama inggil ing ukara ing dhuwur kuwi wis bener? Terangna wangsulanmu!
Kajaba krama inggil, ana basa madya, basa krama, lan ana manèh basa kedhaton. Tuladha-tuladha ing ngisor iki wacanen kang patitis!

1. Basa madya
 a. Madya ngoko
 Mbok Sardi  :  Dika ésuk-ésuk kok empun mruput teng pasar. Onten prelu napa ta?
 Ni Nerta   :  Ajeng nempur; nèk rada kawanan, sok boten komanan, sab déné sing padha tuku boten ngemungaké wong ngriki mawon.
 b. Madyantara
 Sampéyan napa duwé keris sing apik?
 Karep kula, keris sing tuwa, tangguhé Majapait.
 Nèk sampéyan duwé, kula kepengin weruh kerisé. Nèk anu sampéyan gawa mriki. Njing napa sampeyan mriki malih.
 c.Madya krama
 Wanci ngèten kok seg kondur! Napa kathah padamelan?
 Niki wau mentas onten kéngkénan saking toko Asia, takèn napa sampeyan siyos mundhut radhio.
 Tiyangé kula kèn ngentosi sampeyan sekedhap, boten purun, lajeng cengkelak késah mawon. Lah nek ajeng mun-

[ 44 ]dhut radhio, ambok njing malem Minggu mawon tindak teng toko Asia.

Kowé ngerti bédané basa madya ngoko, madhantara, lan madya krama? Coba conto-conto ing dhuwur kuwi semaken!


2. Basa krama

Basa krama ana werna telu, yaiku mudha krama (a), kramantara (b), lan wredha krama (c). Mara, tuladha ing ngisor iki wacanen sing patitis.

Tuladha 1

Mas Bei Ranukarya (b) : Lo, sampéyan, mangga ingkang radi celak ngriki; punapa saking griya kémawon?
Mas Bei Handaka (a) : Nuwun inggih.
Mas Bei Ranukarya (b) : Wonten kapreluan punapa, kadingarèn énjing-énjing?
Mas Bei Handaka (a) : Manawi kepareng saha boten wonten pakèwedipun, kula badhé nyuwun ngampil lapak badhé kangge nyobi kapal.
Mas Bei Ranukarya (b) : Inggih, mangga. Punapa sampéyan tumbas kapal?

Tuladha 2

Sastrajumena (c) : Kados pundi kabaré, Dhi, angsal sampéyan dhateng Semarang, punapa angsal damel?
Prawiratenaya (a) : Saking pangèstu panjenengan saged angsal damel kalih-kalihipun.
Sastrajumena (c) : Pinten regi, Dhi? Janji angsalé ngawis didugi-dugi temtu boten badhé kawisen.

[ 45 ]3. Basa kedhaton Tuladha:

Dhadhap : Kula kok kepéngin meninga derbé jengandika deruk sundha punika.
Waru : Lah wawi dhateng ing griya kula. Namung sapuniki kok kendhak, dèrèng purun mungel, déning alihan enggen punika punapi.
Dhadhap : Peksi ocèh-ocèhan puniku mila wenten ingkang kèndel, angèl tangguhé. Yèn mekoten, bénjing besaos yèn sampun mungel malih kula jengandika kabari.
Waru : Enggéh prayogi!

Wujudé basa kedhaton iku tembung krama kamomoran tembung basa kedhaton, tanpa krama inggil tumrap wong kang diajak guneman.

VI. Dongèng kang paragané kewan, kayadéné pethikan ing dhuwur
(Kancil karo Memedi Sawah), kuwi jenengé fabe. Kajaba fabel
(dongeng sato kéwan), ana dongèng liyané, jenengé legèndhe, lan
ana maneh jenengé mite.
Legendhe kuwi dongèng bab asal-usuling papan, déné mite mono dongéng sing ana gegayutané karo piyandel bab roh-roh alus, peri lan sapanunggalané.
Ing sakiwa tengenmu mesthi akèh dongeng sing klebu ewone legèndhe lan mite kuwi.
Coba, kancamu dongèngana. Kowé kena milih, legèndhe utawa mite, salah siji.

[ 46 ]

Wulangan ka-7

A. Wacanen batin!

Jendral Akhmad Yani
Jendral Akhmad Yani

 Letnan Jendral Akhmad Yani, Menteri/ Panglima Angkatan Darat, gugur dadi bantening bangsa lan negara, mbélani adeging negara kang dhedhasar Pancasila.
Nalika samana PKI ambeg kumawasa adigang adigung adiguna, tansah mitenah liyan, mbudidaya murih ringkihing bangsa sarta abering Pancasila. Bangsa Indonesia lan para pangrèhing praja akeh kang padha gigrig ngadhepi solah bawa lan tindak-tanduké PKI. Nanging, Letnan Jendral Akhmad Yani ora. Panjenengane babar pisan ora miris ngadhepi PKI. Panjenengane nduwa lan ngalang-alangi kekarepané PKI sing arep njongkéng [ 47 ]kawibawané Pamaréntah. Mula, PKI gething lan ngigit-igit marang Letnan Jendral Akhmad Yani, sabanjuré mbudidaya nyingkirake panjenengane.

Kaleksanan. Dhèk tanggal 1 Oktober taun 1965 wayah bangun ésuk, kanthi mémba-mémba utusané Presiden, grombolan G 30 S/PKI lumebu ing dalemé Letnan Jendral Akhmad Yani. Letnan Jendral Akhmad Yani sing lagi saré kepati diwungu. Nalika panjenengané miyos saka kamar, dumadakan dibrondong mimis dening grombolan G 30 S/PKI kuwi. Letnan Jendral Akhmad Yani séda sanalika: Sawisé kaanané negara bali pulih tentrem, Letnan Jendral Akhmad Yani kaparingan ganjaran déning Pamarentah Republik Indonesia. Letnan Jendral Akhmad Yani winisudha dadi Pahlawan Revolusi, déné pangkaté munggah dadi Jendral Anumerta.

Ing bab kuwanèn lan kekendelané Jendral Akhmad Yani mbélani bebener, wis katitik nalika Jendral Akhmad Yani işih timur, nalika negara kita isih dijajah bangsa Walanda.

Sawijining dina Akhmad Yani sing nalika semana isih sinau ana ing pamulangan MULO ing kutha Bogor, mulih menyang Purwareja tilik rama ibuné. Ndelalah, keng ramané sing ora salah apa-apa, ujug-ujug disrengeni, diujar-ujari bebasan entèk amèk kurang golèk dening Walanda ndhuwurané. Priksa kaanan sing ora adil, apa manèh tumanduk marang keng ramané, Akhmad Yani muntab. Walanda sing murang tata kuwi genti diujar-ujari déning Akhmad Yani! Walandane anggone nesu saya ndadi. Akhmad Yani ditempiling. Akhmad Yani ora wedi lan ora mundur sapecak. Landa mau genti disadhuk wetengé. Wusana Landa lan Akhmad Yani banjur gelut uleng.

Sawisé Indonesia mardika, lan bareng Akhmad Yani wis diwasa, Akhmad Yani lumebu dadi prajurit. Sing diesthi mung siji, yaiku tata tentrem lan raharjaning bangsa lan negara. Dhasaré kendel, pinter, trengginas, lan trampil, kalungguhan lan pangkaté Akhmad Yani saya mundhak saya mundhak, nganti wusanané dadi Menteri/Panglima Angkatan Darat. Kuciwa, durung nganti ngraosaké wohing perjuwangané, Letnan Jendral Akhmad Yani kedadak gugur déning tangane bangsané dhéwé. Muga-muga arwahé Jendral Akhmad Yani tinampi ing pangayunaning Gusti Kang Maha Wikan lan Maha Asih. [ 48 ]B. Wangsulana kang patitis nganggo basa krama!

  1. Kekendelané Letnan Jendral Akhmad Yani wis ketara nalika panjenengane isih timur. Endi buktiné?
  2. Apa idham-idhamané Akhmad Yani?
  3. Kanggo nggayuh idham-idhamane kuwi Akhmad Yani mlebu dadi apa?
  4. Akhmad Yani pangkat lan kalungguhané saya mundhak saya mundhak. Apa sababe?
  5. Apa Akhmad Yani wis bisa ngrasakaké wohing perjuwangané?

II. PKI mbudidaya murih ringkihing bangsa lan abering Pancasila. Ringkih kosok baliné sentosa.

Mara, tembung-tembung sing cap-capané kandel ing ngisor iki golèkana kosok balinė, pilihen tembung-tembung sing cumawis ing ngisor!

  1. Ora salah apa-apa, ujug-ujug dhèwèké diujar-ujari penggedhéné.
  2. Uripé mulya, ora kekurangan sawiji apa.
  3. Rumangsa ora ana andhahané sing wani, dhèweké saya ngumbar hawa nepsuné.
  4. Sing sapa wani ing gampang wedi ing kéwuh, sasedyané ora dadi.
  5. Crah agawé bubrah, rukun agawé santosa.
  6. Prabu Yudhisthira ratu gung binathara ambek adil paramarta.
  7. Aja kesusu, pikiren dhisik sing sarèh.
  8. Wong sabar iku kekasihing Allah.
  9. Ujaring kandha: begja-begjané kang lali isih begja wong éling lawan waspada.
  10. Wani ngalah luhur wekasané.

a. sengsara-sengsarané
b. emban cindhé emban siladan
c. rèh-rèhané
d. asor
e. brangasan

f. rekasa
g. meper hawa nepsu
h. sasedyané kelakon
i. kesusu grusa-grusu
j. rukun

[ 49 ]III. Wetuning gagasan iku ana kang ngemu surasa asung pawarta, ana kang takon, ana kang surasané akon, ana kang isi pamenging, ana kang isiné pangandhé-andhé. Dadi, ana ukara andharan, ana ukara pitakon, ana ukara pakon, ana ukara pamenggak (pamenging) ana ukara pangandhé-andhé.


A. Ukara-ukara ing ngisor iki klebu éwoné ukara sing endi?

  1. Letnan Jendral Akhmad Yani winisudha dadi Pahlawan Revolusi.
  2. Sawisé séda, pangkaté Letnan Jendral Akhmad Yani munggah dadi apa?
  3. Terusna perjuwangané Jendral Akhmad Yani!
  4. Aja padha tiru trékahé G 30 S/PKI!
  5. Saiba bungahé penggalihé Letnan Jendral Akhmad Yani yèn bisa nguningani wohing pengorbanane.


