Tunas Semi
[ iii ]
ATUR SACUWIL

Alhamdulillah, awit antologi guritan kang banget prasaja iki wis kasil kaimpun lan kababar. Buku iki mujudake kumpulan utawa antologi guritan asil karyane para peserta kang dumadi saka para siswa SMU se-DIY. Kegiyatan Peningkatan Apresiasi dan Penulisan Kreatif Sastra Jawa kang disengkuyung dening Balai Bahasa Yogyakarta iki minangka gantine Bengkel Sastra Jawa kang wus diadani saben taun. Nanging bedane, yen Bengkel Sastra diadani nganti kaping sepuluh pertemuan, lha yen kegiyatan iki mung diadani kaping pindho, yakuwi dina Ahad tanggal 3 Oktober 1999 (mapan ing Balai Bahasa Yogyakarta) lan tanggal 10 Oktober 1999 (mapan ing Kaliurang). Amarga mung diadani kaping pindho lan para peserta kudu wis bisa ngasilake karya guritan, mula asile mesthi wae isih kurang gregete. Nanging sanajan mangkono katon banget yen para peserta kegiyatan iki, ya para nom-noman siswa SMU, ngatonake semangat kang gedhe banget murih bisane nganggit guritan. Yen kita tintingi pancen ya ana guritan sing wis rada “isi”. Nanging sing baku kuwi rak kepriye bisane para generasi mudha kita ngapresiasi lan nganggit guritan saengga mujudake semine tunas-tunas mudha kang bakal njejegake lan ngrembakake sastra Jawa, mligine guritan. Mesthine wae tunas-tunas kang lagi wiwit semi kuwi perlu diopeni, dirabuk, lan disiram kanthi tlaten saengga ora gampang alum lan garing.

Antologi iki bisa klakon kababar awit pambiyantune saka panjenengan kabeh. Mula ing kene kita ngaturake gunging panuwun marang Bapak Suwadji, Pangarsa Balai Bahasa Yogyakarta, Dra. Sri Widati, Koordinator Subbidang Sastra, lan Drs. Slamet Riyadi, Koordinator Subbidang Pembinaan, kang wus ngayomi kegiyatan iki. Kita uga ngaturake gunging panuwun marang Drs. Poer Adhie [ iv ]Prawoto, Drs. Suwardi Endraswara, lan sedulur Turiyo Ragilputra, kang wus sumadya dadi tutor lan bintang tamu ana ing kegiyatan iku. Kajaba kuwi kita uga ngaturake panuwun marang kabeh para peserta lan panitia saengga kegiyatan iki bisa kasil kanthi rancak.

Muga-muga buku antologi guritan kang banget prasaja iki bisa migunani lan bisa narik kawigaten tumrap para mudha liyane saengga sastra Jawa ora bakal cures ketilep dening ombaking jaman. Nuwun.


Yogyakarta, 17 Oktober 1999
Koordinator,


Imam Budi Utomo

[ Daftar isi ]
DAFTAR ISI
  1. ATUR SACUWILiii
  2. DAFTAR ISIv
  3. Akhyar A.N.
  4. * Ing Wayah Surup1
  5. * Ora Kinira2
  6. Ari Iswahyuningsih
  7. * Sang Bagaskara3
  8. * Merapi4
  9. Violet A.
  10. * Piye Rasane5
  11. * Pereng Garing6
  12. * Canthinging Tresna7
  13. Dyah Ratri D.
  14. * Nyuwun Pangapunten8
  15. Niken Dewi R.
  16. * Nyawang Katresnan9
  17. * Lelakon10
  18. * Kepaten11
  19. Bandi Sarono
  20. * Eling12
  21. Nur Hidayah
  22. * Lintang Wengi kang Gawe Endah13
  23. * Katresnan kang Dakantu-Antu14
  24. Hemma Ratnaningsih
  25. * Garising Pesthimu15
  26. * Sangsara Gusti ing Puncak Golgota16
  27. Robyyantoro Hw.
  28. * Semut Ireng17
  29. * Sirna18
[ Daftar isi ]
  1. Anies
  2. * Pucuking Pangarep-Arep19
  3. * Wedhus Gembel20
  4. * Sumilire Angin21
  5. Ratih Ratna Miin
  6. * Beda22
  7. Sri Widarti
  8. * Jaman Edan23
  9. * Gunung Merapi24
  10. Sunarta
  11. * Pak Kardi25
  12. * Piweling26
  13. Anastasia Purwanti
  14. * Sepi27
  15. Rachmatullah Hadi N.
  16. * Tansah Elinga28
  17. * Campursari29
  18. Andreas Willy P.
  19. * Kalpika30
  20. * Swara31
  21. Fransisca S.
  22. * Angin32
  23. * Donya33
  24. Harry Yulianto
  25. * Piweling34
  26. * Peparingan35
  27. Apin Mardesa Sari
  28. * Swara36
  29. * Sepi37
  30. Nurul Aini Sinta D.
  31. * Bagaskara38
  32. * Beteng Semut39
[ Daftar isi ]
  1. Suwardi Endraswara
  2. Apresiasi dan Penulisan Kreatif Puisi Jawa41
  3. Poer Adhie Prawoto
  4. Puisi Jawa Modern48
  5. Turiyo Ragilputra
  6. Ayo Nulis Guritan53
  7. Biodata59

[ 1 ]Akhyar A.N.

ING WAYAH SURUP

delengen kae
sang bagaskara wis angslup
nandhakake wayahe wis surup
rungokna azan kang rumesep ing ati
delengen kae
tuwa mudha
sandhangan resik nenteng sajadah
padha guyup reruntungan
marak ngadhep Gusti Kang Murbeng Dumadi
delengen kae
saf kang lurus katon rapi
ing kalbu anane mung pasrah-sumarah
ngarep-arep ganjaraning Gusti
yagene kowe mung ndeleng wae...
ayo padha nindakake kuwajibane
limang wektu iku era kena katinggalake

[ 2 ]Akhyar A.N.

