Wulang Basa Jilid 2
WULANG
BASA
.
JILID 2
WULANGAN
BASA JAWA
SEKOLAH DASAR
.
KELAS 2
penerbit
INTAN
Wulang Basa
Jilid 2
Wulangan Basa Jawa
Sekolah Dasar
Kelas 2
Edisi Kapisan
1981
Penerbit INTAN
Racikane
Drs. Much Sahid
Drs. Wahyudi Soejono
Istandar Handipranoto, B.A.
Hisyam Zaini, B.A
Siswadi, B.A.
Kanwil Dept P kan K Prop JATIM
No : 313/104.1/T4 81
Kita telah melaksanakan Keputusan Menteri Pendidikan dan Kebudayaan R.I. No : 008.C / U / 1975 tentang Pembakuan Kurikulum Sekolah Dasar sejak tahun 1976. khusus untuk pelaksanaan Bab IV, pasal 6 ayat 3 yang berbunyi : "Bahasa Daerah merupakan bagian Bidang Studi Bahasa Indonesia, khusus bagi sekolah di Daerah yang memerlukan pelajaran Bahasa Daerah". Dalam hal ini kami telah dapat menyusun Garis-Garis Besar Program Pengajaran (GBPP) Bahasa Daerah untuk SD dan dapat dipakai mulai tahun ajaran 1980/1981.
Kiranya kurang lengkaplah bila keluarnya GBPP tersebut tanpa disertai dengan buku-buku pelajaran bahasa Daerah.
Oleh karena itu, kami merasa gembira dan terimakasih kepada para penyusun buku Bahasa Daerah yang telah berhasil menyusun buku Wulang Basa , buku pelajaran Bahasa Daerah untuk Sekolah Dasar sesuai dengan GBPP Bahasa Daerah yang kami keluarkan, sehingga ika tersebut sementara dapat menunjang pelaksanaan pendidikan Bahasa Daerah (Jawa) pada SD — SD di Jawa Tengah. [ Kata Pengantar ] Harapan kami, semoga dengan terbitnya buku Wulang Basa ini akan lebih memperlancar pelaksanaan dan pencapaian tujuan pelajaran Bahasa Daerah. Hal ini sesuai pula.dengan pidato Bapak Gubenur Kepala Daerah Tingkat I Jawa Tengah pada Lokakarya Bahasa dan Sastra Daerah Jawa Tengah di Semarang pada tanggal 29 Maret 1979, yang hakekatnya mengharapkan agar Bahasa dan Sastra Daerah dapat dibina dan dilestarikan.
Propinsi Jawa Tengah
{Drs. KOESTIDJO )
Nuwun, para nupiksa.
Wontenipun kula sakanca ndhapuk Buku Wulang Basa Kangge Sekolah Dasar punika, esthining manah kula amung kepengin ndherek nguri-uri Basa Jawi tetilaraning para leluhur, ingkang satuhu adi luhung.
Wedaling Buku Wulang Basa punika nyerangi saha nyengkuyung dhateng cak-cakaning Kurikulum Sekolah Dasar 1975 ing babangan Basa Jawi. Mila, pandhapukipun buku punika sampun kadamel keplok, salaras kaliyan GBPP-nipun pisan ingkang dipun wedalaken dening Kantor Wilayah Departemen P dan K Propinsi Jawa Tengah.
Mugi-mugi Buku Wulang Basa punika saged suka sumbangsih sawatawis tumraping kemanjenganipun Basa tuwin Bangsa punapa dene Negari ingkang nedheng-nedhengipun sengkut gumregut ngyahi Pembangunan Agung adhedhasar Pancasila tuwin Undang-Undang Dasar 1945.
Nuwun.
Semarang, surya kaping 1 Nopember 1980
Aturipun para pandhapuk
Wulangan 1 |
1 |
Wulangan 2 |
9 |
Wulangan 3 |
18 |
Wulangan 4 |
27 |
Wulangan 5 |
37 |
Wulangan 6 |
46 |
Wulangan 7 |
56 |
Wulangan 8 |
66 |
Wulangan 9 |
76 |
Wulangan 10 |
85 |
Tindakna!
Handana | : | Ning, nong, ning! Ning, nong, ning! |
Bapak | : | Apa ta Han, kok jogedan? |
Handana | : | Kula seneng, Pak! Ning, nong, ning, gung! |
Bapak | : | Buku apa ta kuwi? Kok dienggo jaranan? |
Handana | : | Jaran negar momot wajik, Handana bingar rapote apik! |
Bapak | : | Ning, nong, ning, gung. Dlang gentak, dlang gung! Ha ha ha ha ha! |
Ibu | : | Tobil, tobil! Iki mau reyogan ta, Han? |
Handana | : | Inggih, Bu, kula seneng sanget! |
Bapak | : | Kuwi lho, Bu! Handana munggah klas loro, terus reyogan! |
Ibu | : | Coba, gawanen rene! Rapot kok dienggo jaranan! |
Handana | : | Mangga, Bu! Hi hi hik! |
[ 2 ]B. Wacanen kang patitis, kedalna sing trep!
1. a. Banyune bening.
b. Beninge kaya kaca.
2. a. Klambine kuning.
b. Kuninge kaya kembang kenanga.
3. a. Bulikku tindak.
b. Bulike Aji ana ngomah.
4. a. Praba duwe pitik.
b. Pitike Praba telu.
5. a. Itak duwe jangkrik.
b. Jangkrike Itak ngerik.
II. Maca titi
[ 3 ]A. Wacanen sing titi!Handana putranipun bapak Budya.
Larenipun pinter tur sregep.
Saben dinten Handana mempeng sinau.
Kala klas satunggal sampun wantun sekolah piyambak.
Manawi sinau boten sisah dipun dhiwuhi.
Handana purum sinau piyambak.
Bukunipun resik, dipun samaki.
Handana minggah klas kalih.
Rapotipun sae, malah nomer satunggal.
Kanca-kancanipun seneng sahan Handana.
Handana lare grapyak.
B. Wangsulana kang patitis!
- Handana putrane sapa?
Handana putranipun.... - Handana klas pira?
Handana klas.... - Piye sinaune?
Sinaunipu..... - Yen sinau apa ndadak didhawuhi?
Sinaunipun..... - Piye rapote Handana?
Rapotipun sae, malah .....
6.Geneya kancane padha seneng karo
Handana?
Amargi Handana lare .....
III. Latihan
A. Tuladha:
a. Rapotipun Handana sae, rapot kula .....
b. Rapotipun Handana sae, rapot kula awon.
Gawenen kaya tuladha!
1. Griyanipun Handana tebih, griya kula ....
2. Wit cemara punika inggil, wit kenanga punika ....
3. Adhinipun Bima pinter, adhi kula .....
4. Toya sumur bening, toya lepen ....
5. Adhi kula lema, adhinipun Darwis ....
6. Liman punika ageng, kancil punika ....
7. Gendhis reginipun awis, sarem reginipun....
8. Handana sregep, adhinipun....
9. Wisnu kendel, Wahyu....
10. Bukunipun Martini kandel, bukunipun Susi ....
B. Tuladha:
a. Bapak maos .....
b. Bapak maos koran.
Rampungna kaya tuladha!
- Embah ngunjuk .....
- Budhé dhahar...
- Ibu mundhut....
- Pak Mantri mriksani ......
- Bu Guru nimbali .....
- Handana ngampiri .....
- Nursih makani .....