B. Ukara-ukara iki rampungna!

1. Ukara andharan:
 Akhmad Yani muntab amarga...

2. Ukara pitakon:
 Généya...?

3. Ukara pakon:
 Adhimu banjur ...!

4. Ukara pamenggak:
 Aja..., Bapak lagi saré!

5.Ukara pangandhé-andhé:
 Iba bungahku yèn....


C. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing trep!

  1. dakgoncèngaké (ukara andharan)
  2. dakgoncèngaké (ukara pitakon)
  3. koampiri (ukara pamenging)
  4. ampirana (ukara pakon)
  5. gelema dakgoncengaké (ukara pangandhé-andhe) [ 50 ]IV. Tuladha
  1. ringkih = ꦫꦶꦁꦏꦶꦃ
  2. ringkihing bangsa = ꦫꦶꦁꦏꦶꦃꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦱ
  3. adhep = ꦲꦣꦼꦥ꧀
  4. ngadhepi = ꦔꦣꦼꦥ꧀ꦥꦶ
  5. pangkat = ꦥꦁꦏꦠ꧀
  6. pangkaté = ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦠꦺ
  7. paring = ꦥꦫꦶꦁ
  8. kaparingan = ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀
  9. budidaya = ꦧꦸꦢꦶꦢꦪ
  10. mbudidaya = ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶꦢꦪ


A. Tulisen nganggo aksara Jawa!

  1. bantening negara
  2. mirising ati
  3. diujar-ujari
  4. dipakani

5. diparingi ganjaran
6. dhasaré
7. njongkèng
8. ndhelik

[ 51 ]B. Tulisen nganggo aksara Latin!

  1. ꧋ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦢꦶꦮꦱ꧈ꦒꦤꦶꦢꦤꦶꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧈
  2. ꧋ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦠꦺꦱꦪꦩꦸꦁꦒꦴꦱꦪꦩꦸꦁꦒ꧉
  3. ꧋ꦩꦸꦒꦩꦸꦒꦲꦂꦮꦴꦲꦺꦢꦶꦠꦺꦴꦩ꧀ꦥꦝꦔꦺꦫꦤ꧀꧈
  4. ꧋ꦪꦤꦶꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦒꦚ꧀ꦗꦂꦫꦤ꧀꧈
  5. ꧋ꦲꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦸꦗꦸꦒ꧀ꦢꦶꦱꦽꦔꦼꦤ꧀ꦤꦶ꧉


V. Tembung njeron kurung ing ngisor iki pilihen sing cocog karo ukurane!

  1. (Ndika, Sampéyan, Jengandika) niku pripun nganyang disukakaké kok boten sida.
  2. (Ndika, Sampéyan, Jengandika) punapi derbé peksi ocèh-ocèhan?
  3. Dhi, (panjenengan, sampeuan, jengandika) punika wau saking griya kémawon punapa saking pundi, kok wanci ngaten sampun dumugi ngriki?
  4. Bulik, menawi (ndika, panjenengan, sampéyan) saéstu kondur dhateng Kedhiri kula badhé ndhèrèk. [ 52 ]
  5. Lé, (kowé, ndika, jengandika) mau apa wis sida matur Bulik yèn aku arep rana?
  6. Yen ndika boten kesusu, boten kétang sedhéla (mang, sampeyan, panjenengan) mampir teng nggèné adhi kula.
  7. (Kowe, Sampeyan, Panjenengan) ki piyé ta, Dhik, aku rak wis matur bola-bali ta!
  8. Yu, sesuk (sampeyan, panjenengan, jengandika) mriki malih, nggih, kula tumbasi jamuné.

VI. Kowe wis tau krungu dongènge kancil balapan karo kéyong, baya
sakali kapusan kancil, kancil karo juru tani, utawa dongeng dumadine Rawa Pening, dongèng dumadiné candhi Lara Jonggrang, utawa dongeng Nyai Blorong, utawa dongèng-dongèng liyane sing klebu ewone fabel, legèndhe utawa mite.

Coba tulisen salah siji dongeng sing koapali dhéwé lan sing kosenengi dhéwé. Ora susah dawa-dawa ringkes bae!
Upamane kaya ing ngisor iki, wacanen!

Kebo Memitran karo Macan, Disétani Kethèk

Kebo njaluk pangayoman marang macan, diwènèhana panggonan ing tengahing alas sing ketel suketé, Macan nyaguhi nanging kanthi prajanji samangsa kebo wis lemu kudu gelem dadi mangsane si macan. Kebo ora kabotan. Kelakon, kebo memitran karo macan. Nalika awaké wis lemu macan lali marang janjiné kebo. Ndadak kethèk ngélingake.

Macan nagih janji. Kebo rumangsa wis rosa lan santosa. Macan digetak. Macan kagèt, mlayu nggendring sipat kuping. Rumangsa duwé satru, kebo ngajak memitran lan njaluk pangayoman marang kancil, kidang, menjangan, gajah, lan banthèng. Nanging, kéwan-kéwan kuwi ora ana sing gelem, jalaran kabèh uga padha wedi marang macan. Lucu, sing gelem malah wedhus prucul. Mula, wiwit nalika kuwi saben dina si kebo banjur runtang-runtung karo wedhus prucul.
Ing sawijining dina kebo karo wedhus prucul padha golèk pangan ing kebon gedhang sing wis diobong. Weruh kebo karo [ 53 ]wedhus prucul énak-énak nyenggut suket, kethèk mbujuki macan supaya kebo lan wedhus dimangsa baé. Pambujuké kethèk supaya wedhuse baé sing dimangsa dhisik. Weruh ana macan grundhuk, wedhus prucul waspada. Wit gedhang sing kobong kuwi dibijiki nganti padha ambruk. Weruh "kadigdayané" wedhus prucul, macan wedi, mlayu nggoleki papan pandhelikane kethèk. Kethèk ngguyu ngakak. ”O, macan jirih,” kandhane kethèk marang macan. ”Ayo takterke, nanging saka kadohan bae. Ngisin-isini macan wedi karo wedhus prucul.”

Kebo karo wedhus prucul lagi padha ngombe ana ing sendhang. Weruh macan teka, wedhus prucul kandha, ”Ha, kebeneran, iki kancané teka. Sing siji ndhasé wis dakbuwang menyang sendhang, sing siji teka soroh awak. Kéné, takpangan sisan. Macan nginguk menyang njero sendhang. Weruh ayang-ayangané ndhasé dhéwé dikira dhasé kancané. Cengkélak, macan mlayu nggolèki kethèk sing umpetan ana ing gegrumbulan.

Saiki kethèk saguh ngeteraké macan nganti tekan panggonané kebo karo wedhus prucul, ora mung saka ing kadohan. Malah saiki buntuté kethek ditalèkaké buntuté macan, déne si kethèk lungguh ana ing gigiring macan.

Kebo karo wedhus prucul wis nggrahita, manawa macan karo kethèk mesthi bakal teka manèh. Kanggo jaga-jaga, kebo karo wedhus prucul padha mangan godhong jati, pamrihé supaya lambené abang mèngèr-mèngèr.

Tekan ing panggonané kebo karo wedhus prucul, macan banget ing wediné. Jalaran, weruh lambéné wedhus prucul karo kebo abang mèngèr-mèngèr. Pangirané, kebo karo wedhus prucul mentas éntuk mangsa macan manèh. Macan cengkélak bali. Mlayu nggendring sipat kuping, ora nggagas yèn ing gigiré ana kethèk. Kethèk mrucut anggoné cekelan. Kethèk kesèrèt-sèrèt, awaké ajur mumur, mung kari buntuté sing isih kelèt dadi siji karo buntuté macan.

Saiki macan wis ora duwé kanca manèh, déné kebo karo wedhus

prucul isih lestari anggone padha memitran. [ 54 ]

Wulangan ka-8

I. A. Wacanen batin!

Bendungan Serbaguna Jatiluhur
Kridha Basa 1 (page 59 crop)

Biyèn, saben mangsa rendheng Kali Citarum ing tlatah Jawa Kulon banjir bandhang, gawé pituna kang ora sethithik marang pendhudhuk kang padha dedunung ing sakiwa-tengené. Sawah maèwu-èwu héktar kérut ing banjir lan karendhem ing banyu kali.

Bareng bangsa Indonesia wis uwal saka regemaning penjajah, Pamaréntah Republik Indonesia menggalih rékadaya carané ngentásaké rakyat ing sakiwa-tengené Kali Citarum kuwi saka bebaya banjir. Pepuntoning gagasan, Pamaréntah mbangun bendungan. Nanging, durung nganti rancangan mau katindakaké, Walanda nyaru wuwus bali mlebu ing laladané ne[ 55 ]

gara Republik Indonesia, kepéngin njajah manèh. Kepeksa,
bangsa lan Pamaréntah Republik Indonesia ngadani perang
mungsuh bangsa Walanda, mbélani tanah wutah getih.

 Lagi ing taun 1961 bangsa Indonesia klakon bisa miwiti
mbangun wadhuk, kanggo nanggulangi kurdane Kali Citarum ing
mangsa rendheng. Wadhuk kuwi mapané ana ing Désa Jatilu-
hur, klebu wewengkoné Kabupatèn Purwakarta. Wragad kang-
go mbangun wadhuk kuwi udakara selawé yuta dholar Amerika
Serikat.

 Sawisé sengkud makarya, bangsa Indonesia katurutan se-
dyané. Ing taun 1967 anggoné mbangun wadhuk mau wis ram-
pung. Lan, nalika tanggal 25 Agustus taun 1967 Pejabat Presi-
den Republik Indonesia Bapak Suharto kepareng ngresmekaké
wadhuk mau, kang banjur diparingi jeneng Wadhuk Serbaguna
Jatiluhur, jumbuh karo mumpangaté.

 Wadhuk Jatiluhur diarani wadhuk serbaguna, jalaran pan-
cèn pigunané ora sethithik. Wadhuk mau kajaba bisa nang-
gulangi bebaya banjir, uga kuwawa ngoncori sawah maèwu-
èwu héktar, bisa ngubengaké turbin listrik sing bisa ngasilaké
listrik atusan milyun kilowat. Kajaba kuwi, Wadhuk Jatiluhur
uga dadi papan kanggò miyara iwak loh.

