[ Cover ]
Mardi

Jawi


PIWULANG BASA JAWI


SISWA SMP



adhedhasar
KURIKULUM SMP
GBPP BAHASA DAERAH
1987

2


CBSA









Penerbit
WIDYA DUTA
Surakarta

[ Title ]

Drs. Soetarno

Mardi


Jawi



PIWULANG BASA JAWI


SISWA SMP



adhedhasar
KURIKULUM SMP
GBPP BAHASA DAERAH
1987

2


CBSA







Penerbit
WIDYA DUTA
Surakarta
Jl. Honggowongso 139
6053 Surakarta

[ Purwaka ]
PURWAKA


 Nuwun kangge mbantu nyekapi kabetahan mucalaken Basa Jawi ing SMP kula ndhapuk buku MARDI JAWI Ingkang adhedhasar KURIKULUM SMP, Garis-garis Besar Program Pengajaran Bahasa Daerah ingkang kadhapuk dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta Agustus 1987.

 Esthining manah, mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados cepenganipun para siswa ing SMP anggenipun sami gumregut anampi piwucaling gurunipun ing babagan basa Jawi pusaka saking leluhur kita ingkang kedah dipun emi-emi turun-temurun.

 Minangka pamecuting pasinaonipun para-siswa, pandhapukipun buku punika ing pangarah migunakaken cara ”pendekatan CBSA” kanthi prasaja, antawisipun arupi :

 — katerangan-katerangan ingkang gampil katampi,
 — tugas-tugas klompok piyambakan ing griya,
 — srasehan klompok,
 — latihan-latihan.

 Mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados ancer-ancer tumrapipun kanca-kanca guru ing SMP anggenipun sami nenuntun lan nenangi para siswanipun amrih saged ngginakaken Basa Jawi kanthi : teteh, titis, leres, tuwin sageda maos lan nyerat mawi aksara Latin/Jawi ingkang leres.

 Buku MARDI JAWI punika dumados saking 3 jilid, inggih punika :
 — Jilid 1 kangge siswa kelas I
 — Jilid 2 kangge siswa kela II
 — Jilid 3 kangge siswa kelas III

 Wasana minangka panutuping atur, mugi-mugi wontena paring panjenengan pitedah saha panyaruwe ingkang tumuju dhateng sampurnaning buku MARDI JAWI punika.

Surakarta, April 1989

aturipun
Pandhapuk
[ ToC ]
ISI BUKU


WAOSAN

Kaca

1.
Sinau
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
7
2.
Tiaga Sarangan
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
18
3.
Koran Masuk Desa
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
28
4.
Hari Kesaktian Pancasila
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
42
5.
Transmigrasi
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
53
6.
Reyog Ponorogo
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
64
7.
Listrik Masuk Desa
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
76
8.
Sultan Agung Anyakrakusuma
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
89
9.
Taqwa Marang Allah Ta'ala
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
98
10.
Bale Segala-gala
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
110
11.
Gugur Gunung
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
120
12.
Palang Merah Indonesia
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
129
---000---
[ 7 ]
WULANGAN 1

I. WACAN

A. Wacanen sajroning batin !
S I N A U
Darti : (lagi maca buku, sedhela-sedhela ketara rada goreh atine, kaya-kaya ana sing dienteni).
Aminah : (liwat ngarepe Darti). ”Lho, kok Mbak Darti sinau dhewe ! Apa Mbak Kun ora mrene ?”
Darti : ”Ah, embuh Am. Mau ing kelas wis kandha, manawa dheweke mesthi mrene, Nanging . . . ora ngerti ah . . . gek . . .”
Aminah : ”Gek . . . lali ?!”
Darti : ”Ora Am. Biyasane Kun kae oranate lali. Ora nate mblenjani janji.”
Aminah : ”Ah, Mbak . . . uwong kuwi ya duwe lali. Utawa ana alanganliyane. Arep mangkat sepedhane nggembos bane, apa kepriye? Rak ya bisa uga ta ?”
Darti : ”Wis ! Wis Am ! Gek lunga kana ! Aja crita bae ! Aku daknerusake ngapalke wulangan iki. Sesuk wis wiwit semesteran kok.”
Aminah : (gojeg) ”Oooo . . . inggih Den Ayu . . . .”
Darti : (mbesengut)

Saka kadohan keprungu swara radio ngumandhangake lagu-lagu langgam Jawa. Lamat-lamat. Lan ing dalan ngarepan kala-kala uga keprungu swarane bakul bakso liwat. Sawatara keprungu ana swara mesin sepedha motor. Mandheg sedhela banjur nggeblas maneh.

Kuntarni : (durung katon, mung keprungu swarane) ”Kulanuwun !”
Darti : ”Sapa ya ? (alon) Manggaaaa . . . .! (menyat).
Eeee, Mbak Kun . . . mangga, mangga Mbak !”
Kuntarni : ”Wah . . . nuwun sewu ya dhik. Rada telat sethithik iki mau.”
Darti : ”Ya . . . ora apa-apa Mbak. Nanging temene wis wiwit mau nggonku nunggu.”

[ 8 ]

Kuntarni : “Apa iya ? Wah mesakke yen ngono."
Darti : "Ya wis mangga pinarak !"


Bocah loro padha lungguh. Ngadhep buku, lan ngolak-alik lembaran dluwang.


Kuntarni : "Prye ? Wis diwiwiti nggarap apa ?”
Darti : "Wis Mbak. Iki mau aku nyoba nggarap. Mbokmenawa bener. Yen luput mengko diowahi maneh." (ngulungake buku tulis marang Kuntarni).
Kuntarni : (Nampani buku). "Wah, tulisanmu ... rajin banget Dhik. Aku ora bisa nulis tharik-tharik kaya ngene."
Darti : "Ah, Mbak Kun. Apa iya ta ? Yen dialembana terus, klambiku bisa bedhah lho.”
Aminah : "Lhaaa...... saiki rak bisa mesem ngguyu, ta ! (guyon). Mau nalika Mbak Kun durung rawuh, adhuuuh ! Mendhunge peteng banget lho ! Tujune ora sida udan!”
Darti : (mleroki Aminah) "Ah, Am ! Kowe kok bisa-bisa bae." -
Kuntarni : "Apaiya ta Dhik Am ?”
Darti : "Ora dhing, Mbak. Aminah pancen pinter ngaco?"
Aminah : "Tenan, Mbak. Pancen, aku bola-bali ngaco. Nanging pisan ji iki, tenan !”
Kuntarni : "Ah, ya wis ! Ora perlu diterusake ! Sing penting aku wis tekan kene. Lan sinau bisa diwiwiti, Wis ya, ora dirembug maneh. Stop !”
Aminah : (Ngguyu jalaran geli)
Darti : (Isih ketara anyel karo Aminah)
Kuntarni : (Nglirik Darti. Banjur nglirik Aminah). "Lho, kok dadi prengut-prengutan ta ?” (gumun)
Aminah : "Biyasa, Mbak ! Biyasa ! Wis ora kaget !" (gumuyu karo mlayu mlebu).
Kuntarni : “Dhik Darti ! Dhik Aminah sajake pancen pinter nglucu. Ora sah digagas. Lan aku dhewe luwih seneng karo watak-wantune sing blak-blakan,"
Darti : “Iya. Mbak ! Nanging iku Iho, sok gawe anyel!“
Kuntarni : (Mesem)


Kekarone banjur njlingut sinau. Mbukak buku, nyathel lan gumuyu bebarengan. Nanging ana kalane katon serius manawa ana bab-bab kang klebu wigati.
[ 9 ]B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

  1. Sing padha sinau iku sapa bae lan ana ngendi ?
  2. Geneya Darti rada goreh nalika lagi maca buku ?
  3. Darti iku anyel marang sapa lan apa sababe ?
  4. Kuntarni iku nduweni sesipatan kepriye ? Buktine apa ?
  5. Sing padha prengut-prengutan iku sapa lan marga apa ?
  6. Sing duwe wewalakan ora sabar iku sapa ? Buktine apa ?
  7. Darti karo kancane iku manawa sinau serjus apa ora ?
    Buktine apa ?


C. Pocapan / panulisan
1. Ucapna sing bener !

lara — laraku — laramu — larane
dosa — dosaku — dosamu — dosane
kutha — kuthaku — kuthamu — kuthane
andha — andhaku — andhamu — andhane
kandha — kandhaku — kandhamu — kandhane
tangga — tanggaku — tanggamu — tanggane
kompa — kompaku — kompamu — kompane
domba — dombaku — dombamu — dombane

wahana — wahanane  sagara — sagarane
dahana — dahanane  wanara — wanarane

2. Bukumu tutupen, ayo dhikte kaya ing dhuwur iku !


II. KAWRUH BASA

A. Tegese tembung-tembung iki. gatekna, banjur gawenen ukara !
 menyat = wiwit ngadeg saka palinggihan
 nggeblas = lunga bablas, minggat
 dialembana = dialem.
 watak wantune = watak sarta dhasaring wewatakan
 blak-blakan = tanpa nganggo ditutupi

[ 10 ]B Isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis Ing ngisor sing mathuk !
  1. Saben awal sasi Juli sekolahan-sekolahan nganakake pendaptaran murid anyar kang diarani ....
  2. Murid pindhahan saka sekolahan liya iku lumrahe di ... dhisik.
  3. Wektu pasinaone murid SD ing dalem selaun diperang dadi telung ...
  4. Wektu pasinaone, murid SMP ing dalem setaun diperang dadi rong ...
  5. Murid-murid sing ora mlebu sekolah dicatheti ana ....
  6. Saben guru kagungan daptar kanggo nyatheti murid-murid sing mlebu sekolah .kang diarani daptar ....
  7. Daptar kang isi urut-urutan piwulang ing saben dinane diarani ...
  8. Saben dina Jumuah esuk, murid, guru, karyawan wajib nindakake senam kang diarani ...
  9. Saben akhir semêster murid-murid nguli wajib melu ulangan kang diarani ...
  10. Saben pertengahan semester ing SMP lumrahe dianakake ulangan kang diarani ...
  11. Ulangan kanggo njajagi apa kang ndadekake kangelane saben murid tumrap wulangan kang wis terangake diarani ...
  12. Ulangan kang kanggo dhasar mbecikake "proses belajar mengajar” diarani ...
  13. Teskang jawabane kudu milih jawaban-jawaban kang cumawis utawa ngisi titik-titik kang wis sumadhiya iku diarani ...
  14. Tes wujud pitakonan-pitakonan kang kudu dijawab kanthi nerangake sacetha-cethane (uraian) iku diarani ...
  15. Saben “kelompok belajar" kudu kerep nganakake .... ngrembug wulangan-wulangan kang sakira angel.

tes tes sumatif diskusi
tes obyektif tes subsumatif caturwulan
tes essay SKJ semester
tes diagnostik jadwal pelajaran absensi
tes formatif PMB presensi
[ 11 ]C. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki !

— proses belajar mengajar
— kokurikuler
— ekstra kurikuler
— klompok belajar
— diskusi klompok

— EBTA
— EBTANAS
— STTB
— DANEM
— PKS

D. Apa tegese tembung-tembung kang kacithak kandel Ing ngisor iki ?

  1. Nartoiku dhasare pinter temenan.
  2. Indonesia iku nagara kang adhedhasar Pancasila.
  3. Dalane ora mblethok, amarga dhasare watu.
  4. Minah anggone dhasar dodolane ana pinggit dalan.
  5. Kula. sampun manggih akal.
  6. Kula wau kepanggih Abas.
  7. Mantenipun sampun dipun panggihaken.
  8. Panggih wau dipun-alem gurunipun.
  9. Anggenipun sami pepanggihan benjing dinten Rebo.
  10. Kula tumut memuji mugi piyambakipun manggiha kamulyan.
  11. Kula wonten ngrika boten pinanggih Ali.
  12. Kepanggih boten kepanggih bab punika kula borongaken sampeyan.


II. PARAMASASTRA

UKARA TANDUK INTRANSITIP (TANPA LESAN).
UKARA TANDUK TRANSITIP (MAWA LESAN)
UKARA TANGGAP

A. Tuladha-tuladha iki gatekna!
a. Adhiku nangis.
b. Adhiku nangisi ibu.
c. Ibu ditangisi adhiku.

Katrangan :

(1). Ukara (a) ing dhuwur iku kagolong ukara tanduk intransitip (tanpa lesan), marga wasesane (nangis) awujud tembung tanduk intransitip (kata kerja aktif intransitif).

[ 12 ]- tembung tanduk Intransitip iku manawa dadi wasesaning ukara (predikat) ora mbutuhake lesan kaya ta :

(a). Adhiku njoget.
(b). Narla teka.
(c). Aku wis kandha.
(d). Kancaku ndhodhok.

(tanpa lesan, bener)
(tanpa lesan, bener)
(tanpa lesan, bener)
(tanpa lesan, bener)

- Tuladha tembung tanduk intransitip (tanpa lesan) liyane:

turu
adus
tangi
singsot

ngguyu
ndhingkluk
ndengengek
sedhakep

mlaku-mlaku
manthuk-manthuk
tabok-tinabok
tabok-tabokan

- Tembung-tembung tanduk intransitip ing dhuwur iku gawenen ukara tanduk intransitip !

(2). Ukara (b) ing dhuwur iku kagolong ukara tanduk transitip (mawa lesan), marga wasesane (nangisi) awujud tembung tanduk transitip (aktif transitif)

Tembung tanduk transitip iku manawa dadi wasesaning ukara (predikat) mbutuhake lesan, yen tanpa lesan, ukarane ora ganep lan salah, kaya ta :

(a). Aku ngandhani. (tanpa lesan, salah)
Aku ngandhani adhiku. (mawa lesan, bener)
(b). Asu nggondhol. (tanpa lesan, salah)
Asu nggondhol balung.(mawa lesan, bener)
(c) Nardi nyumed. (tanpa lesan, salah)
Nardi nyumed diyan. (mawa lesan, bener)


— Tuladha tembung tanduk transitip liyane :

mangan
nggebug
mbalang
njupuk
nggawa

nggodhog
nyekel
nyumed
nggarap
ngecet

(Goleka tuladha liyane 10 bae !)
[ 13 ]

tembung tanduk intransitip bisa didadekake tembung tanduk transitip sarana dipanambangi i utawa ake, kaya ta :

nangis —> nangisi, nangisake
njoged —> njogedi, njogedake
njupuk —> njupuki, njupukake
ngguyu —> ngguyoni, ngguyokake

(Goleka tuladha liyane 10 bae !)

— Tembung-tembung tanduk transitip ing dhuwur iku ga wenen ukara-ukara tanduk transitip !

(3). Ukara (c) ing dhuwur iku kagolong ukara tanggap, marga wasesane awujud tembung tanggap lan jejering ukara
ketaman kriyaning wasesa.

— Wujude tembung tanggap iku warna-warna, kaya ta :

(1). dakgawa, dakgawani, dakgawakake
(2). kogawa, kogawani, kogawakake.
(3). digawa, digawani, digawakake.
(4). kagawa, kagawani, kagawakake.
(5). kegawa.
(6). ginawa.
(Tembung-tembung ing dhuwur iku gawenen ukara tanggap !

Ukara tanduk bisa dadi ukara tanggap, manawa lesane kageser ana ing wiwitaning ukara lan wasesane didadekake tembung tanggap, kaya ta :


(1). Aku ngandhani adhiku (ukara tanduk)
Adhiku dakkandhani. (ukara tanggap)-
(2) Asu nggondhol balung. (ukara tanduk)
Balung digondhol asu.(ukara tanggap)
(3) Nardi nyumed diyan. (ukara tanduk)
Diyan disumet Nardi. (ukara tanggap)
[ 14 ]
B. Latihan:
Ukara-ukara tanduk iki dhapuken supaya dadi ukara-ukara tanggap!
  1. Aku ngukur gegere kancaku.
  2. Aku ngukur jembare sawahku.
  3. Juru ukur ngukuri jembare sawah-sawah.
  4. Narti macani buku-bukuku.
  5. Narto ngirimake layang marang kancane.
  6. Sapa sing mbebeda adhiku?
  7. Ibu lagi nggoreng empal.
  8. Aku mau nyuwil rotimu sethithik.
  9. Sapa sing nuthuk kaca jendhela mau?
  10. Bocah kelas 3 nantang bal-balan bocah kelas 2.

IV. N U L I S

NULIS NGANGGO SANDHANGAN PANYIGEGING WANDA
A. Tamatna, wacanen, banjur turunen !

1. ꦒꦗꦃ = gajah ꦱꦸꦒꦶꦃ = sugih

ꦱꦸꦫꦸꦃ = suruh ꦒꦺꦱꦺꦃ = geseh

ꦲꦸꦮꦺꦴꦃ = uwoh ꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦃ = goroh

2. ꦢꦩꦂ = damar ꦏꦺꦕꦺꦂ = kecer

ꦥꦒꦼꦂ = pager ꦱꦸꦤꦸꦂ = sumur

ꦒꦶꦒꦶꦂ = gigir ꦲꦺꦴꦧꦺꦴꦂ = obor

3. ꦥꦝꦁ = padhang ꦢꦒꦶꦁ = daging

ꦱꦸꦫꦸꦁ = surung ꦥꦺꦫꦺꦁ = pereng

ꦒꦺꦴꦱꦺꦴꦁ = gosong ꦥꦼꦠꦼꦁ = peteng

ꦲꦶꦉꦁ = ireng ꦩꦼꦊꦁ = meleng [ 15 ]

  4. ꦏꦿꦱ   = krasa      ꦥꦿꦶꦪ     = priya
     ꦥꦿꦸꦁꦒꦸ   = prunggu    ꦏꦿꦺꦠ   = kreta
     ꦏꦿꦺꦴꦝ = krodha     ꦒꦿꦺꦴꦮꦺꦴꦁ = growong


  5. ꦏꦽꦤꦼꦁ    = kreneng     ꦱꦿꦼꦒꦼꦥ꧀ = sregep
     ꦧꦽꦒꦱ꧀ = bregas      ꦒꦽꦁꦱꦼꦁ    = grengseng
     ꦠꦽꦚꦸꦃ  = trenyuh


  6. ꦱꦩꦾ   = samya        ꦲꦧꦾꦺꦴꦂ = abyor
     ꦏꦾꦲꦶ  = kyai         ꦱꦼꦢꦾ    = sedya
     ꦱꦼꦠꦾ  = setya        ꦏꦼꦥꦾꦸꦂ    = kepyur


  B. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener !
            pados gangsa          cruwalt cruwet
            dakgunggung           Sulistya pinter
            ngajak ngrusuhi       krenggas krenggos
            arep ngranggeh        Tarjan longgor
            kerep ngonggrong      botenlangkung 
            kemproh               nyekeltrebang
            mompyor               klomoh
            sampun trubus         lumayu nggendring
            klengsreh lemah       gendruwo
            dluwang klomoh



                                                             15 [ 16 ]V. UNGGAH-UNGGUH
Salinana nganggo basa ngoko andhap !
  1. Panjenengan kala wau punapa sampun dhahar saestu?
    Manawi boten dhahar mangga ta lenggah rumiyin !
  2. Kula kala wau ugi sampun sowan mriki, nanging panjenengan boten wonten dalem.
  3. Kula sampun mangertos punapa ingkang panjenengan kersakaken !
  4. Mangga ta kula aturi pinarak rumiyin, boten ketang namung sakedhap, sokur kersa nyare pisan.
  5. Kagunganipun sepedha motor enggal punika pundhutan pinten? Toko pundi ingkang panjenengan pundhuti?
  6. Prayoginipun siram wonten ngríki kemawon, lajeng mangke sami sesarengan mriksani ringgit tiyang.
  7. Sampun kondur rumiyin, punika wonten prekawis wigatos ingkang perlu panjenengan wuningani.
  8. Kula nyuwun priksa, punapa panjenengan benjing-enjing saestu kersa paring sesuluh dhateng sedherek-sedherek tani
  9. Kala wingi ingkang putra sampun kepanggih kula, ngendikanipun eyang ngersakaken rawuh ing Sala.
  10. Kula sampun nate matur dhateng ingkang ibu, manawi dipun parengaken kula badhe nyuwun ngampil kagunganipun sepedha kalih dinten kemawon.


VI. KASUSASTRAN

A. Saben bocah majua ing ngarep kelas, pacelathon ing dhuwur iku tirokna nganggo lagu lan mimik kang luwes !

B. Nganggo purwakanthi apa unen-unen iki ?

  1. Raras ririh rereh ngarih-arih.
  2. Si pengung kumlungkung anggung gumunggung.
  3. Ratih ratu ratune wong Cakrakembang, kembang wijaya kusuma asih mring kula.
  4. Watak-wantune wanita utama, tindak-tanduke tansah titi ngati-ati.
  5. Bisa mbrastha kabeh rubeda kang ngreribedi. [ 17 ]
    1. Ati tatag, watak teguh tanggon, tan tinggal tata-trapsila, adate bisa ngentasi karya.
    2. Watak mugen, ati tegen, tandang rigen, genah agawe sugih guna kaya.
    3. Wong kang awatak sareh, polatane sumeh, adate mitrane akeh.
    4. Ati jujur, budi luhur, pantes dadi wong dhuwur.
    5. Pemudha ora gumendhung, dhadhag wani ndhadha kaluputan, pantes ginadhang-gadhang dadi panggedhe.



◇◇◇
[ 18 ]
WULANGAN 2

I. WACAN

A. Wacanen batin !

TLAGA SARANGAN


Manawa disawang saka kutha Ngawi, utawa disawang saka kutha Sala,Gunung Lawu blegere kaya buta turu. Ndlujur anteng mrebawani. Nanging manawa diparani engga tekan pucuke jebul mengku kaendahan kang anglam-lami.
Ing ereng tembing kulon, tinemu papan wisata Tawangmangu kang kondhang kanthi sesawangane rupa Grojogan Sewu. Dene ing ereng tembing wetan rinengga kaendahan mligi, arupa tlaga Sarangan. Crita bab kaendahaning Gunung Lawu kaya-kaya ora ana enteke. Apamaneh nyritakake kaanane Tlaga Sarangan.
Tlaga kang jembar ngilak-ilak iki klebu wewengkon Kabupaten Magetan. Dene dhuwure papan endah iki udakara 1.287 meter saka lumahe segara. Ora beda karo Tawangmangu ing tembing kulon, munggah tekan Sarangan hawane adhem trecep-trecep, atis ing kulit. Miturut cathetan manawa wanci bengi suhu ing kana bisa nganti 16° Celsius.
Manawa kapinujon libur utawa ana wektu longgar, para andon wisata bisa tindak Sarangan. Saka kutha Magetan isih munggah ndeder udakara 17 km. Utawa manawa tetumpakan kang dijak lumaku arupa mobil kang sehat, bisa liwat Tawangmangu. Terus munggah udakara 15 km. Dalane alus, menggak-menggok, lan sesawangane nengsemake.
Miturut katrangan saka Dinas Pariwisata Kabupaten Magetan, ing saben dinane ora kurang 500-an para andon wisata, iya sing domestik apadene wisatawan manca, padha ngendhangi Tlaga Sarangan. Kanthi mangkono pehak Dinas Pariwisata sajake sengkut mbudidaya amrih Tlaga Sarangan bisa katon tansaya nengsemake lan narik kawigaten. Pambudidaya mau awujud pelayanan wisata kang tansah becik, apadene mranata papan-papan panginepan, losmen lan villa-villa ing babagan kaendahan lan karesikane. Mula aja kaget manawa ing papan [ 19 ]
iki panjenengan mirsani ana jaran-jaran kang dijangkepi sandhangan arupa kanthong-kanthong regedan ing pener ngisor buntute.
Mesthi bae iki mujudake pambudidaya amrih tlethong jaran ora pating bececer sadalan-dalan. Lan kang kedadeyan durung suwe iki para pelayan jasa tetumpakan jaran sarta tukang potret ing Sarangan wis kasil gawe wadhah organisasi sarta koperasi. Diajab kanthi wadhah organisasi lan koperasi mau bisa tansaya nggrengsengake pakaryan lan dadi pamecut tumrap kemajuane jagad ing Sarangan kana.

Mula bukane Tlaga Sarangan

Miturut gotheking ngakeh duk ing nguni tlaga Sarangan mau awujud sawah kang jembar. Ing kono dedunung sawijining Ulama kang apeparab Kyai Pasir. pancen Kyai Pasir mau dudu asli pedunung kono. Kyai saka desa Sawunggondhang iki dhedhepok ing kono jalaran kepengin nggarap sawah lan methik asile tanem tuwuh ing laladan kono. Apa maneh Kyai Pasir nduweni gegayuhan luhur, kepengin melu-melu nyebarake agama Islam ing pereng sisih wetan Gunung Lawu.
Suwening-suwe Kyai Pasir mau klakon ketemu jodhone. Ora adoh saka papan padunungane. Bojone Kyai Pasir iya bocah desa kono bae, kang sateruse katelah Nyai Pasir. Nanging iya saka kersane Gusti Kang Maha Kuwasa, anggone jejodhowan Kyai lan Nyai Pasir mau kena diarani gabug. Ora bisa nurunake anak siji-sijia. Mula kanggo ngregengake balewisma banjur mupu anak lanang siji kang aran Jaka Linglung, utawa asring diparabi Jalilung.
Anggone urip tembayatan ayem tentrem, tansah mong-kinemong lan sih-sinihan, senajan pakaryan saben dinane mung tetanen. Nuju sawiji dina Kyai Pasir antuk osiking Gusti Kang Maha Kuwasa, gelema njupuk endhog cacah loro kang dumunung ing tunggak kayu satengahe sawah kono. Endhog mau sawise diwenehake Nyai Pasir banjur digoreng. Asile dipangan bebarengan Kyai Pasir lan Nyai Pasir.
Nanging eloke kaanan, sawise mangan endhog mau sakojur awake Kyai lan Nyai Pasir banjur ngrasa gatel-gatel. Ora leren-leren anggone tansah kukur-kukur supaya rasa gatel mau dadi ilang. Rasa gatel mau ora ilang dhestun saya ngranuhi. [ 20 ]
Şaking jibeg lan bingunge Kyai lan Nyai Pasir banjur lumayu menyang sawah, karepe kepengin kungkum ing lendhut supaya gatele mau bisa saras. Nanging apa kang dumadi? Kyai lan Nyai Pasir ilang musna ing satengahe sawah kono. Kosok baline saka papan musnahe Kyai lan Nyai Pasir mau banjur metu sumber banyu kang gedhe banget, saengga sawah kang jembar mau malih dadi telaga kang jembar.
Mula ora aneh dening pedunung sakiwa tengene kono tlaga mau banjur diarani Tlaga Pasir. Ewasemono gandheng manggone ing desa Sarangan ana maneh kang ngaraní Tlaga Sarangan. Iya saka kedadeyan aneh mau, wekasane Tlaga Pasir mau banjur dikramatake pedunung Sarangan. Saben dina Jum'at Pon wulan Ruwah akeh kang padha caos sesaji lan ngajab supaya bisa antuk kawilujengan. Ora kaya nasibe Kyai lan Nyai Pasir kang musna mau.


B. Wangsulana pitakon-pitakon iki !

  1. Ngaranana papan-papan wisata kang dumunung ana ing gunung Lawu !
  2. Tlaga Sarangan iku dumunung ana ngendi lan kepriye kaanane ?
  3. Apa pamrihe Dinas Pariwisata anggone sengkut mbudidaya amrih Tlaga Sarangan bisa saya nengsemake ? Kepriye reka dayane ?
  4. Critakna apa bae kang bisa narik kawigatene para wisatawan tumraping Tlaga Sarangan iku !
  5. Coba critaa kanthi cekak kepriye legendane Tlaga Sarangan iku !


