Murkane Ibu

[ 129 ]Reca

Ami Korniawati SMA Negeri 1 Wates, Kulonprogo

kd

Kesan segara madu, unen -unen iiku pas banget kanggo uripe ang Madya. Yen biasane macul ana ing sawahe juragan Bata lan dadi buruh kedhuk sumur melu juragan Tirta, saiki gari the- nguk-thenguk ing kursi utawa nggelar klasa, dhuwit wisteka, san- dhang pangan ra kurang lan awak ya tansah kepenak.

Pancen penak tenan uripe Kang Madya saiki. Omah gebyok kamar telu, lawang siji kuwi saben dina ditekani wong sadesa awit saka bocah cilik- cilik nganti wongtuwa, enom-tuwa, lanang-wadon padha banyu mili ngebaki omahe Kang Madya, kepara malah pejabat kalurahan padha merlokake sowan ing omahe Kang Madya. Saben-saben wong teka ditarik dhuwit 2.000 kanggo tiket mlebu omaheKang Madya. Mula ora gumun yen Kang Madya bisa diarani wong kang kabanjiran segara madu.

Wong-wong kang banyu milikuwi mau arep mbuktekake kabar anyar kang lagi dadi catur gunem paling santer ing desa Catur- kaneka. Miturut kabar kuwi, jarene Kang Madya nemu Reca. Reca mau ditemu nalika Kang Madya gawe sumur ing buri omah anake lanang, Bambang, Prasasat kaya banyu mili, Kang Madya uga di- tekani wong-wong saka liya desa, uga para wartawan- wartawati saka ariwarti lan tivi kang arep golek informasi.

“Sugeng Pak, kula wartawan saking ariwarti Budaya Jawi, ke- parenga nyuwun pirsa pripun Bapak saget nemu reca menika?”

“ Wektu awan dina Kemis Legi kuwi aku rak macul gawe sumur ing buri omah anakkku lanang, Bambang, Wektu kuwi ya

> “Murkane Ibu” ee 129 [ 130 ]wis oleh telung meteranlah jerone, kokujug- ujug paculku nggadhuk watu “mak slontheng 7, banjur ana cahya putih metu “mak penco- rong”. Aku kaget banget, banjur aku mentas lan nyeluk Bambang, Kang Gower, lan Kang Kasrib kang lagi padha rolasan ing papan cerak kono.”

“Tak critakkake apa kang wus tak lakoni nanging kabeh padha ora percaya.”

“Ah kowe ki ana-ana wae kang, paling-paling ya mung watu! Apa meneh yen dudu watu! Aneh-aneh wae kowe ki Kang ..., Kang!” jawabe Kang Gower.”

“Yo wis yen ora percaya, ayo padha nyeblung melu aku

“Aku, Kang Gower, lan Kang Kasrib padha nyegur ana ing jogangan kang jerone telung meter kuwi. Wusanane wong loro mau banjur padha percaya lan kabeh padha ngupaya ngedhuk kanggo njupuk barang mau. Kanthi tenaga kang rosa lan ati kang manteb, kabeh padha ngedhuk luwih jero maneh. Wusanane barang mau wus ketok kanthi cetha. Jebul barang mau awujud reca buta kang dhuwure sak dhengkul kang lagi nggoceki penthung,”

“Aku Kang Gower, Kasrib, lan Bambang padha narik reca mau kanthi tenaga kang rosa, nanging reca mau ora gelem obah sak imit- imita. Rasane abot banget, obah wae ora aja maneh bisa kaangkat.”

“We lha, reca kok aneh tenan ya .... Wong telu sing ngangkat ora obah blas ..., iki reca apa ta iki, sajake sepele, cilik, lan ketok entheng, ning kok abote rajamak-jamak!” sambate Kang Kasrib

“Wusanane wong loro mau banjur padha munggah merga keke- selen. Aku isih penasaran bangetmarangreca mau. Aku nyoba ngang- kat reca mau. Tak goceki awake tak junjung mak Tegedeeeek” reca mau bisa tak angkat Aku ing jero bengak- bengok seneng banget.”