- Bulik ndulang .....
- Tarmana nggoncengaken .....
- Maryati nanem ......
C. Tuladha:
a. Bapak dereng siram.
b. Bapak durung siram.
Gawenen ngoko kaya mladha!
- Ibu dereng kondur.
- Budhe saweg sare.
- Pak Dhokter sampun wungu.
- Bapak badhe tindak.
- Bulik mundhut uwos.
- Embah ngunjuk jampi.
- Pakdhe mriksani ringgit tiyang.
- Pak Pak Pringga lenggahan piyambak.
- Guru maos serat kabar.
- Pak Guru jumeneng wonten ngajeng klas.
D. Wacanen kang patitis banjur turunen!
- Suyud ngingah peksi glathik.
- Pesonipun Panut kethul.
- Badrun ngangge rasukan bathik.
- Lawuhipun bothok urang.
- Jadahipun dipun thothol ayam.
- Santenipun kirang kenthel.
- Welas dipun slenthak kapal.
- Segawonipun Yohan nglethak balung.
- Andri tumbas gethuk lindri.
- Rasukan kula kecanthol Pikun
IV. Tembanana bebarengan!
Dakpethik pethik kembang melathi,
daksebar sebar ngareping puri,
rame swarane samya sesaji,
dak asurak-surak hore!
6 [ 9 ]I. A. Pacelathon
Tindakna!
Praba | : | Dhik Aji, Simbah kae Iho! |
Aji | : | O iya! Simbah rawuh, Simbah rawuh! |
Itak | : | Cimbah lawuh, Cimbah Tawuh, aku ceneng! |
Simbah | : | Iya iya, kene kene, iki ditampani! |
Praba | : | Inggih, Mbah! Kula tasipun! |
Aji | : | Kula pisangipun, Mbah! |
Itak | : | Kula lambutan, Mbah! Paleng, Mbah? |
Ibu | : | Lho, Iho, iki piye ta! Kok oleh-olehe sing ketok! Cah-cah ki, wis ta nakale! Mangga mangga, Bu! |
Simbah | : | Lumrah ta, wong bocah cilik! |
Itak | : | Itak ola nakal kok, Bu! Itak pintel! |
Simbah | : | Iya iya, Itak pinter! Kabeh pinter, kabeh bagus! |
- Simbah ngasta jadah.
- Jadahe gurih.
- Embahe Aji daleme Gesi.
- Rikmane Embah putih.
- Putihe kaya kapuk.
- Bapak kagungan sawah.
- Sawahe Bapak amba.
- Bu Lurah durung rawuh.
- Rawuhe mengko sore.
II. Maca titi
Embahipun Itak, Aji lan Praba rawuh.
Dalemipun Embah ing dhusun Gesi.
Manawi rawuh sok sekaliyan, kala-kala piyambak.
Anggenipun ngasta angsal mbrengkut.
Angsal-angsalipun warni-warni.
Pisang ambon, pisang raja, lan pisang kepok.
Embah ugi ngasta rambutan.
Jadah inggih ngasta.
Jadahipun gurih sanget.
Praba, Aji, lan Itak sami bingah manahipun.
Lare tiga lucu sadaya.
Ibu lan embahipun boten kendel-kendel anggenipun
nggujeng.
B. Wangsulana kang patitis!
- Sapa sing rawuh?
Ingkang rawuh ..... - Embahe Praba daleme ngendi?
Embahipun Praba dalemipun .....
- Embah ngasta apa?
Embah ngasta angsal-angsal ..... - Geneya Ibu lan Embah ora kendel-kendel anggone nggujeng?
Amargi lare-lare sami .....
III. Latihan
A. Tuladha:
- Jadahipun .....
- Jadahipun gurih.
Rampungna kaya tuladha, pilihen tembung sing cumawis ing ngisor!
- Asem punika raosipun .....
- Gereh punika .....
- Jampi ron kates punika .....
- Sambel punika....
- Lisah klentik punika .....
- Jampi wos kencur punika .....
- Jeram purut punika raosipun .....
- Anggenipun njangan raosipun .....
a. cemplang |
e. pedhes |
12 [ 13 ]B. Tuladha:
- Embah ..... oleh-oleh.
- Embah ngasta oleh-oleh.
Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog, kaya tuladha!
- Ibu ..... jamu.
- Jayus ..... wedhus.
- Mangil ..... krambil.
- Jarot ..... potelot.
- Pedro ..... peso.
- Bina ..... buku.
- Bambang ..... kembang.
- Tarmi ..... klambi.
- Dullah ..... kolah.
- Lanjar ..... latar.
c. Tuladha:
- Mursid (nyunggi, mikul, nyengkelit) arit.
- Mursid nyengkelit arit.
Tembung njeron kurung pilihen sing cocog, kaya tuladha!
- Bulik (ngindhit, nggendhong, nyunggi) adhik.
13
- Parmun (nglecepi, nguliti, ngonceki) pelem.
- Potelote Wanti (kethul, bujel, gowang).
- Ratih (nyamaki, mbunteli, mungkus) bukune.
- Bolahe (pedhot, tugel, putung).
- Swarane Bima (banter, rikat, seru).
- Nursih (nyurung, nggeret, netah) adhine.
- Pakdhe (ngaturi, ngundang, nimbali) Mas Bima.
- Rini (ngresiki, ngumbah, mususi) beras.
- Wetenge (ngelu, ngethok, mules).
D. Tuladha:
- Ibu tindak pasar.
- Ibu tindak ngendi?
Gawenen ukara pitakon kaya tuladha, mganggo tembung: ngendi, pira utawa sapa!
- Sinta saka Surabaya.
- Bukune Marni ana njero lemari.
- Bebeke Jupri pitulikur.
- Buku iki regane telung atus rupiyah.
- Tarmana nggoncengake Wisnu.
6. Sing rambute cendhak kae Sumiyati.
7. Kae pakdheku.
8. Putrane Budhe loro.
9. Bapak tindak Sala.
E. Wacanen kang patitis, banjur turunen!
- Dhadhane Siwa tatu.
- Hawane adhem.
- Kucinge Dhidhit nyolong dhendheng.
- Dhuwite Sumiyati dicelengi.
- Mbak Murni tuku endhog asin.
- Yen kesed sinau mesthi bodho.
- Bandi nabuh bedhug.
- Landhung mendem gadhung.
- Kae swara bendhe.
- Sirahe Bandhot ketiban bendho.
V. Turunen banjur tembangna!
Padhang Bulan
Yo pra kanca dolanan ing jaba,
padhang bulan padhange kaya rina,
rembulane ne angawe-awe,
ngelingake aja padha turu sore.
Tindakna!
Swara Pitik | : | Gong gong petog! Gong gong petog! |
Praba | : | Dhik Aji, pitike ngendhog maneh, Dhik! |
Aji | : | Nek petog-petog ki ngendhog ta, mas? |
Praba | : | Iya, mesthi! |
Itak | : | Ngendhoge wis pila, Mas! |
Praba | : | Ya ben, Dhik, Dhik Itak isih pelo kok! |
Aji | : | Wis lolas! Ngleti pa ola lolas? |
Itak | : | Ngleti wae! Cepuluh kalo lolota! |
Praba | : | Dhik Aji aja nakal! Aja nirokake dhik Tak! |
Aji | : | Mesakke ta, Mas? |
Praba | : | Lha iya! Malah wurukana! Suk, yen endhoge wis netes takwenehi! |
[ 19 ]
Aji | : | Suk dadi pitik kabeh, Mas? |
Itak | : | Aku ya njaluk ya, Mas! |
Praba | : | Iya, suk takwenehi, anggere ora nakal! |
B. Wacanen kang patilis, tembung sing cap-capane kandel kedalna sing trep!
1. a. Siwa panen semangka.
b. Semangkane gedhe-gedhe.
