Tamatna Sapa Wong Kuwi

[ Cover ]
TAMATNA SAPA

WONG KUWI

[ Img ]DUNIA PERJANJIAN BARU

[ Title ]




TAMATNA SAPA
WONG KUWI


Pethikan-pethikan
saka Kitab Prejanjian Anyar
bab sugengé lan piwulangé
Gusti Yésus Kristus









KAWETOKAKÉ DÉNING
LEMBAGA ALKITAB INDONÉSIA
JLN. RAYA SALÉMBA 12, JAKARTA
[  ]
















IBS-022-10M-560p-1980
The Man You Cannot Ignore
JAVANESE

Percetakan L.A.I.-Ciluar, Bogor

[ Ketrangan ] "Prejanjian Anyar" kuwi jenengé Kitab, sing nyritakaké bab Gusti Yésus Kristus. Kitab iku karan mengkono merga ngemot bab janjiné Gusti Allah marang manungsa adhedhasar sangsara, séda lan wunguné Gusti Yésus Kristus. Prejanjian mau disebut Injil utawa Kabar Kabungahan, merga wosé: Gusti Allah prejanji ngluwari manungsa saka dosa lan paukuman pati sepira sing precaya lan nganggep Yésus Kristus mau Gusti lan Juru Slameté.

 Nalika sugengé, Gusti Yésus dedalem ing tanah Palestina, ing tengahé bangsa Yahudi. Tanah Palestina iku dunungé mencil lan masarakaté béda karo masarakat kita. Mengkono uga basa lan adat tata-carané.

 Sugengé Gusti Yésus kuwi minangka tuladha, lan pangandikané minangka piwulang kanggo kita. Ana kalané Gusti Yésus mulang marang wong akèh, ana kalané piwulangé mung kawedharaké marang para muridé utawa marang wong sawetara sing ndhèrèkaké Panjenengané.

 Paseksèn bab sugengé lan piwulang-piwulangé Gusti Yésus mau ditulis déning para pendhèreké nganggo basané wong jaman semana. Basa mau béda karo basa kita, lan béda karo basané bangsa-bangsa jaman saiki. Mulané tulisan mau prelu disalin ing basa-basa sing dienggo déning bangsa-bangsa jaman saiki, supaya akèh wong sing tepung karo Gusti Yésus lan ngreti apa tegesé ndhèrèk Panjenengané.

 Kejaba awèh ketrangan lan paseksèn bab sugengé lan piwulangé Gusti Yésus, Kitab "Prejanjian Anyar" uga ngatag marang para wong sing maca supaya netepaké adegé tumrap marang Gusti Yésus. Mulané pethikan-pethikan iki dipilih lan disebar, supaya akèha wong sing nyumurupi dhasar-dhasaré sugeng lan piwulangé Gusti Yésus. [ 5 ]

Wiyosé Gusti Yésus Kristus

Mat.1:18-25

 Anadéné wiyosé Gusti Yésus Kristus kuwi kelakoné mengkéné: Nalika Maryam ibuné Gusti Yésus isih pacangan karo Yusuf, lan durung padha ningkah, Maryam wis mbobot merga saka pangwasané Sang Roh Suci. Sarèhné wong mursid, Yusuf ora gelem gawé wirangé Maryam ana ing ngarepé wong akéh; mula thukul gagasané arep medhot enggoné pepacangan karo Maryam mau kanthi meneng-menengan. Nanging bareng lagi nggagas-nggagas mengkono, banjur ana malaékate Pangéran nemoni Yusuf sajroning impèn. Malaékat mau ngandika: "Yusuf, tedhak turuné Dawud, kowé aja mangu-mangu ngepèk Maryam dadi bojomu, awit bayi sing ana ing wetengané kuwi asalé saka pangwasané Sang Roh Suci. Maryam bakal mbabar putra kakung. Bayi kuwi namakna Yésus, awit iya Panjenengané kuwi sing bakal nylametaké umaté saka ing dosané."

 Kuwi mau kabéh supaya kelakon sing dingandikakaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné: "Bakal ana prawan mbobot, sarta mbabar putra kakung, kang bakal dinamakaké Immanuel." ("Immanuél' kuwi basa Ibrani, tegesé: 'Allah nunggil karo kita'.)

 Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakoni kaya sing didhawuhaké déning malaekaté Pangéran mau Maryam banjur diningkah, nanging ora diwori turu nganti tumekané babaran. Putrane kakung; Yusuf namakaké putra mau Yésus.

Wiyose Gusti Yésus

Luk. 2:1-7

 Nalika semana kaisar Agustus paring dhawuh, supaya para kawulaning krajan Rum kabèh padha nyathetaké jenengé, lan diétung cacahé. Cacah jiwa sing kapisan kuwi ditindakaké nalika Kirénius dadi gubernur ing tanah Siria. Wong kabèh banjur padha mangkat ndhaftaraké jenengé ing kutha asalé dhéwé-dhéwé.

 Yusuf iya nuli mangkat saka kutha Nasarèt ing tanah Galiléa, menyang kutha Bètlehèm, ing tanah Yudéa. Bètlehèm kuwi kutha kelairané Sang Prabu Dawud. Mangka Yusuf kuwi tedhak turuné Sang Prabu Dawud. Lungané Yusuf mau bebarengan karo Maryam, pacangané, sing lagi ngandheg. Nalika wong loro mau tekan ing kutha Bètlehèm, Maryam enggoné ngandheg wis tekan wektuné babaran. Maryam nuli mbabar putra kakung, putra pembarep. Putra mau nuli digedhong, banjur disèlèhaké ana ing wadhah pakan kéwan, jalaran Yusuf lan Maryam padha ora oleh panggonan ana ing omah penginepan.

Para pangon lan para malaékat

Luk. 2:8-20

 Ing dhaérah kono wengi kuwi ana pangon-pangon sing lagi padha nginep ana ing ara-ara, njaga wedhusé. Dumadakan ana malaékating Pa[ 6 ]ngéran jumeneng ana ing sacedhaké, lan cahya kamulyaning Pangéran madhangi wong-wong mau, nganti padha wedi banget. Nanging malaékat mau ngandika: "Aja wedi, sebab tekaku iki nggawa kabar becik kanggo kowé, lan sing bakal bungahaké wong kabeh. Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu ana ing kuthané Sang Prabu Dawud, yakuwi Sang Kristus kang jumeneng Gusti. Déné tengerané mengkéné: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong, sumèlèh ana ing wadhah pakaning kéwan."

 Dumadakan mbarengi malaékat mau ana malaékat akeh banget, padha memuji marang Gusti Allah, tembungé:

 "Pinujia Allah kang ana ing ngaluhur,
 lan tentrem rahayu ana ing bumi
 tumrap wong sing dikasihi déning Gusti Allah!"

 Sakonduré para malaékat mau menyang swarga, para pangon nuli padha rerasanan: "Ayo padha mangkat menyang kutha Bètlehèm lan ndeleng apa sing wis kelakon ana ing kana, kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah marang kita."

 Para pangon mau nuli énggal-énggal padha mangkat, lan ketemu Maryam lan Yusuf, sarta Sang Bayi, sing sumèlèh ana ing wadhah pakan kéwan. Bareng weruh bayi kuwi, para pangon nuli padha nyritakaké apa sing dingandikakaké déning malaékat bab Sang Bayi mau. Kabeh wong sing padha krungu critané para pangon mau padha gumun banget. Nanging Maryam nyathet kuwi mau kabèh ana ing atiné, sarta dirasak-rasakaké, apa tegesé kuwi mau kabèh. Para pangon mau nuli padha bali, sarta ngluhuraké Gusti Allah srana puji-pujian, sebab apa sing dirungu lan dideleng mau kabèh cocog banget karo sing dingandikakaké déning malaékat.

Gusti Yésus ditetaki lan ditetepaké asmané

Luk. 2:21

 Sawisé umur wolung dina, Sang Bayi nuli ditetaki, lan ditetepaké asmané: Yésus, yakuwi jeneng sing dingandikakaké malaékat marang Maryam, sadurungé ngandheg Sang Bayi mau.

Tamu-tamu saka ing tanah wétan

Mat. 2:1-12

 Kutha panggonané Gusti Yésus miyos mau arané Betlehèm, dunungé ing tanah Yudéa. Nalika semono sing jumeneng raja ing tanah Yudéa Sang Prabu Hérodès. Ing kono ana ahli palintangan sawetara saka tanah wétan padha teka ing kutha Yérusalem. Banjur padha takon: "Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos menika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing sisih wétan; lan enggen kula dhateng mriki menika sami badhé saos bekti dhateng Panjenenganipun."

 Bareng krungu sing mengkono mau Sang Prabu Hérodès kaget banget. Semono uga wong sakutha Yérusalem iya padha kaget. Sang Prabu banjur utusan ngumpulaké para pengareping imam lan para ulama, banjur padha didangu: "Sang Kristus kuwi bakal miyos ana ing endi?"

 Wangsulané sing padha didangu: "Wonten ing kitha Betlehem, ing [ 7 ]tanah Yudéa. Kados ingkang sampun kaserat déning nabi, mekaten:

 'Kowe kutha Bètlehèm, ing tanah Yahuda,
 kowé babar pisan dudu kutha sing rèmèh dhéwé
 ing antarané kutha-kutha ing Yahuda,
 awit saka ing kowé bakal miyos penuntun
 kang bakal ngengon umatKu Israèl.'"

 Sawusé olèh ketrangan mengkono, Sang Prabu Hérodès banjur utusan nimbali para ahli palintangan saka tanah wétan mau kanthi dhedhemitan. Sang Prabu banjur ndangu klawan tliti kapan sanyatané lintang kuwi olèhé wiwit katon. Sawisé kuwi para ahli palintangan mau kadhawuhan mangkat menyang kutha Bètlehèm, karo diweling mengkéné: "Padha mangkata, titi priksanen sing tliti bab Sang Bayi kuwi. Déné yèn wis ketemu, énggal padha matura marang aku, supaya aku iya bisa mrana saos bekti marang Panjenengané."
 Sawisé nampani dhawuhé Sang Prabu Hérodès mau, para ahli palintangan banjur padha mangkat. Sajroné padha mlaku, lintang sing mauné padha dideleng ana ing wétan, kuwi katon menèh. Lintang kuwi ndhisiki lakuné, banjur mandheg ana ing ndhuwuré padunungané Sang Bayi. Bareng weruh lintang mau, para ahli palintangan padha bungah banget. Tumuli padha mlebu ing omah lan ing kono padha weruh Sang Putra karo Maryam, ibuné. Banjur padha sujud lan nyembah marang Sang Putra. Sawisé mengkono para ahli palintangan mau banjur padha mbukaki pethiné rajabrana, lan nyaosaké pisungsung marang Sang Bayi, arupa mas, menyan lan blendok mur.
 Nalika mulih, para ahli palintangan mau padha ora metu ing dalan sing mauné diliwati. Sebab padha olèh dhawuh saka Pangéran ing sajroné impèn, supaya aja padha bali sowan ing ngarsané Sang Prabu Hérodès.

Gusti Yésus kaungsèkaké menyang tanah Mesir

Mat. 2:13-15

 Bareng para ahli palintangan wis padha mangkat, nuli ana malaékating Pangéran ngetingal marang Yusuf sajroné impèn. Malaékat mau ngandika: "Tangia, Sang Putra lan ibuné padha ungsèkna menyang tanah Mesir. Manggona ana ing kana nganti aku awèh weruh marang kowé, awit Sang Prabu Hérodes bakal nggolèki Sang Putra arep disédani."
 Yusuf tangi, ing bengi kuwi uga banjur nggawa Sang Putra lan ibuné ngungsi menyang tanah Mesir. Banjur padha manggon ana ing kono nganti sasédané Sang Prabu Hérodès. Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing wis didhawuhaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné: "Saka ing tanah Mesir enggonKu nimbali Putraku."

Bocah-bocah ing kutha Bètlehèm padha dipatèni

Mat. 2:16-18

 Sang Prabu Hérodès duka banget, sebab pirsa yèn diapusi déning para ahli palintangan saka ing tanah wétan mau. Panjenengané banjur dhawuh matèni sakèhé bocah lanang ing kutha Bètlehèm lan sakiwa[ 8 ]tengene, sing umuré rong taun sapengisor. Manut pétungan wektu sing dikandhakaké déning para ahli palintangan mau.

 Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing wis tau dingandikakaké déning nabi Yérémia:

 "Ana swara keprungu ing kutha Rama,

  yakuwi pesambat lan penangis,

 Rakhèl nangisi anak-anaké;

  lan emoh dilipur,

 awit anak-anaké wis padha mati."

Konduré Gusti Yésus saka ing tanah Mesir

Mat. 2:19-23

 Bareng Sang Prabu Hérodès wis séda, malaékating Pangeran ngetingal menèh marang Yusuf sajroné impèn ing tanah Mesir.

[ 9 ] Malaékat mau dhawuh: "Tangia! Sang Bayi lan ibuné gawanen bali menyang tanah Israèl, awit wong sing padha ngarah sédané Sang Bayi wis padha mati." Yusuf tangi, Sang Bayi lan Maryam banjur digawa bali menyang tanah Israèl.

 Nanging bareng krungu yèn Pangéran Arkélaus, putrané Sang Prabu Hérodès, nggentosi ramané jumeneng raja ana ing tanah Yudéa, arep mrana Yusuf atiné sumelang. Sarèhné Yusuf iya tampa dhawuh saka Pangéran ing sajroning impèn, mulané banjur lunga menyang tanah Galiléa, banjur manggon ing kutha Nasarèt. Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing dingandikakaké déning para nabi, yèn Gusti Yésus bakal kasebut "Wong Nasarèt".

II. Wiwitaning Pakaryané

Gusti Yésus dibaptis nabi Yohanes

Mat. 3:13-17

 Nalika semana Gusti Yésus tindak saka tanah Galiléa menyang kali Yardèn. Panjenengané murugi nabi Yohanes lan mundhut supaya dibaptis. Nanging nabi Yohanes menggak, aturé: "Kawula ingkang prelu Panjenengan baptis, kok samenika malah Panjenengan ingkang mundhut kawula baptis."

 Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wis ta, bèn waé, awit srana mengkono Aku lan kowé padha netepi sing dadi kersané Gusti Allah." Nabi Yohanes nuli nuruti kersané.

 Sawisé dibaptis, Gusti Yésus mentas saka ing banyu. Dumadakan Panjenengané kawenganan langit lan mirsa Sang Roh Suci tumurun kaya manuk dara, nedhaki Panjenengane. Banjur ana swara saka ing langit: "Iki PutraKu, sing Daktresnani, sing gawé renaning penggalihKu."

Gusti Yésus kagodha déning Iblis

Mat. 4:1-11

 Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur katuntun déning Sang Roh Suci menyang ara-ara samun, supaya digodha déning Iblis. Ana ing kono Gusti Yésus siyam patang puluh dina patang puluh bengi. Banjur kraos luwé. Iblis nuli teka sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan matur mengkéné: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, mangga séla-séla menika Panjenengan sabdakaken dados roti."

 Gusti Yésus mangsuli: "Wis katulis ing Kitab Suci: Manungsa kuwi uripé ora mung saka roti waé, nanging saka sakéhing sabda sing didhawuhaké déning Gusti Allah."

