Sandhal Goreng

[ 96 ]Jebol-Jebol

Luthfi Azizatun

D A

“Yess... Akhirerampung anggonku UNAS,” swarane Luthfi rodho sero karo metu saka kelas.

“Wah, aku yo wis lego banget,” sambunge Ida nututi saka mburine Luthfi.

“Da, ayo ndhelok latiyanne kae. Kok kayane apik tenan,” pa- ngajake Luthfi karo nggeret tangane Ida marani asal swara musik mau.

“Heh! Arep neng endi. Melu aku,” suwarane Anikradha sero ngendhekke lakune Luthfi lan Ida

“Arep neng studio. Ayo gek ayo cepet mundhak selak ram- pung,” wangsulane Ida.

Anik mlayu nututi neng mburine Luthfi lan Ida.

Satekane ana ing studio wis okeh sing padha ndelok.

“Wah...piye iki, Da. Malah wis kebak. Dhewe arep ndelok saka ngendi iki?”

“Kana kae wae,” wangsulane Ida karo nudingi kursi ana ing dechake Pak Gunardi.

Ora krasa wektu wis awan. Sing padha ndelok padha budhal dhewe-dhewe. Luthfi, Anik, lan Ida tetep padha ndelok nganti rampung.

“Pak, kulo diajari main drum. Kula kepingin sanget,” panja- lukke Luthfi marang Pak Gunardi.

“Wo... ya...sesuk awan. Tak enteni ning kene. Kanca-kan- canesisan padha diajak,” ujare Pak Gunardi marang Luthfi.

me 96 [ 97 ]

Pak Gunardi banjur metu saka studio, ninggalke murid- muridesing isih padha latiyan. Luthfi, Ida lan Anik banjur padha nututi metu tunuju parkiran motor.

“Wah... .padha saka ngendi, ta. Wit mau tak goleki ora kete- mu-ketemu. Oalah, jem... jem,” takone Desi sing wis saka budhal sekolah ngenteni ana ing parkiran.

“Hahaha. ....lha kowe kuwi ngopo ora nututi neng studio. Malah nglangut nengkene kaya wong ilang,” wangsulane Luthfi geguyon.

“Halah... ..lha ngapa neng kana. Kayane kowe padha ora isa main musik. Apa ming padha ndelok?” sindire Desi.

“Ya..niyate mau ki mung ndelok, nanging kok malah dadi kepingin isa. kayane asik, kok,” sambunge Anik.

“Eh....iya, sesuk awan melu latiyan, ya. Arep diwarai Pak Gunardi. Sapa ngerti awake dheweisa melu tampil neng PENSI sekolah,” usule Ida.

“Wookkey.....ciappp. . ... ya wis gek muleh, yuk,” tanggepane desi karo numpaki motore.

Tekan omahe Luthfi banjurpadha sholat dzuhur lan maem. Bengine awake Luthfi krasa kesel banget. Dheweke banjurmapan turu.

Esok kuwi sekolahan wis kebak bocah-bocah . “Pagi semua,” swarane Luthfi aruh-aruh karo kanca-kancane sing wis ana ning ngarep kelas.

“Beeh.. telat kowe, Fi. Kadingaren mangkate gasik,” pita- kone Anik karo nyindir.

“Hehehehehe....sori. Lha aku mau bengi krasa awakku ora penak tenan,” wangsule Luthfi karo ngguyu mringis.

Esok kuwi sekolahan isih teteprame amarga padha nyiyapke acara PENSI sekolahan. Studio musik wis kebak bocah-bocah kang, padhalatiyan, kelas paling mburi dinggo latiyan nari, ruang kara- witan yo wisrame bangetlan aula sekolah kanggo latiyan drama. Wektu kuwi swarane campur dadi siji yen dirungokake saka nja- ba.

ma 097 [ 98 ]

Luthfi lan kanca-kancane banjur tumuju studio musik arep nagih janjine Pak Gunardi. Nanging tekan studio musik Pak Gu- nardi ora ana.

“Lha kepriwekie? inyong wis tekan kene kok malah gurune rung teka?” pitakone Anik radha mangkel.

“Iya ya, marmos. Sida ora, ta?” wangsule Luthfi karo me- cucu.

“Gendheng, piye kowe, ki. Aku takon rung diwangsuli ma- lah genti takon. Oo, gethuok....gethuok,” ujare Anik saya mang- kel.