2. a. Aku duwe kanca.
b. Kancaku akeh.
3. a. Jarot ngingu pitik.
b. Pitike Jarot lemu-lemu.
4. a. Aku duwe bulik.
b. Bulikku dadi pramugari.
5. a. Murti tuku payung.
b. Payunge Murti kembangan.
6. a. Aku duwe sarung.
b. Sarungku anyar.
7. a. Retna methiki lombok.
b. Lomboke abang-abang.
8. a. Aku tuku kompor
b. Komporku sing lawas rusak.
19
A. Wacanen sing titi!
Praba ngingu pitik. Pitike Praba ngendhog.
Endhoge rolas. Sing papat didadar, sing wolu diengremake. Sing pitu netes, sing siji kopyor.
Praba seneng banget, banjur tetembangan:
Aku duwe pitik, pitik tukung.
Saben dina takpakani jagung.
Petog, gog gog, petog petog!
Dhoge wolu, dakngremake netes pitu. [ 21 ]Kabeh trondhol tanpa wulu.
Mendhal-mendhol gawe guyu.
Praba seneng atine.
Adhine diwenehi loro-loro.
B. Wangsulana kang patitis!
- Praba ngingu apa?
Praba ngingah ..... - Pitike Praba ngendhog pira?
Ayamipun Praba nigan ..... - Endhoge sing didadar pira?
Tiganipun ingkang dipun dadar ..... - Sing netes cacahe pira?
Ingkang-netes ..... - Adhine diwenehi pira?
Adhinipun dipun sukani .....
III. Latihan
A. Tuladha
a. Endhoge wis......
b. Endhoge wis netes.
1. Srengengene durung .....
2. Rembulane wis .....
3. Kembange durung .....
4. Payunge ora bisa
5. Adhiku wis .....
6. Lampune wis .....
7. Wedange durung .....
8. Segane durung .....
9. Udane durung .....
10. Banjire durung .....
a. surut
b. terang
c. mateng
d. umob
e. murub
f. mlethek
g. ndadari
h. mekrok
i. megar
j. lair
B. Tuladha:
a. ngingu - Praba - pitik
b. Praba ngingu pitik.
Gawenen ukara kaya tuladha!
1. Pak Dhokter - laraku - nambani
2. ndandani - Bapak - pager
3. bonekah - nggendhong- Samirah
4. Rapingun - jaran - ngajari
5. mbunteli - Budhe - tempe
6. radhio - nyetel - Pedro
7. tamu - Bapak - nemoni
- makani — Nasrun — manuk
- adhine — Ratih — nggocengake
- Parwi — anggrek — nandur
C. Tuladha:
a. Praba ngingu pitik.
b. Praba ngingu apa?
Gawenen pitakon nganggo tembung: apa, sapa, utawa pira!
- Endhoge sing didadar papat.
- Kae pitike Praba.
- Praba ngingu bebek.
- Bebeke Rudi sanga likur.
- Pitike Praba dipakani jagung.
- Kuthuke sing loro diwenehake Aji.
- Itak diwenehi loro.
- Kuthuke dipakani menir karo katul.
- Endhoge digoreng Ibu.
D. Tuladha:
a. Anak ayam namanipun ......
b. Anak ayam namanipun kuthuk.
Rampungna kaya tuladha!
- Anak bebek namanipun ......
- Anak menthog namanipun ......
- Anak peksi namanipun.....
- Anak kucing namanipun.....
- Anak segawon namanipun.....
- Anak menda namanipun.....
- Anak lembu namanipun..........
- Anak maesa namanipun.....
- Anak kapal namanipun.....
- Anak tikus namanipun.....
E. Wacanen kang patitis, banjur turunen!
- Rus, pitike pakanana!
- Sur, Hardiman gugahen!
- Jan, adhimu. terna!
- Le, mangkata saiki bae!
- Sum, adhimu wenehana separo!
- Sri, buku iki wenehna Bambang!
- Pras, pitike cekelen!
- Lis, dhik Ana salinana!
- Mur, duren iki caosna Simbah!
- Yon, Pakdhe aturana tindak rene!
IV. Wacanen kang patitis!
Wulung, wulung, ana wulung.
Wulung ing awang-awang.
Trondhol, ana wulung!
Wulung akekalang.
Jalumu thukna ge!
Wulung mabur wedi dhewe!
Tindakna!
Buta Rambutgeni
Buta | : | He he he he he! Ora ana udan, thik ana bledheg nyamber-nyamber! |
Gathutkaca | : | Tamatna, iki satriya Pringgadani, dudu bledheg! |
Buta | : | Hehehehe he! Bojleng-bojleng, sapa jenengmu? |
Gathutkaca | : | Bima putra, ya Gathutkaca! Sapa pracekamu, Buta? |
Buta | : | He lha dalah! Ora ana loro, mung aku sing jeneng Buta Rambutgeni. |
Gathutkaca | : | Aja ganggu gawe, prajuritku arep liwat! |
Buta | : | Ora kena liwat ngalas kene! Ayo, balia bae! |
Gathutkaca | : | Besuk ora gelem, saiki ora gelem! |
Buta | : | Wani karo aku, Gathut? |
[ 28 ]
Gathutkaca | : | Rangkepa sayuta, ora bakal wedi aku! |
Buta | : | Mudhuna! |
Gathutkaca | : | Munggaha! |
Buta | : | Ora sudi, aku ora bisa! |
Gathutkaca | : | Dakudhuni aja mlayu! |
Swara gamelan | : | Ning ening, ning ening. Nung enung, nung enung |
B. Wacanen kang palis. jamah sing cap-capane kandel kedalna sing trep!
- Golekna kayu sing dawa.
- Dawane watara limang meter.
- Praba duwe kanca
- Kancane Praba akeh.
- Basuki lunga.
- Lungane karo Taya.
- Murti teka.
- Tekane dhek wingi sore.
- Agung lara.
- Larane wis telung dina.
A. Wacanen batin
Raden Gathutkaca satriya ing Pringgadani. Raden Gathutkaca kondhang peng-pengan, sekti mandraguna. Otot kawat, balung wesi, sungsum gegala. Kulit tembaga, driji gunting, sikut palu, dhengkul paron.
Raden Gathutkaca ngagem kotang antrakusuma, marakake bisa mabur tanpa elar. Nalika samana Raden Gathutkaca pinuju ngarak prajurite. Raden Gathutkaca ngam[ 30 ]
Bareng ngerti yen sing nothok kuwi Raden Gathutkaca, banjur dadi perang. Buta Rambutgeni sabalane kalah kabeh. Ana sing mati, ana sing mlayu.
B. Wangsulana kang patitis!
- 1. Raden Gathutkaca iku satriya ing ngendi?
- Radén Gathutkaca Punika satriya ing .....
- 2. Kang antrakusuma iku bisa marakake apa?
- Kotang antrakusuma punika sagèd murugaken .....
- 3. Dhengkule Raden Gathutkaca dipindhakake apa?
- Dhengkulipun Raden Gathutkaca dipun upamekaken kados .....
