Mayangsumirat/Kabèh
pantoging daya
nimas......
samangsa rama ibu ndangu matur walaka
ngawula pangéntha
nglacak gandaning susastra
ateken paramabasa
embuh dunungé panggah
kusung-kusung angerep jangkah
………..
yèn rama ibu kapang
nimas
aturana mithati
buntel-buntel trasi klumut
wujuding darmabektiku wring nagari
nimas
Candra Pustaka Crita Cekak
No. 50, Taun ka VI, kaca 33
Kulanuwun
Sapérangan geguritan kula ingkang sakawit sami kapacak wonten ing kalawrati Djaka Lodang punika kajumputan malih kaimpun dados satunggal, istingarah nggampilaken ing panyemak kagem sok sintena ingkang badhé nlusur sejarah ngrembakaning kasusastran Jawi ing jaman samangké. Krénah punika kasurung awit boten sakedhik para sutrena sastra ingkang saben-saben ngresakaken geguritan kasebut. Hambokbilih kasembadan ing samudayanipun, geguritan sanésipun ingkang sami sumawur wonten kalawarti basa Jawi kadosdéné Panjebar Semangat, Jayabaya, Mekarsari, Dharma Nyata, Pustaka Candra, Gotong Royong, Kumandhang, Gumregah, Candra Kirana, Crita Cekak lan sapiturutipun inggih badhé kapilihi lan kaimpun. Ing pangèsthi sageda kagem tetandhingan déning sok sintena ingkang kasdu sudi nanjihaken kasusastran Jawi.
Ing wasana sumangga ing karsa.
Nuwun,
Ungaran, 12 Mei 1986
Kula pun,
Muryalelana
[ ix ]Sambutan
Kepala Balai Bahasa
Daerah Istimewa Yogyakarta
Salah satunggiling tanggel jawab saking Balai Bahasa Yogyakarta inggih punika nglestantunaken basa lan sastra dhaérah (Jawi). Basa lan sastra Jawi minangka kabudayaning masarakat Jawi kedah dipunlestantunaken amrih saged sumrambah tumrap generasi salajengipun. Kanthi lairipun antologi geguritan anggitanipun Bapak Muryalelana punika, tanggel jawab suwau kabuktèken. Miturut katrangan, antologi punika rumiyin awujud naskah ketikan ingkang sampun siap dipunpadosaken penerbit, nanging dèrèng ngantos kelampahan, Bapak Muryalelana sampun kapundhut Gusti langkung rumiyin. Naskah menika kapasrahaken dhumateng édhitor (Dhanu Priyo Prabowo) supados ing bénjangipun katerbitaken. Naskah kapasrahaken déning Ibu Muryalelana, sadinten sasampunipun Bapak Muryalelana kapetak (4 Juni 2002), ing dalemipun Jalan Diponegoro, Ungaran, Semarang. Kala semanten piyambakipun Dhanu nuju layat, sanajan randhat sadinten (amargi kabaripun ugi telat).
Buku antologi Mayangsumirat ing pangajab saged kanggé nedahaken kiprahipun Bapak Muryalelana ang[ x ]gènipun ambyur ing jagading kasustran Jawi. Kados sampun dipunandharaken piyambak déning swargi ing pengantar buku menika, bilih taksih kathah karya-karyanipun ingkang penting nanging dèrèng dipunbukokaken. Mugi-mugi ing salajengipun, karyanipun tokoh sastra Jawi punika saged dipunterbitaken dados buku.
Ing wasana, asesanti mikul dhuwur mendhem jero dhumateng kiprahipun Bapak Muryalelana, mugiya ing kalanggenan swargi pikantuk karahayon. Dhumateng Ibu Muryalelana, katuraken matur nuwun awit sampun mitadosaken buku menika dipunterbitaken dening Balai Bahasa Yogyakarta. Nuwun.
Ngayogyakarta, 29 Oktober 2012
Drs. Tirto Suwondo, M.Hum
[ xi ]Aturé Édhitor
Mboten kathah ingkang saged kula aturaken gegayutan kaliyan seratan guritanipun Bapak Muryalelana ingkang dipuntengeri Mayangsumirat punika. Saèstunipun, naskah antologi geguritan punika sampun 10 (sedasa) taun kepengker kula tampi saking Ibu Muryalelana ing dalemipun ing Jalan Diponegoro, Ungaran, Semarang. Sakawit, kula dalasan sauntawis kanca ndhèrèk bélasungkawa awit sédanipun Bapak Muryalelana tanggal 3 Juni 2002. Nanging, kabekta ing kabar ingkang randhat katampi, saweg tanggal 4 Juni 2002 saged sowan. Sasampunipun punika, nalika badhé wangsul, Ibu Muryalelana masrahaken naskah ketikan ing kertas cd. Wosipun, mugi-mugi wonten ingkang kersa nerbitaken. Inggih saweg sapunika gegebengan suwau kaleksanan kanthi lairipun buku antologi geguritan Mayangsumirat. Judhul antologi menika inggih asli kados ingkang dipunserat swargi ing naskah.
Antologi Mayangsumirat punika rampung dipunsiapaken déning Bapak Muryalelana ing Ungaran, nalika tanggal 12 Mei 1986. Éwasemanten, ngantos sédanipun (2002), sajakipun, naskah punika dèrèng pikantuk penerbit. Senajan makaten, prakawis menika mboten dados reridhu [ xii ]jalaran kasusastran mboten tepang kaliyan prekawis ‘telat’. Sastra badhé langgeng (kados antologi menika) awit tansah ngandhut intining bab gegayuhan lan pengajeng-ajenging manungsa anggènipun mbudidaya ngindhakaken kawruhipun ing gesangipun. Prakawis ingkang dipunrembag dening panggurit 30 (tigang dasa) taunan kepengker saged ugi sampun mboten pinanggih malih ing jaman samangké, nanging ugi saged kosok wangsulipun.
Mugi-mugi antologi ingkang ngewrat 50 (sèket) guritanipun Bapak Muryalelana lan ingkang naté kapacak ing kalawarta Djaka Lodang punika saged kanggé tandha bilih gegebengan tuwin warisanipun saged kasemak déning generasi sapunika.