“Kang Wer, Mbang, Srib ndhenea recane wis bisa tak dhu- dhut.”

“Hoooooaaaaaaaaa!” wong telu mau pucet raine, bingung lan gumun nginguk aku ing jero sumur.

“Nah menika sedherek-sedherek wartawan-wartawati proses anggonku nemu reca mau.” jelase Kang Madya marang para warta- wan-wartawati.

Awit saka nemu reca buta mau Kang Madya dadi headlime ing ariwarti-ariwarti lan mlebu siaran ing tivi. Kejaba para wartawan, uga akeh para sejarawan kang padha neliti reca mau.

4


180 = Antologi Crata Cekak ee. [ 131 ]Para sejarawan mau beda -beda pamanggihe marang seluk- beluk, mula bukane reca mau. Ana kang duwe panemu yen reca mau tinggalane wong Budha jaman biyen lan sapanunggalane.

Kejaba para sejarawan uga akeh para pengusaha-pengusaha lan kolektor- kolektor padha ngenyang reca mau. Ana pengusaha kang ngenyang reca mau rong yuta . Ana uga kolektor kang wus saking senenge merga recane unik tenan banjur ngenyang patang yuta. Nanging Kang Madya oranampanyang-nyangan mau amarga wis dipenging karo anake lanang kang isih sekolah ing bangu SMA kelas telu.

Miturut anake Danar, Kang Madya ora oleh ngedol reca kuwi marang samubarang wong kang ngaku kolektor utawa pengusaha | Awit ing jaman kang tansah bubrah tatanane iki akeh para pihak kang ora duwerasa tanggung jawab lan rasa tresna marang bangsa kanthi ngedol barang-barang kabudayan lan bersejarah awujud reca, patung, lan barang bersejarah liyane. Wong-wong mau padha nukoni barang-barang kang nduweni nilai sejarah kanti rega kang murah lan ngedol barang mau ing manca nagara kanthi rega kang dhuwur, kepara malah wong-wong mau nyolong nylundupake ba- rang bersejarah saka musium. Ora gumun yen saiki akeh bangetreca- reca lan barang sejarah saka musium kang padha ilang paribasan kaya kapangan jagad.

Danarmrayogakake reca mau dipasrahake marang pamarintah wae supaya disimpen ana ing musium sejarah, awit saka iki Danar duwe pangarep-arep reca kuwi bisa tetep lestari tekan besuk.

“Pak dipun emut-emutnggih..., reca ampun dipunsade dhu- mateng sinten kemawon, benjang dipun aturaken dhateng kantor kabupaten kemawon!”

“Ya...,Narakumanut pramayogamu, kana gek mangkatsekolah mengko dhak selak telat! Sing pinter ya Ngger anggonmu sekolah!”

“Ngih Pak!” jawabe Danar sinambi nggenjot sepedane kanthi manteb lan rasa sumringah.

Awan kuwi watara jam 12.00 ana Honda jazz warna silver kang mandheg ana ing ngarep omahe Kang Madya. Penumpang metu kabeh, jamlahe ana papat, kejaba sopire. Priyayine kakung ana telu lan wadon ana siji. Agemane necis, sepatune disemir gilap-gilap, lan padha ngagem jas ireng tambah dasi, sajake priyayi terhormat lan priyayi kantoran.

> “Murkane Ibu” ee 131 [ 132 ]Sawise ndelok recane kang Madya, jebul wong- wong mau ya mung padha karo pengusaha lan para kolektor liyane. Wong- wong mau arep nuku recane kang Madya. Kang Madya lan para wong- wong mau banjur padha nyang-nyangan rega. Ing ati Kang Madya tetep pengkuh nyekel wekase anake lanang, nanging para pejabat mau tetep mbujuk lan ngrayu terus supaya Kang Madya ngedol recane. Kang Madya banjur bingung dheweke, paribasan kaya ma- ngan woh simalakama, yen orangedol recane, atine bakal gela marga kelangan kesempatan oleh dhuwit kang akeh, nanging menawange- dol recane, Danar anake bakal kuciwa marang bapakne marga bapakne wus cidra ing janji, ora bakal ngedol recane.

