Murkane Ibu

[ 123 ]Tulus, GIT

Rohmad Nurdin SMA Negeri 2 Wates, Kulonprogo

kd

mplop dhinas iku age-age dibukak. Wis ora sranta olehe pengin eruh piye isine. Pancen wis suwe olehe ngenteni. Suwe. Yen dietung saka olehe melu testing sing pungkasan. Lan dadi suwe banget, olehe ngenteni iku, yen ngetunge wiwit sepisanan dheweke dhaptar lan melu testing. Wis ping pitu. Tegese, wis pitung taun. Wis ping pitu Tulus ditolak. Yen sing keri dhewe iki mengko asile padha karo sadurunge.

Ping pitu tenan. Tulus meh ora isa unjal ambegan. Dhadhane sesak, ngampet nesune. Ukara-ukara ing lembaran layang dhinas iku krasa nyampluki pulung atine. Perih. Perih banget rasane. Un- tunge, dheweke wis cukup pengalaman ngampet rasa perih ngono iku. Wis ping pitu!

Wis wolung taun mlaku iki statuse Tulus ora owah-owah. Pang- kat Ge-te-te wae. Ge-te-te, alias Guru Tidak Tetap. Ge-te-te ing es-em-a Nanggungan. Iku ateges status liyane, olehe isih njaka, ora bakal enggalowah, jalaran jroning batin Tulus wis setengah prasetya yen ora bakal rabi-rabi sadurunge diangkat. Mangka, Astutik, pacang- ane, wis bola-bali ndheseg,

“Wis, ta, Mas, ndang wae ndak nek kesuwen jarene wong tuwa. Ora sah ngenteni diangkat, ya yen ndang diangkat, nek ora piye?”

“Jan-jane aku dhewe ya mikir ngono. Lha, ning, mengko bocah- bocah dipakani apa?”

“Ah, gene pitik kae mung bandha ceker-ceker wae, ya ora nganti kaliren.”


> “Murkane Ibu” ee 123 [ 124 ]“Pitik rak butuhe mung mangan. Beda karo menungsa.”

“Witikna, yen mundur-mundur terus, mengko yen awake dhewe wis thuyuk-thuyuk terus bocah-bocah isih cilik-cilik, apa ora malah mesakake?”

“Kok mikir sing durung ana. Lha, wong mikir awake dhewe wae ra mesthi tepung ngene, kok!”

“Sampeyan ki kok olehe nglokro. Mengko aku takkursus salon. Neng kene lagi Mbak Lilik sing ngadeg salon. Aku wis percaya yen langgananku mengko bakal akeh.”

“Ya, yenngono ndang kursusa wae dhisik. Prekara rabi dipikir yen olehmu kursus wis rampung,”

Astutik sida kursus tenan. Tulus dhewe ya saya nyrempeng olehe usaha amrih ketampane. Nglumpukake dhuwit, nglumpuk- ake pandonga saka wong tuwa, sanak kadang, lan wong-wong sing gedhe rasa preduline. Uga, golek sisik-melik ngendi ana sing bisa aweh dalan amrih gelise ketampa. Keblithuk? Wis. Wis ra kepetung. Ning, Tulus ya ora kapok-kapok. Dianggep kalah main, senajan saya suwe sajake kaya nututi gedebog keli!

Ana kancane sing mrayogakake supaya dheweke pindhah pro- fesi wae. Mangka profesi guru kuwi wis dadi gegayuhane wiwit dhe- weke ajar ngukur gegayuhan. Mula biyen dheweke mlebu es-pe-ge sarampunge es-em-pe. Ketampa neng es-pe-ge swasta wae, senenge orajamak. Gegayuhane saya mulur nalika entuk kalonggaran mlebu nyang perguruan tinggi, ora ketang perguruan tinggi swasta. IKIP swasta. E, tibake mung neng es-de Tulus ngrasakake sekolahan ne- geri. Pancen nasipe Tulus.

Pas dheweke lulus saka es-pe-ge, rejekine wong tuwane lagi kededel dening panen cengkeh. Emane, wangine kembang cengkeh nalika kuwi ora umur dawa. Jalaran, sawise Tulus kasil nglungguhi bangku perguruan tinggi, rega kembang cengkeh selot mlorot, mu- dhun, nganti mupus semangate para kadang tani ing padesan. BPPC (Badan Penyangga Perdagangan Cengkeh) sing wektu kuwi dideg- ake kanggo nulung para petani cengkeh tibake malah ngorat-arit pasar.

