Keli Ketulungan Budi

Murkane Ibu

[ 42 ]Keli Ketulungan Budi

Bibit Noviyanto SMK Negeri 2 Pengasih, Kulonprogo

kd

lak Yanto saiki katon beda banget yen disawang, Dheweke saiki

katon sumringah. Beda bangettinimbang kahanane wolung taun kapungkur. Sapa ngira Pak Yanto sing saiki uripe sarwa kepenak, biyen iku uripe ngrekasa banget. Saben dina mung bisa ngelus dha- dha pratandha lara lapa. Yen Pak Yanto didhawuhi milih antarane banjir karo pacoban iki, panjenengane mesthi milih banjir. Amarga saking abote pacoban mau. Nanging, ora mung Pak Yanto lan sisih- ane kang ngrasakake pacoban iku. Tangga teparone uga melu urun ngrasakake.

Kahananiku kadadean saka pokale anake Pak Yanto, yaiku Agus, sing sekolah kelas loro ana ing Karanganyar. Polahe iku sing gawe susah wong tuwane sakloron. Ora jenjem karo pengarep-arepe wong, tuwa. Pamite menyang sekolah, jebulane mung thethek ana ing ter- minal. Wayah bengi mung mblayang embuh ana ing endi lungane. Blas ora gelem sinau. Beja yen isih gelem mbukak buku, ndumuk buku wae ora. Bali- bali wis jam telu esuk. Kejaba iku, saben dheweke bali ana ing omahe wis sempoyongan amarga mabuk. Tumindak kaya mangkono iku kaya- kaya wis dadi panganane sadina- dinane.

Tandang-tanduke Agusiku oramung wongtuwa sakloron sing ngrasakake susah, nanging tangga teparone uga ora sreg karo polahe anak ontang-antinge Pak Yanto iku. Wis tau kadadean ing masyara- kat kono yen Agus keprenah konangan nyolong pitik duweke Pak RT. Saka pangakune, dheweke nglakoni iku mau amarga ora duwe dhuwit kanggo tuku omben-omben. Amarga wis nyandhu lan mer-

42 > Antologi Crita Cekak ee [ 43 ]ga wis ora kuat yen ora ngombe. Amarga masyarakat kang wis ge- thinglan saking wis ora tahan, tangga teparone banjur padhangge- bugi Agus. Saka bejane Agus, Pak RT aweh pangapura marang Agus.

Nanging, tumindake Agus sing gawe susah wong akeh iku kaya ora ana enteke. Kayata nyilih andphone kancane, nanging ora dibalekake malah kepara didol. Tumindak ala sing diwiwiti ngan g- go miras iku wis ora bisa diupakara, amarga watake wis bejat. Sana- jan mangkono, sing dadi wong tuwa tetep waspada. Wani cegah dha- har lawan guling. Isine tansah nenuwun marang Ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa supaya Agus, anake kuwi bisa diapura. Ing sa- banjure muga-muga diparingi pituduh sing njalari bocah iku mau eling marang tumindake sing kleru.

Pak Yanto mung bisa pasrah merga wis kentekan cara piye anake bisa eling lan mareni tumindake kang kleru. Dikandhani kanthi alus lan kasar wis bola- bali. Nanging Agus dhewe yen dikandhani kaya mlebu kuping tengen, metu maneh saka kuping kiwa. Blas ora mam- pir ana ing pikirane.

“Pak, aku njaluk dhuwite!” kandhane Agus marang Pak Yanto kanthi suara nyentak.

“Arep digunakake kanggo apa le? Yen digunakake kanggo urus- an sekolah bakal tak wenehi, nanging yen mung kanggo mabuk- ma- bukan ora bakal dakwenehi!” wangsulane Pak Yanto.

“Njuk ngapa Pak yen daknggo mabuk? Iku urusanku. Pokoke saiki Bapak arep menehi dhuwit apa ora? Yen ora aku arepminggat wae saka omah!” kandhane Agus.

