Rara Buntet

Panjurung

[ 128 ]RARA BUNTET Bud L. Worang


Bang-bang bangun esuk, katungka jago kluruk sesautan, sadhengah peksi rame sesautan mrepegi miyose Bethara Surya barengan angumandhang swara azan Subuh. Jejaka kasep, Drs. Jumadi, enggal gregah tangi, ananging geseh saka pakulinan ora olah raga ngukur dalan kliling kebon nggiring kirik klangenane, Mripat isih rembes anggone suryan durung tuntas resik, sing dijujug pakaryan nomer sitok, ngisik-isik reca prawan nglegana kang isih digarap, kari ngrampungi jempol sikil perangan kiwa.

Seniman lulusan program studi tata riyas dhekorasi iki nyatane wasis nyipta karya kang dudu keahliyane, Kasile ora nguciwani, nyolong pethek gawe gumun. Geneya? Reca prawan dedeg sapengadeg manungsa ginawe saka bebakalan lilin impor kang ora murah regane. Ora kladuk aweh pengalembana, endah sulistya rupa, dhadha sacapak kembene bangkekan saganjel linggihe tekan pupu mliding sakempole, datan kocap kentekan tembung luwih becik dinulu soca samareme. Prin g reketeg gunung gamping gempal, cengkir gadhing mentheg-mentheg, semangka montok mendal-mendal. Tuh butuh kupu mliber salang tunjang, pupune mrusuh kempole njantung gedhang,

Malah perangan-perangan badan kang ngemu rambut, ora keri dikompliti. Saka rambut sirah kang panjang n grembyang mengarep meh sangisor puser tekan rambut wulu cumbu kang alus ngrenggani driji-driji sikile, rambut asli ora palsu kang tinuku saka salon, Wose pindha widadari

Nawangwulan ngambali nitis,

Reca prawan kang pinuja-puji iki laire ora tanpa dadakan, ora mung karana ilham mrocot, kaya kucing tiba kejeblos epyan suwek. Rikala telung wulan sadurunge, satengahing fajar surya, sunare cemlorot tanpa aling-aling mega, tawang biru sumilak rinengga lintang sayuta, kadya inten katawurake ing angkasa. Selagine Jumadi nglimbang-nglimbang angen- angene ing plataran omah mburi sangarep sanggar pribadhi.

“Wengi endah mangkene, pancen kudune ana kanca prawan ayu kang gelem dakjak cengkerma ....”

128 [ 129 ]Ngalamune Jumadi nglambrang ngleyang kabur kanginan, ora karuwan juntrungane marga kasepen. Jumadi ngelus-elus bathuke dhewe sing rada bothak, karo mijeti jempol sikile tengen sing kaya bet ping-pong lan gedhene meh samunthu watu item prodhuksi dhusun Borobudur.

“Mas Jum, Mas Jumadi!”

Cluluke swara lembut sawijining kenya tanpa dinuga sangkan paran asal-usule, kang ditempelake ana talingane Jumadi. Jejaka kang kagyat njenggirat durung kober pitakon, swara kenya nutugake wicarane.

“Timun diiris-iris, tela gantung kulite katut, Ngalamun ora uwis- wis, ati bingung kebacut-bacut”,

“Mengko dhisik ta, sapa njenengan, Jeng, tanpa kula nuwun ujug- ujug nylonong mrene? Baud timen gawe parikan.” Pitakone Jumadi plegukan.

“Sedyaku ngancani njenengan, Mas Jum. Mesakake timen seprana-seprene urip ngijen.”

Kenya ora wangsulan, tanpa suba sita amit klamit njujug nglungguhi pangkone Jumadi ngajak cecengkerma. Jumadi ora kewagang tumindak, kejaba ngelekake mripate kekaro karo ndemek clanane.

“We lha dalah, jebul ngimpi aku. Lagi wae makthekluk ketekan prawan tiban ,..”

Dina-dina candhake ora nganti seminggu, Jumadi mborong lilin imporrong karung kanggo miwiti nyoba ngreka yasa reca kaya kang ana ing alam impene. Nganti ngancik telung wulan, kang ora bisa dirampungi jempol sikil perangan kiwa.

“Trima nglokro aku, kareben bae malah dadi ciri lan jati dhirine. Ngendi ana manungsa sampurna. Kowe daktengeri aran Dewi Rara Aryati kang jempole gedhe siji. Aryati, harak cocog karo lagu Aryati kae, ujung mulutmu dicium mesra tadi malam ....”

Jumadi trima mupus, tinimbang ora ngrampungi gawe mung katanggor jempol sikil kiwa kang rada mblendhuk.

Nyandhak bacute, pinuju sore ngancik wayah Maghrib, udane deres tanpa kendhat. Banyu gemrojog mbanjir kadya kaesokake saka langit jalaran bendhungan dhadhal, ora bisa ngawekani krodhane Bethara Samodra. Bledheg sesamberan barengan cumlorote kilat buwana saya gawe giris. Jumadi metu saka sanggar papane makarya, niyat nginebake

129 [ 130 ]cendhela-cendhela, dumadakan makjegagig. Jumadi nginjen emperan saka buri kaca rayben cendhela. Sawijining kenya lencir ngeyub sandhangane teles klebes, tangane sedhakep ngampet awake kang katisen. Jumadi ngengakake lawang karo cluluk, 4

“Jeng ...., mangga Jeng! Mangga ngeyub tindak mlebet kemawon. Mangga lumebet ngriki!”

“Matur nuwun. Kula ndherek ngeyub ngriki kemawon.”

“Mangga ta, Jeng, tindak mlebet kemawon. Toya jawah tampu mlebet emper sedaya!” Jumadi isih meksa kenya, amrih gelem mlebu omah.