C. Lagu / pocapan

Ukara-ukara ing ngisor iku ucapna nganggo lagu kang luwes !
  1. Saiki anggonmu sekolah ana ing ngendi, Dar !
Ing SMP.
Wonten ing SMP.
Anggen kula sekolah sapunika wonten ing SMP.
[ 21 ]
2. Rak iya uwis klas loro la, kowe ?
- Sampun, Pak.
- Inggih, sampun, Pak.
- Kasinggihan, Pak.
- Saweg nembe kemawon, Pak.
- Leres makaten, Pak.
3. Ana kelas loro kowe rak ya luwih sregep sinau, la ?
- Inggih, Embah.
- Kedah makaten, Embah.
- Inggih, kula nyuwun pangestunipun Embah.
- Inggih, dhawuhipun Embah badhe kula estokaken.
4. - Bapak sampun tindak ?
- Punapa bapak sampun tindak ?
- Bapak punapa sampun tindak ?
5. - Olehmu ndokok topiku, ana ngendi, Ja ?
- Ja, olehmu ndokok topiku, ana ngendi ?
- Ana ngendi, Ja, olehmu ndokok topiku ?
6. - Sulama iku, apa nyata nakal ?
- Apa nyala nakal, Sutama iku ?
- Sutama iku, apa nyata nakal ?


II. KAWRUH BASA

A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

para andhon wisata
wisatawan domestik
mituru goteking ngakeh
dhedhepok
bale wisma
tembayatan
osiking Gusti Kang
Maha Kuwasa

destun saya ngranuhi
musna

= para plancongan
= wisatawan jeron negara dhewe
= mituru kandhane wong akeh
= dedunung
= omah sarta pakarangan
= rerukunan samad-sinamadan
= dielingake dening Gusti Kang
Maha Kuwasa
= nanging malah saya banget
= ilang tanpa lari

[ 22 ]B. Isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing ngisore sing mathuk !
  1. Manawa liburan akeh wong-wong saka kutha menyang pegunungan perlu... lan ngisep... kanggo mulihake rasa kesel.
  2. Ing Tawangmangu kerep ana pedhut mlaku kang diarani...
  3. Rasane hawa ing pagunungan yen bengi lumrahe..... mulane akeh pendhudhuk ngangetake awake kanthi kemul utawa....
  4. Para hartawan akeh kang gawe .... ana ing pagunungan kanggo palereban kulawargane.
  5. Pamarentah uga kagungan... ana Tawangmangu kanggo patirahaning para pegawai.
  6. Nalika ibu gerah wis nate... ana ing Kopeng.
  7. Wit pinus lan cemara ing pagunungan iki bisa mujudake sesawangan kang ... apa maneh sawah-sawah kang diatur sacara .... bisa muwuhi ... pandulu.

sadhem njekut
ampak-ampak
hawa seger
ngenggar-enggar

pasanggrahan
api-api
edi peni

tetirah
reseping
terasering
vila

C. Tembung-tembung ing ngisor iki ganepana supaya dadi tembung camboran ! Sabanjure gawenen ukarane !

— adhem ....
— sepi ....
— ijo ....
— ayem ....
— seger ....

— udan ....
— gremis ....
— tanem ....
— sato ....
— omah....

D. Isenana nganggo tembung-tembung kang ateges kabeh !

  1. Bok ...bumi... langit ora ganep loro wong kang aneh kaya ngono kuwi.
  2. Wartawan tingkat internasional iku mesthi wis njajah desa milang kori ing...bawana.
  3. Majua bareng...abang aku ora wedi.
  4. Obat sing disuntikake mau wis rumasuk ing... angga.
  5. Bareng aku mangan urang awak ... krasa gatel kabeh. [ 23 ]
  6. urip durung lau aku nemoni lelakon kaya ngone Iki,
  7. Olehku ngrampungake gambaran iki nganti sadina .....
  8. Anggonku nunggoni embah gerah nganti sawengi .....
  9. Kandhamu mung sadhela, kok nganti sasore..... lagi teka.
  10. Olehku pen brah sakesuk.....nanging ketok irunge bae ora.

II.PARAMASASTRA

UKARA BAWA

A. Tuladha iki gatekna!
(1). Bocah iku / nakal
(2). Pedhangku / agaran gadhing
(3). Narta / malumah bae
(4). Sirahe / kethuthuk
(5). Wong iku / kumalanda
(6). Drijine / kamiseseten
(7). Suwarane / gumuruh
Katrangan :
— Ukara-ukara ing dhuwur iku wasesane awujud tembung kaanan, yaiku arupa :
- tembung lingga
- tembung andhahan mawa ater-ater, a, ma, ke, kuma, kami, lan seselan um.
— Ukara kang wasesane awujud tembung kaanan kaya ing dhuwur iku diarani ukara bawa.
B. Coba gawea ukara bawa Adang tembung tembung ing ngisor iki!

kumemping
kumedom
maguru
madhukun
akembang
atudhung
rumujak
jinambak
kepacul
kebentus

kumrujak
kumawasa
kamigilan
kamibocah
kamitenggengen
asesaji
apeputra
mangidul
manjalma
maujud

[ 24 ]C. Ukara-ukara ing ngisor iku endi sing kalebu ukara bawa, ukara tanduk transitip, ukara tanduk intransitip, ukara tanggap !
  1. Bapak wis rawuh.
  2. Mencoku pinter ngoceh saiki.
  3. Aku nggawa buku wacan.
  4. Buku wacan dakgawa.
  5. Bocah-bocah padha nembang
  6. Aku bisa nembangake tembang gedhe.
  7. Narti disangoni eyang putri.
  8. Eyang putri nyangoni Narti.
  9. Pamanku apeputra telu.
  10. Krambile'lagi kumrempah.
  11. Saiki aku ngantuk banget.
  12. Aku arep turu sedhela.
  13. Udane kumrosak.
  14. Lakune mangetan.
  15. Gagasane biyen kae wis maujud.
  16. Mangga kita sami asesanti.
  17. Aku lagi nggendhong Tono.
  18. Pitikku lagi ngendhog.
  19. Sampeyan kula. ampiri kemawan.
  20. Artanipun adhi kula dipun celengi.

V. NULIS

TULISAN NGANGGO PANJINGAN LA (ꦭ)

A. Tamatna, wacanen, banjur turunen !

ꦏ꧀ꦭꦱ : Klasa

ꦏ꧀ꦭꦶꦭꦶꦥ꧀ : Klilip

ꦏ꧀ꦭꦸꦫꦸꦏ꧀ : kluruk

ꦏ꧀ꦭꦼꦊꦥ꧀ : klelep

ꦏ꧀ꦭꦺꦴꦩꦺꦴꦃ : klomoh

[ 25 ]
ꦏ꧀ꦭꦸꦁꦱꦸ = klungsu

ꦏ꧀ꦭꦺꦁ​ꦱꦿꦺꦃ = klengsreh

ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀​ꦧ꧀ꦭꦫꦏ꧀ = golek blarak

ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀​ꦏ꧀ꦭꦸꦮꦏ꧀ = sambel kluwak


PENGET:
Panulise aksara Jawa ora kena sungsun telu

ꦒꦼꦩ꧀​ꦧ꧀ꦭꦸꦁ​ ora kena ꦒꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦸꦁ


ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀​ꦏ꧀ꦭꦥ ora kena ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀ꦏ꧀ꦭꦥ


B. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener!
  1. Gombloh nganggo clana anyar sajak gemleleng.
  2. Klambune sing nglembreh iku dandanana!
  3. Aja seneng nglombrot karo kleweran ngono kuwi, ta!
  4. Slamet lungguh dhingklik karo ngemplongi bakal slendhang.
  5. Lembehane mblarak sempal.
  6. Klambiku gupak blethok marga kecemplung kalen.
  7. Glondhonge jati diglondorake menyang latar.
  8. Ayo padha klumpuk-klumpuk dhuwit kanggo nglencer.

V. UNGGAH-UNGGUH

Wacan ing dhuwur iku kramakna sing bener! [ 26 ]VI. KASUSASTRAN

A. Rumpakan adhapur pulisi Jawa gagrag anyar iki wacanen alon, rasakna temenan !

SADAWANE DALAN
Kakang...
yen ing kutha wis lingsir wengi
delengen ta kakang
Sing padha turu gumlethak neng tritis
wengi iki dheweke turu kepati ia
kinemul mendhung kinancdni ratri :
O, kakang... penggalihen
yen wengi saya tintrim
kekes, adhem, cumlekit dadi siji
Banjur... subuh
kang padha turu kepati... krungu
ambal-ambalan bedhug tinabuh
wengine wis dadi esuk
srengenge jumedhul
Aweh esem sandhuwuring gumuk .
bedhug bali keprungu maneh tengah rina
badan sapata... wis adoh gumregah
pangan...
njur sambat... nyuwun pangan
jroning ati nangis .. . sadawaning dalan
Oo, kakang .. wigatekna
dheweke uga umat...
padha karo kita



Pethikan saka : Bunga Rampai

SASTRA JAWA MUTAKHIR

J.J. RAS

[ 27 ]B. Ucapna ana ngarep klas kanthi lagu lan mimik kang cocog karo isine rumpakan !
PASRAH
Pandonga konjuk ing Pangeran
Rikala sakupeng kula sepi
0, Gusti pepundhen mami
Kawula nothok gapura suci
Kaparingana kawula toya
Lir sangsam ngajeng-ajeng toya
Makaten alum nyawa kawula
Mangka tan wonten saweneh toya
Kwagang nyirep ngoronging donya
Anjawi kang saking paduka
O, Gusti Rajaning Raja
Mugi keparenga amelasana
Aparing tentrem nyawa
Kawula nyuwun regeming asta
Sarta ayoming swiwi paduka

S. Pant
Medan Bahasa — Basa Jawi
nomer 7 tahun II

Tembung-tembung :
sangsam  : menjangan
mami  : aku, kula
saweneh  : ing sawatara
kwagang  : kiyat

C. Terangna !

  1. Apa bedane rumpakan pulisi Jawa gagrag anyar karo puisi Jawa tradhisional ?
  2. Ngaranana rumpakan puisi Jawa kang kagolong pulisi tradisional !
  3. Parikan lan wangsalan iku a rumpakan pulisi Jawa gagrag anyar apa tradisional ?
Teranana kang cetha ! [ 28 ]
WULANGAN 3

I. WACAN

A. Wacanen batin !


KORAN MASUK DESA
Manawa kita njinggleng angka-angka statistik kang magepokan karo cacahing pendhudhuk ing Indonesia, kurang saka 20% cacahe pendhudhuk mau dedunung ing kutha-kutha, Dene punjul 80% saka cacahe pendhudhuk dedunung ing karangpadesan. Ngelingi bab kasbut ngancik Pelita ka III diajab media pers kejaba ngrambah laladan kutha iya anduweni reng-rengan perlune ngrambah alam karang-padesan. Kanthi mangkono istingarah prikanca tani kang manggon ing desa-ngadesa bisa kasasaban, mangerteni lan melu njinggleng mungguh tuwuh pangrembakane kawruh ing sadhengah babagan.
Kanggo ngawekani bab mau mula Departemen Penerangan banjur cancut taliwanda gawe ada-ada mungguh perlune nyebar koran-koran lumebu desa kang luwih kondhang diarani Koran Masuk Desa (dicekak KMD). Ada-ada iki alelandhesan mawa kekancingan SK Menteri Penerangan No. 203 A/Kep/Menpen/1979.
Mesthi bae kanthi laire kekancingan kasbut diajab penyebaran informasi bisa luwih warata, lire desa-desa pelosok iya melu ngilo koran lan maca pawarta kang dumadi ing negarane dhewe apadene pawarta sakd manca. Yen digagas kanthi premati temene dikepriye bae bebrayan padesan nyata adoh

sungsate manawa katandhing klayan bebrayan ing kutha-kutha. Senajan waktu iki sing jeneng radhio apadene televisi wis mratah ing padesan, nanging keh-kehane bebrayan padesan mung luwih nengenake hiburan kang digiyarake ing radhio apadene televisi,

Uga ing babagan ekonomi, senajan prikanca tani ing padesan mau iya cekel dhuwit saupamane, nanging rumangsa eman manawa dhuwit mau ditanjakake kanggo tuku koran lan majalah kang uga piguna. Dhestun dhuwit mau ditukokake sandhangan kang asipat moderen, utawa dianggo ngragadi anggone ngudi undhaking tetanen. [ 29 ]
Pancen wis dudu wadi maneh, manawa kasenengan memaca tumrap bebrayan padesan isih perlu diunggar maneh, senajan durung suwe iki wis kepara akeh padesan kang dibiwarakake wis Bebas Tiga Buta. Mula kanthi kawicaksanan pemerintah anggone gawe ada-ada Koran Masuk Desa kang disengkuyung dening subsidi kang ora sethithik, diajab kasenengan memaca tumrap prikanca padesan bisa luwih digrengsengake maneh.
Presiden Suharto piyambak wis nate elik-elik, kanggo ngunggar gegayuhan kasile ada-ada Koran Masuk Desa, peran pers daerah dibisa dadi kunci wigati mungguh suksese mengko. Awit gelar yektine bebrayan padesan racake padha karem memaca manawa pawarta lan prastawa kang magepokan nggepok-senggol desane iya dipacak ing koran. Mesthi bae piweling saka Presiden mau untuk penyengkuyung saka jajaran pers, utamane pers daerah. Awit adoh sadurunge Presiden nelakake bab mau koran lan majalah ing daerah kayata Panyebar Semangat, Jaya Baya, Jaka Lodang, Kandha Raharja, Parikesit (kabeh mawa basa Jawa), Mangle lan Sipatahunan (kekarone abasa Sunda) wis biyen-biyen sumusup lan ngrambah padesan aweh susuluh marang prikanca tani lan pamong ing desa-ngadesa.
Lumebune koran ing alam padesan kang sinartan grengsenge masarakat kang wiwit seneng memaca jalaran wis lepas saka belenggu wuta sastra, istingarah bisa muwuhi ajuning bebrayan padesan. Iya ana ing babagan perekonomian, tetanen, kabudayan, kawanitan, lan liya-liyane. Mula wektu iki manawa panjenengan tindak menyang kantor kalurahan, ing kono wis kapasang papan pajangan koran kang gedhe banget guna paedahe tumrap kemajuan prikanca padesan kang wis wiwit bangkit sedyane, nyecep sadhengah ilmu kang kapacak ing ariwarti apadene kalawarti.
Pancen nyata ! Ing jaman apa be seneng memaca pancen tansah dibutuhake, lan iya kawiwitane saka seneng memaca mau gegayuhan lan kekudangane bangsa, yaiku masarakat adil lan makmur bakal enggal kasambadan. Dadi cekak aose, lumebune koran ing tlatah padesan bakal nuntun masarakat dadi bebrayan kang maju. Iya maju lair batine iya maju ing babagan kawruh lan pikirane. [ 30 ]B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !
  1. Mumpangate 'Koran Masuk Desa' iku gedhe banget. Coba terangna !
  2. 'Koran Masuk Desa' iku ada-adane sapa lan mawa lelandhesan apa ?
  3. Anane radhio lan televisi ing desa ngadesa isih perlu 'Koran Masuk Desa', Apa sababe ?
  4. Apa sababe kasenengan memaca tumrap bebrayanpadesan isih kurang senajan wis dibiwarakake wis Bebas Tiga Buta?
  5. Kepriye reka dayane saben kalurahan, supaya bebrayan ing kono bisane kagugat supaya seneng memaca ?
  6. Kanthi seneng memaca, masarakat adil lan makmur bakal kasembadan. Jlentrehke kepriye ?

C. Pocapan / panulisan

  1. Tembung-tembung kang kandel pangecape iki ucapna kang bener lan cetha !
Jurnalis iku uga diarani wartawan.
Ing wektu iki jurnalistik ing Indonesia wis kagolong-maju.
Jurnal olah raga tansah digiyarake metu TVRI.
Bareng jaman merdika layang kabar ùtawa ariwarti bisa sumebar tekan ing desa-desa sing mencil-mencil.
Majalah utawa kalawarti kang didhasarake ana ing toko iku warna-warna.
Saben perusahaan surat kabar duwe seksi administrasi, redaksi, uga pimpinan kang diarani redaktur.
Yen maca surat kabar aja lali maca ing rubrik tajuk rencanane !
Karikatur uga kerep kapacak ana ing ariwarti.
Ing saben kalawarti lan ariwarti mesthi ana iklan kang kapacak.


II. KAWRUH BASA

A. Tegese tembung-tembung iki golekna, banjur gawenen ukara!
jurnal = cathetan padinan (harian), buku bantu tumraping buku harian lan buku gedhe.
[ 31 ]
jurnalistik : bab kang ana gegayutane karo kewartawanan lan pekabaran.
jurnal olah raga : cathetan padinan (harian) bab olah raga
pers : pambudidaya ngumpulake lan nyebarake pawarta.
rubrik : irah-irahaning karangan (kolom) ing layang kabar utawa majalah.
redaksi : seksi ing perusahaan layang kabar kang tinanggenah milih lan ngracik pawarta kang arep kapacak ing layang kabar.
redaktur : pengarang ing layang kabar utawa majalah, pimpinan kang ngurusi layang kabar/majalah.
karikatur : gambar olok- olok kang ngemu surasa pasemon.
administrasi : urusan tata usaha, urusan pembukuan.
iklan (pariwara) : wara-wara marang bebrayan umum tumrap barang/jasa kang ditawakake.
ariwarti : layangkabar padinan (harian).
kalawarti : majalah kang metune pendhak wektu kang wis ditemtokake (minggon, sasen, kwartalan, Isp).
topik rencana : karangan pokok ing ariwarti utawa kalawarti.


B. Isenana nganggo tembung camboran kang cumawis ing ngisor sing mathuk !

  1. Tukang nglakokake prau arane ...
  2. Wong sing pagaweane nyabrangake wong nganggo prau arane ....
  3. Wong sing nglantarake pagunemane wong loro sing padha dene ora mangerti basane diarani ...
  4. Wong sing pinatah ngreksa pakuburan utawa papan sing kramat diarani ...
  5. Wong sing pinter memethek (memeca) sarana palintangan arane ...
  6. Wong sing pagaweane nindakake tulis- tinulis ana kantor-kantor arane ...
  7. Wong sing pakaryane dadi tukang adang diarani ...
[ 32 ]

8. Lurahing pelanyahan iku arane ...
9. Wong kang duwe kapinteran tansah nganggit crita (karangan) diarani ...
10. Wong kang pakaryane janaka, pawarta, kang calor kapacak ing ariwarti iku arane ...


juru kunci
juru basa
juru tambang
juru warta


juru mudhi
juru nujum
juru tulis


juru ngarang
juru dang
juru jalir



C. Apa pakaryane tukang kang kasebut ing ngisor iki ?


— jlagra
— gemblak
— greji
— gamel
— blandhong
— sayang
— pekathik
— blantik


— kusir
— masinis
— pilot
— kondektur
— niyaga
— waranggana
— dhalang
— penyumping



D. Isenana nganggo unen-unen/bebasan kang cumawis ing ngisore !

  1. Yen kowe sinau mempeng marga nduweni gegayuhan kepengin dadi dhokter, lan wong tuwana saguh ngragadi iki jeneng wis ...
  2. Kowe iku gelem melu seneng-seneng kok ora gelem udhu, iki bebasane ...
  3. Yen kowe nulungi wong kang kasangsaran iku malah nambah kasangsarane iku bebasane ...
  4. Wong tuwa kang tansah nguja sapanjaluke anak iku bebasane ...
  5. Sapa bae kang duwe gegayuhan kudu mbudidaya kapriye amrih kaleksanane, bebasan kudu direwangi ...
  6. Ing samubarang gawe iku aja sok njagakake pitulungane liyan, kava dene unine bebasan ... iku ora becik.


[ 33 ]
  1. Barang kang sepele ngono kok padha ko-anggo padudon rame ora karuwan, kuwi rak kaya dene bebasan . . . .
  2. Sanajan katone angel nanging ya coba dak-lakonane . . . . mbok manawa bisa kasil.


njagakake endhoge si blorok; ulat mandhep ati karep;
keplok lan jumbuh; madu balung tanpa isi; tulung men-
thung; kalah cacak menang cacak; keplok ora tombok;
welas tanpa alis


III. PARAMASASTRA 1. Pangrimbaging tembung mawa panambang i a. Panambang i manawa karaketake ing tembung kang wandane pungkasan arupa wanda sigeg, wandane sigeg ora owah, kayata : 1 + awalan Panulise nganggo aksara Latin : PANAMBANG "¡” + hanuswara /tripuruso. pacul + i - paculi jupuk + i gered + i bethet + i leren + i jupuki geredi → bétheti I ditulic lan to arazon + am agyom + an n my may + am maana + am man + am Kimbag. ikriya 20 ang lereni nd any nnnn am Panulise nganggo aksara Jawa sesigege dirang- kep: ↑ + lingga ti-> tanduk verw "dak | + linga+ 2 tang op di is az iz mir q y m y my nam cn 32 Y min mo somambung ing to kong woran 33. [ 34 ]b. Panambang i manawa karakelake Ing lembung kang wandane pungkasan arupa wanda menga (a, i, u, e, o):
— wandane pungkasan owah dadi e utawa o
— panambang ini (lingga + an + i |)
Tuladha :
pati + i → pati + an + i → paten + i → pateni
laku + i → laku + an + i → lakon + i → lakoni
sade + i → sade + an + i → sade + i → sadeni
bodho + i → bodho + an + i → bodhon + i → bodhoni
gawa + i → gawa + an + i → gawa + i → gawani
Panulise nganggo aksara Jawa :
pateni → ꦥꦠꦺꦤꦶ
lakoni → ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ
sadeni → ꦱꦣꦺꦤꦶ
bodhoni → ꦧꦺꦴꦣꦺꦴꦤꦶ
gawani→ ꦒꦮꦤꦶ
2. Pangrimbaging tembung mawa ater-ater anuswara + i:
a(N) + sapu + i → nyaponi
a(N) + waca + i → macani
a(N) + tuku + i → nukoni
a(N) + uni + i → nguneni
a(N) + sade + i → nyadeni
a(N) + bodho + i → mbodhoni
a(N) + pasa + i → masani
a(N) + ronce + i → ngronceni
a(N) + loro + i → ngloroni
3. Tegese panambang !
a. ngleboni guwa = mlebu ing guwa
 ngunggahi gunung = munggah ing gunung.
b.ngirimi layang marang bapake = kirim layang marang bapake
mbasani wong cilik [ 35 ]c. ngoncati bebaya = Oncat saka ing bebaya
ngedohi maksiyat = ngadoh saka ing maksiyat
d. mriyayeni = kaya priyayi
ndesani = kaya (wong) desa
e. nuthuki paku = marambah-rambah nuthuk paku
naboki bocah = marambah-rambah nabok bocah
f. ngandeli garise = gawe luwih kandel garise
ngurangi tadhahe = gawe supaya kurang tadhahe
g. ngratoni negara = dadi ratu ing negara
nglurahi padesan = dadi lurah ing desaku
h. nggateli awak = gawe gatel ing awak
maregi weteng = njalari wareg ing weteng

PANAMBANG AKE / AKEN

1. Pangrimbaging tembung mawa panambang ake
a. Panambang ake/aken manawa karaketake ing tembung kang wandane wekasan sigeg, ora ngowahi tembung. Dene panulise nganggo aksara Jawa, sigege dirangkep.
Tuladha :
sawat + ake → Sawatake ꦱꦮꦠꦏꦺ
suwun + aken → suwunaken ꦱꦸꦮꦸꦤꦏꦺꦤ꧀

(di) edum + ake → edumake ꦄꦼꦣꦸꦩꦏꦺ
(di) jupuk + ake → jupukake ꦗꦸꦥꦸꦏꦏꦺ
(di) kuras + ake → kurasake ꦏꦸꦫꦱꦏꦺ
[ 36 ]Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/38 [ 37 ]3. Tegese panambang ake / aken

  a. nyusahake wong tuwa   = gawe supaya susah wong tuwa
     ndhuwurake lampu      = gawe supaya dhuwure lampu
  b. mbodhokake liyan      = nganggep bodho marang liyan
     ngluputake kanca      = ngarani luput marang kanca
  c. mlayokake sepedha     = nggawa mlayu sepedha
     nglungakake dhuwit    = nggawa lunga dhuwit
  d. nulisake adhine       = nulis kanggo adhine
     njalukake adhine      = njaluk kanggo adhine.
                     L A T I H A N

Tembung-tembung kang dikurung ing ukara-ukara iki rimbagen
nganggo ater-ater anuswara lan panambang i, ake/aken,
banjur tegesana pisan !

1. Aku (weneh) dhuwit marang adhiku.
2. Bapak wingi (ili) banyu ing sawah.
3. Aku uga tau (ili) sawah saka kalen.
4. Adhiku wis pinter (tempel) potret-potret ana album.
5. Pemain akrobat wani (kalung) ula ana ing gulune.
6. Aku didhawuhi ibu supaya (patri) ceret;
7. Sesasi sepisan ibu (jamu) adhiku nganggo tamu lawak.
8. Kowe biyen (janji) aku arep (tuku) sepatu anyar..
9. Kula inggih sagah (bekta) koper sampeyan.
10. Eyang mau (dangu) kowe, geneya kowe ora (tonton) sekaten
     adhi- gahine.

IV. N U L I S

         PANULISE TEMBUNG-TEMBUNG KANG MAWA
    PANAMBANG I, AKE/AKEN NGANGGO AKSARA JAWA
   A Panulise tembung-tembung mawa panambang i (ꦲꦶ)
     ꦠꦸꦏꦸ                 __   ꦤꦸꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ
     ꦠꦼꦏ                 __   ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦤꦶ
     ꦒꦼꦠꦏ꧀              __   ꦢꦶꦒꦼꦠꦏ꧀ꦏꦶ
                                                               37 [ 38 ]
  ꦕꦺꦴꦥꦺꦴꦠ      ___  ꦚꦺꦴꦥꦺꦴꦠ꧀ꦠꦶ 
  ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦴꦩ꧀      ___  ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦴꦩ꧀ꦩꦶ 
  ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀         ___  ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦶ 
  ꦲꦺꦴꦩꦥꦺꦴꦭ꧀   ___  ꦔꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦴꦭ꧀ꦭꦶ 
  ꦱꦼꦝꦼꦥ꧀          ___  ꦚꦼꦝꦼꦥ꧀ꦥꦶ 
  ꦮꦉꦒ꧀         ___  ꦩꦉꦒ꧀ꦒꦶ 
  ꦲꦺꦭꦶꦁ          ___  ꦔꦺꦭꦶꦁꦔꦶ 
  ꦲꦺꦩ꧀ꦥꦺꦂ       ___  ꦔꦺꦩ꧀ꦥꦺꦂꦫꦶ 


B. Panulise tembung-tembung mawa panambang ake/aken

 (ꦲꦏꦺ utawa ꦲꦏꦼꦤ꧀)
 1. Manawa pungkasaning lingga awujud wanda menga ;
   ake/aken katulis (ꦲꦏꦺ utawa ꦲꦏꦼꦤ꧀)
   kayata:
   ꦒꦮ      ꦲꦁꦒꦮꦏ꧀ꦲꦏꦺ
   ꦥꦸꦗꦶ      ꦩꦈꦗꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ
   ꦠꦸꦏꦸ     ꦤꦸꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ
   ꦱꦩꦶ     ꦚꦩꦺꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀
   ꦱꦺꦗꦺ   ꦚꦺꦗꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ
   ꦧꦺꦴꦝꦺꦴ ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ


38 [ 39 ]2. Manawa pungkasaning lingga awujud wanda sigeg. sigege​​​ karangkep, kaya ta :

ꦲꦥꦭ꧀ __ ꦔꦥꦭ꧀ꦭꦏꦺ
ꦒꦠꦏ꧀ __ ꦢꦒꦠꦏ꧀ꦏꦏꦺ
ꦕꦺꦴꦥꦺꦴꦠ꧀ __ ꦚꦺꦴꦥꦺꦴꦠ꧀ꦠꦏꦺ
ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ __ ꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦭꦏ꧀ꦏꦏꦺ
ꦥꦕꦸꦭ __ ꦩꦕꦸꦭ꧀ꦭꦏꦺ
ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ __ ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦏꦺ
ꦲꦸꦫꦸꦥ꧀ __ ꦔꦸꦫꦸꦥ꧀ꦥꦏꦺ
ꦱꦸꦭꦩ꧀ __ ꦚꦸꦭꦩ꧀ꦩꦏꦺ

C. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener !

ndondomake nyemoni ngedolake ngudhuni nuthukake nggoleki. njurusake nggondheli nganggokake ngladosi ngresmekake mbunderi nutokake mbetheti nyontokake ngregedi nggadhekake nganthongi nggolekake nyalami nambakake nyarapi

V. UNGGAH-UNGGUH

Basa madya ngoko iki salinana nganggo basa krama!
Mbok Sardi : ”Dika esuk-esuk kok empun mruput teng pasar. Onten prelu napa ta?”
Ni Merta : ”Ajeng nempur, nek rada kawanan, sok boten komanan, dene sing padha tuku boten ngemungake wong mriki mawon.”