ORA KINIRA

diajeng kang daktresnani
manjing ana ing saindhenging kalbu
tan bisa ana kang wani
nggondheli rasa katresnanku

ora kinira sliramu ora sudi
nampa tekaku ing atimu
lara atiku, wirang atiku
jebul sliramu ana kang ndarbeni
ora kinira!

[ 3 ]Ari Iswahyuningsih

SANG BAGASKARA

sisih wetan bang narawang
sumamburat sunare madhangi jagad
kapethuk ocehe manuk
para kadang padha amiwiti sembahyang
anetepi wajibe wong ngaurip
manembah marang Gusti

[ 4 ]Ari Iswahyuningsih

MERAPI

papanku ana ing pucuk kutha Ngayogya
adegku jejeg tan goyah dening maruta
pakaryanku gawe makmure manungsa
kulitku kebak tetuwuhan
kang gawe anyesing swasana
sapa kang ora weruh aku?
lungguhku ngarepake tugu
pandelengku bablas tumekeng samodra

[ 5 ]Violet A.

PIYE RASANE

ngleyang tanpa pepalang
mapag angin lan ngambang
ngrungokake donya kebak tetembangan
piye sawangane ing angkasa
dhuh, kukila?

coba critaa
laku tanduke manungsa
kang kasawang saka ndhuwur kana

[ 6 ]Violet A.

PERENG GARING

mapag lakuku ing pucuk dalan donya
gagah lan mardika
ngadeg nantang sunare baskara
endahing ....

ing pereng garing
tempuk pisahing tresnaku
susah lan senengku
dadi pucuk dalan pisahing nyawaku

jagad iki
guyu lan tragedhi
—urip lan pati—
jejer pisah kaya pereng-pereng iki
endahing ....

[ 7 ]Violet A.

CANTHINGING TRESNA

lakuning canthingmu
mbebeda atiku
nggurit guritan ing sajroning klabu
sapa jenengmu
esem kang gawe tentrem?

canthing nggurit kukila smara
ngrabuk tuwuhing puspita tresna
gawe greget prepet netra ing rina
mbebeda ati, impi ing wayah wengi

sepur kang mrambat dak pecut rikat
mendhung angkasa dakkibas singkang tresna
kapan bisa nyawiji?
kandha atiku kangen sliramu

[ 8 ]Dyah Putri Daninggar

NYUWUN PANGAPUNTEN

seseg
sumpek
bunek
kawula ajrih
donyane mubeng
donyane peteng
kawula ajrih,
leres, kawula ajrih
kawula piyambakan
boten wonten kadang
boten wonten rencang
kawula lepat
dinten enjing kawula lepat
surupe nembe kawula eling
Gusti wonten lan sumerep
kawula tebih,
ngumbar hawa donya kang nggegirisi
nyuwun pangapunten
Gusti, kawula nyuwun pangapunten
kawula kesupen
leres, kawula kesupen

[ 9 ]Niken Devi Rosita

NYAWANG KATRESNAN

tibaning urip dicancang kere
dadya kere arupa buta
ngronce katresnan mring naradipa
katedhengan tembok Cina

lara laraning wong kinasih
kinasih sugihing bandha
bangun brayat segara asmara
tan ana yekti wibawa

impen samangsa
nalika sasangka purnama
prapteng panggalih ngandika
mokal tresnaning lara Ian manggala

[ 10 ]Niken Dewi Rosita

LELAKON

gandane godhong pandhan
sinawang kencar-kencar
nugel wreksa sesambatan
nglakoni urip keponthal-ponthal

sandhangan liman mawa sanjata
gadhing mangkeluk awujud manuk
kalis dening bebaya
amarga tata trapsila

kareben dalan pinuju nirwana
ojo lali marang Sing Kuwasa

[ 11 ]Niken Dewi Rosita

KEPATEN

mendhung ing Kaliurang
kasaput mega Bathara Kale
sepining mertapa
nyumingkir sake donya

yen tiba kala mangsane
lumaku ing tipise rikma
kagawa ombak mayapada
adoh saka manungsa

kemrosaking kahanan
peteng dhedhet tanpa cahya
dlanggung surem pinuju pati
senthir murup nyelakake ati

[ 12 ]Bandi Sarono

ELING

Esuk kang adhem tansah rumaket
Tansah rumaket gawa pesene suket
Lakune angin kang tansah ngajak gegojekan
Aku ora bisa, aku ora tumeka

Tumekaning kukila padha gegojekan
Anggawe rumegenging swasana
Padha elinga marang Kang Kuwasa
Mula bukane aja padha sembrana

[ 13 ]Nur Hidayah

LINTANG WENGI KANG GAWE ENDAH

Lintang wengi kang nyunari bumi
Gawe reseping ati
Muwuhi endahing wengi

Wengi tanpa lintang krasa sepi
Amarga wengi dadi peteng
Nanging yen ana lintang
Wengi dadi asri

Lintang kang sumunar
Aja ilang cahya endahmu
Amarga wengi dadi tanpa arti

[ 14 ]Nur Hidayah

KATRESNAN KANG DAKANTU-ANTU besut

Sumilire angin ing Kaliurang
Gawe hawa sangsaya njekut
Hanging iki katentreman kang dakantu

Kahanan kang sepi
Nambahi arti
Manawa urip kudu ngati-ati
Marang sakabehe prastawa kang dumadi

Kabeh manungsa saiki ora perduli
Kaya-kaya manungsa kuwi tanpa aji
Kabeh ora perduli marang ajining dhiri
Kabeh nglalekake Sing Kuwasa

Ana ing kahanan kang sepi iki
Aku bisa nemokake apa karepku
Manawa pancen katentreman kang akantu-antu

[ 15 ]Hemma Ratnaningsih

GARISING PESTHIMU

Gusti ...

Sempla atiku mapag garising pesthimu

Grantesing pangangen-angen iki

Kinira pupus wayah sore

Kusem ....