- 4.Ana ing alas Raden Gathutkaca kepethuk sapa?
- Wonten ing wana Raden Gathutkaca kepapag ..... [ 31 ]5. Raden Gathutkaca banjur perang karo buta Rambutgeni. Sapa sing menang? Ingkang mimpang.....
6. Satriya iku watake kepriye? Satriya punika remen .....
III. Latihan
A. Tuladha:
a. Buta Rambutgeni dithothok.....
b. Buta Rambutgeni dithothok sirahe.
Rampungna kaya tuladha!
1. Sukir dijewer.....
2. Murti dijambak.....
3. Uning dislenthik.....
4. Iwan diculeg.....
5. Bagong ditekak.....
6. Badri dicuwowo.....
7. Manan dipithes.....
8. Malinge dibanda.....
9. Praba dijegal......
10. Yanti digablog.....
B. Tuladha:
a. Gathutkaca satriya ing.....
b. Gathutkaca satriya ing Pringgadani. [ 32 ]Rampungna kaya tuladha!
1. Werkudara satriya ing.....
2. Janaka satriya ing.....
3. Nakula Sadewa satriya ing.....
4. Samba satriya ing.....
5. Angkawijaya satriya ing.....
6. Prabu Puntadewa ratu ing.....
7. Prabu Kresna ratu ing.....
8. Prabu Baladewa ratu ing.....
9. Prabu Suyudana ratu ing.....
10. Prabu Dasamuka ratu ing.....
C. Tuladha:
a. Sukir nonton wayang, Bapak.....kethoprak.
b. Sukir nonton wayang, Bapak mriksani kethoprak.
Gawenen kaya tuladha!
1. Iwan ngombe teh, Embah ..... kopi.
2. Wanti mangan rujak, Ibu.....lotis.
3. Rusmi maca buku crita, Bapak.....koran.
4. Rambat ngrungokake critane Badrun, Pakdhe.....radhio.
5. Lasmi tuku buku wacan, Bapak.....buku catur.
6. Mukti lunga ngaji, Ibu ..... jagong.
7. Drijine Ranta keperang, ..... Bulik kecethit.
8. Aku wis tangi, Embah durung .....
9. Bocah-bocah wis padha teka, Bu Guru durung .....
10. Tangane Rusdi kebledhosan mercon, ..... Bapak kesiram wedang.
D. Tuladha:
a. .... kliyeng-kliyeng.
b. Sirahe kliyeng-kliyeng.
Ceceg-ceceg iki isenang tembung sing mathuk!
1. ..... cekot-cekot.
2. ..... dheg-dhegan.
3. ..... kriyap-kriyip.
4. ..... krucak-krucuk.
5. ..... plerak-plerok.
6. ..... klirak-klirik.
7. ..... megal-megol.
8. ..... glogap-glagep.
9. ..... mencap-mencep.
10. ..... theklak-thekluk.
33
- Dadi Wayang
- Yo, dha dadi wayang.
- Andhi dhang gling gling.
- Andhi ndhang po po.
- Sapa tandhing buta ijo.
- Takcakot nganggo siyung,
- nganggo siyung.
- Irungmu mesthi gerumpung
V. Gambar iki critakna !
A.
[ 37 ]I. A. PacelathonTindakna!
Itak | : | Hi, aku wedi! |
Praba | : | Ana apa ta, Dhik Tak? |
Itak | : | Kae, ana uwong ilunge gedi, mlipate bundel abang! |
Ibas | : | Dhik Tak, aja wedi! Wong aku nganggo topeng, kok! |
Praba | : | Copoten, Mas Bas |
Ibas | : | Ba da la! Rak aku tenan ta, Dhik Tak! |
Itak | : | O iya! Aku ola sida wedi. Nyilih, Mas! |
Praba | : | Aku we, Dhik, sing nyilih! Kowe kegedhen! |
Itak | : | Aku gawekna ya, Mas! |
Ibas | : | Ya, mengko dak gawekke sing irunge dawa. Dhik Praba barang mengko dak gawekke. |
Praba | : | Aku sing ilate melet ya, Mas! |
Ibas | : | Iya, anggere aja nakal! |
[ 38 ]B. Wacanen kang patitis!
- Aku duwe topeng.
- Topenge dakenggo topengan.
- Aja seneng pamer.
- Bocah-bocah padha nonton pameran.
- Bakal anyar aja disuwek.
- wis ana suwekan.
- Aku seneng pelem golek.
- Pelem golek dadi golekan.
- Gerbonge wis digandheng.
- Praba gandhengan karo adhine.
II. Maca titi A. Wacanen sing titi!
Baswara wis bisa gawe topeng. Topenge medeni. Irunge gedhe, mripate abang mentholo. Untune mringis, nganggo siyung kaya buta.
Bareng dienggo, Itak weruh, wedi, Praba nyedhaki adhine karo takon. Baswara Selak mesakake adhine. Topenge banjur di-
[ 39 ]
Bocah telu padha topengan lan banjur padha jogedan.
B. Wangsulana kang patitis!
- Sapa sing topengan?
Ingkang topengan ..... - Sapa sing wedi?
Ingkang ajrih ..... - Bareng topenge dibukak, Praba karo
Itak kepriye?
Sareng topengipun dipun bikak, Praba kaliyan Itak boten saestu ...
4. Apa topenge Baswara kuwi olehe tuku?
Topengipun Baswara punika ...
5. Bocah telu padha topengan karo kepriye?
Lare tiga sami topengan kaliyan .....
III. Latihan
A. Tuladha:
a. Baswara.....topeng.
b. Baswara gawe topeng.
Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog!
1. Siwa ..... klasa.
2. Martini ..... klambi.
3. Parwaka ..... bata.
4. Bulik. ..... sarung.
5. Uning ..... kembang.
6. Budhe..... tempe.
7. Welas ..... sambel.
8. Simbah ..... jamu.
9. Ibu ..... jadah.
10. Iwan ..... wedang.
a. mbunteli
b. nguleg
c. mipis
d. netel
e. nggodhog
f. nganam
g. ndondomi
h. nyithak
i. mbathik
j. nandur
B. Tuladha:
a. Topeng punika ingkang dipun damel.....
b. Topeng punika ingkang dipun damel dlancang.
Rampungna kaya tuladha, pilihen tembung
sing cocog!
1. Ceret punika ingkang dipun damel .....
2. Caping punika ingkang dipun damel.....
3. Banon punika ingkang dipun damel.....
4. Sesupe punika ingkang dipun damel.....
5. Meja punika ingkang dipun damel .....
6. Gelaran punika ingkang dipun damel.....
7. Ringgit punika ingkang dipun damel.....
8. Gangsa punika ingkang dipun damel.....
9. Pacul punika ingkang dipun damel .....
10. Reca punika ingkang dipun damel .....
a. mendhong |
f. kajeng |
C. Tuladha:
a. .....meritholo.
b. Mripate mentholo.
Ceceg-ceceg iki isenana kaya tuladha, pilihen tembung sing cocog!
- ........... mbangir.
- ........... tengeng.
- ........... perung.
- ...........nonong.
- ........... wusu.
- ........... bekel.
- ........... gejig.
- ........... ceko.
- ........... gingsul.
- ........... kithing.
D. Wacanen banjur turunen!
- Praba nyedhaki adhine karo takon.
- Irunge gedhe, mripate abang mentholo.
- Sing digawe kertas koran.
