Babad lan mekaring djogèd djawi, Karanganipoen B. P. A. SOERJODININGRAT ING NGAJOGJAKARTA.
_____________
Poenapa perloe nglahiraken karangan
bab mekaring Djogèd-Djawi wonten
ing serat Pananggalan?
BOEBOEKA.
Kadhos badé kawastanan anèh, ingkang saoepami kawangsoelan, boten perloe, amargi inggih djogèd poenika satoenggiling kagoenan Djawi ingkang moerni, poesaka banda tetilaraning leloehoer koela sami, ingkang kedhah kasoemerepan ing ngakathah, amrih itjaling raos tida-tidaning panganggep, ingkang asring ké
nging dhaja prabawaning panginten, bilih sadhaja kagoenan Djawi poenika saking Hindoe, dhadhos amoeng
sawarni barang tiron, oetawi loengsoeran.
Panginten waoe landesan agama lan piwoelang warni-warni, ingkang dhaja prabawanipoen ageng sanget dateng bangsa Djawi, éwadhéné saged kabantah kalajan paseksèn ingkang njata, bilih bangsa Djawi benika oegi gadah kagoenan ingkang asli, oepamininoen, djogèd, (srimpi, bedaja, wajang-wong, beksan octawi wirèng) gamelan, pirantosing tatanèn jajasan grija lan wajang loelang. [ 2 ]
Leres tjatjahing kagoenan Djawi ingkang asli sakedik sanget, liripoen ingkang kathah nampi piwoelang saking bangsa Hindoe. Ananging piwoelang waoe ladjeng kadapoek ingkang tjotjog kalijan raos Djawi, mila ladjeng awoedjoed kagoenan Djawi. Kadhosta: serat Ardjcena Wiwaha, karanganipoen empoe Kanwa, poedjangga Karaton Kaoeripan, tahoen 1030, lan serat Barata Joedha, karanganipoen empoe Sedah, poedjangga Karaton ing Kediri, tahoen 1157, (mriksanana boekoe Hindoe-Javaansche Kunst door Dr. N. J. Krom, Hoogleeraar te Leiden pérangan I katja 66 lan 69).
Serat Barata Joedha poenika dhédhé pertalan serat Maha Barata, paseksénipoen : serat Barata Joedha ingkang kanggé pasemon pakarti awon lan saé, para santananing Nata lan poenggawa, liripoen Nata sakalijan Pandawa lan Ngastina, sami nglenggahi wadjibing Naréndhra bér lila legawa ing boedhi, dhéné serat Maha Barata Nata kakalih ingkang kanggé pasemon, inggih Nata ing Ngastina ingkang kadhoenoengan pakarti angkara moerka.
Kadhos sampoen samesthinipoen oetawi sampoen kinodhrat, mekaring sadhaja kagoenaning sawarnining bangsa sami dhaja-dhinajan saking satoenggal lan satoenggalipoen, inggih margi kagoenan poenika boten gadah watek kabangsan, nanging djagad ageng ingkang ndharbéni. :
Wonten oegi ingkang mastani kalintoe oetawi kesasar, manawi bangsa Djawi ngadjengaken lan nglebetaken raos kagoenan djogéd sasaminipoen ing salebeting gesang babrajan, awit badé boten saged [ 3 ]
moedjoedhaken barang anjar, amoeng tansah anggagas kamoeljan ingkang sampoen kapoengkoer, boten anggatosaken dateng djaman ingkang dhipoen lampahi, sirna padang pamraneming paningal dateng papasthén ing tembé. Pamanggih ingkang makaten waoe kénging kabantah kalajan paseksén : babadhing sadhaja bangsa sampoen anedhahaken pambangoening gesang babrajan kedhah njoemerepi lalampahan oetawi kamoeljan ingkang sampoen kapoengkoer, kanggé dasaring lampah ngoedhi .sampoernaning gesang babrajan, makaten kaboedhajan lan kagoenan tilaraning leloehoer koela sami boten kénging kasingkoer, nanging kalaras mitoeroet raos lan tjara énggal, ingkang sami dhipoen lampahi ing djaman samangké.
DJOGED.