Sangsaya surem sunar kapacak

Lir ing panggayuh agung

Kelara-lara awak gumujeng kenceng

Rinengga samaring raharja

Lamun Gustinira paring seda

Kalisa luhing rubeda

Tinapak rancag ilining pahargyan langgeng

Jer awak netepi sedya [ 16 ]Hemma Ratnaningsih

SANGSARA GUSTI ING PUNCAK GOLGOTA

Gusti pepundhen kawula

Abdi dalem ngrerepeh nyungkemi Panjenengan

Tebah-tebah dhadha nggetuni urip

Gesang kebak kanisthan, kebak duraka

Amrih kawula Pangran kaputus ukum seda

Oh sukma delengen Gusti. Nampani pamenthangan

Mikul salib tindak menyang Golgota

Tansah dibebeda, dianiaya

Gusti pepundhen kawula

Panjenengane dhawah ... dhawah ... dhawah

Oh,sukmaku delengen Gusti sesembahanmu

Dilarak menyang pamenthangan

Panjenengane nandang kasangsaran nglabuhi aku

Nebusi kadurakan

Rama kang dadi panggujenge

"Rama, kawula masrahaken jiwa kawula ing asta dalem

kang maha gesang seda

sukmani banjur mabur ing taman firdaus

Dhuh Sang Hyang Alah

Seda anglebeti titah

Sumujud manembah marang Pangeran

Pungkasing ing donya tumuju kalanggengan

16

[ 17 ]Robyyantoro Hw.

SEMUT IRENG

semut kang baris golek pangan
ing tengahing kahanan sing ora mesthi
padha njerit Ian nangis
ndeleng polah lakune manungsa
kang gawe congkrahing ati
semut, geneya lakumu ora mandheg
ngadhepi kahanan mangkono?!

[ 18 ]Robyyantoro Hw.

SIRNA

Udan ing wengi tumiba
Nelesi lemah ati sing lara
Dakbukak maneh jendhelaku
Anggoleki tipak lakumu
Kang ilang kabur dening angin

Ing tawang
Katon gawang-gawang jejuwing ati

[ 19 ]A. Anies

PUCUKING PANGAREP-AREP

Gunung kang ana ngarepku
apa bisa aku ngranggeh sliramu
kang dakantu ana ing kalbu
bisaa sliramu marak ing ngarepku
pangarepku mung kaya watu
tan bisa konggreh sanajan kena santere bayu

[ 20 ]A. Anies

WEDHUS GEMBEL

Merapi kang dakngunguni
Endah sesawangane tumrapku
Ora saendah kaya kang dirasakake
korbane kang aran wedhus gembel

Merapi kang.katon ngresepake
Nanging bisa muntab yen dikersakake
Muntahe lahar kasuntakake
Saka Gusti kersane
Kanggo pepeling kabeh wae

[ 21 ]A. Anies

SUMILIRE ANGIN

Playune kang datan bisa kaoyak
Wujude kang datan bisa karengkuh
Rupane kang datan bisa kadeleng
Cacahe kang datan bisa kaetung

Nanging aku bisa ngrasakake
Tumekaning angin kang nrecep
Bisaa nyuntakake pangrasaku
Kang dakgurit ing pucuking kalbu

[ 22 ]Ratih Ratna Miin

BEDA

ing satemene urip
butuh tembung kang trep
agawe werna
Ian kelap-keliping
jagad ....

abang - ijo
ireng - putih
ala - becik
jalu - estri
padhang - peteng

agawe ramening
jagad ...

[ 23 ]Sri Widarti

JAMAN EDAN besut

jamane wis jaman edan
wong-wong padha nglanggar tatanan
apa maneh pa nom-noman
wis padha ora maelu aturan
amarga padha percaya marang sesumbaran
yen ora melu edan ora bakal keduman

[ 24 ]Sri Widarti

GUNUNG MERAPI besut

sliramu madeg jejeg ing sisih lor
nalika disawang saka Ngayogya
warnamu biru campuh karo langit
lan wujudmu yen daksawang endah-edi
ngresep ing atiku
ananging yen sliramu dakcedhaki
wujudmu mung rupa undhukan lemah kang dhuwur
sliramu uga arupa alas kang jembar lan arupa wit-witan
sliramu migunani marang bebrayan
bisa uga dadi memala tumrap manungsa

[ 25 ]Sunarta

PAK KARDI besut

Pak Kardi setaun kepungkur dadi kuli
saiki kebak bandha kang mrahanani
tangga teparo padha nyekseni
dheweke duwe barang kang nyubriyani

ujud bocah gundhul
menyang ngendi tansah gumandhul
yen wus tekan nuli ucul
yen bali nggawa emas sawakul

Pak Kardi, Pak Kardi......
marga gebyaring kadonyan
kowe nyebal saka kanyatan
nembus alam setan kebak kanisthan
kang nyingkirake saka kaswargan
kabeh ngerti kowe urip mulya
ranging mulya saka umbaring angkara
kang nggawa kabegjan donya
nyeret menyang dalane nraka

[ 26 ]Sunarta

PIWELING besut

Angin sumilir
nggawa weling mring manungsa
supaya eman marang sapadha
tansah eling kang Kuwasa

Angin sumilir
ngajak tansah mikir
kahaman jaman akhir
kang diwiwiti malaekat Tzroil

Angin sumilir
ngelingake aja nggugu nepsu
kang bisa gawe tatu
nyeret marang bebendhu

Tibane banyu tandha arep udan
aweh eling ja kabujuk setan
kang nggawa kacintrakan
ing akhiring jaman

[ 27 ]Anastasia Purwanti

SEPI besut

Kahanan ing ngarepku krasa sepi
ora ana wong kang ngliwati
mung hawa adhem kang dakrasa
era ana liya
Sepi

gawe atiku sepi
ora ana kang dakpikir
aku lungguh jroning sepi

[ 28 ]Rachmatullah Hadi N.