- Putune dioleh-olehi puthu. [ 43 ]
- Jadahe diwadhahi tampah.
- Kenthos kuwi atos.
- Ibu adang ketan.
- Nursih ngadhang wong dodol bakso.
IV. Apalna banjur tembangna!
- Bapak pocung, mawa mripat mawa irung
- mawa cangkem uga,
- manging ora duwe kuping,
- yen koénggo kowe mesthi malih rupa.
V. Gambar iki critakna!
A.
[ 46 ]I. A. Pacelathon Tindakna!
Aji | : | Mas aku dongengana! |
Baswara | : | Aja nakal ya! |
Aji | : | Aku pa nakal, mas? |
Baswara | : | Lha mau, mbalang bathuke dhik Tak? |
Aji | : | Dhik Tak mbalang sikilku dhisik! |
Baswara | : | Cah gede ya ngalah, no! |
Aji | : | Iya, Mas, besuk maneh ora! |
Baswara | : | Bagus! Takdongengke Prabu Dewatacengkar, ya? |
Aji | : | Prabu Dewatacengkar kuwi bagus, mas? |
Baswara | : | Huh, medeni! Rupane kaya buta, gawene mangan uwong! |
Aji | : | Emoh, Mas! Aku wedi nek dipangan! |
Baswara | : | Aja wedi! Wong Prabu Dewatacengkar saiki wis mati! |
[ 47 ]
Aji | : | Sing mateni sapa, Mas? |
Baswara | : | Sing mateni Aji Saka. |
Aji | : | Ohah hem! Ngantuk, Mas, akul |
Baswara | : | Wis turua kana! Sesuk tak terusne dongenge! |
B.Wacanen kang patitis!
1. a. Aku duwe kanca.
b. Kancaku akeh.
c. Kancamu pira?
d. Kancane Mukti pirang-pirang.
2. a. Aku duwe semangka
b. Semangkaku gedhe-gedhe.
c. Semangkamu endi?
d. Semangkane pecahen!
3. a. Aku njaluk tamba.
b. Tambaku ana meja.
c. Tambamu apa?
d. Tambane warna-warna.
4. a. Prabu Dewatacengkar malih rupa.
b. Rupaku kaya sapa?
c. Rupamu kaya adhimu.
d. Rupane kaya buta. [ 48 ]II. Maca titi
A. Wacanen sing titi!
Ing Medhangkamolan ana ratu buta. Jejuluke Prabu Dewatacengkar. Remene dhahar jalma manungsa.
Brahmana Ajisaka dedunung ing nagara Medhangkamolan. Brahmana Ajisaka remen tetulung. Piyambake saguh didhahar Prabu Dewatacengkar. Bareng arep didhahar tenan, Ajisaka matur ngajak cangkriman. Yen Sang Prabu bisa mbatang, Ajisaka [ 49 ]sida kersa didhahar. Yen ora bisa mbatang, Ajisaka nyuwun bebana lemah saiket ambane.
Prabu Dewatacengkar nyagahi. Cangkrimane Ajisaka ngene: Wite adhikih wohe adhakah, wite adhakah wohe adhikih.
Prabu Dewatacengkar judheg, ora saged mbatang. Prabu Dewatacengkar trima kalah.
Ajisaka ngaturake batangane. Wite adhikih wohe adhakah iku semangka. Wite adhakah wohe adhikih iku ringin.
Ajisaka sida diparingi lemah. Ikete dijereng. Pojok loro lor dicekeli Ajisaka, pojok loro kidul diasta Sang Prabu.
Iket kuwi ora semeleh-semeleh ing lemah. Mulur terus, saya ngidul saya ngidul. Bareng tekan gisiking segara kidul, iket kuwi dikebutake Ajisaka. Prabu Dewatacengkar kecemplung ing segara Kidul, malih rupa salah kedaden dadi bajul putih. Bajul putih kuwi dadi balane Nyai Rara Kidul ratune segara Kidul.
B. Wangsulana kang patitis!
- Ratu ing Medhangkamolan jejuluk sapa?
Ratu ing Medhangkamolan jejuluk . . . . [ 50 ]- Prabu Dewatacengkar remen dhahar apa?
Prabu Dewatacengkar remen dhahar . . . . . - Ajisaka remen apa?
Ajisaka remen . . . . . - Piye cangkrimane Ajisaka?
Cangkrimanipun Ajisaka ngaten: . . . . . - Prabu Dewatacengkar salah Kedadean malih dadi apa?
Prabu Dewatacengkar salah kedadosan malih dados . . . . .
- Prabu Dewatacengkar remen dhahar apa?
III. Latihan
- A. Tuladha:
- Prabu Dewatacengkar remen dhahar jalma . . . . .
- Prabu Dewatacengkar remen dhahar jalma manungsa.
- Gawenen kaya tuladha, pilihen tembung sing cocog!
- Dosane tumpuk . . . . .
- Sing rukun, aja seneng tukar . . . . .
- Raden Gathutkaca sekti . . . . .
- Wong sadesa sayuk . . . . . , gotong . . . . . ndandani dalan. [ 51 ]
- Olehe nata kayu malang ....., pating blengkrah.
- Omahe kancingan, sepi ..... Ora ana swarane uwonp,.
- Sato ..... uga tresna marang anake.
- Iwan kuwi bocah pinter, sregep tur ngerti tata .....
- Anoman dikroyok wadya ..... Ngalengka
a. bala |
f. undhung |
B. Tuladha:
a. Prabu Dewatacengkar remen dhahar dagingipun tiyang.
b. Prabu Dewatacengkar dhemen dhahar daginge uwong.
Gawenen ngoko kaya tuladha!
- Embah dereng rawuh.
- Bapak saweg sare.
- Bulik ngasta angsal-angsal jeram kaliyan pisang.
51
- Bapak mundhut buku catur kaliyan majalah.
- Kala wingi Embah kondur, nitih sepur.
- Kula badhe sowan Pak Guru.
- Kula dereng mudheng, badhe matur boten wantun.
- Bapak mriksani ringgit tiyang, kula ndherek.
- Embah nyare wonten ing griya kula.
- Pakdhe tindak Surabaya, tuwi Mas Bima.
C. Tuladha:
a. Brahmana punika asmanipun Ajisaka.
b. Brahmana punika asmanipun sinten?
Gawenen pitakon kaya dalaha, nganggo tembung sinten, pinten, utawa punapa!
- Bapak mundhut majalah kaliyan buku catur.
- Sabin celak kreteg punika kagunganipun Bapak.
- Putranipun Pak Mantri tiga.
- Buku punika reginipun sekawan atus rupiyah.
- Ingkang ngagem ageman bathik punika Pak Camat.
- Tegilipun dipun tanemi wijen.
52 [ 53 ]
- Ingkang ketingal saking ngriki punika redi Merapi.
- Anusapati punika putranipun Prabu Tunggul Ametung.
- Pil punika dipun unjuk sedinten kaping tiga.
- Lare-lare dipun dhawuhi resik-resik klas.
D. Wacanen kane patitis banjur turunen!
- Bale kecemplung blumbang.
- Lakune glendheh-glendheh.
- Pedro tiba glangsaran.
- Kathok lan klambine gluprut blethok.
- Slamet kae slulup, ora klelep.
- Lawuhe krupuk karo bothok.
- Kringete dleweran, ambegane krenggosan.
- Jupri tiba krengkankan.