Nuwun
Ngayogyakarta, 29 Oktober 2012
Édhitor
Dhanu Priyo Prabowo
- Pantoging Daya
v - Pangiring
vii - Sambutan
ix - Kepala Balai Bahasa Yogyakarta
ix - Aturé Édhitor
xi - Isi
xiii - ambahrawa
1 - Angsar
2 - inlander
3 - idhéal
4 - Ina
5 - isih waé
6 - éman
7 - oncat
8 - owel
10 - cancut
12 - coba
14 - rengu
15 - karipan
16 - katresnan
17 - kawicaksanan
18 - kadhung
20
- kenangapa
21 - darma
22 - tanggap
23 - tintingana
24 - tlutur
26 - sarinah
27 - sapa
28 - sing
29 - sènsus
30 - Wangsalan I
31 - Wangsalan II
32 - wenang
33 - layang katresnan
34 - langgeng
35 - pacelathon
36 - pangundhat
38 - puguh
39 - pumpung
40 - panggah
42 - precaya
43 - putus
44 - pugut
45 - angka
47 - masalah
48 - mengeng
49 - ganagini
50 - guru
52 - baul
53 - banten
54
- blasteran
55 - bocah ndésa
56 - begja
58 - thuyul gundhul
59 - nglanges
60 - Biografi Panggurit
63
ujubé pancèn tresna tanah kalairan
selaginé gègèr genjur gedhong ancur granating gurka
lan pasar bubar awit jumeguring bom njugar plataran
ora magas atiné ora uwas batiné
sedheng liyané nonop tritis éramé ra uwis-uwis
karaben ustrali granat nanas ing bangkèkan
sepatu bingkap mérah-putih mblebed pilingan
madhep mantep ndhepani bumi warisan
andèkpuna sumingkiré gurka jepang lan walanda
proklamasi terus ngumandhang saindenging donya
mentala siningkang wengis déning pranatan rasionalis
mangka dudu éwoning kaum ondholan borjuis
sing éram ngedhangkrang dadi panutan
tetep lila bantening bangsa
ora nggadhang lumunturing pisumbang sanak rowang
tapi loko palagan citraning patriot sing peng-pengan
loko palagan ora wanuh kartu véteran
karanggenengg 18 pebruari 1985
Djaka Lodang, No. 659, Th. XIV
Sabtu Legi 4 Mei 1985, kaca 35
tak tampa pawèhmu awit kupiyaku sing mengku wahyu
tan simpen swaramu primpen krana jasadmu sing dadi
banten
upama ora ana sanak kadang sing mèlu ngudang
tan arwahé biyung sing teka nyengkuyung mèlu candhuk
lawung
nanging abot rasaning ati sing bali mbrongoti
adhiku sawiji sing mbebolèhi
tak turut krénahé awit agung pigunané
nuli wiwit tak rakit nélad patrapé penggurit
biyungku tak anggep mèlu rumangsa udhu
nadyan suwaraku ora nyundhul ing akérat
karanggeneng, 18 pebruari 1985
Djaka Lodang, No, 671 Tho XV
Sabtu Kliwon 27 Juli 1985, kaca 35
inlander
sanajan sadrema amung udhu suwara
ujubé duwé panguwasa
wingi kaé krungu cluluk monoloyalitas
ati magas ndrewolo ngandhemi nasionalitas
awit kadhung ngethèl kaya ati kumbakarna
kasèp gandrung ngrungkebi warisan linuhung
banjur apa saiki sing ditenga
jagad lacut mbengok rembugan bengkok
donya pilaur njerit mendem dhuwit
kari siji welingé sregi
ngandhemi bumi pertiwi
nabuh tengara nggusah pengungsi negara cina
-000-
ungaran, 1 juni 1979
Djaka Lodang, No. 424 Th. ka X
Tgl. 15 - 25 September 1980, kaca 26
Muryalelana ~
3
aku suthik saben-saben kowé purik
kaya ora wanuh gumedering butuh
urip iki spékulasi
jenèh karepmu mung udhu nesu
mbok mulur nalarmu mumpung durung keplaur
nyemak jagad kebak mukjijad
probléma dhilema tan kena ora
kaya ora dhenger lungguh dadi lajer
injenen nyawamu ing saben wektu
jumbuhna rangkéning dosa lan bebana
awit kédah kerahé sing ditemaha
banjur sésuk kanthèn asta langen asmara
urip iki spékulasi
ngaran, 2 maret 1982
Djaka Lodang, No. 512 Th. XII
Sabtu Paing 10 Juli 1982, kaca 39
Ina
takonana krandhahé sapa
tlesihna bundhelané apa
banjur tawangna priyé krénahé
wingi-wingi jail atiné
nolak tresna
gawé wisuna
tlesihna
wingi-wingi landhep ilaté nampik pangarih
takonana
-0-
ungaran, 7 agustus 1980
Djaka Lodang, No. 532 Th. XII
Sabtu Paing, Nopember 27-1982, kaca 39
Muryalelana ~
5
isih waé
isih waé ana krénah sing durung prenah
isih waé ana nalar sing katon liwar
isih waé - isih waé - isih waé
selaginé sing toh nyawa bandha donya ora ginapé
ngulir budi marisi bumi pretiwi
isih waé meksa krénah nalar sing nékat singlar
apa ora dhenger lintang kemukus wis ora bures
bimasekti ora titi gubug pèncèng ora tèyèng
tibaning udan salah mangsa
banjir bandhang nglawan ila-ila
apa isih was durung precaya
sesuk soré mredhukun nanjihké nasibé
isih was
0-0
karanggeneng, 28 januari 1985
Djaka Lodang, No. 652 Th. XIV
éman
sing nglongkong musthikaning jagad raya
sing nyengklèng tetondhéning para hapsari
ora wanuh ruweting épistemologi
fénoménologi
logikané suwung ngalaya ing awang uwung
mung rasané sing rumangsa éwa
lamun katon priya sinangga krama
sing nglongkong cakepan parijatha
sing nyengklèng kinanthi gandamastuti
ora pandak ngidak kanyatan
tuwas ndaleming édan dadakan
dadi layadan
éman
jaman kamardikan
-000-
karanggeneng, 18 pebruari 1985
Djaka Lodang, No. 681 Th. XV
oncat
kenangapa isih was nangisi petengé langit panasing surya
nggumuni biruning gunung kumriciké banyu kali
sedheng éndahé sekar menur ora tahan ngendhak lakuning