Ingkang kawastanan djogéd inggih poenika ébahing sadhaja sarandhoening badhan kasarengan oengeling gangsa (gamelan) katata pikantoek kalajan wiramaning gending, djoemboehing pasemon kalajan pikadjenging djogéd, makaten woedjoedhing djogéd, dhéné ing paningal bédha lagoe-lagoening ébahing badhan, wonten
ingkang santer lan membat, kadhosta: djogéd Bali lan ballét ing Prantjis jén katanding kalijan djogéd Djawi, santering wirama kadhos nikel gangsal oetawi langkoeng. Djogéd Djawi membat boten ateges lembék, nanging saréh, liripoen ing salebeting djogéd, boten wonten
mangsa kanggé lereming badhan, nanging tansah ébah ngetoetaken lampahing wirama, ingkang boten gampil kasoemerepan ing paningal. Makaten oegi [ 4 ]
santering wiramaning djogéd Bali oetawi ballét, boten kénging kawastanan kasar, nanging sigrak, prigel pangidhaking wirama, gampil kasoemerepan ing paningal ébahing sadhaja sarandhoening badhan.
Djogéd ingkang dhoemoenceng ing satoenggal-toenggaling nagari oetawi bangsa, boten sadhaja sampoen sampoerna ing samoekawisipoen, saéstoe taksih wonten ingkang koetjiwa, oepaminipoen djogédhipoen tijang Papoea. Sanadhyan ing paningal boten anengsemaken, amargi koetjiwa ing sadhajanipoen, éwodhéné toemandhanging badhan boten njimpang saking wiramaning swaraning pirantos ingkang kanggé gamelan, liripoen sadhaja kagoenan boten bédha dasar-dasaring kekadjengan.
Para maos: Djogédhipoen tijang Papoea kadhos boten badé bédha kalijan djogéd Djawi, manawi kaoekoer nalika taoen Djawi windhoe ingkang kapisan. Kanggé njoemerepi koetjiwa lan sampoernaning djogéd poenika, saged kaoekoer saking pirantosing gamelan. amargi inggih gamelan poenika ingkang tansah gegandéngan kalijan djogéd, dhadhos mekaring gamelan saéstoe sesarengan kalijan mekaring djogéd, sampoernaning gamelan inggih sampoernaning djogéd. Paseksén djoemboehing djogéd lan gangsa waoe ngantos saged dhipoen soemerepi salebeting sanoebarining laré alit ingkang nembé saged loemampah, inggih laré waoe asring poeroen ndjogéd, samangsa dhipoen game (gamelan tjangkem) bijoengipoen oetawi ingkang momong. Mila manawi para ahli djogéd kaleres ningali gambar sorot soemerep srimpi medhal ing kelir, [ 5 ]
gampil sanget andawahaken loeh, amargi sanget trenjoehing manah soemerep sipating kagoenan adhi loehoeng solah-bawaning djogéd, ingkang amoeng saémper kalijan wadher bang ing salebeting gelas.
BABAD LAN MEKARING DJOGED.
Lahiring djogéd kadhos kénging ginagapan sareng kalijan manoengsa, inggih dherenging kodhrating manoengsa, sami dholanan rengeng-rengeng gegamelan, sinarengan ébahing badhan, ingkang boten djinarak awoedjoed djogéd, saémper kadhos dherenging bijoeng ndholani anakipoen kadhos ingkang koela atoeraken ing ngadjeng. Kadhos poenapa sipating djogéd ing wekdhal samanten saéstoe boten siwah kalijan djogédhipoen tijang wanan. Makaten waoe boten anéh, sadhaja kaboedhajan oetawi kagoenan nalika pinanggih ingkang kapisan, taksih koetjiwa ing samoekawisipoen, ananging kala mangsa inggih katingal mekaripoen, kandhel-tipisipoen goemantoeng kadjenging djaman, inggih kadjenging manoengsa, ingkang sami karaos ambetahaken.
Ing taoen 991—1043 djaman Praboe Erlangga ing Kaoeripan, wiwit mijos dhoemoegi ambegawan, (mriksanana boekoe Hindoe Javaansche Kunst, door N. J. Krom ‘pérangan | katja 64—67) kaboedhajan toewin kagoenan dhalasan tatanan kapradjan lan tatanén kagatosaken sanget.
Katjarijos: tijang sami saged djogéd gamelanipoen amoeng warni tiga: soeling, kendang toewin gambang. Sapinten dhedheging djogéd katanding kalijan ing [ 6 ]
djaman samangké saged kaoekoer saking tjingkranging pirantosing gamelan, inggih kénging kapasthékaken teksih dhéréng padja-padja ngémperi.