 Iblis banjur nggawa Gusti Yésus menyang kutha Yérusalem lan mapanaké Panjenengané ana ing wuwunging Pedaleman Suci. Iblis nuli matur: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, sumangga kula [ 10 ]aturi anjlog; sebab wonten ing Kitab Suci wonten seratan mekaten:

 'Pangeran bakal ndhawuhi para malaékate njaga marang kowé,

  lan kowé bakal ditadhahi ing tangané

 supaya aja nganti kena ing watu.'"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Nanging ing Kitab Suci iya ana tulisan mengkéné: 'Kowé aja nyoba marang Pangéran Allahmu.

 Gusti Yésus banjur digawa déning Iblis, menyang gunung sing dhuwur banget. Ana ing kono Gusti Yésus diaturi mirsani sakèhe kraton ing donya sakamulyané kabèh. Iblis banjur matur marang Gusti Yésus: "Sedaya menika kula caosaken dhateng Panjenengan, angger Panjenengan sujud nyembah dhateng kula."

 Gusti Yesus ngandika: "Wis lungaa, Sétan! Awit ing Kitab Suci wis tinulis mengkéné: 'Pangéran Allahmu sing wajib koksembah lan mung Panjenengané sing wajib kokbektèni!'"

 Wusana Iblis banjur lunga saka ngarsané Gusti Yésus; malaékat-malaékat tumuli padha sowan ngladosi Panjenengané.

Gusti Yésus miwiti pakaryané ana ing tanah Galiléa

Mat. 4:12-17

 Bareng midhanget, yèn nabi Yohanes dikunjara, Gusti Yésus banjur nyingkir menyang tanah Galiléa. Panjenengané pindhah saka kutha Nasarèt lan dedalem ing kutha Kapèrnaum. Kutha kuwi dunungé ana ing sapinggiré segara Galiléa, ing tanah Zebulon lan Naftali, trep karo sing dingandikakaké nabi Yésaya, mengkéné:

 "Tanah Zebulon lan tanah Naftali,
  sing ana ing sauruting dalan menyang segara,
 ing sabrangé kali Yardèn,
  tanah Galiléa panggonané bangsa-bangsa liya!
 Wong-wong sing padha manggon ing pepeteng
  wis padha weruh pepadhang gedhé!
 Pepadhang wis sumunar
  madhangi wong-wong sing padha manggon ing tanah
 sing dikwasani déning dayaning pati!"

 Ing wektu kuwi Gusti Yésus wiwit mulang, pangandikané: "Padha mretobata ninggal dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Pepréntahané Allah arep diwiwiti!"

Gusti Yésus nimbali wong papat tukang njala iwak dadi muridé

Mat. 4:18-22

Nalika lagi tindak ing sapinggiring segara Galilea, Gusti Yésus mirsa wong loro, kakang adhi, yakuwi Simon sing karan Pétrus karo Andréas, adhiné. Wong loro mau lagi padha njala, awit loro-loroné padha tukang njala iwak. Gusti Yésus ngandika marang wong loro mau: "Padha mèlua Aku, kowé arep pada Dakdadèkaké tukang njala wong." Sanalika jalané ditinggal, banjur padha ndhèrèk Gusti Yésus.

Gusti Yésus banjur nerusaké tindaké, sarta mirsa wong loro menèh, iya kakang adhi, yakuwi Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zebedéus. Wong loro mau karo bapakné lagi ana ing prau, nyulami jalané, banjur [ 11 ]

padha ditimbali déning Gusti Yésus. Sanalika prau lan bapakné ditinggal, nuli padha ndhèrèk Gusti Yésus.

Gusti Yésus ditampik ana ing kutha Nasarèt

Luk. 4:16-30

 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli tindak menyang kutha Nasarét, kutha asalé Gusti Yésus piyambak. Ing dina Sabat, Gusti Yésus kaya adat saben, tindak menyang sinagogé. Nalika jumeneng arep maos Kitab Suci, Panjenengané dicaosi Kitab Yésaya. Bareng dibukak, manggih ayat sing uniné mengkéné:

 "Sang Roh Suci dumunung ana ing Aku.

  Awit Pangeran wis milih Aku supaya ngabaraké

  Injilé Allah marang wong miskin.

 Pangeran ngutus Aku mertakaké pangluwaran marang

  wong sing dikunjara,

  lan mulihaké pandelengé para wong wuta;

 sarta ngluwari wong sing ditindhes,

 tuwin ngundhangaké

  bakal tekané jaman keslametan peparingé Pangéran marang umaté."

 Sawisé Kitab mau ditutup lan dibalèkaké marang wong sing mau ngaturaké, Gusti Yesus nuli lenggah. Wong kabèh sing ana ing sinagogé padha mandeng Panjenengané. Gusti Yésus nuli ngandika mengkéné: "Ing dina iki, iya nalika kowé padha ngrungokaké enggonKu maca ayat-ayating Kitab Suci mau, isining tulisan kuwi mau wis kelakon."

 Wong-wong padha ngrungokaké temenan pangandikané Gusti Yésus, sarta padha kaéraman tumrap éndahing piwulangé. Wong-wong mau nuli padha muni: "Apa kuwi dudu anaké Yusuf?"

 Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: "Kowé mesthi bakal ngetrapaké paribasan iki marang Aku: 'Dhokter, warasna awakmu dhéwé. Prekara-prekara sing dakrungu koktindakaké ana ing kutha Kapernaum, kuwi saiki tindakna ana ing kéné, ing negara asalmu [ 12 ]dhéwé.'" Gusti Yésus banjur ngandika menèh: "Ngandela, ora ana nabi siji waé sing kajèn ana ing tanah asalé dhéwé. Nanging kowé rak padha ngreti, dhèk jamané nabi Élia, nalika ora ana udan telu setengah taun lawasé, nganti ana pailan gedhé ing sanegara kabèh, ing kono ana randha akèh ing tanah Israèl. Ewasemono Gusti Allah ora ngutus Élia lunga niliki randha mau salah siji. Nanging Élia malah diutus marani randha ing kutha Sarfat, ing tanah Sidon. Mengkono uga dhèk jamané Élisa. Nalika semana akèh wong sing padha lara kusta ana ing tanah Israèl, éwasemono ora ana siji waé sing diwarasaké, kejaba Naaman thok, wong Siria."

 Bareng krungu pangandikané Gusti Yésus sing mengkono kuwi, wong sasinagogé padha nepsu kabèh. Wong-wong mau nuli padha ngadeg lan nyèrèd Gusti Yesus menyang sajabané kutha, digawa menyang pucaking gunung, sing didegi kutha lan saka ing kono Panjenengané arep dicemplungaké ing jurang. Nanging Gusti Yésus tindak nratas ing tengahé wong-wong mau, nuli jengkar saka ing kono.

Gusti Yésus milih rasul rolas

Luk. 6:12-16

 Nalika semana Gusti Yésus minggah ing gunung prelu ndedonga. Enggoné ndedonga nganti sawengi natas. Bareng wis raina Gusti Yésus nimbali para muridé supaya marek. Panjenengané nuli milih wong rolas, sing padha disebut rasul. Yakuwi: Simon (sing diparabi déning Gusti Yésus 'Pétrus') lan Andréas, seduluré. Yakobus lan Yohanes, Filipus lan Bartoloméus, Matius lan Tomas, Yakobus anaké Alféus, lan Simon (sing karan wong kendel), Yudas anaké Yakobus lan Yudas Iskariot, sing ing tembé ngulungaké Gusti Yésus.

Gusti Yésus memulang lan marasaké wong akèh

Luk. 6:17-19

 Gusti Yésus nuli tedhak saka ing gunung kadhèrèkaké déning rasul rolas. Panjenengané kèndel jumeneng ana ing panggonan kang rata. Akèh wong sing padha nglumpuk ana ing kono, kejaba para murid, iya wong-wong liyané, sing padha teka saka ing satanah Yudéa, kutha Yérusalem lan kutha-kutha Tirus lan Sidon, lan tanah sauruté pesisir. Enggoné padha mrono kuwi merga kepengin ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus, lan supaya padha kawarasaké lelarané. Uga wong sing padha kesurupan dhemit padha ditundhung dhemité. Wong kabèh mau padha ngudi supaya bisa ndemèk Gusti Yésus, awit ana daya sing metu saka sarirané, sing marasaké wong-wong mau. [ 13 ]

III. Piwulangé

PIWULANGÉ GUSTI YESUS ANA ING GUMUK

Kabegjan sejati

Mat. 5:1-12

 Bareng Gusti Yésus mirsa wong akéh mau, banjur minggah ing gumuk. Sawisé lenggah, para muridé padha mapan lungguh ngubengi Panjenengané. Gusti Yésus tumuli wiwit mulang:

"Begja wong sing rumangsa ringkih ana ing ngarsané Pangéran; awit wong sing kaya ngono kuwi sing dadi umat ana ing Pepréntahané Allah.

Begja wong sing prihatin;

awit bakal padha dilipur déning Gusti Allah. [ 14 ] Begja wong sing andhap asor,
 awit bakal padha tampa prasetyané Gusti Allah
 Begja wong sing kepéngin banget nglakoni kersané Gusti Alah;
 awit Gusti Allah bakal gawé mareming atiné.
 Begja wong sing seneng melasi wong liya;
 awit bakal diwelasi déning Gusti Allah.
 Begja wong sing resik atiné;
 awit bakal wanuh marang Gusti Allah.
 Begja wong sing padha seneng ngrukunaké;
 awit bakal disebut para putrané Gusti Allah.
 Begja wong sing disiya-siya merga enggone nglakoni kersané Gusti Allah;
 awit wong sing mengkono kuwi dadi umat ana ing Pepréntahané Allah.
 Begja kowé menawa diwewada, disiya-siya lan dipitenah merga saka enggonmu dadi muridKu. Para nabi sadurungé kowé iya padha disiksa kaya mengkono. Padha bungaha lan dipadha gembira, sebab gedhé ganjaran sing bakal kaparingaké déning Gusti Allah marang kowe."

Bab uyah lan pepadhanging jagad

Mat. 5:13-16

 "Kowe kuwi upamané kaya uyah kanggo nguyahi jagad. Yèn uyah ilang asiné, apa sing kena kanggo mulihaké asiné? Uyah sing mengkono mau wis ora ana gunané, mulané mung bakal dibuwang lan diidak-idak déning wong.

 Kowe kuwi upamané kaya pepadhang sing dibutuhaké déning wong sejagad kabèh. Kutha sing ana ing ndhuwur gunung kuwi ora kena dialing-alingi. Lan menèh ora ana wong sing nyumed lampu, banjur ditutupi nganggo tompo, nanging malah bakal numpangaké lampu mau ana ing papan sing dhuwur, supaya bisa madhangi saben wong sing ana ing omah kono. Mengkono uga padhangmu madhangana marang wong, supaya padha neksèni panggawému sing becik, temah wong-wong mau padha ngluhuraké Ramamu sing ana ing swarga."

Piwulang bab Torèt

Mat. 5:17-20

 "Kowé aja padha ngira, yèn tekaKu iki arep mbatalaké Torèt, sing diwulangaké nabi Musa lan para nabi liyané, nanging malah arep nyampurnakaké. Ngretia, selawasé isih ana langit lan bumi, Torèt mau ora bakal batal, senajan mung titik utawa saaksara waé. Mulané sing sapa nerak salah sawijining angger-angger mau, senajan sing katoné cilik dhéwé, lan mulangaké marang wong liya nglakoni mengkono, iku bakal olèh papan sing asor dhéwé ana ing Pepréntahané Allah. Nanging sing sapa nglakoni lan mulangaké kabèh pepakoning Toret, iku bakal olèh papan sing dhuwur ana ing Pepréntahané Allah. Mulane éling-élingen: kowé ora bakal kepétung dadi umat ana ing Peprentahané Alian, yen olèhmu nglakoni angger-anggeré Torèt ora luwih sampurna ketimbang karo sing ditindakaké déning para ulama lan para wong Farisi." [ 15 ]

Pepeling bab nepsu

Mat. 5:21-26

 "Kowé padha ngreti yèn leluhur kita diwulang mengkéné: Kowé aja matèni wong; sing sapa matèni wong kudu diadili. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa nepsoni seduluré, kudu diadili; lan sing sapa misuhi seduluré, iya kudu diadili déning Pengadilan Agama. Lan sing sapa ngunèkaké seduluré: "goblog", wong kuwi kudu dicemplungaké ing geniné nraka. Mulané yèn kowé pinuju nyaosaké pisungsungmu marang Gusti Allah, mangka kowé kelingan ana sedulur sing lara atiné karo kowé, pisungsungmu tinggalen. Wong mau paranana, rukuna dhisik karo dhèwèké, yèn wis banjur balia, nyaosna pisungsungmu.

 Yèn ana wong nggugat kowé menyang pengadilan, sajroné lagi padha bebarengan mlaku mrana, kowé ngaraha rukun dhisik karo wong sing nggugat mau. Yen kowé ora ngarah rukun dhisik, wong mau bakal ngajokaké kowé marang jeksa lan jeksa bakal masrahaké kowé marang polisi. Polisi nuli bakal nglebokaké kowé menyang kunjara. Élinga, yèn kowé bakal ora bisa metu saka kunjara mau, samasa utangmu durung koksaur nganti lunas."

Bab laku jina

Mat. 5:27-30

 "Kowé wis padha ngreti piwulang sing surasané: Kowé aja laku jina. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sapa sing mandeng wong wadon kanthi rasa sir, wong mau wis laku jina karo wong wadon mau ing sajroning atiné. Yen mripatmu tengen marakaké kowé gawé dosa, mripat kuwi cukilen lan buwangen! Luwih becik kowé kélangan pérangané badanmu salah siji, ketimbang karo badanmu sekojur kacemplungaké ing nraka. Yèn tanganmu tengen njalari kowé nglakoni dosa, tangan kuwi kethoken, banjur buwangen! Luwih becik kowé kélangan tanganmu sesisih ketimbang karo badanmu sekojur mlebu ing nraka."

Bab pegatan

Mat. 5:31-32

 "Uga ana piwulang sing surasané: Sapa sing megat bojoné, kudu aweh layang pegat. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa megat bojoné, mangka bojoné mau ora laku jina, kuwi marakaké bojoné mau laku jina, yakuwi samangsa sing dipegat mau kawin menèh. Lan wong liya sing kawin karo sing dipegat mau, iya banjur katut laku jina."

Bab sumpah

Mat. 5:33-37

 "Kowe padha ngreti yèn leluhur kita padha diwulang mengkéné: Kowé aja mblenjani janji. Yèn kowé wis janji karo wong nganggo sumpah ing ngarsané Gusti Allah, kudu koktetepi. Nanging saiki Aku ngandhani kowé: Kowé aja pisan-pisan sumpah. Aja sumpah demi langit, awit langit kuwi palenggahané Gusti Allah. Utawa demi bumi, awit bumi kuwi ancik-anciking sampéyané Gusti Allah; utawa aja demi kutha Yérusalém, awit kutha Yérusalém kuwi kuthané Sang Prabu. Iya aja sum[ 16 ]pah demi sirahmu, awit kowé dhéwé ora bisa gawé uwan, saeler waé ora bisa. Munia waé "Iya" utawa "Ora". Luwihé saka kuwi pinangkané saka Iblis."

Bab males

Mat. 5:38-42

 "Angger-anggeré nabi Musa nyebutaké mengkéné: Sapa sing ngrusak mripat, kudu genti dirusak mripaté lan sing ngrusak untu, kudu genti dirusak untuné. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Aja males marang wong sing gawé piala marang kowé. Malah yèn ana wong napuk pipimu tengen, karebèn napuk pipimu kiwa pisan. Lan yèn ana wong ngladekaké kowé marang hakim merga arep njaluk keméjamu, jasmu wènèhna pisan. Yen kowé dipeksa wong nggawakaké barangé sakilomèter, gawakna nganti rong kilomèter. Yèn ana wong njaluk apa-apa marang kowé, wènèhana lan aja nulak wong sing arep utang marang kowé."