Adhi-adhine Tulussing cacahe papatkuwi wusanane kudu mung trima sekolah tekan es-em-a. Iku wae wis ngaya. Lha, Tulus dhewe wae, upama ora kadhung mlebu ngono ya mbuh-mbuhan. Yen Tulus bisa metu lulus iku wis beja banget. Hm. Mlebune gampang, metune

124 > Antologi Crita Cekak ee [ 125 ]kangelan. Sawise metu saka IKIP, golek gaweyan rekasane ya ora jamak!

Bakate Tulus pancen dadi guru. Prekara olehe wis wolung ta- hun mlaku isih panggah dadi ge-te-te, iku rak urusane nasip. Ning bakate pancen ya dadi guru kuwi. Murid-muride padha seneng, Seneng wulangane, seneng gurune, seneng Tulus-e. Embuh wis ping pira Tulus entuk layang tresna saka muride, klebu saka Astutik sing saiki resmi dadi bakal calon bojone iku!

Anasing luwih gawe mongkoge atine Tulus, yaiku akeh muride sing nerusake nyang perguruan tinggi, milih jurusan sing padha karo sing diwulangake Tulus.

Yen ngelingi iku rasa mongkoge Tulus bisa ngluwihi kanca- kancane sing wis padha diangkat, wis duwe NIP, wis duwe sragam korpri lan sragam, pege-er-i. Ning, angger weruh kancane nganggo sragam korpi utawa sragam pege-er-i, batine Tulus dadi keranta- ranta! Saben-saben dheweke kudu tandha tangan kanggo keperluan administrasi, apa yen pas njaga te-ha-be, apa pas ngisi formulir apa- apa ngono. Ajeg, dheweke kudu nyoret utawa menehi tandha setrip ing sawise tulisan NIP utawa sangisore jenenge. Yen wis ngono, perih neng njero batine sangsaya perih. Perih banget!

Prekara sragam luwih merihake maneh. Angger-angger kan- cane sing wis diangkat nganggo sragam korpri utawa sragam pe-ge- er-i, atine Tulus kaya diiris-iris. Mripate dadi pedhes, batine keranta- ranta. Yen mung prekara tuku klambi sragam wae, mesthine dhe- weke ya bisa. Apa maneh yen entuk kalonggaran utang saka kope- rasi sing dheweke durung bisa dadi anggotane kuwi. Ning dheweke isih eling, sadhar, menawa dheweke durung wenang nganggo klam- bi sragam. Sragam korpri apadene sragam pe-ge-er-i.

Dheweke pancen guru, wong saben dina dheweke ya mulang, Nanging, rak, guru tidak tetap, alias ge-te-te! Mangka Persatuan Guru Tidak Tetap Republik Indonesia (pe-ge-te-te-er-i), ya durung didegake. Durung ana. Dheweke ya pegawe, sing nyambutgawe ing lingkungan Depdiknas. Lha, ning, dheweke rak isih pegawe tidak tetap, honorer, utawa apa waeblah sebutane. Lan mesthi wae ya durung klebu korpri. Mangka ya durung ana Korps Pegawai Tidak Tetap Republik Indonesia, sing upama dibentuk ngono sajake ya ewuh olehe arep nyekak kuwi!


> “Murkane Ibu” ee 125 [ 126 ]Dumadakan wis jam setengah pitu. Srengenge saya semlenget. Sewengi muput Tulus ora bisa turu. Klisikan terus, sedhela-sedhela alihan, miring ngiwa, miring nengen, mlumah, mengkurep, padha ora kepenake. Merga pikirane pancen lagi ora kepenak! Batine goreh mikirake nasipe.

Srengenge saya munggah. Saya nyengkrek. Mung nasipe Tulus sing isih panggah surem, embuh nganti kapan.

Tulus isih mumet mikirake isine layang kuwi. Mumet banget, merga wis ping pitu dheweke nampa layang kaya ngono kuwi. Dheweke wis niyat arep mbolos dina kuwi. Ning, ujug-ujug Astutik teka, nitipake layange adhine.

“Mas, Titin ora mlebu. Iki layange.”

“Kok ora mlebu?”

“Wiwit tangi turu mau mimisen, ora mampetmampet.”

“He? Wis dipriksakake nyang dhokteran?”

“Iki isih arep takterake. Nemen, kok, ketoke. Wis disumpeti suruh barang panggah mili wae.”

“Aku wae sing ngeterake!”

“Lho, sampeyan rak wayahe mlebu, ta?”

“Ah, aras-arasen!”

“O0, ceklek, ta! Ah, koklagi saiki, ta, Mas! Batin sampeyan entuk wae protes. Nanging bocah-bocah sing rung ngerti ruwet-rentenge urip kuwi aja didadekake kurban. Bocah-bocah mbutuhake sampe- yan. Sampeyan yen ngaku guru, saiki wajibe mulang, Sampeyan kudu mlebu. Rung diangkat wae kok wis ajar kesed. Piye mbesuk dadine?”

