Gaweane Cah Enom

Murkane Ibu

[ 75 ]Gaweane Cah Enom

M. Rabani SMA Negeri 2 Wates, Kulonprogo

kd

ikirane Agus ora karuan merga bingung anggone nggoleki PS- an. Sak durunge, Agus ngajak kanca-kancane nginep neng omahe.

Nek ditakoni wang tua, alesane ngrayakake Harkitnas. Kamangka, niyate mung arep dolan-dolan lan dolanan PS. Nanging, supaya bisa dolan ngapusi sithik ra apa-apalah. Kira-kira jam 4, Farit Telpon.

“Pie, Bos, dha teka durung?”

“Durungje. Aku ya lagi ngliwet, supaya ora kaliren! Ngerti ta nek warok kabeh, kaya buta. Kowe turu nggonku ra?”

“Bener kuwi! Wadhuh, orangerti Bos. Aku nunggu Bapak mulih sik!”

“Oh! Ya ora apa-apa. Mengko nek sida SMS ya? Et, aja lali tuku areng!”

“Ya! Wegah nek kon tuku areng!”

“E, lha........! Awas nek ora tuku!”

“Ngapa tuku barang? Kowe ki rak wes areng to?”

“Hus! Kurangajar! Tak kepret dadi lutung kowe!”

“Yaben! Sing penting pacarku ayu!”

“Ya mung mesakke karo kowe wae paling!”

“Asem kowe! Ratrimo aku!”

“He... he... he...! Guyon Bos! Aja nesu ta!”

“Ra urusan!”

“Ya, taktuku wis!”

“Siplah! Mbok ketmau!”

“Yawis, aku arep adus sik Bos!”

> “Murkane Ibu” ee 78 [ 76 ]“Oke!”

Tut... tut... tut.... Telphone mati. Sambi nunggu segane mateng, Agus adus! Jam 5 Farit teka.

“He, Bos!”

“Asem! Tak kira Sapa! Jebul pasien RSJ Pakem ta! He... he... bê...

“Ya wis! Manut! Muga-muga dibales karo sing nang ndhu- wur!”

“Weh! Sing nang dhuwur sapa? Loper lagi ngunduh kambil? He... Wé... Wêra”

“Kualat mengko kowe! Lagi mumet! Sukur!”

“Ya, mung guyon ta! Eh! Tuku areng durung?”

“He.;. he;.; he...| Urung je!”

“Yawis! Gek menyang ya! Ning, nganggo montormu!”

“Okelah! Montorku fulteng kok bardi isi!”

Wusanane dha menyang nang bendungan. Lagi liwatunggah- unggahan dalan Nggejlik, montore Farit macet.

“Kena apa ki Rit?” pitakone Agus sambi ngerem mnotor supa- ya ora mundur.

“Embuh! Mau ya macet je!”

Montore diuripke meneh! Ngoooook..., ngoooook.... Ngoooook.... Montore nyendhal- nyendhal, merga koplinge durung diculke neng Agus.

“Koplinge diculke bodho!”

“Oh iya! Lali Rit! He... he... he... Biasa ora kulina nganggo montor elek! He..... he.;... e.;...”

“Gek ndang, selak isin dimatke uwong!”

“Yaben! Karepku!”

Terus dha neruske mlaku. Sakwise tuku areng, Agus lan Farit mulih! Nanging, pas tekan Bojong, Agus nyenggol kunci montor. Teka-teka, montore mati.

“Lho! Kok mati Rit? Mau mung kesenggol kuncine je!”

“Jajal diputer trus di urepke meneh.”

“Weh! Urep Bos! Berarti mung kuncimu sing lecek! Njajal meneh ki! (Brebet, brebet, ngeng....) kuita! Cen kuncimu sing setres! Hé Wêsi. Wrin

“O0. Ya? Kok isa jal? Anyare kuwi! Kok isa jal?”

“Salahe diganti barang? Kapok!”

76 = Antologi Crata Cekak ee. [ 77 ]“Asem!”

Bare Galih SMS.

“Langsung nang omahmu ta Gus?”

“ya, beres!”

Sak wise tekan ngomah, jebul Galih lan Latif nunggu nang omahe Agus ssinambi ngobrol-ngobrol karo bapake Agus. Nanging, ono adzan Magrib.