 Saliyané kuwi, wadhuk Jatiluhur sing mapané ana ing tengah-
tengahing tanah pegunungan sing asri, uga dadi papan palan-
congan kang nengsemaké. Ing kana wong-wong kang padha
mlancong saperlu ngénggar-énggar ati bisa dolanan ski air, ten-
nis, praon, lan uga mancing. Sing kepengin memangan, ing ka-
na uga dicepaki restoran. Réstoran kuwi ana sing digawé ing sa-
dhuwuré drum-drum sing kumambang ing sadhuwuré banyu.

 Dadi, Wadhuk Serbaguna Jatiluhur pancèn serbaguna te-
nan. Liré, Wadhuk Jatiluhur pancèn gedhé paédahé tumrap
rakyat ing sakiwa-tengené, sumrambahe tumrap bangsa lan ne-
gara, kang lagi sengkut nindakaké pembangunan nasional.
 

B. Wangsulana kang patitis!

 
1. Biyèn, saben mangsa rendheng wong-wong ing sakiwa-
tengené Kali Citarum padha nandhang sangsara. Apa sa-
babé?

55

[ 56 ]

  1. Kanggo ngentasaké rakyat saka bebaya kuwi, Pamaréntah Indonesia ada-ada mbangun apa?
  2. Kapan Bapak Presiden ngresmèkaké bendungan kuwi?
  3. Généya bendungan Jatiluhur kuwi diarani wadhuk utawa bendungan serbaguna?
  4. Apa baé pigunané Wadhuk Serbaguna Jatiluhur?


II. Tuladha:

a. Pamaréntah ada-ada gawé wadhuk, jenengé Wadhuk Serbaguna Jatiluhur. Wadhuk yaiku tlaga gawéan.
b. Ing jero wadhuk ana jat-jat kang mbantu ngrancangaké pangejuring pangan.

Wadhuk yaiku pérangan njero weteng papan kanggo ngejur pangan.


Wadhuk kang ateges tlaga gawéan, lan wadhuk kang ateges pérangan njero weteng papan pangejuran pangan, kuwi jenengé tembung homonim. Yaiku tembung padha sing tegesé béda.


Mara, gawéa ukara nganggo tembung-tembung homonim ing ngisor iki!

  1. a. sampun = aja
  2. b. sampun = uwis
  3. a. aos = mentes
  4. b. aos = aji, rega
  5. a. aji = rega
  6. b. aji = ratu
  7. a. beton = isi nangka
  8. b. beton = caruban semèn lan krikil
  9. a. bledug = lebu katut angin
  10. b. bledug = anak gajah
  11. a. buk = ora bathi ora tuna
  12. b. buk = urung-urung
  13. a. laya = rusak, sirna, mati
  14. b. laya = panggonan

[ 57 ]

8. a. brana = bandha
    b. brana = tatu
9. a. cucuk = cangkeming manuk lan sapanunggalané
    b. cucuk = sumbut
10. a. rata = ora mendhak mendhukul
    b. rata = kréta

III. Tuladha:
a. Bendungan kuwi jenengé Bendungan Karangkatès.
   (Ukara andharan)
b. Kalèn kuwi bendungen!
   (Ukara pakon)
c. Sapa sing ngresmèkaké bendungan kuwi?
   (Ukara pitakon).
d. Kalèn kuwi aja kobendung, banyuné mundhak mambeg!
   (Ukara pamenging)
e. Upama bendungané disentosani, banyuné kena kanggo ngon-
   cori sawah atusan hektar.
   (Ukara pangandhé-andhé)

1. Gawéa ukara andharan nganggo tembung-tembung ing ngisor
   iki!
a. wadhuk
b. ngresmèkaké
c. banjir bandhang.
d. keleban

2. Gawéa ukara pitakon nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. apa
b. sapa
c. pira
d. kapan

3. Gawéa ukara pakon nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. bedhahen
b. ilèkna
c. golèka
d. tawunen
 

57

[ 58 ]

  1. Gawéa ukara pamenging nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
  2. a. aja kobedhah
    b. aja koilèkaké
    c. aja kosirami
    d. aja kotawu

  3. Gawéa ukara pangandhé-andhé nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
  4. a. Iba ..., yèn ....
    b. Méndah ..., yèn ....
    c. Upama ..., ....

IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!

  1. Bendhungan kuwi jenengé Bendungan Serbaguna Jatiluhur.
  2. Sawisé sengkud makarya, bangsa kita duwé wadhuk sing amba banget.
  3. Banyuné wadhuk kuwi kuwawa ngoncori sawah maèwu-èwu héktar.
  4. Sing kepéngin memangan, ing kana uga dicawisi réstoran.
  5. Wadhuk Jatiluhur uga dadi papan kanggo miyara iwak loh.

Katrangan:

a. Wujudé pasangan

ꦲ꧀ꦲ ꦤ꧀ꦤ ꦕ꧀ꦕ ꦫ꧀ꦫ ꦏ꧀ꦏ


ꦢ꧀ꦢ ꦠ꧀ꦠ ꦱ꧀ꦱ ꦮ꧀ꦮ ꦭ꧀ꦭ


ꦥ꧀ꦥ ꦣ꧀ꦝ ꦗ꧀ꦗ ꦪ꧀ꦪ ꦚ꧀ꦚ


ꦩ꧀ꦩ ꦒ꧀ꦒ ꦧ꧀ꦧ ꦛ꧀ꦛ ꦔ꧀ꦔ
[ 59 ]b. Sandhangan swara


= wulu

= pepet


= taling

= suku


ꦺꦴ = taling tarung



c. Sandhangan panyigeg wanda

= layar (/mati)

= wignyan (/mati)

= cecak (/mati)

d. Pada

= pada lingsa ( , )

= pada lungsi ( . ). Tumrap ukara sing pungkasané pangkon, pada lungsi iki wujudé dadi: ꧀꧈


V. Tuladha:

a. Sudir kandha manawa sésuk aku arep diampiri.
b. Budhé ndangu apa aku weruh lungané Mas Bima.
c. Aku matur marang Bulik yèn aku sésuk arep langèn menyang Pengging karo Dhik Andri.


Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing unggah-unggguhé bener!



  1. a. mènèhi
    b. maringi

  2. a. ngundang
    b. nimbali
    c. ngaturi




  1. a. njaluk
    b. mundhut
    c. nyuwun

  2. a. ditekani
    b. dirawuhi
    c. disowani


[ 60 ]VI. Kowe wis tau krungu crita Rama Tambak? Yaiku crita sing nyritakaké bala kethek, balané Prabu Rama, mbendung segara sing ngelet-eleti Gunung Mahendra karo Kraton Ngalengka?

Rama Tambak kuwi crita wayang. Crita wayang mono baboné ana rong werna, yaitu crita Mahabarata karo crita Ramayana.
Dhèk jaman Surakarta akèh pujangga sing padha nganggit crita wayang. Upamané: Kyai Sindusastra nganggit buku Serat Arjunasasra, Serat Partakrama, Serat Srikandhi Maguru Manah, Serat Sumbadra Larung, Serat Cèkèl Wanèngpati.
Kanjeng Pangeran Arya Kusumadilaga nganggit buku Jagal Birawa, Linggapura, Semar Mbarang Jantur, lan Kartawiyoga Maling.

Pethikan Layang Jagal Birawa ing ngisor iki tembangna bebarengan!

Durma

  1. Wanti-wanti pandhendhanira ki Patya, sang Birawa tan osik, anglir tugu waja, sinosog ngalang-alang, nora mantra-mantra sakit, akon malesa, sang Adipati nitir.
  2. Sang Birawa anggereng-gereng kéwala, bingung sang Adipati, entèk gegamannya, tan ana kang tumama, kaku tyas sigra marani, anggraut dhadha, tangan ro angruweki.
  3. Thokar-thakur, ”Mara ge sira malesa, takrasakné sethithik, gadamu kuwé ta, baya nora karasa, tiba nèng awakngong pasthi.” Sang Abirawa, nolih marang kang rayi.
  4. Risang Parta mangsit kinèn amalesa, sang Birawa nampan wangsiting arinya, gadgada gya rumupak, ki Patih bingung népangi, gantya dhinupak, jajanira Dipati.
  5. Sru kuwalik kátikel tiba ping sanga, tanginira ambithi, ginere rinupak, Patih akuthéthéran, tibanira dèn ideki, mring sang rawa, tepung tan bisa osik. [ 61 ]

6. Kinakahan jaja sinudhet kanaka, suwèk brak angemasi, mawur wong kapatyan, maledug asarsaran, tan ana wani anolih, sanget ajrihnya, mung arsa tur udani.

7. Mring kadangé Ki Patih ingkang taruna. Yata wau kang wuri, sang Jagal Birawa, lir tugu sinukarta, ngadeg ing natar pribadi, kadi taksaka, kaideg ingkang pethit.

8. Mingak-minguk nolah-nolèh ngering nganan, tan ana kang kaèksi, wadya kapatihan, wau Arya Palguna, wruh lamun kang raka sedhih, nulya amerak, nembah ngraup padèki.

9. "Paran Kakang punapa kang dados susah, lampah sampun pinasthi, karsaning bathara, pundi nggèné suminggah, begja cilaka myang pati, tunggil marganya, paran nggèné nyélaki.

10. Sinten wruha prakara dadining yuda, paduka lan Kya Patih, senadyan leresa, saèstu dados lepat." Sang Birawa ngandikaris: "Lamun sembada, sira muliha dhingin.

11. Marang ngarga lawan kakangmu sang Tandha, si Kembar konen mijil, padha gawanana, aminggat mring patapan, aywa na kang siji kèri, senadyan iya, mungsuh gedhé ing wuri.


Pangkur

1. Aywa sumelang ing driya, dumèh ingsun tanpa rowang mung siji, witing tan kogel atiku, mring kakang tuwin sira, wis tégakna baé sira dèn amungkul, atunggu kaki Biyasa, sukur yèn sun nemu urip.

2. Suka prasrahna ing déwa, dimèné ta dijur luluh wak mami, suka dadia mun-amun." Sang Parta duk miyarsa, andikanya kang
raka kinèn mring gunung, angrangkul pepangkonira,: "Dhuh
kakang sedulur mami.

