Woh Dhondhong Pindhane

Kidung Megatruh

[ 31 ]WOH DHONDHONG PINDHANE Nafra Faila Luvi Murchelina

Iki patrape wong semugih. Wong kang ora kena kesenggol barang darbeke, disemayani wae nesu. Angger dijaluki sumbangan methithil gothil. Status duda, umure udakara 76 taun, wis tuwa nanging isih pethakilan.

Ana unen-unen “gaplek pringkilane” yaiku wong wis tuwek pethakilan. Ujare pengen rabi maneh, nanging ora bisa ngopeni anak bojone sing mbok tuwa. Rabi kaping telu, sing nomer siji anank-anak sedosin mati sanga, kaping pindho gabuk ora duwe keturunan lan sing kaping telu anak- anak cacahe papat ndhilalahe pekok-pekok kabeh. Iki isih mbahku dhewe, sanajan mbahku dhewe ora isa kena kanggo patuladhan marang putune.Dina minggu awan ana wong njaluk sumbangan marang mbah Noyo.

“Mbah, kula nyuwun sumbangan kangge ndandosi sumur umum ingkang simbah ndherek ngangge,” panjaluke Bu Sarti. “Ora ndhuwe dhit, dodol ora payu!” swarane mbah Noyo nggugah wong turu awan. Wusana sing njaluk sumbangan bali, nggonduk.

“Wah, Mbah Noyo kae angger dijaluki sumbangan ora tau ngenei mung malah ngethak-ngethak. Aku dadi kagol njaluk maneh,” pituture Bu Sarti melas marang wong liya.” Alah kowe kan wis ngerti dhewe watakke Mbah Noyo kaya ngono kok isih mbok jalukki. Kan mantune wis weling nek anasumbangan apa-apa njaluk karo dhekne wae,” wangsulane Bu Atun.

“Oiyoyoakulali. Yo wis saiki aku tak neng omahe Bu Tinah wae.”

Mbah Noyo iki wong tuwa sing ora ngerti piye carane nggedhekke anak, mung waton duwe anak akeh. Anakke mung dipakani sak anane waton wareg, nek lara dinengke wae lan masalah sekolah ora tau diurus. Urusan sandhangan mesthi ngamuk-ngamuk. Karepe anakke kon nggoleke dhewe-dhewe kabeh.

“Pak, kula tumbaske klambi nggeh,” panjulukke Sarto.

“Klambi akeh-akeh ki nggo opa? Mbok kowe ki nek pengen apa- apa nggolek dhuwit dhewe. "Sarto banjur meneng sawise diwangsuli ngono lan nglayapembuh nang ngendi.

Rebo awan bali dodol, Mbah Noyo bengak-bengok sambat lara. Ndhilalahe nang omah ora ana anakke, dheweke tambah nesu lan misuh[ 32 ]misuh,

“Iyung alah iyung awak kok koyo ngene, wis dodol ya ora payu,” sambate Mbah Noyo. Mbah Noyo bengak-bengok ngundang lan nggoleki Sarto, nanging ora ketemu. Mbah Noyo tambah ngamuk, banjur mbah Noyo takon marang mantune kang omahe ana ing jejere. Nanging mantune ya ora ngerti.

Limang menit sawise Sarto tekan liwat ngarep omahku karo ngombe es. Bapakne weruh Sarto ngamuk-ngamuk. Sarto ya mung bisaa wae, sajakke wis lumrah pendhak dina diamuk-amuk. Aku lan ibuku ngguyundhelengke tingkahe Sarto sing ngguya-ngguyu diamuk bapakne.

Keluwargaku lan tangga teparo wis ora gumun yen Mbah Noyo bengak-bengok utawa ngamuk-ngamuk. Yo wis dasare wong tuwa, sipate malih maneh kaya bocah. Karepe kudu diladeni nek ora pangamuke kaya bocahcilik sing ora keturutan panjaluke.

Wis seminggu Mbah Noyo ora isa tangi lan sambat lara. Awake adem panas, watuk-watuk lan mutah getih. Keluwargaku bingung, sakmenika dudu sing pertamane nanging jenenge sedulur lara ya kepikiran. Mbah Noyo kerep lara sesasine wae isa diitung, Ya pancen wis tuwa, nanging larane saiki luwih nemen, Mbah Noyo paling ora bisa ora nyedhot pipane sedina wae. Ngendhikane dhokter kon nglereni rokoke nanging ngeyel.

