Panjurung

[ 77 ]KETEMUNE JODHO Suprapto

Udane deres temenan, Banyune ndludag lan banjir ngebaki dalan. Riol ing pinggir dalan wis ora kuwat nadhahi ilining tirta amarga campur worsuh sangkrah ndheg-ndhegan saabreg uwuh. Esenereng ing ndhuwure wus katutup cor ewasemono lakune rodha papat, loro, yaiku mesin lan onthel kaya wis ora saguh maneh nanggulangi padheting lalu-lintas ing jaman reformasi iki.

Ing prapatan ring road Kenthungan, Jalan Kaliurang, ana sagrombol bocah kang umure 13—25 taunan, Putune Nabi Adam mau lagi padha ceceker golek pangupa boga kang kalal tanpa metung grimis lan pating sliwering ingon-ingonan sing lair saka Jepang. Tekade mono iki golek pangan kang kebak barokah.

Bocah-bocah padha ambyur rebut dhupyung nyedhaki mobil lan sepedha motor kang lagi ngenteni ijone traffict light. Semono uga ora keri gumregahe Narti, bocah wadon kang mantele biru klawu nyedhak nasabahe kanthi tetembungan manis manuhara sajak ngemu daya. ...

“Ngersakaken waosan? tabloid, majalah, koran sore? Mangga, mangga Tuan, pawartane nges...”

“Pira Mbak regane Kompas?”

“Rpl.500,00.” Semaure bocah kuning lan gingsul untune iku,

“Wis sore kok Rpl.500,00?”

“Nggih pun, Rp1.000,00 kemawon.”

Sejatine pangayange ku mung kepengin rada suwe bisa nyawang bocah kuwi. Suwarane kok ndhodhok kori sajeroning benteng kang angkuh, Lha mbok dheweke nawakake Rp3.000,00,- bakal didhuwiti tanpa disusuki. Iklas. Tumempuking panyawang durung rampung, ambyar ... katundhung lampu ijo. Katambah panjeriting klakson, anyel, nggrundel atine, lagi arep manggakake Bethari Ratih wae kok ewa. Sumpeg, anyel dadi siji. Badhar temenan rejeki kang katampa dening Narti. Rumangsa rejekine kanca ditampel mula kancane mrinani.

“Asem tenan, wong iki,” pisuhe Tono.

“Dupeh duwe mobil, that-thit-thut,” panyaruwene si Glontor.

TA) [ 78 ]“Ora galak-galak ta, Kang, karo wong golek pangan ing ndalan. Arepa dodol dluwang aku ki ya nawakake bandhamu. Dheweke iku rak, makelar lemah kondhang. Bisane sugih iku rak ya sregep pasang iklan sing ditawakake awake dhewe iki.” Pangundhamanane Mamat rada ilmiah. “Ya aja ngono ta, Mas Mat!” “Ya ben wong pancen dheweke ya bener,” sumaure Narti 4 ngrerepa. : “Awake dhewe ya mung adhang-adhang tetesing bun.” “Tetes bun kepiye, Nar? Lha wong aku klebus kabeh kaya ngene.” “Ning rak ra klebus ta barangmu?” Panggodhane Sidin saka | kiwane Narti. |; “Kowe kuwi, Din sekolahmu...” Panyambunge Tarno rada/ kadhemen. h “Mula omonganmu plesat-pleset, pletra-pletre. Ora mokal lha | wong dhosene wae “Prof. Warmoto”.” f “Aja salah tampa kajeron panggraita, sing dakener iku barang | sing saiki kok kekep anget rangkep plastik lima iku.” Pangendhane Sidin kang malah ndadekake ger lan saya rumaketing paseduluran. Ya kaya mangkono gojegane para loper koran mau. Wong kang ora nate krungu, apamaneh rada kemresik, ndadekake githoke mengkorog, lan prindang-prinding. Ra ngertia sejatine tumindake sega bosok neng kebonan. Aksi reaksi ngengetake wae wegah. Kamangka dheweke iku luwih blong makani wedhus balape nganggo iwak ati tinimbang menehi | sega bungkus lawuh sambel trasi.