“Ya aja ngono ta, Le. Aja minggat saka omah ya! Ya, ya dak we- nehi dhuwit Le, nanging dakjaluk kowe ajaminggat ya. Bapakmung duweiki. Nanging iki keri dhewe bapak menehi dhuwit, sesuk ma- neh wis ora bakal tak wenehi yen kanggo mabuk.”

Sakwise diwenehi dhuwit, Agus banjur lunga klepat kaya angin. Pak Yanto mung bisa ngelus dhadha saka polahe anake. Wis ora bisa ngapa-ngapa maneh, mung bisa nuruti sing dadi kekarepane. “Muga mupga Gusti Allah paring hidayah kanggo anakku iki. Supaya bisa dadi anak sing bekti marang wong tuwa.” Iku dongane Pak Yanto.

“Sabarnggih Pak! Mugi- mugi Agus ndang diparingi eling me- nawa kabeh kelakuane iku ngrugekake awake dhewe.” Sisihane Pak Yanto ngayem- ayemi Pak Yanto kang nandang kesusahan, sinambi netesake luh saka pojok netrane.

> “Murkane Ibu” ee 43 [ 44 ]“Uwis Bu! Ayo saiki wis manjing Isyak, ayo awake dhewe sholat. Sakwise sholat awake dhewe nenyuwun marang Gusti Kang Maha Welas lan Asih supaya anake dhewe gek ndang diparingi eling, Muga-muga anake dhewe isa dadi bocah sing bisa gawe bungahe wong tuwa. Migunani kanggo keluarga, masyarakat, lan bangsa.” pangajake Pak Yanto marang sisihane.

Pak Yanto lan Bu Yanto banjur menyang sumur kanggo wudu. Sakwise iku sakloron banjur nindakake sholat isyak bareng, Kaya adat sabene, rampung sholatpadha ndonga bareng muga anake eng- gal diparingi eling marang tumindake kang kleru. nalisir saka pau- geran.

Kaya adate, jam rolas bengi mung ana wong loro ing omahe Pak Yanto. Agus durung mulih. Ora ngerti mbuh mulih apa ora. Ora beda kaya biasane, kira-kira jam telu esuk ana swara wong bukak lawang, Pak Yanto keprungu swara iku, nanging wis ora kaget. Na- mung nerusake anggone turu. Wis mangerti yeniku mesthi Agus sing lagi mulih.

Pancen bener, Agus bali saka dolan. Sabanjure Agus mlebu kamar kanthi sempoyongan. Dheweke mabuk sakwise pesta miras karo kanca- kancane. Ora suwe Agus banjur turu ngorok. Ing sajrone turu Agus ngrasakake ana ing alam liya.

“Tulung, tulung, tulung!” Agus mung bisa njaluk tulung. Na- nging ora ana kang bisanulungi. Iki balesan kanggo wong kang duraka marang wong tuwa. Wong sing wani- wani nyeraki maksiat,” Kandha- ne wongsing nganggo ageman sarwa putih. Ing kono Agus dikrang- keng, Sikile dipapakake ana ing kumpulane mawa. Dikongkon man gan beling, Kulite padha mlosoh amarga saking panase. Cangkeme su- wek-suwek kena landhepe beling. Banget larane. Kaya larane sewu pati dadi siji. Siksa iku saking suwene, kaya ora ana enteke. Agus mung bisa mbengok njaluk tulungamarga saking ora kuwate ngra- sakake siksa iku.

“Haaaa...!” Agus tangi gregah. Ambegane ngos-ngosan. Atine dheg- dhegan saking bantere. Rupane pucet. Kaya wong sing sekarat, kari nunggu metune nyawa saka ragane.

Pak Yanto lan sisihane keprungu suara jeritan iku. Sakloron banjur tangi lan banjurmlaku menyang kamare Agus. Ing kono weruh Agus kang lagi lungguh ana pinggire dhipan karo nyekeli sirahe. Agus katon bingung lan wedi.