Bab tresna marang mungsuh

Mat. 5:43-48

 "Kowé wis padha ngreti piwulang iki: Tresnaa marang kanca-kancamu lan sengita marang mungsuhmu. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Padha tresnaa marang mungsuhmu, lan wong sing nganiaya kowé, padha dongakna, supaya ketitika yèn kowé kuwi para putrané Ramamu ing swarga. Awit Ramamu maringi padhanging srengéngé marang wong sing becik, nanging uga marang wong sing ala. Ramamu maringi udan marang wong sing nglakoni kabecikan lan uga marang wong sing nglakoni piala. Awit yèn kowé mung nresnani marang wong sing tresna marang kowé, apa preluné Gusti Allah males penggawému kuwi? Apa wong sing karem bandha uga ora tumindak mengkono? Lan yèn kowé awèh salam mung marang kanca-kancamu waé, kaluwihanmu apa? Wong sing ora wanuh marang Gusti Allah rak iya padha tumindak mengkono! Mulané kowé kudu padha sampurna, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna."

Bab sedhekah

Mat. 6:1-4

 "Padha élinga! Aja padha nglakoni pangibadahmu kanggo paméran ana ing sangareping wong. Yèn kowé tumindak mengkono, kowé ora bakal nampani ganjaran saka Ramamu ing swarga.

 Mulané yèn kowé padha dedana, aja kokwertak-wertakaké kaya sing ditindakaké déning wong lamis. Wong lamis lumrahé nindakaké sing mengkono mau ana ing papan-papan pangibadah lan ing dalan-dalan gedhé, pamrihé supaya dialem déning wong. Élinga, wong-wong sing kaya ngono kuwi wis padha olèh piwalesing penggawéné. Nanging tumrap kowé, yèn kowé dedana, aja nganti wong liya padha ngreti enggonmu wèwèh, supaya aja ana wong siji waé ngreti enggonmu dedana. Ramamu ing swarga pirsa penggawému sing ora diweruhi déning wong; lan Panjenengané bakal paring piwales marang kowe." [ 17 ]

Bab ndedonga

Mat. 6:5-15

 "Yèn kowé sembahyang, aja kaya wong lamis. Wong lamis lumrahé padha sembahyang karo ngadeg ing papan-papan pangibadah lan ana ing pinggir dalan, pamrihé supaya katon ing wong. Élinga, wong sing mengkono mau wis padha nampani opahé. Nanging kowé, yèn ndedonga, mlebua ing kamar, lan kancingen lawangé, banjur ndedongaa marang Ramamu sing ora katon. Panjenengané pirsa apa sing koktindakaké, senajan wong liya ora padha weruh. Ramamu bakal maringi ganjaran marang kowé.

 Yen kowé ndedonga, aja kedawan kaya adaté wong sing ora wanuh karo Gusti Allah. Wong mau padha ngira yèn Gusti Allah mirengaké pandongané, merga pandongané dawa. Aja padha niru sing kaya ngono kuwi. Ramamu wis pirsa apa sing kokbutuhaké, sadurungé kowé nyuwun. Mulané ndedongaa mengkéné:

 'Rama kawula ingkang wonten ing swarga;

 Asma Paduka ingkang suci mugi dipun urmati déning sedaya tiyang.

 Pangrèh Paduka mugi dipun èstokaken déning sedaya tumitah ing salumahing bumi,

 kados déné pangrèh wau wonten ing swarga inggih dipun èstokaken déning para malaékat.

 Mugi kawula Paduka paringi rejeki ing dinten menika.

 Kalepatan kawula mugi Paduka apunten, kadosdéné kawula inggih ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami damel kalepatan dhateng kawula.

 Kawula mugi sampun ngantos Paduka tégakaken kénging ing godha, nanging mugi Paduka uwalaken saking piawon.

 [Awit Paduka menika ingkang ngerèh samukawis, ingkang kagungan pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing selaminipun. Amin'.]

 Yèn kowé ngapura wong sing keluputan marang kowé, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura keluputanmu. Nanging menawa kowé ora ngapura keluputané wong liya, Ramamu ing swarga iya ora bakal ngapura keluputanmu."

Bab pasa

Mat. 6:16-18

 "Yèn kowé padha pasa, ulatmu aja kokgawé suntrut kaya carané wong lamis. Wong-wong mau ulaté digawé-gawé katon lesu, supaya wong kabèh ngreti yèn dhèwèké lagi pasa. Élinga, wong sing mengkono kuwi wis padha nampa piwales ing samesthiné. Nanging kowé, yèn pasa, raupa lan rambutmu jungkatana, supaya ora ana wong sing ngreti yèn kowé lagi pasa. Preluné mung Ramamu ing swarga sing ora katon, kuwi waé sing pirsa apa sing koklakoni, senajan wong liya ora ana sing weruh. Lan Panjenengané bakal maringi piwalesé marang kowé."

Bab bandha ing swarga

Mat. 6:19-21

 "Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya. Awit bandha donya [ 18 ]kuwi bisa rusak déning rayap lan renget, lan kena dicolong maling. Nanging padha nglumpukna bandha ana ing swarga. Awit ing swarga ora ana rayap lan renget sing bisa ngrusak bandha mau, lan maling iya ora bisa mbabah lan nyolong. Amarga ing ngendi dunungé bandhamu, iya ana ing kono dunungé atimu."

Pepadhanging badan

Mat. 6:22-23

 "Mripat kuwi kaya déné lampu trumraping badan. Yèn mripatmu waras, badanmu sekojur iya dadi padhang. Nanging yèn mripatmu cacad, badanmu sekojur iya dadi peteng. Dadi yèn lampu sing ana ing badanmu kuwi dadi peteng, méndah kaya apa petengé."

Bab Gusti Allah lan bandha donya

Mat. 6:24-34

 "Ora ana wong siji sing bisa ngrangkep ngawula bendara loro. Sing sapa nglakoni mengkono ora wurung bakal sengit marang bendara sing siji lan nresnani marang bendara sijiné. Utawa bakal setya marang bendara sing siji lan nyepèlèkaké bendara liyané. Semono uga kowé. Kowé ora bisa ngawula marang Gusti Allah lan uga ngawula marang Mamon.

 Mulané élinga! Aja padha nyumelangaké penguripanmu, yakuwi apa sing bakal kokpangan utawa kokombé, utawa apa sing bakal kokenggo. Apa nyawa kuwi ora luwih aji ketimbang karo pangan, lan badan apa ora luwih aji ketimbang karo sandhangan? Coba delengen, manuk-manuk sing padha mabur mrana-mréné, kaé rak ora nyebar wiji, ora ngundhuh, lan uga ora nyimpen panènané ana ing lumbung. Éwasemono Ramamu ing swarga ngopèni manuk-manuk mau! Apa kowé ora luwih aji ketimbang karo manuk-manuk kuwi? Sapa panunggalanmu sing bisa nyambung uripé merga sumelang?

 Mengkono menèh yagéné kowé padha nyumelangaké bab sandhanganmu? Coba delengen, kembang-kembang sing padha thukul dhéwé ana ing ara-ara. Kembang-kembang kuwi rak padha ora nyambutgawé lan padha ora nenun. Nanging delengen, senajan Sang Prabu Suleman sing sugihé kaya ngana, éndahing agemané ora kaya kembang-kembang kuwi! Yèn selaginé suket ing ara-ara sing dina iki tuwuh sarta sésuk wis dibuwang lan diobong waé direngga semono éndahé déning Gusti Allah, apa menèh kowé! Dhasaré kowé kuwi cupet ing pengandel. Aja padha kuwatir lan muni: 'Sing padha dakpangan mengko apa? Utawa sing padha dakombé mengko apa, utawa sing padha dakenggo apa? Sing padha ngudi barang-barang mengkono kuwi rak wong-wong sing padha ora wanuh karo Gusti Allah. Ramamu ing swarga rak wis pirsa yèn barang-barang mau kabèh kokbutuhaké. Mulané sing luwih dhisik kudu kokudi yakuwi, kepriyé enggonmu bisa mbangunturut marang pepakon-pepakoné Gusti Allah, kaya déné umat ana ing Pepréntahané. Yèn kowe wis bisa mrelokaké prekara kuwi, samubarang kabèh uga bakal diparingaké marang kowé. Mulané, aja padha kuwatir bab dina sésuk, awit dina sésuk ana karépotané dhéwé. Ngrasakaké ka répotané dina saiki waé wis abot, aja ditambahi karépotané dina sésuk." [ 19 ]

Bab ngadili

Mat. 7:1-6

 "Aja padha ngadili liyan, supaya kowé dhéwé iya ora diadili déning Gusti Allah. Awit Gusti Allah ngagem wewaton sing kokenggo ngadili wong liya mau kanggo netepaké ala-becikmu. Lan ukuran-ukuran sing kokenggo ngukur wong liya, iya ukuran kuwi sing diagem déning Gusti Allah kanggo ngukur kowé. Apa sebabé déné tatal sing ana ing mripaté wong liya, kowe weruh, nanging balok sing ana ing mripatmu dhéwé, kowé ora weruh? Kok wani-wanimu ngandhani wong liya: 'Tatal ing mripatmu dakilangané', mangka mripatmu dhéwé ana baloké? Dhasaré kowé kuwi wong lamis! Balok ing mripatmu kuwi ilangana dhisik, banjur kowé lagi bisa ndeleng klawan cetha lan bisa ngilangi tatal sing ana mripaté wong liya mau.

 Barang sing suci aja kokuncalaké nyang asu, awit asu mau bakal minger lan nyander kowé. Lan mutiara aja kokuncalaké nyang babi, jalaran mutiara mau mung bakal diidak-idak."

Bab ngantepi ing pandonga

Mat. 7:7-12

 "Padha nyenyuwuna marang Gusti Allah, temah kowé bakal diparingi. Padha nggolèkana Panjenengané, mesthi bakal ketemu. Padha nothoka koriné Gusti Allah, temah bakal padha diwengani. Awit wong sing padha mantep ing panyuwun marang Gusti Allah, bakal kaparingan, lan wong sing tansah nggolèki Gusti Allah bakal ketemu Panjenengané; lan wong sing tansah thothok-thothok ing koriné Gusti Allah, bakal diwengani. Apa panunggalanmu ana sing dijaluki roti anaké kok menèhi watu? Utawa menèhi ula, yèn anaké njaluk iwak? Senajan kowé alaa kaya apa, kowé padha ngreti mènèhi barang sing becik marang anak-anakmu, apa menèh Gusti Allah, Ramamu ing swarga. Panjenengané bakal maringi barang sing becik marang saben wong sing nyenyuwun marang Panjenengané!

 Apa sing kokkarepaké supaya ditindakaké déning wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau. Iya kuwi sariné angger-anggering Torèt, sing diwulangaké déning nabi Musa lan nabi-nabi liyané."

Lawang sing ciyut

Mat. 7:13-14

 "Padha mlebua metu lawang sing ciyut, awit lawang sing amba lan dalan sing jembar kuwi anjog ing nraka! Mangka akeh wong sing padha milih dalan mau. Kosokbaliné lawang sing ciyut lan dalan sing rumpil, kuwi anjog marang kauripan, lan mung sethithik cacahé wong sing milih dalan kuwi."

Wit lan wohé

Mat. 7:15-20

 Padha sing ngati-ati; ana nabi-nabi palsu. Wong-wong mau padha nekani kowé méndha-méndha wedhus gèmbèl, mangka sejatiné asu ajag [ 20 ]sing galak. Ketitiké wong mau saka penggawéné. Apa ana thethukulan eri ngetokaké woh anggur lan apa ana rerungkudan ngetokaké woh jambu? Wit sing waras ngetokaké woh sing becik, lan wit sing geringen ngetokaké woh sing ala. Wit sing becik ora bisa ngetokaké woh sing ala, lan wit sing geringen ora bisa ngetokaké woh sing becik. Saben wit sing ora ngetokaké woh sing becik, ditegor lan diobong. Mengkono uga kedadéané para nabi palsu mau. Kowé bakal padha bisa nitik wong-wong mau saka wohing penggawéné."

Penggawé lan dudu tembung

Mat. 7:21-23

 "Sing dadi umat ana ing Pepréntahané Allah kuwi dudu angger wong sing matur marang Aku: 'Gusti, Gusti', nanging mung wong sing padha nglakoni kersané RamaKu ing swarga. Ing dina kiyamat bakal akèh wong sing padha matur marang Aku: 'Gusti, Gusti, kawula rak sampun martosaken pangandikanipun Gusti Allah atas asma Paduka? Lan kawula rak sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, menapa malih sampun damel mujijat kathah atas asma Paduka?" Nanging Aku bakal mangsuli: 'Aku ora wanuh karo kowé! Padha sumingkira saka ing kéné, kowé wong sing seneng gawé piala!" "

Bab ngrungokaké lan nglakoni

Mat. 7:24-27

 "Wong sing ngrungokaké lan nglakoni piwulangKu, kuwi padha karo wong pinter sing ngedegaké omahé ana ing padhasan. Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau ora rubuh, awit ngadeg ana ing padhasan.

 Nanging sapa sing ngrungokaké piwulangKu, mangka ora nglakoni, kuwi padha karo wong bodho, sing ngedegaké omahé ing lemah pasir. Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau nuli ambruk, lan rusak banget!"

Pangwasané Gusti Yésus

Mat. 7:28-29

 Bareng Gusti Yésus wis rampung enggoné memulang, wong kabéh padha gumun banget marang piwulangé. Awit enggoné mulang kanthi pangwasa, ora kaya pamulangé ahli Torèt.

Pasemon bab wong Samaria sing welasan

Luk. 10:25-37

 Ing sawijining dina ana ahli Torèt arep nyoba marang Gusti Yésus, aturé: "Guru, menapa ingkang kedah kawula lampahi, supados angsal gesang langgeng?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Apa sing katulis ana ing Kitab Torèt? Apa sing kokwaca ana ing kono?

 Ahli Torèt mau mangsuli: "'Kowé tresnaa marang Pangéran Allahmu, klawan gumolonging atimu, klawan sagelenging nyawamu, klawan sakatoging kekuwatanmu, lan klawan sakabèhing budimu lan menèh [ 21 ]'Padha tresnaa marang sapepadhamu kaya enggonmu nresnani marang awakmu dhéwé.'"

 Pangandikane Gusti Yésus: "Wangsulanmu kuwi wis bener. Kuwi lakonana, temah kowé bakal oleh urip langgeng."

 Nanging ahli Torèt kuwi arep mbeneraké awake dhéwé, mulané nuli nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Lajeng ingkang dados sesami kula menika sejatosipun sinten?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Ana priya lelungan, mlaku saka kutha Yérusalém menyang kutha Yériko. Ing dalan wong mau dibégal. Barangé dirampok, lan wongé dhéwé digebugi nganti setengah mati, banjur ditinggal déning bégalé ana ing tengah dalan. Kapinujon ana imam liwat ing kono. Bareng weruh wong sing dibégal mau, imam kuwi banjur mlaku mlipir metu sisih kanané dalan. Semono uga wong Léwi, sing liwat ing kono, wong mau weruh wong sing dibégal mau, nanging mlaku terus, liwat pinggir dalan sing sisih kana. Tumuli ana wong Samaria sing lelungan, uga liwat ing dalan kono. Bareng weruh wong sing dibégal mau, atiné trenyuh. Nuli diparani, tatuné dilengani, lan diwènèhi anggur, sarta dipreban. Sawisé kuwi nuli ditunggangaké ing kuldiné, digawa menyang ing penginepan, sarta dirumat ana ing kono. Ésuké wong Samaria mau mènèhi dhuwit rong dinar marang sing duwé penginepan, karo masrahaké wong sing lara mau, tembungé: "Wong iki rumatana. Mbésuk yèn aku bali liwat kéné, ongkosé enggonmu ngrumati wong kuwi bakal dakbayar kabèh."