“Pripun, Pak, menika penawaran kang pungkasan pitung yuta rupiah” wong kang ngaku jenenge Subandi mau ngenyang marang kang duwe reca.

“Wah nyuwun ngapunten nggih Bapak-bapak lan Ibu reca menika tetep boten kula sade.” jawabe kang duwe reca

“Wah..., pripun ngbih Pak. Kula menika diutus kaliyan pihak kabupaten supados numbas recanipun Bapak. Menawi boten kepa- reng lajeng kepripun? Kula menika utusan Negara lho, Pak. Bapak boten sah kuwatos menawi kula apusi! Kula boten gadhah niyat kangge nyilakani utawi ngapusi Bapak kok. Saestu niki, Pak. Kula mboten goroh kula. Yakin!”

“O..., dados Bapak menika utusan saking Kabupaten ta? Lha Bapak kok boten ngendhika awit wau? Kula dadose rak boten kepe- nak ta, niki.” jawabe kang Madya kanthi rai abang merga isin. “Ngih, Pak leres, kula menika petugas kabupaten. Lha menika kartu anggotanipun, sumangga Bapak pirsani!” wong mau nuduh- ake kartu anggotane.

ang Madya bisane ya mung mathuk-mathuk marga dheweke ora bisa maca.

“Pripun Pak pitung uuta lho Pak, eman menawi boten dipun tampi .Pun ta dipun tampi mawon.”

“Wah iya-ya Danarrak arep nerusake kuliyah ing Gadjah Mada mesti wae butuh ragat kang akeh, tur wae wingi Danar wis njaluk laptop, tur aku ngedol reca iki ya wus bener kok leh ku ngedol ing pamarintah. Yoh..., yoh tak tampa wae.” mangkana batine kang Madya ing jero atine.

“Pripun, Pak saged dipun tampi?”

“Nggih kula tampi.”



182 > Antologi Crita Cekak ee [ 133 ]“Lha, rak ngaten, Pak” wong papat mau katon sumringah ba- nget atine.

Wong papat mau banjur njaluk tanda tangan kang Madya, nanging amarga kang Madya ora bisa tanda tangan, kang Madya banjur cap jempol ing kertas bermaterai kuwi mau.

Wusanane, recamau diangkat lan dilebokake ana ing mobil, sade- la wae Honda Jazz mau wus mlaku ninggalake omahe kang Madya.

Dene kang Madya sanajan wus oleh dhuwit kang akeh , atine ora tentrem, dheweke ngalor-ngidul mbanda tangan lakune kaya Panembahan Senopati kang lagi bingung arep perang. Pikirane kuwur, jantunge gemrodhok . Wedi yen anake ora bisa nampa tu- mindhak kang wus dilakoni.

Oralet suwe, Danar anake bali saka sekolah. Dheweke banjur mlebu saka lawang buri. Dheweke bingung merga ora meruhi ma- neh reca kang mau esuk ngadhek jejeg ing sandhing lawang, Pikira- ne sansaya bingung weruh bapakne mlaku ngalor-ngidul, wusanane bapakne kang lagi mlaku ngalor ngidul mau diceluk.

“Pak, Pak! Recane wonten pundi pakk?” Danar bingung,

“Lha, Ya, wis dak dol!”

“Dipun sade kaliyan sinten Pak? Danar penasaran.

“Ya mau ana sing ngaku utusan kabupaten!” jawabe bapakne manteb.

“Rasukanipun menapa pak?”

“Ya mau nganggo jas ireng, Lha kayane wong kabupaten temenan wong nduduhake kartu anggotane barang kok!”

“Wadhuuuuuh, Pak! Kuwi sanes petugas kabupaten. Yen din- ten Senin rasukanipun petugas kabupaten menika coklat Pak!”

“Wah, yen ngono bapak kapusan iki!” pitakone bapakne Danar kanthi rai pucet lan bingung,

“Lha, nggih Pak. Bapak sampun kapusan. Pripun ta Pak, Pak!

