Sapa Sing Salah

Murkane Ibu
[ 1 ]
Sapa Sing Salah

Rina Anjarwati

SMK PGRI 1 Sentolo


Ari bocah sing apikan. Dheweke kajaba semanak marang kanca-kancane, uga klebu salah sawijining bocah sing nduweni kaluwihan kang manja. Nanging ana ing wektu iki dheweke kerep ngalamun. Ari sing mbiyene semanak lan anteng, saiki ora gelem tetepungan karo kanca-kancane meneh. Sing luwih mrihatinake maneh, biji-bijine wulangan uga dadi elek-elek. Kabeh mau amarga saiki dheweke wis nduweni kanca lanang sing ditresnani. Jenenge Arga. Dheweke kenal Arga wiwit sasi Februari setaun kapungkur. Rikala semana dheweke bisa kenal karo Arga amarga dikenalake dening mbakyune. Lha wiwit tetepungan kuwi mau Ari lan Arga dadi saya rumaket.

Sasen-sasen awal iki tetepungane wong loro kuwi mau apik-apik wae. Yen ana masalah padha dirembug wong loro. Nanging salah sawijining dina Arga wis janji arep methuk Ari ana ing sekolahane. Ari wis ngenteni suwe banget Dheweke dikancani karo Ekak kanca rakete Ari neng sekolahan. Ekak lan Ari wis kekancan awit isih padha cilik mbiyen.

Ari wis kesel anggone ngenteni, wusanane dheweke ngadhang bis karo Ekak. Nalika wis arep munggah bis Arga teka. Dheweke banjur nyeluk Ari, nanging Ari wis ora merdulekake Arga, dheweke tetep bali numpak bis karo Ekak. Arga ora ngira yen Ari bakal nesu banget karo dheweke. Arga banjur nututi si Ari bali. Sajroning lungguh ana ing bis kuwi mau Ari nggedumel dhewe.

“Wah, ngapa ta cah kae ndadak ngetutke barang?” Ari muni-muni dhewe. [ 2 ]“Ya, ampun Ri kowe kok ya tega ta karo Arga?” wangsulane Ekak.

“Halah ..., ya ben! Jeneh njelehi. Lha wong dikandhani kon methuk aku, kok malah nganggo telat barang! Mbuh lungo karo bocah wadon ngendi maneh?” Ari nesu-nesu sakarepe dhewe.

Astagfirullah Ri! Mbok kowe ki aja ngono ta. Ya paling mau bisa uga merga montore macet pa ngapa kek. Aja sok suudzan dadi wong kuwi, ora apik dadine!” Ekak tansah ngandhani Ari.

“Ah, luweh! Ra tak pikir” wangsulane Ari.

Bocah loro mau banjur padha katungkul anggone padha omong-omongan nganti ora krasa yen wis padha wayahe mudhun saka bis. Sawise mudhun saka bis Arga nyegat Arilan Ekak sing lagi padha mlaku arep bali.

“Ri, keneng apa ta, kowe kok nesu karo aku?” pitakone Arga marang Ari.

“Lha ya embuh. Pikiren dhewe!” wangsulane Ari karo mrengut.

“Ngene lho Ga, kowe mau rak telat le methuk Ari kuwi” Ekak melu-melu nyaut.

“O...walah, kuwi ta Ri? Tak omong ya Ri. aku mau ki kon ngeterke Ibu nileki bulikku sing lagi opname ana ing rumah sakit Ri?” Arga banjur menehi katrangan marang Ari.

“Halah... paling ya mung ngeterke bocah wadon liya ta?” wangsulane Ari.

“Dadi kowe ra percaya karo aku ta Ri?” Arga wangsulan.

“Ora ....! Ngapa?” Ari tambah nesu wae.

“Hop....! Ekak mbiyantu pasulayane wong loro mau.

“Wis, saiki ngene wae kowe wong loro padha salaman! Wiwit saiki kudu padha akur maneh!” Ekak tansah menehi solusi.

“Ya wis Ri, saiki aku njaluk ngapura ya merga aku kasep anggone methuk kowe! Aku ngakoni salah, nanging aku ya wis kandha saknyatane yen aku mau kudu ndherekake ibuku saperlu tilik ana ing rumah sakit.” wangsulane Arga.