 Gusti Yésus nuli mungkasi critané mau srana ndangu mengkéné: "Manut panemumu, wong telu mau endi sing dadi pepadhané wong sing dibégal?"

 Ahli Toret mau mangsuli: "Inggih tiyang ingkang nindakaken kawelasan dhateng tiyang ingkang dipun bégal menika."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Wis, mundura, lan nglakonana mengkono uga.

Bab pengadilan sing wekasan

Mat. 25:31-46

 "Mbésuk samasa Putrané Manungsa rawuh ngagem kamulyané, kadhèrèkaké sakèhing malaékat, Panjenengané bakal lenggah ing dhamparing Pepréntahané Gusti Allah, lan sakèhing wong ing bumi bakal kaklumpukaké ing ngarsané. Panjenengané nuli bakal misah wong-wong mau dadi rong pantha, kaya pangon sing misahaké wedhusé gèmbèl lan wedhusé bérok. Sing gembèl dipisahaké ana ing tengené lan sing bérok ana ing kiwané. Tumuli Sang Prabu bakal ngandika marang wong-wong sing ana ing tengené: 'Mara, kowé sing padha binerkahan déning Ramaku. Kowé bakal padha ngrasakaké kanikmataning Pepréntahané Allah, sing wis kacawisaké wiwit dumadiné jagad. Awit nalika Aku keluwèn, Aku kokcaosi dhahar; nalika Aku ngelak, Aku kokcaosi ngunjuk; nalika Aku ngumbara, Aku kokcaosi pondhokan ing omahmu; nalika Aku kewudan, Aku kokcaosi ageman; nalika Aku gerah, Aku kokupakara; nalika Aku dikunjara, Aku koktiliki.' Ing kono wong-wong mursid mau padha matur: 'Gusti, kala menapa kawula sumerep Pan[ 22 ]jenengan keluwèn, lan kawula caosi dhahar, utawi kasatan, kawula caosi ngunjuk? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan ngumbara, lajeng kawula caosi pondhokan ing griya kawula? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan kelukaran, lajeng kawula caosi ageman? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan gerah utawi dipun kunjara, lajeng kawula tuwèni?' Sang Prabu nuli paring wangsulan: 'Elinga, apa waé sing tau koktindakaké marang salah sawijining sedulurKu sing asor dhéwé iki, kuwi ateges iya wis koktindakaké marang Aku!'

 Sang Prabu mau iya bakal ngandika marang wong-wong sing ana ing kiwané: 'Padha sumingkira saka ing ngarepKu, kowé wong sing kena ing laknat! Sumingkira menyang geni langgeng sing wis dicawisaké kanggo Iblis lan para malaékaté! Awit nalika Aku keluwèn, kowé ora nyaosi dhahar; nalika Aku ngelak, kowé ora nyaosi ngunjuk; nalika Aku ngumbara, kowé ora nyaosi pemondhokan; nalika Aku kewudan, kowé ora nyaosi ageman; nalika Aku gerah, lan ana ing pakunjaran, Aku ora kokupakara.'Wong-wong mau nuli bakal padha munjuk: 'Kala menapa kawula sumerep Panjenengan keluwèn, kasatan, ngumbara, utawi kelukaran, utawi gerah, utawi dipun kunjara lan mboten kawula ladosi?' Sang Prabu banjur bakal paring wangsulan: 'Rungokna sing becik. Apa waé sing ora koktindakaké marang salah sawijining wong sing asor dhéwé iki, kuwi iya ora koktindakaké marang Aku.' Wasana wong-wong mau bakal nampa paukuman langgeng, nanging wong-wong mursid bakal nampa ganjaran urip langgeng."


IV. Kaélokan-kaélokan Sing Ditindakaké

Mantèn ing kutha Kana

Yoh. 2:1-12

 Let rong dina, ing kutha Kana, ing tanah Galiléa, ana wong duwé gawé. Ibuné Gusti Yésus jagong mrono. Semono uga Gusti Yésus lan para muridé padha diulemi. Bareng angguré entèk kabèh, ibuné Gusti Yésus nuli ngandika marang Panjenengané: "Padha kentèkan anggur."

 Gusti Yésus ngandika: "Ibu, sampun ndhawuhi kula nindakaken menapa-menapa, jalaran samenika dèrèng dumugi wekdalipun."

 Ibuné Gusti Yésus mau nuli ngandika marang para peladèn: "Apa sing didhawuhaké Yésus marang kowé, padha lakonana!"

 Ing kono ana genthong wadhah banyu enem, sing disedhiyakaké kanggo sesuci, manut prenatané agama Yahudi. Saben genthong mau bisa amot wolungpuluh tekan satus liter. Gusti Yésus ndhawuhi marang para peladen: "Genthong-genthong kuwi padha isènana banyu."

 Para peladen nuli ngisèni genthong-genthong mau nganti kebak. Sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika: "Nyidhuka banyu kuwi sethithik lan aturna marang pemimpining pésta!"

 Peladen mau banjur nindakaké apa sadhawuhé. Pemimpining pésta banjur ngicipi banyu mau, sing saiki wis malih dadi anggur. (Pemim[ 23 ]pining pésta ora ngreti saka endi asalé anggur mau, awit mung para peladen sing padha ngisèkaké banyu ana ing genthong-genthong kuwi waé sing padha ngreti.) Pemimpining pésta nuli ngaturi pirsa marang pengantèn lanang, banjur matur: "Limrahipun ingkang dipun ladosaken rumiyin menika anggur ingkang éca, lan menawi para tamu sampun ngunjuk radi kathah, lajeng saweg anggur ingkang limrah. Nanging menapa sebabipun anggur ingkang saé kok panjenengan simpen lan saweg kaladosaken samenika?"

 Iki mujijat sing kawitan, sing ditindakaké Gusti Yésus, kelakoné ana ing kutha Kana, tanah Galiléa. Srana mujijat mau Gusti Yésus ngetingalaké kamulyané; mulané para murid nuli padha precaya marang Panjenengané.

 Sakonduré saka ing kono, Gusti Yésus, ibuné, lan sedulur-seduluré, banjur tindak menyang Kapernaum sarta nginep ana ing kana sawetara dina.

Gusti Yésus marasaké wong lumpuh

Mrk. 2:1-12

 Sawisé sawetara dina Gusti Yésus rawuh menèh ing kutha Kapernaum. Wong akèh padha krungu, yèn Panjenengané ana ing dalem, mula akèh wong sing padha teka mrono. Saking akèhing wong sing padha ngumpul ana ing kono, nganti ora ana panggonan sing sela. Malah ngarep lawang waé uga kebak wong. Gusti Yésus nuli mulangaké dhawuhé Gusti Allah. Satengahé memulang, dumadakan ana wong lumpuh arep disowanaké. Wong mau digotong wong papat. Nanging saking akèhé wong, wong lumpuh mau ora bisa digawa menyang ngarsané Gusti Yésus. Mulané wong-wong sing padha nggotong nuli padha mbukak payoning omah, pas sandhuwuré panggonan sing dilenggahi Gusti Yésus. Sawisé kuwi wong sing lumpuh mau nuli diudhunaké ana ing ngarsané Gusti Yésus, gumléthak ana ing klasa. Bareng Gusti Yésus mirsa gedhéning pengandelé wong-wong mau, Panjenengané nuli ngandika marang wong sing lumpuh mau; "AnakKu, dosa-dosamu wis diapura."

 Nalika semono ana wong ulama sawetara sing uga padha lungguh ana ing kono. Wong-wong mau padha mbatin: "Wong kuwi kok wani-waniné nyenyamah marang Gusti Allah kaya mengkono. Awit mung siji sing bisa ngapura dosa, yakuwi Gusti Allah piyambak!"

 Sanalika iku uga Gusti Yésus pirsa apa sing dibatin déning para ulama mau. Mulané nuli ngandika: "Yagéné kowé padha duwé pikiran mengkono? Luwih gampang endi, muni marang wong lumpuh iki 'Dosamu wis diapura', karo muni 'Tangia, peturonmu angkaten lan mlakua?' Aku kepéngin nuduhaké marang kowé yèn Putraning Manungsa kwasa ngapura dosa ana ing bumi kéné." Gusti Yésus nuli ngandika marang sing lumpuh mau, "DhawuhKu marang kowé, tangia, peturonmu angkaten lan muliha!"

 Ana ing sangarepé wong akèh wong sing lumpuh mau ngadeg maknyat, ngangkat peturoné, banjur lunga. Wong kabèh padha kaéraman lan memuji marang Gusti Allah. Wong-wong mau padha muni: "Lelakon kaya ngéné iki kita durung tau ngalami." [ 24 ]

Gusti Yésus nyirep prahara

Luk. 8:22-25

 Sawijining dina Gusti Yésus lan para sekabaté nitih prau. Gusti Yésus ngandika marang para sekabat mau: "Ayo padha nyabrang mrana." Prauné tumuli mangkat. Nalika lagi padha lelayaran mau, Gusti Yésus saré. Dumadakan ing segara ana prahara gedhé. Prauné kelebon banyu nganti nguwatiraké banget. Para sekabat nuli padha marani Gusti Yésus. Panjenengané diwungu, aturé: "Gusti, Gusti kawula sami ketiwasan!"


 Gusti Yésus nuli wungu. Angin lan segara mau didhawuhi supaya lerem kabèh. Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabaté: "Pengandelmu ana ing endi?"

 Para sekabat mau padha wedi lan gumun banget, sarta padha rerasanan: "Wong iki sapa ta, déné nganti angin lan ombak padha ngèstokaké dhawuhé?"

Gusti Yésus maringi mangan wong limang èwu

Yoh. 6:1-15

 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli kondur menyang sabrangé segara Galiléa, (sing uga disebut: segara Tibérias). Akèh wong sing ndhèrèkaké Panjenengané, sebab wis padha ndeleng mujijat-mujijat sing ditindakaké déning Gusti Yésus, nalika Panjenengané marasaké wong-wong lara. Gusti Yésus nuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono karo para sekabaté. Nalika semana ngarepaké Paskah, riayané wong Yahudi. Bareng mirsani ngiwa-nengen, Gusti Yésus mirsa wong akèh gumrudug marani Panjenengané. Gusti Yésus nuli ngandika marang Filipus: "Ana ing ngendi enggoné bisa tuku pangan, kanggo wong kabèh iki?" (Enggoné Gusti Yésus ngandika mengkono mau mung kanggo nyoba Filipus; Gusti Yésus piyambak wis pirsa apa sing arep ditindakaké.)

 Filipus mangsuli: "Roti pengaos kalihatus dinar dèrèng cekap kanggé [ 25 ]tiyang-tiyang menika, senajan saben tiyang namung dipun sukani sekedhik-sekedhik."

 Sekabaté Gusti Yésus liyané, yakuwi Andréas, seduluré Simon Pétrus, matur: "Ing ngriki wonten laré jaler, ingkang gadhah roti sair gangsal iji lan ulam loh kalih. Nanging menapa ginanipun kanggé tiyang semanten kathahipun?"

 Gusti Yésus nuli dhawuh marang para sekabaté: "Wong-wong kabèh konen padha linggih!"

 Ing panggonan kono suketé akèh banget. Wong-wong nuli padha linggih; sing lanang cacahé wetara limang èwu. Gusti Yésus mundhut roti mau, banjur saos sukur marang Gusti Allah. Nuli ngedum-edum marang sing padha linggih ana ing kono; mengkono uga iwaké. Wong kabeh padha mangan nganti wareg. Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: "Sisané padha klumpukna; aja ana sethithik waé sing dibuang." [ 26 ] Para sekabat nuli njupuki sisa-sisa mau kabèh. Bareng diwadhahi dadi rolas rinjing kebak; semono sisané roti sair lima lan iwak loh loro, sing dipangan déning wong-wong mau.

 Bareng wong akeh mau weruh kaèlokan sing ditindakaké déning Gusti Yésus, nuli padha muni: "Nyata, iki Sang Nabi sing rawuhé kita anti-anti!" Sarèhné Gusti Yésus pirsa, yèn wong-wong mau arep meksa ngangkat Panjenengané dadi ratu, Gusti Yésus nuli sumingkir, sarta minggah gunung menèh piyambakan.

Gusti Yésus marasaké Bartiméus

Mrk. 10:46-52

 Tindaké Gusti Yésus lan para muridé wis tekan ing kutha Yériko. Bareng arep metu saka kutha kono, kadhèrèkaké déning wong sapirang-pirang, dumadakan ing sapinggiring dalan ana wong wuta ngemis, jenengé Bartiméus, anaké Timéus. Bareng krungu, yèn sing langkung ing dalan kono kuwi Yésus saka kutha Nasarèt, Bartiméus banjur nguwuh: "Gusti Yésus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi welas dhateng kawula."

 Wong-wong padha ngélikaké Bartiméus, dikon meneng. Nanging malah saya seru panguwuhé: "Putranipun Sang Prabu Dawud, mugi Panjenengan welas dhateng kawula!"

 Gusti Yésus banjur mandheg lan ngandiko marang wong-wong sing ana ing kono: "Wong kuwi undangen mréné."

 Wong wuta mau nuli diundang; wong akèh padha ngandhani Bartiméus: "Wis menenga! Kowé ditimbali Guru, ngadega!"

 Bartimeus banjur enggal-enggal nguculi jubahé, lan banjur rerikatan marani Gusti Yésus.

 Gusti Yésus banjur ndangu marang Bartiméus: "Aku kokkon apa? Kepriye karepmu?"

 Bartimeus mangsuli: "Kula kepéngin saged sumerep, Gusti!"

 Gusti Yésus banjur ngandika: "Ya, wis mundura. Precayamu sing mitulungi kowé."

 Sanalika Bartiméus bisa ndeleng, sarta banjur ndhèrèkaké Gusti Yesus.

Lasarus mati

Yoh. 11:1-16

 Ana wong lara, jenengé Lasarus. Omahé ana ing désa Bètani. Yakuwi désa panggonané Maryam lan Marta. (Maryam kuwi wong wadon sing ngesokaké lenga wangi ing sampéyané Gusti Yésus lan ngusapi nganggo rambuté. Déné Lasarus sing lara mau seduluré.) Maryam lan Marta padha ngaturi pirsa marang Gusti Yésus: "Guru, Lasarus, mitra Panjenengan ingkang Panjenengan tresnani samenika sakit."

 Nalika Gusti Yésus mireng pawarta mau, Panjenengané ngandika: "Larané Lasarus ora bakal njalari patiné, nanging supaya dadi lantarané asmané Allah kaluhuraké, lan srana mengkono Putrané Allah uga kaluhuraké."

 Gusti Yésus pancèn tresna marang Marta lan mbakyuné, tuwin Lasa[ 27 ]rus, seduluré. Ewasemono nalika mireng bab larané Lasarus mau, Panjenengané malah nginep rong dina meneh ana ing panggonan kono. Lagi sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: "Ayo, kita padha bali menyang tanah Yudéa."

