Lelumban Ing Samudraning Ati

Kidung Megatruh

[ 48 ]LELUMBAN ING SAMUDRANING ATI Cindy Ayu Wandari

Jenengku Tomi cah asli Jogya. Biyen wektu isih sekolah aku duwe pacar. Pacarku jenenge Cintya. Aku lan Cintya kenal wis suwe amarga sak kelas, dadi aku ngerti sipate Cintya. Sasuwene pacaran, udakara rong taun, pelajaran sekolahku dadi keteteran, Sawijining dina, aku dikandhani kancaku menawa Cintya boncengan karo wong lanang.

“Tom, aku mau ketemu karo, Cintya,” jare kancaku.

“Kowe ketemu nengendi, terus karo sapa?” pitakonku.

“Karo wong lanang. Aku ya ora kenal,” wangsulane kancaku. Sawise ngobrol akeh karo kancaku, Cintya telpon aku.

“Hallo.” “Tom, koweneng endi?” “Akunengomah. Kowe wingi neng endi?”

Cintya kaget daktakoni “Wingi neng endi.” Terus Cintya nylamur omongan. Dina candhake aku wis ora gelem maneh sesambungan karo dheweke, pedhot. Cyntia wis ora jujur marang aku. Saiki akus wis ora duwe pacar. Aku ora arep mikirke pacaran dhisik. Aku pengen Bapak lan Ibuku seneng. Bapak lang Ibuku pengen supaya aku lulus lan bijine apik.

Sawise ujian aku lan kanca-kancaku pada deg-degan nunggu pengumuman. Sawise nunggu rong Minggu, aku lan kancaku dinyatakake lulus kanthi biji kang apik. Nanging Tia, kancaku ora lulus. Aku sakanca banjur nglipur dheweke.

“Tik, wis rasah nangis. Mbokmenawa ana dalan sing luwih apik kanggo kowe,” panglipurku.” Aku sedih amerga ora lulus, aku wedi karo wong tuwaku.” “Yo wes. Sabar wae!” wangsulanku.

Dina-dina candhake, aku ndaftar lan ketampa mlebu SMA Negeri neng kuthaku. Ing sekolahan, aku cedhak karo bocah wadon jenenge Santi. Eseme lan rupane wis bisa gawe lumbering atiku. Saya suwe, aku lan Santi tambah cedhak. Saben-saben aku ngeterke dheweke bali sekolah. Seneng banget rasaning atiku, kepara aku wis ditepungke karo wong tuwane sing grapyak semanak. [ 49 ]Setu wengi aku dolan menyang omahe Santi. Aku ngajak dheweke lunga. Ora lali aku njaluk idin marang wong tuwane Santi.

“Bu, Pak, kula badhengajak Santi medal.”

“O, nggih. Nanging aja bengi-bengi yo, Mas!”

“Inggih, Bu. Assalamu'alaikum.” Aku ngajak Santi menyang alun- alun. Aku blaka menawa aku tresnaku marang Santi.

“San, wis suwe aku tresna karo kowe. Aku kepengen kowe dadi pacarku! Apa kowe gelem dadi pacarku?” “Ya, aku gelem. wangsulane Santi isin.

Dina-dina candhake, aku karo Santi mbangun sesambungan kang, endah. Ora krasa wis telung sasi pacaran. Mlebu sasi kepapat tndak-tanduke Santi rada beda. Gosipe ing sekolah Santi duwe pacar liya. Banjur aku takon karo kanca-kancane.

“Apa bener Santi duwe pacar maneh?” Kanyata sing diomongake karo kanca-kancane bener. Atiku kaya rinujit-rujit. Aku tau ngalami kaya mangkene, saiki kedadeyan maneh. Aku ora perlu mikir dawa. Santi tak pedhot.

Ujian semester wis cedhak. Aku sinau tambah mempeng supaya bijiku apik. Sawise semesteran aku tampa rapor. Bijiku padha apik-apik. Banjur aku mikir nek sesuk aku duwe bojo utawa pacar sing becik atine ora becik rupane. Aku wis mantep sesuk nek duwe pacar ora perlu ayu sing penting becik atine.