3. Teka ngandika mangkana, paran karsa pun ari pinrih tebih. Duk dinten punapa ulun, pisah lawan andika, yèn sampuna ja-
 

[ 62 ]wata kang wèh pituduh, pinisah pinrih mring ngarga, angeter mring ibu Kunthi.

4. Punapa dadak kawula, purun pisah sadalu twin saari, aluwung upaminipun, kakangmas manggih boja, sapintena ing tilem boten ngrempelu, ngresula kantun nenadhah, ing mangké paduka manggih.

5. Wiyoga margi paduka, sinikara wasana karya pati, tansah ing wuri mawuyung, wigena pindha papa, yèn kongsia pisah ugi ta ing pungkur, kakangmas manggih cintraka, siniksa mring sri bupati.

6. Sinten ingkang nglabuhana, ya marmané sampun salah ing budi, mring kadang amrih tinungkul, dhuh kakang dhuh si kakang, pejah gesang saèstu lumuh yèn kantun.” Yata sang Jagal Birawa, duk myarsa wuwusing ari. [ 63 ]

Wulangan ka-9

I. A. Wacanen batin!

ABRI Masuk Desa

Désa Padhas lemahé cengkar. Para kepala somahé akèh sing padha bara menyang liya panggonan. Ana sing dadi buruh bangunan, ana sing adol bau, ana sing dodolan. Sawetara sing padha ora bebara, padha tetanèn, nggarap lemah pategalané. Sarèhné lemah cengkar, mula pametuné ora kena dijagakaké kanggo nyampeti kabutuhané. Prakara kuwi mesthi bae ngrerendheti lakuné pembangunan. Ora mung rendhet, wiwit jaman biyèn nganti tekan saiki kaanané désa Padhas popog, ora ana kaundhakané apa-apa.

Weruh kaanan sing nrenyuhaké kuwi ABRI tanggap. [ 64 ]Panggedhéné ABRI njaluk palilah marang Bapak Bupati, Bapak Camat, lan Bapak Lurah sing mbawahake désa Padhas, arep urun iguh pratikel lan bau suku, bebarengan karo rakyat ing desa kono, mbangun desa Padhas. Mesthi bae panjaluke bapak-bapak ABRI kuwi ditampa kanthi bungahing ati.

Sawisé dirancang tharik-tharik, ing dina kang wis ditemtokaké, bapak-bapak ABRI kelakon teka ing désa Padhas. Ana ing upacara pembukaan Bapak Pimpinan ABRI ngendika, cuplikane ngéné, ”Sedulur-sedulur kabèh warganing désa Padhas sing daktresnani. Tekaku rene ora arep aweh apa-apa. Aku sakanca réné saperlu arep urun rembug, urun panemu, lan urun bau suku kanggo ajune désa Padhas. Muga-muga tekaku ing kéné bisa muwuhi rancaging lakuné pembangunan. Rakyat bungah banget. Pidhatoné Bapak Pimpinan ABRI kuwi diwangsuli nganggo keplok mawurahan.

Ora kalah trengginas, Bapak Bupati lan wakile rakyat désa Padhas kanthi cekak aos genti-gentèn pidhato. Wose isine mangayubagya tekané lan niyaté bapak-bapak ABRI kuwi.

Ana ing desa Padhas bapak-bapak ABRI kuwi suwéné rong puluh dina. Sajroné rong puluh dina kuwi, ing wayah awan bapak-bapak ABRI, rakyat lan para Pramuka padha gotong royong ndandani dalan, njerokaké kalèn, gawe buk, lan ndandani pager. Lan, uga gawé sumur bur, gawé papan kanggo adus, kanggo ngumbahi lan kanggo bebuwang, kang katelah aran MCK. Sumur bur lan MCK mau ora mung siji loro, nanging puluhan, cukup kanggo wong sadesa. Wayah bengi bapak-bapak ABRI mbiyantu petugas-petugas dinas ing Kecamatan kono menehi sesuluh marang rakyat Padhas. Yaiku, sesuluh bab transmigrasi, bab keluarga berencana, bab panjaganing kuwarasan, bab wiraswasta, lan sapanunggalané.

Sapungkuré bapak-bapak ABRI saka ing desa Padhas, kaanané désa dadi mundhak resik, mundhak reja, lan lakuné pembangunan uga dadi mundhak rancag. [ 65 ]B. Wangsulana kang patitis!

  1. Désa Padhas lemahé kepriyé?
  2. Racaké panguripané wong-wong wargané désa Padhas kuwi kepriye?
  3. Généya lakuné pembangunan ing desa Padhas sendhet?
  4. Apa ancase bapak-bapak ABRI padha teka ing desa Padhas?
  5. Ing wayah awan bapak-bapak ABRI padha tumandang apa?
  6. Wayah bengi bapak-bapak ABRI padha tumandang apa?
  7. Kepriye kaanane desa Padhas sapungkure bapak-bapak ABRI?


II. Tuladha:

Désa mawa cara, negara mawa tata.

Unèn-unền kuwi jenengé paribasan. Paribasan mono unèn-unèn gumathok, ora kena diowahi, ora kena dikramakake.
Desa mawa cara negara mawa tata, tegesé saben panggonan duwe adat utawa tata cara dhéwé-dhéwé. Upamané baé bab sumbang- sinumbang. Sawenèhing panggonan, yèn ana wong duwé gawé, sing nyumbang ibu. Nanging ing panggonan liya, yèn ana wong duwé gawé, Bapak lan Ibu padha nyumbang dhéwé-dhéwé.


A. Paribasan-paribasan iki terangna tegesé!

  1. Rukun agawé santosa, crah agawé bubrah.
  2. Adigang adigung adiguna.
  3. Becik ketitik ala ketara.
  4. Ciri wanci lelai ginawa mati.
  5. Kebat kliwat, gancang pincang.
  6. Sepi ing pamrih ramé ing gawé.
  7. Jer basuki mawa béya.
  8. Rawé-rawé rantas, malang-malang putung.
  9. Dipalangana mlumpat, ditalènana medhot.
  10. Tinggal glanggang colong playu. [ 66 ]B. Kaanan-kaanan iki golèkano paribasane, nganggo tembung sing

ana ing jero kurang!

  1. Ninggal pagawéan sing durung rampung. (kokoh).
  2. Nyeled kasaguhan. (idu)
  3. Éthok-éthoké kekancan, sejatiné memungsuhan. (rowang).
  4. Sugih omong, nanging uga mrantasi gawé. (criwis)
  5. Kétoké tetulung, nanging malah gawé rekasane sing ditulungi. (tulung)
  6. Ora gelem mèlu kangélan, nanging mélik kasilé. (jamur)
  7. Wong kang bisa mentas saka kaskayané dhéwé. (opor bèbèk)
  8. Warta kuwi adhakané mundhak utawa suda saka nyatané. (pawarta)
  9. Bisa nangguh mangsa, utawa bisa milah-milahaké kaanan. (angon)
  10. Lamis, omongane mung kanggo ngenaki atiné liyan. (lambe)


III. Tuladha:

Sawisé dirancang tharik-tharik, ing dina kang wis ditemtokaké bapak-bapak ABRI kelakon teka ing desa Padhas.

a. Dirancang kuwi asalé saka tembung rancang éntuk ater-ater di.
b. Tharik-tharik kuwi asalé saka tembung tharik sing dirangkep.

Tembung rancang lan tembung tharik jenengé tembung lingga: tembung dirancang lan tembung tharik-tharik jenengé tembung andhahan.

Owahe tembung lingga dadi tembung andhahan kuwi ana kang sarana diwènèhi ater-ater, ana sing diwènèhi panambang, ana sing sarana diwènèhi seselan, ana sing sarana dirangkep, ana sing sarana diwor utawa dicambor karo tembung lingga liyané. [ 67 ]

 
1. Ater-ater
Ater-ater ana warna-warna, yaiku:
a. Ater-ater anuswara an(n), am(m), ang(ng), lan any(ny).
b. Ater-ater tri purusa dak (utama purasa), ko (madyama purusa), lan di (pratama purusa).
c. Ater-ater sa, pa, pi, pra, pri, pa lan swara irung (pan, pang, pam, pany), tar, ka, kuma, kami, kapi, para, pari, a, ma.

 
2. Panambang
Panambang yaiku wuwuhan ing saburiné tembung lingga.
Panambang cacahé uga akèh, yaiku: panambang i, aké, a, na, an, ana, en, lan panambang sesulih pandarbé yaiku ku, é, né, mu.

3. Seselan
Seselan cacahé ana papat, yaiku seselan el, er, um, lan in.

4. Pangrangkepé tembung lingga
Pangrangkepé tembung lingga dadi tembung andhahan ana werna telu, yaiku: rangkep wandané ngarep, rangkep wandané buri, lan rangkep satembung wutuh.

Alinéa kapindho wacan ing dhuwur, wiwit saka tembung weruh nganti tekan tembung bungah golèkana:

  1. tembungé lingga, ana pira
  2. tembung sing mawa ater-ater anuswara lan panambang aké
  3. tembung sing dirangkep linggané
  4. tembung sing éntuk ater-ater sa
  5. tembung wandané ngarep dirangkep lan éntuk panambang an
  6. tembung sing éntuk ater-ater anuswara
  7. tembung sing éntuk ater-ater pratama purusa
  8. tembung sing entuk ater-ater ka lan panambang an
  9. tembung sing éntuk ater-ater pa lan swara irung (pang) lan panambang né.


IV. Biyèn, nalika bangsa Indonesia mbélani kamardikane kang lagi baé dikumandhangake, bapak-bapak Tentara kepeksa ngecakake perang gerilya. Yèn wayah awan bapak-bapak Tentara mau momor sambu ana ing tengah-tengahing rakyat, déné ing wayah bengi mlebu kutha nggecak mungsuh.

[ 68 ]Mara, gawéa karangan cekak aos nganggo basa krama, critakna bab sekuthoné rakyat karo bapak-bapak Tentara dhèk jaman perang kamardikan kuwi!

