Punapa Panjenengan Dipunslametaken

Punapa Panjenengan Dipunslametaken

[ 1 ]

Punapa Panjenengan Dipunslametaken?

Wonten Ing Tlatah Pundi Badhe Nglampahi Kalanggengan?


Javanese - (A)

[ 2 ]

Sakpunika Panjenengan Sampun Nampi Gusti Yesus Ugi Dados Putranipun Gusti Allah

Rikala panjenengan nampi Gusti Yesus minangka Juru Kawilujengan, panjenengan dados putra-putranipun kaswargan. (Filipi 3:20).

Gusti Allah wis janji ora bakal négakaké lan ora pisan-pisan bakal nilar panjenengan (Ibrani 13:5).

Panjenengan Kedah Gesang Ingkang Damel Remenipun Gusti Allah

Saksampunipun Pangluwaran ugi Kawilujengan, Gusti Allah Nggadahi Kekajengan Supados Panjenengan Saged Nglampahi Gesang Ingkang Suci Minangka Putranipun.

Panjenengan kedah wilujeng supados saged dados tiyang Kristen, nanging supados saged dados tiyang Kristen ingkang sae ugi diwasa, panjenengan kedah dados tiyang ingkang diwasa sarana nglampahi Pangandikanipun Gusti Allah.

[ 3 ]

Ruh Panjenengan Saged Diwasa Sarana Kapitadosan Marang Gusti Yesus.

“Wong sing kaanggep bener utawa karukunaké karo Gusti Allah kuwi bakal urip merga saka enggoné precaya.” (Galatia 3:11).

1. Panjenengan kedah maos Kitab Suci saben dinten (Para Rasul 17:11)

2. Ngunjuk'aken pandonga saben dinten. (Filipi 4:6)

3. Tresnaa marang Allahmu klawan gumolonging atimu, gumolonging nyawamu lan gumolong ing budimu (Matius 22:37).

4, Panjenengan kedah asring tindak ngibadah dateng gereja ingkang nguruki Pangandikanipun Gusti Allah miturut Kitab Suci ugi katresnan (Yohanes 4:24).

5. Panjenengan kedah pados rencang ingkang saged mbiyantu panjenengan supados dados tiyang ingkang diwasa ing rohani ugi keyakinan (Para Rasul 2:42).

6. Panjenengan kedah nglampahi gesang ingkang dipunkiyataken keyakinan ugi syukur dumateng Gusti Allah (Kolose 2:7).

7. Panjenengan kedah gesang dados seksinipun Gusti Yesus, dados putranipun Gusti Allah ingkang sampun dipunslametaken ugi kebak kaliyan Yang Roh Suci (Para Rasul 1:8).

[ 4 ]

Awit saka gedhéning sih-katresnané
Gusti Allah marang jagad, nganti
Panjenengané ngurbanaké Putrané
ontang-anting, supaya saben wong
sing precaya marang Sang Putra
mau ora nemu karusakan, nanging
ngalamana urip langgeng.

Yohanes 3:16 4

[ 5 ]

Punapa wekdalipun taksih kathah anggenipun panjenengan nglampahi gesang?

Pejah punika duginipun ujug-ujung ugi mboten dipunkinten-kinten. Punapa panjenengan mangertos menawi ruh ugi nyowo panjenengan punika langgeng ugi gesang saklami-laminipun saksampunipun raga panjenengan nglampahi pejah?

Panjenengan Kedah Siyap Dumateng Gesang Saklajengipun!
Wekdalipun Sampun Ajeng Telas!

Gusti Allah ingkang nyiptakaken panjenengan punika tresna kaliyan panjenengan ugi gadhahi kekajengan supados panjenengan dherek Gusti!

Gusti Allah gadhah kekajengan supados panjenengan punika luwar saking kalepatan kala wingi, kamigilan panjenengan sakpunika, ugi pejahipun panjenengan benjang-enjang. Gusti Allah asung Putranipun piyambak kagem NYLAMETAKEN panjenengan. Punika janji ageng saking Yohanes 3:16: “Awit saka gedhéning sih-katresnané Gusti Allah marang jagad, nganti Panjenengané ngurbanaké Putrané ontang-anting, supaya saben wong sing precaya marang Sang Putra mau ora nemu karusakan, nanging ngalamana urip langgeng.”

[ 6 ]

Panjenengan Piyambak ingkang Nemtok'aken!