sasi
mbok wis lèrèn nyunduki kembang melathi
ganti nggrénjah lakuning lintang panjer rina
rembulan ngégla nantang waskithaning janma
bumi tuwa mbentoyong dosaning nguwong
kenangapa isih was ngluru suruh-suruh sing temu rosé
ngliling pamor milang-milang eluké
wong putu-putu kebat playuné
kenangapa mikir asih sarat sajèn wanci kendhurèn
binarung rebab sing nyendarèn
apa isih laras ngranginé sinom parijatha
wayah buyut-buyut kebacut mèlu kapilutgendhongana kongsi lesungé amblong tangisé tetep tumlawong
-0-
karanggeneng, 20 agustus 1984
Djaka Lodang, No. 633 Th.XIV
owel
sejatiné durung rumangsa tuwuk sumusuping asih
nanging kagégé punggel pradapaning kasutresnan
kaselak sliramu kapundhut pangéran
tanpa pamitan
sepira njontonging ati ireng mbaléntong tengahing pethak
ora ana tembung kanggo ngukir lungiting asih
krana lembuting pangrasa tan kena kinayangapa
nglanguting panggedhawa sing tanpa pada
saupama sliramu kanti ngrangu sumuyuding bekti
kapangku
tak kira ora mentala mugut pupusing rasa kamanungsan
nanging kanyatané tega ngrabuk rudatining kanelangsan
luguné aku éling manawa sliramu sadrema kawasésa
dikayangapa pangendhaking kulawangsa ngetog daya tanpa
guna
lan sliramu ora bakal nalisir garising takdir
sepira njontonging ati sing putus ing punagi
tak tampa runtuhing tulak sarik saru siku
sartaning banjiring bebendu lan panyendhu
tak sangga sakabèhing panyoba lan wisuna
sanajan aku sejatiné ora darbé panjangkananging awit tresnaku nyang sliramu tanpa wangenan
sih puja subrataku konjuk ing ngarsa dalem gusti
muga sliramu dada cèthi kacaket ing ati
ndungkap ing mangsa kala tak tungka sungapaning
pangumbara
najan saiki keranta-ranta sing tanpa pada
-000-
karanggeneng, 17 agustus 1985
Djaka Lodang, No. 708 Th. XV
cancut
kemlawé tangan-tangan pabandaran
puja-puji ngembeng teleng pranaja
rahayu tentrem rahayu
èsem ngujiwat aglurup ati-ati rengat
najan batin nyuwiji ngrakup pertiwi
malérah selat malaka getih saran wangké
ombak mublak mulak
bumi dharat jogar-jagur
ngakasa nggembuleng ngendhanu peteng
atum mawur
hidrogèn ancur
nitrogèn lebur
idhéologi tawur
tempur idhéologi
idhéologi
nitrogèn
hidrogèn
atum
jaman nggendhila
pamit mulat soroh nyawa
nglédhang ladrang jamannyingget tangan-tangan kemlawé awit tresna sing ndlarung panasbaran
sésuk bali panggah nglaras ketawang ibu pertiwi
-0-
ungaran, 7 agustus 1980
Djaka Lodang, No.494 Th. XI
coba
ora susah nyoba nélad wasésaning déwa
wenang milang dolanan donya
ora kudu niru wateking rata
asthabrata garan mirunggan sedya rahayu
lan ora prelu mèlu krenahing pangarsa
ngrumpaka weca theg kliwering praja
hambok nyoba nggajuli ayahaning kuli
karebèn ndhadha kareping gusti
jejering urip lan donyaning panguripan
ora rampung sawang sinawangan
aku kowé tinitah dadi pawadan
dadi pancalan
lan pangéwan-éwan
ora susah melu ngrampaka kaya krénahing wisésa
aku kowé jatahé winisésa
coba
-0-
karanggeneng, 20 agustus 1984
Djaka Lodang, No. 635 Th.XIV
Sabtu Pon, 17 Nopember 1984, kaca 35rengu
ngapa sesenggrukan ngulapi ilining eluh
awit tumapaking kahanan sing ora kena ditutuh
bandha darbé bothèkan urip saben jaman
kalakoné pinurba suwasana
ditangisana ndomblé
digetunana tanpa gawé
mulungé mung sadrema memayu anut payu
nanging aja léna bathikané sing kudu cetha
lajering sengguhan.ora kéguh kabuncang ing prahara
lan ubaling rudhal ora kodal ndhadhal
ora prelu rengu ing pangridhu
sedheng batihmu ajeg banten jejeging laku
-000-
karanggeneng, 31 desember 1984
Djaka Lodang, No. 650 Th.XIV
ora prelu ngajap ngèmperi jagad
ora prelu ngoyak mrajaking tunggak
sisihmu ana lagu tanpa rinungu
ana ganda tanpa ingambu
awit kineker jroning cupu manik sastrarjéndra
sapa wisrawa sapa windradi
ati iki dudu rembesing adanawa-ari
brahmana sudra sing mawa tandha
untungé wenang ngéguh jumbuhing kawruh
wenang ngrénah bumi sing mlumah
mung émané rembulan wis nantang katresnan
kacaku isih dhemen tayuban
-000-
ungaran, 1 juni 1979
Djaka Lodang, No, 429 Th. X
Tgl. 5-15 Nopember 1980, kaca 25
tumungkulé samangsa nampa nugrahaning suksma
awit ujubé mung sadrema nggadhuh
lan unjukna panarima samangsa nandhang duraka
awit pratandha cinaket sing masésa
nugraha lan duraka ora siwah mungguhing titah
winongwong ing jawata kinawula ing nata
mung ungalna jaja satriya jroning nantang bebener
lan tintingana ati brahmana jroning nimbang luguning adil
bebener lan adiling pangéran dudu pasulayan
-000-
karanggeneng, 15 juli 1985
Djaka Lodang, No. 711 Th. XV
Sabtu Kliwon 3 Mei 1986, kaca 35
tumiyuping angin saka njaban kutha
ujaré tresna suci ora ngindhit polusi
prawan sunthi pudhakpayung wira-wiri menyang kali
sesindhirin durung wanuh maujuding keadilan
nanging ilanging gancang melaring radhius