TANSAH ELINGA besut

Setan-setan ora katon
nonging wis podha mapan
aruming ganda lumebu ing grana
jebul mawa wisa
swara lumebu ing karna
jebul wijining memala
sesawangan kang endah
jebul godhane ibiis laknat

Hanging aja sumelang
kae...
ana teja manther sasada lanang
sapa kang gelem nyawang

[ 29 ]Rachmatullah Hadi N.

CAMPURSARI besut

Campuren nganggo etungan kang bener
udhaken nganggo banyu,
aja kesusu, aja nglemer
olehe ngetung kudu ditaker
pasang pathok kudu bener
ukuren manut gambar
golek tukang sing pinter
seiya ragad
aja mubeng minger
yen salah nyampure gawe lingsem
rusake gelis, kakehan breguden

[ 30 ]Andreas Willy S.P.

KALPIKA besut

kalpika endah saka kencana
tandha setya lan tresna kang kuncara
kapasang ing racikan dhiajeng
kanthi pangajab katresnan langgeng

[ 31 ]Andreas Willy S.P.

SWARA besut

ana swara ing alas randhu
keprungu Ian sumesep ing kalbu
kapisan swara jangkrik
kapindho swara pitik

kepengin dakdeleng
dakparani lan aku mudheng
jangkrik ngrikit suket
pitik nuthul jangkrik
katulis pikir salarik
apa mangkono swarga kang caket teka

[ 32 ]Fransisca S.

ANGIN besut

angin kang sumilir
alon ngusap raiku
angin kang sumilir
nggawa hawa adhem

angin ... angin kang sumilir
ngobahake godhong wit-witan
angin kang sumilir
nggawa swaraning kewan-kewan

[ 33 ]Fransisca S.

DONYA besut

Donya kang edi peni
Karyane Gusti
Manungsa
Kudu njaga mrih lestari
Marga donya rinipta
Kanggo kabeh manungsa

Nanging saiki
iki donya rusak
amarga tindak culika

yen mangkono, donya bisa musna
mula kudu kajaga

[ 34 ]Harry Yulianto

PIWELING besut

dhi.....
delengen kae
jurang mangap, gunung ngacung
apa kowe ora nganggep
jurang mangap nadhah paringing Gusti
gunung ngacung nyuwun mring Gusti

dhi....
aja kendhat anggonmu nyenyuwun
tuladna jurang lan gunung
muga Gusti nyembadani

[ 35 ]Harry Yulianto

PEPARINGAN besut

Bungahe atiku
rikala nyawang jumedhuling Bagaskara ing sisih wetan

minangka pratandha
binukane gapura tobat

[ 36 ]

Apin Mardesa Sari

SWARA besut

wus ... wus ... wus ... swara angin lumaku
krik_ ... krik ... krik ... Swara jangkrik
tetembangan
gug ... gug ... gug ... swara asu jegog nesu
srek... srek ... srek... swarane wong padha
mlaku
kuwi kabeh swaraning donya

[ 37 ]Apin Mardesa Sari

SEPI besut

kabeh meneng tan ana sing muni
jangkrik pamer swara
kabeh wong crita ngayawara
aku mung ngadeg angejejer Ian ngungun
nyawang kahanan
kang dadekke ati angluh

[ 38 ]Nurul Aini Sinta D.

BAGASKARA besut

Bagaskara
reneya, aja tansah isin amiyak tawang
sepi atiku, sepi batinku

Bagaskara
seksenana nalika godhongan
kangen cahyamu
seksenana nalika aku napak
midak sawernaning jiwa
ngilangi nyawa
tanpa krasa atiku merem
mbuwang tangis, nggayuh lintang
apa bisa?

Bagaskara
udan kang ndudul kulit
apa ngerti sawernaning swara
apa udan bisa ngebaki
sadawaning kali mati
ngebaki sepi

[ 39 ]Nurul Aini Sinta D.

BETENG SEMUT besut

O, beteng semut
rasane luwih dhuwur katimbang rasa
rasa kang Tansah mandeng bawana
sajroning beteng semut
kabeh rasa kang meh mati
sapa kang sedya ngopeni
paling mbuwang sepi
kumpul lan sedulur
karep bareng golek geni
Ah, ironil
nalika mlaku ing ngisor rodha pedati

[ 41 ]
Apresiasi dan Penulisan Kreatif Puisi Jawa
Suwardi Endraswara

1. Orientasi Apresiasi Puisi

Puisi Itu suatu tangisan, gugatan (unjuk rasa), detakan, greget, nyanyian, rintihan, dan lain-lain. Di dalam puisi ada emosi yang harus dikejar. Emosi itu bercampur manis dengan pikiran dan imajinasi.

Mengapresiasi puisi merupakan upaya memasuki dunia-nya secara suntuk melalui proses membaca dan menikmati. Pembacaan puisi dapat bersifat personal, yakni ketika mendalami puisi di kamar —misalnya—sebagai upaya pelarian psikologis. Hasilnya adalah kepuasan: mesam-mesem sendiri, iba, hi-ha-hi-hi, terbahak-bahak, mengernyitkan dahi, dll. Puisi menjadi pil mujarab atau obat jiwa.

Apresiasi dapat ditingkatkan lagi ke arah pembacaan kreatif-estetis, yakni ke arah 'penampilan puisi' atau pemanggungan. Dalam hal ini, puisi sudah menjadi komoditas: pamer, eksibisi, show, iklanisasi, dan terobosan komunikasi kepada audiens.

2. Apresiasi Puisi: Melalui tingkatan; menggemari, menikmati, merespons, dan memproduksi. Apresiasi perlu melihat: judul, pilihan kata, imaji, simbol, persajakan, tema. Kita perlu mengetahui macam-macam puisi Jawa.

(1) naratif, yaitu guritan yang mengungkapkan cerita atau penjelasan penyair. Yang termasuk guritan naratif adalah (a) epik, yaitu menjelaskan atau menceritakan sesuatu, misalnya Wengi ing Pinggir Bengawan [ 42 ](Moch. Nursyahid P, (b) balada. guritan yang berisi tentang tokoh yang menjadi pusat perhatian, misalnya Balada Joko Tarub (Suripan Sadi Hutomo) dan Balada Juwariyah Kembang Pelanyah (Poer Adhie Prawoto), (c) romcmsa, guritan yang memuat kisah romantik atau percintaan biasanya penuh luapan perasaan, misalnya Guritan Sinta Marang Rama (Tjahjono Widarmanto.