V. Pacelathon iki apalna, banjur tindakna ana ing ngarep klas karo kancamu!

Pak Lurah : Sedhèrèk-sedhèrèk kula para warganing dhusun Padhas ingkang kula tresnani. Panjenengan kula aturi nglempak wonten ing balé dhusun ngriki badhé kula ajak rembagan bab rancanganipun bapak-bapak ABRI ingkang badhé rawuh ngriki mbiyantu kula panjenengan sedaya mbangun dhusun Padhas.
Pak Ménta : Punapa ingkang badhé dipun rembag, Pak Lurah? Bab ragadipun punapa bab punapanipun.
Pak Lurah : Bab ragadipun boten, Pak Minta.. Kagem dhaharipun wonten ing ngriki bapak-bapak Tentara sampun ngasta piyambak.
Pak Karja : Lajeng, bab punapa ingkang badhé dipun rembag.
Pak Lurah : Kathah, Pak. Upaminipun, wonten pundi mangké Pak Tentara anggenipun badhé ngedegaken tendha, sinten sedhèrèk ngriki ingkang ngrigen-ngrigenaken, lan sapiturutipun.
Ketua LKMD : Mesthinipun ugi rancangan saking kula panjenengan sadaya bab punapa kemawon ingkang badhé kasuwunaken bantuan iguh pratikel lan bau sukunipun Pak Tentara.
Pak Sangaji : Menawi bab punika, punapa boten cekap LKMD lan Bapak Lurah kemawon ingkang ngrancang?
Pak Lurah : Leres, Pak Sangaji. Kula kaliyan LKMD sampun damel rancangan. Rancangan punika sapunika badhé kula ajengaken wonten ing ngriki, dipun rembag sesarengan. Yèn wonten kirangipun dipun wewahi, menawi kekathahen dipun kirangi.

[ 69 ]

Pak Léman : Menawi kersanipun Pak Lurah ngaten, mumpung taksih enjing, mangga-mangga lajeng kémawon dipun wiwiti. Rak ngaten ta sedhèrèk-sedhèrèk?
Wong-wong kabèh : Setuju, setuju!


VI. Pethikan ing ngisor iki tembangna bebarengan!

 
      Asmaradana

1. Garundelan anèng margi,
”Muga tinawana mengsah,
ing mengko sawuriningong,
déné tan nora kejamak.”
Geter lor wétan ngakak,
wiku tyas Laksmana wiku,
napata wus nusul tebah.

2. Sawuriné Laksmana glis,
sang Retna madeg mangalap,
sekar patapan tepiné,
Dasamuka gya umangsah,
sampun amalih warna,
arupa pandhita sepuh,
pandhita Keling namanya.

3. Anyikruk wus kaki-kaki,
asuci liyep ulatnya,
meles kalimis gundhulé,
ana kuciré ing wuntat,
untuné resik pethak,
kundhala akalung waluh,
gerong ingisénan toya.

(Serat Rama R.Ng. Yasadipura I)

[ 70 ]Katrangan:

  1. Tembang Asmaradana telung pada ing dhuwur kuwi pethikan saka buku Serat Rama anggitané R.Ng. Yasadipura I.
  2. Serat Rama kuwi baboné saka crita kuna, crita Ramayana.
  3. Anggitané R.Ng. Yasadipura I ana telung warna, yakuwi jarwan, bangunan, lan yasan.
    Sing klebu buku jarwan, upamané: Serat Rama, Serat Bratayuda, Serat Wiwaha Jarwa.
    Déné sing klebu bangunan upamané: Serat Ménak, Serat Ambiya, lan Taju Salatin.
    Buku-bukuné R.Ng. Yasadipura I sing klebu éwoné yasan upamané: Babad Giyanti, lan Serat Cebolèk. [ 71 ]
    Wulangan ka-10

A. Wacanen batin, banjur tembangna!

 
        Wajibing Ngagesang
         (Dhandhanggula)


1. Wus wajibing manungsa puniki,
anggayuh mring urip kang utama,
tri sarana ing saraté,
kapisan budi luhur,
ilmu kawruh kang kaping kalih,
katelu gegayuhan,
den kantheni laku,
tri sarana iku poma,
aja nganti sira tinggal salah siji,
sayekti yèn utama.

2. Anulada caritané nguni,
duk Pandhawa darbé gegayuhan,
utama luhur uripé,
ambabad wana agung,
gawat wingit alas Martani,
éwasamono nora,
mingkuh sarta éwuh,
saking wantering kang tékad,
temen-temen tri sarana kang denpusthi,
kalakon siddhakarya.


3. Déné luhur utamaning urip,
teges wajib nembah maring Allah,
jrih asih mring wong tuwané,
tresna marang sedulur,
njunjung bangsa mundhi nagari,
lir Pandhawa pindhanya,
caket lan déwagung,

71

[ 72 ]

 
maring ibu bakti tresna,
labuhanta mring nusa bangsa puniki,
dèn kadi Kumbakarna.

(Iman Sutapa, Sastra Gita Wicara I, Ki Hadiwijana)

B. Wangsulana kang patitis, nganggo basa krama!

  1. Manungsa kudu nggayuh apa?
  2. Apa sranané kanggo nggayuh urip utama kuwi?
  3. Urip utama kuwi sing kepriyé?
  4. Cakétmu marang Gusti Allah pindhané kaya cedhaké sapa marang sapa?
  5. Tresnamu marang wong tuwamu kaya tresnané sapa marang sapa?
  6. Anggonmu labuh marang nusa lan bangsamu kaya lelabuhané sapa?
  7. Tembang Dhandhanggula telung pada kuwi anggitané sapa, kapacak ana ing buku apa, yasané sapa?

C. Wacanen kang patitis!

  1. anulada caritané nguni.
  2. saking wantering kang tékad
  3. temen-temen tri sarana kang denpusthi
  4. kalakon siddhakarya
  5. jrih asih mring wong tuwané
  6. njunjung bangsa mundhi nagari
  7. lir Pandawa pindhanya
  8. caket lan déwagung
  9. labuhanta mring nusa bangsa puniki


II. Wong duwé gegayuhan mono kudu cundhuk karo kekuwatané.
Wong duwé gegayuhan kang ora cundhuk karo kaanan lan kekuwatané, akèh mlèsèdé karo kecekelé. Wong mau disalokakaké: Cébol nggayuh lintang.


A. Mara, saloka-saloka iki terangna tegesé!

1. Katepang ngrangsang gunung.
2. Asu arebut balung.

[ 73 ]

  1. Bathok bolu isi madu.
  2. Dhandhang diunèkaké kontul, kontul diunèkaké dhandhang.
  3. Jurang growah ora mili.
  4. Emprit abuntut bedhug.
  5. Gajah ngidak rapah.
  6. Kebo nusu gudèl.
  7. Kutuk marani sunduk.
  8. Pitik trondhol diumbar ing padaringan.

B. Kaanan ing ngisor iki golèkana salokané, nganggo tembung sing ana ing sajroning kurung!

  1. Wong pinter mungsuh wong pinter, nanging kalah ubed. (bèbèk)
  2. Nemu bilai jalaran murka.(jalma)
  3. Jinja jalaran wis tau nemoni reribed. (jaran)
  4. Lair batin béda, nanging ketara. (gajah)
  5. Wong pinter njaluk diangsu kawruhé. (sumur)
  6. Wis apes nanging balé omahé isih sentosa, dadi ora kena digegampang. (yuyu)
  7. Wong becik utawa wong pinter ora ana sing milala nganti tumekaning pati. (kebo)
  8. Kabotan ngingoni anak putu sanak sedulur. (kebo)
  9. Menganggo mrabot ngambah dalan gawat. (kutuk)
  10. Wong ala dipitaya ngreksa barang kang dadi pakaremané. (pecruk)

III. Tuladha:

Kecekelé gegayuhan kudu sarana disetiyari.

Tembung gegayuhan asalé saka tembung lingga gayuh, wandané ngarep dirangkep lan éntuk panambang an.

A. Tembung njero kurung ing ngisor iki owahana kaya tuladha ing dhuwur, wandané ngarep rangkepen lan wenehana panambang an!

  1. Bangsa Indonesia ngecakaké perang gerilya, perang (dhemit). [ 74 ]
    1. Wong (lunga) mrabot ngambah dalan gawat, salokané: kutuk nggéndhong kemiri.
    2. Sing ora bisa ngampet padha nangis (senggruk).
    3. Nunggoni wong lara aja karo (guyu).
    4. Wis suwé ora ketemu, bareng ketemu padha (tangis).
    5. Yèn kowé kesusu, critakna (ringkes) baé!
    6. (Gawé) durung rampung wis ditinggal nglenthar, kuwi jenengé tinggal kokoh.
    7. Ing Pulo Bali akèh (sawang) sing nengsemaké, upamané ing Tanah Lot, Bedhugul, lan Kintamani.
    8. (laku) sing wis kolakoni kuwi dadèkna tepa palupi kanggo sanguning uripmu.
    9. Ing patamanan kathah (sekar) manca warni, ésthanipun sami ngongasaken kelangkunganipun piyambak-piyambak.


    B. Ana panambang an sing rumaketé ing tembung lingga ora nganggo ngrangkep wanda purwaning lingga. Mara, tembung-tembung andhahan mawa panambang an ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

    1. cathetan

    2. apalan

    3. aleman

    4. adon (adu + an)

    5. balapan

    6. garingan

    7. salaman

    8. wangsulan

    9. guyon (guyu + an)

    10. jothakan

    IV. Tembang telung pada ing dhuwur owahana dadi dhapukan gancaran!

    Upamané, wiwitana kaya ing ngisor iki!

    Wajibing Ngagesang

    Tiyang gesang punika, sedaya kedah nggayuh gesang ingkang utami. Srananipun wonten tigang warni. Inggih punika, sepisan kedah ngenggèni budi luhur. Ingkang angka kalih..................lan sapituruté. [ 75 ]V. Pacelathon ing ngisor iki wacanen sing patitis!