babakal

Perkumpulan Pengecer Loper Koran kang kasingkat PLK ing kubengan Yogyakarta pancen pantes tiniru. Narti bocah kang Ora sembarangan. Iguhe, pikirane lantip. Cita-citane luhur. Apamaneh saiki | dheweke entuk mitra kang kembar idham-idhamane, yaiku si Mamat. |

Dadi kaya tumbu oleh tutup. Kanca-kancane diimpun, diwajibake ngisi kas. Dhuwit kang

76 [ 79 ]kinumpul iku dibalekake maneh marang para anggotane kanthi simpan pinjam. Perkumpulane bisa disawang. Pamarintah Reformasi lumantar Menteri Koperasi uga paring pambiyantu kang wujud modhal. ara anggota kang durung tamat sekolah SLTP diwajibake mlebu sekolah SLTP Terbuka. Pancen idham-idhamane iku perkumpulan iku luhur banget. Senadyan dadi PLK, nanging yen bisa ing tembene dadia wong kang nduweni kalodhangan lungguh kursi dadi aparat, pejabat, utawa apa wae waton manpaat. Uga saben wulan dianakake temu anggota. Ya ing kalodhangan iku aparat Kepolisian, Dinas Sosial, P dan K uga saka Kesehatan ambyuk nyawiji nggedhekake ati. Iku kabeh ora liya amarga iguh pertikel lan kekompakane para anggota lan pengurus. Ya ing kono iku kaprigelane Narti lan Mamat diuji temenan, Dhasar bendhaharane ayu, jujur, lan .... Lan ketuane mahasiswa pinilih Jurusan Sosiatri. Pokoke tlaten.

Jam 16.00 udane wis tingkas ing desa Gabugan Turi kang gesik, pancen ricig lan resik. Priyantune padha guyub rukun tan ana kang cecengilan. Jan blas ora ana bedane ngisor lan dhuwur, Ora ana kang gumedhe lan kang rumangsa kepidak. Kuwi kabeh ora luput saka “pembinaane” Aparat Terkait lan masyarakat ing kono. Dhasar desa gudhang salak, apamaneh rega salak rada lumayan mula ora mokal akeh sedulur omahe reseg nanging antene “wajan” njenggarang ing awang- awang ora bisa dietung.

Pak Dada asmane kang jangkep Widada, nanging masarakat wis padha ngaturi ya cukuprong wanda mau. Priyayine semanak, grapyak tur enthengan. Tokoh “penggerak” iki pancen luar biasa prasaja nanging penggalihane lantip. Nganti Yu Jem sing bakul janganan wae wani ngendheg kendharaane ing ndalan saperlu nunut. Kang Bejo sing anggota Laras Madya kae uga. Uga ora wigah-wigih ngaturi undhangan latihan. Apamaneh Kang Jimun kang nglatih klenengan kae tepung raket ban pet. Wis ta, pokoke senajan Dada iku wong neneka, nanging wis dianggep sedulur sinara wadi.

Tekan ngomah Dada ora lali nggebyur kancane kang setya tuhu

719 [ 80 ]“anglarapake ing saindhenging tlatah Yogya lan sakubenge. Kincling resik

menges-menges. Dipupuri dhewe, diandhuki dhewe, uga dibukaki dhewe. | Nganti para kenya kiwa tengene padha pating cekikik sajake meri. Nanging Widada mbegegeg ugeg-ugeg. Gununge es ora bisa ambrol | sanajan wong tuwane wis njurung marang dheweke.

“Cukup semene wae ta, le, anggonmu seneng jaka. Saiki Wis diniyati milih sisihan kanggo uripmu, lan kanggo nyambung sejarahmu,” mangkono kandhane ibune yen pinuju Dada sowan daleme wong tuwane ing sakidule Candhi Mendhut.

“Saiki wis jam pira?” Dada namatake candraning kala.