IV. Wacanen kang patitis banjur jembangan bebarengan!
- Witing klapa mumpung kita isih mudha
- Mumpung waras lan sentosa
- Den siyaga, den sregep anambut karya
- Dimen tentrem uripira
53
Tindakna!
Swara kenthong | : | Thong, thong, thong, thong! Thong, thong, thong, thong! |
Dibya | : | Pak, wonten griya kebesmen! |
Bapak | : | Udan-udan kok ana omah kobong! |
Swara kenthong | : | Thong, thong, thong, thong! Thong, thong, thong, thong! |
Dibya | : | Punika, Pak, wonten kenthong! |
Bapak | : | Kok kaya ping pat ta, Dib? |
Swara kenthong | : | Thong, thong, thong, thong! |
Dibya | : | Inggih, Pak! Mangga, Pak, ngasta ember! |
Bapak | : | Kosik ta!. Kenthong papat ki rak banjir, dudu omah kobong! |
[ 57 ]Swara
uwong | : | Tulung, tulung, tulung, tulung! Banjir, banjir! |
Bapak | : | Lha rak tenan ta Dib! Kowe kudu titen bab kenthong kuwi! |
Dibya | : | Inggih, Pak! Banjir saestu. Mangga, Pak, ngasta prau le- sung! |
Bapak | : | Debog-debog kae digandheng rak ya kena kanggo prau. |
Dibya | : | Ngasta senter, Pak? |
Bapak | : | Iya iya, aja gugup. Kowe ora susah ndherek! |
Dibya | : | Inggih, Pak, kula tengga griya kaliyan Ibu. |
B. Wacanen kang patitis, Kedalna kang trep!
1. a. Aku duwe jago.
b. Ibu tindak jagong.
2. a. Ibu mundhut kalo.
b. Iki pipa balung kalong.
3. a. Bapak ngingu kebo.
b. Kebone Bapak dicancang ana kebon.
4. a. Mripate kuyuhan coro.
b. Ing dhuwur pawon diwenehi corong.
5. a. Anak jaran jenenge belo.
b. Rambat nganggo belor.
A. Wacanen sing titi!
Nengah-nengahi mangsa rendheng jawahipun nggrejeh. Kalih dinten kalih dalu sasat tanpa terang. Najan namung riwis-riwis meksa klemlambi.
Ing pundi-pundi mendhungipun ketingal nggandhul. Najan taksih siyang ketingal peteng temeng-remeng.
Kala samanten kepiren swanten umyung, swantenipun kenthong. Eneripun swanten [ 59 ]saking dhusun-dhusun ing sapinggiripun lepen. Tetela bilih kenthong punika kenthong tandha banjir.
Tiyang-tiyang lajeng sami cancut tetulung, wonten ingkang mbekta baita lesung, wonten ingkang mbekta gethekan debog. Ingkang sami pinter nglangi sami ngrubyuk boten mawi baita.
B. Wangsulana kang patitis!
- Nalika samana. pinuju mangsa apa?
Nalika samanten pinuju mangsa......... - Udane kepriye?
Jawahipun deres sanget, kalih dinten kalih dalu ..... - Mendhunge kepriye?
Mendhungipun ..... - Nalika samana keprungu swara apa?
Nalika samanten kepireng swanten .... - Sing padha tetulung padha nggawa apa?
Ingkang sami tetulung sama mbekta.....
III. Latihan
A. Tuladha:
a. Kowe arep menyang ngendi, wong udan ..... ngene?
[ 60 ]b.Kowe arep menyang ngendi, wong udan nggrejeh ngene?
Isenana kaya tuladha, pilihen tembung sing cocog!
- Wong peteng .......... ngene kok ora gelem nggawa obor.
- Genah padhang ........... kok kandha wedi, sing kowedeni apa?
- Isih sore........... kok wis ngorok senggar-senggur
- Esuk .......... aku wis tangi.
- Tandure ijo ..........
- Kulite ireng .......... kaya dhuwet mateng.
- Raine abang .......... marga kepanasen.
- Ketiga .......... lemah-lemah padha nela.
- Kok sepi .......... bocah-bocah padha menyang ngendi?
- Kolahe asat .......... durung diiseni.
a. nggereng |
f. ndhedhet |
B. Tuladha:
a. ..........banjir
b. kaline banjir
60 [ 61 ]Isenana kaya tladha!
|
|
c. Tuladha:
a. Kula dipun dhawuhi Bapak tengga griya.
b. Aku didhawuhi Bapak tunggu omah.
Ngokokna kaya tuladha!
- Kula dipun utus Bapak tumbas kaos lampu.
- Dhik Bambang dipun dukani Embah.
- Kula dipun paringi Bulik buku waosan.
- Mas Pamuji dipun timbali Pakdhe.
- Kula dipun dhawuhi Ibu nata lemantun.
- Embah dipun caosi Bulik sande Pekalongan.
61
- Jampinipun sampun dipun unjuk Embah.
- Pisangipun dipun dhahar Pakdhe.
- Kula dipun dangu Bu Guru, punapa Ibu wonten griya.
- Bapak dipun wungu amargi wonten tamu.
D. Wacanen banjur turunen!
- Kae swara apa?
- Wanti tuku kwaci.
- Swarane pating krompyang.
- Swarane kenthong umyung.
- Sing pinter nglangi ngrubyuk, ora nganggo prau.
- Yen adus kosokan, aja mung byar-byur!
- Pratiwa tuku ampyang.
- Piringe tiba, sumyur dadi sawalang-walang.
IV. Tembangna bebarengan!
Ora mundur weruh banyu lembak-lembak wong tandang ngetoh pati,
62 [ 63 ]
- tan etung bebaya,
- banyu tinrajang sigra,
- mlebu ngomah anulungi,
- kang padha kalap,
- den usung metu jawi.
V. Gambar iki critakna!
A.
[ 66 ]I. A. PacelathonTindakna!
Praba | : | Mas Bas, takbedheki ya! |
Baswara | : | Iya! Kok elok Dhik, Kowe nantang cangkriman. |
Praba | : | Ora nantang kok! Aku ajar kareben pinter! |
Baswara | : | Iya iya. Ning sok-sok aku ya ora ngerti lho! |
Praba | : | Apa iya? Coba ya! |
Baswara | : | Iya. |
Praba | : | Anake jaritan, emboke malah wuda, apa Mas? |
Baswara | : | Ya saru no! Sing tuwa kok malah wuda. Kleru sajake, Dhik! |
Praba | : | Ora bae yen kleru! |
Baswara | : | Wis, Dhik, aku trima kalah. Coba aku tuduhanal! |
Praba | : | Pring kae lho, Mas, Rak wuda ta, wong ora ana slumpringe. Ning anake rak malah jaritan. |
66 [ 67 ]
Baswara | : | O iya, bung pring kae isih ana slumpringe. Saiki genti, kowe takbedheki. Dikethok malah mundhak dhuwur. |
Praba | : | Wah kok. terus diengel-engel! Ora ana kuwi! |
Baswara | : | Ana bae! Kathok kae yen kedawan, dikethok ngisor rak saya munggah dadi dhuwur, ta! |
Praba | : | Ha ha ha! Iya iya! Wis ah, Mas, kesel aku! |
B. Wacanen kang patitis, kedalna sing trep!
1. a. Aku tuku pitik.
b. Pitikku tukung.
2. a. Bapakku guru.
b. Gurungku lara.