“Ya, yen merga kuwi sing njalari kowe telat methuk aku. Yen ngono aku ya njaluk ngapura merga wis ndakwa kowe sing ora-ora.” wangsulane Ari.

Sawise padha akur, Ari lan Arga banjur matur nuwun karo Ekak amarga dheweke wis mbiyantu ngrampungke masalahe wong [ 3 ]loro kuwi mau. Awit saka kedadean kuwi, cah loro mau padha mawas dhiri awake dhewe-dhewe. Tetepungane wong loro mau saya suwe saya rumaket.

Ana ing sawijining dina, Ari mlebu kelase. Lagi wae arep lungguh, dheweke kaget merga ana layang ini ndhuwur mejane. Ari banjur nyeluk Ekak.

“Kak .... Kak mrenea sedhela ta arep dakkandhani!” Ari ngundang Ekak.

“Iya Ri, ana apa Ri?” wangsulane si Ekak.

“Ki lho aku oleh layang! Seka nggone sapa ya?” wangsulane Ari.

“Ha..., ya embuh ta Ri! Aku ya ra ngerti. Coba tak bukae dhisik! Mengkorak ya ana pengirime ta?” wangsulane Ekak. Layang banjur dibukak banjur diwaca.

“Sedhela meneh Arga bakal mbalik neng aku meneh. Kowe bakal ditinggalke karo Arga. Dheweke bakal milih aku tinimbang kowe. Sok pinter, sok-sokan, sokayu meneh. Rupamu kita, ora ngilo, piye kowe ki! Nek kowe isih arep karo Arga tak tunggu neng kampus. Awan iki jam loro pas. Awas NGANTI KOWE RA TEKO!”

Ari kaget banget sawise maca layang. Dheweke banjur takon takon Ekak.

“Wah Kak, sajake iki ana sing arep ngrebut Arga saka aku. Wah, kira-kira sapa ya, Kak?” pitakone Ari marang Ekak.

“Walah, paling ya mung cah kae Ri! Sapa meneh nek dudu Fista, tilasane Arga mbiyen.” wangsulane Ekak.

“Wah ..., apa ya pancen dheweke ya Kak? Iya ... ya! Kurang ajar cah siji kae. Wis jeleh urip pa piye?” wangsulane Ari.

“Lha laying mau surasane muni piye je Ri?” Ekak pingin ngerti isine layang kumau.

“Halah, bocah ki ngajak gelut neng kampus ta Kak!” wangsulange Ari.

“O....ngono ta? Ya wis yen pancen mangkono ya diladeni wae Ri! Rasah wedi yen mung karo bocah kae ki! Tak bela wis. Banjur kapan dheweke le ngajak gelut?” pitakone Ekak marang Ari.

“Mengko sore Kak, jam-jam loronan. Piye kowe bisa ngeterake aku apa ora?” wangsulane Ari.

“Wah, ya oke-oke wae ta! Mengko diparani wae neng kampus! Aku ya wis suwera gelut je!” wangsulane Ekak. [ 4 ]Swara bel tandha yen kabeh murid kudu mlebu kelas wis muni. Aril an Ekak banjur padha lungguh ana ing panggonane dhewe-dhewe. Sajrone pak guru paring katrangan bab pelajaran sing diwulangake, bocah loro mau malah padha mikirke le arek gelut, malah ora padha nggatekake apa sing dingendikakake pak guru.

“Kak, piye mengko awake dhewe arep nggawa bala pira lan sapa wae?” pitakone Ari alon-alon.

“Wah sapa ya kira-kira? Ya sing wis kulina melu gelut?” wangsulane Ekak.

“Ngajak Isti wae pa Kak?” wangsulane Ari.

“Ya kena. Isti rak ya kanca rakete awake dhewe ta? wangsulane Ekak.

“Iya Isti wae! Terus piye Arga dijak apa ora apike?” pitakone Ekak.

“Wah piye ya, apike dijak apa ora ya?” Ari bingung,

“Dijak wae pa Ri, mengko Arga ben dadi saksine awake dhewe le gelut” wangsulane Ekak.