[ 40 ]

Mbok Sardi : ”Kula niki temene mawon enggih butuh beras kaya dika. Ning kula srantekake. Njing dina pasaran mawon. Dadi regane rada mboten kelarangen.”
Ni Merta : ”Ngotena nika pasaran ngarep niki rak dereng kena dipesthekake kehing bakul sing adol beras, awit dene seg nengah-nengahi mangsa rendheng kaya ngeten ! Adat sing empun-empun beras parine wong desa sami disimpen mawon.”
Mbok Sardi : ”Mula bener kandha dika ngoten niku. Tujokna butuh kula beras boten akeh.”
Ni Merta : ”Nek ming ajeng tuku beras 10 beruk mawon, kula bisa ngeteri.”
Mbok Sardi : ”Lah enggih becik ta nek ngoten. Ning regane salumrahe mawon !”
Ni Merta : ”Enggih, ta. Mengke awan-awanan kula eteri 10 beruk.”

Karti Basa kaca 69


VI. KASUSASTRAN

  1. Wedharing rasa pangrasa iku bisa katulis nganggo :
    1. basa gancaran, yaiku basa kaya kang kanggo cecaturan ing saben dina, layang kabar, crita, lsp.
    2. basa iketan, yaiku kang kaiket ing wewaton, tuladhane : parikan, wangsalan, guritan, tembang, lsp.
    Basa kang kanggo ana ing layang kabar (hariwarti) lan ana ing majalah (kalawarti) mesthi katulis nganggo basa gancaran.
  2. Layang kabar iku warna-warna. Ana sing diarani Hariwarti kang metune saben dina. Ana sing diarani Kalawarti kang metune mangsa kala. Iku kabeh sing baku nganggo basa gancaran. Dene yen ana tembange lsp, iku mung awujud isen-isen, kanggo ganep-ganep. Amarga hariwarti apa dene kalawarti iku ngemot sawarnaning kawruh, kaya ta :
— kawruh bab tembang (puisi)
— kawruh bab dedagangan
— kawruh bab perusahaan [ 41 ]
  • — kawruh bab tetanen
  • — kawruh bab peternakan
  • — kawruh bab politik
  • — kawruh bab teknik
  • — kawruh bab sejarah
  • — kawruh bab kabudayan Isp.


    C. Ing jaman kang wis kapungkur hariwati kang nganggo basa Jawa kaya ta :

    1. Hariwarti Sedyatama, iku malah kacithah nganggo aksara Jawa.
    2. Kalawarti Kejawen, iya kacithak nganggo aksara Jawa. Kawetokake dening Balai Pustaka ing taun 1926 — 1942. Marga nalika jaman Jepang dilarang.
    3. Panyebar Semangat, babaran Surabaya, kawetokake wiwit taun 1933. Nalika jaman Jepang uga disetop. Ing taun 1949 lagi kena ngetokake maneh nganti tekan seprene.


    D. Saiki hariwarti lan kalawarti kang nganggo aksara Jawa wis ora ana. Malah hariwarti Jawa bae wis ora ana. Sing ana mung kari kalawarti, kaya ta :

    1. Jaya Baya, kalawarti terbitan Kediri wiwit taun 1945, saiki pindhah ana ing Surabaya.
    2. Waspada, kalawarti babaran Yogyakarta wiwit taun 1952.
    3. Mekar Sari, kalawarti weton Yogyakarta kang wiwit taun 1957.
    4. Cendrawasih, kalawarti saka Surabaya, kawetokake wiwit taun 1957.
    5. Crita Cekak, weton Surabaya wiwit taun 1955.
    6. Gotong Royong, saka Surabaya wiwit taun 1963.
    7. Candra Kirana, weton Surabaya wiwit taun 1964.


    ————◇◇◇————


    41

    [ 42 ]
    WULANGAN 4

    I. WACAN

    A. Wacanen batin sing premati !
    HARI KESAKTIAN PANCASILA

     Pancasila kang adil dadi dhasare negara Republik Indonesia iki nyata-nyata sekti mandraguna. Lire wis makaping-kaping ana sawenehing pawongan lan golongan kang gething keburu sengit nedya njongkeng Pancasila, banjur diganti kanthi dhasar liya, ewasemono kabeh mau cabar tanpa gawe.

     Yen dietung-etung, wiwil kobare Prastawa Madiun kang didhalangi PKI Muso lan kanca-kancane, banjur pemberontakan RMS ing Maluku kang dipandhegani Soumokil, uga pemberontakan DI/TII ing Jawa Kulon lan saperangan Jawa Tengah kang didhalangi Sekarmaji Marijan Kartosuwiryo, PRRI/Permesta ing Sumatra Kulon lan Sulawesi kang dipandhegani Andi Azis lan Kahar Muzakar, kabeh mau kasil ditingkes dening ABRI lan Rakyat. Iki mracihnani manawa saperangan gedhe bangsa Indonesia isih nresnani Pancasil minangka gegondhelan, kapribaden, filsafat sarta dhasaring negarane.

     Nanging prastawa-prastawa kabeh mau pancen durung rampung semono bae. PKI kang nate gawe ontran-ontran rikala Prastawa Madiun 1948 lan diapura saengga bisa dadi partai kang ngrembaka jebul sulaya ing janji lan cidra ing ubaya. Anggone nampa Pancasila jebul mung dianggo lamis bae. Lire ing sawise taun 1960-an akeh prastawa-prastawa cilik ing dhaerah kang didhalangi lan digedhek-gedhekake dening PKI. Dene minangka punjere prastawa yaiku rikala Kedadeyan ontran-ontran ing Lubang Buaya tanggal 30 September 1965. PKI kanthi G 30 S nyata-nyata mrengkang paprentahan lan ngemohi Pancasila.

     Tragedi nasional ing Lubang Buaya kang katindakake dening G 30 S / PKI iki dadi tandha yekti, manawa PKI pancen wis ora bisa disanak maneh. Tumindake cengkah karo kapribaden lan jiwa Pancasila. Pemuda Rakyat kang bebarengan karo saperangan Pasukan Cakrabirawa nyulik para Jendral Angkatan Darat, kayata : Jendral Ahmad Yani, Letjen Haryono MT, Letjen S. Parman, Letjen R. Suprapto, Mayjen. Sutoyo, Mayjen D.I Panjaitan, Kapten Piere Tendean, lan Ajun Inspektur Polisi Karel Sasuit Tubun, mujudake tumindak kang cengkah kalayan [ 43 ]

    penghayatan lan pengamalan Pancasila. Apa maneh sawise kasil diculik, para kurban mau banjur disiksa lan dipilara engga dadi lan tiwase. Lan sawise tinemu tiwas kanthi patrap deksiya jisime para kurban mau banjur dilebokake ing sajroning sumur tuwa satengahe Lubang Buaya kono.

    Kaya mangkono mau trekahe Pemuda Rakyat. Gerwani lan Anggota BTI kang disengkuyung dening PKI. Mesthi bae iki awali ora uwal saka gegayuhane Letkol Untung kang dadi dhalang prastawa. Awit iya Letkol Untung mau kang kepengin ngelun panguwasa, kepengin mrengkang pranatan sarta Pancasila, kang sabanjure bisowa diganti mawa lelandhesan komunisme.

    Nanging senajan dibudidaya kepriye bae, pemudha-pemudha kang ajiwa Pancasila ora bakal kengguh ing ubaya. Kanthi dipandhegani dening Letjen TNI Suharto, kang dibiyantu dening pasukan RPKAD kang dipimpin dening Kolonel Sarwo Edhie Wibowo, Pemuda Rakyat dalah Cakrabirawa kang kasil nguwasani lan ngejeki panggonan-panggonan wigati ing Jakarta kabeh kasil ditingkes. Pencen ora lidok, kabeh mau lumaku jalaran dikomandho dening para pemimpin PKI. Kanthi sesanti rawe-rawe rantas malang-malang putung, kang kasil dibrastha dening ABRI lan Rakyat orang mung para paraga prastawa G 30 S / PKI bae, nanging jangkep sak benggol-benggole pisan kasil dibrastha.

    Mula ora jeneng keladuk manawa wiwit prastawa mau, tanggal 1 Oktober 1965 pihak Pancasilais wis kasil ningkes sakabehing mungsuh. Iya mungsuh kang nyata-nyata kepengin ngrubuhake Pancasila apadene mungsuh kang kanthi sesidheman kepengin gawe cilakaning bangsa lan negara sarana laku cidra. Mula kanggo pepenget tumrap kita kabeh tanggal 1 Oktober tetep kita pengeti minangka Dina Kesaktian Pancasila. Lan iya ing dina kasbut wis wajibe kita kabeh mawas dhiri, apa iya Pancasila wis kita amalake ing dalen pribadi kita ing sajroning urip bebrayan sadina-dina ?

    Bangsa Indonesia wis sabaya-pati nedya mbela wutuhe negara Republik Indonesia kanthi wani ndhepani bantala amrih tansaya luhur lan arume bangsa. Jaya-jaya dwipantara tetep jaya ngadhepi salwiring bebaya, ngono sesantine, kejaba Bhinneka Tunggal Ika kang wis dadi tekad bebarengan kang tansah dileluri.*** [ 44 ]

    B. Wangsulana pitakon-pitakon iki !

    1. Buktine apa manawa Pancasila kang dadi dhasar negara Republik Indonesia iki sekti mandraguna ?
    2. Tumraping bangsa Indonesia Pancasila iku bisa nggambarake apa ?
    3. Saperangan gedhe bangsa Indonesia tresna marang Pancasila. Buktine iku kepriye ?
    4. Tumindake PKI nyata cengkah karo kapribaden lan jiwa Pancasila. Tuduhna buktine !
    5. Golongan pemudha endi kang nyata keblinger marga kengguh marang janji muluk-muluk nganti direwangi gelem tumindak nglawan Pancasila ?
    6. Saben tanggal 1 Oktober tetep kita pengeti minangka Hari Kesaktian Pancasila. Apa pamrihe ?


    C. Pocapan

    Tembung-tembung kang kaecap kandel ing ukara-ukara iki ucapna sing bener !

    1. Koperasi Unit Desa iku kacekak dadi KUD.
    2. Adu cepat-tepat liwat TVRI gedhe mampangate tumraping para siswa SD, SMP, SMA.
    3. PLN, Telekom, Perumtel iku kabeh kalebu “perusahaan umum negara”
    4. Layang katrangan bebas G 30 S/PKI dibutuhake kanggo kaperluan lamaran dadi punggawaning negara.
    5. Koperasi iku saben taun wajib lapuran marang para anggota lan sabisa-bisa dibarengi ngedum SHU.
    6. Kanggo nulungi marang golongan "ekonomi lemah”. Bank pemerintah bisa menehi kredit modhal KCK, KMKP, KIK lan sapanunggalane.


    II. KAWRUH BASA

    A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

      sekti     = duwe kaluwihan ngungkuli kodrat
      mandraguna  = wasis (digdaya) banget
      ditingkes   = ditumpes


    44 [ 45 ]

    prastawa = kadadean
    ngrembaka = mekar, dadi gedhe
    punjere prastawa = underane kadadean
    sulaya = ora cocog
    cidra = ora setya, ora nuhoni janji
    ubaya = janji, kasaguhan
    lamis = mung laire thok ning batine ora
    mrengkang = ora manut
    tragedi nasional = prastawa kang nyedhihake bangsa
    cengkah = sulaya

    B. Isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing ngisor sing mathuk !

    1. Yen wayah lingsir wengi aja seru-seru anggonmu ngunekake tape, sabab kowe kudu . . . .
    2. Swasana kampung bisa tentrem lan aman, manawa para wargane bisa srawung kanthi . . . lan . . . .
    3. Pasrawungan ing kampung bisa . . . manawa para wargane padha duwe . . . , ing antarane siji lan sijine padha . . . lan padha gelem nindakake . . . ngayahi kebutuhane kampung.
    4. Ngedohi larangan lan nindakake dhawuhe Gusti Allah iku diarani . . . .
    5. Yen kepengin nyingkiri anane padudon ing antarane siji lan sijine kudu dianakake . . . , aja nganti mung waton tumindak.
    musyawarah ; ngelingi butuhing liyan ; takwa ; ajen-
    ingajenan ; sumadulur ; jaga-jinaga ; gotong royong ;
    mong kinemong ; tepa slira ; golek menange dhewe


    C. Tembung-tembung saroja ing ngisor iki gawenen ukara kang mathuk !

    gugur gunung
    bau suku
    darma bekti
    tindak tanduk
    solah tingkah

    sugih miskin
    gedhe cilik
    enom tuwa
    gawe parigawe
    ruwed renteng

    [ 46 ]D. Apa kosok baline ?
    1. wong kang alus bebudene.
    2. wong kang luhur bebudene.
    3. wong kang dhiri.
    4. wong kang gumedhe.
    5. wong kang kajen keringan.
    6. wong kang kumalungkung.
    7. wong kang lembah manah.
    8. wong kang pradhah.
    9. wong kang andhap asor.
    10. wong kang blaba.


    E. Tegese ukara-ukara ing ngisor iki golekana paribasane nganggo tembung kang dikurung ing burine !

    1. Wong kang disenengi dening wong akeh (cepaka)
    2. Wong kang laire katon anteng, nanging tibake ala atine. (widara)
    3. Wong, kang kakehan kasaguhane nanging ora tau ana nyatane. (gludhug)
    4. Wong kang ala rupane apa maneh ala bebudene. (ganja)
    5. Wong kang rupane ala nanging akeh kabisane. (madu)
    6. Wong kang apik rupane lan becik bebudene. (manis)


    III. PARAMASASTRA

    UKARA CAMBORAN WUDHAR
    (KALIMAT MAJEMUK SETARA)

    A. Gatekna !

    Wis diterangake ing ngarep manawa :

    1. Ukara lamba (ukara prasaja)
    Yaiku ukara kang jejere mung siji lan wasesane mung siji (1 pola ukara)

    1. Aku maca buku.
    2. Adhiku mangan kacang.
    3. Bapak ngendikan karo ibu.


    46 [ 47 ]

    2. Ukara camboran wudhar

    Yaiku ukara kang kadadean saka pola-pola ukara kang sejajar. Marga siji-sijining pola ukarane ora dadi katranganing pola ukara liyane (kedadean saka 2 pola ukara utawa luwih)

    Tuladha :

    1. Aku maca buku, adhiku mangan kacang, bapak ngendikan karo ibu.
    2. Aku maca buku LAN adhiku mangan kacang.
    3. Aku maca buku, adhiku mangan kacang, LAN bapak ngendikan karo ibu.
    4. Aku maca buku LAN adhiku mangen kacang, DENE bapak ngendikan karo ibu.


    Katrangan :

    (1). Ukara camboran a, b, c, d ing dhuwur iku kadadean saka 3 ukara lamba kasebut ing dhuwur.

    (2). Carane ndhapuk dadi ukara camboran wudhar (Kalimat majemuk setara) ing tuladha iku mangkene :

      (a). Kadhapuk sarana kaucapake kanthi lagu kang ing panulisan diwenehi tandha koma. Dadi tanpa tembung pangiket.
      (b). Kadhapuk sarana lagu lan tembung pangiket LAN.
      (c). Kadhapuk sarana lagu lan tembung pangiket LAN.
      (d). Kadhapuk sarana lagu lan tembung pangiket LAN, DENE.


    B. Ukara-ukara lamba iki dhapuken supaya dadi ukara camboran wudhar sarana lagu bae!

    1. a. Aku mangan nangka.
      b. Adhiku ngombe wedang.
    2. a.Bapak tindak menyang kantor.
      b. Ibu resik-resik ana ndalem.
      c. Aku karo adhiku menyang sekolah.
    3. a. Adhiku sregep sinau.
      b. Kakangku kesed banget.


    47
    [ 48 ]

    C. Ukara-ukara lamba iki dhapuken nganggo tembung pangiket kang cumawis ing ngisor, supaya dadi ukara camboran wudhar !

    1. Kowe mau saka ngendi ?
      Wayah mene lagi mulih.
    2. Redi Merapi punika sampun inggil.
      Meksa kawon kaliyan redi Semeru.
    3. Aku iki wis tuwa.
      Isih mempeng anggonku marsudi kawruh.
    4. Aku diarani njupuk buku.
      Aku weruh bae ora.
    5. Kali iki cilik.
      Iline banter temen.
    6. Dhateng kula radi kasep.
      Kebetheng wonten margi.
    7. Mangke dalu kula boten saged sowan mriki.
      Kadhawuhan ndherek bapak.
    8. Anggen kula damel sabun boten saged dados.
      Kekathahen toyanipun.
    9. Sedulur tuwa wajib dibekteni.
      Dadi gegentining wong tuwa.
    10. Aku lagi ora duwe dhuwit.
      Ora bisa mitulungi.
    11. Kowe dakundang mrene. Arep dakkandhani dhewekan.
    12. Darna punika radi cadhok mripatipun. Manawi maos kerep klentu.

      Tembung pangiket :

      sarehne
      mulane
      milanipun

      dene
      ewadene
      suprandene

      margi
      jalaran
      sabab

      mangka
      nanging
      awit

    48 [ 49 ]

    IV. NULIS

    A. Nulis angka nganggo aksara Jawa
    Angka Jawa iku gunane kanggo nengeri cacah utawa urut-urutaning barang. Sarehne angka Jawa iku wujud aksara Jawa mula panulise kudu dipisah karo aksarane ing sakiwa tengene sarana pada pangkat (꧇)

    Wujude angka Jawa :

    = 1
    = 2
    = 3
    = 4
    = 5


    = 6
    = 7
    = 8
    = 9
    ꧑꧐ = 10


    ꧑꧑ = 11
    ꧒꧕ = 25
    ꧒꧐꧑ = 201
    ꧑꧐꧒꧗ = 1027
    ꧑꧙꧕꧕ = 1955



    Tuladha panulise :

    ꧋ꦧ꧀ꦭꦚ꧀ꦗꦤꦺ꧇꧔꧐꧐꧇ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ꧉


    ꧋ꦲꦺꦴꦩꦃꦲꦺꦏꦧꦺꦃ꧇꧑꧗꧉

    ꧋ꦲꦂꦠꦏꦸꦭ꧇꧒꧕꧐꧐꧇ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ꧉

    ꧋ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧇꧓꧇ꦗꦊꦂꦱꦢꦪ꧉



    B. Nulis tembung kang nganggo aksara swara.
    Wujude aksara swara yaiku :


    ꦄ꧈
    A;


    ꦆ꧈
    I;


    ꦈ꧈
    U;


    ꦌ꧈
    E;


    ꦎ꧈
    O;


    49

    [ 50 ]Panganggone aksara swara :

    Mung kanggo nulisi tembung manca. Aksara swara iku ora wenang dadi pasangan.

    Tuladha :

    1. ꦄꦭ꧀ꦭꦃ = Allah
    2. ꦌꦫꦺꦴꦥꦃ = Eropa
    3. ꦄꦩꦺꦫꦶꦏꦃ = Amerika
    4. ꦌꦁꦧꦺꦴ = Eng bo
    5. ꦆꦱ꧀ꦏꦏ꧀ = Iskak
    6. ꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ = Inggris
    7. ꦈꦩꦂ = Umar
    8. ꦈꦱ꧀ꦩꦤ꧀ = Usman
    9. ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ = Oktober
    10. ꦎꦂꦣꦼ = Orde
    11. ꦮꦸꦭꦤ꧀ ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀ = wulan April
    12. ꦠꦲꦸꦤ꧀ ꦌꦲꦺ = taun Ehe
    13. ꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦈꦱ꧀ꦩꦤ꧀ = namanipun Usman
    14. ꦗꦩꦤ꧀ ꦌꦂꦭꦁꦒ = jaman Erlangga
    15. ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ ꦎꦁꦏ = nulis angka
    16. ꦩꦼꦢꦭ꧀ ꦈꦱ꧀ꦠꦿꦭꦶ = medal Ustrali
    17. ꦧꦶꦱ꧀ ꦌꦏ꧀ꦱꦼꦥꦿꦺꦱ꧀ = bis ekspres
    18. ꦮꦸꦭꦤ꧀ ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ = wulan Oktober [ 51 ]

    C. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener!

    1. sapunika laun 1989
    2. Celenganipun 1743530 rupiyah
    3. 28, 109, 7320, 4973, 16792
    4. nagara Arab
    5. wulan Agustus
    6. karsanipun Allah
    7. agaminipun Islam
    8. nagarinipun Indonesia
    9. Rabiulawal
    10. namanipun Edris
    11. nulis angka.


    V. UNGGAH-UNGGUH

    A. Gawea ukara sasanti banjur wacanen nganggo lagu kang luwes!

    1. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. . . .
    2. Sabaya pali,. . . .
    3. Sadumuk bathuk. . . .
    4. Rukun agawe santosa. . . .
    5. Sepi ing pamrih, . . . .
    6. Nglurug tanpa bala, . . .
    7. Sapa salah . . . .
    8. Sura dira jayanirat . . . .
    9. Becik ketitik, . . . .
    10. Jer basuki . . . .


    B. Sasanti ing dhuwur iku tegesana banjur trapna ing ukara!

    Tuladha:

    Sing padha rukun bae karo sedulur-sedulurmu aja seneng cecongkrahan, elinga marang unen-unen rukun agawe santosa, crah gawe bubrah


    51

    [ 52 ]VI. KASUSASTRAN
      Ngaranga tembang KINANTHI kang surasane mangkene :
        — Pancasila dadi dhasaring negara
        — Pancasila iku jiwa lan kapribadening bangsa Indonesia.

      Panuntun :

    1. Manut surasane kang kacekak dadi 2 ukara ing dhuwur iku, ateges ukara 2 ing dhuwur iku bisa dadi 2 topik paragraf = 2 ukara baku.
    2. Saben topik paragraf (ukara baku) bisa diwenehi ukara-ukara tambahan saperlu, supaya dadi 2 paragraf kang cacahing larikan ana 6, marga tembung Kinanthi iku ana 6 gatra.
    1. Saben sagatrane kudu karingkes supaya dadi 8 wanda kanthi ora ngowahi surasaning gatra, kanthi cara :
        — tembung kang dawa diganti tembung kang cekak.
        — mancah tembung
        — yen bisa migunakake tembung kawi.
    1. Swaraning pungkasane gatra kacocogake karo paugeran guru lagu (dhong-dhing) Kinanthi (8u,8i,8a,8i,8a,8i) kanthi cara :
        — malik dhapukaning gatra
        — ngganti tembung kang swarane cocog karo sing dikarepake kanthi ora owah tegese.
    1. Cengkorongane tembung Kinanthi :
        ―――――――――――――――8u
        ―――――――――――――――8i
        ―――――――――――――――8a
        ―――――――――――――――8i
        ―――――――――――――――8a
        ―――――――――――――――8i
    ―――◇◇◇―――
    [ 53 ]
    WULANGAN 5

    I. WACAN

    A. Wacanen batin !
    TRANSMIGRASI
    Pak Lurah : ”Wah, isih esuk kok wis sengkut gawe gulutan ta, kerta. Gek arep ditanduri apa ?”
    Pak Kerta : ”Kirangan niki Lurahe. Dipun tanemi jagung asilipun inggih boten maremaken. Dipun tanemi pohung inggih kirang sae.”
    Pak Lurah : ”Pancen ya ndilalah. Tegalanmu iki sarwa ngewuhake. Gek lemahe bae cengkar kaya ngene. Lemah padhas putih. Banyu saka kali ngisor kae, upama bisa diunggahake ya kedhuwuren. Lha kowe kok ya tlaten temen duwe garapan kaya ngene.
    Pak Kerta : ”Lerese ngaten nggih boten tlatos, Pak. Lha nanging badhe pripun malih. Napa ajeng nggarap tegale tiyang sanes ?”
    Pak Lurah : ”Karepku ngene lho, Pak Kerta. Tinimbang ing desa kene tegalanmu ora bisa ngetokake asil kang becik, mbok iya melu ndhaptarake transmigrasi kana.”
    Pak Kerta : ”Wah, pripun nggih Lurahe. Menawi ndherek transmigrasi niku ketingale kok tebih sedherek. Gek manggene mawon teng tanah sabrang ngrika. Menawi sakit sinten malih ingkang dipun sambati.”
    Pak Lurah : (Gumuyu) ”Ah, Pak Kerta .... kowe ki kok aneh. Coba Wagiman, tangga wetanmu kae, utawa Kamidi anake Wa Kasan kae! Saiki genah uripe kepenak ing Sitiung kana. Sawah duwe, omah duwe, pametu cukup. Malah gajege dhek Riyaya wingi kuwi iya bisa tilik ngomah.
    Pak Kerta : ”Leres ngendikan sampeyan Lurahe. Nanging niku rak sing keleresan. Pikantuk panggenan sekeca.”

    [ 54 ]

    Pak Lurah : ”Ya ora mangkono ta, Pak. Ing tanah sabrang kana racak lemahe isih subur. Alas bukakan anyar kuwi lemahe isih ngandhut humus sing gawe subure tetanduran. Apa maneh pemerentah wis nyedhiyani sekolahan, Puskesmas, pasar lan papan ngibadah ing lokasi transmigrasi kana. Gek kurang apa maneh ?”
    Pak Kerta : ”Nanging kula mireng-mireng kok kathah kanca transmigrasi ingkang boten kraos awit tebih saking kitha tur panenanipun dipun risak kewan wana ta, Pak Lurah ?”
    Pak Lurah : ”Kuwi rak mung saperangan bae. Ora kabeh mangkono. Manawa arep adol pametu sawah lan pategalan menyang kutha, prahoto ya wis ana. Ora beda kaya ing tanah Jawa kene. Lha tumrap wong-wong sing kesed wegah nyambut gawe, keh-kehane ya kaya sing kok kandhakake mau. Ora krasan njur minggat. Awit wong kesed mono penyakit sing kudu dibrastha. Manawa ing kene kesed, ing kana iya kesed. Kamangka ing laladan transmigrasi mono mbutuhake wong-wong sing wekel nyambut gawe.”
    Pak Karto : ”Wah, mireng katrangan saking Lurahe kula kok lajeng kepengin sanget ndherek ndhaptar transmigrasi. Menawi leres ngendikane Lurahe kala wau, byuh . . . mendah sekecane panggesangan kula mangke teng ngrika.”
    Pak Lurah : ”Lha, rak ya mengkono ta Pak Kerta. Lha mengko sapungkurmu saka pategalan kene, Nyaimu dijak rembugan sing becik. Bisa ketarik melu transmigrasi lan ora ngrekasa kaya ngene iki.”
    Pak Kerta : ”Inggih Lurahe, prekawis embokne Jarot mangke gampil. Awit dereng dangu niki piyambake nate ngajak transmigrasi.”
    Pak Lurah : ”Lha . . . rak malah kebeneran ta. Gene kuwi Mbok Kerta ya wis ngajak.”
    Pak Kerta : ”Kriyin kula taksih dereng gadhah grenjet kok Lurahe. Lha sak niki sareng mireng katrangan saking Lurahe, eee . . . jebule kok inggih mayar menawi ditindake.”

    [ 55 ]

    Pak Lurah : (Gumuyu) ”Mula ta Pak Kerta. Transmigrasi iki wis dadi program pemerintah. Dadi iya kudu disuksesake. Ora-orane manawa mengko uripmu kapiran ing tanah sabrang kana. Malah laladan kana iki mbutuhake wong-wong tani sing wekel nyambut gawe kaya kowe kuwi. Lemah-lemah kosong apadene laladan perkebunan mau mbutuhake tenaga sing trampil. Kamangka ing kana isih kurang tenaga sing dibutuhake.”
    Pak Kerta : ”Inggih Lurahe. Enjing-enjing kula tak sowan teng kelurahan. Ndherek ndhaptar dados transmigran. Prakawis pasiten lan griya ingkang badhe kula tilar, empun jagung . . . bakarane.”
    Pak Lurah : ”Lho, kok jagung bakarane ?”
    Pak Kerta : ”Inggih. Jagung bakarane niku, tanggung perkaprane. Gampil niku.”
    Pak Lurah : ”(manthuk-manthuk) ”Kok ya pinter gawe parikan kowe Pak Kerta.”


