Murkane Ibu

[ 118 ]Surga Donya

Aziz Amirulbahar SMA Negeri 2 Wates, Kulonprogo

kd

N | alika iku pengumuman lulusan SMP diumumke. Bocah-bocah

glulus pada bungah amarga lulus. Ora beda karo Paijo, sana- jan jenenge ndesa nanging Paijo kuwi bocah sing bekti marang wong tuwa lan apik watake. Dheweke bisa lulus kanthi biji kang apik. Sa- wise lulus SMP dheweke pengin neruske le sinau neng SMA favorit ing Yogya.

“Alhamdulillah Bu, kula saged lulus kanthi biji ikang sae!”

“Ho'oh Nak, syukur kowe bisa lulus kanthi biji kang apik. Te- rus kowe arep neruske sinau nang endi nak?”

“Kula pengine wonten Yogja Bu, amargi sekolahane favorit lan sae kualitasipun!”

“Yarapanpa nak, sanajan wong tuamu kuwi klebu wong sing ora nduwe, nanging aku pengin anakku sesuk aja kaya wong tuamu iki. Aku pengin uripmu mapan. Ibu yara bisa ngenehi apa-apa ma- rangkowe, ibu mung bisa menehi donga kanggo kowe supaya kowe tetep dadi cah pinter nanging kowe ya usaha ya Nak!”

“Inggih Bu, mboten napa-napa. Kula nggih mboten ngarep- arep napa-napa!”

“Iya Nak, kewajibanmu kuwi ya mung sinau, nek nyambut gawe lan golek dhuwit iku kewajibane wong tuwa!”

Ingliya dina Paijo ndhaftar sekolah ana ing Yogya lan dheweke bisa ketampa. Paijo lan ibune bisa seneng amarga sing dikarepke bisa dadi kanyatan. Neng SMA dheweke iso oleh biji kang apik amarga

118 = Antologi Crata Cekak ee. [ 119 ]dheweke saben dina sinau kanthi sregep lan ora tau bolong le sholat. Saben sore Paijo ya sregep ngewangi wong tuane.

“Bu, maturnuwun kagem dongane lan pangestune amargi kula saged dados bocah ingkang ibu kersaaken!”

“Iya nak, sinau sing sregep ya lan aja lali shalate!”

“Nggih Bu!”

Wis setengah taun anggone sinau Paijo ana SMA. Dheweke ngra- sa betah lan disenengi kanca-kanca amarga kepinterane lan watake sing apik. Nanging, dheweke salah le kekancan. Dheweke malah kekancan karo bocah sing ndhugal gaweyane saben dina ya mung waton menyang sekolah, mendem, lan udud. Jenenge Imam, beda karo Paijo. Sanajan jenenge Imam, nanging dheweke ora bisa dadi bocah sing sholeh lan ora bisa dadi imame utawa tuladhane kanca- kanca kanthi tingkah sing apik.

Nalika bali sekolah, Paijo lanImam mlaku bareng anggone arep bali. Banjur Imam nawani udud marang Paijo.

“Jo, arep udud ra?”

“Ora ah, udud kuwi ora apik!”

“Ooo...cen PAIJO kowe ki, ndesa!”

“Lha piye to? Udud kuwi pancen ora apik, amarga awake dhe- we bisa kena kangker lan nek kowe lagi udud, uwong sing nang ce- dhakmu ya isa kena lan isih akeh penyakit kang disebabake seka udud!”

“Halah, kowe ki sok alim. Udud kuwi enak Iho, marakke pi- kirane enteng lan bisa gawe seneng!”

“Aku ora percaya, soale kuwi ya mung mitos. Asline ya mung mbuwang-mbuwang dhuwit lan ngrusak awak. Wis yo Mam, rasah nawani aku udud maneh!”

“Yo gek bali wae kana ngko ndak digoleki mbokmu!”

Ing malem Minggu, Imam ngajak Paijo dolan-dolan, lan Paijo gelem diajak Imam. Nanging, amarga Imam kuwi bocah sing ora bener, Imam ngajak Paijo ana ing cakruk cedhak omahe Imam kanggo men- dem.

“Josido dolanra?”, pitakone Imam marang Paijo nalika isih nang omahe Paijo.

“Yo ayo gek mangkat wae, nanging rasah tekan wengi ya!”

“Yoh!”

“Yowis, saiki gek mangkat wae yo!”

> “Murkane Ibu” ee 119 [ 120 ]“Yoh!

Nalika ana ing dalan, Paijo nuwuhke pitakon ana ing njero atine. Dheweke lan Imam kuwi arep lunga nang endhi. Banjur Paijo takon karo Imam.

“Mam, awake dhewe iki arep lunga nang endi ta?”

“Ora adoh kok saka omahku!”

“Lha arep nang endi ta?”

“Arep ngrasakke surga donya !”

“Hah, apa aku ora salah krungu? Surga kuwi ya mung nang akhirat sesuk ta? Mosok nang donya kok ana surga. Terus wujude kuwi kaya ngapa?”

“Halah koweki, rasah sok dadi kyai. Ngko kowe yo ngerti dhe- we. Wis ta, saiki kowe rasah kakehan omong!”

Pitakone Paijo entek-entekane kejawab nalika Paijo lan Imam wis tekan anaing cakruk. Jebule, sing dimaksud surga donya kuwi seneng-seneng utawa foya-foya nanging ora bener lan nang ajaran agama kuwi ora oleh ditindakake. Amarga sing ditindakake kuwi mendem.

Nang ngarep cakruk, Paijo kepengin bali amarga dheweke ngrasa ora cocok nglakoni kaya ngono kuwi lan nek ditindaake malah nggawe dosa!”