Dumadakan Pak Gunardi rawuh,banjur murid-murid me- neng kabeh karo ndelok Pak Gunardi mlaku radha mbungkuk sinambi nyekeli wetenge.

“Beeeee........wis teka telat nyekeli weteng meneh. Ra ngru- mangsani nek dienteni... huuuuuuh...!!!” batine Anik nggresula.

“Kok dangu, Pak? Pripun niki, Pak. Pun ditenggo ket wau, je. Siyos latiyan mboten?” pitakone salah siji murid karo rada ngece.

“Sori, Mas. Bapak mau lagi nananana neng kamar mandhi. Wetenge Bapak lara, je, wangsule Pak Gunardi karo mesem karo ngajak guyon kanggo nylamur anggone lara weteng.

Krungu Pak Gunardi wangsulane malah aneh. Salah sijining murid ana sing nanggepi.

“Hah... nananana niku napa, Pak? Wah, Bapak gaul banget. Marai pengin melu 'nanananananana'.”

Krungu tanggepane kancane, murid-muridliyane padhangguyu.

“Sori anak-anak, Bapak dina iki ora bisa ngajari latiyan. Ba- paklagi ora kepenak awake. Latiyane dipending dulu, ya,” ngen- dikane Pak Gunardi karo rada nyengir.

Murid-murid gela lan nggrundel sinambi gemremeng dhe- we-dhewe.

“Lha kenging napa, Pak? Padharane sakit napa, Pak?” pita- kone Anik.

“Iya, je Nduk,” ujare Pak Gunardi sinambi ngelus-elus we- tenge.


ma 98 [ 99 ]

“Saiki padha gawe grup dhisik wae. Sak grup 4 nganti 6 wong terus ditulis jenenge. Mengko datane dikumpulke neng me- jane Bapak, nggih. Tolong yang baru sedikit-sedikit bisa main alat music gabung dengan yang sudah bisa supaya diajari.

Bocah-bocah banjur padha umyek gawe klompok.

“Eh, awake dhewe cah 3 dadi 1 wae, ya. Kari golek bocah maning, sopo ngerti Desi mengko gelem gabung. Piye-piye...?” ujareluthfi ngomong karo Anik lan Ida.

“Manut,” wangsulane Ida.

“Okelah kalo begana.....,” Anik seneng amarga bisa gabung karo Ida.

“Woo...! Sorry aku telat, ya? Wis lekas, pa?” swarane Desi sing lagi teka ngagetke Luthfi, Anik lan Ida.

“Ora, kok Des. Kowe kemruputen. Kudune kowe mangkat mengko bar duhur,” wangsule Anik sentimen.

“Beeh....nape, lu? Lagi dapet, ya? Sewot amat,” tanggepanne Desi karo ngguyu.

“Wislah ... rasah padha rebut, Arep lekas latiyan kapan? Fh, Des, kowe melu gabung grupku ya!” panjalukke Luthfi.

“Ciap! ..... sisan ditentokke wae arep padha nyekel alat apa. Skaliyan lagune.”

“Wow, ya. Aku nyekel dram, Anik bass, Ida kiboard, kowe gitar, eh...vokale sapa terusan?” wangsule Luthfi rodho bingung.

“Runi,” ceplosse Ida.

“Emmm... ... ya wis rapapa, sisan tambai melodine wae. Nek Johan, piye?” usule Luthfi karo mikir.

“Oke....setuju,” wangsule Anik lan Desi.

Luthfi lan kanca-kancane banjur padha nemoni Runi lan Jo- han kang arep diajak gabung. Basan wis ketemu banjur padha run- dhingan lan padha gelem. Lagu lan aliran musikke wis padha di- temtokake.

Dina-dina prei padha digunakake kanggo latiyan. Wektu 2 minggu dimanfaatke banget kanggo matengke persiyapane.

“Hadooooh ...... kesel tenan aku, kari 2 dina meneh. Nganti takrewangi pupuku abang kabeh tak thuthuki nganggo stik dram,”


ma 99 me [ 100 ]

ujare Luthfi karo ngelus-elus pupune sing wis ketok kaya bar di- gebuki.

“Muga-muga waeora siya-siya lelatiyan awake dhewe,” dho- nganne Johan sing kepingin banget bisa lolos seleksi PENSI.