“Yoh! Mengko dak SMS Arga.” wangsulane Ari.

“Nanging mengko wae nek awake dhewe wis arep lekas gelut Ri!” wangsulane Ekak.

“Yoh, manut aku. Wah mesti mengko dheweke uga ngajak bala akeh ya Kak?” wangsulane Ari.

“Walah ora dadi ngapa, dheweke Arep nggawa bala sepira akehe, aku ora gigrig, aku arep maju ngarep dhewe! Awake dhewe ora perlu ngajak bala akeh-akeh, cukup aku, kowe, lan Isti. Ngisin-isini yen awake dhewe gelut nggawa bala?” wangsulane Ekak.

“Wah iya ya, mengko awake dhewe bisa digeguyu ya Kak!” guyone Ari.

“Lha iya! Wis ta, aku yakin yen mengko bakal menang awake dhewe. Wisk owe tenang wae Ri!” wangsulane Ekak.

Wong loro kuwi mau pada kebablasen anggone rembugan ngati ora krasa yen wis wayahe budhalan sekolah, Ari lan Ekak banjur cepet-cepet nggoleki kanca rakete wong loro mau, yakuwi Isti. Kebeneran Isti lagi mlaku dhewe.

“Is... Is! Mrene sedhela dakkandhani!” Ari nyeluk Isti.

“Eee, Ri. Ana apa Ri kok sajak wigati banget?” wangsulane Isti karo mlaku marani Ari lan Ekak.

“Ya keneta, mrene dhisik ta Is!” wangsulane Ekak. [ 5 ]“Ana apa ta Kak, Ri? Kok ngedgeg-dhegi 10, sajak wigati banget?” Isti katon kebingungan.

“Ngene lho Is, aku mau esok ki oleh layang. Wigatine layang kuwi, ana wong sing ngajak gelut ngono!” wangsulane Ari.

“Wah tenan po piye? Banjur kok ana bocah sing wani-wanine ngajak gelut? Sapa Ri?” pitakone Isti.

“Tenan Is, sing ngajak gelut ki biyen wis tau gandheng karo Arga, kae lho, sing sok kaya ayu-ayua dhewe. Ngerti ta kowe?” wangsulane Ekak.

“O...,Fista pa? Iya pancen dheweke biyen wis tau cedhak karo Arga, ya aku ngerti kok. Terus kapan le gelut? Neng ngendi?” wangsulane Isti.

“Saiki, cahe ngajak gelut ana ing kampus kae lho! Piye pelem melu gelut ora kowe Is?” wangsulane Ari.

“Saiki ta! Wah gelem bangetaku Ri, tanganku ya wis gatel wis sauntara wektu ora gelut je! Ya ayo ndang ditandangi Ri”, Isti sarujuk.

Bocah wadon telu mau banjur numpak bis. Ari, Ekak, lan Isti arep marani bocah sing ngajak gelut neng kampus. Bocah telu mau padha crita-crita. Ora let suwe wis tekan ana papan kang dituju. Sawise mudhun saka bis, Ari, Ekak, lan Isti banjur mlaku menyang kampus. Neng ndalan Ari sms Arga ngandhani yen dheweke kudu neng Kampus. Tekan kampus, Fista, mungsuhe mau durung teka, wong telu mau banjur pada omong-omong karo ngenteni mungsuhe lan uga ngenteni Arga. Ora let sedhela wae, mungsuhe gelut wis teka.

“Ri, wah kae Ri mungsuhe awake dhewe wis teka!” Isti ngandani Ari.

“Wah iya kae” wangsulane Ari.

“Ben...! Nengke wae dhisik arep dha ngoceh apa?” wangsulane Ekak.

Mungsuhe wis ngadeg neng ngarepe Ari, Ekak, lan Isti. Saka mungsuhe ya nggawa bala wong loro kanca-kancane tilasane Arga.

“Heh, sing rumangsa nduwe jeneng Ari endi?” Fista takon nglekasi sulaya.