 Para sekabat nuli padha matur: "Guru, nembé kémawon tiyang-tiyang Yahudi badhé mbenturi séla Panjenengan, lha kok samenika Panjenengan sampun ngajak tindak mrika malih?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Sedina kuwi apa ora rolas jam? Yèn mlaku ing wayah awan, wong ora kesandhung, merga padhang. Nanging yèn wong mau mlaku ing wayah bengi, bakal kesandhung, merga peteng." Sawisé kuwi Gusti Yésus nyambeti, pangandikané: "Mitra kita Lasarus lagi turu, mulané arep Dakgugah."

 Aturé para sekabaté: "Guru, menawi Lasarus namung tilem, temtunipun mangké badhé saras."

 Mangka sing dikersakaké Gusti Yésus kuwi satemené Lasarus wis mati. Saka pengirané para sekabat, Gusti Yésus ngandika yèn Lasarus turu temenan. Mulané Gusti Yésus nuli mblakakaké yèn satemené Lasarus wis mati. "Aku bungah déné Aku ora mbeneri ana ing kana. Kuwi ana beciké tumrap kowé kabèh, supaya kowé padha precaya. Ayo kita padha mangkat menyang omahé Lasarus."

 Tomas, sing diparabi 'Didimus' (tegesé wong kembar), kandha marang kanca-kancané sekabat: "Ayo kita padha ndhèrèk Guru, karebèn kita mati bareng karo Panjenengané."

Gusti Yésus nangèkaké lan nguripaké wong mati'

Yoh. 11:17-27

 Nalika tindaké Gusti Yésus tekan désa Bètani, Lasarus wis dikubur patang dina kepungkur. Bètani kuwi saka kutha Yérusalém adoh-adohé mung telung kilomèter. Wong Yahudi wis akèh sing padha layat mrono, prelu nglipur Maryam lan Marta, sing kepatèn Lasarus, seduluré.

 Bareng Marta krungu yèn Gusti Yésus rawuh, banjur metu mbagèkaké, nanging Maryam kèri ana njero omah. Marta banjur matur marang Gusti Yésus: "Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, temtu Lasarus sedhèrèk kula, mboten badhé pejah. Éwasemanten kula pitados, bilih samenika ugi Gusti Allah badhé njurungi menapa ingkang Panjenengan suwun."

 Pangandikané Gusti Yésus marang Marta: "Sedulurmu bakal urip menèh."

 Wangsulane Marta: "Kula pitados, bilih Lasarus badhé gesang malih ing dinten kiyamat, samangsa tiyang-tiyang pejah katangèkaken."

 Ngandikané Gusti Yésus marang Marta: "Sing nangèkaké wong mati kuwi Aku, lan sing mènèhi urip marang manungsa kuwi Aku. Wong sing precaya marang Aku, senajan wong mau wis mati, bakal urip menèh. Lan wong sing isih urip, sing precaya marang Aku, ora bakal mati ing selawasé. Apa kowé precaya bab kuwi?"

 Wangsulané Marta: "Guru, kula pitados bilih Panjenengan menika Putraning Allah, Sang Kristus, ingkang kautus rawuh ing donya." [ 28 ]

Gusti Yésus muwun

Yoh. 11:28-37.

 Sawisé matur mengkono, Marta nuli ngundang Maryam, mbakyuné, sarta dibisiki: "Guru wis rawuh lan nakokaké kowé." Bareng krungu mengkono, Maryam nuli énggal-énggal ngadeg lan methukaké Gusti Yésus. (Nalika semana Gusti Yésus durung mlebet ing désa Bètani, nanging isih ana ing panggonan nalika ketemu karo Marta.) Bareng wong-wong Yahudi sing lagi padha linggih ana ing omah nglipur Maryam, weruh Maryam ngadeg lan metu rerikatan, nuli padha ngetutaké, sebab dikira arep lunga menyang kubur lan nangis ana ing kana.

 Bareng Maryam tekan panggonané Gusti Yésus lan weruh Panjenengané, banjur jèngkèng ana ngarsané sarta matur: "Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, sedhèrèk kula mesthi mboten pejah!"

 Bareng pirsa Maryam nangis, lan wong-wong Yahudi sing padha ngetutaké iya padha nangis, Gusti Yésus penggalihé trenyuh banget. Panjenengané nuli ndangu: "Dikubur ana ing endi?"

 Wangsulané sing padha didangu: "Mangga Gusti, menawi badhé pirsa.

 Gusti Yésus nuli muwun. Temah wong-wong Yahudi padha muni: "Semono tresnané marang Lasarus."

 Nanging ana uga sing muni: "Panjenengané wis ngelèkaké mripaté wong wuta, yagéné ora bisa nyegah patiné Lasarus?"

Lasarus katangèkaké saka ing pati

Yoh. 11:38-44

 Gusti Yésus tindak menyang kuburan karo trenyuh penggalihé. Kubur mau wujudé kaya guwa, sing ditutupi watu gedhé.

[ 29 ] Gusti Yésus dhawuh: "Watuné singkirna."

 Marta, seduluré sing mati mau, nuli matur: "Guru, piyambakipun sampun dipun kubur kawan dinten kepengker. Temtu sampun mambet."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Aku rak wis kandha: 'Yèn kowé precaya, kowé bakal weruh gedhéning pangwasané Allah.' "

 Watu sing nutupi kubur mau nuli padha disingkiraké. Gusti Yesus banjur tumenga ing langit lan ndedonga: "Kawula ngaturaken panuwun dhateng Paduka, dhuh Rama, margi Paduka sampun miyarsakaken panyuwun Kawula. Kawula sumerep, bilih Paduka tansah miyarsakaken panyuwun Kawula. Éwadéné enggèn Kawula matur menika, karana tiyang-tiyang ingkang sami wonten ing ngriki, supados sami pitados, bilih Kawula menika utusan Paduka!" Sawisé matur mengkono, Gusti Yésus nuli ngandika klawan sora: "Lasarus, metua!" Lasarus sing wis mati kuwi banjur metu. Tangan lan sikilé isih pocongan mori putih, semono uga rainé isih ketutupan lawon kringet (kacu). Dhawuhé Gusti Yésus marang wong-wong sing ana ing kono: "Moriné uculana, karebèn bisa uwal!"


V. Murid-muridé

Pengakuné Pétrus bab Gusti Yesus

Mat. 16:13-20

 Gusti Yésus tindak menyang wilayah sacedhaké kutha Kaisaréa Filipi. Ing kono Panjenengané ndangu marang para muridé: "Miturut kandhané wong, Putraning Manungsa kuwi sapa?"

 Para murid padha mangsuli: "Wonten ingkang mestani Panjenengan menika nabi Yohanes Pembaptis. Wonten ingkang mestani nabi Élia. Wonten malih ingkang mestani nabi Yérémia, utawi salah setunggaling nabi."

 Gusti Yésus banjur ndangu: "Lha yèn miturut kowé dhéwé, Aku iki sapa?"

 Simon Pétrus mangsuli: "Panjenengan menika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang gesang."

 "Begja kowé, Simon bin Yunus," pangandikané Gusti Yésus, "awit dudu manungsa sing medharaké marang kowé bab kuwi, nanging RamaKu sing ana ing swarga. Mulané kowé Dakkandhani: Kowe kuwi Pétrus, (Tembung 'pétrus', tegesé: watu karang) lan ana ing watu karang iki Aku bakal ngedegaké pasamuanKu, sing ora bakal bisa ditelukaké, senajan déning pati pisan! Kowé bakal Dakpasrahi kuncining Pepréntahané Allah. Apa sing koktalèni ana ing bumi kéné, bakal ditalèni uga ana ing swarga. Lan apa sing kokuculi ana ing bumi kéné, kuwi uga diuculi ana ing swarga."

 Sawise kuwi Gusti Yésus banjur dhawuh marang para muridé, supaya [ 30 ]aja kandha-kandha marang sapa wae, yèn Panjenengané kuwi Sang Kristus.

Gusti Yésus ngandikakaké bab sangsara lan sédané

Mat. 16:21-28

 Wiwit nalika kuwi, Gusti Yésus mblakakaké marang para muridé, mengkéné: "Aku kudu lunga menyang kutha Yérusalem lan bakal dianiaya déning para penggedhé, para pengareping imam lan para ahli Torèt. Aku bakal dipatèni, nanging ing telung dinané bakal katangékaké!"

 Pétrus nuli nggèrèd Gusti Yésus nyisih lan matur marang Gusti Yésus, aturé: "Gusti Allah nebihna Panjenengan saking prekawis menika. Panjenengan boten pisan-pisan badhé ketaman ingkang kados mekaten menika!"

 Nanging Gusti Yésus mbalik sarta ngandika marang Pétrus: "Sumingkira, Iblis Kowé ngalang-alangi Aku. Pikiranmu kuwi pikirané manungsa; dudu apa sing dikersakaké déning Gusti Allah!"

 Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: "Menawa ana wong arep ndhèrèk Aku, kuwi kudu nyingkur awaké dhéwé, banjur ngangkat salibé lan ngetutaké Aku. Awit wong sing ngudi nylametaké uripé, kuwi bakal kélangan uripé. Nanging wong sing kélangan uripé ing donya kéné merga saka enggoné ndhèrèk Aku, kuwi bakal ngalami urip sing sejati lan langgeng. Apa gunane yen wong ndarbèni barang sadonya kabèh, nanging kélangan uripé sing sejati? Mesthi ora ana gunané. Urip kuwi ora kena dilirokaké karo barang apa waé! Putrané Manungsa ora suwé menèh bakal rawuh ngagem kamulyané Kang Rama, kadhèrèkaké dèning para malaékaté; ing kono Panjenengané bakal ngganjar saben wong miturut penggawéné dhéwé-dhéwé. Titènana! Panunggalanmu iki ana sing ora bakal mati, yèn durung ndeleng Putrané Manungsa rawuh jumeneng Raja."

Gusti Yésus dimulyakaké ana ing gunung

Mat. 17:1-13

 Nem dina sawisé kuwi Gusti Yésus ngajak Pétrus lan Yakobus, tuwin Yohanes seduluré Yakobus mau, munggah ing gunung sing dhuwur. Mung wong telu kuwi sing ndhèrèk. Nalika lagi padha nyawang Gusti Yésus, Panjenengané malih rupa; pasuryané sumunar kaya srengéngé lan agemané katon putih gilap mawa cahya. Para murid telu mau nuli padha weruh nabi Musa lan nabi Élia ngendikan karo Gusti Yésus. Pétrus banjur matur marang Gusti Yésus: "Gusti! Wonten ing ngriki kita sami remen saèstu! Menawi Gusti marengaken, kawula badhé ngedegaken tarub tiga; setunggal kagem Gusti, setunggal kagem nabi Musa lan setunggalipun malih kagem nabi Élia."

 Sajroné Pétrus lagi matur, ana méga sing padhang banget tumurun ngemuli wong-wong sing padha ana ing kono, lan banjur ana swara saka sajroning mega mau, ngandikané: "Iki PutraKu kinasih, sing gawe renaning penggalihKu. Padha rungokna!"

 Bareng para muridé Gusti Yésus ngrungu swara mau, temahan padha [ 31 ]wedi banget, nganti padha sumungkem ing bumi. Nanging Gusti Yésus nyelaki para muridé sarta njawil, dhawuhé: "Padha ngadega. Aja padha wedi." Bareng padha ngadeg, sing katon mung kari Gusti Yésus piyambak lan ora ana wong liyané menèh.

 Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yésus meling marang para muridé: "Poma, apa sing kokdeleng mau aja kokkandhakaké karo sapa waé, sadurungé Putrané Manungsa kawungokaké saka ing séda."

 Para murid padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Kénging menapa para ahli Torèt sami criyos, bilih nabi Élia badhé dhateng rumiyin?"

Pangandikané Gusti Yésus: "Pancèn nabi Élia rawuh dhisik lan panjenengané bakal nyawisaké samubarang kabèh. Nanging kowe Dakkandhani, yèn nabi Élia wis rawuh, mung waé wong-wong padha ora wanuh marang panjenengané; malah panjenengané digawé sewenang-wenang. Kaya mengkono uga wong-wong kuwi bakal tumindak sewenang-wenang marang Putrané Manungsa."

 Wusana para murid padha ngreti yèn nabi Élia, sing dikersakaké déning Gusti Yésus, kuwi nabi Yohanes Pembaptis.

Ora nguwasani, nanging ngladosi

Mrk. 10:35-45

 Rasul Yakobus lan rasul Yohanes, loro-loroné anaké Zébedéus, padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus, banjur padha matur: "Rama Guru, keparenga kula sami nyuwun pirsa."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Iya, arep nyuwun pirsa apa?"

 Wangsulané wong loro mau: "Mbénjing samangsa Panjenengan sampun ngasta pangwasa wonten ing Pepréntahanipun Allah, keparenga kula sami linggih jèjèr Panjenengan, setunggal ing tengen, setunggal ing kiwa Panjenengan."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Kowe ora ngreti apa sing padha koksuwun. Apa kowé wani ngombé saka ing tuwung kasangsaran sing bakal Dakombé? Apa kowé saguh ngalami kasangsaran sing bakal Dakalami?"

 "Inggih, sagah!"

 Gusti Yesus ngandika menèh: "Pancèn, kowé bakal padha ngombé saka ing tuwung kasangsaran sing bakal Dakombé, lan kowé bakal ngalami kasangsaran sing bakal Dakalami, nanging netepaké lungguh ing tengenKu utawa ing kiwaKu, kuwi dudu wewenangKu; Gusti Allah piyambak sing netepaké sapa sing bakal lungguh ana ing tengenKu lan ing kiwaKu."

 Bareng para rasul sepuluh liyané padha krungu aturé rasul Yakobus lan rasul Yohanes marang Gusti Yésus mau, nuli padha nesu marang wong loro mau. Nanging para rasul kabèh banjur padha ditimbali déning Gusti Yésus, nuli dingandikani: "Kowé rak padha ngreti apa sing padha dilakoni déning wong-wong sing padha nyekel pangwasa, yaiku ngerèh rakyaté. Wong-wong kuwi dadi bendarané rakyat. Para penggedhé mau padha nindhes marang rakyaté. Nanging kowé ora kena padha nglakoni sing mengkono kuwi. Malah kosokbaliné, sapa sing ke[ 32 ]péngin dadi gedhé dhéwé ana ing antaramu, kuwi kudu dadi baturmu. Lan sapa sing kepéngin dadi kwasa dhéwé kuwi kudu gelem dadi batur tukon tumrap kowé kabèh. Sebab Putraning Manungsa kuwi rawuhé ora mundhut diladèni, nanging malah ngladèni, lan masrahaké nyawané, kanggo ngluwari wong akèh."


VI. Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

Gusti Yesus diarak mlebu ing kutha Yérusalem

Luk. 19-28-40

 Sawisé Gusti Yésus ngandikakaké kuwi mau kabèh, Panjenengané nuli tindak ngrumiyini wong-wong mau menyang kutha. Bareng wis tekan sacedhaké désa Bètfagé lan désa Bétania sing dunungé ana ing gunung Zaitun, Gusti Yésus ngutus sekabaté loro ndhisiki tindaké. Gusti Yésus dhawuh: "Kowé lungaa menyang désa ngarep kuwi. Kowé bakal weruh belo kuldi, sing dicencang. Belo kuwi durung tau ditunggangi wong. Belo mau uculana lan gawanen mréné. Yèn ana wong takon: 'Yagéné kok kokuculi?' Wangsulana: 'Gusti sing arep ngagem."

 Para sekabat loro sing diutus ndhisiki tindaké mau nuli padha mangkat. Lan apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus mau cocog karo kaanané. Nalika para sekabat mau lagi padha nguculi taliné, sing duwé belo ngaruh-aruhi: "Yagéné belo kuwi kokuculi?"