prawan sunthi njegreg mentheleng tumambirang
angin kutha ngrabasa ubaling panggodha
tresna lamis dikuras nganti ledhis
wira-wiri nepusi jurang sungiling panguripan
ngluru sungapaning kanikmatan
baud dandan
ngadiraga
wiraga ginawé ngothaki tresna lamis
nuli tumiyupe warta njaban kutha
ganti candhak kulak dol tinuku
adol awak tresna palsuora lucu diréwangi padu
-0-
karanggeneng, 31 desember 1984
Djaka Lodang, No. 650 Th. XIV
Sabtu Pon 2 Maret 1985, kaca 35
karepé mèlu mbeksa ing sedhekah désa
ngliling kucing rikalané lèrèn lé ngibing
lan niyaté mèlu manggung ing pasadaran agung
ora ndhadha pribadiné sing sulaya
tangan kaku pacakguluné wagu
kepénginé ngibing suthik dipenging
banjur jarum keyang ting jekangkang
kemrangsang atiné ora kuwagang
arep manggung ora dhenger grambyangané gendèr barung
ora ndhadha pribadiné yèn wis ina
ora pakra karoban gebyaring donya
èksekutip legislatip wis korèktip
arep apa
angur patekur agrangu puputing ngumur
nyawang proyèk pinggiring lungur
-000-
karanggeneng, 20 agustus 1984
Djaka Lodang, No.635 Th.XIV
Sabtu Pon, 17 Nopember 1984, kaca 35
kenangapa béka selaginé gupyuk nabuh tengara
wong wingi wis janji mbundheli ati
ngrungkebi bumi pretiwi
kenangapa ngguguk nekemi bathuk
wong kabèh wis padha sumèlèh
banjur tembungmu sing ngajak akur
sumadulur
jebul krénahmu tumindak ngawur
wingi-wingi rak semayan nunggal sakahanan
kenangapa béka selaginé kenceng nggandheng kunca
upama ujaring tembung ora mbrekunung
tak kanthi lakumu kongsi methukké pati
sanajan atiku kadhung keduwung
kena bekamu sing munggel wuyung
-000-
ungaran, 2 maret 1982
Djaka Lodang, No. 512 Th. XII
yèn rumangsa nampa ajining gulaklapa
ing pangira handhadha marang drajading bangsa
yèn ngreti warisaning dlancang proklamasi
sing mesthi mulat sarira rumangsa handarbèni
lan yèn wanuh ampuhing dhasar negara
bakal tuwajuh ndhepani kuncaraning praja
banjur apa manèh warisan sing isih diulati
drajad semat tekané kanthi diiradati
bandha donya mbludagé srana dibudidaya
warisan apa sing isih diulati
drajading bangsa sundhul wiyati
gulaklapa ajiné ngungkuli pribadi
dlancang pangebang ora nggadhang tuwuhing nyawa
nandhang wirang
-000-
karanggeneng, 10 Nopember 1984
Djaka Lodang, No. 638 Th. XIV
Sabtu Wage, 8 Desember 1984, kaca 35
tak kira batihmu tanggap tumapaking pangajap
nalika rudhal mubal nggawé gedibal
méja catur sumawur wisané nyembur
kathik anteng jinem gendéran swarané ulem
tak kira jiwamu njola selaginé krura rebutan doaya
wétan kulon dolanan granat lan mriyem
awit krénah murka sing tanpa bebana
wengi sari éndahé angresep ati
batihmu nglaras nguthuti ceki
tilingna welingé bumi pretiwi
rungkebana wangsit rungsit pustaka sing dianggit
najan bruwang unta nggodha sinangga krama
tekemen jaja kencana maésaning yayah réna
pangukir jiwa raga,
-0-
karanggeneng, 17 oktober 1984
Djaka Lodang, No. 637 Th. XIV
lagumu ngreranta ati pancèn
tangising jaka prawan ketemu ndalan
bocah bajang dilarung slokan
saupama cluluk ngungkabi korèp boroking donya
jeriting kanca koncatan kamanungsan
gendraning suwasana rebutan kanisthan
atimu dadi mingkup awit degsiyaning krénah sing ora
prenah
nuli ujar lalawora diundhamana
keduga ngluputaké sing padha bangsa
lagumu bali njiwiti ati
mung tangising jaka prawan golèk gawéyan
generasi sing kentèkan gisi
ora tuntas ing abad dhémokrasi
darmané angayang nirwana
ujaring kukum mung mampir ngombé
tilingnadonya iki sapa sing masésa
-000-
ungarang, 1 juni 1979
Djaka Lodang, No. 429 Th. X
kenthong goyang gemonthang ngudang wong tandang
ki sengkelat mretobat ra bangkit ngruwat
awit nyi ra kidul kadhung mbregudul gawé mesgul
lampor pageblug mbaledug ngrangsang gegedhug
bayu brama ketrucut krura mangenthabasa
dupa ratus ora tulus manther kumukus
banjaransari kekitrang mangarang nangisé ndrini
suwuk wahyaning wahyu sing naté tumelung
pasrah sumarah nglenggana luguning titah
ora kumecap ora kojah
kenthong goyang mangangkang ngajap tekané wong
tandang
lesung jumengglung dèwi sri mèlu béla nangis nggulung
krasa ketrini ngirup hawa dhémokrasi
ngrangu kapan rumentah wahyuning gusti
wingi uni nyang kadhiri
-000-
karanggeneng, 22 maret 1985
Djaka Lodang, No. 676 Th. XV
wingi sapa dhampyak-dhampyak nguya-uya
bandhot tuwa kolaborator
wong dhèwèké panggah proklamator
wingi sapa malih gething kepati-pati
selaginé sumbang kondhisi lan situasi
wong dhèwèké tetep ngrungkebi bumi pretiwi
suthik nggadhèkaké darbèké
nanging kabèh wis kadalu lan kasèp lalu
onyaning panguman lan pangéwan-éwan
ora nggadhang bandha donya
ora mingkuh tresnané bangsa lan negara
kejemé tangguh nglelèdhèk mungsuh
panungkuné tuwajuh bekti murbèng tuwuh
dudu pekerti sing ndhedher kisruh
prinsip idhéologis
nasionalis sosialis religius
-000-
ungaran, 8 oktober 1980