44 5 Antologi Crata Cekak #e. [ 45 ]“Gus, kowe iki ngapale?” Pak Yanto takon marang Agus sinam- bimlaku nyedhaki. Pak Yanto lan sisihane banjur lungguh ing saki- wa tengene Agus. Dheweke mung amem. Kahanan wengi iku dadi ening, Let sedhela, Agus ngguguk nangis. Luhe Agus bedhah. Ora kuwasa nangis, Agus banjur ngekep Bapak lan Ibune.

“Uwis le, ana apa?” Bu Yanto takon marang Agus.

“Pak, Bu! Kula nyuwun ngapunten. Dumugi wektu menika kulamung bisa gawe susah Bapak lan Ibu. Bisane mungngentekake dhuwit kangge mabuk. Bu, Pak, wiwit wekdal menika kula janji badhe dados anak kang bekti kaliyan Bapak lan Ibu. Kula sampun tobat lan badhe damel bungahe wong tuwa.”

“DhuhGusti, maturnuwun Gusti! Panjenengan sampun paring hidayah kangge anak kula ingkang mahanani anak kula saged eling saking sedaya tumindake ingkang nalisir saking paugeran. Matur nuwun, dhuh Gusti!” Pak Yanto ngucap syukur sinambi netesake luh saka netrane.

“Allahu Akbar, Allahu Akbar”.

Oraletsuwe banjur kepru gu suara adzan subuh. Pak Yanto ngajak anak lan bojone padha sholat jamaah. Luh kang netes ing pipi padha dilap. Banjur ngadeg saka papan peturon. Menyang sumur arep wudu. Sateruse mlebu kamar sing biasane digunakake kanggo sholat Pak Yanto lan garwane.

“Allahu Akbar.” Suara takbir miwiti sholat jamaah. Kahanane sepi saksuwene padha sholat. Sakwise sholat, Agus mung amem ana ing panggonane sholat. Bapakne ndhisiki ngadeg saka papan sholat, menyang sumur nimba banyu kanggo masak. Padha Pak Yanto, Bu Yanto uga wis ana ing pawon, arep masak kanggo sara- pan. Agus mikirake impene mau.

“Apa sing ana ing impenku iki mau pratandha menawa aku duraka karo wong tuwa? Apa ya kaya ana ing impen iku sing bakal tak temoniing alam langgeng mengko? Wah nggegirisi banget. Dhuh Gusti kula nyuwun pangapunten kagem sedaya lepat kula. Kula sampun tobat, Gusti.” Iku sing dipikirake Agus.

Ora kaya adat sabene, esuk-esuk Agus wis adus. Cepak-cepak kabeh kebutuhane kanggo sekolah. Kabeh dilebokake ana ing tas. Metu saka kamar, Agus katon beda banget. Klambi dilebokake kanthi rapi, rambute dijungkati, lan sunar mripate kang nandhakake dhe- weke siap ngudi ngelmu.

> “Murkane Ibu” ee 45 [ 46 ]“Le, sarapan dhisik! Ibu wis masak.” Bu Yanto nyeluk Agus. Metu saka pawon karo nggawa sega lan lawuhe. Sawise sarapan cumepak ing sandhuwure meja, banjur padha lungguh bareng. Sarapan bebarengan, katon rukun yen disawang.

“Najanmungsega lawuh tempe goreng karo sambel tomat Muga- muga bisa ngganjel weteng saksuwene kowe ana ing sekolahan.” kandhane Pak Yanto.

Jam sing gumantung ana ing sakdhuwure TV wis nuduhake jam setengah pitu. Agus banjur pamitan karo bapak lan ibune arep menyang ngudi ngelmu. Metu saka jeron omah, Agus wis kayadene artis kang mlebu desa. Tangga- tanggane padha sajak gumun merga nyawang Agus kang beda banget saka biasane.