(2) Lirik, guritan yang mengungkapkan gagasan pribadinya. la tidak bercerita. la mencetuskan kandungan atau isi hatinya. Guritan ini dibagi menjadi (a) elegi, guritan yang mengungkapkan rasa duka, misalnya Elegi (Hartoho Kadarsono), (b) Ode pujaan terhadap tokoh atau tempat atau keadaan, contoh R.A. Kartini (TS Agrarini, (c) mantra (prothalmiori), biasanya berisi kekuatan semedi atau meditasi yang cocok Juga untuk antawecana ki dalang, misalnya Hong Ilaheng(R.M/ Wisnoe Wardhana).

(3) Deskriptif, yaitu guritan di mana penggurit bertindak sebagai pemberi kesan terhadap keadaan atau peristiwa, benda, suasana yang dipandang menarik perhatian. Termasuk jenis ini adalah (a)satirik, yaitu guritan yang berisi ejekan atau sindiran terhadap sesuatu hal, misalnya Jaman (Muhammad Yamin MS dan Adu Tiyasa (Andjrah Lelana Brata, Satire Menthok-Menthok (Suwardi Endraswara), (b) kritik sosial, misalnya Serere Adhuh Lae (Turiyo Ragilputro), (c) [ 43 ]impernionistik. guritan yang memberi kesan mendalam terhadap sesuatu, misalnya Saka Padesan (St lesmaniasita),

(4) Platonik. yaitu guritan yang memuat gambaran kejiwaan atau spiritual, misalnya Prau lelakonmu (Wieranta).

(5) Metafisikal yaitu guritan yang memuat nafas filosofis dan mengajak pembaca untuk merenungkan kehidupan dan Tuhan, misalnya Dewo Ruci(Wieranta).

(6) Konkrit, yaitu guritan visual yang dapat dinikmati keindahannya dari sudut pelihatan (poems for the eye), Kucing (Efix Mulyadi, dan Wong (Suwardi Endraswara).

(7) Diafan, yaitu guritan yang polos dan mudah dicerna, tanpa basa-basi.

(8) Gelap, yaitu guritan yang sulit dicerna, misalnya Nora Jodho (Carito YS) dan Sepiku Sepi Watu (Turiyo Ragilputro).

(9) Prismatis, guritan yang kaya dengan artistik dan estetik, semuanya dikemas selaras, misalnya Metamorfose (Krishna Miharja).

(10) pamlet, humor, demomtrasi, unjuk rasa, yaitu guritan yang berisi ajakan, bujukan kepada orang lain, mungkin juga diselingi humor. Guritan ini biasanya memuat protes sosial, misalnya Retno Rumanti Ian (Tandha Kurung)(Christanto P. Rahardjo).

(11) alegori, yaitu guritan yang menggunakan perumpamaan menyeluruh yang dimaksudkan untuk memberikan nasihat budi pekerti dan agama, misalnya Guritan Asu (Made Sudi Yatmana). [ 44 ](12) dramanik, yaitu guritan dengan dialog-dialog yang dapat dimainkan, misalnya guritan komedi yang menggelikan, misalnya Fragmen Minak Jinggo Dayun dan The Tragedy of Siti Rohana (Suwardi Endraswara).

(13) epigram, yaitu guritan yang melukiskan rasa keterusterangan, tanpa ditutup-tutupi, misalnya Epigram Seka Mbalokan (Bene Sugiarto).

(14) xenia, dari bahasa Yunani xenian (pemberian) atau persembahan, misalnya Pangestu (Anie Sumarno).

3. Tahap Penciptaan Puisi besut

Tahap penciptaan puisi meliputi (1) tahap penggalian, yang meliptu tahap (a) kepekaan, yaitu individu harus peka menangkap fenomena kehidupan, tangkaplah 'spirit' of age , misalnya, (b) sublimitas, yaitu setelah menangkap fenomena, seseorang dapat menyublimasi dengan cara membayangkan keagungan dan keindahan ciptaan Tuhan, (c) abstraksi, yaitu menghubungkan fenomena tadi dengan visi atau panorama dirinya, (d) pengeraman embrio, yaitu dengan merenungkan, menajamkan, memendam, dan mengerami (menepake) fenomena beberapa saat; (2) tahap penuangan, tahap ini merupakan peneloran embrio yang telah menjadi 'core meaning' atau bakal karya sejati. Pada saat ini, semua perasaan, pikiran, dan

kemauan dicurahkan. Karena itu, dalam pengekspresian ini perlu melakukan hal-hal lain, yakni (a) ersatz-stimuli (memikirkan konsumen karya tersebut dengan membuat 'the art of literature'), (b) wishful-thingking (mem-

[ 45 ]bayangkan impian kayal pembaca. apa yang diinginkan pembaca). (c) rethorika_(menguasai cara mengobar pembaca. misalnya dengan improvisasi dan akrobatik). (d) pathos (pengarang menaruh simpati dan empati ke dalam karyanya, merasa terlibat), (e) utopia (menghidupkan_karya dengan melanturkan_impian khayal), (f) obsesi (melamun, sehingga seperti orang kesurupan), (g) chaos (menciptakan situasi psikologis yang 'kacau-balau' seperti 'gila', (h) katarsis (memberikan rasa lega kepada pembaca, dengan menyelipkan nilai moral), (i) eksgerasi (pengungkapan yang dilebih-lebihkan, ditonjolkan agar memikat pembaca), (3) tahap koreksi, yaitu merevisi karya sebelum dilontarkan ke publik. Penulis adalah pembaca pertama. Bagian mana yang kurang greget harus dibesut, (4) tahap instrospeksi, yaitu mau menerima kritik dari pembaca.