    B. Wangsulana pitakon iki !

    1. Nalika Pak Lurah karo Pak Kerta jagongan iku wayah apa lan ana ngendi panggonane?
    2. Lemah garapane Pak Kerta iku golongan apa lan kepriye kaa nane?
    3. Nalika Pak Kerta diprayogakake melu transmigrasi dening Pak Lurah, sajak abot atine. Iku sababe apa ?
    4. Pak Lurah nuduhake bukti manawa melu transmigrasi iku bisa ndadekake kamulyaning kulawargane!
      Apa buktine ?
    5. Pak Lurah ngandhakake apa sababe ana transmigran sing njur mbresot lunga. Kepriye katrangane Pak Lurah marang Pak Kerta?
    6. Apa sababe Pak Kerta njur duwe grenjet arep melu transmigrasi?
    7. Pak Kerta matur marang Pak Lurah, ”Prakawis pasiten lan griya ingkang badhe kula tilar, empun . . . jagung bakarane.”
      Apa karepe iku ? [ 56 ]C. Lagu / pocapan
    Ukara-ukara pangajab ing ngisor iki ucapna kanthi lagu kang luwes !
    1. Muga-muga saya kepenak uripmu ana papan anyar mengko !
    2. Ana ing papan anyar mengko, muga-muga uripmu saya kepenak !
    3. Mbok iya padha kabula kang dadi panyuwunmu!
    4. Anakku sing ana ing paran tansah pinaringana bagas kuwarasan !
    5. Ya takdongakake, kasembadana kang dadi panyuwunmu !
    6. Mbok Iya numusi tenan, ya, impenku mau bengi !
    7. Pinanjangna ingkang yuswa !
    8. Tinebihna ing sambe kala, cinaketna ing suka basuki !
    9. Maedahana tumraping ngakathah !


    II. KAWRUH BASA

    A. Tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
    transmigrasi = boyongan pendhudhuk menyang tanah sabrang
    transmigran = wong-wong sing padha melu transmigrasi
    lemah cengkar = lemah kang kurang loh
    sawah = palemahan kang ditanduri pari migunakake oncoran
    tegal = palemahan kang ditanduri palawija ora nganggo dioncori
    wekel = sregep, tumemen
    grenjet = pepenginan kang timbule dadakan
    perkebunan = palemahan jembar kang digunakake kanggo tanduran mligi (kopi, karet, teh, tebu)
    [ 57 ]

    B Isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing ngisor sing mathuk !

    1. Wong kang dadine transmigran jalaran thukul saka karepe dhewe lan wani ngetokake wragad dhewe kalebu transmigrasi ... lan transmigrasi ....
    2. Para transmigran kang asale saka rakyat sadesa komplit karo lurahe kalebu transmigrasi ....
    3. Amrih kasembadane program transmigrasi dibutuhake para transmigran kang ....
    4. Para transmigran iku bisa dadi urip mulya manawa ... lan gelem nglakoni ....
    5. Palemahan kanggo transmigrasi ana sing dadi areal ... lan areal ....
    6. Palemahan tilas bukakan alas iku lumrahe ... sabab ngandhut ... sing ndadekake subure tetanduran
    7. Para transmigran kang ora krasan banjur mbresot bali mulih iku sing akeh jalaran ... lan ora gelem rekasa dhisik.
    Wekel ing gawe ; urip prasaja ; pemukiman ; garapan ; gelem rekasa ; spontan ; swakarsa ; kesed ; lumus ; lah bedhol desa

    C. Tembung-tembung kang kaecap miring iki terangna karepe!

    1. Ana ing papan anyar bisaa urip. mulya lan katon cepaka sewakul !
    2. Pinaringana rahmating Gusti Ingkang Maha Agung.
    3. Bisaa antuk parimarmaning Pangeran.
    4. Entuk berkahing para sepuh.
    5. Tansah pinaringan kayuwanan.
    6. Bisaa dadi wong kang pantes sinudarsana ing anak putu.
    7. Pinaringana katentreman lan karahayon ana ing papan anyar.
    8. Ing tembe bisaa mikul dhuwur mendhem jero marang wong tuwamu sakloron.
    9. Ngedohna ambek adigang adigung adiguna.


    57

    [ 58 ]D. Isenana tembung-tembung kang mbangetake tegese !
    1. Rep sidhem . . . tan ana sabawane walang ngalisik.
    2. Saka kene isi adoh . . . .
    3. Prabu Puntadewa iku ratu kang sabar . . . .
    4. Cilaka . . . aku ora kepethuk wong-wing.
    5. Banyune anyep . . . .
    6. Hawa ing pagunungan iku adhem . . . .
    7. Genthonge uwis kebak . . . .
    8. Omahe suwung . . . .
    9. Barange kabeh ilang . . . .
    10. Kojur . . . aku ora kepethuk kancaku.
    11. Adhimu diciweli nganti biru . . . .
    12. Banyune kimplah-kimplah bening . . . .
    13. Ambok iya blaka . . . . bae.
    14. Rupane gandes . . . merak ati.
    15. Ah panase . . . kaya ngene.
    16. Sumurku saiki asat . . . .
    17. Sanajan kowe kuwi sugih . . . aja pamer.
    18. Aja padha cecongkrahan, becik padha sayuk . . . .
    19. Kitirane tansah mubeng . . . .


    III. PARAMASASTRA

    PANGANGGONE ATER-ATER TRIPURUSA
    (DAK-, KO-, DI-)
    A. Panganggone ater-ater dak-, ko-, di-
    Ana warna 2, yaiku :
    1. Manawa, dak-, ko-, di- rumaket ing tembung kang tanpa swara irung, nelakake tanggap (pasif) utawa pakon, kayata :
    1. dak (kula, kawula)
    Buku iki dakwaca (tanggap)
    Buku punika kula waos (tanggap)
    Buku punika kawula waos (tanggap)
    Gambar iku daksawang (tanggap)
    Gambar punika kawula sawang (tanggap)
    [ 59 ]

      Buku-buku iku dakwacane (arep dakwaca) dhisik (langgap)
      Buku-buku iku dakwacanane (arep dakwacani) dhisik (tanggap)
      Buku-buku iku dakwacakne (arep dakwacakake) embah. (tanggap)

      b. ko (kok, sampeyan, panjenengan. dika)

        — Gula pasir iki kotimbang ?(tanggap)
        — Gula pasir iki koktimbang ?(tanggap)
        — Gendhis pasir punika sampeyan timbang(pakon)
        — Gendhis pasir punika panjenengan timbang!(pakon)
        — Gendhis pasir nika dika timbang !(pakon)

      c. di- (dipun)

        Celenganku dikepruk adhiku (tanggap)
        Celengan kula dipun kepruk adhi kula. (tanggap)
        Ditresna (tresnaa) marang bapa biyung! (pakon)
        Dieling (elinga) marang wong tuwamu ! (pakon)

      2. Manawa dak-, di-, rumaket ing tembung kang oleh swara irung (sengau), nelakake tanduk (aktif), tuladhane :

        Dakmaca buku iki. (tanduk)
        (Aku, arep maca buku iki)
        — Dingreti marang wong tuwa! (tanduk)
        (Ngertia marang wang tuwa!)
        — Dingati-ati ana paran. (tanduk)
        (Ngati-ati ana paran)

      B. Tembung tahggkh tripurusa (dak-, ko-, di- ).

        1. dak-, ko-, di-, iku diarani ater-ater tripurusa (tri = telu, purusa = wong), amarga nelakake manawa kang tumindak
          — wong kapisan → dak-
          dakgawa = aku sing ngga wa
          — wong kapindho → ko-
          kogawa = kowe sing nggawa
          — wong katelu → di-
          digawa = dheweke sing nggawa
      [ 60 ]
      1. Tembung lingga kang karaketan ater-ater dak-, ko-, di-, nelakake jejering ukarane nandhang wasesane, mula diarani tembung kriya tanggap (tembung tanggap), tuladhane :
      — dakjupuk, dakjupuki, dakjupukake
      — dijupuk, dijupuki, dijupukake
      — kojupuk, kojupuki, kojupukake
      1. Arane rimbag mawa dak-, ko-, di-
       dakbalang rimbage : tanggap utama purusa kriyawantah.
       dakbalangi rimbage : tanggap utama purusa ikriya
       dakbalangake rimbage : tanggap utama purusa kekriya.
       kobalang rimbage : tanggap madyama purusa kriyawantah
       kobalangi rimbage : tanggap madyama purusa ikriya
       kobalangake rimbage : tanggap madyama purusa kekriya.
       dibalang rimbage : tanggap pratama purusa kriyawantah
       dibalangi rimbage : tanggap pratama purusa ikriya
       dibalangake rimbage : tanggap pratama purusa kekriya
      1. Ukara kang wasesane nganggo tembung tanggap, jejering ukara nandhang kriyaning wasesane iku diarani ukara tanggap, tuladhane:
      — Gula pasir iku kotimbang ?
      — Gendhis pasir punika sampeyan timbang ! .
      — Gendhis pasir punika panjenengan timbang !
      — Gambar iki daksawang terus.
      — Gambar punika kula sawang terus.
      — Gambar nika dika sawang terus ?

      C. Tembung-tembung kang dikurung iki rimbagen supaya
      dadi : tanggap purusa kriyawantah, tanggap purusa
      ikriya, utawa tanggap purusa kekriya !

      1. Bapakmu apa wis (pundhut) sarapan sing ana lemari ?
      2. Bapak wingi (pundhut) dhuwit dening eyang.
      3. Omah iki wis (pundhut) bapak setaun kepungkur. [ 61 ]Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/63 [ 62 ]Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/64 [ 63 ]
        1. Paningset panjenengan punika pundhutan pinten kok pantes sanget manawi ingkang ngagem panjenengan ! Ing papan transmigrasi mbok manawi dereng wonten ingkang sade.
        2. Lo, panjenengan Dhimas ! Mangga kula aturi lenggah ngriki ! Punapa saking ndalem kemawon ? Rak inggih sami wilujeng, ta ?
        3. Sokur benjing wonten papan enggal kersa asring paring kabar dhateng Wonogiri, supados langgeng sesambetan kita.


      VI. KASUSASTRAN

      A. Gatekna!
      Ing ngarep (wulangan 2) wis diwenehi tuladha rumpakan puisi Jawa gagrag anyar kanthi irah-irahan :
      SADAWANE DALAN
      PASRAH
      Rumpakan kaya iku diarani puisi Jawa gagrag anyar amarga ora kaiket dening wewaton : cacahing gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Edi penining rumpakan iku mung ngendelake :
      pilihaning tembung-tembung kang mentes
      purwakanthi
      wirama
      B. Coba gawea rumpakan puisi Jawa gagrag anyar kanthi irah-irahan :
      TRANSMIGRASI


      ――――◇◇◇――――
      [ 64 ]
      WULANGAN 6

      I. WACAN

      A. Wacanen sajroning batin !
      REYOG PONOROGO

        Bubar ulangan semesteran, dhasar kapener malem Minggu. Langite resik, rembulane padhang njingglang. Bubar sholat Maghrib Pak Pringgo lelenggahan ing ruwang tengah sinambi maos koran kang teka sore mau. Toni sing dandan nyambi nutugake anggone ngadhepi televisi. Dene Bu Pringgo lan Astuti isih iwut dandan ing kamar mburi.

        Satemene wis rong dina kepungkur Toni mothah ngajak nonton THR ing Sriwedari. Nanging dening Pak Pringgo disemayani suk yen malem Minggu, tur yen ora udan. Apa maneh Astuti kang saiki wis sekolah ing SMP kapinujon ngadhepi semesteran. Karepe Pak Pringgo yen nenonton ora jangkep sakulawarga rasane ora sreg.

        ”Lho, Bapak kok malah maos koran, ta ?” ngendikane Bu Pringgo sawise rampung busana.

        ”Ah . . . aku dandan mono pira suwene ta, Bu. Srat-sret ngono bae rak rampung”, wangsulane Pak Pringgo karo nyelehake korane.

        ”Inggih, Pak. Mangke manawi kedalon lho”, Astuti nyela-nyela.

        ”Kowe Tut, rejane Maleman Sriwedari kuwi yen wis saya wengi.”

        Pak Pringgo enggal-enggal menyat. Qra let suwe wis ngagem busana. Hem Bathik, clana ireng meles, mawa selop saka kulit. Mangkate pancen ora perlu numpak becak utawa taksi. Awit Taman Sriwedari mono ora adoh dununge karo kampung Baron.

        ”Yen mlaku ngene iki idhep-idhep bisa ngematake sesawangan ing wayah bengi,” ngono ngendikane Pak Pringgo.

        ”Inggih Pak. Kaliyan malih saged mirsani kasilipun program Berseri”, sumaure Astuti. [ 65 ]”Kowe kok ya pinter ta, Tut. Ayo dibatang, Berseri kuwi cekakan saka apa ?” pitakone Pak Pringgo.

      ”Bersih Sehat Rapi Indah,” Toni sing lagi kelas telu SD age-age mangsuli.

      Ora nganti setengah jam lakune wis tekan sajroning gapu- ra THR Sriwedari. Tontonan rakyat kang digelar ing kono werna-werna. Ana wayang wong, kethoprak, ludruk, dhagelan Srimulat, doger Bandung, bioskop, lan liya-liyane. Malah tontonan kang tansah mubeng ing glanggang maleman iya ana. Tontonan mau ora liya Reyog Ponorogo.

      Lumrahe tekan papan sing rada jembar, rombongan reyog mau mandheg. Ing kono banjur jaran kepang. Macake cara satriya, nanging menganggo kacamata ireng.

      ”Kuwi gegambarane satriya saka Jenggala kang kasil ngasorake prajurit kraton Bantarangin”, ngono critane Pak Pringgo

      Pancen Astuti lan Toni luwih kasengsem nonton Reyog Ponorogo tinimbang nonton musik dhang-dhut lan musik rock sing pating gedhombrang. Rasane keri ing kuping.

      ”Lha ingkang mawi lar merak arai macan menika punapa, Pak ?” pitakone Astuti.

      ”Kuwi rak tetindhihe prajurit Bantarangin. Lha Penthul Tembem kae ibarate panakawan ing wayang kulit. Dene sing jejogedan ngleter kae Bujanggánong.”

      Tansaya wengi anggone main tansaya ndadi. Ana pemain sing dipecuti awake, nanging ora ngrasakake lara. Malah pemain mau mangan pari, mangan silet, mangan beling, lan mangan dhedhak barang. Katon nikmat banget, kaya patrape wong waras sing lagi mangan bakmi kae.

      ”Ah, kok gila aku,” kandhane Astuti karo kirig-kirig. Silet lan beling kaya ngono landhepe ko dikremusi.”

      ”Kok kaya aku yen lagi mangan krupuk kae ya, Mbak,” wangsulane Toni.

      ”Ya kuwi wong Jawa, Ton. Nduweni kasekten lan pangeram-ngeram kang kala-kala ora tinemu nalar,” wangsulane Bu Pringgo. [ 66 ] Bubar nonton Reyog Ponorogo Pak Pringgo sakulawarga banjur mubeng ing stand-stand pameran. Kabeh nawakake dagangan lan produksi njeron negara, kayata kerajinan saka pring, ukir-ukiran Jepara, bathik, lan liya-liyane.

       Ngadhepake jam sanga kira-kira wayang wong wis wancine wiwit. Pak Pringgo sakulawarga merlokake nonton. Lakone ”Karno Tinandhing” yakuwi perang antarane Karna lan Permadi ing sayembara manah kang diadani dening Pendhita Durna ing Sokalima.

       ”Nonton wayang wong iki luwih migunani tinimbang nonton tontonan sing mbrebegi kuping kae. Ing kene bisa methik piwulang becik, sarta wewarah luhur,” ngendikane Pak Pringgo bareng wis pinarak sekaliyan.


      B. Wangsulana !

      1. Apa sababe Pak Pringgo nyemayani dina malem Minggu anggone ngajak kulawargane nonton THR ing Sriwedari ?
      2. Nalika padha ribut anggone dandan, geneya Pak Pringgo kok malah maca koran ?
      3. Ana apa budhale Pak Pringgo sabrayat ora padha numpak becak utawa taksi ?
      4. Ing THR Sriwedari akeh tontonane nanging geneya Astuti lan Toni luwih kesengsem nonton Reyog Ponorogo ?
      5. Miturut critane Pak Pringgo paraga loro kang numpak jaran kepang manganggo cara satriya iku nggambarake apa ?
      6. Paraga sijine kang aran macan mawa lar merak iku nggambarake apa ?
      7. Paraga kang macak penthul tembem iku nggambarake apa?
      8. Kang diarani Bujangganong iku paraga sing kepriye ?
      9. Paraga kang mangan pari, beling, silet, dhedhak iku nggambarake apa ?
      10. Bareng wis ngarepake jam sanga Pak Pringgo sakulawarga padha nonton wayang wong. Lakone apa, critane kepriye ? [ 67 ]C. Pocapan / panulisan
      1. Ucapna sing bener !
       a. manuk menco — dalan mencong
      golek bago — kaya bagong
      dak-paido — tuku paidon
      isih pelo — nemu pelor
      uwis kendho — taline ken'dhor
       b. tuku moto — numpak motor
      ora bodho — cara bodhon
      bocah koplo — kuping koploh
      mlebu toko — dadi tokoh
      saka Solo — menyang Solor
       c. kanthong — kanthongan
      jempol — jempolan
      bangkol — bangkolan
      senggol — senggolan
      brenjol — brenjolan
      1. Bukumu tutupen, ayo dhikte kaya ing dhuwur iku !

      Il. KAWRUH BASA

      A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjir gawenen ukara !
      mothah = rewel njejaluk
      menyat = ngadeg
      dununge = panggonane
      glanggang = kalangan, papan kang kanggo adu-adu
      macak cara satriya = dandan
      ngasorake = ngalahake
      kasengsem = kepencut
      panakawan = abdi pandherek
      pangeram-eram sayembara kang = kaelokan, mukjijat
      diadani dening = diwiwiti nindakake ada-ada
      tansaya = sangsaya, saya

      67 [ 68 ]B. Isenana arane apa, pilihen endi sing mathuk ing ngisore !

      1. Kagunan swara alus kang migunakake gamelan iku arane....
      2. Unen-unen ing tembang iku arane....
      3. Lelagon kang kanggo ing karawitan iku arane....
      4. Wanita kang pakaryane nembang mbarengi gamelan iku arane....
      5. Nembang mbarengi gamelan tumraping waranggana iku arane....
      6. Kekidunganing dhalang nalika arep nyritakake wayang iku arane....
      7. Tetembangan bareng karo unining gamelan iku arane....
      8. Miwiti gendhing nganggo swaraning ricikan gemelan iku arane....
      9. Miwiti gendhing nganggo tembang iku arane....
      10. Leren (sirep) tumrap unining gamelan iku diarani....
      11. Gamelan komplit laras Slendro thok utawa laras Pelog thok iku diarani gamelan sa....
      12. Gemalan komplit laras Slendro karo laras Pelog iku diarani gemalan sa....
      13. Wong lanang sing sok mbawani gendhing iku arane....
      14. Uyon-uyon nabuh gamelan nganggo ricikan kang pepak kanthi waranggana lan wiraswara iku arane....
      15. Uyon-uyon nabuh gamelan kang mung nganggo ricikan gamelan sing perlu-perlu bae (kenong, kempul, bonang, saron, bedhug, gong gantung) kanthi waranggana lan wiraswara iku arane....
      16. Uyon-uyon kang mung nganggo ricikan kendhang, gender, siter, gong kemodong kanthi disindheni iku arane....
      bawa ; buka ; suwuk ; karawitan ; Klenengan jangkep ; prangkat ; pangkon ; gerong ; suluk ; gadhon ; sinden ; wiraswara ; waranggana ; gendhing ; cakepan ; cokekan

      C. Arane kagunan iki golekana ing ngisore kang mathuk !

      1. Kagunan joged kang katindakake wong wadon cacahe papat iku arane....
      2. Kagunan joged kang katindakake tledhek kang ora ditayub iku arane....


      68 [ 69 ]
      1. Kagunan joged kang katindakake wanita kang nggambarake mentas nglairake anak (pirantine kendhi, payung bonekah) iku arane....
      2. Kagunan joged sing katindakake. dening para priya utawa wanita kang nggambarake gladhen kaprajuritan iku arane....
      3. Kagunan joged sing katindakake dening priya utawa wanita kang nggambarake pethikaning lakon nganggo guneman lan tembang iku arane....
      4. Kagunan joged sing katindakake, dening wanita kang nggambarake kenya lagi nedheng birahi (cacahe ora mesti) tanpa guneman, tanpa nembang iku arane....
      5. Kagunan joged sing katindakake dening priya lan wanita kang nggambarake lelakon Ramawijaya (wanitane mung Dewi Sinta, Trijatha, emban sawetara) arane....
      6. Kagunan joged kang para paragane nganggo topeng kang nggambarake lelakon Panji arane....
      7. Kagunan joged kang nggambarake crita warna-warna nganggo tetembangan kang cakepan adhapur parikan iku arane....
      8. Kagunan kang nggambarake crita utawa dongeng warna-warna, antawacane nganggo tembang lan gancaran iku arane....
      9. Kagunan kang mligi mitontonake keprigelan jogeding priya bebarengan karo jogede waranggana (ledhek) iku arane....


      golek ; kethoprak ; ludrug ; tayub; topeng; langen driya ;

      langen wanara ; srimpi gambyong ; bondhan ; wireng ;

      pethilan


      D. Apa tegese tetembungan kang kacithak kandel iki !

      1. Serat kabar murakabi sanget, langkung-jangkung tumraping kaum dagang.
      2. Anggonmu nyambut gawe aja didagang.
      3. Pedhete lagi ndagangi.
      4. Iki barang dagangan.
      5. Marja punika sugih seserepan.


      [ 70 ]

      1. Sanajan dipun serep-serepaken kok meksa boten purun nggega.
      2. Kula dipun-dhawuhi eyang nyurupaken dom.
      3. Kula boten dipun-sukani sumerep bab punika.
      4. Srengengenipun sampun serap.
      5. Ing wanci serap lawa kalong sami medal saking pandhelikan.
      6. Wosipun sampun dipun-surupi ibu.
      7. Darma iku bocah ora urus.
      8. Dinten punika kula urus-urus.
      9. Bab iku urusen karo adhimu.
      10. Iki urusanku dhewe, kowe aja melu-melu!
      11. Punika griya kula.
      12. Anggenipun gegriya sampun tumata.
      13. Ing ngriki kathah griya-griya sae.


      III. PARAMASASTRA

      UKARA APOLA :JEJER - WASESA - LESAN - KATRANGAN

      A. Gawea ukara tanduk transitip kang mawa gatra :

      1. Katrangan panggonan (keterangan tempat)
      2. Katrangan mangsa (keterangan -waktu)
      3. Katrangan ubaya (keterangan syarat)
      4. Katrangan tujuan (keterangan tujuan)
      5. Katrangan karana (keterangan sebab)
      6. Katrangan sarana (keterangan alat)
      7. Katrangan cacah (keterangan jumlah)
      8. Katrangan wewatesan (keterangan perwatasan)
      9. Katrangan katemtuan (keterangan kepastian)
      10. Katrangan asal (keterangan asahl)
      11. Katrangan akibat (keterangan akibat)


      B. Ukara-ukara ing ngisor iki udhalen (racuten) !

      Tuladha :

      Kancaku nggawa salin marga nginep.

      Carane ngudhal (ngracut)

      (1). Gatra-gatrane kapilah-pilah adhedhasar lagu:

      Kancaku / nggawa salin / marga nginep.


      70 [ 71 ](2). Kanggo mbuktekake manawa pamilahing gatra iku bener, manawa panggonane gatra kaijol-ijolake ora owah kareping ukara.

        — Nggawa salin / kancaku / marga nginep.
        — Marga nginep / nggawa salin / kancaku.
        — Kancaku / marga nginep / nggawa salin.

      (3). Sing kudu ditemokake dhisik wasesa-lesan, marga wasesane tembung tanduk transitip, yaiku :

        nggawa (wasesa)
        nggawa salin
        salin (lesan)
        Sapa sing nggawa salin, wangsulane : aku = jejer.
        Apa gayutane nggawa salin - marga nginep = sabab(karana)

      (4). Udhalane (racutane) ukara :

        Aku = jejer
        nggawa = wasesa
        salin = lesan
        marganginep = katrangan karana

      Tindaknya kaya tuladha !

      1. Kula ngentosi panjenengan wonten ngriki.
      2. Ing mangsa rendheng para among tani ngolah sawahe.
      3. Saiki kanca-kancaku nyelengi dhuwite ana BRI.
      4. Aku karo adhiku bola-bali ngusungi watu saka kali.
      5. Kanca-kancaku nglumpukake dhuwit kanggo urunan tuku bal.
      6. Sarehne udan aku golek godhong gedhang kanggo payungan.
      7. Saben Minggu sore aku mesih nonton bal-balan ana ing setadhion
      8. Budi kerep mbebeda adhine nganti nangis. [ 72 ]IV. NULIS
      Ing wektu iki TVRI kerep nggiyarake lelangen kethoprak amatir utawa kethoprak profesional saka dhaerah-dhaerah. Iku mratandhani manawa masyarakat wiwit gumregah mbudidaya nglestarekake kethoprak. Malah TVRI ing Yogyakarta nganakake sayembara mbatang kepriye babaraning lelakon kethoprak kang digiyarake.
      Coba gawea karangan gancaran nganggo basa krama kang irah-irahane :
      LOMBA KETHOPRAK
      Penget:
      – Topik-topik sing perlu kocritakake cathetana dhisik, banjur pilihen kang perlu-perlu !
      – Aja lali gawe cengkorongan karangan !
      – Topik-topik kang kasebut ana karangan dadekna paragraf-paragraf !
      – Ukara-ukarane gawenen kang prasaja lan cetha !
      – Tulisane sing bener, rapi, lan nengsemake !

      V. UNGGAH-UNGGUH

      A. Salinana nganggo basa ngoko andhap !
      1. Bapak Menteri rawuh ing Madiun, dipun caosi pasugatan kagunan reyog.
      2. Bapak Menteri sapandherekipun dalah para tani sami karenan ing panggalih mriksani kagunan reyog saking wewengkon Panaraga.
      3. Wontenipun kagunan reyog ing Panaraga punika miturut pangandikanipun para pinisepuh sampun atusan taun kapengker.
      4. Manawi wonten pengetan pahargyan dinten ageng asring sanget ngginakaken kagunan reyog kangge ngregengaken pahargyan.
      5. Para tamu saking manca negara ugi kathah ingkang ngersakaken mriksani kagunan reyog. [ 73 ]
      B. Salinana nganggo basa krama !
      1. Para Bapak Menteri rena panggalihe mriksani kagunan reyog lan kerep mundhut katrangan-katrangan kang perlu.
      2. Bapak Bupati kang padha rawuh ing Madiun uga nyaosi katrangan-katrangan bab kagunan reyog marang panjenengane Bapak Menteri.
      3. Bapak Menteri uga ngendika marang para tamu kang padha rawuh ing Madiun, kajaba kagunan reyog ana maneh kagunan apa kang bisa dipamerake marang tamu manca negara.
      4. Para tamu uga nyaosi katrangan marang Bapak Menteri manawa ing Jawa Wetan iki akeh kagunan kang nengsemake kaya ta : ludrug, gandrung Banyuwangi, tayub, kethoprak, lan liya-liyane.
      5. Sawise pahargyan rampung tamu-tamu padha kondur menyang ndaleme dhewe-dhewe kanthi ora lali ngaturake salam marang Bapak Menteri lan pandhereke.