 Para sekabat nuli padha mangsuli: "Gusti ngersakaké ngagem." Belo mau banjur dituntun menyang ing ngarsané Gusti Yésus. Para sekabat mau nuli nyopot jubahé, banjur dilarapaké ana ing gegeré kuldi. Gusti Yésus nuli diangkat lan dilenggahaké ana ing kuldi mau. Sawisé tindak, para sekabaté padha njèrèng jubahé ana ing dalan sing dilangkungi.

 Bareng wis cedhak karo kutha Yérusalèm, ing dalan kang mudhun saka gunung Zaitun, para muridé Gusti Yésus kabèh nuli padha giyak-giyak klawan sora, memuji asmané Gusti Allah, merga saka sakèhing mujijat, sing padha dideleng. Wong-wong mau padha nguwuh: "Binerkahana ratu ingkang rawuh ing asmanipun Pangéran. Tentrem rahayu wonten ing swarga, lan kamulyan konjuk ing Allah!"

 Wong Farisi sawetara sing ana ing antarané wong akèh mau nuli matur marang Gusti Yésus: "Guru, para murid menika mugi Panjenengan dhawuhi mèndel!"

 Nanging pangandikané: "Yèn wong-wong kuwi meneng, watu-watu iki sing bakal giyak-giyak."

Gusti Yésus nangisi kutha Yérusalém

Luk. 19:41-44

 Bareng Gusti Yésus tindaké saya cedhak karo kutha Yérusalèm lan pirsa kutha mau, Panjenengané muwun. Pangandikané: "Adhuh, saiba beciké, yèn ing dina iki kowé ngreti apa sing sanyatané kokbutuhaké kanggo katentremanmu! Nanging tekan saiki kowé durung weruh. Bakal tekan wektuné, mungsuhmu padha gawé jagragan pirang-pirang kanggo ngepung kowé lan nyerang kowé saka ing ngendi-endi. Mung[ 33 ]suh-mungsuhmu kuwi bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah, bareng karo rakyatmu kabèh. Mungsuhmu bakal ora nglestarèkaké watu siji waé tumumpang ana ing watu liyané, sebab kowé ora nggatèkaké rawuhé Gusti Allah enggoné arep nylametaké kowé!"

Gusti Yésus mlebu ing Pedaleman Suci

Luk. 19:45-46

 Gusti Yésus banjur mlebu ing Pedaleman Suci lan nundhungi para wong sing padha dodolan ana ing kono. Pangandikané: "Ing Kitab Suci ana tulisan: 'PedalemanKu kuwi omah Pamujan,' nanging panggonan suci iki kokdadèkaké susuhing maling."

Pangrantam arep nyédani Gusti Yesus

Mat. 26:1-5

 Sawisé rampung enggoné mulangaké bab kuwi mau, Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: "Kowé wis padha ngreti, yèn kurang rong dina menèh wis riaya Paskah, lan Putraning Manungsa bakal dicekel déning wong akèh lan disalib."

 Ing nalika semana para pengareping imam lan para pinituwané bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing dalemé Imam Agung Kayafas. Para pengareping imam lan para pinituwa mau padha rembugan bab kepriyé rékané, supaya bisa nyekel lan nyédani Gusti Yésus. Nanging olèhé nyekel lan matèni aja pinuju dina riaya, supaya ora gawé gègère wong akèh.

Gusti Yesus mestakané dilengani nganggo lenga wangi ing désa Bètani''

Mat. 26:6-13

 Nalika Gusti Yésus ana ing désa Bètani, ana ing omahé Simon, sing biyèn tau lara kusta, ana wong wadon teka sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Wong wadon mau nggawa gendul isi lenga wangi, sing larang banget regané. Dhèk semana Gusti Yésus lagi lenggah dhahar. Wong wadon mau banjur nglengani mestakané Gusti Yésus nganggo lenga wangi. Para muridé Gusti Yésus bareng weruh apa sing ditindakaké wong wadon mau nuli padha nepsu, lan padha rerasanan: "Apa kuwi ora ngecèh-ecèh dhuwit? Lenga wangi kuwi yèn diedol rak payu akèh, lan pepayoné rak kena diwènèhaké marang wong miskin?"

 Gusti Yésus mirsa apa sing lagi dadi raşanané para muridé, mulané banjur ngandika: "Yagéné kowé kok padha ngrasani ala marang wong wadon iki? Wong iki rak nglakoni barang sing becik tumraping Aku. Wong miskin rak selawasé ana ing antaramu, nanging Aku rak ora selawasé awor karo kowé. Enggoné ngesokaké lenga ana ing badanKu kuwi rak minangka pecawisaning penguburanKu. Padha titènana! Ing endi waé Injil iki diwartakaké, apa sing ditindakaké déning wong wadon iki iya bakal dicritakaké, minangka pangéling-éling marang dhèwèké."

Yudas Iskariot saguh masrahaké Gusti Yesus

Mat. 26:14-16

 Nalika semono nuli ana salah sawijining muridé Gusti Yésus, jenengé [ 34 ]Yudas Iskariot, marani para pengareping imam. Yudas mau banjur matur: "Kula badhé panjenengan épahi menapa, menawi kula masrahaken Gusti Yésus dhateng panjenengan?" Yudas Iskariot nuli diwènèhi dhuwit telung puluh sèkel selaka. Wiwit nalika kuwi Yudas golèk wewengan, supaya bisa masrahaké Gusti Yésus marang para pengareping imam.

Gusti Yesus dhahar bujana Paskah karo para muridé

Mat. 26:17-25

 Ing dina wiwitaning riaya Roti-Tanpa-Ragi, para muridé Gusti Yésus padha sowan ing ngarsané. Banjur matur: "Gusti ngersakaken dhahar bujana Paskah wonten ing pundi? Mangké badhé sami kula cawisaken."

 Gusti Yésus ngandika: "Lungaa nemoni si Anu lan kandhaa: 'Bapak Guru ngandika: wektuKu mung kari saiki; Aku kepéngin dhahar bujana Paskah ana ing omahmu, bebarengan karo murid-muridKu!' "

 Para murid sing diutus mau nuli mangkat nindakaké apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus, nyawisaké bujana Paskah.

 Bareng wis soré Gusti Yésus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para muridé. Nalika isih padha dhahar, Gusti Yésus ngandika: "Ngretia,

salah siji panunggalanmu bakal ngulungaké Aku marang wong-wong sing ngarah matèni Aku."

 Bareng ngrungu pangandika mau para muridé Gusti Yésus padha sedhih banget, banjur genti-gentèn padha matur: "Rak sanès kula ta Gusti?"

 Gusti Yesus ngandika: "Wong sing nyelupaké rotiné ana ing mangkok iki bareng karo Aku, kuwi wongé sing bakal ngulungaké Aku. Putrané Manungsa pancèn pinesthi séda, sebab ing Kitab Suci wis ditulis bab enggoné bakal séda. Nanging cilaka wong sing ngulungaké [ 35 ]Putrané Manungsa! Luwih becik tumrapé wong kuwi saupama ora lair waé!"

 Yudas, sing bakal ngulungaké Gusti Yésus nuli matur: "Nanging rak sanès kula ingkang Panjenengan kersakaken ta Gusti?"

 Gusti Yésus ngandika: "Mengkono kandhamu."


Gusti Yesus misuhi sikilé para sekabat

Yoh. 13:2-20

 Nalika semana ing wayah bengi Gusti Yésus lan para sekabat lagi padha dhahar. Ing kono Iblis ngosikaké atiné Yudas Iskariot, supaya ngulungaké Gusti Yésus. Gusti Yésus pirsa, yèn Sang Rama wis masrahaké sakèhing pangwasa marang Panjenengané. Panjenengane uga pirsa, yèn asalé saka Allah, lan bakal wangsul menyang ngarsané Allah. Mulané Panjenengané nuli jumeneng, ngrucat jubahé, sarta ngubetaké lawon ana ing lambungé. Panjenengané banjur ngesok banyu ana ing pengaron, sarta wiwit misuhi sikilé para sekabat; sawisé kuwi banjur dilapi nganggo lawon sing diubetaké ana ing lambungé mau. Bareng tekan gilirané Simon Pétrus, Simon matur: "Gusti, prelunipun menapa Panjenengan misuhi suku kawula?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Saiki kowé durung ngreti apa maknané sing Daktindakaké iki, nanging mengko kowé bakal ngreti."

 "Sampun ngantos, Gusti," aturé Pétrus, "Panjenengan sampun ngantos misuhi suku kawula!"

 Nanging Gusti Yésus nuli ngandika: "Yèn kowé ora gelem Dakwisuhi, kowé ora kena dadi muridKu.

 Wangsulané Simon Pétrus: "Menawi mekaten Gusti, sampun ngemungaken suku ingkang dipun wisuhi, nanging ugi tangan lan sirah kawula!"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Wong sing wis adus, badané sakojur wis resik, wong kuwi ora prelu didusi menèh. Mung sikilé waé sing prelu diresiki. Kowé pancèn wis padha resik, nanging ora kabèh." (Gusti Yesus wis pirsa, sapa sing bakal ngulungaké Panjenengané. Mulané Panjenengané ngandika: "Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh.")

 Sawisé Gusti Yésus rampung enggoné misuhi sikilé para sekabat, Panjenengané nuli ngagem jubahé menèh, sarta wangsul lenggah. Panjenengané nuli ngandika marang para sekabaté mengkéné: "Apa kowé ngreti tegesé apa sing mentas Daktindakaké marang kowé mau? Kowé padha nyebut Aku Guru lan Gusti. Lan penyebutmu kuwi bener, awit Aku iki pancèn Guru lan Gusti. Lah saiki yèn Aku sing dadi Gusti lan Gurumu wis misuhi sikilmu, dadi kowé iya kuwajiban wisuh-winisuhan sikil. EnggonKu mènèhi tuladha marang kowé kabèh kuwi supaya kowé padha nglakonana kaya sing wis Daktindakaké marang kowé. Padha éling-élingen: batur kuwi ora ngungkuli bendarané, lan utusan ora ngluwihi sing ngutus. Saiki kowé wis padha ngreti prekara kuwi. Begja kowé menawa kuwi koklakoni.

 KandhaKu iki ora kanggo kowé kabèh, lan Aku ngreti sapa waé sing wis Dakpilih. Nanging apa sing katulisan ana ing Kitab Suci kudu kelakon. Tulisan mau surasané mengkéné: 'Tiyang ingkang sesarengan ne[ 36 ]dha roti kaliyan Kawula menika badhé nglawan Kawula!' Kowé saiki padha Dakwènèhi weruh sadurungé prekara kuwi kelakon, supaya yèn mengko kelakon, kowé padha precaya yèn Aku iki Panjenengané. Padha titènana: sapa sing nampa wong sing Dakutus, kuwi ateges nampani Aku dhéwé. Lang sapa sing nampa Aku, kuwi ateges nampani Gusti Allah, sing ngutus Aku."

Bujana suci sing kawitan

Mat. 26:26-30

 Nalika padha mangan, Gusti Yésus mundhut roti, banjur ndedonga, saos sukur marang Pangéran. Roti mau nuli dicuwil-cuwil sarta di- paringaké marang para muridé, karo ngandika: "Padha tampanana, padha panganen, iki badanKu."

 Sawise kuwi banjur mundhut tuwung sing isi anggur, banjur ndedonga, saos sukur marang Pangéran. Gusti Yésus banjur maringaké tuwung mau marang para muridé, sarta ngandika: "Padha ngombéa kabèh saka ing tuwung iki. Sebab iki getihKu, getih sing diesokaké kanggo nanggung prejanjiané Gusti Allah. GetihKu iki diesokaké kanggo wong akèh, minangka pangapuraning dosa. Ngretia, Aku bakal ora ngombé anggur iki menèh nganti wektuné Aku ngombé anggur anyar bebarengan karo kowé kabèh ing Kratoné RamaKu."

 Sawise kuwi Gusti Yésus lan para muridé banjur padha menyanyi. Nuli padha mangkat menyang gunung Zaitun.

Pepakon anyar

Yoh. 13:31-35

 Sawisé Yudas lunga, Gusti Yésus nuli ngandika: "Saiki Putrané Manungsa bakal kamulyakaké. Lan lantaran Putraning Manungsa mau kamulyané Gusti Allah iya bakal kebabar. Yèn kamulyané Gusti Allah kebabar lantaran Putraning Manungsa, nuli kamulyaning Putrané Manungsa iya bakal diketingalaké déning Gusti Allah piyambak. Lan kuwi kabèh bakal tumuli kelakon. Anak-anakKu, enggonKu kumpul karo kowé kari sedhéla. Kowé bakal nggolèki Aku, nanging kaya sing wis Dakkandhakaké marang wong Yahudi, mengkono uga saiki Dakkandhakaké marang kowé: kowé ora bisa mara ing panggonan sing arep Dakparani.

 Kowé padha Dakwènèhi pepakon anyar, yakuwi supaya padha tresna-tinresnan. Dikaya enggonKu nresnani kowé, mengkono uga kowé padha tresna-tinresnana. Titikané enggonmu padha dadi muridKu, yakuwi menawa wong kabèh padha neksèni enggonmu tresna-tinresnan."

Gusti Yesus kuwi dalané

Yoh. 14:1-14

 Pangandikané Gusti Yésus marang para sekabat: "Atimu aja was-was. Padha ngandela marang Gusti Allah, lan iya ngandela marang Aku. Ing dalemé RamaKu akèh panggonan; mulané Aku mrana supaya nyawisaké panggonan kanggo kowé. Saupama ora mengkono, mesthi kowe ora padha Dakkandhani. Sawisé Aku nyawisaké panggonan kanggo [ 37 ]kowé, nuli Aku bakal bali mréné methuk kowé, supaya kowé uga anaa ing papan sing Dakenggoni mau. Panggonan sing Dakparani; kowé wis padha weruh dalané."

 Tomas nuli nyuwun pirsa: "Guru, kula sami mboten ngretos papan ingkang Panjenengan tuju, kados pundi enggèn kula sumerep merginipun?"

 Gusti Yésus ngandika: "Aku iki dalané marang Gusti Allah lan Aku sing nuduhaké, Gusti Allah kuwi sapa lan kepriyé kaanané; Aku uga sing mènèhi urip marang manungsa. Ora ana wong siji waé sing bisa sowan marang Sang Rama, yèn ora lantaran Aku. Yèn kowé wanuh marang Aku, kowé iya mesthi wanuh karo RamaKu. Wiwit saiki kowé wanuh karo Sang Rama, lan wis ndeleng Panjenengané."

 Filipus nuli matur: "Gusti, kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama menika, supados kawula sami marem."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Wis semono lawasé enggonKu urip bebarengan karo kowé kabèh; éwasemono kowé kok rumangsa durung wanuh karo Aku, Filipus! Sing sapa wis ndeleng Aku, kuwi uga wis ndeleng Sang Rama; kepriyé déné kowé muni: 'Kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama? Apa kowé ora ngandel yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji? Sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji? Kabèh sing Dakkandhakaké marang kowé kuwi ora metu saka karepKu dhéwé. Nanging Sang Rama sing ana ing Aku, sing nindakaké kuwi mau kabèh. Ngandela, yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji, sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji. Utawa apa kowé ora ngandel karo apa sing wis Daklakoni mau? Aku kandha satemené marang kowé: wong sing precaya temenan marang Aku, bakal bisa nglakoni prekara-prekara sing wis Daktindakaké, malah wong kuwi bisa nindakaké prekara-prekara sing luwih gedhé ketimbang karo kuwi. Sebab Aku bakal sowan menyang ngarsané RamaKu. Apa waé sing koksuwun atas jenengKu, bakal Daksembadani, supaya Sang Rama kaluhuraké lantaran Sang Putra. Nyuwuna apa waé atas jenengKu, Aku bakal nyembadani."