Tengah semester aku kepilih dadi paserta lomba maca gurit. Nalika perlombaan, aku entuk kenalan bocah SMA saka Bantul.

“Halo, sugeng enjang” aku uluk salam. “Halo, sugeng enjang. Jenengku Nita” bocah wadon iku ngenalke aku. Jenengmu sapa, Mas?” pitakone Nita. “Aku Tomi” wangsulanku.

Sawise kenalan aku lan Nita ijol-ijolan nomer telpon. Banjur aku sinau bareng maca puisi. Nita bocahe sabar lan sopan. Saya suwe aku lan Nita tambah cedhak. Saben Dina aku lan nita sms-an. Minggu esuk Nita ngajakaku menyang UGM refreshing. Atiku deg-degan menawa cecedhakan karo dheweke. [ 50 ]TA

Ujian semester loro wis cedhak. Sajroning aku kenal Nita, biji semesterku saya apik. Nita mesti menehi semangat lan pitutur kanggo aku. Sawijining dina, aku regejegan karo Bapakku ngenani pacarku. Aku mangkel banjur banjur lunga saka ngomah. Bapak ora seneng karo Nitaamarga solah bawane ora sopan lan ora duwe tata krama. Uwis bola- bali Bapak lan Ibu ngandani aku nanging ora tak gagas.

Sawise ujian semester aku “nembak” Nita, Banjur aku lan Nita pacaran. Wis telung sasi aku pacaran nanging atike ngrasa salah karo wong tuwaku.

Sore kuwi paa aku lagi teturon, keprungu swara telpon. Aku banjur gage ngangkat telpon.

“Hallo.”

“Tom, kowe lagi ngapa. Kowe isa neng omahku ora?” takone Nita karo swarane radha serak kaya mentas nangis. Sawise Nita telpon aku gage marani Nita. Tekan omahe, aku weruh Nita nangis,

“Kowe ngapa, kok nangis?” Nita banjur njlentrehake undering perkara menawa wong tuwane ora sarujuk menawa dheweke pacaran karo aku. Kanthi rasa kang abot, aku nrimakake menawa Nita ngajak pedhot anggone sesambungan karo aku.

Ora krasa wis telung taun anggonku sekolah neng SMA. Sawise aku ora pacaran karo Nita, sing dakpikir mung sinau kanggongadhepi Ujian Nasional. Aku saiki wis kelas 3 SMA. Pasinaonku saya abot. Ujian Nasional dianake telung dina lan telung pelajaran. Sawise Ujian Nasional rampung, sekolah prei lannunggu pengumuman kelulusan.

Sasi candhake, wis telung dina aku lara, Aku ora nyana menawa bocah wadon sing kondhang ayune ing sekolah teka neng omahku. Waktu kuwi aku lara tipes. Tika ngandani menawa tresna karo aku. Nanging aku ora pelem, amerga Tika terkenal nakal lan seneng gawe loro ati cah lanang; Nanging aku tetep kekancan apik karo dheweke.

Aku seneng banget, amerga lulus ujian. Aku takon karo Tika, “Tik, apa kowe lulus ujian?” Rupane Tika wis mrengut, Banjur dakpeksa ngandani. Sawise Tika ngomong, “Aku.....,” banjur aku tambah deg-degan wedi nek Tika ora Lulus maneh. Tika nerusake omongane, “Aku... Lulus... ....00er ona F [ 51 ]TAN A

Aku melu bungah. Banjur aku lan Tika padha njondhil-njondhil kaya bocah cilik. Saiki Tika wis ora kaya biyen maneh, ugal-ugalan. Wis telung sasi aku kekancan karo dheweke. Aku wegah ngapusi awaku dewe, angonku tresna karo Tika. Sowe kuwiaku dolan menyang omahe Tika.

“Assalamu'alaikum,” salamku. Saka njero omah Ibune Tika metu. “0... Tomi! Kene mlebu. Tika lagi shalat ditunggu sekedhik, ya.” OraletsuweTika metu lannwmoni aku ning ruang tamu.