Sapengkeripoen Praboe Erlangga nalika karaton dhadhos kalih (Djenggala lan Kediri), boten wonten tjarijosipoen prakawis kaboedhajan oetawi kagoenan, Ing taoen 1104—1157 karaton dhadhos satoenggal ing Kediri sawatawis katingal kamadjenganipoen kasoesastran lan kapoedjanggan, kadhosta: serat-serat Kresnajana lan Soemanasantaka, karanganipoen empoe Trigoena, toewin serat Baratajoedha karanganipoen empoe Sedah.
Wiwit ing taoen 1222—1333 katradjang retoening pradja, para Nata lan Satrija sami tansah andhon joedha, kaboedhajan lan kagoenan babar pisan boten kasroewé, inggih padhoedhon salebeting pradja poenika ingkang asring dhadhos wisaning kamadjengan ing samoekawis.
Ing taoen 1334—1389 djaman Praboe Hajamwoeroek, Patih Gadjahmadha, ing Modjopahit inggih djaman koemboeling tanah Djawi. Kagoenan djogéd, kapoedjanggan, gamelan toewin tembang kagatosaken sanget. Manawi kaleres wonten karaméjan oetawi wonten tijang gadah dhamel, Praboe Hajamwoeroek kerep karsa toemoet mbantoe ngramékaken pasamoewan, malah asring kapareng njalirani, mbeksa pijambak, ingkang rama ingkang milihaken gendingipoen, sarta toemoet naboeh gamelan, ingkang iboe dhame] rerepen lan anjindéni. Awit toentoenaning kagoenan kahasta ingkang djoemeneng Nata pijambak, para maos kadhos [ 7 ]
sampoen saged nggagapi, kadhos poenapa’ kamadjenganing kagoenan ing djaman samanten katanding kalijan djaman Praboe Erlangga, kadhos ingkang koela atoeraken ing ngadjeng. Emanipoen tjatjah lan woedjoedhing pirantosing gangsa boten kapratélakaken, dhadhos boten saged kaoekoer sapinten mekaring kagoenan djogéd.
Kadhos poenapa mongkoging bangsa Djawi ing djaman samanten, nanging kamoeljaning Modjopahit boten saged langgeng lan boten dhangoe. Sapengkeripoen Praboe Hajamwoeroek ing taoen 1389, toewoeh malih tjatjongkrahan para kadhang, dhamel retoening pradja, para ahli kaboedhajan oetawi kagoenan boten saged nandjakaken kapinteranipoen.
Ing taoen 1478 sirnaning Modjopahit, mitoeroet Babad Djawi, karaton pindah dateng Dhemak Jan ngrasoek agami Islam, nanging tjarijosipoen Portugees De Brito, kalajan paseksén ingkang mitadhosi, ing tahoen 1513 taksih wonten Ratoe Djawi agami Hindoe ingkang ageng prabawanipoen, djedjoeloek Praboe Girindhrawardhana, karaton Modjopahit santoen nama: Wilwatikta, liripoen. ambroeking karaton Modjopahit waoe boten. saking bangsa Islam, nanging saking golongan ingkang taksih ngrasoek agami Hindoe, (mriksanana N. J. Krom Hindoe-Javaansche Kunst pérangan I katia 83). Ngadjengaken taoen 1526 lantaran saking dhaja prabawaning agami Islam karaton Hindoe ingkang poengkasan kaseboet nginggil sirna, (dhadhos ing ngriki saged kasoemerepan bédhaning pamanggih titi-mangsa adheging, karaton Islam, poenapa taoen 1478 [ 8 ]
poenapa taoen 1526), bangsa djawi ingkang dhéréng ngrasoek agami Islam, (teksih setya dateng agami Hindoe) sami késah tetroeka wonten Tengger, Blambangan lan Bali. Wonten ing Bali para ahli kaboedhajan lan kagoenan Djawi sami angsal margi nandjakaken kapinteranipoen, lan saged dhamel mekaring kaboedhajan toewin kagoenan kalajan tentrem kalaras nganggé tjéngkok Bali.