Gusti Yésus njanjèkaké Sang Roh Suci

Yoh. 14:15-31

 Menawa kowé padha tresna marang Aku, padha nglakonana pepakonKu. Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowé bakal padha diparingi Juru Panglipur liyané, yakuwi Rohé Allah, sing nuduhaké bab kersané Gusti Allah. Roh mau bakal nunggal karo kowe selawasé. Jagad ora bisa nampani Rohé Allah, sebab ora bisa ndeleng Rohé Allah mau, lan ora wanuh marang Panjenengané. Nanging kowé wanuh marang Panjenengané, merga Panjenengané tansah nunggal karo kowe lan dedalem ana ing njeromu."

 "Aku ora bakal négakaké kowé; kowé ora bakal padha kapiran. Aku bakal bali menèh. Sedhéla engkas, jagad bakal ora ndeleng Aku, nanging kowé bakal padha ndeleng Aku; lan merga Aku urip, kowé iya bakal padha urip. Ing wektu kuwi kowé bakal ngreti yèn Aku ana ing Sang Rama, mengkono uga kowé padha ana ing Aku, lan Aku ana ing kowé.

 Sing sapa nampani lan nglakoni pepakon-pepakonKu, kuwi ateges [ 38 ]tresna marang Aku. RamaKu bakal nresnani wong sing tresna marang Aku. Aku uga bakal nresnani wong mau, lan Aku bakal blaka marang wong mau, sapa Aku iki sejatiné."

 Yudas, dudu Yudas Iskariot, nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Gusti, kenging menapa Panjenengan kersa mblakakaken bab Panjenengan piyambak dhateng kula sedaya, nanging mboten kersa blaka dhateng jagad?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Wong sing tresna marang Aku kuwi wong sing nglakoni piwulangKu. Sang Rama bakal nresnani wong mau. RamaKu lan Aku dhéwé bakal nekani wong kuwi lan manggon bebarengan ana ing wong kuwi. Wong sing ora tresna marang Aku, kuwi ora nglakoni piwulangKu. Piwulang sing kokrungu, kuwi dudu piwulangKu, nanging piwulang saka Sang Rama, sing ngutus Aku.

 Kabeh kuwi Dakkandhakaké marang kowé, mumpung Aku isih awor karo kowé. Déné sing arep mulangaké sakèhing prekara mau marang kowe kuwi Sang Roh Suci. Panjenengané kuwi Sang Juru Tetulung, sing bakal diutus déning Sang Rama atas saka jenengKu. Sang Juru Tetulung kuwi bakal ngélingaké kowé prekara-prekara sing wis Dakwulangaké marang kowé.

 Kowe padha Daktinggali katentreman. Yakuwi katentremanKu dhéwé sing Dakwènèhaké marang kowé. CaraKu mènèhi katentreman mau ora kaya patrapé jagad; atimu aja was-was. Kowé aja padha wedi. Kowé wis krungu: 'Aku bakal lunga, nanging Aku bakai bali menèh.' Yèn kowé tresna marang Aku, kowé bakal bungah, samangsa Aku lunga menyang ngarsané RamaKu, merga Sang Rama kuwi ngluwihi Aku. Kowé padha Dakwènèhi weruh saiki, sadurungé kabèh mau kelakon, supaya kowé padha precaya. Aku ora arep rembugan akéh-akèh menèh karo kowé, awit penggedhéné jagad (yakuwi Iblis) iki wis teka. Nanging Iblis ora duwé pangwasa ingatasé Aku. Nanging jagad prelu ngreti yèn Aku tresna marang Sang Rama, lan kuwi sebabé déné Aku mung nglakoni apa sing didhawuhaké marang Aku.

 Ayo, kita padha lunga saka kéné."

Gusti Yésus kuwi wit anggur sing sejati

Yoh. 15:1-17

 "Aku iki wit anggur sing sejati, lan RamaKu sing ngupakara kebon anggur mau. Saben pang sing ora metokaké woh, dipagas déning Sang Rama. Déné pang sing ngetokaké woh, diresiki, supaya wohé mundhak akèh. Kowé kuwi wis padha diresiki srana piwulang-piwulang sing Dakwènèhaké marang kowé. Padha nunggala karo Aku, lan Aku bakal nunggal karo kowé. Pang kuwi dhéwé ora bisa metokaké woh. Awit bisané metokaké woh, mung yèn nunggal karo wité. Kaya mengkono uga tumrap kowé. Kowé mung bisa metokaké woh, yèn kowé nunggal karo Aku.

 Aku iki wité anggur, lan kowé pang-pangé. Wong sing nunggal karo Aku, lan Aku nunggal karo wong mau, bakal metokaké woh akèh. Tanpa Aku, kowe ora bisa apa-apa. Wong sing ora nunggal karo Aku, kuwi kaya pang sing dipagas, banjur dadi garing. Pang-pang sing mengkono [ 39 ]mau bakal diklumpukaké lan dicemplungaké ing geni, sarta kaobong. Yen kowé nunggal karo Aku, lan piwulangKu koklakoni, kowe kepareng nyuwun apa waé sing kokkarepaké; panyuwunmu mau bakal dikabulaké. Yèn kowé metokakè woh akèh, RamaKu ing swarga diluhuraké; kuwi buktiné yèn kowé muridKu temenan. EnggonKu nresnani kowé, kaya Sang Rama enggoné nresnani Aku. Padha tetepa ana ing katresnan iki. Menawa kowé padha nglakoni pepakon-pepakonKu, Aku bakal tetep nresnani kowé. Ora béda karo Aku dhéwé: Sang Rama nresnani Aku, sebab Aku nglakoni dhawuh-dhawuhé Sang Rama.

 Kabèh iki Dakkandhakaké marang kowé, supaya kowé uga ngrasakaké kabungahanKu, lan supaya kabungahanmu dadia sampurna. PepakonKu mengkéné: Kowé kudu padha tresna-tinresnan, padha kaya enggonKu nresnani kowé. Katresnan sing gedhé dhéwé yakuwi menawa wong rila mati kanggo nglabuhi mitrané. Yèn kowé padha nglakoni apa sing Dakdhawuhaké marang kowé, kowé dadi mitra-mitraKu. Kowé ora padha Daksebut batur menèh, awit batur ora ngreti apa sing lagi ditindakaké déning bendarané. Kowé padha Daksebut mitra, awit kabèh sing Dakrungu saka RamaKu wis Dakkandhakaké marang kowé. Dudu kowé sing milih Aku, nanging Aku sing milih kowé, lan Dakdadèkaké utusan, supaya kowé metokaké woh akèh kaya wit anggur mau, sing wohé lestari ing selawasé. RamaKu bakal maringi apa waé sing koksuwun atas jenengKu. Iki dhawuhKu marang kowé: Padha tresna-tinresnana."

Disengiti déning jagad

Yoh. 15:18-27

 "Menawa kowé padha disengiti déning jagad, ngretia yèn Aku wis disengiti luwih dhisik déning jagad. Yèn pinangkamu saka jagad, jagad kuwi bakal nresnani kowé, kaya wongé jagad dhéwé. Nanging kowé wis Dakpilih saka jagad lan Daksengker dadi duwèkKu. Mulané kowé wis dudu wongé jagad. Kuwi sebabé jagad mau sengit karo kowé. Élinga marang sing wis Dakkandhakaké marang kowé: 'Batur kuwi ora ngluwihi bendarané.' Menawa wong-wongé jagad wis nganiaya marang Aku, wong-wong mau uga bakal nganiaya kowé. Yèn wong-wong mau nampani pangandikané Gusti Allah sing Dakwartakaké, mesthi uga bakal precaya marang piwulang sing kokwartakaké. Jagad bakal nindakaké panganiaya kuwi mau kabèh marang kowé, merga kowé kuwi wong-wongKu, lan merga jagad ora wanuh marang Panjenengané sing ngutus Aku. Saupama Aku ora teka lan ngandhakaké kuwi mau kabèh marang wong-wong kuwi, wong-wong kuwi ora kena disalahaké. Nanging saiki wong-wong mau ora duwé alesan kanggo nutupi dosané. Wong sing sengit marang Aku, kuwi uga sengit marang Sang Rama sing ngutus Aku. Aku wis nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan ana ing satengahé wong-wong mau, sing durung tau ditindakaké déning sapa waé. Saupama Aku ora nindakaké pretandha-pretandha ana ing satengahing wong-wong mau, wong-wong kuwi ora kena disalahaké. Nanging saiki, senajan wis padha ndeleng pretandha-pretandha, éwadéné wong-wong mau malah padha sengit marang Aku, [ 40 ]lan uga marang RamaKu. Nanging sing mengkono kuwi, supaya kelakon apa sing wis ditulis ana ing Kitab Suciné wong-wong mau, surasané: 'Tiyang-tiyang menika sami sengit dhateng Kawula tanpa sebab."

 Nanging Sang Panglipur mau bakal rawuh ndhawuhaké bab kersané Gusti Allah, yakuwi Sang Roh Suci, sing miyos saka Sang Rama, sing bakal Dakutus marang kowé. Sang Roh Suci kuwi bakal maringi paseksi bab Aku. Kowé uga bakal padha dadi seksiKu, sebab kowe wis padha bebarengan karo Aku wiwit wiwitan mula."

Gusti Yésus ndedonga ing Gètsémané

Mat. 26:36-46

 Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur tindak, kadhèrèkaké para muridé, menyang panggonan sing disebut Getsémané. Ing kono Gusti Yésus ngandika karo para muridé: "Padha linggiha ana ing kéné dhisik, Aku arep mrana, ndedonga." Gusti Yésus nuli ngajak Pétrus lan anaké Zébedéus karo pisan, kadhawuhan ndhèrèk. Ing wektu kuwi Gusti Yésus katon sedhih sarta ajrih banget. Pangandikané marang para murid mau: "AtiKu sedhih banget, rasané kaya wong sing arep mati. Padha ngentènana ana ing kéné, lan Aku réwangana melèk."

 Gusti Yesus tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud sarta ndedonga: "Dhuh Rama Kawula, menawi kepareng, tuwung kasangsaran menika mugi kasingkirna saking Kawula! Nanging sampun pikajeng Kawula, namunga kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan."

 Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur murugi para muridé telu mau, nanging telu-teluné ketemu lagi padha turu. Gusti Yésus nuli ngandika marang Pétrus: "Apa kowé, wong telu, ora bisa ngréwangi Aku melèk, senajan mung sajam waé? Padha jumagaa lan padha ndedongaa, supaya kowe ora kalah karo panggodhaning Iblis. Roh mono kepéngin nglakoni kang becik, nanging daging kuwi sèkèng."

 Gusti Yesus nuli tindak kaping pindhoné lan ndedonga, aturé: "Dhuh Rama, menawi kasangsaran menika mboten Paduka singkiraken lan mboten kénging mboten kedah Kawula lampahi, inggih sumangga, mugi kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan." Gusti Yésus nuli murugi para muridé menèh, nanging iya lagi padha turu, sebab mripaté mbliyut banget.

 Para murid mau nuli ditinggal menèh déning Gusti Yésus. Panjenengané nuli ndedonga kaping teluné. Pandongané kaya sing uwis. Sawisé mengkono banjur murugi para muridé menèh lan ngandika: "Apa kowe isih padha turu lan ngaso? Delengen! Saiki Putrané Manungsa kaulungaké marang pangwasané wong-wong dosa. Padha tangia, ayo padha lunga. Delengen! Wong sing arep ngulungaké Aku wis ana ing kéné."

Gusti Yésus dicepeng

Mat. 26:47-56

 Nalika Gusti Yésus lagi ngandika, Yudas, panunggalané murid rolas, teka. Bareng karo Yudas iya ana wong akèh padha teka, nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong mau dikongkon déning para penga[ 41 ]reping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi. Yudas wis awèh tandha marang wong akèh mau, mengkéné: "Sing dakambung, yakuwi wongé. Cekelen!"

 Satekané ing panggonan kono, Yudas terus marani Gusti Yésus lan matur: "Sugeng dalu, Pak Guru!" Banjur ngambung Gusti Yésus.

 Pangandikané Gusti Yésus: "Sanak, kowé arep apa?"

 Wong akèh kuwi banjur padha maju sarta nyepeng Gusti Yésus. Ing kono ana salah sawijining wong sing ndhèrèkaké Gusti Yésus ngunus pedhangé, lan disabetaké marang abdiné Imam Agung, kena kupingé nganti perung. Gusti Yésus nuli ngandika marang pendhèrèk mau: "Pedhangmu rangkakna menèh, sebab kabèh wong sing matèni klawan pedhang, bakal mati déning pedhang. Apa kokkira Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, lan Panjenengané apa ora bakal sanalika ngutus malaékat luwih saka rolas devisi? Nanging saupama mengkono, banjur kepriyé bisané kelakon apa sing wis diweca ing Kitab Suci, yèn iki kabèh kudu kaleksanan kaya sing kelakon saiki?" [ 42 ] Gusti Yésus nuli ngandika marang wong akèh mau: "Apa rumangsamu Aku iki bégal, déné olèhmu arep nyekel Aku ndadak nggawa pedhang lan penthung? Apa Aku ora saben dina memulang ana ing Pedaleman Suci; kok ora kokkapak-kapakaké? Nanging kabèh iki kedadeyan kaya mengkéné, supaya kelakon apa sing wis ditulis déning para nabi ana ing Kitab Suci."

 Sawisé kuwi para muridé Gusti Yésus nuli pada ninggal Panjenengané lan padha mlayu kabèh.


Gusti Yésus ana ing ngarepé Pengadilan Agama

Mat. 26:57-68


 Wong-wong sing padha nyekel Gusti Yésus banjur ngirid Panjenengané menyang dalemé Imam Agung Kayafas. Para ulama lan para sesepuhé bangsa Yahudi wis padha nglumpuk ana ing kono. Ing nalika semana Pétrus ngetutaké Gusti Yésus saka kadohan, nganti tekan dalemé Imam Agung. Pétrus banjur mlebu ing pekarangan kono lan lungguh bareng karo para wong jaga. Pétrus kepéngin weruh, kepriyé bakal kerampungané kedadéyan kuwi mau kabèh. Para pengareping imam lan para wargané Pengadilan Agama kabèh padha ngudi, supaya olèh seksi-seksi palsu, sing njalari Gusti Yésus kena dipatrapi paukuman pati. Senajan akèh wong sing padha maju gelem dadi seksi, nanging paseksiné mau ora ana bukti-buktiné. Wusana ana wong loro sing maju, lan matur: "Tiyang menika naté mungel: 'Aku bisa mbubrah Pedalemané Allah lan bisa mbangun menèh sajroné telung dina.' "

 Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Gusti Yésus: "Apa kowe ora mangsuli pendakwané wong kuwi?" Nanging Gusti Yésus kèndel waé. Imam Agung banjur ngandika menèh: "Demi Allah kang gesang, saiki kowé kandhaa marang aku nganggo sumpah, apa kowé ngaku, yèn kowé kuwi Sang Kristus, Putrané Gusti Allah?"

 Gusti Yésus ngandika: "Inggih, leres. Wiwit samenika panjenengan badhé mirsani Putranipun Manungsa pinarak ing tengenipun Gusti Allah, ingkang Maha Kuwaos, lan rawuh nitih méganing langit."

