Kidung Megatruh

[ 36 ]PITULAS TAUN

Febrina Widhihapsari

“Ras, kapan kowe duwe pacar?” pitakone Nindya nalika lagi ngaso. Aku sing lagi mangan bakso, keselek kerungu pitakonan kuwi. Mripatku mendelik, nyawang Nindya lan Ayu kangana ing sandhinge.

“Nin, kowe takon kaya ngono kuwi, duwe karep apa?” aku genti takon. “Mergane kowe dhewe sing durung duwe pacar,” celathune Nindya." Ya piye, ya. Ibuku durung marengake aku pacaran, merga aku isih cilik.” “Isih cilik piya, ta?” clathune Ayu, “kowe iki wis kelas 2SMA, lagi wae ulang taun kang kaping 17. Kuwi tegese kowe wis gedhe, Raras!”

“Lha, Ibumu ndeso, pa. Kaya ora tau enom wae,” ujare Nindya. “Mbok kowe iki ora nyalahke Ibuku. Aku ya pancen durung

gelem duwe pacar. Apa ana cah lanang sing gelem karo aku?” pitakonku karo mesem.

“Ras, koweikiayu, pinter, lanapikan wonge. Kurang apa meneh? Akeh sing kesengsem karo kowe mung kowe wae sing ora sadar,” wangsulane Nindya.” Kae, lho... Bima seneng karo kowe, apa meneh Danu, kakak kelase dhewe kang kesengsem karo kowe wiwit biyen,” ujare Ayu.

Bel muni. Bocah-bocah padha bubar saka kantin. “Wis! Aja dibahas meneh!” wangsulanku karo mlaku ninggalke Nindya lan Ayu.Bali sekolah, aku banjur mlebu kamar. Aku teturon ning peturon. Mripatku nrawang. Aku dadi mikirke omongane Ayu lan Nindya mau.

“Apa enake duwe pacar?” pitakonku sajroning ati. Aku durung tau. Kok aku dadi kepingin duwe pacar. Aku ya isin karo Ayu lan Nindya amarga aku dhewe kang durung dewe pacar. Saben ngumpul bareng kanca- kanca aku teka dhewean ora kaya Ayu lan Nindya sing teka karo pacare. Aku malah dadi “obatnyamuk”.

Tak pikir-pikir... aku ya wis kelas2SMA, wis gedhe, wis wektune duwepacar... Ning Ibu durung marengake pacaran, Ibuku wis wanti-wanti. “Duh, Ibu...Ibu... aku iki wis gedhe, Bu. Dudu bocah cilik meneh. Aku pengen pacaran,” mangkono isining atiku kang ora bisa dakaturake marang Ibu.

Atiku rasane ora karuwan. Aku molak-malik awakku dhewe. Aku dadi kelingan karo Danu sing wis bola-bali “nembak” aku, nanging aku [ 37 ]ora bisanampa mergane umurku isih cilik. Jarene dheweke isih ngenteni aku nganti umurku 17 taun, Ujug-ujug ibuku mlebu kamarku,

“Ras, ana telpon kanggo kowe.”

“Telpon? Saking sinten, Bu?” Pintakonku” “Ora ngerti. Ibu lali takon. Ning saka suarane kuwi cah lanang.” “Sinten, nggih?” pitakonku karo ngukursirahku sing ora gatel.

Aku ngangkat telpon kuwi. Jebul saka Danu. Rasane atiku ora karuan. Deg-degan. Durung tau aku ngrasa kaya ngene. Beda banget, Dheweke takon kabarku.

“Ras, kowe pelem lunga karo aku?” pitakone Danu ning telpon.

“Aku?” rasaneaku ora ngandel menawa Danu takon kaya ngono, “lunga nang endi?”“Mlaku-mlaku ning Ambarukmo Plaza. Gelem ora?” Tanpa mikir dawa aku nyaguhi pangajake Danu. Aku ora percaya yen aku arep lunga karo Danu ing malem Minggu, “Kencan”. Atiku dadi ora karuwanrasane sanajan kaselip rasa seneng,

“Aduh, cah ayu. Wis duwe pacar, ta?” pitakone ibu guyon.” Ah, Ibu niki... Raras dereng gadhah pacar! Ibu dereng marengaken padhah pacar?”“Nduk, Ibu kuwi orang pareng kuwi, ora. Ning Ibu durung percaya karo kowe, Nduk!”