Djaka Lodang, No. 436 Th. XI
kapanané mèlu temandang berjuwang
kathik begja ngemping kawibawan
kapanané mèlu udhu réwang nyerbu
sedheng tobang waé ora dhamang
tekané jaman aman jamané persatuan
glibedan mlebu metu liwat penjagan
tanpa poyan
sapa sing durung dhamang
lan sapa sing ora kebranang
sedheng kéné durung suwuk perihing panandhang
-0-
karanggeneng, 18 pebruari 1985
Djaka Lodang, No. 685 Th. XV
swarané ngarem-aremi ati sing tansah ngimpi
sing ngayomi sing ngayemi sing jaré handayani
upama ati katut sing durung déwasa
sing mesthi kerut pamikaté sing manuhara
nanging kanyatané sing ngronjé ing sikepé
sing tumapaké ndungkap limang windu suwené
kowé aku sing tansah segu lunguring pangrangu
kapan mèlu katut sing mèsem guyu
sedheng ujubé bareng banter sing béla praja
tapi wayah ngéné nglangut ngrangu sing adol swara
kapanané mèlu katut sing béla rena
sadurungé karoban sing béla sungkawa
kowé aku sing kebanjiran swara
sing-sing sing kakèhan pretingsing
-000-
karanggeneng, 31 desember 1984
Djaka Lodang, No. 650 Th.XIV
Sabtu Pon 2 Maret 1985, kaca 35
Muryalelana ~
29
dudu turuning déwa sing ngédah ngérah mayapada
dudu turasing wali sing duwé kitab suci
mung titah sawantah sing kakéhan prétingsing
sing jaré murka andupara
sing digrénjah durgama hangangsa-angsa
nanging sing krasa degsiyaning batin
taun-taun sing prihatin
urip ngéré
ndhéwé
awit dudu kadang déwa sakabat nabi
titah sawantah sing nresnani bumi pretiwi
-0-
ungaran, l oktober 1980
Djaka Lodang, No. 430 Th. 1
apa ujaré presidhèn amérika
wong kabèh mung gari rigené sing duwé niyat
najan tumpakan gawéyan jepang
ora prelu kesusu nesoni sing lagi kebranang
dhasaré éling welingé ratu-ratu trah metaram
sutresna kepati niyat mangkubumi pretiwi
hambok dikrocok gaman abad rongpuluh
ora bakal dhadhal gawaring pikukuh
takokna pisan marang prime ministery inggris
diincera ora samar ora miris
punglu bedhil tresnaku pancèn ora lamis
-0-
karanggenong, 22 maret 1985
Djaka Lodang, No. 616 Th. XV
ngalaya bumi propinsi andhalas
becik apa mubeng kèngsèr pilalah nglalu
ratuné putri wong negara landa
butuh anané tentrem lan rahayu
pundhung cina panguwasané wong afganistan
kalèngkèngan tiwas bobrok ora gawé amal
mbokwis mipa montor
arepa dicopot ora prelu répot
wingi rak gendéra nippon
kono luru drajad kéné luru pangkat
élinga purwaning alqur’an
saiki sing dilari luru napekah
-0-
karanggeneng, 22 maret 1985
Djaka Lodang, No. 676 Th. XV
yèn didulu aku kowé mèlu ndhaku
yèn diwilang aku kowé sanggup tandang
mung yèn balapen aku kowé ora kedrajadan
awit swara simbuling panguwasa
wis digrénjah kristaling musawarah
kari apa kowé lan aku
ngadhang wahyu jatahé ngulu idu
ngangkah pulung diajap ningseti bengkung
pari sing nylagrak ketiga ngerak
tandur abang tetep nganaki utang
yèn rinasa isih begja kowé aku ngaku negara
ungaran, 21 oktober 1975
Djaka Lodang, No. 376 Th. ka VIII
Tgl. 15-25 Mei 1979, kaca 25
tak tekem layangmu selawé taun kepungkur
rikala sliramu béka batinku njola kemrangga
awit tresna sing kelacut ndrebala
saiki takgetuni selaginé ngukir lungiting asih
sejarah sing dibabah lumahing bumi kinasih
nepusi mangsa kala déwasaning remaja putra
nanging kabèh tibaké kari nilas saclérétan
krana kejeming ngumur sing ngindhit aradan
banjur èsem nyoba nyahak sunaring rembulan karahinan
nyoba nyirep nyengklènging jago kluruk
aku isih getun ora nolèh manèh selawé taun
najan nyatané durung pikun
-0-
ungaran, 1 juni 1979
Djaka Lodang, No. 396 Th. ka IX
dina kawitan sayuk rangkat tembayatan
nglebur pribadi sing mandhiri nyawiji
rerèntèngan kanthèn tangan ing pasamuwan
wangi-wangi rinesepan asri éndahing panti
mecaki dina kapindho katelu kapat....
maksiyat kaliwat ngekat
anak bojo dadi satru
suket godhong mèlu nggeguyu
bapa biyung wis kasèp nyèwu
ganti sapa sing ditenga
sanak kadang nyumbang tembang pangundhamana
krana urip sing gemantung rasa
-0-
karanggeneng, 31 dhesember 1984
Djaka Lodang, No. 652 Th. XIV
rembulan moblong mencorong
sonar édhum angrurum asmarabangun
ngrerujit kuwunging langit
bareng ngguyu lintang séwu
cumlorot kumliwering ndaru
pratandha ketrima tumuruning wahyu
gagat raina
gagat bangun
tengangé nyangklak sunaré
sumilak méga suthik disanak ati
kepati mbesèt
ing jaja kekudhung dosa
nuli mendhung nggameng gumulung
bledhèg nggentur jumegur temandang nglebur
tanah ngaré banjiré bandhang nggegadhang
soting déwa bathara rudra
kapracondhang soroh bebathang
bali semi rembulan nglamong sireping uwongsapa sing kainan
-000-
karanggeneng, 10 agustus 1984
Djaka Lodang, No. 637 Th. XIV
rikalané sliramu teka kapisanan
unjal napas katon wayang-wuyungan
layang prentuling asih tak tampa sawisé mungkur
ora sranta sajak sliramu atiné kuwur
jebul priya kang-lumuh sinuba tresna