3. a. Pitikku kuru-kuru.
b. Pitike Praba dikurung.
4. a. Murti ngethoki kuku.
b. Tanganku dakkukur, nglecep.
5. a. Kowe milih endhas apa pupu?
b. Uler kuwi ngrikiti pupus gedhang.
67
A. Wacanen sing titi!
- Aku gumun, ana gedhang nunggang kupu.
Kinjeng nggeret lintang.
Macan kerah disendhoki.
Kuping lawa dipangan bocah sekolah. - Aja umuk, omonganmu kok ngethupyuk.
Kuwi apa nyata.
[ 69 ] Coba aku kokandhani.
Neka-neka yen ngapusi kowe dosa.
- Dene iku, ana gedhang nunggang kupu.
Iku gedhang raja.
Batangane ana raja nunggang gajah.
Kupu gajah kowe ngerti.
- Mau iku, kinjeng kebo lintang luku.
Dene macan kerah,
soto campur tahu guling.
Kuping lawa iku arane panganan.
B. Wangsulana kang patitis!
- Ana gedhang nunggang kupu; iku apa batangane?
Pisangipun pisang ..... , kupunipun kupu.....
Dados, wonten .....
- Ana kinjeng nggeret lintang, iku kepriye karepe?
Kinjengipun kinjeng ..... , lintangipun lintang.....
Dados wonten ..... - Ana macan. kerah disendhoki, iku apa karepe?
Macan kerah punika ..... - Kuping lawa kok dipangan bocah se-
69
Kuping lawa punika .....
5. Coba gawea cangkriman siji bae lan kandhakna pisan apa batangane!
III. Latihan
A. Tuladha:
a. Kuping lawa punika namanipun.....
b. Kuping lawa punika namanipun tetedhan.
Ukara-ukara iki rampungna kaya tuladha!
1. Naga sari punika namanipun.....
2. Semar mendem punika namanipun.....
3. Jaka belek punika namanipun.....
4. Bima sekti punika namanípun.....
5. Gubug penceng punika namanipun.....
6. Rujak senthe punika namanipun .....
7. Udan riris punika namanipun .....
8. Cocor bebek punika namanipun .....
9. Kebo giro punika namanipun .....
10. Rajalele punika namanipun .....
B. Tuladha:
a....iki batangen!
b. Cangkriman iki batangen!
70 [ 71 ]Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog!
1. ..... iki wangsulana!
2. ..... iki wacanen!
3 ...... iki ongotana!.
4. ..... iki ungkalen!
5. ..... iki kikiren!
6. ..... iki tawunen!
7. ..... iki wirunen!
8. ..... iki plangkanana!
9. ..... iki timpalen!
10...... iki srumbaten!
a. krambil |
f. potelot |
C. Tuladha:
a. Nursih.... naga sari.
b. Nursih mangan naga sari.
Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog!
1. Wanti ..... layang.
2. Ibu ..... nyamping.
3. Ambar ..... gambar.
4. Uning ..... krambil.
5. Bambang ..... blumbang.
71
6. Bayu ..... lampu.
7. Bapak ..... gedhang.
8. Murni..... kuku.
9. Rani ..... jamu.
10.Mursid ..... memeyan.
D. Wacanen kang patitis, banjur turunen!
1. Irunge Dhidhit kelebon klentheng.
2. Klambine Landhung kecanthol paku.
3. Badrun numpak dhokar mubeng kutha.
4. Kodhoke theyat-theyot ana pinggir blumbang.
5. Aku nemu thukulan dhondhong.
6. Thokolane diwadhahi wakul.
7. Pinuju padhang rembulan aku gawe dolanan nini thowok.
8. Ana manuk bidho methangkring ing wit randhu alas.
9. Gudhege dicampuri daging thethelan.
10. Murti linggih dhingklik, sirahe theklak-thekluk.
IV. Tembangna bebarengan!
Nyata Kowe Wasis
Nyata kowe wasis sis.
Batangen sing gelis lis lis lis!
Cangkriman telu iki.
Pitik ndhase telu, batangane apa?
Jangkrik sungut slawe, batangane apa?
Bapak demang mang klambi abang bang bang
bang.
Disuduk manthuk-manthuk.
V. Gambar iki critakna!
A.
[ 76 ]I. A. Pacelathon
Tindakna!
Retna | : | Mas Bambang! |
Bambang | : | Apa, Ret! |
Retna | : | Aku nandur tomat kok mati
terus! |
Bambang | : | Apa ora kok sirami? |
Retna | : | O, taksirami terus! |
Bambang | : | Coba tak nonton! |
Retna | : | Lha kae ta, alum! |
Bambang | : | Olehmu nandur kapan ta, Ret? |
Retna | : | Dhek awan, olehku njaluk Ni-
ning! |
Bambang | : | Lho kok wis ana wohe? |
Retna | : | Mau aku nyempal pange sing
ana wohe, terus taktancepke. |
Bambang | : | Bambang Ha ha ha! Lucu kowe, Dhik.
Mesthi bae mati! |
Retna | : | Lha piye ta, Mas, kudune? |
Bambang | : | Nandur tomat kuwi ngene. Isine didhedher, yen wis thukul dielih, ditandur arang-arang. |
[ 77 ]
Retna | : | Aku mengko wurukana ya, Mas! |
Bambang | : | Iya, saiki sinaua liyane dhisik! |
B. Wacanen kang patitis, kedalna sing trep!
- a. Yen seret ngombea dhisik.
b. Cete abang diwenehi seret putih. - a. Banyu saceret iki kena kanggo nelesi prangko.
b. Nggodhoge wedang saceret. - a. Mangsa ketiga sumber-sumber padha pepet.
b. Sajane wedi, bareng kepepet dadiwani. - a. Gegerku gatel, kukurna!
b. Bocah kok padha geger kae geneyaya? - a. Ibu mundhut lemper karo jadah.
b. Lemper iki sing digawe watu.
II. Maca titi
A. Wacanen sing titi!
Nanem Tomat
Retna adhinipun Bambang. Retna klas ka-
lih SD, Bambang klas sekawan. Retna re-
77
Bambang sumerep anggenipun nanem tomat adhinipun caranipun klentu. Adhinipun lajeng dipun wuruki.
Bambang mendhet tomat mateng satunggal. Tomat punika dipun pecah, dipun pen[ 79 ]
Bambang lan Retna gumatos sanget dhateng tanemanipun. Saben dinten tanemanipun dipun sirami.
B. Wangsulana kang patitis!
- Retna kuwi sapa?
Retna punika adhinipun ..... - Retna nandur apa?
Retna nanem ..... - Geneya enggone nandhur tomat Retna matimati bae?
Amargi caranipun nanem .... ingkang dipun tanem ..... - Nandur tomat kuwi sing ditandur apane?
Nanem tomat punika ingkang dipun tanem ..... - Piye carane ngupakara tanduran tomat yen isih cilik?
Seminggu sepisan dipun ..... , lan saben dinten dipun .....
79
- A. Tuladha:
- Pang pelem punika . . . . .
- Pang pelem punika sempal.
- Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog, kaya tuladha!
- Pentil jambu punika sami . . . . .
- Tangsulipun . . . . .
- Potelotipun Wisnu . . . . .
- Piringipun dhawah, . . . . .
- Sarungipun kecanthol pager, . . . . .
- Bendunganipun . . . . .
- Praunipun . . . . .
- Ceret punika . . . . ., badhe kula patrekaken.