“Jam 00.00,” wangsulane Tarman kang ngancani ndelok wayang ing TV. “Mripatku kok saya amba, pikiranku saya ndadra. | Wah...wah...heeh...heh,” muni mangkono karo ngebrukake awak ing | kursi ukire. k

“Ana apa ta, Mas...?”

“Sajake aku masuk angi,.” wangsulane Dada goroh.

“Kula keroki nggih, Mas?” muni mangkono Tarman kaya ora | wigih-wigih. Dada dikeroki. Ya mbuh kepiye nyatane ya rada semburat,

“Wis Mas, saiki diagem ngaso wae, nggone ndeleng wayang stop.” Muni mangkono Tarman mateni TV terus kluyur-kluyur mlebu kamar karo muni, “Wis ta, Mas prayogane panjenengan iku golek....ngesakake. Yen, ngeroki aku tanggung jos bisa Mas. Nanging | yen luwih enak tinimbang kerokan aku ra saguh Mas. Aku ora bisa.” Banyolane Tarman jan rada kewanen. Biasane gojeg ngono kuwi Dada terus pasang ulat. Ning saiki kok ora. :

Wengi iku katon sepi nyenyet. Sing keprungu swarane walang angkup, walang kopa, jengkerik, lan orong-orong. Kuwi kabeh padha nyanyi caos lelipur marang jaka kang lagi nandhang wuyung iku. Dheweke kelingan gawang-gawang swarane Narti sing empuk ancles nujes ati. Pawakane padhet weweg, kulite nemu giring, lan sopane anggone nawakake koran. Apa maneh sorot mripate kang ngalahake mata macam gawe gemregele konsentrasine Dada. Pokoke kabeh mau mlebu kuping kiwa tumunjem ing ati, kaudal metu kabeh kang awujudake lelamunan

kang adoh.

80 [ 81 ]Dada ing nalika isih mahasiswa wis nate kewirangan ditampik mentah-mentah dening adhik kelase lan digawe wirang. Ewa semono dheweke ora nglokro semangat kuliahe, nanging malah dadi pamecut, Semono uga nalikane 12 taun kepungkur diblenjani dening pacare kang saiki dadi bojone kancane.dhewe. Jan babar blas ora duwe rasa kepiye lan kepiye. Nanging saiki wis kena pengapesane. Bareng dilirik Narti gara-gara ditawari koran wae jugrug betenge. Gemregel, ngogel-ogel.

Wis sesasi mlaku. Dhosen kang puyeng iku ora nglalekake metu Jalan Kaliurang. Dijereng mripate, dirindhikake kendharakane. Ewa semono durung kepethuk kang dienjen. Dheweke arep takon marang kanca-kancane. Ewa semono ora tekan, isin sajake.

Saka kulon mangetan. Ing jalan Kolombo ana sawijining kijang alon-alon menggok manengen ngliwati gang Nusa Indah ing Samirana , yaiku mapane kenya lencir kuning gingsul tur merak ati kang kebak prestasi. Nalikane ing tikungan dumadakan pres, glodag, gremyang.

“Adhuh, adhuh sikilku, tanganku.” Siti sambat nyekeli sikile sing godras getih, lan tangane babak-babak.

“Piye kowe ki, adhuh, piye Ki mau, kowe ing ndalan gojeg, stangku nyenggol stangmu.” Peni rekane mbuwang lan ngendhani kedadeyan.

“Wis, Mbak, cepet tangi. Sajake ora pati lara wong anggne nggapruk rindhik.” Panyaruwene Widada sajak ngarih-arih karo mbopong bocah 9 taun iku mlebu kendharaane.

Arepa kaya ngapa wae ya kudu tanggung jawab, lho Pak!” Srengole Kang Karja karo mlongok saka cendhela, agean nyedhaki.

“Dicathet, nomor Polisine AB 1400!” Pangakone Kang Budi marang Si Gendhut.

“Ra sah kuwatir, kae dhekanku.” Sambunge Gendhutrada mbela dhosene.

“Sampun para sedherek lare menika kula bekta dhateng rumah sakit Panti Rapih.” Omong mangkono Dada kanthi wicaksana lan sopan. Kendharaan iku ninggalake papan ing kono. Creg hereng-hereng....