“Ibu niki kepripun, ta. Kok dereng percaya kalih Raras. Raras niku sampun ageng sampun 17 taun.” “Lha, sambunge apa antarane 17 taun karo pacaran?” “Tegese, Raras sampun ageng. Dados Raras niku kedahipun sampun angsal gadhah pacar, Rencang-rencang Raras sampun gadhah pacar piyambah-piyambak.”

Ibu banjur unjal ambegan dawa. “Tbu ngerti, Raras... Ning kowe durung pantes... Kowe surung ngerti apa-apa, Nduk.”“Menawi Raras dereng ngertos napa-napa, menapa Ibu tetep mboten marengaken Raras pacaran?”

“Ya wis lah! Yen kuwi karepmu... Ibu ora ngerti arep ngomong apa meneh. Pancen kowe kuwi wis gedhe... Dudu cah cilik, anake Ibu sing manutan meneh. Ning kowe kudu ati-ati, Nduk. Kowe kuwi cah wedok, kudu bisa njaga awakmu dhewe. Ibu percaya karo kowe yen pancen kowe bisa njaga kapercayane Ibu.””Inggih, Bu. Raras ngertos punapa ingkang kedah Raras lampahi,” wangsulanku karo mesem ngguyu.

Bengi iki Danu netepi janjine. Sadurunge lunga, Danu tak kenalke karolbu lan Bapak supaya Ibu lan Bapak ora kuwatir. [ 38 ]Danu bocahe pangerten banget. Aku malah dadi ora kepenak atine mergane Danu apikan banget. Aku lan Danu saya cedhak, lampu ijo saka ibu mbukake dalan kanggosesambunganku karo Danu. Danu isih terus nyedaki aku. Danu jujur menawa dheweke seneng karo aku. Semono uga aku nanggepi dheweke.

Sesambunganku karo Danu wis lumaku pirang-pirang sasi. Aku wis ngrasakakeapa sing diarani pacaran, Jebulane, rasane kaya ngeneiki to? Legi, sepet...wah maneka warna wis... dadi siji. Danu menehi ali-lai, kalung, klambi, lan sapiturute, nanging sasuwene iki aku ora tau njaluk apa- apa karo dheweke.

Aku dadi ora kepenak karo Danu. Aku dadi pengin nuruti apa wae kang disedya dening Danu. Apa wae gelem daklakoni kanggo Danu ras lan gobloke aku. Aku gelem diajak Danu lunga menyang sawijining hotel, nginep sewengi, lan nglakoni sesambungan kaya wong sing wis bebojoan. Esuke, aku lagi eling, Aku tangi ana ing peturon hotel lan aku wisora nganggo klambi. Kabeh sandhangan wis ucul saka awakku.


Gusti, apa sing wis tak tindakke? Goblok! Aku ora perawan meneh. Gusti, neng endi Danu? Kok ora ana? Kurang ajar! Ora tanggung jawab. Sakkepenake dhewe ninggalkeaku kaya ngene. Lara atiku.

Aku meneng wae karo wong tuwaku. Aku wedi nyeritake iki kabeh. Ibu mesti kuciwa karo aku. Aku wis ngrusak kapercayane Ibu. Bodho! Saiki aku mung bisa nyalahke awakku dhewe. Sakjaneaku kudu bisa njaga ben ora nganti kebablasan kaya ngene. Saiki wis kaya ngene keadaanne. Aku ora bisa apa-apa meneh. Keperawanan kuwi ora bisa balik meneh.

Kedadean iki nggawe aku ora serius meneh karo pelajaranku. Apa meneh wis arep ujian unggah-unggahan kelas, Duh, duh, Gusti. Aku sedhih, Danu ora tanggung jawab. Aku lagi sadhar yen Danu sengaja ngrancang iki kabeh sawise Ujian Nasional, Lan saiki aku ora ngerti Danu ana nangendi. Mergane dheweke wis lulus saka SMA lan aku ora ngerti arep nerusake kuliah nang endi. Kanca-kancane ya padha ora ngerti. Aku mung bisa nggetuni. Aku nangis sajroning kamar mandi karo nggrujugi awakku nganggobanyu. Aku kuciwa karo Danu. Jebule wongeora bisa dipercaya.