Basan wis padha kesel, banjur padha mulih istirahat,

Awan kuwi dina jumatjam2. Luthfi CS wis padha nglumpuk anastudio langgananne, banjur padha latiyan kanthi serius. Dina kuwi wis padha isa nggarap rong lagu. Wis rampung padha lati- yan banjur padha menyang sekolahan.

Sore kuwi jam 4 ana seleksi ing sekolahan. Sing wis padha teka banjur njupuk nomer urute grup kang arep tampil. Grupe Luthfi entuk giliran nomer 3. Karo ngenteni giliran diundang, Luthfi CS padha rembugan arep njenengi klompoke. Amarga bo- cah-bocahe saka kelas B,banjur padha mupakat dijenengke “Bhe Band”.

“Bhe Band. ........ ;” swara sero saka njero studio kuwi nga- getke Luthfi CS.

Luthfi CS banjur padha mlebu lan padha mainke lagu kang, wis digarap wektu latiyan saben dinane. Basan wis rampung pak guru ngendika menawa Luthfi lolos seleksi lan isa melu PENSI. Krungu ngendikane gurune mau kanca-kancane padha seneng banget, nanging Luthfi ngrasa ora kepenak karo alate.

ji. ENE ra sia-sia tenan awake dhewelatiyan awan sore,” ujare Desi seneng banget.

“Iya, aku ya lega banget. Nanging mengko bengi aja lali gla- diresik ning sekolahan,” wangsule Runi karo ngadoh.


“Aku, ki, ya seneng. Nanging, kok, kayane ana sing aneh ka- ro basdrame,” ujare Luthfi kang duwe feeling ora kepenak,

“Emang kepriye? Basdrame maju-maju apa arep jebol. Hehehehe....,” pitakone Johan ngejak guyon.

“Kayane, ki, arep jebol. Soale didelok lapisanne wis arep su- wek, Wah aku malah dadi kuwatir iki,” wangsule Luthfi wedi.

“Halah..ora papa mengko tak matur karo Pak Gunardi. Ben diplester wae sementara,” ujare Desi nenangke Luthfi.

IDO [ 101 ]

“Iya, nuwun sakdurunge, Des. Yawis gek mulih, yuk! Meng- ko isih bali mrene meneh, ta?” ajakke Anik,

Banjurpadhanjupuk motorlan padha budhal dhewe-dhewe.

Bengi kuwi jam setengah pitu, sekolahan wis rame banget kebak kursi sing lagi padha ditata lan panggung sing lagi padha dihias karo bocah-bocah OSIS, Banjursing wis padhalolos seleksi padha ngusungi alat-alat musik kanggo latiyan neng nduwur pang- gung. Wengi kuwi katon rame banget. Ning njaba sekolahan okeh wong kang padha ndelok.

“Eh... ..., Des. Mau wis tok aturke Pak Gun, durung?” pita- kone Luthfi lirih.

“Wis, tenang wae,” wangsule Desi.

Luthfi ngroso wis tenang bengi kuwi amarga basdrame wis dibenakke. Gladhiresik bengi kuwi wis ketok apik banget. Ngen- teni sesuk-esuk piye penampilanne bocah-bocah.

Sabtu esok sekolahan wis kebak murid-murid.ora ming saka elas 3 nanging sak sekolahan padha nglumpuk dadi siji. Dina uwi bareng karo pengumuman kelulusan. Kabeh murid-murid elas 3 lulus kabeh. Kabeh ngrasa seneng dina kuwi.

Rampung pengumuman, PENSI diwiwiti. Band pembuka diwakili saka OSIS lan tari-tari saka kelas siji banjur diterusake krawitan.Wektune penampilan saka band-band kelas 3. Mbaka siji klompok band nampilke kemampuanne. Ora krasa gilirane Luthfi CS maju kanggo band penutup.

Luthfi, Anik, Ida, Desi, Johan lan Runi wis padha “pedhe” munggah panggung. Lagu sepisanan dimainke apik banget, nanging Luthfi ketok ora nyaman meneh karo basdrame. Basan agu kapindho wis arep rampung, ora krasa basdrame jebol. Na- nging disamarke nganggo swara bass sing dicekeli Anik, Sing

adha ndelok neng ngarep padha ngerti lan ngguyu cekakakan. Luthfi mudhun panggung karo kisinan.




Or