      VI. KASUSASTRAN

      TEMBANG MACAPAT
      A. Tembang Macapat iki, tamatna, wacanen alon-alon, banjur tembangna !
      SINOM
      Nuladha laku utama,
      tumraping wong tanah Jawi,
      Wong agung ing Ngeksiganda,
      Panembahan Senapati,
      kepati amarsudi,
      sudane hawa lan nepsu,
      pinesu tapa brata,
      tanapi ing siyang ratri,
      amamangun karyenak tyasing sasama. [ 74 ]Tegese tembung :

      nuladha = nirua
      laku utama = tumindak becik
      wong agung = priyayi luhur, tiyang kathah
      kapati amarsudi = sanget-sanget anggenipun ngudi (= nggegulang supados...)
      pinesu tapa brata = Kanthi temen-temen anggenipun nglampahi mati raga sarla sumingkir saking alam rame.
      tanapi ing = lan ugi, ananging
      siyang-ratri = siyang-dalu
      amamangun karyenak tyasing sasama = tansah adamel sekeca manahipun sesami

      Gatekna !
      Tembang Sinom iku kalebu ewoning tembang Macapat (tembang cilik) yaiku tembang kang nganggo wewaton (guru) mangkene :

        a. guru gatra : cacahing saben sapada.
        b. guru wilangan : cacahing wanda ing saben gatrane.
        c. guru lagu : dhong-dhing ing saben pungkasaning gatra

      Unen-unen ing tembang iku diarani cakepan.
      Cengkorongane :

      Sinom





      sapada = 9 gatra :



      ————————————8a
      ————————————8i
      ————————————8a
      ————————————8i
      ————————————7i
      ————————————8u
      ————————————7a
      ————————————8i
      ————————————12a

      Cacahe tembang macapat ana 11 iji :

      1. Gambuh : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o (5 gatra)
      2. Mijil : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u (6 gatra)
      3. Pucung : 12u, 6a, 8i, 12a (4 gatra)
      4. Megalruh : 121, 8i, Bu, Bi, 8o (5 gatra)
      5. Kinanthi : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i “(6 gatra)
      [ 75 ]
      f. Maskumambang : 12i, 6a, 8i, 8a (4 gatra)
      g. Durma : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i (7 gatra)
      h. Pangkur : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i (7 gatra)
      i. Asmaradana : 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a (7 gatra)
      j. Dhandhanggula : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, ​6u, 8a, 12e, 7a (10 gatra)
      k. Sinom : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12 a (9 gatra)


      - Wenehana tuladhane nganggo apalanmu !

      B. Gawea tembang macapat Dhandhanggula sapada bae !



      ———△△△———
      [ 76 ]
      WULANGAN 7

      I. WACAN

      A. Wacanen sajroning batin !
      LISTRIK MASUK DESA
      Pak Umar : (mlebu omah karo mesem-ngguyu)
      Bu Umar : ”Lho, bubar rapat teng Bale Dhusun kok sajak ketingal gumbira. Gek wonten napa ta, Pakne ?”
      Siti : ”Inggih, Pak. Bokbilih wonten kabar sae ?”
      Bu Umar : ”Empun, Pak. Gek enggal ngendika. Ampun mesam-mesem mawon ngoten niku.”
      Pak Umar : (ndudut rokok saeler, diemut, banjur disumet, kumebul ngebaki ruwangan). ”Ngene lho, Bune. Ora suwe maneh desa kene iki bakal kesrambah kemajuwan gedhe. Kemajuwan sing seprana-seprene tansah diarep-arep wargane.”
      Bu Umar : ”Kok aneh Paaak, sampeyan niku ! Gek kemajuwan niku kemajuwan napa malih? Dalan gedhe ngge liwat mobil nggih empun onten. Saluran irigasi nggih cumepak.”
      Pak Umar : ”Nanging isih ana kekurangane, Bune ! Ya kekurangane iki kang bakal maujud ! Ora suwe maneh !”
      Siti : ”Lajeng punapa malih, Pak, ingkang badhe dipun wujudaken benjang ?”
      Pak Umar : ”Oalah, Pak! Ming ngoten mawon kok . . . sampeyan niku ndadak mesam-mesem!”
      Pak Umar : ”Lho, ora mesem kepriye ta Bune. Desane dhewe sing kulina peteng dhedhet yen bengi, bakal padhang kencar-kencar manawa wis kesrambah listrik.”
      Bu Umar : ”Ah, Pak! Wiwit cilik biyen kula ming trima dipadhangi lampu petromak kalih lampu teplok, kok inggih boten pripun-pripun.”
      Pak Umar : ”Bune, manawa kabeh nduwe pikiran kolot kaya kowe kuwi gek majune desa iki suk kapan ? Ngertiya, Bune ! Manawa tinemune piranti-piranti listrik mono nggawa kemajuwan kang ngedab-edabi ing jagad iki.”

      [ 77 ]

      Siti : ”Inggih leres ngaten, Pak. Pak Guru inggih sampun nyariyosaken kados pundi wigatosipun alat ingkang dipun panggihaken Thomas Alva Edison punika.”
      Pak Umar : ”Lha . . . harak bener ta kandhaku.”
      Bu Umar : ”Inggih, Pakne. Nanging benjing manawi empun wiwit pasang instalasi lan sabangsane niku rak inggih kedah cucul wragad kangge mbayar ta ?”
      Siti : ”Inggih mesthi kemawon ta, Bu! Menapa inggih, purun pasang gratis.”
      Pak Umar : ”Bener kandhamu, Siti! Nanging tumrap desa kene ana kaenthengan-kaenthengan. Awit bakal anane listrik ing desa kene iki klebu programe pamerentah, yaiku Listrik Masuk Desa. Lha wragade saperangan antuk bantuwan saka Inpres. Tur war ga anggone ngragadi bisa dicicil.”
      Bu Umar : ”Waaah, nggih mathuk, Pakne, manawi ngaten carane. Kula setuju. Lan manawi sampun onten padhange listrik kula kalih gendhuk Lastri rak inggih saged mbathik wanci dalu.”
      Pak Umar : ”Lha yakuwi antara liya kauntungane. Lan aku bakal wiraswasta gawe panetesan telur, Bune. Kanthi listrik mengko bisa netesake endhog pitik utawa bebek, tanpa diengkremi babone kaya kang ana saiki.”
      Siti : ”Kula inggih saged methik mumpangatipun, Pak. Kula saged sinau kanthi lancar, sawanci-wanci.”
      Pak Umar : ”Bener, ndhuk. Apa maneh manawa pekarangan-pekarangan lan pinggir-pinggir dalan wis dipasangi lampu listrik, sabangsane maling-maling kuwi mesthi wedi lumebu desa kene.”
      Bu Umar : ”Leres, Pak. Nanging inggih ampun terus lirwa. Dupeh wis ana listrike, turune dikepenak-kepenakake. Banjur sembrana.”
      Pak Umar : ”Ah, ya ora mangkono ta, Bune. Kepriye bae sing jeneng Siskamling iya kudu tumindak.”
      Siti : ”Lan punika rak inggih kuwajibanipun warga sakampung ngriki ta, Pak ! Boten sepuh boten enem kedah cancut taliwanda njagi keamanan dhusun.”

      [ 78 ]

      Pak Umar : Bener kandhamu, cah ayu. Wis saiki ayo padha madhang kana. Bareng Bapak. Bubar rapat mau bapak durung dhahar jare.
      Bu Umar : inggih, Pak! Mangga kula dherekaken ! Wis Ti, bukune ditinggal dhisik! Ayo madhang pisan !

      (Wong telu banjur mlebu kamar makan. Mangan bebarengan).

      B. Wangsulana !

      1. Kabar bab "listrik masuk desa” ing desane ditampa gumbira dening rakyat desa kono, mangkono uga kulawargane Pak Umar. Buktine apa ?
      2. Kepriye idham-idhamane Bu Umar karo Siti manawa sida ana "listrik masuk desa” temenan ?
      3. Tinemune piranti-piranti listrik iku nggawa kemajuan kang ngedab-edabi. Buktekna !
      4. Kanggo ngenthengake saga rakyat pasang listrik, kepriye eguhe pamarentah?
      5. Kepriye tanggapane rakyat kang durung maju karo sing wis maju bab anane “listrik masuk desa”?
      6. Cekake anane “listrik masuk desa” iku ndayani kemajuwane masarakat kang ora baen-baen. Coba jlentrehna !

      C. Pocapan / panulisan !
      1. Ucapna sing bener !
      a. margi buntu — gadhah buntut
      kulakemu — pados kemul
      kraos lesu — damel lesung

      b. mundur — mundura — ngunduri
      kemul — kemula — ngemuli
      macul — macula — maculi
      pupur — pupuran — mupuri
      nutul — nutula — nutuli

      c. kula kungkum lari kunthing
      juru sungging dipun bungkem
      radi mundur nuntun wedhus
      boten tumbas wantun mlumpat
      sampun mungkur ngundhuh tuntut

      2. Bukumu tutupen, ayo dhikte kaya'ing dhuwur iku ! [ 79 ]II. KAWRUH BASA

      A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
      bale = omah, pandhapa, amben
      kesrambah = kambah, kacakan
      wira = pahlawan, priya
      swasta = madeg dhewe
      wiraswasta = usaha mandhuwur kang ora gumantung ing liyan.
      lirwa = sembrana, kurang weweka
      cancut = nyalikake jarik disuwelake ing sabuk
      cancut taliwanda = cancut jarite kaubetake ing bangkekan
      madhang = mangan sega
      madhangan = lawuh
      B. Tegese bebasan kang kandel pangecape iki golekana ing ngisore kang mathuk !
      1. Indonesia saiki kena diarani padhang jagade ngendi-endi wis ora ana rerusuh.
      2. Budi saiki dadi rupak jagade, nganti saiki ora wani dolan menyang tangga teparo, marga saka tindake dhewe sing ora bener.
      3. Mbok iya sing jembar segarane, wong mung luput sepele bae kosrengeni entek amek kurang golek.
      4. Sesrawungan ana ing kampung kudu dilambari budi sagara, perlune ora disirik ing tangga teparo.
      5. Padha-padha dolan wong loro, kowe mampir menyang enggone embahmu oleh suguhan aku ngenteni ana ndalan kanthi ngemut driji.
      6. Yen arep nyenyuwun marang wong tuwa iku ya kudu nganggo angon kosok, aja waton nembung.
      7. Pitakonmu ngono iku rak mung kanggo mbuwang tilas bae, sajatine aku ngerti yen sing tumindak iku mau koe dhewe.
      8. Ana piyayi sepuh padha lenggahan anggonmu matur karo ngadeg nggejejer iku nuduhake yen kowe ora ndalan.

      79

      [ 80 ]
      1. Nalika isih diendel juragane mubra-mubru uripe, bareng diwetokake jalaran konangan anggone tumindak ala, legi setaun wae wis ilang jarake.
      2. Bola-bali kowe ki mung ngenaki ati baa nyatane ya ora tau nindakake pakone wong tuwa.

      sugih pangapura
      ora oleh apa-apa
      aling-aling supaya
      tumindake ora ketara
      entek kasugihane
      angon mangsa

      kepaten pasaban
      sabar
      ora weruh ing tata
      tata tentrem
      mung gawe senenge ati

      C. Apa kosok baline tembung-tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki ?

      1. Anggone tumandang ing gawe sarwa nglemer.
      2. Jaran kae playune cukat banget.
      3. Kowe kuwi pancen sembrana temenan.
      4. Pituture wong tuwa aja dilirwakake.
      5. Kretege sing jebol lagi didandani.
      6. Sumure saiki asat nggereng.
      7. Klambine isih teles kebes.
      8. Dalane pating brenjul.
      9. Wengi iku padhang njingglang.
      10. Tini iku watake mbangun turut.
      11. Yen ora cethil rejekimu malah lumintu.
      12. Wong cethil iku mesthi disirik ing wong.
      13. Amarga saka kalakuane Amir disirik kanca-kancane.
      14. Tanduranmu bayem ledhung-ledhung.
      15. Lemah iki ora bisa kempel.
      16. Omahe Rinah nyangklek saka kene.
      17. Aja mangkat, udane isih deres !
      18. Darman iku ludhuk, yen memangan sarwa akeh.

      D. Apa tegese tembung-tembung kang kacithak kandel ing ukara-ukara iki !

      1. Kawarasan dadi saka guruning pembangunan.
      2. Omah modhel kuna iki ana saka gurune.
        [ 81 ]3. Wong wadon kang omah-omah iku wajib bekti marang guru lakine.

      4. Bocah sing guru aleman iku lumrahe diece kanca-kancane.
      5. Tembang Macapat iku duwe pathokan guru lagu lan guru wilangan.
      6. Jaman biyen nagara kang teluk wajib asok glondhong pengareng-areng, guru bakal guru dadi marang nagara kang nelukake.

      III. PARAMASASTRA

      PANGANGGONE ATER-ATER KA, KE LAN IN

      A. Panganggone ater-ater ka

      1. Pangrimbag
      ka + tulis —> katulis (kriya)
      ka + waca —> kawaca (kriya tanggap)
      ka + arep —> kaarep —> karep (tembung aran)
      ka + arsa —> kaarsa —> karsa (tambung aran)
      ka + sanga —> kasanga (unda-usuk)
      ka + ro —> karo (unda-usuk)
      ka + pinter + an —> kapinteran (tembung aran)
      ka + bupati + an —> kabupaten (tembung aran)
      ka + tulis + i—> katulisi —> katulisan (kriya tanggap)
      ka + jaluk + i —> kajaluki —> kajulukan (kriya tanggap)

      Katrangan :

      — Aler-ater ka kang diraketake bareng karo panambang i, panambang i malih dadi an.
      — Tembung-tembung kang karaketan ater-ater ka bisa mujudake tembung kriya tanggap, tembung aran.

      2. Tegese ater-ater ka

      a. Nelakake tanggap kang tegese padha karo ater-ater di
      katulis = ditulis
      kawaca = diwaca
      katulisan = ditulisi
      kajulukan = dijuluki
      [ 82 ]

      b. nelakake bak, panggonan, apasing.

      karep = apa sing diarepake
      karsa = apa sing diarsakake
      kapinteran = bab kang nuduhake pinter
      kabupaten = panggonan bupati.

      c. nelakake undha usuk (urutan)

      kasanga = urutan nomer sanga
      karo = sing nomer loro.

      B. Panganggone ater-ater ke

      1. Pangrimbag :

      ke + sabet —> kesabet
      ke + perang —> keperang

      Ana sing luluh karo purwaning lingga, kaya ta :

      ke + ulu —> keulu —> kolu
      ke + andheg —> kaandheg —> kandheg
      ke + embet —> keembet —> kembet
      ke + obong —> keobong —> kobong
      ke + esuk —> keesuk —> kesuk
      ke + ili —> keili —> keli

      2. Tegese ater-ater ke

      Nelakake kaya dene kaanan kang ateges ketaman pakaryan kang ora dijarag (kaya dene awalan ter).

      Kesabet = ketaman (kena) sabet
      kethuthuk = ketaman thuthuk
      kobong = ketaman obong
      kembet = kena embet
      kesuk = ketaman esuk

      3. Rasakna bedane tegese ater-ater ka lan ke'
      kasabet = disabet
      kesabet = ketaman sabet
      kathuthuk = dithuthuk
      kethuthuk = ketaman thuthuk

      C. Panganggone seselan in !
      1. Pangrimbag :
      Lumrahe kanggo ona ing basa pacakan, kaya ta :

      (1). Ing tembung lingga kang apurwa aksara sastra (konsonan).


      tulis —> tinulis
      waca —> winaca
      gawa —> ginawa
      thuthuk —> thinuthuk
      satriya —> sinatriya


      sung —> sinung
      wor —> winor
      ken —> kinen
      ton —> tinon
      sih —> sinih

      [ 83 ]

      (2). Ing tembung lingga kang apurwa aksara swara (vokal), seselan in iku dumunung ing sangareping lingga, kaya ta :

      adang : In + adang —> Ingadang
      eman : In + eman —> Ingeman
      obong : In + obong —> Ingobong
      inum : In + inum —> Inginum
      edum : In + edum —> Ingedum
      ulik : In + ulik —> Ingulik

      (3). Manawa linggane apurwa ny, ng, n, seselan in dumunung ing ngareping linggane awujud I, kaya ta :

      nyunyuk : In + nyunyuk —> Inyunyuk
      nunul : In + nunul —> Inunul
      ngengeh : In + ngengeh —> Ingengeh(an)

      2. Tegese seselan in

      a. Tegese seselan in padha karo tegese ater-ater ka, di lan ke,

      Tuladhane :


      tinulis
      ginawa
      linangkung
      pinanggih


      = katulis = ditulis.
      = kagawa = digawa
      = kelangkung
      = kepanggih



      b. Seselan in kang dikantheni panambang I, panambang I owah dadi an, tegese padha karo ater-ater di lan panambang I, tuladhane :


      tinakoni —> tinakonan
      jinaluki —> jinalukan
      thinuthuki —> thinuthukan


      = ditakoni
      = dijaluki
      = dithuthuki



      c. Tembung kang singselan In kagandheng karo tembunge lingga, ateges gentenan, ambal-ambalan.


      tabok - tinabok
      kandha - kinandhakake
      sinuwek - suwek


      = tabok-tabokan (gentenan ditabok)
      = gentenan dikandhakake
      = disuwek ambal-ambalan



      D. Latihan :
      Kepriye pangrimbage tembung- tembung iki. Apa tegese, ater-ater, panambang, utawa seselan kang rinaketake ?


      winelahan
      kawelahan
      sinambungan
      kasambungan
      kawangsulan
      winangsulan


      ginered-gered
      gered-ginered
      katungka
      sih-sinihan
      ketabok
      katabok



      Gawea ukara nganggo tembung-tembung Ing dhuwur iku !

      [ 84 ]IV. NULIS
      SANDHANGAN CAKRA

      A. Tamatna, wacanen, banjur turunen !

      ꦏꦸꦭꦏ꧀ꦱꦿꦧꦶ = kulak srabi

      ꦱꦶꦏꦶꦭ꧀ꦱꦺꦩꦸꦠ꧀ = Sikil semut

      ꦱꦿꦶꦥꦠ꧀ꦱꦿꦶꦥꦶꦠ = sripat-sripit

      ꦏꦸꦭꦏ꧀ꦱꦿꦸꦠꦸ = kulak srutu

      ꦱꦿꦼꦧꦼꦠ꧀ꦱꦿꦼꦧꦼꦠ꧀ = srebet-srebet

      ꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦿꦺꦩ꧀ꦥꦺꦠ꧀ = dipun srempet

      ꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦿꦺꦴꦁꦒꦺꦴꦠ꧀ = dipun sronggot

      ꦄꦣꦺꦴꦭ꧀ꦠꦿꦱꦶ = adol trasi

      ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦠꦿꦶꦩꦃ = boten trimah

      ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀ꦠꦿꦼꦧꦁ = nyekel trebang

      ꦥꦪꦺꦴꦤ꧀ꦠꦿꦺꦴꦕꦺꦴꦃ = payon trocoh

      ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦿꦸꦧꦸꦱ꧀ = sampun trubus

      ꦩ꧀ꦧꦿꦺꦁꦏꦭ꧀ꦮꦠꦸ = mbréngkal watu

      ꦮꦤ꧀ꦏꦿꦼꦠꦼꦒꦺꦄꦩ꧀ꦧꦿꦺꦴꦭ꧀ = Wan kretegé ambrol

      ꦎꦩꦃꦄꦩ꧀ꦧꦿꦸꦏ꧀ = omah ambruk
      [ 85 ]

      B. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener !
      pating trembel lumayu nggendring
      saweg jrumat-jrumat wasis nyrobot
      dhemen criwis ngidak krikil
      cruwat-cruwet kulak krupuk
      dibacok cros awak ndhrodhog
      padharan mrongkol krenggas-krenggos

      V. UKARA PANGUWUH

      1. Ukara-ukara ing ngisor iki wacanen kanthi lagu sing cocog karo surasane !
        1. Adhuh, larane ! Aja seru-seru anggonmu mijet !
        2. Dhuh, wetengku kemrucug, tambane apa !
        3. lo, hla kok ngono anggonmu nggarap !
        4. Lah, rak ya ngono kuwi !
        5. O, payunge lali ora tak-gawa !
        6. Hem, mangsa klebua ujian, bocah kesed iku !
        7. Wah, sregepe ta anakmu kuwi !
        8. Oalah, wong wis direwangi kangelan kok ora ana welase !
        9. E lah, wong udan deres kok lunga nonton !
        10. Masa, bocah semono gedhene durung bisa sikatan !
        Katrangan :
        Ukara-ukara kang surasane nêlakêke rasa pangrasa (susah, gela, kepengin, marem, nrima) kaya ing dhuwur iku diarani ukara panguwuh. Lumrahe nganggo tembung panguwuh (lo, adhuh,wah lsp.)
      2. Ukara-ukara iki wenehana tembung panguwuh sing mathuk !
        1. . . . wong dikandhani kok ora nggugu !
        2. . . . kesandhung sikilku !
        3. . . . mangsa bodhoa kowe kono !
        4. . . . layanganku muluk !
        5. . . . kok kowe ! Kapan tekamu !
        6. . . . mrucut olehku nyekeli glathik !
        7. . . . kowe mrene ! Kene-kene linggiha kene !
        8. . . . jebule mung kaya ngono bae, ta !
        9. . . . ana pohung gedhene sakempol-kempol!
        10. . . . anak wani karo wong tuwa !
      [ 86 ]

      C. Gawea ukara-ukara nganggo tembung panguwuh ing ngisor iki !

      1. We lah, ....
      2. Hus, ....
      3. E,kae lo,....
      4. Lah dalah, ....
      5. Dubilah, ....
      6. Ah, wis ta, ....
      7. Hore, ....
      8. Lah lidok, ....
      9. Lah layak, ....
      10. .... dilalah....


      VI. KASUSASTRAN

      A. Tembang ing ngisor iki wacanen batin alon-alon, rasakna banjur tembangna !

      TRIPAMA
      (Dhandhanggula)

      Yogyanira kang para prajurit,
      lamun bisa sami anulada,
      kadya nguni caritane,
      andelira Sang Prabu,
      Sasrabau ing Maespati,
      aran Patih Suwanda,
      lelabuhanipun,
      kang ginelung tri prakara,
      guna kaya purun ingkang den antepi,
      nuhoni trah utama.

      Lire lelabuhan, tri prakawis,
      guna bisa saniskareng karya,
      binudi dadi unggule
      kaya sayektinipun,
      duk mbantu prang Manggada nagri,
      amboyong putri dhomas,
      katur ratunipun,
      purune sampun tetela,


      86 [ 87 ]

      aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
      Suwanda mati ngrana.


      Wonten malih tuladan prayogi,
      satriya gung ing nagri Ngalengka,
      sang Kumbakarna namane,
      tur iku warna diyu,
      suprandene nggayuh utami,
      duk awit prang Ngalengka,
      dennya darbe atur,
      mring raka amrih raharja,
      Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
      de mung mungsuh wanara.

      Kumbakarna kinen mangsah jurit,
      mring kang raka sira tan lenggana,
      nglungguhi kasatriyane,
      ing tekad datan purun,
      amung cipta labuh nagari,
      lan nolih yayah rena,
      myang leluhuripun
      wus mukti aneng Ngalengka,
      mangke arsa rinusak ing bala kapi,
      Puji mati ngrana

      Yogya malih kinarya palupi,
      Suryaputra narpati Ngawangga,
      lan Pandhawa tur kadange,
      len yayah tunggil ibu
      suwita mring Sri Kurupati,
      aneng nagri Ngastina,
      kinarya gul-agul,
      manggala golonganing prang,
      Bratayuda ingadegken senapati,
      Ngalaga ing Kurawa

      ................


      K.G.P.A.A Mangkunegara VI


      87

      [ 88 ]B. Gatekna !

      1. Layang TRIPAMA kang adhapur tembang iku salah sawijining anggitane K.G.P.A.A Mangkunegara IV ing Surakarta. Kajaba iku isih akeh anggitane, kaya ta :

        - Wedhatama
        - Salokatama
        - Buratwangi
        - Sendhon langen swara
        - Sekar-sekaran lsp.
        - Panji Wulung
        - Rerepen
        - Wirawiyata
      

      2. Priyagung liyane kang kagungan anggitan,yaiku :

       a. Sinuwun PB IV, anggitane :
         - Wulang reh
         - Wulang sunu
         - Wulang dalem
       b. Sinuwun PB V, anggitane : 
         - Centhini
       c. Sinuwun PB VII, anggitane :
         - Angger nawala pradata
       d. Sinuwun PB IX, anggitane :
         - Candrarini Wira Iswara
       e. Kanjeng Sultan Agung, anggitane :
         - Nitipraja
         - Sastragendhing
      


      88 [ 89 ]

      WULANGAN 8

      I. WACAN

      A. Wacanen sajroning batin !

      SULTAN AGUNG ANYAKRAKUSUMA

      Ing wayah esuk, alun-alun Mataram katon regeng. Para priyayi padha ndlidir tekane, jalaran ing sitinggil arep ana pasowanan agung.

      Wiwit sedane Sang Nata ing Krapyak, iya lagi dina kuwi kutha Mataram katon reja maneh. Wis sawatara suwe para kawula anggone padha prihatin, luwih-luwih para santana dalem.

      Sawise pasowanan pepak, Adipati Mandaraka miyos ing satinggil nganthi putra dalem kang nandhang lara owah, peparab Raden Mas Martapura. Solah tingkahe katon berag. Raden Mas Martapura nuli diaturi lenggah ing dhampar kaprabon. Para nayaka bupati padha cingak, nanging ora ana sing wani cemuwit.

      Ora antara suwe, Adipati Mandaraka mbisiki, "Angger Wayah Prabu, saka welinge swargi ramamu, yen wis lenggah dhampar iki enggal jengkara ...."

      Prabu Martapura iya manut, jengkar nuli ngedhaton didherekake para parekan.

      Raden Mas Rangsang kang uga marak ing satinggil banjur diaturi ing dhampar.

      Pangeran Purbaya jumeneng ing sisihe, ngendhika, "Paran santana, dalah nayaka bupati kabeh. Padha saksenana, yen Raden Mas Rangsang dina iki jumeneng nata, nggenteni ingkang Rama swargi, ajejuluk Sultan Agung Anyakrakusuma Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman. Sapa wong Mataram kang ora sarujuk, padha enggal matura. Aku sing bakal mangsuli."

      Sakabehe kang andher ing sitinggil padha jumurung, banjur bebarengan nyembah marang Sang Prabu.

      Sultan Agung kepara kukuh anggone ngasta pusaraning praja. Sakabehe paugeran sarta angger-anggering praja ora kena kalangkahan dening sapa bae. Sing wani nerak wewaler


      89

      [ 90 ]

      mesthi kapatrapan paukuman. Nanging Sang Nata iya adil. Kabeh para kawula kudu nyambut gawe manut kabisane dhewe-dhewe. Luwih-luwih para kawula tani, tansah dipredi supaya wekel lan taberi nyambut gawe. Alas-alas padha dibabadi, didadekake paswahan lan pategalan. Para nonoman kang dhasare kendel padha didadekake prajurit. Wadyabala Mataram pancen saya wuwuh cacahe, dene para manggalane racak padha digdaya kabeh.

      Adipati Mandaraka sing menangi ratu nganti kaping telu, putrane kabeh ana papat, yaiku Pangeran Mandura, Adipati Wirapraba, Adipati Jurukithing, lan ragile putri, kagarwa dening Adipati Batang. Pangeran Mandura peputra loro, yaiku Pangeran Mndurareja lan Pangeran Upasanta.

      Adipati Mandaraka sawise nandhang gerah sepuluh nuli seda. Sultan Agung prihatin banget, rumangsa ditinggal eyange kang srwa prigel ngembat saliring reh kaprajan. Luwih-luwih yen ngelingi lelabetane, wiwit anggone mbiyantu eyang buyute, yaiku Ki Ageng Pemanahan, nganti adege Mataram.