“Tegel-tegele kowe nglakoke iki karo aku. Kowe iki ora duwe ati!” tangisku sesenggukan. Aku dadi kelingan karo ibu, pancen bener ngendikane ibu. Aku iki isih cilik, durung ngerti apa-apa. Pindhaneaku kaya piyik sing isih cilik lan selak kepingin ajar mabur, Ning aku percaya nek aku bisa, kemangka aku durung bisa nggolek pangan dhewe. Aku nekat lan kaya [ 39 ]Tugel...Janangel ngnggo mabur meneh... lara banget.

Aku nyoba nglalike kedadeyan kuwi. Aku rada ayem nalika ngadepi Bapak dan Ibu nanging tetep wae aku isih ngerasa salah. Kaya-kaya ibu ngerti nekaku wis ora sesambungan maneh karo Danu. Aku matur blaka karo Ibu menawa aku wis ora sesambungan meneh karo Danu, wis pedhot. Huh, kelingan Danu, aku ngerasa sengit banget karo dheweke.

Suwi-suwi, atiku ora tegel maneh nyimpen rasa iki dhewekan. Aku crita karo Ayu lan Nindya. Wong sakloron kaget lan ora ngandel yen aku gelem nglakoni kabeh mau kanggo Danu. Pancen aku iki wong bodho! Nang ngendi akalku wektu iku?

Aku dadi wedi nalika Ayu lan Nindya ngengkon aku tuku alat tes kehamilan. Kanggo ngetes, aku meteng... apa ora... Gusti, muga-muga aku ora meteng... Ing njero WC sekolahan aku ngetes apa aku meteng. Ayu lan Nindya nggedor-gedor lawang WC mergane aku ora metu-metu, mergane nang njero aku nangis ndeleng asiling tes sing... “positif”. Gusti, paringana sabar! Aku sing kudu tak lakoke? Aku isih sekolah. Danu wis ara ana! Apa meneh pacoban sing arep diparingake dening Gusti Allah?

Ayu lan Nindya melu prihatin. Nanging bocah loro kuwi nyengkuyungaku. Nalika umur kandutanku wis6 minggu. Aku saya wedi. Wong tuwaku durung ngerti sing tenane. Aku durung wani cerita. Aku wedi menawa wong tuwaku padha ngerti nek aku meteng, mergane wetengku saya gedhe.

Yen kaya ngene kasunyatane. Aku kudu matur karo bapak lan ibu menawa aku meteng. Aku kudu ndhadhagi menawa anak ing wetengku iki anakku karo Danu. Bapak lan Ibu duka. Pasuryane abang mbranang. Aku meneng waenalika Bapak kalap lan ndukani aku entek amek kurang golek.

“Karepmu apa ta, Ras?” Bapak mbengok. “Bapak isin! Kowe ngerti ora? Kowe ora mikir prasaan Bapak lan Ibu!” aku ora wani ndeleng mripate Bapak sing medeni. Mendelik lan urat-urate ketok kaya arep metu. Durung tau Bapak nesu nganti kaya ngene.

“Wis kelakon kabeh... apa sing dikuwatirke Ibu. Merga iki Ibu ora marengake pacaran! Kowe iki durung ngerti apa-apa... sakepenake dhewe... ora miki ih kaya cah cilik!” ujare ibu sora. “Ning...wis kaya ngene, arep piye meneh... ora bisa balik meneh... Kowe iiki anake Bapak lan Ibusiji-sijine. Takjaga apik-apik ning hasile kaya ngene...”



“Koweiki ora mikirnek kowe isih sekolah? Cah enom jaman saiki [ 40 ]wis ora bener! Apa meneh wong sing mbok sebut pacar kuwi...sapa? Danu?” Aku manthuk-manthuk, mangsuli Bapak. Luhku netes. Mrebes mili.

“Wis! Ben Raras ngandut anake, ben wae ora ana Bapake. ..Iki tanggung wangsulane...kudu ditanggung. Kajaba yen Danu arep tanggung jawab!” ibu banjur mlebu kamar. Aku ndeleng ibu muwun karu terus ngusapluhe.

Rasane mokal yen Danu arep tanggung jawab. Danu kowe nang ngendi saiki? Kowe ngerti ora yen aku meteng anakmu. Kowe kok ngene ta? Tega-tegane ninggal lunga aku. Mangkono pangresulaning atiku ora ana wusanane.