Ing poelo Djawi, salebetipoen taoen 1389—1526 ketjalan latjak djedjering djogéd, nanging makaten waoe sampoen dhadhos kodhrating Alam bilih retoening pradja ingkang mataoen-taoen laminipoen saged ngébah sadhaja kawontenan oetawi njantoeni sisipating kagoenan kadhos kawontenan ingkang goemelar ing dhonja, oepaminipoen ing Egypte, antawisipoen 2000 oetawi 3000 taoen sadhéréngipoen Kristen, djogéd kaanggep kagoenan loehoer, langkoeng-langkoeng ing Griekenland, nagari ingkang soegih ahli kagoenan, misoewoer lagoening djogéd, inggih djogéd poenika kanggé margi moedjoedhaken raos kabatosaning manoengsa ingkang moerni, migoenani kanggé panggoela wenthahing bangsa. Mila katata warni-warni, pérang-péranganing woedjoedhing djogéd ingkang kanggé pasamoewan ageng, agami, karaméjan oemoem, kanggé seneng-seneng pangoenggaring manah lan sanés-sanesipoen. Wonten ing Rome tahoen 753 sak dhéréngipoe Kristen, kagoenan djogéd Griekenland sami kawoelangaken, nanging salah kedhadhén, itjal sipating djogéd kosokwangsoel kalijan wonten ing Griekenland.
Wonten ing kalanganing bangsa Jahoedhi, 500 taoen sakdhéréngipoen Kristen, djogéd kagatosaken sanget. [ 9 ]
Kadjawi kanggé perloening agami lan karaméjan oemoem oegi wonten ingkang kanggé ing saganten wedi, inggih katletah djogéd saqara wedi ( W oestijndans). Kadhos makaten sipating djogéd kina ing tanah kilénan ingkang oegi boten langgeng. Ing taoen 375—600 lantaran retoening pradja, inggih djaman pandeseking satoenggal lan Satoenggaling babrajan ingkang katletah nama djaman Volksverhuizing, djogéd kilénan ingkang péni lan asli sirna tanpa dhadhi.
Ewadhéné ing tahoen 1533 poetri Katharina de Medicis ing Itali ingkang ladjeng kagarwa Nata ing Prantjis (Hendrik Il) saged ndapoek djogéd ingkang moerni ingkang kawastanan ballét, lan misoewoer dhoemoegi ing djaman samangké.
Makaten oegi djogéd Djawi ingkang sampoen sirna ing taoen 1389—1526, kadhos ingkang koela atoeraken ing ngadjeng, ing djaman karaton Padjang lan Mataram katingal kagatosaken, nanging sinten ingkang andapoek woedjoedhing djogéd, kadhosta: srimpi oetawi bedaja, beksan oetawi wiréng, boten saged kasoemerepan. Nalika karaton ing Padjang taoen 1547—1582 ing serat Babad namoeng katjarijos : ing samangsa ingkang Sinoehoen mijos siniwaka mawi kadérékaken manggoeng, bedaja, srimpi, amoeng djogéd lan beksan (wiréng) tjetha sampoen wonten. Katjarijos nalika Kangdjeng Soeltan Padjang oetoesan dateng Mataram mimbali Ngabéi Loring Pasar mawi kasegah beksan, ingkang mbeksa Radhén Rangga poetra Mataram, makaten oegi beksa tajoeb wonten ing Mataram kanggé njegah para nara pradja ingkang sami ngladhosaken paos. [ 10 ]
Ing djaman karaton Mataram ingkang kapisan (Panembahan Sénapati) taoen 1582—1601 lan ingkang kaping II, 1601—-1613 sarta kaping III, 1613—1638 kawontenanipoen djogéd boten bédha_ kalijan djaman Padjang.
Ing taoen 1638—1645 djaman Ingkang Sinoehoen Soeltan Agoeng, kaboedhajan lan kagoenan kagatosaken sanget. Serat Wirit piwoelang karanganipoen Kangdjeng Soeltan Agoeng, penganggé koeloek lan oedeng ingkang ngémba kopjah lan serban, oegi jasanipoen. ingkang. Sinoehoen, makaten oegi bedhaja ketawang, inggih bedhaja poesaka ing Soerakarta ing samangké, (mriksanana Handelingen eerste Congres Taal-, Land- en Volkenkunde door K. P. A. Hadiwidjaja, katja 87--90).