Durung mari seka larane, bojo enome Mbah Noyo teka. Arepe mbah Noyo lara nanging Mbah Ngapiyah ora ngapa-ngapa, ora gelem ngrumat utawa ngladeni. Dheweke mung seneng karo badhane Mbah Noyo, nanging Mbah Noyo tetep seneng. Nganti warisane Mbah Noyo didol kanggo nukokake omaha. Sing ngrawat malah anak saka bojo tuwa. Nunggoni karo ngladeni Mbah Noyo nganti Bapakku ora isa turu amarga Mbah Noyosithik-sithik sambat lara, Angger Bapakku menyat sedilit, Mbah Ngapiyah mesti ngundang.

“Mur...Mur bapakmu kae arep ngapa, Kowe diundang!” celuke mbah Ngapiyah. Pak Mursi ora semaur mung waton nyeraki mbah Noyo.

“Badhe menapa, Pak?” pitakone Pak Mursi, “Akuarepnang pekiwan.” “Nggeh, mangga kulo bopong.”

Pak Mursi banjur mbopong Mbah Noyo menyang pekiwan. Bali saka pekiawan, Pak Mursi ndekekake mbah Noyo ana ing peturune maneh. [ 33 ]“Mur... kowe ki ora usah nang ngendi-endi, mengko nek Bapakmu arep butuh apa-apa ndak aku bingung goleki kowe.”Pak Mursi mung meneng waeninggalake Mbah Noyo lan Mbah Ngapiyah tumuju omahe.

“Bu... gentian kana sing jaga Bapak isih seneng karo mbah Ngapiyah. Ya wis mengko gentian ibu. Ya wis kana Bapak dhahar lan sare dhisik,” wangsulane Bu Tinah kalem.

“Menapa Bapak dinten Setu dalu mboten pamit?" pitakone Bu Tinah “Ora sempet!” wangsulane Mbah Noyo alon. “Lan menapa sampun kondur, biyasane seminggu teng rika?”“ Awakku ora enak maneh, dadi aku bali” “Nggeh pun Bapak istirahat mawon”

Pasuryan pucet, kringete metu akeh lan watuk-watuk. Mbah Noyo ora aleman, pancen dheweke lara, Mbah Noyo banjur ninggalake Bu Tinah tumuju omahe arep ngglethakake awake.

Saka omah krungu sambate Mbah Noyo, jero banget. Kaya nahan lara sing nemen banget. Bu Tinah banjur cepet-cepet nemoni maratuwane. Nang omah ditemoni Mbah Noyo sing wis ambruk. Bu Tinah sing ndelengke Mbah Noyo bingung, kringetadem metu, lan awake gemeter. Bu Tinah ora isa ngapa-ngapa, arep njunjung ora kuat, isane mung bengak- bengok njaluk tulung. Sarto sing lagi gawe wedang kaget, gelase pecah. Banjur Sarto mlayu nemuni Bu Tinah sing njaluk tulung. Nang kana ditemoni Bu Tinah sing coba njunjung Mbah Noyo sing semaput, nanging oraisa.

“Bapak menapa niki, Mbak, kok nganti ambruk?” pitakone Sarto gemeter. “Ora ngerti. Aku tekan kene Bapak wis ambruk, yo mau cen sambat lara karo aku. Aku ora ngira ngasi kaya ngene. Yo wis ayo gek dibopong bareng, awakeadem banget,” pangajake Bu Tinah nyoba tenang.

Sarto lan Bu Tinah banjur mbopong Mbah Noyo, tangga teparo sing weruh langsung ngewangi. Pak Hadi sing duwe mobil nawani ngeterake nang omah sakit. Bu Tinah lan Sarto melu numpak mobil nang omah sakit, Ngomah nganti ora keurus. Lawange ora ditutup, nanging tangganenutupkelan ngewangi njaga omahe.

Bu Tinah wong sing seneng tetulung lan sregep ana ing kegiatan sosial. Dheweke ya wong ora nduwe, nanging kuwi dudu alesan ora tetulung marang liyan. Uwong sing kenal Bu Tinah ngerti yen Bu Tinah wong apik, beda karo maratuwane. Tanggane gelem nulung amarga mantune kuwi. [ 34 ]Satekane omah sakit, Mbah Noyo langsung digawa ana ing ICU, kahanane wis nemen. Bu Tinah lan Sarto ngenteni ora jenjem, Pak Hadi sing ngeterke mau nyoba ngleremke.

Wis sakjam ngenteni, wusana dhokter sing nangani mbah Noyo metu. Dhoktere ngomong yen Mbah Noyo nandang komplikasi. Paru- parune rusak, nganti dipansangi oksigen. Kadar gulane dhuwur lan darah tinggi. Mbah Noyo telat digawa nang omah sakit, marakake saiki kritis. Bu Tinah sing diandani ngono banjur nangis, Sarto mung meneng, Pak Hadi ya ngrasakke.