Sawise pirang-pirang dina, Bapak lan Ibu wis rada lerem dukane. Kawigatene Ibu lan Bapak saya luwih kanggo aku. Nalika unggah- unggahan kelas, aku metu saka sekolahan. Kabeh adminidtrasi diurus Bapak. Aku wis ora bisa neruske sekolah meneh. Setaun nang SMA dakculke.

Guru-guru padha geger kerungu aku metu saka sekolahan amarga meteng. Aku iki salah sijining murid sing pinter. Unggah-unggahan wingi aku entuk peringkat siji nang kelas. Ning predikat kuwi wis ora tak gegem maneh saiki. Aku dudu bocah sing ketoke apik. Kabeh Guru wis ngerti kabeh yen aku iki meteng. Ning guru-guru kudu njaga rahasia iki ben kanca-kancaku ora ngerti. Njaga jeneng apikku lan keluwargaku.

Kabeh guru sing tak takoni padha ora ngerti Danu kuliah nang ngendi. Yen aku ngerti, aku kudu nggoleki. Ning, Danu ora ngerti nang ngendi saiki. Aku kuciwa. Danu kaya ngilang ambles bumi.

Gusti kagungan rencana liya kanggo aku. Aku kudu ngrumat anakiki dhewekan. Aku kudu ngati-ati ngrumat kesehatan kandutanku sing saya gedhe. Aku wis ora mikirke meneh ana nang ngendi bapake jabang bayi iki. Benaku ora mundak lara ati, yen kelingan.

Umurku pancen wis 17 taun, ning sejatine aku durung bisa dadi wong sing diwasa. Dideleng saka umur pancen aku wis gedhe, nanging pikiranku? Aku durung bisa mikir apa sing apik kanggo aku, isih sakepenakedhewe.

“Wis 9 sasi. Mung ngenteni dinane,” ature dhokter nalika aku mriksakake kandutanku. Saiki aku wis ora mikirke awakku dhewe,. Sing dakpikirke mung jabang bayi kang bakal lair lan piye uripku mengko. Kari ngetung dinane. Aku wis arep dadi ibu lan kudu siap. Aku sing bakal [ 41 ]ngrumat anakku dhewekan. Ora mikir maneh sapa Bapake. Sing, penting anakku mengko bisa urip seneng. Tekan dina babaran. Anakku lanang. Lair Normal. Rasaneaku seneng bangetdadi wong sing paling bungah saiki.

“Sapajenenge?” pitakone Bapakku. “Raditya,” wangsulanku.

“Duwe maksud apa kuwi jenenge?” pitakone bapak. “Raditya menika tegesipun srengenge. Ing pangajab, lare menika sageda dados srengengeing salebeting keluwarga. Tetep ngatonakesn sunar ingkang sae,” wangsulanku karo nggendong Raditya.

“Nduk, Ibu seneng karo kowe. Kowe bisa ngadepi sakabehing lelakonmu sanajan umurmu sing isih enom. Kowe bisa ngrumat anakmu dhewelan bisa tanggung jawab karo dalan uripmu sing wis mbok gawe iki. Nalika kowe durung diwasa, kowe kudu ngerti nek diwasa kuwi ora didelok saka umure, nanging saka solah bawane. Ya kaya ngene iki kowe wis mbuktekakenek kowe wis dewasa,” celathune ibu.

Aku seneng krungu Ibu ngendika mangkono. Aku janji bakal njaga Bayu supaya dadi wong lanang sing tanggung jawab lan bisa njaga aku, Ibune. Ora kaya Danu, Bapake sing kurang ajar lan ora tanggung jawab. Aku kudu bisa. Iki tanggung jawabku dadi wong tuwane. Aku ora entuk pupusatiku. Iki purwakaning dalan uripku. Uripku kang anyarku.

Febrina Widihapsari, siswa SMA SANTA MARIA, Jalan lredano.19.A.,Yogyakarta.

Telepon (0274) 565898.

Lair, 9 Februari 1991. Alamat omah, Asrama Santa Maria, Jalan Ireda no.19.A.,Yogyakarta.

Telepon (0274) 411385.

Hobi: nulis crita lan puisi, nonton filem.