Sak pengkeripoen Ingkang Sinozhoen Soeltan Agoeng, taoen 1645—1705 ing Mataram toewoeh tjatjongkrahan, para ahli kaboedhajan kagoenan boten kober ngrembag nandjakaken kapinteranipoen.
Ing taoen 1705—1719 djaman Ingkang Sinoehoen Hamengkoe Boewana I katingal bribik-bribik wonten djogéd. Sampéjandhalem Kangdjeng Goesti Pangéran Adipati Anom ing Mataram, wonten ing Kaboepatén Semarang beksa tajoeb. Ananging ing taoen 1719—1755 (djaman Ingkang Sinoehoen Mangkoerat ingkang kaping II dhoemoegi Gijanti) kataman tjetjongkrahaning para Poetra lan santananing Nata, prakawis kaboedhajan lan kagoenan boten kagatosaken. Namoeng radi anggoemoenaken salebeting taoen 1746—1755 (mriksasana babad Gijanti) nalika mbedah Panaraga Ingkang Boepati katjarijos gadah bedaja pitoeng setél. Makaten [ 11 ]
oegi Kangdjeng Pangéran Harja Boeminata salebetipoen tjetjongkrahan saged merlokaken pasamoewan bedaja lan srimpi.
Bakdha Gijanti (13 Februari 1755) kagoenan djogéd lan wajang loelang katingal kamadjenganipoen. Ing wekdhal samanten katjarijos Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen Ngajogjakarta njoewoen goeroe djogéd lan panatah wajang loelang ing Ngarsa Dhalem Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen Soerakarta. Sampéjan Dhalem Kangdjeng Goesti Pangéran Adipati Anom ing Ngajogjakarta nalika martamoe dateng Soerakarta, wonten ing kadaton kasegah beksa tajoeb lan oegi toemoet mbeksa.
Saja tjetha katingal mekaring kagoenan djogéd saged kasoemerepan wiwitipoen wonten beksan Troenadjaja ing Ngajogjakarta, sarta ringgit tijang ing Mangkoenegaran lan ing Ngajogjakarta, Dhéné dhedheging djogéd boten siwah kalijan ing djaman samangké. Makaten oegi pirantosing gamelan, dhadhos oepami katanding kalijan djaman Praboe Erlangga kadhos ingkang Sampoen koela atoeraken ing ngadjeng, saéstoe dhédhé empoet-empoetipoen.
Sapengkeripoen Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen ingkang kaping I ing Ngajogjakarta taoen 1792, Sampejan Dhalem Ingkang Sinoehoen kaping II jasa bedaja semang, saémper kalijan bedaja ketawang ing SoeraKarta, ingkang katjarijos jasan Dhalem Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen Soeltan Agoeng.
Antawisipoen 1822—1855 ing Ngajogjakarta lair beksan éthéng jasanipoen Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoehoen kaping V. Salebetipoen taoen 1855—1913 [ 12 ]
Radhen Toemenggoeng Poerwodhiningrat prijagoeng najaka ing Ngajogjakarta saged ndapoek djogéd djéngkéng, inggih ing samangké katelah nama langendhrija. Lantaran toentoenanipoen Kangdjeng Goesti Pangéran Adhipati Mangkoeboemi, mekaring langendhrija saged awoedjoed ringgit tijang djéngkéng, boten siwah kalijan ringgit tijang ingkang djogéd ngadheg. Saladjengipoen kathah para ageng ingkang sami kasengsem niroe, kadhosta: Semara Soepi lan Mondhra’ Wenara jasanipoen Kangdjeng Radhén Adhipati Dhanoeredja sarta Kangdjeng Pangéran Aria Adhipati Dhanoeredja ing Ngajogjakarta.
Petjahing perang Eropah (1914—1918) dhamel sigeg adjenging kaboedhajan lan kagoenan. Ing Soerakarta lan Ngajogjakarta boten wonten walang ngasisik nijat manah ing bab poenapa kémawon.