Guru tari kreasi baru sore iku kepengin golek seger-seger. Awake krasa rada kepiye ngono lho. Kaya ana barang kang ilang ning... embuh lah. Atine sajak goreh....

81 [ 82 ]“Menyang ngendi, Mbak?” Takone Sidin kang lagi wae bali loper Klintong-klintong, ing Kreasi Mudha. Toko buah pinggir dalan saka pakumpulane para mudha-mudhi Samirono.

“Golek pelem pencit pa, Mbak Nar?”

“Ya embuh golek apa mengko sak entuke. Sesuk dakkaban rasane,” sambunge Narti ora kurang akal, karo nyetater kendharaane,

“Ko sik, ana kabar penting. Meh lali aku. “ Sidin setengal nggondheli.

“Entis, wae jan piye ta aku kok malah gugup?”

“Ana apa ta sajak kaya ana sing penting. Arep nitipake layang saka mbah Beja sing bandhot tuwa kae, pa?” Narti dhisiki rembuge.

“Ora, ora dheweke wis kapok tenan. Ora bakal klejingan maneh karo kembang kampus ISI,” Sidin ngumbulake Narti.

“Siti, Siti... tabrakan karo rodha papat ing pratelon kene.”

“Ha, piye? Adhuh, adhuh kok ra mau-mau. Saiki neng ngendi lan kepriye kahanane?” Pangoyake Narti wis ra sabar nggrontol wutah, Ora mokal amarga Siti iku saliyane muride ya isih keprenah sadulure.

dhewe.

“Gawat darurat Panti Rapih,” panyaute si Gendhut.

Sampun nggih, kula tututane...,” muni ngonog Narti mbandhangake motore. :

Ora kocap. Narti lali arep tuku seger-seger. Malah saya klenger thenger-thenger. Peem kecut ra kepikir. Ilang kemecere. Bareng tekan kamar darurat dhadhane kenya iku kaya ambrol-ambrola. Jan kadya kadhodhog alugara. Getihe mandheg greg lan pucet kadya kapuk diwusoni,|

“Aku njaluk ngapura, Dhik. Aku salah. Ngapa ta kok iki mau ndadak arep menyang daleme Pak Sodig barang?” Dada katon getun banget. Dheweke ingah-ingih kaya wong pesakitan kecekel polisi.

“Inggih... inggih mboten dados menapa.” Semaure Narti rada nggedhekake atine Dada. Si Narti sajane, glagepen iku sak keplasan kelingan ing Prapatan Kaliurang rong sasi kepungkur. Dheweke ora lali amarga saka brengos lan andheng-andhenge. Nalikane dheweke nawakake koran kang cunthel mbiyen.

“Menika” sinten, Dhik?” Ngendika mangkono, agawe dheg- ; dhegan keka-rone.

82 [ 83 ]Lare ingkang ndherek gladhen tari ing panggenan kula...” Narti blaka suta. Brel banyu bening tumetes ing pangarasan kang rada semburat iku. Dhosen iku maah saya greng andulu kenya kang tindak- tanduke nyubles jantunge iku. Kanggo mbuwang swasana kaku iku Dada nggojegi.

Menawi mekaten kaleresan, kula badhe ndhaftaraken dados muridipun,” sambunge Dada pringas-pringis.

“Mboten, Pak...,” semaure Narti rada kandheg ing gulu.

Lagi tekan semono anggone rembugan, saka njero kamar ana swara ngundang Dada. Sing diundang gragapan lan Narti semranthal ndhisiki. Siti metu saka kamar pangobatan katon diperban tangan lan kempole. Narti ngekep ngruket lan sesenggrukan.

“Wis, wis Mbak ora apa-apa, mung babak-babak. Lan wis diobati,” pangerih-erihe perawat kang supel iku,

“Menika resepipun, Pak Wid,” perawat mau ngajeni banget? ora ah, cebol kok nggayuh lintang.”