      Sultan Agung pancen rumangsa yen nampa warisan negara gedhe. Mula kudu tansah dijaga, supaya aja nganti katerak ing bebaya, sarta aja nganti ana kraman kang njalari rerusuh. Kanggo njaga katentramaning praja, luwih-luwih ing laladan pesisir, Sultan Agung kagungan gegayuhan ngelar wewengkon. Kabupaten-kabupaten ing bang wetan kang durung kabawah Mataram nedya ditelukake.

      Sultan Agung nimbali Tumenggung Suratani, yakuwi sawijining manggala Mataram kang misuwur digdaya tur wasis nata barisan.

      "Suratani", dhawuh pangandhikane Sultan, "Sira dakdhawuhi nindhihi barisan, nglurung menyang bang wetan. Tatanen wadyabala Mataram sagegamane kabeh."

      Sultan Agung iya dhawuh marang Tumenggung Alap-alap supaya mbiyantu Tumenggung Suratani. Tumenggung Alap-alap mono sawijining agul-agul Mataram kang uga pinter marang tata-rakite perang.
      [ 91 ]

      Wadyabala Mataram akeh banget cacahe. Prajurit-prajurit saka kadipaten-kadipaten pesisir sing wis kereh Mataram uga padha mbiyantu. Mula cacahe prasasat tanpa wilangan. Sadurunge budhal saben dina tansah gladhen ulah kridhaning parang ing alun-alun.

      Ing wayah esuk, srengenge lagi bae mlethek, bala Mataram budhal. Barisan sing mucuki padha nunggang jaran, perlu golek dalan. Barisan sing laku dharat padha mandhi lumbak utawa sanggah. Tamenge pating krelap. Lkaune padha katon giyak. Barisan sing ana mburi dhewe, sabregada kehe, padha mikul pasedhiyan pangan lan gegaman. Lakune gegancangan mangetan.

      Kapethik saka: Babad Tanah Jawa; Jilid II
      dening Sugiarta Sriwibawa


      B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

      1. Sultan Agung Anyakrakusuma iku sapa lan jumeneng nta gumantine sapa?
      2. Raden Mas Martapura iku sapa lan apa perlune diaturi lenggah ing dhampar dening Adipati Mandaraka?
      3. Raden Mas Rangsang iku sapa, lan nalika jumeneng nata jejuluk sapa?
      4. Sultan Agung kukuh anggone ngasta pusaraning praja lan tumindak adil. Apa buktine?
      5. Kanggo nggayuh kemakmuran lan karaharjaning wewengkon Mataram, Sultan Aung nemtokake kepriye?
      6. Adipati Mandaraka iku sapa lan apa lelabuhan tumrap praja Mataram?
      7. Apa kalenggahane Tumenggung Suratani lan Tumenggung Alap-alap ana ing praja Mataram? Terangna kaluwihane!


      C. Lagu/ Pocapan

      Ukara-ukara upamane kang kalebu ukara sambawa iki ucapna nganggo lagu kang luwes!

      1. Upama siasate Sultan Agung ora kasumurupan Kompeni, Sultan Agung bakal menang!
      2. Udana, aku ora bisa teka!
      3. Dakbubutana sukete rak wis katon ngresepake!
      [ 92 ]   4. Kowea sing nggarap, ya mesthi ora bisa. Pancen soale sing kleru !

         5. Dakparanana, ya ora bakal gelem nemoni ! Wong pancen wiwit biyen
          mula oratau gathuk atine !
         6. Darta kuwi gelema ujian, rak mesthi bisa lulus !
         7. Waja mau jupuken pisan rak kena kanggo gegaman !
         8. Kowe mau, ajaa dakgondheli, mesthi sida kecemplung jurang !

      II. KAWRUH BASA
       A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

      sultan = ratu
      agung = gedhe
      kusuma = kembang, trahing ngaluhur
      nyakrawati = ngereh jagad (ratu agung)
      anyakrakusuma = trahing ngaluhur kang ngereh jagad
      peparab = jeneng, jejuluk
      dhampar keprabon = palenggahaning ratu
      cingak = mandeng nahan gan marga gumun
      nayaka = pangarep, pangkat sadhuwuring bupati, menteri
      jengkar = budhal, lunga
      parekan = para nyai ing kraton
      marak = seba ngadhep
      jumeneng nata = madeg ratu
      ajejuluk = jeneng, peparab
      andher = padha linggih jejer-jejer
      jumurung = nayogyani
      pusaraning praja = kendhalining negara, pangrehing Wada
      manggala = pangarep
      ngembat = ngrembug
      saliring = sawernaning
      reh kaprajan = peprentahaning negara
      agul-agul ulah kridhaning = gegedhug, andel-andel
      perang = latihan perang, nggegulang perang
      mandhi tumbak = manggul tumbak
      gegancangan = rerikatan


      92 [ 93 ]B. Isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing ngisor sing mathuk !

      1. Wong sesrawungan, ana kalangan apa bae, yen didhasari watak...bakal kajen keringan.
      2. Wong kang ana bebrayan ngendelake karosane (...) ngendelake kaluhurane (...) lan ngandelake kapinterane (...) iku bakal dicenges ing liyan.
      3. Kebangeten temen olehmu...Wong dhuwit ora mingsra bae petungmu nemen.
      4. Pak Lurah iku pancen sawijining pamong kang...katitik Bu Lurah iku priyayi kang....mula ora aneh manawa nalika mantu tamune mbludak.
      5. Bambang Sumantri iku satriya kang...nganti ngadekake mirising mungsuh.
      6. Prabu Yudhisthira iku kawentar ratu kang seneng paring dana driyah (...) lan apa sing wis dingendikakake mesthi ditindakake (...).
      7. Ana ing crita Layang Seta lan Layang Kumitir awatak... amarga ora seneng nyawang marang Damarwulan kang isih kulit daging dhewe. Kosok balina Anjas mara iku watake..., ngajeni marang sapa bae.
      8. Nuduhake barang kang ana ngisor aja pisan-pisan ngenggo sikil, mundhak, mundhak diarani wong kang....
      drengki srei ; degsura ; berbudi ; bawa leksana ;

      lembah manah ; andhap asor ; adigang ; adigung ;
      adiguna ; sureng yuda ; momot atine ; blater ;

      matadhuwiten

      C. Isenana kosok baline tembung-tembung kang kacithak kandel iki !

      1. Padha njagaa katentreman, aja gawe....
      2. Mbok iya sing gemi, aja...uripmu
      3. Anggone nyambut gawe wekel, ora....
      4. Becik sing andhap asor, aja....
      5. Anggone tumandang ing gawe sarwa kebat, ora....
      6. Prayoga blaka bae, aja....
      7. Adhine Ali ladak, nanging kakange....
      8. Sing sabar atimu, aja ....


      93 [ 94 ]   9. Beja... iku iya kowe dhewe sing bakal nyangga.
        10. Anggone duwe gawe gedhen temenan, ora mung...bae.
        11. Sing nriman atimu, aja...mangkono !
        12. Rukun agawe santosa,...agawe bubrah.
        13. Sing temenan anggonmu nyambut gawe, aja sok...kuwajibanmu !
        14. Ndhedhera budi kang luhur, singkirana budi kang....
        15. Mbok iya sing sugih akal, aja...ngono !
        16. Amir iku mula bocah isinan, ora...kaya kowe kuwi.
      D. Pepindhan ing ngisor iki tumrap apa ?

      1. ...lengket-lengket kaya macan luwe.
      2. ...kaya emas sinangling.
      3. ...kaya Bathara Kamajaya tumurun.
      4. ...kaya Dewi Ratih.
      5. ...lir tinubruk ing mong tuna, sinamber ing gelap lepat.
      6. ...lir wulan purnama.
      7. ...lir baskara kembar.
      8. ...kaya katiban daru.
      9. ...kaya mbelah-belaha bumi.
      10. ...mbanyu mili.
      11. ...kaya bisa mutung wesi gligen.

      III. PARAMASASTRA
      UKARA CAMBORAN TUNGGAL
      (kalimat majemuk bertingkat)

      A. Endi sing kalebu ukara camboran tunggal, lan terangna ciri-cirine !

      1. Ocehe mencoku apik, mulane aku seneng banget
      2. Aku seneng maca, adhiku seneng crita.
      3. Guruku nerangake, manawa sekolahan kudu ana piket.
      4. Senajan udan deres, aku uga mlebu sekolah.
      5. Jalaran aku ora duwe dhuwit, aku ora jajan.
      6. Aku ngeterake bukumu utawa kowe marani menyang omahku.


      94 [ 95 ]B. Kalungguhane ing ukara camboran tunggal
      Tuladha :
      Nalika / bapak tindak / eyang rawuh
      (a)(b)(c)
      Katrangan :

        (1). Ukara ing dhuwur iku kadadean saka :
          (a). Nalika= tembung pangiket
          (b). bapak tindak = gatra apola jejer wasesa (S/P) = gatra J/W
          (c). eyangrawuh = gatra apola jejer wasesa (S/P) = gatra J/W

        (2). Nitik pangikete nalika, nelakake manawa :

          — gatra (b) iku nerangake wektu tumraping gatra (c) ; tegese gatra (b) iku dadi andhahane gatra (c), buktine :
            Pitakon : kapan eyang rawuh ?
            bisa diwangsuli : nalika bapak tindak.

        (3). bapak tindak (b) iku gatra J/W kang dadi andhahane gatra JW liya, diarani ukara gatra (anak kalimat).
        (4). eyang rawuh (c) iku gatra J/W kang mengku gatra J/W liya, diarani ukara lajer (induk kalimat).
        (5). nalika (a) iku pangiket.

      C. Pangudhala (pangracute) ukara sandbotah tunggal

        (a). nalika = pangiket
        (b). bapak tindak = ukara gatra nelakake mangsa
          — bapak = jejer
          — tindak = wasesa

        (c). eyang rawuh = ukara lajer

          — eyang = jejer
          — rawuh = wasesa
      [ 96 ]D. Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha !
      1. Mabawa kowe lega, aku nyilih bukumu.
      2. Marga udane deres aku nggawa payung.
      3. Adhi kula sakit milanipun kula tumbas obat.
      4. Aku gelem teka ing omahmu, anggere kowe gelem ngeterake mulih.
      5. Kancaku ngabari aku, manawa kowe lara.


      IV. NULIS
      Wacan paragrap 1 lan paragrap 2 ing ngarep
      iku tulisen nganggo aksara Jawa sing bener!

      V. UNGGAH-UNGGUH
      Pacelathon iki salinana nganggo basa ngoko andhap !

      Suparta : "Kula nuwun !”
      Brata "O, Dhi Parta ! Mangga lenggah ngriki kemawon !
      Kersanipun Adhi punapa, sonten-sonten kok rawuh
      mriki ?"
      Suparta : "Anu Kangmas, manawi panjenengan ngersakaken
      mriksani ringgit tiyang badhe kula caosi karcis. Kula
      dipun sukani karcis kalih. Manawi Kangmas kersa ba-
      dhe kula dherekaken.”
      Brata : "Keleresan sanget, Dhimas ! Kula sampun dangu bo-
      ten nate ningali ringgit. Kula wau malah sampun keng-
      kenan tumbas karcis, jebul sampun telas. Manah kula
      inggih gela mangka lampahanipun sae. Dados anggen
      panjenengan maringi karcis punika keleresan sanget.
      Dhimas rak inggih enggal tindak ta ? Panjenengan
      kula aturi lenggah rumiyin, kula badhe dandos."
      Suparta : "Inggih, mangga. Anggenipun busana Kangmas sa
      pun kesesa, tiyang wekdalipun taksih kathah, dados
      boten badhe kasep.”


      96 [ 97 ]VI. KASUSASTRAN

      A. Rumpakan adhapur puisi Jawa gagrag anyar ing ngisor iki wacanen batin lan rasakna temenan !

      MBARANG

      Bocah cilik manis, kakang adhi
      runtang-runtung nyang endi-endi
      nyangking angklung saka bumbung
      mlebu lurung metu lurung

      Bocah cilik manis kedhana-kedhini
      runtang-runtung mbarang saparan-paran
      ngupa-boga nyambung panguripan sadulitan
      nambal nistha sing lunga teka wira-wiri, nrenyuhi

      Nembangi lagu-lagu, memelasi
      mbukak babad ngenesi ati
      koncatan bapa biyung dheweke tininggal keri

      Bocah cilik manis kedhana-kedhini
      runtang-runtung nyang endi-endi
      dina-dina uripe kaliput ayang-ayangane mega

      Dyan A nimataya Soer,

                        1959


      B. Rumpakan puisi Jawa gagrag anyar ing dhuwur iku, ucapna ing ngarep kelas kanthi lagu lan mimik kang cocog karo isine !


      C. Rumpakan 2 pada ing ngisor iki apa bisa kagolongake rumpakan puisi Jawa gagrag anyar ? Terangna buktine !

      (1). Dhuh Pangeran mugi paringa aksami,
      dhumateng kawula,
      bangsa Indonesia sami,
      tebihna saking cintraka.

      (2). Mung Paduka ingkang kawula tangisi,
      reribet rubeda,
      piala samya sumingkir,
      saking kuwaos Paduka.


      D. Gawea kliping rumpakan puisi Jawa gagrag anyar 3 judul bae !



      97
      [ 98 ]
      WULANGAN 9


      I. WACAN
      A. Wacanen batin sing premati !

      TAQWA MARANG ALLAH TA'ALA

      Swara adzan lagi bae ngumandhang. Tanpa diprentah Jatmiko banjur nggelar klasa. Bubar mangkono dheweke uga banjur adzan, swarane cumengkling. Pancen wis dadi pakulinan, manawa pinuju nglumpuk kabeh ngono kuwi, kulawargane Pak Nurhadi padha sholat bebarengan. Pak Nurhadi sing madeg dadi imam, dene Bu Nurhadi, Sri Rejeki, Jatmiko, lan Yu Pariyem dadi makmum.
      Sholat bebarengan iki katindakake, lumrahe manawa pinuju sholat Maghrib utawa ngisak.
      "Sholat bebarengan mono gedhe ganjarane,” ngendikane Pak Nurhadi sawise rampung maca dzikir. Lumrahe Pak Nurhadi banjur aweh pitutur, kanthi lelandhesan marang qur'an lan Hadis.
      Pitutur mangkono mau pancen migunani. Iya pitutur kanggo kulawarga, kanggo putra-putra, apa dene pitutur kanggo rewange. Tumrap Pak Nurhadi senajan rewang pisan, manawa wis nunggal saomah wis dianggep kaya dene kulawarga dhewe. Contone Yu Pariyem iku. Dheweke wis tetaunan ndherek kulawargane Pak Nurhadi.
      "Taqwa lan bekti marang Gusti Allah, satemene ora yen mung kelingan wae. Nanging sawanci-wanci, kudu tansah kelingan. Manawa kelingan mung kadhangkala wae, kapinujon lali banjur dileboni setan,” ngono ngendikane.
      "Pak, setan kuwi kok diumbar terus ta ? Mbok dikunjara bae kareben ora bisa uwal lan ora nggodha manungsa,” Jatmiko nyela-nyela.
      Pak Nurhadi gumujeng. Semono uga Bu Nurhadi lan Sri Rejeki. "Wah pinter banget kowe Jat, Senajan isih cilik nanging pikiranmu urip,” ngono Pak Nurhadi ngalembana.
      "Lha dhik Jatmiko kuwi, ora basa karo bapak kuwi iya digodha setan,” Sri Rejeki sing dhasare wis sekolah SMP mbebeda.

      98 [ 99 ]"Ah ya ora. Suk yen wis gedhe rak pinter basa. Iki rak isih cilik,” sambunge Jatmiko.

      "Iya, iya. Bener kandhamu Nang. Setan kuwi uga makhluke Gusti Allah. Lan setan mono dikeparengake nggodha manungsa. Nanging ing Janji mbesuk saguh manggon ing neraka. Lha saiki kari manungsa sing kudu pinter milih. Gelem digodha setan banjur ninggal taqwa lan bektine marang Gusti Allah, apa ora nggugu ajakane setan lan tetep taqwa sarta bekti marang Gusti Allah ?"

      Piwelinge Pak Nurhadi pancen dirungokake kanthi tumemen. Kira-kira ana sepuluh menit lumrahe Pak Nurhadi aweh pitutur mangkono iku. Lan manawa bubar sholat jama'ah, iya Jatmiko kuwi sing iwut nglempit klasa lan sajadah.

      Kulawargane Pak Nurhadi senajan ngrungkebi agama Islam pancen tansah digulawenthah amrih rukun lan urip bebarengan karo tangga kang nduweni agama liya. Iki dingendikakake rikala sholat jemaah wingi kae, “Aja seneng ngina marang agama liya. Awit ngina agama liya ngono padha bae kowe ngina agamamu dhewe.”

      Mulane Bu Nurhadi, Sri Rejeki, Jatmiko lan Aminah uga ora mbedak-mbedakake. Contone Bu Nurhadi mono raket karo Bu Daniel. Uga Jatmiko memitran becik karo Adreas. Lan Sri Rejeki uga mangkat bebarengan karo Margaraiha, putrine Pak Antonius.

      Nggulawenthah putra tumrap Pak Nurhadi pancen diwiwiti rikala bocah isih cilik. Iya ing babagan pendidikan apadene ing babagan agama. Aja nganti putra-putrane ing tembe dadi bocah kang fanatik mung mberung ngugemi benere dhewe tanpa ngajeni lan ngurmati liyan. vLan ngendikane Pak Nurhadi sing kudu tansah dieling-eling marang kulawargane, yaiku sadurunge turu kudu ndedonga dhisik. "Gusti Allah mono ngersakake umate ing sawayah-wayah, tanpa wara-wara luwih dhisik. Manawa kowe ndedonga dhisik sadurunge turu, istingarah bisa slamet ora diganggu gawe setan. Upama kapundhuta bali, klebu ewone wong-wong kang khusnul khotimah.”

      Yen bubar antuk pituduh mangkono, Jatmiko lan Aminah lumrahe banjur dikeparengake nonton tivi. Dene Sri Rejeki nutugake anggone sinau.


      99

      [ 100 ]B. Wangsulana pitakon-pitakon iki !
      1. Pak Nurhadi tansah nggegulang Kulawargane supaya lagwa marang Allah Ta'ala. Buktine kepriye ?
      2. Kepriye tangkepe kulawargane Pak Nurhadi marang rewang ? Buktine apa ?
      3. Wong kang tagwa marang Allah Ta'ala iku kudu kêpriye ?
      4. Kepriye katrangane Pak Nurhadi ing bab setan iku ?
      5. Kepriye pituture Pak Nurhadi marang kulawargane gegandhengan karo tangga teparo kang nduweni agama liya ?
      6. Ngendikane Pak Nurhadi sing kudu tansah dieling-eling saben dina dening kulawargane iku ing bab apa ?

      C. Lagu / pocapan

      1. Ucapna sing bener tembung-tembung iki !

      a. mundur — mundura — ngunduri
      kemul — kemula — ngemuli
      pupur — pupuran — mupuri
      macul — macula — maculi
      nutul — nutula = nutuli

      b. lesung — lesunge
      buntut. — buntutipun
      suruh — suruhipun
      buruh — buruhe
      glepung — glepunge

      c. nyingkir — nyingkiri
      nangis — nangisipun
      nguntir — nguntiri
      milih — milihe
      pipid — pipisipun

      d. linggih — linggihe
      pinggir — pinggiripun
      pamrih — pamrihe
      ngglindhing — ngglindhinge
      mbenjing — mbenjingipun
      pipis — pipisipun

      2. Bukumu tutupen, ayo dhikte kaya ing dhuwur iku

      II. KAWRUH BASA

      A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

      taqwa = takwa = setya nindakake dhawuhing Allah lan ngedohilarangane Allah. Allah Taala = Gusti Alah kang mahaluhur , [ 101 ]imam = pengareping wong sembahyang
      Iman = piandel (babagan agama)
      makmum = melu sembahyang karo imam
      lelandhesan = wewaton
      solatjama'ah = solat bebarengan
      ngrungkebi agama = ngantepi agama
      ngina = nyepelekake, nganggep asor
      fanatik = banget keyakinane marang wulangan (agama, politik)
      umat = wong-wong kang nglakoni agama
      wara-wara = kandha-kandha
      istingarah = prasasat, kena diarani

      B. Isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing ngisor kang mathuk !

      1. Mangga sami ngindhakaken ... kita dhateng Allah ....
      2. Mugi-mugi musibah punika sageda katampi kanthi... lan tansah... dhumateng Allah Ingkang Mahaasih.
      3. Kabeh dhokter wis ora saguh nambani larane sedulurmu iku, yen bisa mari jalaran mung diurut-urut bae iku sawijining ...
      4. Pati uripiku ana astane Pangeran, jer manungsa ora bisa uwal saka ..
      5. Mbok bilih boten wonten ..., kula badhe merlokaken sowan panjenengan benjing-enjing sonten.
      6. Wong sing didadekake... ana ing solat jamangah iku lumrahe wong. sing kandel....e.
      7. Wis dadi... lumrahe yen wong urip ana ing bebrayan iku kudu tulung- tinulung.
      8. Kepriye bisane kasembadan panjangkamu kudu korewangi... kanthi temen-temen.
      9. Mug-mugi sih kadarman punika sageda pirabaki... panjenengan.
      setiyar ; iman ; imam ; jamak ; takwa ; tawakal ;

      istipar mukjijat ; subhanahu wa tangala ;

      tangadur ; takdir ; ngamal
      [ 102 ]C. Tegesé tembung-tembung sabawa (kata seru) ing ngisor iki gatekna, lan terangna kepriye panganggone !
      1. insya'allah = yen Gusti Allah amarengaken
      2. alkamdulillah = sakabehing puji kagem Allah
      3. Wallahu alam = lan Allah sing luwih wuninga
      4. masa Allah = karsa dalem Gusti Allah
      5. astaga = Gusti Allah kang ngayomi
      6. lailahailallah = oraana Pangeran kajaba Allah
      7. innalillahi wa inna ilaihi raji'un = sabenere kita iku saka Allah lan sabenere kita iki bali marang Allah
      8. wala-wala kuwata = muga-muga pinaringan kuwat

      D. Apa tegese tembung-tembung kang kacithak kandel iki ?

      1. Gusti Allah iku Mahawikan, Mahaasih, lan Mahaluhur.
      2. Kula badhe ngemah-emahaken anak kula.
      3. Pemahanipun pak Marta jembar.
      4. Tiyang emah-emah makaten kedah ngengeti bibit, bebet, bobot.
      5. Narti pinter sanget nata bale griya.
      6. Griyanipun magrong-magrong.
      7. Tiyang gegriya makaten kedah ngatos- -atos.
      8. Puji basuki kang dakjaluk marang kowe.
      9. Kula ngaturaken puji rahayu.
      10. Ingkang kula ajeng-ajeng puji rahayu panjenengan.
      11. Aku kabeh kudu ngaturake puji sukur marang Pangeran.
      12. Sesuk aku arep sukuran.
      13. Sokur tiba, lah wong ora nggugu kandhaku.
      14. Ya sokur dene kowe wis lulus sekolahmu.
      15. Sokur bage kowe bisa njunjung drajating wong tuwamu.

      III. PARAMASASTRA

      RIMBAG AGNYA (PAKON)
      PANAMBANG EN

      A. Pangrimbag :

      1. Yen rinaketake ing tembung kang wandane wekasan sigeg tetep en.

      pangan + en → panganen
      kirim + en → kirimen
      cukur + en → cukuren
      gudheg + en → gudhegen
      cakot + en → cakoten
      [ 103 ]2. Manawa rinaketake ing tembung kang wandane wekasan menga, en owah dadi nen:
      waca + en → wacanen
      gawa + en → gawanen
      pati + en → patinen
      wedhi + en → wedhinen
      tuku + en → tukunen
      tebu + en → tebunen
      tape + en→ tapenen
      sate + en → satenen
      ijo + en → ijonen
      paido + en → paidonen

      3. Manawa rinaketake ing lembung kang wandane wekasan i utawa u, panambang en owah dadi en, on.
      (ke) legi + en → (ke) legen
      (ke) jero + en → (ke) jeron
      (ke) gedhe + en → (ke) gedhen
      (ke) sepi + en → (ke) sepen
      (ke) amba + en → (ke) kamban

      B. Tegese parlambang en

      1. Panambang en kang nelakake tembung kaanan :
      Bokonge wudunen = nandhang wudun
      Tangane ghudhigen = nandhang gudhig
      Lungguhmu kemajon = kakehan (luwih) maju
      2. Panambang en kang melakake tembung kriya :
      Bukumu jaluken = supaya kojaluk
      — Bukumu wacanen = supaya kawaca
      — Kakangku jenggotenkadunungan jenggot

      PANAMBANG A

      1. Kanggo nelakake pakon tanduk (tanpa lesan / lesan ora kocap):
      Ngakue bae aja gotoh = supaya ngaku
      Njaluka dhuwit bapakmu = supaya njaluk

      Cathetan:
      Kanggo nelakake pankon tanggap kang lesane gumathok, panambange dudu a, nanging ennen
      Ombenen wedangmu = supaya diombe
      Jaluken dhuwitmu = supaya kojaluk
      [ 104 ]

      1. Ateges upama, pangarep-arep, sanajan, muga-muga, mokal.

          — Udana aku ora bisa teka = upama udan
          — Kondura saiki mana bapak = upama kondur
          — Udana kas akusidalunga = sanajanudan.
          — Kowe dadia mulya supaya bisa ngayomi sedulur. (muga-muga dadi mulya).
          — Sing kowe bae ora, dahimu maneh bisaa = (mokal yen bisa)

      1. Ana panambang a kang ora gumathok tegese :

          — Ora patia lara
          — Ora sapiraa abole

      PANAMBANG ANA

      A. Pangrimbage :

      1. Manawa rinaketake ing tembung kang wandane wekasan sigeg, ana ora owah.

        — sabet + ana → sabetana

        — ubeng + ana → ubengana
      2. Manawa rinaketake ing tembung kang wandane pungkasan menga, wanda iku disigegake n dhisik, banjur i, e owah dadi e lan u owah dadi o
        — teka + ana → tekan + ana → tekanana
        — dadi + ana → daden + ana → dadenana
        — luku + ana → tukon + ana → tukonana
        — sade + ana' → saden + ana → sadenana

      B. Panambang ana yen dirasakake saka an + a, nelakake :

      1. Pakon tanduk

          — makonana meja = Supaya makoni meja
          — mbubutana suket = supaya mbubuti suket

      1. Pakon tanggap

          — Bututana sukete = supaya dibubuti sukete
          — Jupukna kertas iku = supaya dijupuki kertas iku

      1. Ateges : upama, pangarep-arep, sanajan, muga-muga, mokal

          — Dakwenehana dhuwit kowe bisa tuku buku (= upama diwenehi)
          — Dikandhanana sabendina ya ora owah kelakuane. (= senajan dikandhani)
          — Disrengenana mana ben kapok (= muga-muga disrengeni)

          — Adhine ora dipasrahi, wong liya maneh dipasrahana (= mokal manawa dipasrahi)}} [ 105 ]
      PANAMBANG NA

      A. Pangrimbage

      1. Manawa rinaketake ing tembung kang wandane pungkasan wanda sigeg,

        na cukup dijejerake bae, yen pungkasane wanda sigeg n, na owah dadi k.
        - jaluk + na → jalukna

        - takon + ana → takokna
      2. Manawa rinaketake ing tembung kang wandane pungkasan wanda menga, kudu disigegake k dhisik. Dene i, eu, uo
        - padha + na → padhak + na → padhakna
        - dadi + na → dadek + na → dadekna
        - gedhe + na → gedhek + na → gedhekna
        - tuku + na → tukok + na → tukokna
        - conto + na → Contok + na → contokna

      B. Panambang na nelakake :

      1. Pakon tanduk

          — Ngliwetna ibumu = supaya ngliwetake
          — Nukokna buku adhimu = supaya nukokake

      1. Pakon tanggap

          — Aku tukokna sega = supaya ditukokake
          — Aku jalukna dhuwit = supaya dijalukake.