    Muslih: Lik Tari mau lunga nang ngendi tah, Ran, sedina kok gak ana kétok.
    Ranti: Mbuwoh.
    Muslih: Mbuwoh? Mbuwoh nang ngendi tah?
    Ranti: Nang Bangsri.
    Muslih: Karo sapa?
    Ranti: Karo Mbahé, karo Lik Siti, karo Ibu.
    Muslih: Lik Dhénok apa gak mélok, tah?
    Ranti: Kaya-kaya gak mélok.
    Muslih: O, iya. Lik Dhénok lagi bèlèken.
    Ranti: Hee, Lik Dhénok ketimbalan bèlèké Lik Landhung.
    Muslih: Lik Tari mau nunggang apa?
    Ranti: Ngumbal kol.
    Muslih: Wah, saiki, kait dalane diblaki, lelungan nang ngendi-endi kepénak. Sawayah-wayah ana tunggangan.
    Ranti: Kuwi merga awaké dhéwé saiki wis merdika. Rak iya, tah?!
    Muslih: Gak klèru kandhamu.
    Ranti: E, lha ika wis dha balik.
    Muslih: O, iya. Ayo dha dipethukna!
    Ranti: Ayo!


    Katrangan:

    1. mbuwoh : nyumbang

    ketimbalan : ketularan

    ngumbal : nunut

    kait : wiwit

    diblaki : diaspal

    2. Pacelathon ing dhuwur kuwi nganggo basa Jawa dhialěk Jawa Tengah pesisir lor. [ 76 ]VI. Wacanen kang patitis!

    Dados Penggalihan

    Kacariyos, kala rumiyin ing nagari Surakarta wonten satunggaling priyantun luhur, asma Pangéran Nataséwaya, kagungan putra namung satunggal jaler sakalangkung mursid, nama Radèn Mas Riyanta, wiwit umur nem taun lajeng katilar séda ingkang rama, lestantun kaemong ingkang ibu wonten ing dalem Nataséwayan.

    Sampun temtu kémawon Radèn Mas Riyanta sanget dipun tresnani déning ingkang ibu, tansah ingela-ela dinama-dama, dipun uja ing sakarsa, boten naté kacuwan, awit suwargi Pangéran Nataséwaya sakalangkung sugih, kathah barang tuwin rajabrana tetilaranipun.

    Sareng sampun umur pitung taun, Radèn Mas Riyanta lajeng pisah kaliyan ingkang ibu, kasekolahaken wonten ing Semarang tumut ingkang paman anama Radèn Mas Tandhawijaya, inggih punika sadhèrèkipun enèm Radèn Ayu Nataséwaya. Wonten ing ngriku Rađèn Mas Riyanta ketingal majeng pasinaonipun, amargi adhasar remen marsudi dhateng kawruh tuwin dhateng sadhéngah kagunan. Wondéné ingkang dados kasenenganipun inggih punika nggambar mawi pulas, cèt tuwin sanès-sanèsipun. Enggalipun, sareng umur kawan welas taun, Radèn Mas Riyanta lajeng kondur dhateng Surakarta malih.

    Kacariyós, Radèn Mas Riyanta sampun wanci jejaka, kala semanten lajeng remen anggegulang kekendelanipun, inggih punika lajeng remen lelana tindakan ing wanci dalu boten mawi kanthi. njajah ing panggénan ingkang sepi-sepi, terkadhang anencem sarira wonten ing lèpèn-lèpèn, boten kétang sayah arip asrep sarta katisen, konduripun sabèn sampun byar énjing......................................................

    (Serat Riyanta, R.B. Sulardi)

    [ 77 ]Katrangan: Wacan ing dhuwur Dian SAKA buku. Serat “Riyanta, anggitané Raden Bagus Sulardi. Radèn Bagus Sulardi mono ahli sungging, luwih-luwih nyungging wayang. Sarèhné dhasaré ahli kagunan, mula karangané uga awujud babaring rasa kaéndahan. Kanthi maca Serat Riyanta, bisa nyumurupi-adat tata cara Jawa jaman Surakarta. [ 78 ]

    Wulangan ka-11

    I. A. Wacanen batin!

    Persami

    Pramuka Penggalang sakecamatan: Mungkid nganakaké Persami, Perkemahan Sabtu-Minggu, ing. lapangan Mendut Dina Setu jam papat soré “kabèh regu wis padha rampung anggoné pasang téndha. Jam papat punjul seprapat diwiwiti upacara pembukaan.

    Ana ing upacara pembukaan para Pramuka Penggalang padha ngucapaké janji Pramuka Penggalang, yaiku Trisatya. Para Pramuka uga bebarengan nglagokaké lagu kebangsaan Indonesia Raya, ngucapaké Pancasila, lan bebarengan ngeningaké Cipta, nyuwun marang Gusti Kang Akarya Jagat anggoné [ 79 ]padha nganakaké Persami muga-muga tansah antuk pangayoman. Ora lali, Pramuka uga nyenyuwun, muga-muga arwahé para pahlawan kang padha ndhisiki gugur ana ing madyaning palagan tinampa ing pangayunaning Gusti Kang Maha Asih. Ing kono, ana ing sajroning upacara pembukaan kuwi, Kakak Majelis Pembina Kecamatan, Kakak Mabicam, njlentrehaké ancasé Pramuka nganakaké Persami. Yaiku: ngraketaké pasedulurané para anggota Pramuka, nglatih urip mandhiri, nggedhèkaké takwane anggota Pramuka marang Gusti Kang Murbèng Dumadi, ngipuk-ipuk rasa tresna marang nusa bangsa, lan sapanunggalané.

    Benginé para Pramuka Penggalang nganakaké "api unggun". Saben regu ngladèkaké kesenian. Ana sing njoged joged daerah, ana sing nyanyi lagu daerah, ana sing maca geguritan sing isi panyandra èdi endahing tanah wutah getihe, yaiku negara Republik Indonesia. Uga ana regu sing ngetokaké drama perjuangan, nggambaraké perjuangané bangsa Indonesia nalika ngrebut kamardikan lan banjur mbélani adeging negara Republik Indonesia. Cekaké swasana ing pakemahan ing wengi kuwi gayeng banget. Apa maneh nalika semana mangsa terang tur padhang rembulan pisan. Ing langit rembulané katon ngégla, lan sumunar madhangi bawana, muwuhi rasa sengsem lan ayem. Sarampungé pésta "api unggun" para Pramuka padha bali menyang tendhané dhéwé-dhéwé, tata-tata mapan turu.

    Jam papat bangun ésuk para Pramuka wis padha tangi. Sing ngrasuk agama Islam padha bebarengan nindakake salat subuh. Sabanjuré para Pramuka padha tata baris ana ing lapangan, kabèh manganggo sandangan olahraga. Sawisé temata, banjur padha senam, Senam Pagi Indonesia. Bubar sarapan isih ana acara warna-warna, acara lomba. Ana lomba "mencari jejak", lomba PPPK, lomba semapur, tali-menali, mangsak, lan liya-liyane.

    Ing bab lomba iki sing baku ora anggoné padha kepengin menang, nanging sing perlu mbudidaya undhaking kawruh lan ketrampilan.

    Jam loro awan upacara penutupan. Bubar upacara penutupan para Pramuka padha mulih menyang omahé dhewé[ 80 ]dhéwé. Kabèh isih katon seger lan sumringah, ora ana sing suntrut lan sayah, mratandhani atiné seneng lan awaké waras.

    B. Wangsulana kang patitis!

    1. Persami kuwi cekakané tembung apa?
    2. Apa karepé Pramuka nganakaké Persami?
    3. Kepriye kaanan ing pakemahan nalika dianakaké “api unggun”?
    4. Sabubaré Persami bocah-bocah isih katon seger lan sumringah. Mratandhani apa?
    5. Tembangnya bebarengan lagu “Hymne Pramuka”!


    II. Ancasé Pramuka nganakaké Persami kuwi kanggo ngraketaké paseduluran. Paseduluran sing raket banget sanépané renggang gula kumepyur pulut.

    A. Ukara-ukara sanepa iki rampungna, pilihen tembung sing cocog sing cumawis ing sisih tengen!

    1. Ulaté ....
    2. Kawruhé ....
    3. Gandané ....
    4. Awaké ....
    5. Utangé ....
    6. Kulité ....
    7. Cayané ....
    8. Omongané ....
    9. Dedegé ....
    10. Rasané ....

    a. wuled godhong lumbu
    b. abang dluwang
    c. peret beton
    d. dhuwur kencur
    e. legi bratawali
    f. bening leri
    g. jero tapak meri
    h. arum jamban
    i. kuru semangka

    j. arang wulu kucing


    B. Kaanan ing ngisor iki piyé sanépané? Golèkna nganggo tembung sing ana ing sajroning kurung!

    1. Wewujudan sing lembut banget. (agal)
    2. Swara utawa pangandikan sing ngresepaké. (pait)
    3. Tatu sing kerep banget. (arang)
    4. Bobot sing ènthèng banget. (abot)
    5. Playu sing rikat banget. (lonjong) [ 81 ]
      1. Polah sing ora tau mandheg. (anteng)
      2. Pikiran sing kethul banget. (landhep)
      3. Kelakone gampang banget. (suwé)

    III. Tuladha:

    Pramuka Penggalang sakecamatan Mungkid nganakaké Persami ana ing lapangan Mendut.

    Sakecamatan tegesé kabèh sing dedunung ing kecamatan kono.

    A. Tembung-tembung mawa ater-ater sa ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

    1. salonjor
    2. saklas
    3. sasedulur
    4. samulihé
    5. sabisa-bisamu

    1. saliter
    2. sangliliré
    3. sawaregmu
    4. sasasiné
    5. sagunung anakan

    B. Tembung-tembung sing mawa ater-ater sa ing ngisor iki terangna tegesé!

    1. Dhuwité sing sayuta dicèlèngi ana ing kantor Bank, sing sayuta dititipaké ana ing koprasi.
    2. Sapatiné bapa-biyungé, Munir dipupu pakdhéné.
    3. Adhimu terangna samudhengé.
    4. Pekarangané didol saomahé
    5. Ana ing asrama aku sakamar karo Tarmana.
    6. Adhiné Wawan umur-umurané saadhiku.
    7. Sakri kaé sasasiné diblanja satus ewu.
    8. Yèn kowé gelem mèlu aku, sapenjalukmu dakturuti.
    9. Lataré saponana saresiké.

    IV. Gawéa karangan cekak kanthi irah-irahan: Majalah Dinding ing Sekolahanku.

    Anggonmu ngarang ngélingana:

    1. lajering crita
    2. urut-urutané
    3. rékadayamu supaya karanganmu saya suwé saya nengsemaké sing maca [ 82 ]V. Pacelathon iki wacanen kang patitis!