 Mireng pangandikané Gusti Yésus mau, Imam Agung nuli nyuwèk-nyuwèk agemané, sarta ngandika: "Wong iki nyenyamah marang Gusti Allah! Wis ora prelu seksi menèh! Kowé kabèh padha krungu dhéwé enggoné nyewiyah marang Gusti Allah. Saiki kepriyé penemumu?"

 Sing didangu padha mangsuli: "Tiyang menika lepat, lan kedah dipun ukum pejah.

 Gusti Yésus nuli diidoni lan diantemi déning wong-wong mau. Ana uga wong sing ngampleng Panjenengané karo muni: "Coba, bedhèken, Sang Kristus! Sapa sing ngampleng kowé?"

Gusti Yesus ana ing ngarsané Gubernur Pilatus

Mrk. 15:1-5

 Isih ésuk banget, para warganing Pengadilan Agama wis nglumpuk kabèh. Para pengareping imam, para penggedhéné bangsa Yahudi, lan para ahli Torèt, padha énggal-énggal rembugan. Gusti Yésus dibanda, nuli digawa menyang ngarsané Gubernur Pilatus, lan dipasrahaké. [ 43 ]Gubernur Pilatus ndangu marang Gusti Yésus: "Apa bener, kowé ratuné wong Yahudi?"

 "Inggih leres menapa ingkang panjenengan ngandikakaken," mengkono ngandikané Gusti Yésus.

 Para pengareping imam banjur padha ngaturaké pendakwa werna-werna. Gubernur Pilatus banjur ndangu menèh marang Gusti Yésus: "Apa kowé ora mangsuli apa-apa? Coba, semono akèhé pendakwané marang kowé!"

 Nanging Gusti Yésus ora ngandika babar pisan, nganti Gubernur Pilatus gumun.

Gusti Yesus diputusaké diukum pati

Mrk. 15:6-15

 Lumrahé pendhak riaya Paskah Gubernur Pilatus ngluwari wong ukuman siji, manut pilihané wong akèh. Nalika semono ing pakunjaran ana wong lanang jenengé Barabas. Wong mau panunggalané pembrontak sing padha matèni wong nalika ana rerusuh. Wong-wong padha sowan marang Gubernur Pilatus, sarta nyuwun luwaré wong ukuman siji, kaya adaté. Gubernur Pilatus banjur ndangu marang wong akèh mau: "Apa kowé rujuk, yèn aku ngluwari ratuné wong Yahudi iki?"

 Gubernur Pilatus wis pirsa, yèn para pengareping imam enggoné ngla dèkaké Gusti Yésus marang panjenengané, kuwi merga saka drengkiné.

 Nanging para pengareping imam padha ngojok-ojoki wong akèh, supaya padha nyuwun luwaré Barabas. Gubernur Pilatus banjur ndangu marang wong akèh mau: "Nèk ngono, banjur wong sing kasebut ratuné wong Yahudi iki kudu dakkapakaké?"

 Wong-wong mau padha mbengok saur manuk: "Disalib mawon!"

 Pitakoné Gubernur Pilatus: "Nanging kaluputané wong iki apa?"

 Wong-wong mau banjur padha bengok-bengok luwih sora menèh: "Disalib mawon!"

 Mulané Gubernur Pilatus banjur ngluwari Barabas kanggo wong-wong kuwi, supaya marem atiné. Pilatus nuli dhawuh, supaya Gusti Yésus dipecuti, banjur dipasrahaké supaya disalib."

Gusti Yesus dienggo geguyon

Mrk. 15:16-20

 Gusti Yésus digawa déning para prejurit menyang bangsal pengadilan, ing gubernuran. Prejurit-prejurit kabèh tumuli diklumpukaké. Gusti Yésus banjur padha diagemi jubah wungu déning para prejurit mau, lan digawèkaké makuthan saka eri. Makuthan mau banjur diagemaké ana ing mestakané. Sawisé kuwi para prejurit nuli awèh pakurmatan marang Gusti Yésus, karo muni: "Saos bekti, ratunipun tiyang Yahudi!" Mestakané Gusti Yésus banjur dithuthuk nganggo kayu lan Panjenengané banjur diidoni, sarta padha sujud ana ing ngarsané. Bareng wis padha marem enggoné nggawé geguyon, jubahé wungu banjur diuculí, lan agemané Gusti Yésus diagemaké menèh. Tumuli Panjenengané digawa metu menyang sanjabané kutha, arep disalib. [ 44 ]Gusti Yesus disalib

Mrk, 15:21-32

 Ana ing dalan para prejurit kepethuk wong lanang sing banjur dipeksa dikon manggul salibé Gusti Yésus. Wong mau pinuju teka saka désa, arep mlebu kutha. (Wong mau jenengé Simon, asal saka kutha Kiréné, bapakné Aleksander lan Rufus.) Gusti Yésus digawa menyang panggonan sing karan Golgota, sing tegesé "Panggonan cumplung". Ana ing kono Gusti Yésus arep dicaosi ngunjuk anggur sing dicampuri 'mur', nanging ora kersa ngunjuk. Wekasané wong-wong mau padha nyalib Gusti Yésus. Agemané banjur padha diedum, srana diundhi, supaya saben wong nampani bagéan manut undhi mau. Gusti Yésus kasalib jam sanga ésuk. Ing sandhuwuré salibé ditulis pendakwa sing marakaké Panjenengané nganti disalib, yakuwi "Ratuné wong Yahudi". Bareng karo penyalibé Gusti Yésus mau, wong-wong mau uga padha nyalib bégal loro, siji ana ing satengené Gusti Yésus, sijiné ana ing sakiwané. [Srana mengkono kang katulis ing Kitab Suci kelakon temenan, yakuwi: 'Panjenengané kepétung wong ala.']

 Wong-wong sing padha liwat ana ing kono padha ngisin-isin lan moyoki. Wong-wong mau padha gèdhèg-gèdhèg lan padha muni: "Saiki rasakna! Kowé arep ngrubuhaké Pedalemané Allah, lan arep kokadegaké menèh sajroné telung dina. Coba, saiki mudhuna saka salib, tulungana awakmu dhéwé!"

 Para pengareping imam lan para ahli Torèt uga padha moyoki, padha muni siji karo sijiné: "Dhèwèké nylametaké wong liya, nanging nylametaké awaké dhéwé ora bisa? Menawa dhèwèké Ratuné bangsa Israel temenan, Juruslamet sing dijanjèkaké déning Gusti Allah, karebèn mudhun saka salib. Yèn pancèn mengkono, mengko aku dak padha precaya marang dhèwèké!"

 Wong-wong sing padha disalib bebarengan karo Gusti Yésus kuwi uga padha mélu moyoki.

Sédané Gusti Yesus

Mrk. 15:33-41

 Bareng jam rolas awan, sanegara dadi peteng, nganti jam telu. Nalika jam telu kuwi Gusti Yésus nguwuh kanthi sora: "Éloi, Éloi, lama sabakhtani?", sing tegesé: "Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, kénging menapa Paduka nilar Kawula?"

 Wong-wong sing padha krungu panguwuhé mau banjur kandha: "Wong kuwi ngundang nabi Élia!"

 Banjur ana salah siji sing énggal-énggal njupuk sepon, banjur dicelupaké ing anggur kecut, nuli disundukaké ing pucuking kayu dawa, ditèmpèlaké ing lathiné Gusti Yésus, supaya dicecep, karo muni: "Coba kita entèni, nabi Élia mengko rawuh nulungi Wong kuwi mudhun saka salib apa ora."

 Gusti Yésus banjur nguwuh menèh, tumuli séda.

 Geber sing ana ing Pedaleman Suci suwèk dadi loro, saka ndhuwur mengisor. Perwira tentara sing ngadeg ana ing sangarepé salib kono menangi enggoné Gusti Yésus nguwuh banjur séda. Perwira mau [ 45 ]kandha: "Pancèn bener, Wong iki Putrané Allah!"

 Ing kono uga ana wong wadon sawetara, sing padha nyawang lelakon mau kabèh saka kadohan, kayata: Salomé, Maryam Magdaléna. Maryam ibuné Yakobus sing enom lan Yosès. Wong-wong wadon kuwi sing tansah ngetutaké Gusti Yésus, sarta ngladosi nalika Panjenengané ana ing tanah Galiléa. Kejaba kuwi ing kono ana wong wadon akèh liyané menèh sing padha teka saka kutha Yérusalém, bebarengan karo Gusti Yésus.

Gusti Yésus kasarèkaké

Mrk. 15:42-47

 Ana warganing Pengadilan Agama sing kajèn kéringan, jenengé Yusuf, asalé saka Arimatéa, ngarep-arep kebabaré Pepréntahané Allah. Nalika semana mbeneri dina pecawisan, (yakuwi dina ngarepaké dina Sabat), mangka wayahé wis soré, mulané Yusuf mau nékad sowan ing ngarsané Gubernur Pilatus, nyuwun layoné Gusti Yésus. Bareng krungu yèn Gusti Yésus wis séda, Gubernur Pilatus gumun, banjur utusan nimbali sing jaga. Perwira mau didangu, apa wis suwé Gusti Yésus enggoné séda. Bareng wis nampa lapurané perwira mau, Yusuf diparengaké njupuk layoné Gusti Yésus. Yusuf banjur tuku mori kafan sing alus. Sawisé kuwi layoné Gusti Yésus nuli diudhunaké, banjur diulesi nganggo mori mau. Layoné tumuli disarèkaké ing kuburan sing isih anyar. Kuburan kuwi guwa sing ditatah ana ing pegunungan padhas. Sawisé mengkono, lawangé guwa banjur ditutup nganggo watu gedhé. Nalika semana Maryam Magdaléna lan Maryam ibuné Yosès, ndeleng lan ngreti papan sumaréné Gusti Yésus.

VII. Wunguné, Enggoné Ngetingal Lan Sumengkané Ing Swarga

Wunguné Gusti Yesus

Mat. 28:1-10

 Bareng dina Sabat wis kliwat, ing dina Minggu ésuk umun-umun, Maryam Magdaléna lan Maryam sijiné padha lunga niliki pesaréané Gusti Yésus. Dumadakan ana lindhu gedhé banget. Ana malaékat tumedhak saka ing swarga, banjur ngglundhungaké watu tutuping pesaréan, nuli lenggah ana ing watu mau. Pasuryané malaékat kuwi mencorung lan agemané putih memplak. Prejurit sing padha jaga ana ing kono, saking wediné, nganti padha gumeter lan pucet kaya wong mati.

 Malaékat mau nuli ngandika marang para wong wadon sing padha niliki pesaréan mau mengkéné: "Aja padha wedi! Aku ngreti yèn kowé padha nggolèki Yésus sing mentas disalib. Panjenengané ora ana ing kéné, wis wungu, cocog karo sing dingandikakaké dhèk biyèn. Coba delengen panggonan tilasé. Mulané padha énggal balia lan mènèhana weruh marang para muridé, yèn Panjenengané wis wungu, lan saiki tin[ 46 ]dak ndhisiki lakumu menyang tanah Galiléa. Ing kana kowé bakal ketemu karo Panjenengané! Padha élinga marang sing dakkandhakaké marang kowé iki!"

 Para wong wadon mau ruli énggal-énggal padha mangkat saka ing pesaréan kono, kanthi rasa wedi campur bungah. Lakuné rikat banget, sebab selak kepéngin mènèhi weruh marang para muridé Gusti Yesus bab lelakon kuwi mau.

 Dumadakan Gusti Yésus methuki wong-wong wadon mau lan ngandika: "Salam." Wong-wong mau nuli padha nyedhaki, banjur padha nyungkemi sampéyané! Gusti Yésus banjur ngandika: "Aja padha wedi. Balia ngandhani sedulur-sedulurKu, supaya padha mangkat menyang ing tanah Galiléa. Ing kono bakal padha ndeleng Aku."


Gusti Yesus ngetingal marang para sekabaté

Yoh. 20:19-23

 Ing dina Minggu kuwi uga, nalika wayah bengi, para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul ana ing sawijining omah; lawang-lawangé dikunci kabèh, awit padha wedi marang penggedhéné wong Yahudi. Dumadakan Gusti Yésus rawuh ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabeh."

 Sawisé ngandika mengkono nuli nedahaké astané lan lambungé. Bareng weruh Gusti Yésus, para sekabat mau padha bungah banget. Gusti Yésus nuli ngandika sepisan menèh marang para sekabat mau: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh. Kayadéné enggonku diutus déning Sang Rama, mengkono uga Aku ngutus kowé." Sawisé ngandika mengkono, para sekabat nuli padha didamoni karo dipangandikani: "Padha nampanana Roh Suci. Menawa kowé ngapura dosané wong, dosa mau uga diapura déning Gusti Allah; lan menawa kowé netepaké dosané wong, dosa kuwi uga ditetepaké déning Gusti Allah."


Gusti Yesus ngetingal marang Tomas

Yoh. 20:24-29

 Tomas (sing uga ketelah Didimus, utawa 'wong kembar') kuwi panunggalané sekabat rolas; nalika Gusti Yésus ngetingal marang para sekabat, Tomas ora mèlu ngumpul. Mulané para sekabat liyané nuli kandha marang Tomas: "Aku wis padha ndeleng Gusti!"

 Nanging Tomas mangsuli: "Yèn aku durung ndeleng tilasing paku ing astané lan durung ndemèk tatu sing ana ing astané mau nganggo drijiku dhéwé sarta durung nggrayang lambungé nganggo tanganku, aku durung ngandel."

 Wolung dina sawisé kuwi para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul menèh ing omah mau; Tomas uga ana. Lawangé kabèh padha dikuncèni. Nanging Gusti Yésus mlebet lan jumeneng ana ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh!" Gusti Yésus nuli ngandika marang Tomas: "Delengen tanganKu, endi drijimu, sing arep kokenggo ndemek tatu ing tanganKu. Endi tanganmu, grayangana lambungKu, kowé aja mangu-mangu, nanging precayaa!" [ 47 ] Tomas nuli matur marang Gusti Yésus: "Gusti kawula, Allah kawula!"
 Gusti Yésus banjur ngandika marang Tomas: "Apa enggonmu precaya kuwi merga kowé wis ndeleng Aku? Begja wong sing padha precaya, senajan ora ndeleng Aku."
Gusti Yésus mékrad
Luk. 24:50-53
 Sawisé mengkono Gusti Yésus nuli ngajak para sekabat metu saka ing kutha Yérusalém, menyang ing sacedhaké désa Bètani. Ana ing kono Gusti Yésus nuli ngangkat astané lan mberkahi para sekabat. Sajroné mberkahi mau, Gusti Yésus kaangkat menyang swarga, pisah karo para sekabaté. Para sekabat nuli padha sujud nyembah marang Panjenengané, nuli padha bali menyang kutha Yérusalèm klawan bungah banget. Para sekabat mau tansah padha ana ing Pedaleman Suci lan ngluhuraké Gusti Allah.
Maksudé buku iki
Yoh. 20:30-31
 Isih akèh mujijat-mujijat sing ditindakaké déning Gusti Yésus ana ing ngarepé para sekabat, sing ora kasebut ing Kitab iki. Olèhé ditulis ana ing Kitab iki, supaya kowé padha precaya yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, Putrané Allah. Lan supaya srana precayamu kuwi kowé padha

urip merga saka pangwasané. [ Img ]
PALESTINA

pada jaman

PERJANJIAN BARU

[ Img ]



[ Img ]

DUNIA PERJANJIAN BARU