“Mangga, Mbak tumuju ing mobil menika, kula parkir ngandhap pelem menika!” Dada ngomong mangkono kaya-kaya arep nggandheng loro-lorone. Nggandheng Siti amarga ngesakake, nggandheng Narti rumangsa jan ra kuwat...

Mobil iku wis ninggalake rumh sakit. Gleser-gleser tumuju mênyang Deresan. Dada atine rada dheg-dhegan. Mengko gek ditempiling karo bapake? Dheweke nggambarake tangise ibune Siti lan ngentha-entha gendame bapake. Muga-muga Gusti paring pitulungan. Dheweke digebug ditendhang arep manut wae, waton babak: belure diborehi Bu Guru Tari mau, dheweke eklas. Malah-malah arep dipasrahake sajiwa ragane.

Daleme Pak Andhi pancen katon asri, Edi, ora katon mewah, ning artistik lan antik. Bab iku ora mokal amarga wong tuwane Siti iku dhosen Teknik Sipil. Pak Andhi dhosen UGM dene Bu Andhi dhosen UI. Mobil kang ngusung Siti wis tekan. Saiba kagete meruhi tamu kang nggandheng putrane.

“Assalamu'alaikum, “uluk salame tamune.

“Wa'alaikumsalam, sumaure Pak Dhekan Teknik iku rada fasih. Wong loro lanang iku padha salaman lan rangkulan. Sajake wis sauntara

83 [ 84 ]ora kepethuk lan wis saka akrabe.

“Pak Wid, manga, mangga.” |

“Nyuwun pangapunten Pak, dalah Bu Andhi. Kula ingkang damel cilaka putra panjenengan!. A

Anu Pak, aku sing nabrak, dede tiyang niku, wau kula gojeg kalih Peni saengga setange kesenggol. Setangku terus broug, breg!” Matur mangkono Siti terus prembik-prembik. Karepa mono mbelo tamune.

“Nyuwun pangapunten, Pak Wid, basane lare samenika. ...”

“Mboten menapa-menapa kok, Mbak, kantenan lare.”

Ingkang baken sedayanipun sampun sae, menika alangan.” 4

“Mekaten Iho, Dhik Wid, rekanipun kangge ngisi wekdal saben dinten Ahad piyambakipun kula lesaken tari ing panggenanipun keponakan | kula. Supados mboten namung pinter pelajaran Ebtanas kemawon.”

“Kasinggihan mekaten, Pak Wid.” Pak Adhi nambah rembug.

“Lan ngiras-ngirus nglestarekaken kagunan”. Wong loro semaur bareng kaya kaum.

“Injih sae...,” ujare Dada, lan tuan rumah mau gumuyu bareng;

Lagi tekan semono anggone rembugan ketungka suara sepedha motor dhug-dhug pet. Mandheg greg. Bu Yuni agean matu lan ngisaratake supaya bocah wadon kang teka mau liwat longkangan tumuju ing pawon.

“Sore-sore kok kadingaren mrene ta, Nar.”

“Aku ki rak kaget ta Bu Lik, wong mau nabrak Siti.”

“Sst, aja seru-seru, mengko mundhak krungu.”

“Kae ki kancane Bapake lan aku manawa penataran.”

“O0

Lagi ngobrol tekan semono Narti didhawuhi ngetokake unjukan Jan nyamikan. Narti salugu prasaja. Klambine blus kembang-kembang Jan roke polos putih. Rambute diklabang saya tambah lugas lan ayune. Dada tratap maneh. Sing diwaspadakake dudu wedange nanging... Aluse; resike, menges-menges rambute lan untune kang gingsul ndudut ati lanange.

“Mangga, Dhik Wid, diunjuk. Sak wontenipun.”

“Dhekan ki rak ning Kehutanan, ning saiki ning kene....” Pak 'Andhi melu ngguyoni.

“Klabakan ya, Mbak Yu?” Sambunge Dada.

84 [ 85 ]“Piyeta, Dhik, sajake isih adoh pa. ..?” Gojege Pak Andhi maneh.