Saking dhaja prabawanipoen Java-Instituut, inggih poenika pakempalan ingkang nijat ngadjengaken kaboedhajan lan kagoenan Djawi, Madhoera lan Bali kaadhegaken kaping 4 Agoestoes 1919 (nalika kaping 5 Juli 1918 sadhéréngipoen angsal rechtpersoon sampoen ngawontenaken kongres ngrembag mekaring kaboedhajan Djawi). Ing Poendhi-poendhi panggénan toewoeh pakempalan-pakempalan ingkang sedhyanipoen kalebet pérangan wawengkon Java-Instituut, kadhosta: Sobokarti ing Semarang, ngadjengaken sawarnining kaboedhajan lan kagoenan, kabantoe Gemeenteraad Semarang, woedjoed subsidie lan sampoen gadah schouwburg pijambak.
Mardhigoena toewin Kridamataja ing Soerakarta ngadjengaken djogéd lan naboeh gongsa sarta sampoen [ 13 ]
rambah-rambah ngawontenaken pasamoewan ringgit tiiang Krida Beksa Wirama ing Ngajogjakarta, ingkang sampoen gadah pamoelangan djogéd lan naboeh gongsa, (djogéd srimpi oetawi bedaja, ringgit tijang lan topéng) kaparingan subsidie saking Karaton.
Makaten oegi ing Soerakarta lan Ngajogjakarta sampoen wonten pamoelangan dalang, ingkang kahadhegaken dhéning pakempalan~pakempalan Radyapoestaka lan Abirada ingkang oegi tampi subsidie saking Karaton sarta nagari.
Kadjawi toewoehing pakempalan-pakempalan, oegi ing Karaton Soerakarta lan Ngajogjakarta, Kadhipatén Pakoealaman lan Mangkoenagaran, sami katingal mempeng lan rosa anggénipoen sami toemandhang ngadjengaken kagoenan djogéd lan gongsa. Karaton Soetakarta kamadjenganipoen prakawis wiréng, saged kasoemerepan gebjagan wonten ing dhinten kongres sawarnining pakempalan ingkang ageng-ageng. Dhéné karaton Ngajogjakarta sampoen katingal tjetha kamadjenganipoen babagan ringgit tijang sarta beksan ingkang sampoen marambah-rambah kagebjagaken ageng-agengan ngantos tiga oetawi kawan dhinten teroesan. Kadhipatén Pakoealaman toewin Mangkoenagaran oegi boten ngoetjiwani. Kadjawi ringgit tijang lan wireng oegi djogéd srimpi kagatosaken.
Madjelis lochoer Taman Siswa oegi boten poeroen kantoen, Wiwit ing taoen 1931 sampoen ngawontenaken pamoelangan djegéd bedaja lan srimpi, malah sampoen kagebjagaken nalika konperénsi ageng pagoeron taman Siswa wonten ing Ngajogjakarta kaping 17 December 1933. [ 14 ]
PANOETOEP KANTHI KATERANGAN.
Ing ngriki perloe katerangaken soepadhos para maos saged gamblang amargi ing karangan poenika ritjikan ingkang alit-alit kadjarag boten kapratélakaken amrih boten anggedabjah.
Djogéd bedaja oetawi srimpi kathah ingkang mastani ing kinanipoen amoeng kanggé perloening agami. Nanging pamanggih waoe dhéréng goemathok liripoen boten landesan pasaksén ingkang mitadhosi. Wawaton boekoe-boekoe dhamelanipoen para ahli kaboedhajan lan kagoenan kina (wetenschappelijke boeken), ing djaman Karaton Kaoeripan Kediri, Modjopahit lan Dhemak boten wonten ingkang njarijosaken bedaja oetawi srimpi, dhadhos djogéd waoe sampoen tjetha boten gandéng kalijan agami, liripoen amoeng kanggé pasamoewan ageng kapraboning Nata kadhos ingkang goemelar ing pradja Kadjawén ing samangke.
Dhedheging djogéd bedaja oetawi srimpi sampoen moetjoek sanget lan sampoerna. (De bedojo of srimpi-danskunst heeft het hoogste peil van ontwikkeling bereikt door technische volmaakheid en smaak) lan sampoen misoewoer ing bawana ageng, mila boten anéh para nonah-nonah bongsa Eropah sami kapéntjoet sinaoe wonten ing pamoelangan djogéd Krida Beksa Wirama.
Ing Karaton Ngajogjakarta laré-laré djaler oegi sami sinaoe djogéd bedaja oetawi srimpi lan kagebjagaken ing dhint-enftingalandhalem ttaoenan Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoewoen Kangdjeng Soeltan toewin [ 15 ]
Kangdjeng Goesti Pangéran Adhipati Anom ingkang katletah nama bedaja oetawi srimpi djaler, ananging ing taoen 1914 kasowak.