Menawi sakpunika panjenengan mboten gesang miturut Kitab Suci, panjenengan celak saking neraka. Paukuman ingkang langgeng ugi mboten saged dipunendho wonten ing Samudra Dahana ngentosi panjenengan, tlatah punika inggih tlatah tanpa pangarepan medal.

Panjenengan kedah siyap nglampahi pejah ing wekdal sakpunika.

Benjang-enjang Saged Mawon Sampun Telat!

Neraka

punika inggih tlatah besem ingkang langgeng, ing tlatah punika wonten tangis, gresula, ugi kraosipun keduwung sanget, punika tlatah kagem martobat, wonten ing tlatah punika para tiyang sami kasiksa salamanipun lan mboten saged nglampahi katentreman rikala siyang ugi dalu!

[ 7 ]

Panjenengan Kedah Siyap!

Kitab Suci sampun paring pengetan dumateng kita sedaya tumrap Dinten Kiamat. Gusti Allah ingkang Suci mboten remen kaliyan dosa lan Dinten Kiamat sampun celak, lan tiyang ingkang gesang tanpa pangluwaran mboten gadhah pilihan sanesipun kejawi kedah nglampahi paukuman wonten ing geni neraka.

Pilihan panjenengan sakpunika nemtokaken gesang panjenengan ugi ing tlatah pundi panjenengan badhe nglampahi kalanggengan. Gusti Allah ngendika: "Kaya déné manungsa enggoné pinesthi mati sepisan, lan sawisé kuwi nuli diadili déning Gusti Allah." (Ibrani 9:27).

Gesang Kita punika Namung Sekedap!

Kalanggengan punika Saklami-laminipun!

Punapa Panjenengan Sampun Siyap?

Miturut Kitab Suci, panjenengan punika saged nemtok'aken wonten ing tlatah pundi panjenengan badhe nglampah kalanggengan. Gusti Allah sampun paring wangsulan bab gesang lan pejah, swarga lan neraka. Paringan ingkang luwih sanget saking Gusti Allah inggih punika pangluwaran saking dosa ugi gesang langgeng wonten ing swarga.

[ 8 ]

Wadi Pangluwaran Saking Dosa Ugi Kawilujengan!

Menawi panjenengan gadhah pangarep-arep supados slamet ugi nglampahi kalanggengan wonten ing swarga, panjenengan kedah maos kabenaran ingkang wigati bab tetanggelan Kawilujengan saking Pangandikanipun Gusti Allah, ingkang nuntun kita dateng katentreman lan kaluwaran sarana nglampahi gesang ingkang dipunpangestoni lan kebak.

1. Manungsa punika Aranipun Dosa.

Kitab Suci ngendika "Kabèh wis padha gawé dosa lan adoh karo Gusti Allah; sing dadi etuking keslametané...Siji waé ora ana wong sing bener....Ing donya kéné ora ana wong siji-sijia sing mung gawé becik waé, lan ora tau gawé dosa."

(Rum 3:23,10; Juru Khotbah 7:20).

2. Opah Dosa punika Pejah. Gusti Allah punika

Adil, amargi saking punika Gusti Allah kedah

Paring Paukuman Dateng Dosa.

"Sebab opahé dosa kuwi pati" (Rum 6:23).

[ 9 ]

3. Manungsa punika Mboten Saged Nylametaken Dirinipun Piyambak!

Kitab Suci ngendika menawi panjenengan sedaya ugi kedah sampurna. Amargi saking patokan ingkang inggil punika, mboten wonten sakwodene tiyang ingkang saged nylametaken dirinipun piyambak. Gusti Allah ugi ngendika, “Mulané kowé kudu padha sampurna, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.” (Kitab_Sutyi_Prejanjian_Anyar/Matéus#5.|Matius 5:48]]).

Punapa Pangarep-arep punika Wonten? Inggih Wonten!

Gusti Allah sampun maringi kita MERGI supados kita saged luwar saking paukuman pati ingkang adil lan miturut ukum. Gusti Yésus ngendika: “Aku iki Dalané marang Gusti Allah lan Aku sing nuduhaké, Gusti Allah kuwi sapa lan kepriyé kaanané; Aku uga sing mènèhi Urip marang manungsa. Ora ana wong siji waé sing bisa sowan marang Sang Rama, yèn ora lantaran Aku” (Yohanes 14:6).