“au dipun tinggali kertu identitas napa mboten Pak?”

“O..., iya. Lha kae isih anaing meja ngarep.”

“Alhamdulillah, syukur!” Danar mlayu ing meja lan njupuk kartu identitas mau.

Hooooaaaaaaaaa!” Danar njerit

Iki rak sing lagi dadi buronan polisi kae..., iki rak wong sing nylundhupake barang bersejarah saka musium kae. Iki-ki, wah..., wah jan nyemelangi temenan iki..., nyemelangi...!”

[4

> “Murkane Ibu” ee 133 [ 134 ]“AnaapaNar, kowe kenal karo wong kuwi?” pitakone bapakne.

“Mboten Pak, tiang menika buronan Polisi, kang gambare asring wonten ing internet!”

“Wah, yen ngono blai temenan ya, iki!”

“Lha nggih. Wau sami nitih menapa, Pak?”

“Mobil rada putih”

“Ngalor napa ngidul?”

“Ngalor.”

“Yenngaten nyuwun pamitsaha pangestunipun ajeng kula tututi!”

“O..., ya, yen ngono ngati-ati yo, Le.”

“Nggih Pak!”

Danar banjur ngampiri Edi kang duwe pit montor. Wong loro mau banjur ngoyak mobil kang wus nuku recane.

“Miturut kartu identitas iki yen ora salah omahe ana ing Jalan Durnaganti 23. Kowe ngerti apa ora, Di?”

“Ya rada ngerti aku, wis tau ndhana ning nggone kancaku.”

“OO. Ya wis yen ngono ayo rada cepet. Muga-muga kertu identi- tas iki ora salah!”

Rong jam numpak pit motor, wusanane Danar lan Edi wus tekan papan kang tinuju. Ing sakiwa tengene dalan kuwi omah pendhu- duk arang banget. Mula Danar banjur thingak-thinguk golek omah kang ana mobil warna silver.

“Stop-stop! Di iki omahe sing dak goleki!”

“Jan-jane, kowe arep ngapa ing omah iki ta, Nar?”

“We, lha dalah! Kowe durung ngerti ta, Di?”

“Kene-kene dak kandani!”

Danar banjur ngandhani Edi. Sedhela wae Edi wus ngerti. Sawise kuwi wong loro mau banjur nyusun rencana kanggo ngrebek para penyelundhup mau.

“HP-mu wis siap ta, Di. Mengko yen wis kabukten SMS kuwi banjur langsung dikirim wae ing nomer kantor Polisi! OK!”

Danar karo Edi banjur mlaku thimak-thimik golek dalan kang- go mlebu. Alhamdulilah, lawang buri ora dikancing, Wong loro mau banjur mlebu alon-alon lewatlawang buri. Ing sajerone omah kuwi, wong loro mau mung klesik-klesik anggone omongan.

“Alon-alon, Di iki bahaya banget yen nganti konangan!”

Mak gragap raine Danar. Dheweke weruh sing duwe omah . Pancen bener sing duwe omah kuwi sing wis nuku recane bapakne.

184 = Antologi Crata Cekak ee. [ 135 ]“Di saiki tersangkane lagi thenguk-thenguk karo komplotane ing kamar ngarep.”

O..., terus saiki awake dhewe ngapa?”

“Saiki, awake dhewe golek bukti yen sing duwe omah iki para penyelundhup barang sejarah.”

Danar maca ing sandhuwure lawang ana tulisane ruang raha- sia.

Di ..., iki paling ruangan kang kanggo nyimpen barang- barang colongan. Ayo gek mlebu!”

Kanthi laku alon-alon Danar bukak lawang kuwi.

“Lha, rak tenan ta! Ruangan iki kang kanggo nyimpen barang- barang colongan mau.”

“Bener, Nar! Syukur barang-barang iki durung didol. Walah- walah iki rak patung -patung kang diberitakake ilang ing internet kae. Jebul malah ana ing kene!”