“Dosa? Ora kok, iki sing disebut surga donya. Awake dhewe bakal bebas nglakoni apa wae nek wis ngrasakke kuwi”

“Wis lah Mam, aku bali wae ya?”

Nanging, ora suwe ana kanca-kancane Imam sing teka nang cakruk banjur Paijo wedi amarga bocahe sangar-sangar lan dheweke dikon manut wae dening Imam, supaya ora diantemi.

“Mam, kuwi sapa maneh sing teka? Kok bocahe sangar-sangar. Aku dadi wedi!”

“mulakna, kowe manut wae karo aku aja wani-wani karo cah- cah kae, saiki gek mlebu wae nang cakruk ta!”

“Yo wis, aku tak manut!”

Nang njero cakruk, Paijo mung bisa meneng wae lan mung bisa ndelok Imam lan kanca-kancane pada ngrasakke surge donya. Ban- jurImam nawani Paijo ngombe. Paijo sing maune wedi-wedi banjur diwanekake supaya ora diantemi dening Imam lan kanca-kancane.

“Piye Jo rasane? Enak ta?”


120 > Antologi Crita Cekak ee [ 121 ]“Wah ho'oh rasane anget terus marakke awak dadi enteng. Ketoke aku bebas nglakoni apa wae sing tak pengini!”

“Wis gek diombe maneh wae!”

“Yoh, rasane aku pancen wis tekan surge donya!”

Wayah wengi wis teka, banjur Imam lan Paijo bali lan anggone mlaku dheweke ora kaya biasane, dheweke le mlaku nggloyor- nggloyor ora karuwan. Nanging ora ana wong sing weruh cah loro kuwiamarga wayah uwis wengilan uwis mangsane pada turu. Tekan ngomah, Paijo isih

nggloyor-nggloyor anggone mlaku. Ibune sing kuwatir amarga Paijo durung bali lan dadi bingung amarga Paijo ora kaya biasane.

“Jo, kowe ki seka ngendi?”

“Seka surge donya bu. Aku saiki ya isih nang surga, rasane pancen penak tenan. Sapa kowe ki?”

“Aku iki ibumu Nak, kenapa kowe malah dadi kaya ngene? Apa kowe kekancan karo Imam terus dadi kaya ngene!”

“Hah... mbuh. Wis ta rasah ngganggu aku maneh, ra ngerti cah jaman saiki wae kowe ki!”

“Nak, istighfar ta! Aku ki ibumu, ngapa kowe dadi kaya ngene? Kowe mabuk pa?”

“Nek ho'oh terus ngapa? Uripku ya uripku, uripmu ya uripmu. Rasah ngurusi aku, aku ki wis gedhe. Wis lah, rasah kekehan omong kowe ki. Aku ki lagi penak malah tok ganggu. Karepmu ki piye? Ngejak gelut po?”

“Astagfirullah, dadi cah kuwalat kowe Jo nek ngono kuwi. Marang wong tuwa wani!”

“Pa tak pikir...!!”

Ibune Paijo mung biso nangis lan bingung kenapa biyen Paijo dadi bocah sing bekti marang wong tuwa saiki dadi bocah sing nakal.

Wektu saya cepet, Paijo ya saya nakal. Kanca-kanca sing tepung karo Paijo dadi bingung, ketoke kuwi dudu Paijo sing ditepungi kanca-kanca. Watak nakale saya parah, nganti dhuwit sing nggo bayar SPP ing sekolahane ora dibayarke nanging malah dingo men- dem karo kanca-kancane.

Nalika esuk-esuk dheweke arepmangkat sekolah, krungu tang- ga-tanggane padha crita nekmau bengi ana tabrakan ing desa sebe- lah. Sing tabrakan ndilalahe wong sing lagi mendem. Paijo

> “Murkane Ibu” ee 181 [ 122 ]ngrungoake nganti rampung lan sing tabrakan mau mati amarga nabrak uwit. Banjur Paijo ngrasa salah lan wedi nek dheweke sing ngalami ngono kuwi terus kepriye. Kamangka kuwi kelakuwan sing ora becik lan nang ajaran agama ora oleh dilakoni. Dheweke pengin tobat lan pengin dadi bocah kang watake becik.

“Bu..., kula badhe nyuwun pangapunten. Amargi kula nin- dakake ingkang mboten sae!”

“Yoh nak ora papa, nanging aja dibaleni meneh ya!”

“Nggih bu, kulo sampun ngertos menawi ingkang kula tin- dakaken menika lepat lan mboten sae!”

“Dadi bocah sing becik lan bekti marang wong tuwa wae nak aja dadi bocah nakal!”

Ibune Paijo nangis, amarga weruh anake njaluk ngapura, na- nging dheweke ya ngrasa seneng amarga Paijo wis sadhar nek sing ditindakake kuwi ora becik lan dheweke yo sadhar nek kabagyan kuwi ora mung dientukke saka foya-foya utawa seneng-seneng wae, nanging, kabagyan kuwi bisa dientukke saka awake dhewe nindak- ake ingkang becik lan surga ing akhirat kuwi luwih apik tinimbang surga donya sing mung sedilit lan kadhang surga donya kuwi ora apik amarga awake dhewelengolehke saka nindakake barang sing ora becik.

KG

N Aziz Amirulbahar, lair ing Kulon Progo, 24 Juni 1992, sekolah ing SMA Negeri 2 Wates, Bendungan, Wates, Kulon Progo, ngrasuk agama Islam, omahe ing Kaliwangan RT 27, RW 13, Temon Wetan, Temon, Kulon Progo, telepon ngomahe (0274) 7117572, hapene 085729486454, kesenengane dolanan komputer.


122, = Antologi Crita Cekak ee