    Parlan kancané Darmadi. Parlan bocah Sala, Darmadi bocah Yoja.

    Parlan : Kowé mau takampiri, lho, Dar.
    Darmadi : Iyak, tenan pa?
    Parlan : Horok, gak percaya. Wingi aku rak wis janji, kowé arep takampiri.
    Darmadi : Wah, iya, Aku lali, jé, Lan. Jan lali saplengan.
    Parlan : Mbok nèk semayan ki diéling-éling, ta ya.
    Darmadi : Mau ki Panut rak ndhana, ngampiri aku nang ngomah. Aku terus mangkat ngono baé. Lali tenan , nek wis kencan karo kowé.
    Parlan : Alesan, Dar!
    Darmadi : Luwèh, Lan, nèk ra ngandel. Klalèn tenan jé, dipaido. Lha kowe mau kok ya telat lèhmu ngampiri, ngapa?
    Parlan : Gak ngrasakna, Dar! Dhitku mau rak jiglok. Krasa-krasa wis tekan nggonmu.
    Darmadi : Terus piyé?
    Parlan : Aku terus balik, nggolèki. Singku nggolèki kambèk gembrobyos kaé. Tujokna ketemu.
    Darmadi : Sokur yèn ketemu, aku mèlu seneng. Ning, tenan lho, Lan. Aja nesu, aku mau klalèn tenan, .
    Parlan : Gak apa-apa.


    VI. Apalna ana ing ngarep klas, laguné sing apik.

    Kowé Wis Lega?
    (Anggitané ST. Iesmaniasita)

    Aku turuning pujangga
    bisa nyipta Palguna & Palgunadi
    bisa nyipta Panji & Candrakirana,
    bisa crita èdining kuncup melathi
    jingga tuwin aruming ludira

    [ 83 ]

     
    O, jaman Kanwa
    jaman Sedhah
    pepuspan amrik
    mekar éndah

    Leluhurku
    uriping saben jaman
    ngelik sesindhenan
    ing padésan
    lan ngumbara turut pesisir
    nasak wana salumahing bawana
    Rungokna, rungokna

    O, sumitra
    apa sliramu wis lega
    sesindhénan lagu warisan?

    (Guritan, Suripan Sadi Hutomo)

    [ 84 ]

    Wulangan ka-12

    I. A. Wacanen batin!

    Karang Taruna
    Kridha Basa 1 (page 89 crop)

    Saiki ing ngendi-endi ana kumpulan, jenengé Karang Taruna. Jumbuh karo tegesé tembung, wargané kumpulan kuwi para nom-noman sing padha dedunung ing tlatah kono. Pangayomé kumpulan kuwi Bapak Lurah. Karang Taruna mono kumpulan sing dadi ajangé para nom-noman kanggo gladhèn makarya. Pambudidayané Karang Taruna siji lan sijiné ora padha, gumantung marang kaanané désané dhéwé-dhéwé. Upamané:

    1. Wargane Karang Taruna désa Mrican padha digladhi kaprigelan elektronika. Jalaran ing désa Mrican kono [ 85 ]
        ana guru èlèktronika sing saguh nggladhi. Bareng para wargane wis padha trampil ing babagan elektronika, Pak Lurah Mrican banjur paring pawitan kanggo ngedegaké bengkel elèktronika. Sekawit bèngkèl mau mung mligi nampa garapan ndandani barang-barang èlèktronik sing rusak. Nanging, suwé-suwé, awit saka

      tuntunané Pak Guru èlèktronika mau, bèngkèl èlèktronikané Karang Taruna désa Mrican uga bisa ngrakit barang-barang èlèktronik. Upamané radio, tip rèkorder, pesawat interkom, lan sapanunggalané. Pambudidayané Karang Taruna désa Mrican kuwi kajaba gedhé paédahé tumrap para wargané, uga ora sethithik pigunané tumrap masyarakat ing désa Mrican

      kono.
    1. Ing desa Candhirata wargané Karang Taruna padha diajari natah lan nyungging wayang kulit. Saiki Karang Taruna desa Candhirata duwé usaha gawé wayang kulit, pangedolé liwat KUD.
    2. Ing Jakarta beda manèh. Ing Jakarta ana kumpulan Karang Taruna sing mlebu ing pangayomané sawijining PT. PT kuwi déning Bapak Gubernur DKI dipasrahi njaga resiké laladan Jakarta. Sawise dilatih sajroné rong taun ing bab cukat trengginasé wong nyambut gawé, bab disiplin, lan liya-liyané, para nom-noman wargané Karang Taruna mau kapasrahan njaga resiké kutha Jakarta. Sawetara wektu, bokmanawa ngèlingi ragat, Karang Taruna mau mung kapasrahan reresik lan njaga resiké wewengkon Kebayoran Baru, Monas, Tanah Abang, Kebon Sirih, lan Jalan Veteran sakiwa-tengene.

    Kajaba nggladhi kaprigelan kenaa kanggo cagaking uripé ing tembé buri, para warganing Karang Taruna uga ora nglirwakké bab agama, kabudayan, olahraga lan kemasyarakatan. Dadi, cekak cukupé, idham-idhamané Karang Taruna mono cecawis amrih para wargané bésuk padha dadia uwong sing tegen makarya, takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi, lan

    waras wiris lair batiné. [ 86 ]

     
    B. Wangsulana kang patitis!

    1. Karang Taruna kuwi apa?
    2. Ing ngendi ana kumpulan Karang Taruna?
    3. Apa idham-idhamané kumpulan Karang Taruna?
    4. Para wargané Karang Taruna padha digladhi ing bab apa bae?
    5. Apa ing désamu uga ana kumpulan Karang Taruna? Coba critakna ringkes baé apa sing kosumurupi bab Karang Taruna ing désamu kuwi!


    II. Wacan ing dhuwur kuwi dhapukaning basané jenengé gancaran. Wong nganggit-anggit iku pendhapuking basané ana werna loro,yaiku:

    1. Gancaran, kaya carané wong guneman sadina-dina.
    2. Nganggo kacancang ing pathokan, kayata kudu nganggo ngélingi kèhing wanda ing dalem sagatra utawi ing dalem sapada, lan ngélingi tibaning swara ing pungkasaning pada.


    Mungguh wujude dhapukan perangan angka loro iku, upamane parikan, guritan, tembang Macapat, tembang Tengahan, tembang Gedhe, lan puisi (guritan) gagrak anyar.

    Parikan iku sing akèh wujud rong gatra molung wanda, kapedhot dadi 4 - 4, utawa rong gatra ngrolas wanda kapedhot 4 - 8.
    Tibaning swara ing pungkasané pedhotan gatra kapisan, padha karo swara ing pungkasané pedhotan gatra kapindho. Uga kena ditembungaké pungkasané pedhotan gatra kapisan lan kapindho ngemu purwakanthi swara. Upamané:

    Abang-abang/ora legi,
    tiwas magang/ora dadi.


    Tembung abang karo tembung magang kuwi tunggal swara, padha déné duwé swara ang ing pungkasaning tembung. Tembung legi karo tembung dadi uga tunggal swara, padha déné duwé swara i ing pungkasaning tembung.

    Terkadhang parikan iku sing mawa purwakanthi mung tembung pungkasaning pada baé. Tegesé, pungkasaning pedhotan ora
    nganggo purwakanthi. Upamané:

    [ 87 ]

    1. Ora gombak ora kuncung,
      anggepé kaya tumenggung.
    2. Ora jogan ora longan,
      anggepé kaya pangéran.

    Parikan sagatra ngrolas wanda mawa pedhotan 4 - 8, upamané:

    1. Kembang arèn sumebar tepining kalèn,
      aja dahwèn yèn kowé kepéngin kajèn.
    2. Klapa sawit wité cendhèk wohé alit,
      kudu ngirit aja dhemen kecèh dhuwit.

    Ana uga parikan patang gatra. Gatra kapisan lan gatra katelu tunggal swara, déné gatra kapindho tunggal swara karo gatra kang kaping papat. Upamané:

    1. Enting-enting gula pasir,
      kacang cina goreng sangan,
      ngolang-ngaling tansah mikir,
      golèk sandhang lawan pangan.
    2. Rujak nangka rujak wuni,
      kaduk trasi kurang gula,
      saben dina den taberi,
      ngemi-ngemi basa Jawa.
    3. Godhong krambil jaré blarak,
      dikekrèki dadi sada,
      sapa wonge dhemen arak,
      prayitnaning ati suda.
    4. Biyang Surip tuku klobot,
      pethuk encik tawa roti,
      uwong urip pancèn abot,
      mula becik ngati-ati.

    Pacelathon lumrah yèn kala-kala diselani parikan, bisa gawé resepé sing ngrungu. Guru wilangané ora pati dipikir, mung nengenaké purwakanthiné baé. Upamané: [ 88 ]

    1. Nunik kaé sajaké lagi pecah cangkiré, susah pikiré.
    2. Aja sumelang, aku sing jagung bakarane, tanggung prekarané.
    3. Ngisor méja ana ulané, Dhik, aja gela pancèn wis ngono carané.
    4. Embèl-embèl kecemplung kalèn, ora tambel mbok aja dahwèn kowé kuwi.

    Mara gawéa tuladha parikan liyané. Rong gatra molung wanda mawa pedhotan 4 - 4, rong gatra ngrolas wanda mawa pedhotan 4 - 8, lan uga parikan patang gatra, kabèh ngloro baé!

    III. Tuladha:

    1. a. Wargane (kumpul) kuwi para nom-noman sing padha dedunung ing tlatah kono.
      b. Wargané kumpulan kuwi para nom-noman sing padha dedunung ing tlatah kono.

    2. a. (awit) bengkèl mau mung mligi nampa garapan ndandani barang-barang elektronik sing rusak.
      b. Sakawit bengkel mau mung mligi nampa garapan ndandani barang-barang elektronik sing rusak.

    Tembung-tembung njeron kurung ing ngisor iki owahana dadi tembung andhahan nganggo ater-ater sa utawa nganggo panambang an, kaya tuladha ing dhuwur!
    1. Andri gawé (jaran), sing digawé papah gedhang.

    2. Tak, sowana Budhé nyuwuna ngampil (saring)jamu!

    3. Klambimu kuwi (tenun) mesin apa (tenun) tangan?

    4. Wong menganggo kok ora prenah. Yèn (sarung) ya aja (sepatu).

    5. Bésuk-Sapar Bapak arep (wayang), dhalangé Anom Suroto.

    6. (Wengi) natas udané ora terang-terang.