jebul priya karem manglung lunguring dosa
ora weruh dalan pinrada kencana
layang panolak asih ganti tak réka
unjal napas rinujit pegating maras
rikala sliramu teka kang pungkasan
tresnamu katut mlebu jaratan
neraka jahanam
jebul aku dhéwé wanita sing lèmèran
jaman édan
-000-
karanggeneng, 10 agustus 1984
Djaka Lodang, No.635 Th. XIV
aja ngedhap keclaping gelap mangsa kapat
aja njingkat kumilating thathit ceclèrètan
gunung gundhul satruning mendhung ngendhanu
panggah njenggeleg nantang gumrujuging banyu
mangsa kalané rudhal-radhal mubal golèk wadal
aja ngedhap aja ulap
warisan dlancang sumusup ing jaja wijang
ora wanuh ninggal glanggang
mung tumengaa ing akasa tadhah duka
mung noliha sutresna indenging donya
wilangen sing kapadhaning karsa
rowang kadangmu ora bakal mentala mbisu
arepa gelap sayuta bareng ngrangsang ngrabasa
thathit sakethi pepanthan nèthèk memangsan
dlancang warisan nyuwuk sakèhing kanelangsan
warisan dlancang
dlancang warisan
-000-
karanggeneng, 17 oktober 1984
Djaka Lodang, No, 637 Th. XIV
titènana was ubeng ingering alam kalir
cathetana sing grafiking janji sing semu kibir
saléndra bawana sing ngondar-andir
aja dumèh mung dumèh mumpung
akèh bengawan banjir pangungsining yuyu rumpung
bésuk kapan marining tresna sing kedarung wuyung
awit alam kalir sing dianggep koncatan wahyu wingit
tresna asih asihé janma karoban langip
ora susah mèlu ngajap lurup sing sutra wungu
kijing pupu-pupu rupa kuning
putu-putu sing kasèp jinuwing-juwing
lan ora susah mèlu ngrempelu nggagapi impèn ndaradasihi
kirimaning kembang setaman ing plataraning maésan
wong kowé dudu pahlawan
najan sing tanpa tandha jasa pisanpumpung aku kowé isih bisa éling nguliri budi
-0-
karanggeneng, 28 januari 1985
Djaka Lodang, No. 650 Th.XIV
saupama cedhak malaékat pengreksa jagad
lan sregep asung sajèn ambeng saambèn
weteng iki ora kebacut keluwèn
tapi dongèng-dongèng sing nguregi ati
crita-crita sing ndedawa ina
najan jeneng ora kacathet cetha
kabèh nolak tumemploking ati sing siningkang bali
saupama gelem nyedhak nyanak-nyanak
lan mugen ngelapi kaca-kaca cendhéla
ngili sakédah-kérahing swara
weteng iki ora kesuwèn olèhé kisèn
ora sudi pulih ngemisi asih
najan cetha crita-crita ndedawa ina
dhadha iki panggah malérah ndhepani uni
rakyat wingi uni
-0-
ungaran, 21 oktober 1975
Djaka Lodang, No.376 Th. ka VIII
ditangisana ndomblé ésuk-ésuk dada soré
dipenthelengana kaya bandeng
jagadé meksa tetep mubeng
precaya
tapi badan sempoyongan banjel kosmopolitan
butuh tresna tanpa wangenan
nuli bengkahing dhadha sing mblèbèr wisuna
nyurung wadhag pajeg neraka
precaya
ora jumbuh ditangisi dipenthelengi
jagad kebacut mubeng ngudang ésuk lan soré
aku kowé warga kosmos sing nyelé dhéwé
arep apa
-0-
ungaran, 21 oktober 1975
Djaka Lodang, No. 376Th. ka VIII
gur gari wong loro sélo
sing biyèn liyan bebrayan
magut katresnaning jaka lan prawan
ngrembaka sakandhang koplak ngulur sanak
saiki ora pandak
bareng lan keplaking kempyang ngajak sampak
cul tali kenur
hondha tokiyo tape vidhéo
u-i holdhen ustrali
dhomei
satyawacana nikel jayapura
ora pandak
putus wilasaning anak
bali kocok wong loro sélo jompo
renggan tangga teparo
-0-
karanggeneng, 30 agustus 1984
Djaka Lodang, No. XIV 656
aku ngreti tresnamu sing tumus ing ati
éling asihmu sing ngayang batin
pama driji sanggup dadi seksi
bathang dlancang ora kadhung dibuwang
nebus mulusing tresna sing ngindhit aradan
mung bengising suwasana téga andupara
nyengkah tresnamu lan asihku
krana cengkilinging prinsip idhéologi
mbateking budi lan soraning swara
kebacut mopo ngoyak kebating alam kalir
pama kabèh diwiyak lan diwilang
tresnamu wrata ngebeki tawang
sedheng asihku ngumandhang gegawangan
banjur sapa sing ditutuh
asihku pugut déning pakéwuh
nanging puguh genonthang ing bumi kelairan
mbokya driji suthik digawé seksitresna iki tetep asih nengeri jaman
-0-
ungarang, 27 juli 1980
Djaka Lodang, No. 473 Th. XI
sambi ngroncé pupus cindhé wanci tengangé
prawan tuwa kepati ngentèni jaka
senèn kemis pasané nganti tapis
mutih ngebleng dawané ketiga rendheng
hambok mulat salira jamané apa
dongèng ngayawara sariné madal saliring bebéka
sedheng damarwulan gelaré amung cecritan
candrakirana prenesé ana pangentha
hambok panji sagrebong kabèh mung urun ndomblong
muluring pikir ngadhepi alam kalir
tresnaning jaka pinulut ulah anuraga
asihing priya rinuwat ulat madu pinasthika
lan gandrunging satriya rinuket ucap ngayang nirwana
-0-
karanggeneng, 18 pebruari 1985
Djaka Lodang, No. 659 Th. XIV
ora susah mobrat-mabrut
géné durung katut antra
antri?
génerasi saiki
ora susah girang gumuyu
mumpung nembé payu
ndhisik?
répolusi pisik
nanging tumungkula ibu pertiwi
tumengaa jagad dhémokrasi aku
kowé padha waé
citraning allah
sumarah ?