4. Teknik Membaca Puisi besut

Teknik baca guritan menyangkut berbagal hal agar tampilannya lebih menarik, indah, komunikatif, dan segar. Teknik-teknik itu adalah pada kemampuan olah:

(1) vokal/ucapan, kejelasan artikulasi (misalnya ta, tha, hemm, emm, uh, Oh, huh, dll), kemerduan yaitu tekanan dinamik (keras- lembut; mas, massss, massssi, massss-masss), tekanan tempo (cepat-lambat) berbeda dengan reporter sepakbola dan pranatacara tetapi cukup las-lasan, ora kaya dioyak asu njur pengin ndang rampung (keponthal-ponthal), tekanan nada (kung, anggun, cemeng, mempesona, antep-entheng), dan modulasi (perubahan bunyi [ 46 ]desah. guntur, yang biasanya suara perut, bukan dada. tidak korupsi kata. Juga Jangan memberi tambahan 'sembako' kata;

(2) gerak. mimik dan penampilan. harus sesuai dengan tuntutan puisi. Artinya, gerakan tidak dilebih-lebihkan, di mana perlu saja (gerak_ reflek, melangkah, gelengkan kepala, angkat tangan) dan memang sulit memposisikan anggota badan (tangan) dalam pembacaan guritan. Gerak meliputi atraksi, akting, dan mimik. Lalu ada pembaca guritan seperti membawa benda sesungguhnya yang dituntut guritan, pegang teks seperti ceramah, disertai oceh-ocehan bibir, tembang, bersiul, dsb. Begitu pula perubahan mimik, semestinya wajar, tidak harus menangis yang dibuat-buat sampai membuat air mata buatan. Gerak perlu dikembangkan sampai mencapai klimaks agar pembacaan tidak datar (monoton), seperti membalikkan badan, pindah tempat meloncat, membanting kertas, menyebar.” kertas satu persatu, dll. Dengan kata lain gerak harus dipertimbangkan masak, harus beralasan, dan jangan over acting.

Pembaca guritan, juga perlu menciptakan situasi komunikatif. Artinya, sesekali memang tidak dilarang merespons_audiens, mendekati audien (asal tidak kebablasen). Namun, harus tetap hati-hati dengan siul- siul atau suit-suit, clemongan, dan godaan audien,

Pembaca: jangan sesekali menyebul dan mengetuk pengeras suara, kalau bisa pakai wairles, pengeras tidak dipegang, dan bersandar sepeda. [ 47 ]Pembacaan puisi; dapat dilakukan sendiri dan model kolaboratif. Keduanya tetap memperhatikan performing art (pertunjukan). [ 48 ]
PUISI JAWA MODERN
Poer Adhie Prawoto

Pendahuluan besut

Di dalam kesusastraan Jawa dikenal adanya genre guritan atau geguritan di samping adanya genre-genre yang lain, misalnya cerita pendek (cerkak), novel, roman, crita rakyat, tembang, babad, dan lain-lain. Guritan adalah puisi Jawa modern yang banyak ditulis oleh penyair (penggurit) sastra Jawa setelah zaman kemerdekaan. Kalau kita ingin membaca karya guritan adalah hal yang mudah bila kita berlangganan atau sering membolak-balik majalah dan surat kabar berbahasa Jawa, karena pada umumnya hampir tiap majalah atau surat kabar berbahasa Jawa membuka rubrik guritan pada lembar kesusastraannya, Bahkan bagi siswa-siswi SLTP dan SLTA sudah cukup sering mendengar adanya lomba membaca guritan karena hampir tiap tahun Kanwil Depdikbud Propinsi Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta, dan Jawa Timur menyelenggarakannya.

Menulis Guritan besut

Guritan memang nyaris tak berbeda dengan puisi modern di dalam kesusastraan Indonesia, Yang membedakan adalah medianya. Guritan ditulis dalam bahasa Jawa, sedangkan puisi ditulis dengan bahasa Indonesia, atau kadang-kadang bahasa Indonesia yang dicampur dengan bahasa Jawa (mungkin juga bahasa Inggris dan bahasa Cina), Guritan-pun ada yang dicampur sedikit-sedikit dengan bahasa Indonesia atau bahasa Inggris sepanjang pengguritnya tidak mampu [ 49 ]mencari padanan katanya dalam bahasa Jawa, atau bahkan secara sengaja disipkan bahasa Indonesia atau bahasa asing sebagai ramuan pemanis.

Pernah seorang teman bertanya, bagaimana cara menulis guritan? Mudah saja, jawabnya sudah tersiar pada majalah Penyebar Semangat belum lama ini (baca: PS, Na. 37, tanggal 11 September 2990 dengan judul “Gawe Guritan Iku Gampang!").

Menulis karangan (termasuk mengarang puisi atau guritan) sebenarnya adalah suatu peristiwa komunikasi. Kita menuliskan ide, gagasan, pikiran, untuk disampaikan kepada orang lain. Agar ide, gagasan, dan pikiran yang disampaikan kepada orang lain itu mudah diterima tentu saja arus menggunakan bahasa yang mudah dipahami. Dengan demikian, seorang penyair menulis puisi atau guritan perlu mempertimbangkan penggunaan bahasa yang sederhana.

Bumbu Artistik besut

Apabila guritan ditulis, dengan bahasa yang sederhana sudah cukuplah kerja penyairnya? Ternyata bahasa yang sederhana saja belum cukup untuk menjadi puisi/guritan yang baik, Maka penyair hendaknya menyediakan pula perangkat keindahan. Puisi sebaiknya dibumbui dengan keindahan bahasa berupa irama, pemilihan kata-kata yang liris, dan kekuatan makna yang dalam. Akan lebih sempurna pula bila karya puisi itu mengandung nilai-nilai universal agar lebih tahan waktu sehingga sanggup dinikmati kapan dan di mana pun.