“Matur nuwun. Kula nuwun ....” Sang kenya ora kuwagang nampik, campur perkewuh temahan mlebu merdhayoh nunut ngeyub. Jumadi ngacarani tetepungan, kenya ngeyub arane Asih.

“Punika wau saking pundi, Jeng?”

“Saking kitha, madosi dalem Jalan Munggur nomer selangkung, nanging boten kepanggih. Saged ugi klentu, kula madosi nomer seket kalih ugi kecele, ngantos kebethengen keterak jawah deres punika.”

“Griya kompleks ngiriki punika namung cacah selikur, Pancen wontêr malih Jalan Munggur, kompleks sanes sakidul kitha. Lha wong gawe jeneng bae padha, kaya kentekan nama. Damel ribet tiyang kathah ta niku.”

Sabanjure Jumadi nyuguh kopi anget, sanyamikane kanggo tamba tulak masuk angin. Obrolan saya ndadra ngiras kanggo imbuh pacitan sinambi ngenteni terange udan, Nanging udan tetep beleng wegah leren nadyan sakedhap netra, banyu rob sakupeng ratan, sawernaning kendharaan mogok njalari macet ngebaki marga.

Gancaring carita, Jumadi kladuk nawani nginep, gandheng kendharaan umum wus entek, dene mobile Jumadi dhewe ditinggal ana proyek penggaweyan ing Bali saengga ora bisa kanggo ngeterake. Kawitan Asih kipa-kipa nampik kurang prayoga prawan ngineb omah jaka cengkah susila, nanging kepepet kepriye maneh, ketimbang ing tembe nandang lelara kaya kang kasebut paru-paru basah utawa longon- steking, ora dadi baya sauger kuwawa njaga badanira.

Ananging sing jeneng jejaka kasep sawijining jalma manungsa dudu dewa dudu malaikat, ora lidok ketaman SOB. Jaman Presiden

130 [ 131 ]Soekarno swargi kondhang ateges Saat Oorlog van Belegi tegese Negara dalam Keadaan Bahaya. Tumrap Jumadi mesthi bae tegese Selak Ora Betah. Sesuk ngenteni apa, emben ngenteni apa, sapa ngerti tiba jodho.

Kanthi pawitan nekad campur ati dheg-dhegan, satengahing wengi kang wus dirancang sadurunge, Jumadi mindhak-mindhik laku jinjit mripate pendirangan milang-miling kaya maling wedi ditempiling. Kamangka sajeron omah babar pisan datan ana jalma manungsa kejaba pawongan sakloron, Yu Tajemrewange nuju libur pungkasan wengi iku.

Gandrik, jagat dewa bathara ora jagat dewi nglegena. Asih nglinteg ngebleh-ebleh mlaha awake kabuntel piyama sutra duweke Jumadi kang disilih anggo. Pindha temanten putri ngrantu kakunge. Rindhik kirik digitik, Jumadi tanpa uluk salam nuwun sewu makelingkrik, kaya padatan numpaki Vespa sing bokonge sadhunak rikala durung ngingu mobil. Asih pancen dudu Vespa, mula sakala njola kaget kaya disulut tegesan srutu.

Jumadi kang wus kadung ambyur suthik mundur, upama Asih mbengok sakayange ora bakal keprungu tangga, kejaba pomahan adoh kinadohan swara udan deres wengi tangeh kawiyak. Temahan Asih pasrah bongkokan. Nanging niyate Jumadi ora keturutan, korining wewadi kliwat tangguh, senjata Kunta sang perjaka datan kuwasa katamakake, apa iki sing jeneng ketanggor rompi anti perkosaan kang nembe dipromosekake.

Jumadi saya penasaran, tangan kekaro nasak-nasak rawe-rawe rantas malang-malang putung, nanging datan ana sawiji pepalang kang bisa diputung. Mripate Jumadi biyayakan, iba kagete rikala nyipati jempol sikil kiwane Asih mblendhug lan tetela barang wewadine buntet-tet sarupa kaya duweke bonekah plastik dolanane Bawuk. Cengele Jumadi sanalika krasa kaya dilimpe saka buri digejlig hamer, saengga klipug lali purwa duksina ora eling donya akhirat.

Parak esuk kaya padhatan swasana sakupeng kompleks ora

Owah gingsir. Jumadi ngengakake tlapukan mripate kleser-kleser tangi karo ngemek cengele, linggihan lambe dhipan thenger-thenger Jumadi nyawang kiwa-tengen sajeron kamar tamu kang kanggo turu Asih, datan tinemu pawongan sawiji. Seprei bantal guling sasawalane tumata racik, piyama sutra kalempit apik sumeleh sadhuwur bufet kaya adat saben

sabubare disetrika Yu Tajem.

131 [ 132 ]“Iki prastawa dudu sabaene. Sajak sing mbaureksa kene suthik dakajak mapan tembayatan.” Jumadi grenengan, karo menyat ngengakake lawang methukake Yu Tajem mlebu makarya.

“Yu, bubar reresik, ayo enggal nggotong reca wedokan kae gawa metu deleh ana plataran buri.” Prentahe Jumadi cekak.

Jumadi nglumpukake manekawarna uwuh garing didokok sangisor reca prawan, asil karyane kang endah iku. Tanpa ngetung siji loro telu, korek jess nyulut uwuh, sakala agni bul murub makantar-kantar reca kang pinuja-puja leleh ajer lumer tanpa tilas,

“Kowe dudu Dewi Rara Aryati kang dakpuji, nanging Rara Buntet tetmethethet. Andum slamet, kapok aku wus kojiret ....!” Jumadi wicara dhewe.

Tutuge bundhet, Jumadi saenggale bakal boyong omah alihan papan.

132