-0-
ungaran, 7 agustus 1980
Dhaka Lodang, No.532Th. XII
tak tulis mawa aksara sing métodhis
tak tata kanthi wirama sing temata
tak titi mawa ati sing premati
jatahé pancèn ora kudu mlebu cacah
éwoning umat sing koncatan brekat
awit suthik nanggung sakèhing pisungsung lan panjurung
sanajan tak tulis kanthi métodhis
tak prada mawa mangsi kencana
krenahé dadi cacadan lan poyokan apa kudu salah
apa kudu mbantah
upama kongang mbrangkang kuwawa kojah
patuté udhu pangédah lan pangérah
tapi ora dhadhah ora sangkrah
sanajan tak sungging mawa mas sinangling
tetep swaraku diumbar njempling
-000-
karanggeneng, 20 agustus 1984
Djaka Lodang, No. 633 Th. XIV
saiki isih apa sing bakal dibékani
gancang gawaré wis truwaca
barang tinggalan kari ngrumat lan ngramut
awit tlatah wis kabèh kemput
ngapa isih kudu mobrat mabrut
ana pancèn suwijining ganjelan durung mapan
jejegalan irèn lan sing mèrèh
lara ati lamun kanca nyekel wasésa
mangkel angèl lamun kadang sila tumpang
mbok nyoba ngungak mula bukané
kenangapa si tangga bisa samuha
ana pancèn suwijining krénah lan pangédah
ngapa kumudu isih mesela sapa sira
mbok sing bisa rumangsa aja ngaku rumangsa bisa
mbok sing tanggap sira sapa aja sumengah sapa sira
ganjelan bakal mapan sadalan-dalan
nuli apa manèh sing bakal dibékani
wong sikepé sawiraga lan laguné sawiramaurip janjining pati
-000-
karanggeneng, 30 agustus 1984
Djaka Lodang, No. 656 Th. XIV
saru
ngrembug utang
tiwas ati kemrangsang
wagu
nyatur politik
gulo diguyu pitik
aku rak kowé
kowé rak aku
ujaré
wong ngisor ora godag ngrembug utang
wong cilik ora patut nyatur politik
kabèh wis tuntas
tunjukan dhari atas
wagu
saru
Sabtu Paing, 23 Oktober 1982, kaca 39
baul
ora sumbut dlèwèran nginteri brambut
lesung gemonthang bot-boté nglabuhi rowang
turut lurang énthané dadi tumenggung
upama mligi nresnani pribadi
lan bali lali swarané pamili
dadi mblegedhu kurugan bandha-bandhu
dhasaré jinatah mlarat
takdiré ora komanan pangkat
sanajan nggedhèkké prihatiné lan nguwatké riyalaté
tobat encit kepancal pulung
mèlua berjuwang kedharang-dharang
tumenga sepa tumungkul ora jebul
bathiné tansah jujul wuwul
apa nékat arep wadul
baul
-000-
karanggeneng, 18 pebruari 1985
Djaka Lodang, No. 681 Th. XV
banten
kapanané mèlu ngemping kamurahaning rowang
salaginé liyan bangsa titip urip bumi merdika
lila-legawa-tinarbuka ing jaja
najan dudu pejuwang lan ora naté mèlu berjuwang
kapanané mèlu ndhaku nguyang wulu wetu
rikalané bareng ndhepani saliring pangridhu
dadi banten kurbaning krénah sing labur madu
rikalané sayuk ndhangir suwasananing pembangunan
ora towong gotongroyong ngemban kuwajiban
nanging kalané dina-dina remaja tuwuh ndrebala ora
kétang nyengkuyung anteping panandhang
plorak-polorok mung katut nyawang
apa kliwat ing pangebang
apa kliru ing pangrancang
sing genah padaning wibi ngrungkebi bumi kinasih
-0-
karanggeneng, 10 Nopember 1984
Djaka Lodang, No. 638 Th, XIV
ora cukup ditangisi ora mendha digetuni
tekamu pinurba nyengkuyung bebana
wiwit cengèr binopong biyung
cinithak gubrah duraka
awit lairmu sinurung tresna lelamisan
cinitra déning gatra sèjèn rupa
nadyan lagumu nggetuni ubenging donya
kasèp cengkah garising jatah
ragamu pangling déning gelaring bumi kinasih
batinmu ingukir gedhahing kaca pangéntha
rambut abang guwaya sadup
krana santering angin proyèk perbatasan
aja digetuni aja ditangisi
sésuk soré bapa babumu sanggup mbantu kowé
-0-
ungaran, 27 juli 1980
Djaka Lodang, No. 473 Th. XI
bocah ndésa
karia kumandhangé karia kumandhangé
alam pagedhongan wis dudu jamané wis dudu jamané
akadhemi ngothaki pragèn-pragèn bothèkan aji
fakultas jumurung nyengkuyung sing kongsi tuntas
ngrembakané warisan sing butuh pamawas
pangudi pikir nanggapi alam kalir
pangudi ayu jagading sikep sing mrabawa mrabu
awit saiki kari ngumandhangé si kodhok ngorèk
kekèjèk tengahing aspal sing ketiga nyengkrèk
kari ngumandhangé langen gita srinaléndra
sing ketawang matheté sanga
gumrunggung ing sungapaning suwasana
sing aglayung-layung
ginantènan ketawang ibu pretiwi
ginelar ing permadanidhémokrasi lan asasi
bocah ndésa kuwawa gladhèn pranatacara
-000-
karanggeneng, 22 maret 1985
Djaka Lodang, No. 676 Th. XV
begja
ora susah digetuni awit wiramané wis tinamtu premati
ora susah dijarah rayah awit titi wanciné bakal rumentah
pasrahna kanthi lega lila awit iku dhasaring panarima
hambok ditangisana ndomblé ora bakal mreduli kowé
dhèwèké wis ora butuh sakabèhing éguh lan pangrengkuh
nèng kanané luwih akèh sing ngranggèh
nèng kanané papané tenggar hawané banar
rilakna kairing sakèhing pasrah lan sumarah
untabna mawa lagu-lagu sing sumringah
awit génerasimu isih butuh panggulawentah
-000-
karanggeneng, 5 juli 1985
Djaka Lodang, No. 711, Th. XV
thuyul gundhul
tumungkulé pancèn nyata yèn tumungkul
wiwit sengadi dada pyayi sujudé kepati-pati
tapi wingi ana catur gawé kumepyur
caturé cina gundhul nyuwèki kemul
banjur priyé mas putu pujiné
selaginé turunmu kapang urip tentrem rahayu
donyané ditawu thuyul
sésuk soré golèk rembug juru gadhé
-0-
ungaran, 1 juni 1979
Djaka Lodang, No. 396 Th. ka IX
nglanges
manising manis
nyangking wiron nyengkelang keris
wrangka ladrang sumelip ing kendhit abang
stéla ireng udheng-udheng modang
cuwiri genes elaré nyamping pandhes
selir pitu paturé mawa basa sing mlepes
apa tetep luwes
pendhok bunton sinrasah kumala
bandhul ringgit larasé mobat-mabit
cakcak lan sigit
pantesé pancèn adipati mancapat negara
nitih kuda sanggawedhi pérak slaka
dudu vèspa italia
dudu hongdha tanah sakura,
ngengrenging ngengreng kalamun jumeneng
cakraké cakrak kalamun tindak
nanging yèn tansah jumeneng lan tindak
ora kuwawa nyembadani moganing anak
nantang jaman sing temapak
-0-
karanggeneng, 17 oktober 1984
Djaka Lodang No. 637 Th. XIV
Sabtu Paing, 1 Desember 1984, kaca 35
[ 63 ]Biografi Panggurit
Muryalelana, lairing Salatiga, 31 Desember 1930, séda 3
Juni 2002.Yèn kanca-kancané sababag kayadéné Esmiet,
Tamsir As, Susilomurti, Sudharmo KD, St. Iesmaniasita, lan
liya-liyané manèh padhadéné tuwajuh gawé crita cekak, crita
landhung, lan geguritan, pengarang iki manéka warna sing
diayahi. Iya geguritan, iya crita cekak, iya basa pinurba, iya
ngroncé kawruh kasusastran (Jawa Kuna, Jawa Tengahan, Jawa
Anyar, Jawa Kamardikan), paramasastra, karawitan,
kabudayan, lan sapanunggalané. Lan arang sing diakep déning
kanca-kancané sabarakané, yaiku tulisané sing dhapur kritik
sastra. Pancèn tulisané kajaba sing wujud crita cekak lan
guritan, akèh sing dhapur tulusan kritik sastra. Nganti kancakancané marabi dhèwèké: Kritikus Sastra Jawa Jaman
Kamardikan.