Beksan Troenadjaja poenika ing kinanipoen amoeng kanggé bilih pandjenengan Nata kagoengan dhamel mantoe. Bidalipoen saking Kraton dateng Kapatihan, inggih papan tapoeking dhamel mawi kairing gongsa lan ingkang sami dhadhos beksan sami noempak koedha kasongsongan soedijan sangking para bandhara pangeran toewin para boepati. Wiwit beksa djam woloe dhaloe, bibar djam tiga. Makaten oegi ingkang sami dhadhos beksan boten kénging nilar papan simpingan, liripoen boten kénging késah, kadhos dhéné simpingan ringgit watjoetjal wonten ing kelir. Ing samangké tatanan ingkang kadhos makaten waoe sampoen kasowak.
Ringgit tijang: ing Soerakarta kadapoek kalih warni.¹) Ingkang tjampoeran djaler éstri, liripoen ringgit djaler ingkang dhadhos djaler, ringgit éstri inggih estri²) Lan dapoekan ringgit tijang ingkang sami dhadhos tijang éstri sadkaja, kadhosta : langendhrija ing Mangkoenagaran toewin ringgit tijang gedog, Mardhigoena. Ing Kraton Ngajokjakarta kosokwangsoel, ingkang sami dhadhos ringgit djaler sadhaja, makaten oegi ing soewaoe kadhipatén Pakoealaman (ing samangké Pakoealaman ngagem dapoekan ringgit tjampoeran)). Ing samangké panganggénipoen ringgit tijang ing Soerakarta toewin Ngajogjakarta boten beédha, sami ngémba ringgit watjoetjal, (sadhéréngipoen djoemeneng dhalem Sampéjan Dhalem Ingkang Sinoewoen ped djeng Soeltan ingkang kaping VIII ing Ngajogjakarta panganggénipoen ringgit tijang oedeng-oedengan) [ 16 ]
Ringgit tijang topéng: lelangening kawoela padoesoenan (Volkstooneel) djogédhing ringgit sami ngémba djogéd Klana, mila inggih katingal senggoeh-senggoeh lan bérag. Dapoekaning lampah? ing ringgit saémper ing antawisipoen, tonil lan ringgit tijang, panganggénipoen oedeng-oedengan, dhéné ingkang sami dhadhos ringgit tijang djaler sadhaja, ingkang sami dhadhos goeroe djogéd lan ndapoek lampahan ingkang badé kagebjakaken ingkang kathah para dalang ing padoesoenan, nanging éman dhéné ing samangké ringgit tijang topéng ing padoesoenan waoe sirna, lan topéngipoen kathah ingkang sami kasadhé, ing samangké ingkang moelangaken djogéd topéng lan ndapoek lampah-lampahipoen pakempalan Krida Beksa Wirama.
Djogéd djéngkéng: dhoemoegi ing samangké dhéréng wijar tebanipoen, dhéréng soemebar sadjawining pradja Ngajogjakarta, kinten-kinten kamanah angél lan awrat, oetawi mila boten anengsemaken. Leresipoen langkoeng gampil lan énthéng katimbang kalijan djogéd ngadheg, paseksénipoen saben laré kampoeng ingkang sampoen naté ningali ringgit tijang, tamtoe ladjeng saged nindhakaken kalajan gampil. Dhéné awon saéning lelangen waoe, anengsemaken oetawi boten, manawi katanding kalijan ringgit tijang djogéd ngadheg, pantjén dhédhé tandingipoen. Amoeng kémawon kanggé kasoegihan oetawi pepaking kagoenan djagéd, boten kénging kalirwakaken, liripoen kedhah kadjagi gesangipoen.
Djogéd tajoeb gampil lan bérag, margi boten katjetjang tatanan _djogéd lan gending. Amoeng kémawon [ 17 ]
sangking dherenging kabéragan asring salah kadhadhén, itjal sipating tajoeb ladjeng woedjoed djanggroeng, gampil nerak kasoesilan.
Ing ngriki koela ndjarag boten dhamel wawasan, sedyaning manah loegoe namoeng ambébér woedjoedhing kawontenan, ingkang koela sipati lan sagadhoeging seserepan.