      1. Ateges : upama, pangarep-arep, sanajan, muga-muga, mokal

          — Dhuwite dakwenehna wingi: saiki wis mangkat (= upama dakwenehake)
          — Dhuwitku diparingna saiki mana aku sida mulih (= muga-muga diparingake)
          — Kotukokna sandhangan pisan aku emoh melu kowe (= sanajan kotukokake)
          — Dielingna adhimu marang Pangeran (muga-muga dielingake)
          — Wong tuwane dhewe bae ora dilukokake kancane maneh ditukokna(mokal ditukokake)

      LATIHAN
      1. Tembung-tembung ing ngisor iki rimbagen nganggo panambang en, banjur gawenen ukara !
        genti, wada, suru, gule, soto
      2. Tembung-tembung iki rimbagen nganggo panambang a supaya dadi pakon tanduk, banjur gawenen ukara !
        genti, wada, suru, gule, paro.
      [ 106 ]
      1. Rimbagen nganggo panambang ana supaya dadi pakon tanggap lan pakon tanduk, banjur gawenen ukara !
        suru, genti, waca, sate paro
      2. Rimbagen nganggo panambang na supaya dadi pakon tanggap lan pakon tanduk, banjur gawenen ukara !
        suru, genti, waca, sate paro

      IV. NULIS

      PANULISE TEMBUNG-TEMBUNG AGNYA (PAKON)
      NGANGGO AKSARA JAWA

      A. Tamatna, wacanen, banjur turunen !

      ꦒꦮꦤꦺꦤ꧀ = gawanen

      ꦠꦸꦏꦸꦤꦺꦤ = tukunen

      ꦒꦣꦺꦴꦤꦺꦤ꧀ = gadhonen

      ꦧꦛꦶꦤꦺꦤ = bathinen

      ꦱꦠꦺꦤꦺꦤ꧀ = satenen

      ꦩꦿꦤꦄ =}} = mranaa

      ꦱꦮꦺꦴꦮ = sawoa

      ꦥꦿꦶꦪꦪꦶꦪ = priyayia

      ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦪ = kapriyea

      ꦠꦮꦸꦮ = tawua

      ꦠꦸꦏꦸꦮ = tukua

      ꦔꦏꦸꦮ = ngakua

      ꦩꦿꦺꦴꦤꦺꦴꦮ = mronoa

      ꦔ꧀ꦒꦣꦺꦴꦮ = nggadhoa
      [ 107 ]

        ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦤ        ______ ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦏꦼꦤ
        jalukna               jalukena
      
        ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦤ        ______ ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦼꦤ
        tulisna                tulisena
      
        ꦒꦮꦏ꧀ꦤ        ______ ꦒꦮꦏ꧀ꦲꦼꦤ
        gawakna               gawakena
      
        ꦢꦢꦺꦏ꧀ꦤ       ______ ꦢꦢꦺꦏ꧀ꦲꦼꦤ
        dadekna                dadekena
      
        ꦠꦸꦏꦺꦴꦏ꧀ꦤ     ______ ꦠꦸꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦼꦤ
        tukokna               tukokena
      
        ꦱꦠꦺꦏ꧀ꦤ      ______ ꦱꦠꦺꦏ꧀ꦲꦼꦤ
        satekna               satekena
      
        ꦔꦺꦴꦏꦺꦴꦏ꧀ꦤ   ______ ꦔꦺꦴꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦼꦤ
        ngokokna              ngokokena
      


        ꦒꦮꦤ꧀ꦤꦤ        = gawanana
      
        ꦥꦠꦺꦤ꧀ꦤꦤ       = patenana
      
        ꦥꦺꦥꦺꦤ꧀ꦤꦤ      = pepenana
      
        ꦒꦝꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ      = gadhonana
      
        ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦤ      = nulisana
      
        ꦕꦺꦴꦥꦺꦴꦠ꧀ꦠꦤ    = copotana
      
        ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦴꦩ꧀ꦩꦤ    = dondomana
      


                                                            107 [ 108 ]B. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener !
      
      turonana tukonana
      surunen tukunen
      nyurua nglukokna
      nglawua pancatana
      majua ngedumana
      nutua cekelana
      nyaotoa gopekana
      mrenea atosana
      mronoa panjerana
      duwea buwangen

      V. UNGGAH-UNGGUH

      Kramakna sing bener !

      1. Muga-muga Gusti Kang Maha Asih paring katentreman lan pangayoman adhi sakukuban.
      2. Supaya bisa kasembadan gegayuhanmu aja nganti kendhat anggonmu duwe panyuwun marang Pangeran Kang Maha Agung lan Maha Murah.
      3. Nindakake apa dhawuhing Allah lan ngedohi laranganing iku diarani takwa marang Kang Murbeng Dumadi.
      4. Mas, awit saka pangestu panjenengan aku wis oleh pagawean ana Pertamina. Mula iku aku nyuwun pamit arep budhal sesuk-esuk. Mbok manawa ana luputku bae marang panjenengan aku nyuwun pangapura.
      5. Iya sokur Dhimas aku nderek bungah banget dene Dhimas wis pinaringan kanugrahan saka Pangeran. Aku mung nderek memuji muga-muga Dhimas bisa nindakake kewajiban kanthi ora ana godha rencana.

      VI. KASUSASTRAN

      A. Gatekna!

      Kang diarani layang-layang kekawin yaiku layang-layang kuna kang katulis nganggo basa Jawa Kuna adhapur tembang gedhe kuna, tuladhane : [ 109 ]

      Kakawin Ramayana (ora kasumurupan sapa sing nganggit), kaanggit ing jamane Prabu Dyah Balitung (taun 989 – 910 M).
      Kakawin Arjunawiwaha, kaanggit ing jamane Prabu Airlangga (1019 – 1042), dening Empu Kanwa.
      Kakawin Kresnayana, anggitane Empu Triguna, jamane Prabu Warsajaya (± 1104).
      Kakawin Smaradahana, jamane Prabu Kameswara I (1115 – 1130), anggitane Empu Dharmaja.
      Kakawin Bharatayuda, kaanggit ing jamane Prabu Jayabaya (1130 – 1160), anggitane Empu Sedhah, dibacutake dening Empu Panuluh.
      Kakawin Hariwangsa, anggitane Empu Panuluh ing jamane Prabu Jayabaya.
      Kakawin Gathotkacacraya, anggitane Empu Panuluh ing jamane Prabu Jayakreta (1188).

      B. Dramatisasi

      Pacelathon wacan ing dhuwur iku wacanen batin kanthi premati. Banjur majua ing ngarep klas loro-loro, nirokna pacelathon iku kanthi lagu lan solah bawa kang luwes! [ 110 ]
      WULANGAN 10

      I. WACAN

      A. Wacanen batin kanthi premati !

      BALE SAGALA-GALA (Pustakaraja)
      1. Jejer ing kadipaten praja Ngastina, Prabuanom Duryudana miyos siniwaka ka-adep Patih Sangkuni, Raden Kartawarma lan pepak para kadang wadya. Ingkang karembag anggenipun sami boten narimahaken dene para kadang Pandawatansah sarwa linangkung ing samudayanipun tinimbang lan Kurawa, sarta ingkang rama Prabu Drestarastra ugi katingal ing resnanipun dateng kadang Pandawa, ing mangka panganggepipun para Kurawa, bilih Pandawa punika satru mungging cangklakan, sanget ambebayani. Kacariyos Prabuanom Duryudana sampun utusan nimbali kadang Pandawa, mila boten dangu kadang Pandawa lajeng sowan. Sareng sampun satata lenggah, lajeng dipun pangandikani,manawi saking karsanipun ingkang rama Prabu Drestarastra, kadang Pandawa sami kaparingan lenggah wonten ing talatah Waranawata, kaprenah sakidulipun nagari, ingkang padaleman lan sadayanipun bade kadamelaken dening para kadang Kurawa. Kadang Pandawa matur sanget nuwun nedya ngestokaken dawuh, lajeng nyuwun pamit, kalilan, nunten bidal.

      Ing sakesahipun para Pandawa, Prabuanom Duryudana tuwin patih saha kadang nunten sami ngrembag anggenipun nedya numpes para Pandawa, sarana andamelaken griya ingkang sae, nanging sampun kareka ing nglebetipun ingisenan damar ingkang gampil kabesmi, mangke manawi para Pandawa nuju kapati sare wonten salebeting griya wau, saking supados enggal kabesmi griyanipun, konten-kontenipun sami kakancinga saking njawi. Sadaya sami ngestokaken dawuh lajeng bibaran pasewakan, gapuran.

      1. Ing gupit mandrakini praja Ngastina, Prabu Drestarastra saha prameswari Dewi Gandari tuwin putra Dewi Dursilawati
      110 [ 111 ]

      sami lalenggahan ka-adep para parekan, mirsani gebyagan beksan badaya srimpi, katungka rawuhipun Prabuanom Duryudana, lajeng ka-acaran lenggah. Sareng sampun satata nunten sami imbal pangandika bab kawontenanipun kadipaten, lajeng sami kembul bojana.

      1. lng pasowanan jawi nagari Ngastina, Patih Sangkuni, Raden Dursasana, Durmagati, Citraksa, Citraksi, Kartawarma lan pepak para kadang wadya, ngrembag andum damel anggenipun andamelaken griyanipun kadang Pandawa wonten ing Waranawata, ingkang sampun kaisenan obat lan damar amrih gampil dipun besmi, mila griya wau umumipun lajeng dipun wastani Bale sagala-gala utawi Jatu-griha, pikajengipun, griya ingkang sampun dipun iseni obat, gampil dipunbesmi. Sareng sampun samapta sadaya, lajeng bidal, kapalan, prang ampyak.
      1. Madeg ing kasatriyan praja Ngastina, Dewi Kunti ka-adep para putra kadang Pandawa saha panakawan, ngrembag anggenipun nedya pindah griya enggal dateng ing Warana-wata, sareng sampun samapta, lajeng bidal.

      Dewi Kunti lumampah darat kaderekaken para putra lan panakawan, dene Raden Bratasena lampahipun mlumpat, boten dangu:kapapag kaliyan denawa ageng-ageng kalih, nama ditya Purocana lan -Purobaya. Ditya kakalih wau ngalang-alangi lampahipun Raden Bratasena, sulayaning rembag, dados pancakara, wekasan ditya kakalih sami nemahi pejah, kuwanda muksa, babar dados sang Hyang Brahma lan sang Hyang Indra, paring sumerep bilih para Kurawa sami anggadahi sedya awon, benjing manawi griya wau kabesmi, supados Raden Bratasena lan kadang saha ibu ngetutaken salampahing garangan petak, ing ngriku margining manggih wilujeng. Sasampunipun wewarah, dewa kakalih nunten kondur dateng Kahyangan, Raden Bratasena saha kadang ibu nglajengaken lampah.

      1. Madeg ing bale sagala-gala ingkang dumunung wonten satengahing Waranawata, Dewi Kunti saha para putra sami, rumaos marem dene manggen wonten ing padaleman ingkang sakalangkung adi, anggenipun andamelaken para kadang Kurawa, namung sang Bratasena ingkang sampun


      111

      [ 112 ]

      waspada ing semu, katungka sowanipun para buyut, pandita, wiku lan sapanunggilanipun, ingkang sami mangayubagyo dene para Pandawa sapunika pindah dudunung wonten ing ngriku, ingkang ugi ateges saged ngayomi dateng para ingkang sami dudunung ing sakiwa tengenipun ngriku. Boten dangu katungka rawuhipun Prabuanom Duryudana, Patih Sangkuni saha para kadang Kurawa lan wadya, sarwi ambekta dedaharan inuman ingkang eca-eca, lajeng sami kembul bojana andrawina, inum-inuman waragang katah ingkang sami wuru, sinambi dolanan main catur, namung Raden Bratasena ingkang waspada ing semu.

      Kocap sareng para kadang Pandawa sami wuru, Patih Sangkuni lajeng dawuh dateng kadang Kurawa kapurih ambesmi griya wau, Raden Bratasena sareng sumerep latu mangalad-alad, lajeng ngrangkus kadang-kadangipun lan ingkang ibu, nunten wonten garangan petak, lajeng dipun turut selampahipun, garangan lumebet dateng trowongan, terus dipun turut.

      Kocap sareng latu sampun telas, kadang Kurawa lajeng sami ngupadosi kunarpanipun kadang Pandawa, ing ngriku pinanggih wonten kunarpanipun pawestri satunggal saha anakipun jaler gangsa., nanging saestunipun sadaya wau kunarpanipun tiyang estri bangsa brahmana nama Bila saha anak-anakipun jaler gangsal. Kunarpa sadaya wau kakinten kunarpanipun Dewi Kunti lan kadang Pandawa sadaya, mila lajeng dipun rukti, nedya katur dateng Prabu Drestarastra, nunten bidal.

      .........................................................................................................

      Pethikane: PAKEM WAYANG PURWA IV.
      dening R.S. Probohardjono.

      B. Wangsulana !

      1. Jejer ing kadipaten praja Ngastina iku pasebane sapa bae marang sapa? Apa sing dirembug ana ing paseban iku ?
      2. Nalika Pandhawa padha ngabeyandara ana ing paseban iku, dingendikani apa dening Prabuanom Duryudana? [ 113 ]
      3. Sapungkure pisowane para Pandhawa, apa sing dirembug ing paseban iku ?
      4. Kepriye akale para Kurawa anggone arep numpes para Pandhawa ?
      5. Bale sagala-gala utawa Jatu-griha iku apa, sing digawe saka apa, sapa sing nggawe, ana ngendi, lan pamrihe apa ?
      6. Nalika Pandhawa boyongan menyang Waranawata kepethuk Ditya Purocana lan Purobaya. Ditya loro sajatine sapa, bareng wis babar dadi dewa paring pituhu apa marang Raden Bratasena ?
      7. Nalika Pandhawa ana Waranawalta, kandh tangkepe para kadang Kurawa marang para Pandhawa ?
      8. Nalika Bale sagala-gala wis dadi awu, para Kurawa padha duwe pangira manawa para Pandhawa wis tumpes. Kanggo bukti apa ? Nanging sanyatane kepriye ?

      II.  KAWRUH BASA
      A. Tegese 'tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

      bale = bangsal, omah, pandhapa
      gala = damar, lak
      bale sagala-gala = omah (bangsal) kang digawe saka lak (gampang kobonge)
      dipati = ralu
      kadipaten = panggone ratu, kraton
      praja = negara, kedhaton
      kadang = sedulur.
      prabu anom = pangeran adipati
      numpes = nyirnakake kabeh
      pasewakan = paseban, pasowanan
      parekan = para nyali (ing kraton)
      gebyagan = kepyakan, semuwan
      bedhaya = Atledhek bangsaning Srimpi ing kraton
      Srimpi = lelangen joged sing ditindakake para wanita. cacahe 4
      imbal pangandika = ngendikan, jagòngan, guneman
      [ 114 ]
      bojana = pesta mangan enak
      kembul bojana = mangan bebarengan
      jatu (skt) = damar, lak
      jatu-griha = omah sing digawe saka lak, (damar)
      griha —> griya = omah
      panakawan = abdi pandherek, parepat
      samapta = siyaga
      adi = becik, linuwih
      katungka = ketekan dadakan
      kunarpa = layon


      B. Golekana ing ngisor araning papan panggonan kang kerep keprungu ing padhalangan iki !

      1. Pengadilan ing kapatihan ....
      2. Papan patapaning pandhita ....
      3. Pandhapaning pandhita kanggo mulang para cantrik....
      4. Paseban ing sitinggil....
      5. Dalem gedhe kagem sinuwun ing kraton ....
      6. Papan sing dhuwur samburining alun-alun (pasowanan)arane....
      7. Regol (bangsal) sangareping kraton Kanggo methukake/nguntapake tamu kraton arane ....
      8. Kahyangan (kraton)-e Bathara Guru iku ....
      9. Dalan tumuju menyang alun-alun iku arane ....
      sitinggil, bale mangu, pagelaran, padhepokan, pangurakan, pacrabakan; prabayasa (prabasuyasa) jungring saloka, srimanganti


      C. Arane papan/omah iki golekanana ana ing ngisor kang mathuk!

      1. Omah darbeking desa dianggo pakumpulan arane ....
      2. Omah-omahan ing tengahing blumbang (segaran) arane ....
      3. Omah sarta pekarangan iku diarani ....
      4. Omah-omahan kanggo jaga kampung iku diarani ....
      5. Panggonane wong kang padha nginep ....
      6. Papan kanggo sinau ngaji arane .... [ 115 ]
      7. Omah cilik papan marung arane ....
      8. Omah-omahan cilik tunggu tanduran ing sawah/tegal arane....
      9. Rumah sakit kanggo wong lara TBC arane ....
      10. Papan kanggo penelitian arane ....
      11. Papan kanggo siaran radio/TVRI arane ....
      12. Papan kanggo nyimpen pari arane ....
      13. Papan kanggo nyimpen beras arane ....
      14. Papan kanggo nyimpen barang-barang arane ....
      15. Papan kanggo mandhe arane ....
      bale pomahan, bale kambang, bale desa, gubug, bango, hotel, pondhok, cakruk, sanatorium, laboratorium, studio, lumbung, padaringan, besalen, gudhang

      D. Apa tegese tembung-tembung sing kacithak kandel ing ngisor iki ?

      1. Lampahipun R. WekUh dra sakadang tumuju dhateng Waranawata.
      2. Nalika taksih -enem ageng lampahipun. Sareng sepuh manggih kamulyan.
      3. Ringgit dalu punika mendhet lampahan Bale sagala-gala.
      4. Surya sampun serap.
      5. Sapunika surya kaping 26 Rejeb.
      6. Swaraning peksi sampun sirep.
      7. Benteripun badan sampun sirep.
      8. Resi Drona ing Soka Lima.
      9. Resi kintunan arta saking Pos.

      II. PARAMASASTRA

      A. Ukara-ukara lamda iki dhapuken supaya dadi ukara camboran, migunakna tembung pangiket sing trep !

      a. — Aku ora pati pinter.
      — Aku sregep sinau.
      — Aku bisa lulus.

      b. — Aku dipenging nerusake sekolahku.
      [ 116 ] — Aku tetep nekad sekolah.
      — Aku saiki dadi dhokter.

      c. — Aku ora duwe dhewe saseêdulurku.
      — Aku emoh njejaluk marang sadulurku.
      — Sadulur-sadulurku padha ngajeni aku.

      d. — Jakarta iku kutha gedhe.
      — Semarang iku kutha gedhe.
      — Surabaya iku kutha gedhe.

      e. — Umariku murid SMP sing sregep banget.
      — Alitiku murid SMP sing sregep banget.
      — Sardi iku murid SMP sing sregep banget.

      f. — Sarjana iku murid kang sregep.
      — Sarjana iku murid kang lantip.
      — Sarjana iku murid kang alus bebudene.

      B. Wenehana tembung pangiket kang cumawis ing ngisor sing mathuk!

      1. Aku iya gêlem melu kowe, Jiadhaika diragadi.
      2. Malinge gelem ngaku, .. . digiri- giri arep dipenthungi.
      3. Barja kuwi kemaki banget, ... . digethingi kanca-kancane.
      4. Kowe kudu gemi setiti, ... besuk uripmu kepenak.
      5. Darma iku wani rekasa, ... saiki uripe kepenak.
      6. ... kowe disrengeni ibumu, aja pisan-pisan kowe mangsuli.
      7. Indonesia ing tembe dadi nagara kang makmur,....sugih barang-barang apa bae.
      8. Amir iku anake wong sugih, ... ora umuk.
      9. Marna arang kekurangan sandhang pangan, ... uripe ngatiati banget,
      10. ... kowe enggal lulus, kowe kudu sregep sinau.
      bareng, supaya, amarga, supaya, anggere, mulane, nanging, mulane, manawa, jalaran

      C. Gawea ukara nganggo tembung-tembung pangiket ing ngisor iki !

      dene, ewadene, suprandene, apa dene, mangka, apa maneh, bilih, mbok bilih, sarehne, awit, nalik, bareng
      [ 117 ]VI. NULIS

      Tulisen nganggo aksara Jawa!

      Paragrap 2 wacan ing dhuwur!

      V. JANTURAN JEJER ING PAWAYANGAN

      Wacanen batin alon-alon lan rasakna, banjur nirokna lagu lan pocapane dhalang!

      JANTURAN JEJER ING PAWAYANGAN

      Swuh rep data pitana, anenggih nagari pundi ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka sawiji adi luwih dasa sepuluh purwa kawitan. Sanadyan kathah titahing dewa ingkang kasongan ing akasa kasangga ing pretiwi kaapit ing samodra, kathah ingkang sami anggana raras boten wonten kados nagari Dwarawati ya Dwaraka ingkang pantes kinarya bebukaning carita. Mila kinarya bebuka, ngupayaa nagari satus tan angsal kalih, sewu datan antuk sedasa. Mila winastan ing Dwarawati : palawanganing jagad utawi wewenganing rahsa, Dwaraka panggenan pambuka.

      Dhasar nagari panjang punjung pasir wukir loh jinawi gemah ripah karta tur raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra wukir gunung, dene nagari Dwarawati angungkuraken pagunungan ngeringaken pasabinan nengenaken benawi angayunake bandharan gedhe. Loh tulus ingkang sarwa titandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Gemah wong kang lumaku dagang rinten dalu datan ana pedhate labet tan ana sangsayane margi. Aripah janma manca kang sami gegriya ing salebeting praja jejel apipit pangsrasa aben cukit tepung taritis papan wiyar katingal rupak saking arjaning nagari. Karta kawula ing padhusunan padha tentrem atine, mungkul pangulahing tetanen. Ingon-ingon kebo, sapi, pitik, iwen datan ana cinancangan, rahina aglar ing pangonan yen bengi padha mulih marang kandhange dhewe-dhewe. Raharja tebih ing parangmuka, dene para mantri bupati padha kontap kautamane, wicaksana limpad ing kawruh putus marang wajib pangerehing praja, tansah ambudi wewahe kaluhuraning Nata. Dhasar nagara gedhe obore padhang jagate dhuwur kukuse adoh kuncarane. Boten tanah Jawi kemawon ingkang sumuyud, sana-


      117

      [ 118 ]

      dyan ing tanah sabrang kathah ingkang sami sumawita tanpa kalawan krananing bandayuda, amung kayungyun pepoyaning kautaman, bebasan ingkang celak manglung ingkang tebih tumiyung, saben antara mangsa asok bulu bekti glondhong pangareng-areng, peni-peni raja peni guru bakal guru dadi.


      VI. KASUSASTRAN

      A. Kagunan Wayang iki gatekna !

      W A Y A N G

       Wayang iku sawijining tontonan kang wis sumrambah, ing sa-Indonesia : ing tanah Jawa, ing Bali, ing Kalimantan, ing Sumatra Isp.

       Ing jaman Majapahit perbawane wayang iku malah tekan ing nagara Cempa lan Kamboja. Nagara-nagara iku njupuk lakon Panji saka tanah Jawa.

       Wayang iku warna-warna sing digawe, kayata :

      1. saka lulang utawa kulit (diarani wayang kulit utawa wayang lulang),
      2. saka kayu,
      3. saka tetuwahan,
      4. saka mori,
      5. saka kerdhus (kertas),
      6. saka logam.

       Awewaton critane wayang iku kena kapilih-pilih dadi pirang-pirang warna :

      1. Wayang Rama, critane njupuk saka buku Ramayana. Ing wektu saiki digolongake Wayang purwa.
      2. Wayang Purwa, critane saka parwa-parwa peranganing buku Mahabrata ing bab Pandhawa lan Kurawa.
      3. Wayang Madya, critane saka Parikesit tekan Jayabaya.
      4. Wayang Gedhog (kedhok = topeng), critane saka layang Panji.
      5. Wayang Klithik (Wayang Krucil) nyritakake lakon jaman Pajajaran tekan Majapahit, Prabu Brawijaya wekasan. Sing kondhang lakon Darmawulan-Menakjingga.


      118 [ 119 ]
      1. Wayang Dupara, critane saka layang babad, kayata: Jaka Tingkir, Jaka Tarub, Babad Pajang lsp.
      2. Wayang Menak, critane saka tanah Arab.
      3. Wayang Suluh, critane warna-warna kanggo aweh sesuluh.
      4. Wayang Kancil, critane saka dongeng kancil.
      5. Wayang Golek, asline saka Jawa Kulon (Jawa Barat), nyritakake lakon ing Mahabarata utawa lelakone Wong Agung Menak (Jayengrana).
      6. Wayang Wong, critane saka Mahabarata, ditindakake dening wong (kagolong wayang Purwa).
      7. Wayang Beber, njupuk crita Panji awujud gambar-gambar ing mori kang kabeber, banjur dicritakake.
      8. Wayang Wahana, critane bab perjuangan saka babad Demak tekan Perang Diponegara.
      9. Wayang Wahyu, critane gegayutan karo agama Katholik.
      10. Wayang Perjuangan, critane saka perjuangane bangsa Indonesia wiwit taun 1945, yasane Jawatan Penerangan.
      11. Wayang Pancasila, padha karo Wayang Perjuangan, mung wujude wayang bae sing beda.

      B. Suluk pathetan Slendro 9 iki lagokna niru lagu/pocapane dhalang !

      Sangsaya dalu araras abyor kang lintang kumedhap.
      Titi sonya tengah wengi lumrang gandaning puspita.
      O, . . . .
      Karengwaning pudyanira, O, . . . .
      Sang Dwijawara mbrengengeng.
      Lir swaraning madubranta.
      O. . . . . O. . . . . [ 120 ]
      WULANGAN 11

      I. WACAN

      A. Wacanen sajroning batin !
      GUGUR GUNUNG

      Saka pendhapa kalurahan wis keprungu kenthongan ditabuh ambal-ambalan dening punggawa pamong desa.

      Pak Noyo : (Metu karo nggawa pacul)
      "Kang . . .! Kang Setra! Ayo gek enggal metu. Galo wis dioprak-oprak Kyaine !"
      Pak Setra : Kosik Dhi. Dhela engkas. Dak golek gawan dhisik."
      (keprungu swara saka njero).
      Pak Noyo : "Wah . . . wah . . . wah !
      Gek gawan apa ta Kang sing arep kok goleki?"
      Pak Setro : (Metu karo klithah-klithih).
      "Ha . . . ya. Apa maneh ta yen ora pecok karo wadung iki! Genah arep nggawa pacul kowe dhewe ya wis nggawa ngono, kok."
      Pak Noyo : "Iya ta. Mesthine mengko ya genti-genten. Ora kabeh nyambut gawe bareng."
      Pak Setro : "Kosik ta, Dhi. Iki mengko dalan sisih ngendi ta sing arep dikroyok wong sakampung iki ?"
      Pak Noyo : "Lho, priye ta, Kang. Genah wis dirembug rapat ing Bale Desa wingi kae ngono kok. Dalan kulon sekolahan kae yen udan jeblog. Kamangka suk wulan ngarep iki wis diwiwiti lomba desa. Lan Pak Bupati sarombongan arep miyos kene."
      Pak Setra : "Ooo . . . kulon sekolahan, cedhak warunge Sastro Kardi kae ta?"
      Pak Noyo : Lha iyo ta. Ngendi maneh. Gajege wingi kae Pak Lurah wis nekakake watu sak trek. Lha mengko aku kowe iki kari nata."
      Pak Setra : "Yen mung ditata tanpa ditumbuk ya malah ngrekasakake wong liwat ta, Dhi."