“Bener, apa kandhamu. Patung-patungiki wus suwe banget ana ing kene, delengen ta wus kebak sawang! Aku ngasi arep wahing,”

“Wis yen ngono gek dikirim SMS-e, aku selak ora sabar ndelok pelakune dicekel polisi!”

“Yoh ....Nariki wis dak kirim SMS-e. Ayo gek metu saka kene megko selak konangan! Ning didelok dhisik wis aman apa durung?”

“Wadhuuuh, gawat! Ana sing arep ndhene, ayo cepetndelik!”

Danar lan Edi banjur ndelik ing buri reca gedhe.

“Teplok..., teplok, ngee...k, keprungu suara lawang dibukak. Wong lima gedhe-gedhe banjur mlebu ana ing ruangan mau. Banjur padha ngangkati reca-reca mau menyang jero truk tronton gedhe.

“Wah, bilahi tenan iki. Awake dhewe kejebak ana ing kene, ning ora papa polisi sadela maneh bakal teka!”

Nanging Danar lan Edi padha keweden jalaran SMS durung tekan. Kamangka wong lima mau wus padha siap ngusungi reca mau manyang luar negeri. Siji baka siji reca mau wus kapindahake ing trek tronton. Kurang 10 reca maneh kang durung dipindahake.

“Bilahi ..., bilahi tenan iki Di. Sadhela maneh awahe dhewe bakal konangan!”

“Tenang Nar...., SMS-e wis tekan kok , Polisi sadela maneh bakal teka!”

“Wadhuuh .... Yung alaaah, sikilku dientup kalajengking!” Edi ujug-ujug njerit.

> “Murkane Ibu” ee 135 [ 136 ]“Stttt ora seru-seru, mengko ndak konangan!”

“Huu..., huuu..., sikilku lara tenan, iki Iho dientup kalajeng- king, dhasar kalajengking sialan!”

TSUt..., stttt meneng-meneng, ditahan dhisik!”

“Ho, ya..., yaa... ! Konangan kowe thuyul-thuyul. Padha ngapa kowe ing kene, haaa!”

“AK... ak..., aku....” Danar lan Edi wus ora bisa omongan ma- neh sajak kaya orong-orong kepidhak.

“Kanca-kanca padha ndhenea, iki ana thuyul kang njaluk

mati.


Sadhela wae kompolotan mau wus padha ngrubung Danar lan Edi. Wusanane Edi lan Danar konagan yen ndhelik ana ing kono. Merga ana anggota penyelundhup kang krungu jeritane Fdi mau. Edi lan Danar banjur dibekep awake ditali nganti ora bisa obah saimit-imita. Dheweke uga ora bisa nyuara amarga disumpel ngan g- go gomballan disolasi nganggo lakban. Edi lan Danar dicemplung- ake ana ing jogangan jero. Edi lan Danar ya mung bisa hungkak- hungkek lan dedonga muga-muga Polisi gelis anggone teka. Wusa- nane Polisi teka lan para penyelundup kuwi mau kecekel. Ana kang ngupaya mlayu nanging Wusanane padha kecekel kabeh. Danar lan Edi uga gelis ditemokake. Wong loro mau banjur weneh katrang- an marang polisi.

Awit saka kadadeyan kuwi pamarintah banjur paring pakur- matan marang Danar lan Edi. Wongloromau diwenehi hadiah awu- jud beasiswa kuliah gratis nganti jenjang S1. Wah pancen kulawarga- neKang Madya ing tahun ini lagu kutahan dobel segara madu.

Kek

Ami Korniawati, lair nalika tanggal 1 Desember 1992, ing Kulon Progo, sekolahe ana SMA Negeri 1 Wates, Jalan Terbahsari 1, Wates, Kulon Progo, telepon (0274) 773067, agamane Islam, omahe anaing Gunung Gondang, Margo- sari, Pengasih, Kulon Progo, hapene 085643198345, kese- nengane maca dan nulis iki nduweni prestasi Juara ||| Lomba Menulis Cerkak SMA Se-Kabupaten Kulon Progo Tahun 2008.


186 = Antologi Crata Cekak ee.