- Kupingipun . . . . . amargi suwengipun kagengen.
- Genthong punika . . . . ., mila toyanipun rembes.
|
f. suwek |
- Isi asem namanipun.....
- Isi duren namanipun.....
- Isi nangka namanipun.....
- Isi salak namanipun.....
- Isi pelem namanipun.....
- Isi sawo namanipun.....
- Isi kluwih namanipun.....
- Isi randhu namanipun.....
|
e. kecik |
C. Tuladha:
- tomat — Retna — nandur
- Retna nandur tomat.
Raciken dadi ukara, kaya tuladha!
- Bambang — tanemanipun — ngupakara
- Bambang — tanemanipun — lema-lema
- wohipun — tomat — mbiyet — punika
- Bambang — Retna — adhinipun — punika.
- kula — mbakyu — pramugari — dados
- kula — bapak — guru
- Pakdhe — gangsal — maesanipun
81
- pitulikur - Jupri - bebekipun
- nigan - Jupri - dereng - bebekipun
- lawuhipun - tomat - sambel
D. Wacanen kang patitis banjur turunen!
- Sapa njedhodhot ana ing ngiringan omah kae?
- Pitike nyekukruk ora gelem mangan.
- Uning nggoreng krupuk.
- Jupri nggiring bebek.
- Tarta mbedhol tela.
- Panut mbetheti welut.
- Nursih ndandani adhine.
- Tamsir ndhudhuk gangsir.
- Aku rewangana njungjung meja iki!
- Sapa nyurung montor mogok kae?
IV. Tembangna bebarengan!
Yen woh-wohan enak mentah iku timun,
legi wengi iku kweni,
manggis enak blibaripun,
pelem enak mateng ati,
salak enak rada bosok.
I. A. Pacelathon
Tindakna!
Sasana | : | Uhuk, uhuk, uhuk! |
Ibu | : | Apa Sas sing kogawa kuwi? |
Kuntadi | : | Es, Bu! |
Ibu | : | Piye ta, Kun, adhike kok ditukokake es? |
Sasana | : | Uhuk,uhuk, uhuk! |
Kuntadi | : | Kula boten ngertos, Bu! |
Sasana | : | Bu, tula tumbah eh. Uhuk, uhuk! |
Ibu | : | Hara ta! Kene, Lik, ese diasta Ibu! |
Sasana | : | Tampun telah, Bu. Uhuk, uhuk! |
Kuntadi | : | Dhik Sas dipun jampeni kemawon, Bu! |
Ibu | : | Kae, jupukna sirup obat batuk ana lemari obat kae! |
Sasana | : | Dipun obati, Bu? Uhuk, uhuk,uhuk! |
Ibu | : | Enya Sas, iki diemik, legi kok, Lik! |
Sasana | : | Endih, Bu! |
85
- a. Aku duwe sada.
b. Ayo dolanan gobag sodor. - a. Tana nata bata.
b. Totok tuku teh botol. - a. Aja seneng gawe mala.
b. Karet bisa molor. - a. Raden Setyaki didherekake para wadya bala.
b. Bakal iki ciri bolong. - a. Gedhange dipangan lawa.
b. Olehe sinau ora tau lowong.
II. Maca titi
[ 87 ]A. Wacanen sing titi!Sasana lajeng watuk-watuk. Sasana dipun ombeni sirup obat batuk sedinten kaping tiga, satunggal sendhok teh.
Sekawan dinten Sasana saweg mantun watukipun.
B. Wangsulana kang patitis!
- Sasana lara apa?
Sasana sakit . . . . . - Geneya Sasana lara watuk?
Amargi Sasana ngombe . . . . . - Sasana ditambani apa?
Sasana dipun jampeni . . . . . - Larane nganti pirang dina?
Sakitipun ngantos . . . . . [ 88 ]III. Latihan
A. Tuladha:
a. Kowe kuwi mangan apa Rus, kok......
b. Kowe kuwi mangan apa Rus, kok nyomak-nyamuk?
Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog!
1. Kowe kuwi nggoleki apa Sri, kok ..?
2. Kowe kuwi nesoni sapa Dul, kok.....?
3. Sing lara apamu Ris, kok...?
4. Apa kowe ora bisa omong, kok mungkaro ..?
5. Ayo, lakumu rada rikat sethithik, aja...!
6. Apa kowe ngelih, nyambut gawe kok...?
7. Tinimbang ngantuk ....., mapana turukana bae!
8. Ngati-ngati lho, dhek mau awan ana wong......saba kene!
9. Kowe kuwi nggeguyu apa, kok .....?
a. glegas-gleges
b. glibad-glibed
c. theklak-thekluk
d. klelad-kleled
e. klular-klulur?
f. clilang-clileng
g: prengat-prengut
h. pringas-pringis
i. monthak-manthuk
j. gedhag-gedheg.
B. Tuladha:
a. Jampi punika badhe dipun caosaken Embah.
b. Jamu iki arep dicaosake Embah.
Ngokokna kaya tuladha!
1. Kula dipun pundhutaken Bapak buku catur.
2. Bapak mundhut buku catur, dipun paringaken kula.
3. Pakdhe tindak Surabaya, dipun dherekaken Mas Bawa.
4. Prakawis punika sampun dipun dhawuhaken Pak Guru dhateng murid-murid.
5. Bab punika sampun wongsal-wangsul dipun ngendikakaken Pak Lurah.
6. Tas kula dipun astakaken Bulik.
7. Ibu mundhut sande, badhe dipun caosaken Embah.
8. Anggen kula raosan dipun midhangetaken Pak Guru.
89
C. Tuladha:
a. ngombe - Sasana - obat watuk
b. Sasana ngombe obat watuk.
Gawenen ukara kaya tuladha!
1. layangan - ngundha - Badrun
2. bajing - krambil - ngrikiti
3. jendhela - njugil - malinge
4. ngguyang - jaran - Rapingun
5. Nursih - endhog - ndadar
6. limun - Parmun - ngombe
7. nguras - kolah - Yahman
8. Maryati - klambi - ndondomi
9. semangka - nandur - Siwa
10. nemoni - Binu - tamu
D. Wacanen sing patitis banjur turunen!
1. Badhe tindak pundi, Pakdhe?
2. Pakdhe punapa wonten ndalem, Budhe?
3. Punika bukunipun sinten, Mas?
4. Punapa kula kepareng ndherek, Bu?
5. Jampinipun sampun dipun unjuk, Mbah?
6. Dhik, puníka tasipun sinten?
7 Mbak, Mas Bima punapa wonten?
8. Mbah, Bulik tindak pundi?
- Bulik, Dhik Bawa punapa sampun bidhal?
- Mas, Mbak. Ratih punapa sampun mantun?
E. Wacanen banjur turunen!
- Rus, adhimu goncengna!
- Sri, lampune sumeden!
- Mbang, pitike pakanana!
- Jan, adhimu paranana!
- Mur, krambile paruten!
- Ning, potelot iki ongotana!
- Nung, pitike cekelen!
- Ris, kolahe kurasen!
- Ton, adhimu tarinen!
- Sum, entenana!
IV. Tembangna bebarengan!
- Bocah-bocah dolan dha mrenea!
- Padhang-padhang mbulan kaya rina.
- Latare jembar njingglang padhange.
- Kareben bingar akeh rewange.
- Ayo padha keplok plok: Surak hore!
- Ayo padha keplok plok: Surak hore!
91