Di bawah ini dikutipkan sebuah guritan karya Sri Setya Rahayu yang berjudul Sapa Jenengmu, Cah [ 50 ]Ayu? Guritan ini sangatlah sederhana, tetapi memiliki nilai universalitas yang cukup dalam. memenuhi syarat-syarat dalam hal penuangan ide. pemikiran. dan gagasan, mengandung irama dan teramat liris. namun dikemas dalam bahasa Jawa yang mudah dipahami oleh siapa pun. Demikian bunyinya:

SAPA JENENGMU, CAH AYU? besut

sapa jenengmu, cah ayu
yahmene durung turu
thenguk-thenguk ngisor waru
nyawang rembulan, sunare ungu
o, edi banget
dak cedhaki, eseme kumambang
panjenengan sinten?

aku wong ngumbara
dodol crita golek sega
mripate dadi amba, aku mesem
dak gandheng: muliha, mulih
eman-eman ayumu
eman-eman umurmu

cah ayu mesem, mripate surem
unjal ambegan dawa, menapa saged
yen ibu kula mboten kersa nampi
lan anak kula mboten wonten ingkang
ngopeni?

Setelah membaca guritan tersebut bayangan yang melintas di benak kita adalah peristiwa pertemuan [ 51 ]penyair dengan "cah ayu" ini menyiratkan banyak hal, di antaranya:

(1) pertemuan itu terjadi pada vvaktu malam hari

(2) ada perasaan senasib antara penyair dengan "cah ayu"

(3) "cah ayu' hidup menderita

(4) antara "cah ayu" dengan orang tuanya sedang terjadi konflik keluarga.

Di atas disebut 'bayangan' yang melintas di benak kita, karena puisi ini memang tidak pernah memberi informasi yang sejelas-jelasnya kepada kita. Puisi ini mengajak kita untuk meraba-raba, menduga-duga, dan merasakan 'sesuatu' yang dialami oleh penyairnya ketika bertemu dengan "cah ayu" di suatu malam yang indah.

Dan kenapa pula penyair menyebut "cah ayu tadi berdiam di bawah pohon 'waru' dan bukan di bawah pohon flamboyan atau pohon mangga, dan kenapa rembulan disebutnya berwarna 'ungu' dan bukan berwama kuning atau putih? Tentu saja hal ini adalah upaya penyair untuk memberi bumbu artistik(keindahan) dengan irama dalam persajakan (u, u, u, u). Viemang dalam membentuk irama dan lirik sebuah puisi penyair mempunyai banyak kiat. Irama dapat diletakkan pada akhir baris kalimat, tetapi juga dapat diletakkan pada kata-kata yang berderet dalam satu baris kalimat. Misalnya dalam kalimat 'dodol crita golek sega', tidak dapat diubah menjadi 'dodol crita golek pangan'. Suasana yang demikian tentu akan 'merusak' keindahan sebuah puisi. [ 52 ]Kiranya kurang tepat bila dalam tulisan ini saya banyak mengemukakan teori. Selama saya menjadi penyair saya memang tidak pernah belajar teori. Pada akhirnya teori-teori itu datang sendiri setelah saya belajar dan belajar menulis puisi. Mungkin secara tidak sengaja penemuan saya itu diaggap "teori oleh orang lain yang mengamati puisi saya.

Yang terpenting bagi kita adalah adanya keberanian untuk memulai menulis puisi, dan setelah itu ada keberanian pula untuk mengirimkan kepada redaksi. Setuju?!!! [ 53 ] Nulis guritan? Pengin nulis guritan? Sapa pengin nulis guritan? Poer Adhie Prawoto nate kandha, nulis guritan iku gampang. Arswendo Atmowiloto ngendika "mengarang itu gampang"?

Siji

Ing kene, aku ora ngrembug utawa rembugan panemu ing dhuwur mau. Miturut sliramu, nulis guritan iku gampang apa angel? Yen aku entuk urun panemu, nulis guritan gampang-ganipang angel (dijungkir uga kena: angel-angel gampang!) Milih siji endi, mangga. Sing terang, wong arep nulis guritan iku becike (kudu) ngerti hakekate karya sastra genre guritan.

Karana aku ora nemokake pangerten gegayutan karo hakekate guritan, becik dakaturake "apa hakekate" puisi - sawijine karya sastra sing nduweni "bongkot pucuk" memper guritan. Ing bukune "Teori dan Apresiasi Puisi", Dra. Ny. Raminah Baribin nulisng ene, "Puisi berarti ucapan yang dibangun; maksudnya ucapan yang tidak langsung." Meres teges sajroning ukara iku, guritan bisa ditegesi karya sastra sing diwangun kanthi basa 'sandi', tembung-tembung isyarat, kebak idiom-idiom sastra kanthi ancas cinipta sawijine karya sastra sing ora mung endah, nanging uga ngandhut nilai-nilai unifersal.

Dhuh, angel ditegesi ya? Wis becike ngene bae: guritan iku karya sastra Jawa sing isine pengin kandha "mengkene" nanging olehe ngomongake malah kanthi [ 54 ]"mengkono". Kandha ngalor nanging sing dikarepake mendhuwur! Mula saka iku, guritan beda karo crita cekak (ya jelas no), crita sambung. apamaneh sejarah utawa biologi. Beda!

Sadurunge nyemplung ing "praktek nulis guritan", saiki ayo nyoba mbedakake antarane guritan lan ilmu liyane. Upamane sejarah Ian biologi. Miturut panemune sapa? Miturut panemuku lan penemumu! Dudu panemune wong-wong sing mulih pasar. Mbedakake guritan Ian ilmu liyane iku ngenani sawijine perkara. Upamane bae ngenani donyaning tetuwuhan. Njupuk bae wit....glugu! Ngerti ta wit glugu? Wit glugu iku wit sarwaguna. Apa-apane kabeh kena dimanpangatake. Nanging eling Iho, yen ana bocah wadon kaya wit glugu, iku kurang becik. Wit glugu iku rak sing menek era mung wong siji loro ta? Dadi yen ana bocah wadon "akeh sing menek", ora becik. Hi hi hi hi....!