“Wah kok dha meneng wae ki? Yagene dha wedipa ya?” kancane Fista ngece. [ 6 ]“Wis kesel-kesel diparani jebule dha wedi, mung meneng wae. Mbuwang-mbuwang wektuku wae Ta!” Sita kancane Fista tansah melu-melu.

"Iya .....! Bener kuwi, cen dha wedi iki sajake!" wangsulane Fista.

Rombongan Ari wis ora sabar arep gelut karo rombongane Fista

“Wis..., wis dha rampung leh mu ngoceh!?” wangsulane Ekak

“Yen kowe mau takon endi sing jenenge Ari, mangertia ya aku sing jenenge Ari. Saiki karepmu ngajak apa kowe?” wangsulane Ari.

“Walah, walah! Kowe ta sing jenenge Ari? Gene mung kaya ngene wujude kok bisa-bisane Arga milih kowe tinimbang aku? Apa nganggo aji pengasihan pa piye?” wangsulane Fista.

“Heh! Lambemu isa meneng pa ora? Nek ra isa ndhene tak jejeli sandhal!” Ekak melu nyaut.

“Wis Ta gek dirampungke wae!” wangsulane Ira.

“Ayo! Kene, yara wedi. Ayo Ri maju wae siji lawan siji wangsulane Ekak.

“Oke, Kak!” wangsulane Ari karo mlaku maju marani Fiska.

“Ngapa? Arep tak tapuk piye maju barang ki!” wangsulane Fiska.

Ari mung meneng wae, nanging sawise Fista rampung anggone ngomong mangkono mau Ari banjur napuk Fista.

“Paaaak...! Rasakna iki, piye njaluk maneh apa uwis?”

Durung wae Fista mangsuli, Ari wis napuk pipi sing tengen “Paaak ....! Piye puas durung? Apa isih njaluk meneh?”

“Uwis... uwis. Kapok aku uwis! Aku njaluk ngapura ya karo kowe, amarga aku wis ngganggu tetepunganmu karo Arga” Fiska ngaku kalah karo Ari.

“Wah gene mung semono ta? Gayamu wae kaya ampuh-ampuha dhewe! Mung lambene thok wae nggaya!” wangsulane Ari.

“Yen dheweke ki RI mung menang lambene. Gaya wae selangit” Ekak nyaut.

“Uwis ta aja di ungkit-ungkit maneh. Aku karo kanca-kanca njaluk ngapura ya!” wangsulane Fista.

Seko kadohan Arga wis ketok. Dheweke mung dhewe ora ngajak kanca. Arga banjur nyedhaki Ari lan Fista. [ 7 ]“Lha, iki ana apa ta? Kok ana kowe barang Ta?” Arga kaget.

“Kuwi takon karo mantanmu kuwi!” wangsulane Ari.

“Ta, ana apa tenane?” pitakone Arga.

“Ora ana apa-apa kok” wangsulane Fista.

“Wah pinter banget kuwi le ngapusi!”, wangsulane Ekak.

“Cen. Pinterle ngapusi” wangsulane Ari.

“Hah, ...!Iki ana apa ta jan-jane?” Arga nakoni Ari lan Fista.

“Kuwi lho Ga, Fista ki ngajak gelut Ari. Dheweke ditapuk Ari pindho, wisngaku kalah, ngono wae sok nggaya” wangsulane Ekak.

“Eh, kabeh sing ana kene rungokke ya! Aku karo Fista wis ora ana apa-apa maneh! Wis, saiki wis rampung, gek bubar! Ayo bubar!” panggetake Arga.

Sawise Arga muni mangkono Fista karo kanca-kancane banjur bali ninggalake kampus. Ari lan Arga ya dadi rukun meneh kaya sadurunge. Tetepungane tambah rukun lan apik-apik wae, ora ana masalah apa-apa.


Rina Anjarwati, lair ing Kulon Progo, 17 Desember 1992, siswa SMK PGRI 1 Sentolo, Jalan Raya Sentolo km 18, Sentolo Kulon Progo, nomer telepon sekolah 08156860423, agama Islam, mapan ing Semen, Sukoreno, Sentolo, Kulon Progo, nomer HP 087839886127, nduweni kesenengan maca.