    7. Wong (omah) padha watuk pileg.

    8. Aku mau weruh ula sawa gedhéné (pupu).

    9. Aja seneng (pincang), mengko mundhak keturutan pincang.

    10. Saking bungahé, Beja karo kanca-kancané padha (joged) ana ing tengah lapangan. [ 89 ]Tembung-tembung adhahana ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

    1. guyon
    2. pasaran
    3. canthélan
    4. tanduran
    5. tangisan

    1. kagètan
    2. saliter
    3. sakésuk
    4. saklas
    5. sakepel

    IV. Ing désamu apa uga ana rondha? Généya dianakaké rondha? Piyé carané ngedum giliran rondha? Tumrap kepala somah sing ora bisa ngayahi giliran rondha wajib kepriyé? Mara gawéa karangan cekak aos bab rondha ing désamu nganggo basa krama sing luwes!


    V. Wacanen kang patitis!

    Pacelathon
    (Dialèk Banyumas)
    Bapa : Won, Kliwon!
    Anak : Apa bapakké. Ésuk-ésuk wis beluk-beluk ana apa si!
    Biyung : Apa kowé klalèn. Wingi inyong wis omong, yèn dina iki tegale bodin arep takbukak, pumpung regané bodin siki larang.
    Anak : O, iya. Inyong sing klalèn, Mbok! Ayuh mangkat siki apa, Pak! Apa rika wis mèdang, Pak?
    Bapa : Allah, medang mengko nang tegal kana baé. Karebèn dikirim mbokké. Ayun padha mangkat siki baé mumpung ésuk. Nganah mbokké omongana dhisit, mengko kon ngirim baé. Ora susah nggawa pacitan. Engko mbakar bodin baé.
    Anak : Iya, Pak! Mbokké, mbokké!
    Biyung : Ana apa, Won?

    [ 90 ]

    Anak : Inyong karo bapakké arep maring tegal bodin. mangkaté siki. Mbokké engko kon ngirim wedang. Ora susah nganggo pacitan. Nggawa gula jawa baé!
    Biyung : Dénéng si kesusu ana apa?
    Anak : Omongé bapakké, pumpung ésih ésuk. Dadi ésih aub. Inyong klalèn jeré nggoné tegalé.
    Bapa : Ya gelis tapa! Takentèni karo mlaku.
    Anak : Bapakké apa wis nyeluk bakul bodin maring tegal, Pak?
    Bapa : Durung, Won! Engko baé yèn wis genah rampung tak mbeluk, pira suwené.
    Anak : Bapakké, bapakké. Embahé engko soré takjujugané bodine, ya!
    Bapa : Ya, kena. Embahé senengané bodin dibrongos. Engko pilihna sing gedhé-gedhé, ya.

    (Medan Bahasa Basa Jawi, No. 4 Th II)

    Basa Jawa ing tanah Jawa Tengah kuwi dhialèké warna-warna. Ana dhialèk Yoja/Surakarta (sing banjur dadi pathokaning pasinaon basa Jawa ing pamulangan), dhialèk Banyumas, dhialèk Tegal, lan sapituruté. Wong-wong sing basané kanggo pathokaning pasinaon basa Jawa mesthi baé ora kena banjur rumangsa basané luwih apik tinimbang dhialèk liyané, sarta banjur ngrèmèhaké basa dhialèk liya. Sabab, wong-wong sing basa dhialèké ora kanggo pathokaning pasinaon, kala mangsané uga rumangsa manawa dhialèké iku luwih pepak tinimbang basa sing dadi pathokaning pasinaon basa Jawa kuwi. Kaya tembunge wong banyumas kasebut ing ngisor iki:

    ”Lah jané basané wong Jogja kuwé ya kurang pepak. Jajal baé si dirasakena. Wong ngarani munthul ya téla (téla pendhem), ngarani bolèd ya téla (téla kaspa), ngarani gandhul ya téla (téla gantung). Kabeh kok diarani téla, tuli kurang jeneng temen. Ari inyong wong Banyumas tuli ya mbédak-mbédakaken, séjé jinisé ya séjé arané, dadi siji-sijiné genah.”

    Dadi, antarané wong-wong sing padha duwé basa dhialek sing béda-béda kuwi ora kena padha poyok-poyokan sing tundone mung agawé crah. [ 91 ]VI. Ing pérangan ngarep wis dipratélakaké manawa wong nganggit-anggit kuwi pendhapuking basané ana gancaran, ana sing mawa kacancang ing pathokan. Basa gancaran kuwi dhapukaning basa kaya basané wong guneman lumrah. Déné basa sing kacancang pathokan kuwi upamané nganggo ngèlingi kèhing wanda ing saben sagatra, ngèlingi tibaning swara ing pungkasaning gatra, lan sapanunggalané. Wujudé karangan kang kacancang ing pathokan kuwi upamané guritan (puisi) gagrak anyar.

    Mara, tuladha pathikan karangan gancaran lan puisi gagrak anyar ing ngisor iki wacanen kang patitis!

    A. Puisi Gagrak Anyar

    Suling

    (Anggitané Tamsir AS)

    Suling thethulitan
    awirama kuna
    alelagon kuna
    nganyut-anyut ngelangut
    éndah
    ngresepaké
    nanging aku gela, aku cuwa
    wis walèh
    nikmati wirama kuna
    aku bisa nyipta
    lelagon lan wirama anyar
    manut siliring angin
    mekroking kembang
    ombaking segara
    nggawa gingsiran
    angrenggani patamanan
    ngikis pesisir, ngremuk ing karang
    ayo padha lelagon anyar
    wirama anyar
    manut siliring angin anyar

    (Guritan, Suripan Sadi Hutomo)

    [ 92 ]B. Gancaran

    Kamar Bandhosa
    (Anggitané Ani Asmara)

    .............................................................................. ”Piyé, Jon? Aku wis ora kuwat manggon omah sing angker kaya ngéné. Yèn terus-terus, kiraku sida mati kaku tenan awakku. Sapa gelem turu omah iki kang isi bandhosa. Sing kebangeten ya Pak Lurah. Ayo, Jon, rikat, lawangé sepèn tutupen manèh.”

    Jana alon-alon menyat, lawang sepèn ditutup rapet, banjur lungguh ana lincak. Pak Jaka nututi ing sandhingé.
    ”Sabar dhisik, Kang. Saupama Kang Jaka ora gelem turu ana kéné, lha arep turu ana ngendi? Gèk mangka udané isih deres ngéne. Mbok ditata dhisik atiné, aja kaya bocah cilik. Aku dhéwé bareng weruh kahanan kaya ngéné, atiku ya padha bae karo Kang Jaka. Nanging bareng dakpikir jero, wong mung bandhosa baé kok diwedèni, awaké dhéwé rak tukang kayu, sok gawé bandhosa kaya ngono. Karo manèh barang mati, mangsa bisaa urip. Mula atimu kendel-kendelna to, Kang!”

    Lagi tekan semono dumadakan unining manuk buntel mayit muni saut-sautan ora kaya sabaéné, saya gawé mirisé atiné Pak Jaka sing wis kebacut cilik.

    ”Enaké ayo wong loro padha mapan turu baé. Yèn wis turu rak ora wedi,” sambungé Jana.
    ”Kang, gajegé Kang Jaka nggawa kanthong kang isi rajah. Mbok coba dijajal, awit sakabehing piandel kuwi kudu disantosani karo batin,” sambungé Jana manèh bareng ora olèh wangsulan.

    Kanthi rikuh Pak Jaka banjur nyandhak kasangé, kabèh isiné kasang diwetokaké. Dlingo benglé nuli digecek ana waton ambèn, banjur dipilisaké ing pilingané, kandhané sumrepet. Bubar kuwi wong loro kuwi banjur mapan turu ing ambèn dadi siji. Lampuné isih tetep kencar-kencar padhang. [ 93 ]Let sedhéla Jana wis-turu ngorok. Mung Pak Jaka sing isih klisikan wedi, mripaté tansah mandeng nyawang lawang kamar sepèn. Nanging suwé-suwé, saka dayané awak kesel, banjur les sida turu kepati.

    .......................................................................

    (Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, JJ. RAS)

    [ Kapustakan ]

    Kapustakan
    Garan Pangracikipun Buku Kridha Basa SMP

    Poerwadarminta, W.J.S. 1939.Baoesastra Djawa. Groningen, Batavia: J.B. Wolters' Uitgevers Maatschappij N.V.

    Prawito Atmodjo, S. 1987. Bausastra Jawa. Surabaya: Yayasan "Djojo Bojo".

    Kementerian Pengadjaran, Pendidikan dan Keboedajaan" 1946. Karti Basa. Djakarta: Kementerian Pengadjaran, Pendidikan dan Keboedajaan".

    Poerbatjaraka, R.M.Ng. Prof. Dr. 1964. Kapustakan Djawi. Djakarta: Penerbit Djambatan

    Ras, J.J. Dr. 1985. Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir. Jakarta: Grafitipers.

    Suripan Sadi Hutomo 1985. Guritan Antologi Puisi Jawa Modern (1940 - 1980). Jakarta: PN Balai Pustaka

    Bagian Bahasa Djawatan Keboedajaan Kementerian P.P.K 1958. Medan Bahasa Basa. Djawi Nomer 11 Taun III. Djakarta: Bagian Bahasa Djawatan Keboedajaan Kementerian P.P.K.

    Hadiwidjana, Ki. 1953. Sastra Gita Witjara Djilid 1. Jogjakarta: Dwidaja.

    Dalil Prawirodiharjo. Paribasan. Jogjakarta: Penerbit Spring. Padmosoekotjo, S. 1953. Ngèngrèngan Kasusastran Djawa. Jogjakarta: Penerbit Soejadi.

    Padmosoekotjo, S. 1967. Sariné Basa Djawa. Djakarta: PN Balai Pustaka.

    Poedjowardojo, S dan Hadidjaja, T. 1958. Petikan Mantja Warna. Bandung, Djakarta: Penerbit "Ganaco" N.V. Prawirodihardjo, S. 1957, Burat Sari. Djakarta: N.V. Harapan Masa.