Sakal semangate Tulus pulih. Jenggirat. Kira-kira dheweke njur kelingan plesetane Taufig Ismail, “(Guru kencing berdiri, murid me- ngencmgi guru!” Mulane dheweke njut tata-tata, age-age budhal.

Digiring srengenge esuk, Tulus nggenjot sepedha onthele. Em- buh, Umar Bakri-nelwan Fals iku tembang apa tangis. Dadi guru pan- cen kerep mangan ati. Luwih-luwih yen bayarane kerep disunati. Sing luwih mangan ati maneh, yen dadi guru tidak tetap. Delengen Tuluskuwi, lho, wis wolung taun mlaku, dadi ge-te-te, ora diangkat angkat!

Atine saya miris meneh marang penjaluke Astutik gek kon age-age. Rong masalah diadepi bareng-bareng mangkakno abot kabeh, pikire sapa sing ngan ggap entheng perkara kumau, ore judeg karo masaalah ki mau.

126 > Antologi Crita Cekak ee [ 127 ]Lebar kui kanca-kancane ngrasakke masalah sing diadepi Tulus jebul ya abat, sak jane ya tulus ara kurang apa-apa ning kok yo ora kurang cobane. Banjur padha ngajokke surat permohonan nek apa yaTulus di angkat, ning nek ora ya rapapa idep-idep kanggo “sure prize” muritmurite ya ngandakke yen Pak Tulus kui guru sing nek mlang, wulangane cepet ditampa.

“Wis awake dewe nggari nengenteni amplop yen ditampa alhamdulillah, ora ya wis!.” Nanging akeh sing ngraskke selot suwe Tulus saya lemes yen menyang skolah. Karang ana sing nyurung kadi mburi ya ora pati-a ketok. Murite ya tau kanda karo Tulus

“kok radi lemes pak, enten napa?”

“Ora papa mung mau ora sarapan wae!”

”O..., nggih empun nek ngoten!”

“Ketok lemes paya aku ki kok okeh sing ngandakke!” pitkone marang awakke dewe.

Wis ana setahun kanca-kancane njalok ke SK sak jroning se- tahuniki Tulus wis pesimisyen deweke nguculi pangkat ge te te. Sak umpama pancen ora ketampa ya wis, Tulus wis kebal yen ra di tampa. Yen umpama metu saka dadi ge te te kae Tulus ora bisa ngemek ga- wean liyane, isane ya ming sak mono kuwi. Ora letsuwe ana petugas sing ngeterke surat biasae. Banjur nyeraki Tulus pak niki enten surat, Tulus ya nrima yanganggorasa ndredek arepa wis biasane mbukak surat kaya ngono. Jebul udu surat keputusan, ning surat izin.

“Surat izin ta pak?”

“O..., nggih, kesupen kula dereng ngendikake nek niku surat izin anak kula!”

Lebar kui mbalik Tulus mbalik ana ing ruang guru ujug-ujug ana surat ndrengkuh-e surat biasa banjur diwaca jebul Tulus di tampa. Kanca-kancane ya pada seneng, Rampungsaka sekolahan banjur ngandakke marang Astutik.

“Wis yuk kapan mas?”

“Mengko sikik wis gampang.”

“Aku durng kanda karo Keluargaku.”

“Gek kandaa sik mas.”

Age -age bali ana ingngomah nganani bapak, simbak, karo adi- adine. Malah ora da nang ngomah, terus takon karo tanggane. Jebule da nang rumah sakit bapakne lara. Tulus nututi menyang rumah- sakit nganggo pite sin wis krak-krek. Ana ing rumah sakit terus

> “Murkane Ibu” ee 187 [ 128 ]tekon karo dokter apa penyakite bapakne. Darah tinggi jawabe doktere.

“Aku ki orasah di pikirke pak wis ora papa.”

“Lha kowe ki angger bali mesthi lesu, lemes ngono e kok! pangucape sendet.

“Wis ora papakok pak aku saiki wis di angkat dadi guru.”

“Ya wis nek ngono kabeh melu seneng.”

Tulus mikir, Jan-jane aku kurang apa ta, kokrampung siji tam- bah meneh siji. Pancen durung ana tanggal enom wis di nei coban meneh.”

4

Kek

Rohmad Nurdin, lair ing Kulon Progo, 1 Aguatus 1993, sekolah ana SMA Negeri 2 Wates, Bendungan, Wates, Kulon Progo, telepon (0274) 773055, ngrasuk agama Islam, manggon ing Kedundang ||, Kedundang, Temon, Kulon Progo, HP 085729019034, senengane olah raga.


128 > Antologi Crita Cekak ee