Mergipun Gusti Allah dumateng Kawilujengan punika namung Gusti Yesus!

“Kawilujengan menika dhatengipun namung saking Gusti Yésus, lan mboten saking tiyang sanès. Sebab ing sakurebing langit menika mboten wonten asma sanèsipun ingkang dipun paringaken déning Gusti Allah dateng manungsa, ingkang dados mergining kawilujengan kita.” (Para Rasul 4:12).

[ 10 ]

4. Gusti punika Nresnani Panjenengan!

"Awit saka gedhéning sih-katresnané Gusti Allah marang jagad, nganti Panjenengané ngurbanaké Putrané ontang-anting, supaya saben wong sing precaya marang Sang Putra mau ora nemu karusakan, nanging ngalamana urip langgeng.”

(Yohanes 3:16).

Mawi pejahipun Gusti Yesus wonten ing pamentangan ugi petangenipurn Gusti Yesus, kita dipun paringi kalodhangan nglampahi Kawilujengan sarana kapitadosan lan mrenahi hubungan ingkang risak kaliyan Gusti Allah, kaliyan nglampahi pangestu gesang langgeng.

Kados Pundi Anggenipun Kita Saged Wilujeng?

(1) Panjenengan Kedah Martobat Saking Dosa. Pangluwaran panjenengan saking kutukan lan pangrisakan punika dipunpurwani saking martobat kita lan kapitadosan dumateng sedanipun Gusti Yesus ugi wungunipun kaliyan penghakiman panjenenganipun dumateng kita.

[ 11 ]

(2) Panjenengan Kedah Nampi Gusti Yesus Wonten Ing Manah Panjenengan Minangka Gusti lan Juru Kawilujengan.

“Saben wong sing nyebut asmané Pangéran bakal slamet.” (Rum 10:13).

Mergi Gusti Allah punika Setunggalipun Mergi!

“Sebab enggonmu diparingi keslametan kuwi merga sih-rahmaté Gusti Allah, lantaran enggonmu precaya marang Gusti Yésus. Keslametan kuwi dudu wohing pambudidayamu, nanging peparingé Gusti Allah. Mulané ora ana sing kena kokenggo alesan gumunggung, sebab kabèh kuwi dudu wohing penggawému dhéwé." (Efesus 2:8,9)

Tetanggelan dumateng Kawilujengan ugi Pangluwaran dumateng Dosa.

JAGI KEYAKINAN inggih punika namung pitados dumateng Gusti Yesus ugi pitados dumateng punapa ingkang sampun dipunlampahi Gusti Yesus wonten ing pamentangan, sanes punapa ingkang panjenengan lampahi supados saged mlebet swarga, Menawi kita nampi Gusti Yesus wonten ing manah kita ugi pitados dumateng Gusti piyambak minangka Paduka lan Juru Kawilujengan kita, Gusti Allah inggih badhe ngluwari dosa kita, nylametaken ruh kita, lan maringi kita tlatah wonten ing swarga.

[ 12 ]

Sakpunika Panjenengan Saged Nglampahi bab

ingkang Aji inggih punika Takdir Kalanggengan

Panjenengan!

Panjenengan saged nampi Gusti Yesus minangka Juru Kawilujengan ugi Paduka panjenengan lan dados putranipun Gusti Allah mawi keyakinan ingkang dipunwujud'aken dateng pandonga ing sakpunika.

“Menawa lambému padha ngakoni, yèn "Yésus kuwi Gusti”, lan kowé precaya ing sajroné atimu, yèn Gusti Allah wis mungokaké Gusti Yésus saka ing séda, kowé bakal slamet.” (Rum 10:9)

Punika Pandonga ingkang Dipuntuduhaken.

"Gusti, kawula punika tiyang dosa. Amargi saking punika kawula nyuwun pangluwaran saking dosa. Kawula pitados menawi Gusti Yesus tilar donya wonten ing pamentangan kagem kawula ugi wungu saking seda. Kawula pitados menawi namung Gusti Yesus ingkang dados Paduka ugi Juru Kawilujengan. Kawula ngaturaken syukur dumateng pangluwaran ugi gesang langgeng punika. Mugi Gusti Yesus kersa rawuh wonten ing gesang kawula ugi paring piwulangan kaliyan nguluraken asta supados kawula saged nglampahi gesang miturut Gusti Allah saben dintenipun. Konjuk ing asma dalem Gusti Yesus. Amin.”