“Apa aku iki ora salah pandelengku ya. Kae sing lagi mlaku rak ya Agus ta? Mosok iya? Adat sabene wusanane ora temata, Iha kok saiki jan rapi tenan.” Iku sing dipikirake tanggane Pak Yanto sing lagi nyapu ana ing latar omahe.

“Nuwunsewu, ndherek langkung Bu!” Agus takon marang tanggane sing lagi nyapu latar mau. Tanggane manthuk lan mung amem. Saking ora percayane karo kasunyatan iku. Semana uga kancalan gurune ana ing sekolahan. Uga padha kaget. Ora percaya yeniku pancen Agus. Sakwise Agus mlebu kelas, kahanane dadi kaya kuburan. Sepi. Agus mung mikir yen iki pacoban supaya dheweke dadi luwih apik.

Sanajan dhisike mung dinengake, nanging Agus tetep nuduh- ake yen dheweke wis eling, Wis dadi bocah sing apik. Sekolahe di- lakoni kanthi temenan. Wis ora tau lunga bengi maneh. Sinau te- menan supaya dadi bocah sing pinter.

Usahane pancen ora sia- sia. Bijine ulangan apik- apik. Gurune padha kaget, nanging iku kasunyatane. Saiki Agus kalebu salah sa- wijine siswa kang pintering kelase. Ulangan Umum semester iki Agus dadi juara siji ana ing kelase. Kanca- kancane mundhak seneng ma- rang Agus. Prestasi iku mau terus dipertahanake. Tekane kelas telu, ing UNAS, dheweke dadi lulusan paling apik ana ing sekolahane.

Amarga prestasine iku mau, Agus miih nerusake kuliah. Uni- wversitas Negeri Yogyakarta dadi pilihane. Agus mlebu UNY tanpa tes. Kuliahe uga ora mbayar amarga entuk beasiswa saka Super- semar. Ana ing kuliahe, dheweke dadi mahasiswa teladan. Liyane iku uga dadi asisten dosen.

46 = Antologi Crata Cekak ee. [ 47 ]Patang taun kuliah wis rampung. Ora krasa, sesuk dheweke diwisudha. Wong tuwane sakloron diaturi tindak ana ing acara kasebut. Esuke, rasa seneng ngliputi atine Pak Yanto, Bu Yanto, lan Agus. Agus dinobatake dadi mahasiswa ferbaik. Rasa syukur kaunjukake marang Gusti Ingkang Maha Kuwaos, kang wis paring kanugrahan iku. Saking senenge, kepara malah padha nangis. Dina iku pancen dina sing ora bakal kalalekake keluargane Pak Yanto.

Rampung kuliah, Agus langsung golek kerja. Beja tenan, ana perusahaan kang nampa Agus. Dheweke kapapakake dadi karya- wan anaing bagian keuangan. Suwe saya suwe, amarga kerjane sing mempeng, kursi Kepala Keuangan kawenehake kanggo dheweke.

“Impenku dhek SMA biyen iku pituduh kanggo aku. Menawa uripiku mung sepisan. Urip iku ora kena sembrana, kudu dipunak- ake kanggo usaha. Usaha supaya dina iki luwih apik tinimbang dina wingi, sesuk kudu luwih apik tinimbang saiki. Uga eling yen ing donya iki mung mampir ngombe. Isih ana alam kang langgeng.” Iku sing ana ing ana ing pikirane Agus kang lagi teturon sakwise bali saka kerja.

Semana ugaPak Yanto lan sisihane, ngrasakake kasil saka tandur- ane. Anane mung tansah ngunjukake syukur marang Gusti.

banu

Bibit Noviyanto, lairing Kulon Progo, 17 November 1882, sekolahi ana SMK Negeri 2 Wates, Jalan K.R.T. Kertodiningrat, Margosari, Pengasih, telepon (0274) 773029, agama Islam, omahe ana ing Taruban Wetan, RT 28, RW 14, Tuksono, Sentolo, Kulon Progo, nduweni kesenengan nulis lan bal-balan.


= “Murkane Ibu” ee 47