“Salat sik yo!” Agus ngajak salat.

“Ayo!” jawabe bareng-bareng,

Sakwise salat, Agus methouk Didik nganggo montore Farit. Sak wise tekan omahe Didik, Agus kaget. Didik wis nang ngarepan merga krungu suara montor.

“Sik Gus, lagi madhang!” omonge Didik.

“Tak enteni. Tak enteni.” jawabe Agus sambi mlebu omahe Didik.

“Kancane Didik pa Mas? Kulo Pak Surata, Bapake Didik!” Ba- pake Didik metu ngagetke Agus.

“Nggih Pak, kula Agus! Putrane Pak Dono!” jawabe Agus.

“Em! Karangwuni kae ta?” pitakone Pak Surata.

“Nggih Pak!” jawabe Agus.

“Ana acara apa Mas?” pitakone Pak Surata.

“Kumpul Pak! Ajeng ngrayakke Harkitnas! He... he... he....” jawabe Agus.

“Ha... ha... ha...! Haiya kui! Nek kekancan sing guyup ya Mas?” ngendikane Pak Surata.

“Nggih pak! Oh nggih Pak, nyuwun pamit riyen Pak! Pareng!” omonge Agus.

“Mangga-mangga Mas!” jawabe Pak Surata.

Saskwise kui, Agus lan Didik lunga nyewa PS nang Temon! Nanging, wis dha entek disewa. Terus Agus telpon Fahmi.

“Mi, PS-ane ora ana kabeh je. Kowe nangndi?” pitakone Agus.

“Aku nang pasar malem karo Yuli. Kowe mlebu wae!” jawabe Fahmi.

“Wegah!Tak tunggu nangngarep Kodim wae!” omonge Agus.

“Aja! Nang nggarep Dinkes Wates wae!” jawabe Fahmi.

“Ya!” jawabe Agus sambi mlaku nang ngarep Dinkes.

Sakwise kui, Fahmi ngeterke nyewa PS. Nanging, teka-teka Farit telpon.

> “Murkane Ibu” ee 7" [ 78 ]“Rasah nyilih PS, tv ne ra isa dinggo!” omonge Farit.

“Isa!” jawabe Fahmi disokong sing njaga PS.

“Ra ana cop-copane!” jawabe Farit.

“Mengko rak ana!” jawabe Fahmi

“Karepmu!” jawabe Farit.

Sawise, Aguslan Didikmulih nang omahe Agus. Sakwise tekan ngomah, Agus ndelok tv mau. Jebul ra ana cop-copane tenan. Ra- ngerti merga tv kuwi lagi teka mau isuk, saka wong mbayar utang, Ora suwe Fahmi teka. Fahmi langsung nonton tv-ne, lagi percaya nekra ana cop-copane. Merga gela, pada ngejak nggolek gemak nang pesiser. Sakjane, wis ana daging pitek. Nanging, tetep dha nggolek ben ora gela.

Bengi kuwi peteng tenan, telesmeneh merga bar grimis. Agus, Didik, Farit, lan Fahmi lunga nggolek gemak nang pesisir, kira-kira jam 9 mbengi. Lha, Galih lan Latif milih nunggu pitike sing lagi di- bacem. Agus, Didik, Farit, lan Fahmi bingung, arep nyekel nggo apa? Amerga ora due suluh/ jaring,

“Gus, le nyekel gemak nganggo apa? Dicekel nggo tangan?” pita- kone Fahmi.

“Yo, nek kowe gelem nggo klambimu ya rapapa! Ning, kowe wuda! Ha... ha... ha....” jawabe Agus sambi nggeguyu Fahmi.

“Asem!Ya wegah! Nggo ember wae pa nekra ana jaring? Ning, lampu lan wadhahe ana durung?” pitakone Fahmi.

“Tenang wae! Ana kabeh! Yo, menyang yo! jawabe Agus sambi ngajak kanca-kanca.

Teruspadha menyang nggolek gemak. Sak wise tekan pesiser, Fahmi mbengok kaget.

“Heh... ! Wadhuh...! Sialan!” omonge Fami sepontan.

“Ana apa Mi?” pitakone Agus lan kanca-kanca.

“Asem!Gemake ujug-ujug mabur nang ngarep ku! Kaget aku nganti dheg-dhegan!” jawabe Fahmi.