“Terus salajangipun kados pundi, Pak Dhokter?” pitakone Bu Tinah karo nangis.“Nggeh Bapake tetep teng ruang ICU ngantos kondisinipun stabil,” wangsulane Pak Dhokter.

“Kira-kira kapan sadare?” “Kula nggeh mboten ngertos gumantung Bapake, saged nglawan laranemboten. Nggeh donga mawon, Bu,” dhokter njlentrehake.

Wis limang dina mbah Noyo nang rumah sakit.Neng njaba kamare Mbah Noyo, Pak Mursi, Bu Tinah, lan Sarto rembugan masalah ragad omah sakit. Limang dina mondok ragade wis pede apa maneh yen tambah dina, saya akeh dhuwite. Celengane Pak Mursi lan Bu Tinah ora nyandak, soale dinggo ngragadi anake loro sing isih sekolah, Sarto yo ora duwe dhuwit, yen arep njaluk langsung karo Mbah Noyo wedi nek Mbah Noyo munggah maneh darah tinggine.

“Piye niki Mbah ragade?” pitakone Sarto marang Bu Tinah. “Aku ya bingung, To. Celenganku ora tekan nganti semono, kae wae dinggo mbayar sekolah cah loro. Aku ngenei paling ya ora ana setengahe banjur piyeiki, Pak?” wangsulane Bu Tinah lan takon marang Pak Mursi.

“Bapak ya mumet, Bu. Arep ngutang nang ngendi gedhene sakmono. Ya janjane ana nanging apa sing arep dipadekke,” wangsulane Pak Mursi. “Piye yen surat-surat?” panemune Sarto

.Pak Mursi lan Bu Tinah pandeng-pandengan, kaget apa sing diomongke Sarto. Pak Mursi lan Bu Tinah meneng lan mikirake omongane Sarto. Wusana usulane Sarto mau diiyoi. Omahe digadekke, Sarto lan mbah Noyo manggon ning omahe Pak Mursi.

Dina Setu sore sesuk mbah Noyo isa bali, dadi dina iki ngrampungake administrasi lan nebus obat jalan. Saiki Mbah Noyo wis iso bali. Adminitrasi wis beres lan obat jalan wis ditebus, Sadurunge bali, [ 35 ]dhokter weling marang pak Mursi.

“Pak, Bapakipun mboten ken mikir abot-abot lan mboten pareng mireng kabar sik elek nggih,” ngono welinge dhokter, “Matur nuwun, ngih,” wangsulane Pak Mursi. Tekan omahe Pak Mursi, Mbah Noyo dikon ngaso. Mbah Noyo gumun kok ora bali nang omahe dhewe malah nang omah anake. Mbah Noyo takon-takon wae nanging Bu Tinah sing nunggu ora nyauri.

“Tin, aku kok turu nang kene? Aku pengen bali nang omahku dhewe,” panjaluke Mbah Noyo isih lemes. “Pun... Bapak mboten sah ngendika terus mangkendak sakitmalih,” wangsulane Bu Tinah.

Bu Tinah banjur ninggalake Mbah Noyo sare. Ing ruang tamu sing ana ngarep kamar, wong telu padha rembugan piye carane ngomong masalah omah sing digadekke.

“Pak, niki pripun? Bapak takon wae masalah omah”

“Bapak ya ora ngerti, Bu. Nek karepku dikandani alon-alon wae. Sing penting Bapak ngerti yen omahe digadekke kanggoragad omah sakit” “Injih, Pak. Kula sakeluwarga namung gadhah arta sekedik kanggeh mbayar sekolah lare-lare. Dados pasarujukan kita griyanipun Bapak dipadekaken.”

Mbah Noyo sing ngrungokake omongane Pak Mursi tetep ora terima. Mbah Noyo nudhingi wong telu, dadane langsung sesek, awake adem, matane mendelik lan kejang-kejang. Pak Mursi, Bu Tinah, lan Sarto bengak-bengok nyebut jenenge Mbah Noyo lan awake dioyog-0yog. Nanging padha wae. Mbah Noyo wis bablas. Pak Mursi, Bu Tinah, lan Sarto nangis, gela durung njaluk pangapura karo mbah Noyo. Kanggone Mbah Noyo, omah padha karo harga dirine. Dadi yen badhane dosak-asik padha karo harga dirine diidak-idak.

Navra Faila Luvi Murchelina, siswa SMA Taman Madya, Jalan Pakuningratan no.34 A. Yogyakarta, Telepon (0274) 517522.

Lair, 16 Februari 1991. Alamat omah, Serangan NG I1/ 175, Yogyakarta. Telepon 081392999006