Tulis-tulisané wiwit taun 1956 sumebar ana ing hudyananing saben kalawarta basa Jawa kang naté metu ing jaman kamardikan. Kajaba iku, anggitan-anggitané uga tinemu ana ing majalah-majalah basa Indonesia kayadéné: Warnasari, Simponi, Mingu Ini, Andika, Gelora Berdikari, lsp. Dhèwèké uga kerep kapiji gawé makalah sing gegayutan karo kasusastran lan kesenian. Ana ing Surakarta, Ngayogyakarta, Semarang, Bojonegoro, Jakarta, lsp. Nanging waé tulis-tulisané iku mau, lan uga makalah-makalahé sing wis naté digawé [ 64 ]durung naté didadèkaké buku. Mung ana sapérangan geguritané ana sing wis diramut lan dirumat déning para sutresna sastra Jawa kanggo mrada kembang setamané, kayata Drs. Susatyo Darnawi, Prof. Dr. Suripan Sadi Hutomo, St. Iesmaniasita. Dalasan ing bukuné J.J. Ras kang tingeran mawa irah-irahan Javanese Literature Since Independence waé uga tinemu tulisané dhèwèké iku. Susilomurti, tilas pimpinan rédhaktur Kumandhang (Jakarta) uga mèlu ngramut crita cekaké Muryalelana iki ana ing kumpulané crita cekak lan geguritan gagrag anyar kang ditengeri: Dongèng Katresnan. Crita cekak iku asesirah “Kéndhang”. Dhèk jaman répolusi pisik, ing taun 1947 ditawan Walanda ana ing bumi Salatiga, Mlathèn Semarang, Pekalongan, lan akhiré dibuwang menyang Nusakambangan. Lawasé udakara rong taunan suwéné. Nganti karampungané bedhamèn Room-Royen lagi dibébasaké. Bébas saka Walanda banjur mbacutaké pasinaoné manèh, lulus saka SGA (Sekolah Guru A) Negeri Semarang taun 1955, terus benum dadi guru SGB (Sekolah Guru B) Negeri Pecangan Jepara.
Bareng-bareng karo kanca-kancané sing nunggal gegayuhan, Susilomurti, Sudharmo KD, Trim Sutidjo, Esmiet, N. Sakdani Darmopamudjo, Ki Adi Samidi, Widi widayat, lan liya-liyané, ing taun 1966 sasi Agustus ndhapuk Organisasi Pengarang Sastra Jawa ana ing Ratawijayan Ngayogyakarta. Sudharmo KD kapiji dadi sesepuhé. Banjur ing taun 1968 bareng-bareng karo Anjar Any, N. Sakdani Darmopamudjo, Moch Nursyahid Purnomo, Arswendo Atmowiloto gawé kalawarta basa Jawa aran Dharmakandha sing wusanané ing taun 1971 malih dadi Dharma Nyata ana ing Surakarta. [ 65 ] Kalawarta Candrakirana lan Gumrégah kang metu ing Surakarta iku dhèwèké uga mèlu pus-pus njapani. Candhaké nggawé kalawarta wulanan basa Jawa ditengeri Pustaka Candra, metu ing Semarang. Bebarengan karo Ki Nartosabdo lan Mulyadi Purwoatmodjo B.A. sing karo-karoné sesepuhing Yayasan Permadani Jawa Tengah, ngadani kursus pranatacara lan medhar sabda ana ing Semarang lan Purwadadi, Grobogan. Ing taun 1983, marga tulisané sing wujud éséi sing ngrembug buku Dongèng Sato Kéwan anggitané Prof. Dr. Priyono Windunata, tilas Menteri P dan K sing diwetokaké déning penerbit Balé Pustaka Jakarta, nampa hadhiah saka Proyek Penelitian dan Pengembangan Kebudayaan Jawa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan (Proyek Javanologi) sing mapan ana ing Ngayogyakarta. Tulisané iku mau kapacak ana ing kalawarta Djaka Lodang. Tulisané sing diecap dadi buku asesirah Unsur Religius dalam Sastra Jawa diwetokaké déning Penerbit C.V. Aneka Ilmu, Semarang, taun 1986. Kajabané iku, uga buku Penggalang Bahasa Indonesia lan Candra Sastra.
Pakaryané kang baku tansah gulet karo donyaning pendhidhikan. Merga sertipikaté sertipikat guru. Ing taun 1978-1983 naté kapiji mimpin Proyek Pembinaan Bahasa dan Sastra Daerah Jawa Tengah déning Kantor Wilayah Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jawa Tengah ing Semarang.
(kapethik saka buku Taman Sastrawan (1990), karyané Dojosantosa, kaca 45-46, Penerbit C.V. Aneka Ilmu, Semarang).