“Ha... ha... ha...!” padha ngguyu bareng-bareng,

Banjur padha neruske mlaku meneh. Wis suwe mlaku, kok du- rungentuksiji-sijiya. Terus dha milih mulih wae. Sak tekane ngomah, Agus lan kanca-kanca nyiap-nyiapke kelengkapan kanggo mang- gang pitik. Sakwise kuwi, Agus tuku kartu remi kanggo dolanan, ben ora bosen. Aguslangsung menyang, Sakwise entuk kartu, niyate langsung arepmangan. Naging, durung ana sing dipanggang sitik-

78 = Antologi Crata Cekak ee. [ 79 ]sitika. Wusanane, Agus sing mangang pitike sambi muring-muring dhewe. Amerga jengkel, Agus le manggang nganti gosong, Sakwise manggang, Latif arep tuku sambel nang bakul pecel lele.

“Tuku sambel yuk! Ben ana pedhes sithik!” omonge Latif.

“Ya kana menyang ro Fahmi”! jaewabe Farit.

“Yo Mi!” jawabe Latif sambi ngajak Fahmi.

“Yo.” jawabe Fahmi.

Sawise kuwi dha menyang tuku sambel. Ora letsuwe, wis dha teka nggawa sambel

“Wah, pas tenan ki!” omonge Agus.

“Wis gek ndang, selak ngelih!” jawabe Galih.

Terus, dha maem.

“Wadhuh, seret-e! huk... huk... huk....” omonge Agus keseret en.

“Waduh aku ya, ho-oe!” omonge Latif.

“Tuku wedang wae kana!” omonge Galih.

“Yo Tif!” jawabe Fahmi karo nggeret Latif.

“Yo...! Tak wisuh sik!” jawabe Latif.

Sak wise Fahmi lan Latif lunga, Agus lan kanca-kanca dolanan kertu sambi nunggu wedange teka.

“Kok dha durung teka ya? Mesthi dha ngombe-ngombe sik ki!” omonge Farid

Ra let suwe, Fahmi lan Latif teka nggawa wedang.

“Eh! Kok suwe je? Dha medang sik ya?” ujare Farid.

“Bara-bara ngombe, wongle nggaweki nggo teh celup kae. Gelas papat, wesing pawe klemat-klemet. Tambah meneh ana wong dha mabuk. Matane dha murub abang!” ujare Fahmi gila.

“Modar!” jare Farid.

“Wah, Galih penak tenan ki, turu!” omonge Didik.

“Digarapi wae yo!” omonge Agus.

Banjur Farit njupuk kecap, diteteske nang pipine Gaih. Agus ya melu-melu, nanging ora nang pipi. Nanging nang lambene Galih, ben kroso. Kabehe dha ngguyu kepingkel-pingkel. Ora nyadhar nek wis jam rolas, wis tengah wengi.

“Wah, wis mbengi-e! Gek turu yo!” omonge Latif

“Mengko, dhilit meneh tanggung le remi!” omonge Farid

“Eh! Mi digemake wae yo! Sing kalah ngombe kopi dicampur kecap!” omonge Didik sambi ngajak kanca-kanca.

> “Murkane Ibu” ee 79 [ 80 ]“OK!” jawabe sbareng-bareng,

Sawise kuwi, kopi sepesial didadeni. Sak wise kuwi, dha dolan- an meneh nganti dheg-dhegan, mergo wedi ngombe kopi. Wusana- ne, Farit sing kalah. Banjur padha digeguyu.

“Asem ki, kalah.” omonge Fari.

“Ha... ha... ha...!” padha ngguyu bareng-bareng,

Jam siji, wis dha gantuk. Latif ngajak turu.

“Turu yo! Wis ngantuk, je!” omonge Latif.

“Yo...!” jawabe bareng-bareng,

Banjur kabeh padha nglekar turub tekan esuk tanpa ana sing

nglilir. ak

N Muhammad Rabbani, lair ing Kulon Progo, 14 April 1993, siswa SMA Negeri 2 Wates, Bendungan, Wates, Kulon Progo, telepon 773955, agamane Islam, omahe ana Garo- nga Ds. IM, Panjatan, Kulon Progo, HP-ne 085228163224, kesengane bal-balan.


80 = Antologi Crata Cekak ee.