Digepokake karo sejarah, sejarah asal usule glugu, pirembugan bakal digandhengake karo asal-usule glugu, pirembugan bakal digandhengake karo asal-usule wit glugu. Iki upamane: yen bareng ditlusur menawa glugu iku -upamane- asale saka Nuswantara, ha mbok nganti kapan bae ora bisa diowahi dadi—upamane: glugu asale saka Portugis, Israel, utawa Ustrali. Ora bisa!.

Digepokake karo biologi, pirembugan bisa kupeng ing perkara —upamane— kalebu thukulan kanthi jenis oyod sing kepiye Ian mlebu perangan thukulan berkeping" pira. Yen sawi&e ana klasifikasi menawa glugu iku kalebu jinising thukulan "berakar serabut", arepa dijungkir walik tetep ora bisa dilebokake jroning [ 55 ]thukulan jinis "berakar tunggang". Semana uga yen wis digolongake minangka thukulan "berkeping kembar".

Iki beda yen perkara glugu dirembug adhedhasar "abang ijone" guritan. Glugu bisa didadekake lajerin rembug ngenani tresna jalu estri, utawa pasrawungan antarane titah Ian Gustine.

Ayo saiki nyoba bareng-bareng gawe guritan kanthi milih tembung "glugu" minangka undheraning perkara. Ewasemana sadurunge tembung "giugu" minangka undheraning perkara. Ewasemana sadurunge tembung iku ditetesake dadi pirang-pirang tembung sing mengkone nglumpuk dadi ukara-ukara, ora ana alane aku lan sliramu tepung luwih cedhak ngenani cirikhase glugu, upamane:

- Blegere lempeng, ora cawang-cawang, lan dedege dhuwur.

- Uwohe, yen isih cilik jenenge bluluk, bareng rada gedhe dijenengi cengkir.

mundhak maneh duwe jeneng degan, banjur yen wis diwasa aran krambil.

- Yen kembange - jenenge manggar - dideres bisa metu legene(wong Kebumen

ngarani "sajeng" - saka tembung kersane kanjeng?)

- isih ana maneh, nanging goleka dhewe (he he he.....ngguyu!)

Langkah sabanjure yaiku milih tema. Yen temene perkara tresna (upamane kepengin nelakake tresna marang wong sing digandrungi) bisa nulis ngene:

(Irah-irahan bebas)

glugu sing daktandur jroning atiku terus dakxabuk sadawane wektu [ 56 ]kareben mbesuk tembe bisa kembang lan uwohe thukul ing taman "smaramu"

Sliramu bisa mbiji miturut ukuranmu dhewe-dhewe ngenani tembung sing dipilih: pas utawa ora. Awit sapa ngerti sliramu bisa nemu tembung sing luwih mathis, luwih manis, Ian luwih puitis. Saliyane iku, diwawas saka babagan "mutu", sliramu uga bebas mbiji. Dibiji apik hiya kena, biasa-biasa bae ora ana sing nglarang, Ian dibiji uelek (elek banget) aku hiya ora muring. Bebaslah! Awit ancasku mung kepengin ngaturake; sepisan, wit sing ing sadhengah papan ana, pranyata kena kanggo lelantaran nelalake katresnan. Kapindho, "tembung kunci" - yaiku glugu mujudake tembung lumrah. Semana uga tembung-tembung sing mangun dadi untingan (bait). Katelu, guritan sing dumadi saka patang larik iku wis ngompliti syarat "pengin kandha mengkene" nanging olehe ngomongake malah kanthi "kandha mengkono".

Sauntara iku, yen aku lan sliramu kepengin nelakake anane iman marang Gusti Kang Akarya Jagad, bisa kanthi nulis mengkene;

iki cahya-Mu, manther saka pucuk glugu

dhuwur ngungkuli mahameru

cendhak sangisore dlamakan suku

perbawane cahya gumilang

dadiya panulaking sesiku

ana kalane obor kena pepati

nanging panjingna obor kalanggengan ing gluguning ati

Nah, kaya guritan sing kapisan, guritan kapindho iki uga ora uwal saka perkara "glugu". [ 57 ]Nanging beda karo guritan kapisan. guritan kapindho iku temane religius. Guritan sing dicipta karana si panggurit kepengin nganakake "komunikasi" kaso Sang Khalik.

Wis ngono bae. Aku ora arep ndedawa rembug. Aku pengin nantang sliramu. Apa sliramu temen-temen pengin nulis guritan? Yen iya, ayo nulisa saiki! Nulisa miturut kabisanmu, miturut daya kreativitas lan imajinasimu. Yen wis dadi, tulisan iku arep kokkapakk, karepmu. Arep nyoba dikirim ing majalah kena, disimpen uga apik. (Sssst, ing Ngayogyakarta kene ana majalah "Pagagan". Kirimen mrana. Insya Allah diemot!)

Loro

Ngeni peso, ta? Peso ing pawon gunane kanggo rajang-rajang. Yen duweke tukang jagal digunakake kanggo ngiris daging. Peso sing tansah digunakake lan diasah bakal katon gilap lan landhep. Suwalike, landhepa kayangapa, yen ora nate dienggo, mung dislempitke ing gapit gedheg, tundhone bakal tiyengen- karaten.

Nah, pikiranku lan pikiranmu uga kaya peso iku. Yen era nate digunakke kanggo mikir, pikiran malah dadi kethul. Kareben mikir, aku lan sliramu butuh tantangan. Perlu ngadhepi perkara sing sipate isih semu siningid. Ora cetha wela-wela. Ora nglegena. Ora telanjang. Saiki ing ngarepmu ana tantangan: tantangan gawe guritan, sawise (banget) sethithik ngerti apa lan kepiye guritan iku. Piye?

Ngendikane Mas Suryanto Sastroatmodjo, yen pengin ngarang aja nggugu gugon tuhon. Ayo [ 58 ]ngaranga linandhesan aji dhiri lan kapribadenmu sawutuhe!