“Wah, yen kula pados ingkang dolanan godhong nika, Mas,” Widada nyaut. Sajak ngerti Narti ngelus-ngelus Lidhah buaya.

Krungu rembug kang mangkono mau Narti srunthul mlebu ngomah, Tamune saya suwe saya gayeng muyeg. Nanging sedhela- sedhela ana tetembungan rada serius. Narti sajake ya kepengin nguping. Kethemeg-kethemeg nguping saka njero kamar kerjane Bulike. Mua krungu lan cetha sing diandharake ing ruang tamu iku.

“Ayo, Dhik, didhahar. Iki kripik gaweyane Narti mau esuk, lho.”

“Mangga diicipi.” Pak Andhi nrambuli.

“Wadhuh-wadhuh gurih saestu, jan Cc0cog-cocog.” Widada ngoceh. Sing krungu saya mbrabak praupane amarga entuk pangalembana.

“Lha kira-kira kepriye?” Bu Yuni ngoko.

“Piye ta, Mas Jan-jane”?

“Kepiye piye aku wong tuwra mudheng,” Pak Andhi nambong.

“Aku tak matur ya, Mas lan Mbak.”

“Wis saiki ora susah-susah basan-basanan, Wektu saiki leh ngomong blak lan cetha. Kaya nalikane awake dhewe isih kuliah mbiyen,” Bu Andhi mblbari dalan.

“Aku mbok...!”

“Mbok kepiye maneh!” Pak Andhi ngulur wektu,

“Mbok ditepungake karo Dhik Narti!” Krungu mangkono Narti prembang-prembeng lohe. Mripate abang, Lagi tekan semono Bu Like Nimbali.

“Nar, Narti...” Sing diundang meneng wae enthok-ethok ora. krungu. Amarga upama diundang sepisan semaur, mesthi wong mau padha kaget jalaran Narti nguping kira-kira mung setengah meter, mung keletan kaca lan gorden.

“Dalem, Bu Lik,” Narti nyedhaki katon isin banget.

“Lungguh kene, Ndhuk!” Bu Yuni akon marang keponakane.

“Pak Widada iki ngajak tetepungan karo kowe.”

Genahe ngene Narti....” Pak Adhi kandheg,

Mekaten nggih mbak Nar, kula kepengin tetepungan kaliyan

Panjenengan.” Ngendikan semono Dada ngulungake tangane ngajak

85 [ 86 ]putra daerah, Anak kula ingkang kuliah wonten Fakultas Pertanian Sampun lulus, lajeng putranipun Pak Sekdes ugi Sarjana Ekonomi. Menapa Ingkang dipunsumelangaken? Sedaya rak warga kita, sampun ngertos aten-atene.” Ora ketriwal, Kades Noto mesem.

Para warga manthuk-manthuk kadidene antuk dalan padhang. Kaya Kresna nuturi Pandhawa, siji wae ora ana kang nduwa.

“Matur nuwun, Pak Kades!” kanggo nuduhake panuwune, in- Vestor nyaketi Kades Noto. Ngajak salaman, kenceng. Kabeh iku karana

” esem. Hebat!

“Pancen nge-tooop!!!”” Ora ana kang ora ngalem eseme Noto Wiguna. Krana Noto Wiguna pabrik enggal ana, Krana Noto Wiguna para warga saiyeg saekapraya. Noto Wiguna kasusra, lan tansaya kasusra kondhang kaonang-onang kalane ing kalawarti mbabar perkara wigati:

Esem Maut

Merga eseme, Noto Wiguna, Kades Arumsari, kasil mblithuk warga, mrawasa para wanodya, sukses Kolusi, Korupsi, lan Nepotisme. Miturut sumber kang bisa dipercaya, esem maut kasebut ora adoh sangkane, manging kudu wegig panggemblenge.

(Bud)

“Ah, geneya aku lali ora mesem marang Budi?” Kades Noto nanggapi. “Wartawan tengik!” pisuhe sinartan esem. Kecut!!!

kabak

Ngayogya, September 1998

Kanggo kang duwe 17 September, esem iku apa mung dudu saweneh tatu?

86