“Tik, aku pengen takon. Apa kowe isih tresna karo aku?”

“Karepmu apa? Satenane aku isih tresna nanging apa kowe ya tresna karo aku?” wangsulane Tika. Aku gage mangsuli, “Aku ya tresna karo kowe. Apa kowe gelem dadi pacarku?” “Ya, aku gelem.” wangsulane Tika mantep.

Aku lan Tika banjur pacaran. Sawise lulus SMA, aku nyambut gawening Jakarta. Ora lali, aku tansah kirim surat utawa telpon karo Tika. Nanging, suwe-suwe sesambunganku karo Tika saya renggang. Kepara ora nate kabar-kabaran maneh nganti sawijining dina aku krungu kabar menawa Tika wis dadi bojone wong liya. Aku lara ati. Biyen dewekejanji ora arep ngalarani aku maneh, nanging kasunyatane Tika ngapusi. Aku lara ati nganti pirang-pirang taun. pikiranku wisora karuan lan aku jinja pacaran.

Pikirku aku wis ora mikir pacaran maneh, Aku saiki arep mikul dhuwur mendem jero wong tuwaku. Aku mligi arep nyenengke wong tuwaku. Anggonku nyambut gawe ning Jakarta ora krasa wis limang taun. Sawise sukses, aku tuku omah neng Jogja. Pas aku blanja, aku krungu swara wong wadon njerit.

“Tulung...tulung...,” jritane wong wadon mau. “Ana apa, Mbak!” pitakonku rada gragapan. “Tulung masana rampok,” wangsulane.

Tanpa dikongkon maneh, aku gage mlayu ngoyak rampok mau. Orang mungaku, wong-wong sacedhak kono uga padha ngoyak. Wusanane rampoke kecandhak lan digawa menyang kantor polisi. Aku banjur kenalan karom wong wadon mau. Jenenge Vivi. Saya suwe aku saya cedhak karo Vivi. Dheweke bada banget karo pacar-pacarku dhisik. Sanajan rupane ora ayu banget, dheweke luwih ngerteni aku. Vivi banjur nepungake aku karo waong tuwane. Ora krasa wis setaun aku kenal karo Vivi.

Pas preinan akun gajak Vivi menyang Jogja. Dheweke banjur [ 52 ]dakkenalke karo wong tuwoku. Neng Jogja Vivi tak ajak lunga mubeng Jogja. Wong tuwoku ya seneng karo Vivi. Pas lagi ngobrol karo Vivi, ujuk-ujuk deweke ngomong menawa tresna karo aku, Aku lan Vivi banjur pacaran. Aku seneng nyipati menawa Vivi nduweni kawigaten babagan masalah social. Dheweke seneng tetulung marang wong cilik.

Jebul wong tuwoku kepengin aku lan enggal mbangun bale omah. Nanging aku durung gelem amarga isih nunggu Vivi ngrampungke sekolahe. Angkahku, sadurunge dadi manten aku arepngajak wong tuwaku munggah haji. Sawise kelakon munggah haji. Banjuraku takon karo Vivi.

“Vi, wong tuwaku pengin awake dhewe dadi manten. Apa kowe gelem?””Aku gelem menawa panjenengan wis mantep,” wangsulane.

Sawise Vivi dadi bojoku, aku saya tresna karo dheweke. Ora krasa wis limang taun aku dadi bojone Vivi, Keluwargaku ayem tentrem. Aku lan Vivi wis diparingi Gusti anak loro, lanang lan wadon. Sing takeling-eling wiwit biyen, menawa duwe bojo kuwi kudu sing becik atine, Zaman saiki akeh sing golek rupane wae, lan bandane. Aku lan Vivi ngajari anakku supaya sesuk menawa duwe bojo golek sing becik atine dudu becik rupane.

Cindy Ayu Wandari, siswa SMA Taman Madya, Jalan Pakuningratan no, 34 A, Yogyakarta. Telepon (0274) 577121,

Lair 11 Maret1991, Alamat omah, TRIN 574, Yogyakarta 55241. Hobi: maca, renang, jalan:

Bangunrejo

jalan