      [ 121 ]

      Pak Kamdi : "Waaah . . . iki ora gek enggal mangkat, kok malah jagongan neng kene ta?" (Teka karo nggawa pukul besi lan pacul)."
      Pak Setra : Iki lho Pakdhe. Yen dalan kulon sekolahan kae mung dibruki watu lan ora dirata, lha rak ya malah gawe cilaka ta. Saben ana montor liwat sopire mesthi sambat."
      Pak Kamdi : "Ah, ya ora ngono ta. Wingi kae gajege ing rapat wis dirembug. Carike saguh golek silihan montor tumbuk menyang kantor pemerintah daerah. Mung bae kanggo ijole tuku solar ya kudu dipikirake."
      Pak Bayan : (Teka saka njero). "Bener Pak Kamdi. Aku karo Carike mengko arep sowan nyang kantor Pekerjaan Umum, ngampil mobil tumbuk. Wis dikeparengake, kok."
      Pak Setra : "Ooo ya sukur ta. Yen dalan-dalan kene wis alus kabeh, tetumpakan mesthi alur-selur ora ana pedhote."
      Pak Kamdi : "lya bae ta, Dhi. Wong asil bumi desa kene sing digawa menyang pasar kutha ya klebu akeh. Dadi mobil trek, grobag, lan tetumpakan liyane akeh kang liwat desa kene."
      Pak Bayan : "Apa maneh kreteg wetan desa kae wis dadi lan ora suwe iya diresmekake. Mendah ramene mengko desa kene."
      Pak Noyo : "Nanging manawa kaanan saya rame, dalan-dalan sing rusak iya kudu enggal didandani. Aja nganti rusake tansaya akeh. Lan manawa rusake akeh, mesthi bae mbutuhake wragad sing saya akeh maneh."
      Pak Kamdi : "Mula wis samesthine ta, warga kampung kene kudu sayuk rukun gotong royong. Yen ana dalan rusak, utawa kalen buntet, pos kamling bocor, ya aja mung disawang bae. Sing genah kudu enggal ditandangi kanthi gugur gunung kaya esuk iki."
      Pak Bayan : "Bener ! Bener ! Lha iki mumpung isih esuk ayo enggal digarap. Galo, Pak Lurah karo Pak Carik

      [ 122 ]

      wis nunggu. Ayo dha mangkat !"
      Pak Noyo : "Inggih ! Mangga Pak ! Mangga !"
      Pak Kamdi : "lya ayo enggal diangkat pirantine. Enggal digarap bebarengan kareben enggal rampung !"


      B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

      1. Wacan ing dhuwur iku pacelathone sapa, ngrembug bab apa ?
      2. Sadurunge nindakake gugur gunung, luwih dhisik kudu nindakake apa lan perlune apa ?
      3. Gugur gunung kang kasebut ing wacan iku arep ngayaki apa ?
      4. Wragad kanggo apa sing perlu kanggo nindadake gugur gunung andandani dalan kang kasebut ing wacan iku?
      5. Padha duwe gambaran apa wong-wong kang ngayaki gugur gunung iku manawa dalane sing digarap iku wis alus temenan ?
      6. Apa bae kang bisa diayaki kanthi gugur gunung ana ing kampung iku ?

      C. Beda lagune uga beda karepe

      Ukara-ukara iki ucapna nganggo lagu kang beda-beda, miturut tandha-tandhane!
      / = kapedhot sedhela, ora mandheg
      //- = kapedhot sawetara, ora mandheg
      kandel = kaucapake mantep
      arang = kaucapake alon
      Rasakna beda-bedane lan isenana titik-titik iki !
      1. Bapak, lurah kula gugur gunung.
        (sing gugur gunung . . .)
      2. Bapak lurah, kula gugur gunung.
        (sing gugur gunung . . .)
      3. Bapak, lurah, kula, gugur gunung.
        (sing gugur gunung . . .)
      4. Bapak, lurah, kula, gugur gunung.
        (sing gugur Gunung . . .) [ 123 ]
        1. Omahe // kebrukan / wit ambruk.
          (sing ambruk . . . .)
        2. Omahe / kebrukan wit // ambruk.
          (sing ambruk . . . .)
        3. Bapak // kondur dina iki ?
          (wangsulane . . . .)
        4. Bapak // kondur / dina iki ?
          (wangsulane . . . .)
        5. Bapak / kondur // dina iki ?
          (wangsulane . . . .)


      II. KAWRUH BASA

      A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
      gugur gunung = pakaryan negara kang sarana nggerakake wong padesan tanpa opahan
      dioprak-oprak = digusah supaya enggal metu
      klithah-klithih = tansah mlaku wira-wiri sajak bingung semune nggegoleki
      sayuk rukun = padha rukun, padha sarujuk
      gotong-royong = tumandang gawe bebarengan
      B. Isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing ngisor sing mathuk !
      1. Para warga desa kerep nindakake . . . . ndandani dalan-dalan lan kalen-kalen kanggo kaperluane desa kono.
      2. Saben taun Kraton Surakarta lan Ngayogyakarta nganakake upacara sekatenan kanthi ngarak . . . digawa menyang mesjid gedhe.
      3. Ing kampungku ana wanita kang kagolong . . . , kerep gawe kecelike para priya kang lagi ketemben weruh.
      4. Wingi sore ibuku ditekani sawijining para nawakake ali-ali dhapur . . . kang regane rong yuta rupiyah.
      5. Sore wiwit tumapake wayah . . . ing mangsa ketiga iku mujudake sesawange kang endah banget.
      6. Bocah wadon kang mbok sir iku yen pesthine dadi jodhomu, keletana sagara lan . . . mesthi ya mesthi bisa ketemu. [ 124 ]
      7. Tanggaku kanglagi... iku gawe trenyuhing sanak sedulur lan tangga teparo. Lah ya pancen lagi apese. Bandhane dirampog uwong, kathik anake loro pisan kasengsaran marga tabrakan.
      8. Sri Bathara Kresna bisa malih buto kang gedhene sa ....

      kerubuhan gunung, gugur gunung, lunggang gunung, gunung sepikul, gunungan, srigunung, gunung sap pitu, gunung anakan


      C. Bebasan iki trapna ing ukara sangisore, pilihen endi sing mathuk !


      ketepang.ngrangsang gunung
      kejugrugan gunung menyan
      ngontragake gunung
      kemladheyan ngajak sempal
      satru mungging cangklakan
      kutuk marani-sunduk
      nguyahi segara

      pitik trondhol diumbar ing padaringan


      1. Kowe ana daleme pamanmu iku rak dunung mondhok. Yen kowe rigajani tumindak ora apik marang putrane pamanmu iki rak jebles karo unine bebasan ....
      2. Rewangmu iki pancen clemer wiwif biyen. Mula yen dadi rewangmu lan kerep kotinggal lunga jeneh .....
      3. Duwe anak wadon kang wis gedhe mono kena diarani ....
      4. Kesedmu ngudubilah, senenganmu nikmat-nikmatan nganti sandhanganmu bae thok-ji mbi-ji kok kepengin duwe Mercedes ki rak ya jeneng .... ta kuwi!
      5. Kowe bisa entuk warisan saka embokmu pangaji 500 yuta iku, kanggone ukuraning awakmu rak jeneng ....
      6. Ing Minggu wingi aku enak-enak maca-maca majalah. Kancaku ngajak lunga, aku gelem numpak Honda lali ora nggawa SIM, ana ndalan ditangkep pulisi. Dadine aku ....
      7. Wong sugih mblegedu ngono ko-punjung. Ngono kuwi rak .... ta !
      8. Olehe pinter badminton ki rak durung ana sesasi. Nanging yen kowe bisa ngalahake Icuk Sugiarto arak jeneng ....
      [ 125 ]D. Isenana tembung-tembung kang mbangetake tegese !
      1. Rep sidhem ... tan ana sabawane walang ngalisik.
      2. Saka kene isih adoh ....
      3. Prabu Puntadewa iku ratu kang sabar ....
      4. Cilaka ... aku ora kepethuk wong-wing.
      5. Banyune anyep ....
      6. Hawa ing pagunungan iku adhem ....
      7. Genthonge uwis kebak ....
      8. Omahe suwung ....
      9. Barange kabeh ilang ....
      10. Kojur... aku, ora kepethuk kancaku.
      11. Adhimu diciweli nganti biru ....
      12. Banyune kimplah-kimplah bening....
      13. ambok iya blaka .... bae.
      14. Rupane gandes ... merak ati.
      15. Ah panase... kaya ngene.
      16. Sumurku saiki asat ...
      17. Sanajan kowe kuwi sugih ... aja pamer.
      18. Aja padha cecongkrahan, becik padha sayuk ...
      19. Kitirane tansah 'mubeng' ...


      III. PARAMASASTRA

      RIMBAG GUNA : EN


      1. Panambang en kajaba mujudake rimbag agnya, (pakon) uga mujudake rimbag guna, yaiku nelakake kaanan kang ateges: tansah nandhang kaanan, kadunungan.

      Tuladha:

      Bokongku wudunen. [= nandhang wudun)

      Awakku gatelen. (= nandhang gatel)

      Kakangku wis jenggoten. (= kadunungan jenggot)


      1. Apa tegese panambang en ing ngisor iki ?

      Sikile kadhasen.

      Kancaku lelaranen.

      Tembakone wis jamuren.

      Adhike kreminen.

      Aku ketok-ketoken ibu.

      Jambu sauwit uleren kabeh. [ 126 ]Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/128 [ 127 ]B. Tulisen nganggo aksara Jawa !

      bandha - bandhane
      nangka - nangkane
      ganda - gandane
      tampa - tampane
      kombong - kombongipun
      prongkol - prongkolipun
      brondong - brondonge
      ganja - ganjane
      gembol - gembolen
      glondhong - glondhonge

      V. UNGGAH-UNGGUH

      Basa mudha krama ing pacelathon iki salinana nganggo basa ngoko andhap banjur tirokna ana ngarep klas!

      TETEMON ANA ING SETASIUN
      Mas Kartanadi : Lho Adhi, bade tindak dhateng pundi ?
      Raden Subyakta : Badhe dhateng Klathen, dipun timbali bapak.
      Mas Kartanadi : Kok sajakipun wonten prakawis ingkang wiga
      tos, tandhanipun ingkang rama mawi nimbali
      Adi.
      Raden Subyakta : Anu, kala wingi kula tampi serat saking Klathen,
      ngendikanipun bapak, Ibu ngajeng-ajeng sa
      nget, tiyang sampun watawis 4 taun punika kula
      boten nate tuwi. Wulan punika adhi-adhi kula
      ngleresi liburan, sami mantuk dhateng Klathen
      sadaya. Waleh-waleh punapa, sajatosipun sa
      mi badhe kangen-kangenan.
      Mas Kartanadi : O, makaten. Lah konduripun benjing punapa ?
      Raden Subyakta : Bok manawi minggu ngajeng, tiyang angkah
      kula ngiras badhe dhateng Pengging punapa,
      sowan embah.
      Mas Kartanadi : Ingkang rayl ingkang taksih sekolah pinten ?
      Raden Subyakta : Tiga, pun Sukirja, Sukarsa, kaliyan Soekemi.
      Namung Sukirja wulan punika sampun tamat
      sinaunipun. Malah criosipun badhe nyambut

      [ 128 ]

      damel .... Sampun kepareng, punika sepuripun sampun dhateng.
      Mas Kartanadi : Inggih mangga, ndherekaken sugeng.
      Raden Subyakta : Inggih, nuwun.

      VI. KASUSASTRAN
      A. Lelagon anyar iki wacanen alon-alon, banjur ayo padha dilagokake !

      MBANGUN DESA
      (PI Br)

      Ora smaya sesuk ra smaya mangko dhisik
      ayo wiwit yo mbangun desa.
      Mbangun desane rakyat mental budi pakerti
      kaprigelan myang tekad tatarakiting desa
      bebrayan kang guyub rukun.
      Kanthi rembug desa maju bareng gotong-royong
      golong gilig guyub gayeng grengseng
      manunggale kawula Gusti.

      B. Wangsulana !

      1. Sapa bae kang kondhang akeh rumpakane kang awujud dolanan gagrag anyar? Kandhakna apa bae rumpakane iku !
      2. Dolanan-dolanan gagrag anyar ing ngisor iki tumpakane sapa ?

       - Gugur Gunung
       - Lumbung Desa
       - Lesung Jumengglung
       - Ngundha Layangan
       - TahuTempe

      1. Ngaranana jenenge dolanan kang kagolong gagrag lawas (tradisional) 5 bae!
      2. Tembang Macapat iku ana warna pira ? kandakna !
      3. Kang kalebu ewone tembang Tengahan iku apa bae?
      4. Buku kang critane nganggo lembang Tengahan iku arane apa lan wenehana tuladhane !
      5. Ngaranana jenenge tembang Gedhe telu bae ! [ 129 ]
        WULANGAN 12


      I. W A C A N

      A. Wacanen sajroning batin !

      PALANG MERAH INDONESIA

      Prasasat ing saben kutha Kabupaten ana organisasi utawa kantor Palang Merah Indonesia, kang lumrahe dicekak PMI. Satemene organisasi sosial kayadene PMl iki wis lawas banget madeg ing Indonesia. Yaiku wiwit jaman penjajahan Walanda biyen. Kang ada-ada ngedegake PMl ing Indonesia yakuwi dokter RCL Senduk lan dokter Bahder Johan. Rikala semana taun 1930 lan Indonesia durung mardika. Ewasemono gegayuhane dokter sakloron iki antuk pangalembana lan panyengkuyung saka para winasis.

      Eman banget, ana ing sajroning Konperensi Palang Merah Hindia Belanda taun 1940, gegayuhan ngedegake organisasi Palang Merah iki ora diakoni, awit Indonesia durung mardhika. Engga mbledhose Perang Donya kapindho, gegayuhan iki isih durung kaleksanan. Lire apa kang dibudidaya dening dokter RDL Senduk lan dokter Bahder Johani iya mung awujud gagasan mangkono bae, durung nduweni kegiyatan kang nyata.

      Dene sawise Proklamasi Kamardikan 17 Agustus 1945 dibiwarakake Presiden Sukarno wis ndhawuhake lumantar layang kekancingan tanggal 3 September 1945 supaya enggal-enggal dibentuk Perhimpunan Palang Merah Nasional. Ya wiwit dina iku Perhimpunan Palang Merah Nasional sengkud makarya, lan akire ing tanggal 5 September 1945 dokter Buntaran Martoatmojo kang rikala semana ngasta Menteri Kesehatan ngimpun para winasis lan mranata uba-rampene organisasi kang bakal lair. Rampunge karya tangal 17 September 1945 organisasi kasbutkasil diresmekake lan penguruse diwisudha dening Wakil Presiden Drs. Mohammad Hatta.

      Mula saka kuwi engga saprene tanggal 17 September tetep kita pengeti minangka dina laire Palang Merah Indonesia (PMI) ing bumi Indonesia kene. Malah ing tanggal 15 Juni 1950 Palang Merah Indonesia wis diakoni dening Palang MerahInternasional,

      129
      [ 130 ]

      kanthi pikukuh layang saka Palang Merah Internasional nomer 392, lan Palang Merah Indonesia kacathet minangka anggota kang kaping 68. Madege PMl iki tansaya kuwat lan ngrembaka awit dening pamarentah Rl uga wis disahake rikala tanggal 16 Januari 1950. Ing kono ditetepake manawa PMI mujudake siji-sijine organisasi Palang Merah ing Indonesia. Lan nitik kaanan kang tansaya ngrembaka, saprene cabang-cabang PMI wis sumebar warata ing saindenging bumi Indonesia. Kacihna ing meh saben kutha kabupaten apadene kotamadya bisa diprangguli anane kantor-kantor PMI.


      Lelabuhane PMI

      Sawatara wektu sawise mandireng dadi organisasi sosial, PMI antuk tugas abot kang ndarbeni sifat internasional. Tugas-tugas kasbut yaiku :

      1. PMI duwe kuwajiban masrahake wong-wong Walanda cacah 35.000 marang Sekutu, kamangka papane pating slebari ing saindenge Indonesia.
      2. Mbalekake wong-wong Cina menyang dhaerah pendudukan Walanda.
      3. Mbalekake para romusha menyang desane dhewe-dhewe.

      Wondene bab-bab liya kang kudu digarap dening PMI pancen ora entheng lan ora sethithik. Prastawa-prastawa alam iya kang abot apadene kang entheng, dadi kuwajibane PMI kang kudu diprantasi. Kejaba saka iku pakaryan-pakaryan sosial, iya kang arupa bantuwan pangan, sandhang apa dene bantuwan liyane, PMI kudu saguh dadi penyalur kang nekakake kiriman marang kang wajib nampa.

      Ana maneh sumbangan ing babagan kasarasan yakuwi kang asring sinebut PPPK, ngumpulake para donor getih lan nindakake transfusi getih. Mula saka kuwi senajan katone sepele, nanging miturut kanyatane pakaryan kang kudu diayahi PMI satemene cukup abot. Apa maneh manawa pinuju akeh prastawa alam kayadene banjir bandhang, lindhu, pakampungan kang katrajang lesus saengga nuwuhake kurban atusan cacahe, kabeh mau PMI kang kudu cancut.


      130 [ 131 ]

      Mula marang sadhengah warga, sapa bae iya kang sugih apadene kang kesrakat, manawa ana kang nandhang lara lan mbutuhake getih, utawa rumangsa sumadya getih marang sapadha-padha ora ana bebadan liya kang kudu nandangi, kejaba PMI.


      B. Wangsulana pitakon-pitakon iki !

      1. Kapan wiwit anane PMl iku ada-adane sapa ?
      2. Apa sababe Konperensi Palang Merah Hindia Belanda taun 1940 ora ngakoni marang ngadege PMI ?
      3. Apasababe saben tanggal 17 Septemberana pengetan dina laire Palang Merah Indonesia (PMl) ?
      4. Wiwit dhek kapan PMI diakoni dening Palang Merah Internasional ?
      5. Apabuktine manawa organisasi PMI wis sumebar warata ing lumating bumi Indonesia ?
      6. PMI ngemban ayahan kang asipat internasional yaiku apa bae?
      7. Apa lelabuhane PMI tumrap bangsa Indonesia ?
      8. Naah PMI e dicekak dadi PPPK iku satemene apa ?


      II. KAWRUH BASA

      A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

        organisasi sosial = organisasi kemasarakatan
        konperensi = rapat kang asipat musawarah/mbat- batan ngenani sawijining bab
        perang donya = perang sarana kekuatan gegaman kang ngembetake saperangan gedhe negara-negara ing donya iki
        dibiwarakake = diumumake, disiyarake
        para winasis = para wong pinter
        uba rampe = apa-apa sing klebu prabot
        diwisudha = diunggahake pangkate, sinengkakake ing ngaluhuran
        layang pikukuh = layang kakancingan (beslit)
        bisa diprangguli = bisa dipethuk
        mandireng = madeg dhewe
        ndarbeni = nduweni
      131
      [ 132 ]
      donor getih = derma getih
      transfusi getih = pemindhahan getih

      B. Tembung-tembung kang kaecap miring iki gantinen nganggo tembung kang cumawis ing ngisor sing mathuk !

      1. Yen kowe tinitah dadi wong sing kecukupan aja lali aweh pasumbang marang wong kang lagi ketaman reribed.
      2. Sapa sing ora kami welasen krungu sambate wong lelungan ana paran sing keluwen marga sangune entek dicopet uwong.
      3. Perlu banget para putra tansah digladhi amrih nduweni rasa mesakake marang bocah yatim.
      4. Dak rewangi nyambut gawe rekasa ngene iki beteke supaya aku bisa netepi kuwajibaning wong tuwa marang anak.
      5. Ana pasrawungan iku sabisa-bisa tansah nindakna ulah kautaman ana ngendi bae, perlune bisa njunjung drajate wong tuwa.
      6. Kabeh sing jejere dadi wong tuwa iku mesthi tansah nggulawenthah marang anak supaya dhemen tetulung, ngedohi watak siya lan patrap umuk-umukan.
      7. Prabu Judhisthira iku kondhange sawijining ratu awatak welasan.
      welas, tetulung, trenyuh atinė, darma, darmalaksa

      na, ambek darma, sesongaran, ambeksiya, ambeg

      paramarta

      C. Apa kosok baline tembung-tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki ?

      1. Kowe ora tau ngugemi rembugmu.
      2. Bocah iku atine srei banget.
      3. Anggone mantu gedhen temenan.
      4. Uripmu iku ngebreh.
      5. Aja seneng nyidrani janji.
      6. Aja sok congkrah karo tangga teparo!
      7. Bocah iku wiwit cilik kok lelaranen bae.
      8. Aja sok nglirwakake marang kuwajibanmu!
      9. Sembrana temenan kowe kuwi.
      10. Ali iku yen nyambut gawe klelar-kleler. [ 133 ]
        1. Polatan sing apik iku sing luruh.
        2. Mbok ija sing tatag atimu
        3. Tembungmu aja srogol ngono


        D. Unen-unen ing ngisor iki terangna tegese lan pawanen ukara !

          — angon kosok
          — tanpa tedheng aling-aling
          — mbuwang tilas
          — ora ndalan
          — ngemut driji
          — padhang jagade
          — rupak jagade
          — entek jarake
          — anjujul wuwul
          — ngenaki ati
          — nggadho ati
          — atine ana wulune
          — kraket ing galar
          — mrojol selaning garu
          — nggayuh-nggayuh luput
          — emban cindhe-emban siladan
          — digarokake-dilukokake
          — Baladewa ilang gapite
          — dudu berase ditempurake
          — dadia suket suthik nyenggut


        III. PARAMASASTRA

        RIMBAG RANGKEP

        A. Gatekna!
        (1). Aja padha udan-udan !

          Udan-udan linggane udan diucapake kaping loro (= dwi) mula diarani tembung dwilingga.

        (2). Aku arep golek papadhang

          Papadhang linggane padhang, wandane kang ngarep (= purwa) diucapake kaping loro (= dwi), mula diarani tembung dwipurwa.

        (3). Aja paling cengenges ngono kuwi !

        133
        [ 134 ]

          — Cengenges iku inggane cenges, wandane sing buri (= wasana) diucapake kaping loro (= dwi), mula diarani tembung dwiwasana.

        B. Golekana endi sing klebu golongan tembung dwilingga, dwipurwa, lan dwiwasana !

        pepeteng
        omah-omah
        jedhidhik
        sesulih
        kekejer
        cekikik
        anak-anakan

        lelara/lalara
        cengingis
        abang-abang
        tetulung/tutulung
        pepeling/papeling
        gegujengan
        sesilih/sisilih

        DWILINGGA

        A. Wujude tembung kang dhapur dwilingga
        1. Dhapur dwilingga iku warna-warna wujude, yaiku :
         a. Dwilingga wantah

          Yaiku dwilingga kang dumadine mung sarana karangkih tembunge bae, tanpa owah-owahan.

          bocah-bocah
          mangan-mangan

          mbalang-mbalang
          weruh-weruh

        b. Dwilingga salin swara

          Yaiku dwilingga kang dumadine sarana ngowahi :
          (1). Swaraning tembunge kang ngarep.
          sapa → sopa-sapa
          sendhen → sendhan-sendhen
          bali → bola-bali
          (2). Swaraning tembunge kang buri :
          pindhah → pundhah-pindheh
          kembang → kembang-kembeng
          slendhang → slendhang-slendheng
          (3). Swaraning tembunge loro pisan :
          madhang → modhang-medhen
          gampang → gompang-gèmpeng
          abang → obang-ebeng

        2. Caboran-tunggal yen digawe dwilingga, karangkep kabeh :

          semar mendem → semar mendem-semar mendem
          parang rusak → parang rusak-parang rusak
          kala menjing → kala menjeng-kala menjeng

        3. Camboran wudhar yen digawe dwilingga, kang karangkep tembunge kang

        ngarep [ 135 ]
          pager wesi → pager-pager wesi
          omah sewan → omah-omah sewan
          gudhang kopi → gudhang-gudhang kopi

        4. Tembung andhahan kang luwih saka rong wanda yen karangkep mung dicekak :

          tineter → tineter-teter
          saolehe → saoleh-olehe
          tumimbal → tumimbal-timbal

        5. Tembung kang karaketan ater-ater sa, pa, pi, pra, ka (kang nelakake tembung aran) yen didwilinggakake karangkep kabeh (manawa tanpa panambang) :

          sapele → sapele-sapele
          pituduh → pituduh-pituduh
          prakara → prakara-prakara
          panemu → panemu-panemu
          kakasih → kakasih-kakasih

        6. Tembung lingga kang oleh ater-ater anuswara didwilinggakake :

          a. manawa oraluluh, tembunge kang buri tanpa ater- ater : njupuk → njupuk-jupuk
          nggambar → nggambar-gambar
          mbalang → mbalang-balang
          b. manawa luluh, tembunge kang mburi uga diluluhake
          mangan → mangan-mangan
          nulis → nulis-nulis
          ngukur → ngukur-ngukur

        B. Tegese rimbag dwilingga a. kang kagolong tembung aran, tegese warna-warna :

          Kabupaten-kabupaten wis padha ana PMI-ne (= saben kabupaten)
          Murid-murid wis padha sinau (= kabeh murid)
          — Aku kok kepengin ngemil, golekna nyamikan kacang-kacang kana to. (= upamane/kaya ta kacang).
          — Aja sok wani nerak angger-angger (= sing minangka dadi angger)
          — Aja seneng njajan saenggon-enggon (= sadhengah enggon).
          — Kancaku saklas encik-encik (= sing akeh encik).

        b. Kang kagolong tembung kriya, tegese warna-warna :

          — Liburan kok mung tura-turu bae, bok ya maca-maca (= tansah turu).(= kaya ta maca) — Yen durung tekan panggonane aja mandheg-mandheg (= kongsi mandheg).
        [ 136 ]- Yen gelem tumandang ya aja sagelem-gelem (= waton sagelem)

        - Uruna to sabisa-bisamu (= sapira bisamu).

        c. Kang kagolong tembung kaanan, tegese warna-warna :
        - Sadurunge kowe njedhul atiku melang-melang (= tansah melang).
        - Yen kowe tlaten neniteni suwe-suwe bisa dadi pinten (= sangsaya suwe).
        - Bocah iki gedhe-gedhe kok dadi nakal (= bareng gedhe).
        - Ayo banter-banteran numpak sepedha (= adu banter).
        - Gulane ya mung kari kuwi, mula anggonmu ngolak ya salegi-legine (= apa anane legi).
        - Sathithik-sathithik isih ana sing diarep-arep (= sanajan sethithik).

        DWIPURWA

        A. Gatekna!

        1. Rimbag dwipurwa iku wanda kawitane kudu katulis nganggo e (pepet)
        lara → lalara → lelara
        tuku → tutuku → tetuku
        pitu → pipitu → pepitu
        wèwèh → wèwèweh → wèwèweh
        donga → dodonga → dedonga
        njupuk → njupuk → njejupuk
        griya → gigriya → gegriya
        gramang → gagramang → gegramang

        2. Kang ora kena diwipurwakake:
        a. Tembung kang luwih saka rong wanada, kaya ta:
        prasaja, pitutur, tembako
        b. Tembung kang apurwa akasara swara (a, i, u, e, é, o)
        amek, idin, udan, eman, obah

        B. Tegese rimbag dwipurwa
        - Kekudhung godhong gedhang (= nganggo kudhung)
        - Sapa tetuwane kamping iki? (= sing dianggep tuwa)
        - Bakul bumbon iku menyang pasar kekulak (= ngayah apa sing di kulak)
        - Aja padha ngalalekake leluhur (= kabeh sing kagolong luhur) - Dokter nglarangi mangan pepedhes (= kabeh kang pedhes) - Tetiyang dhusun sami tetane (= umume tiyang) (= nindakake pakaryan tani)

        DWIWASANA

        A. Gatekna !

        Rimbag dwiwasana iku dumadine saka tembung ngrong wanda kang karangkep wandane wekasan kaucapake kaping pindhi, wandane kapisan aswara e (pepet). [ 137 ]— Yen wandane wekasan sigeg, sesigege dibuwang dhisik:
        cenges → ce-nges-nges → cengenges
        celuk → ce-luk-luk → celuluk
        jegik → je-gik-gik → jegigik

        — Yen wandane kang kapindho nganggo sandhangan cakra utawa keret, yen diseselake cakra lan kerete ilang, kaya ta:
        jegreg → je-greg-greg → jegegreg
        cekruk → ce-kruk-kruk → cekukruk


        B. Tegese rimbang dwiwasana
        Sapa sing celuluk kuwi mau ?(=ambal-ambalan nglairake celuk).
        Apa padha pating cengenges (=tansah nindakake cenges)

        LATIHAN
        1. Tembung-tembung iki dadekna rimbag dwilingga wantah lan dwilingga salin swara, banjur gawenen ukara !

        - Kandha
        - muni
        - wegah

        - njambak
        - ndudud
        - mangan

        - ngajak
        - alon
        - beling

        1. Tembung-tembung iki dadekna rimbag dwipurwa lan gawenen ukara !

        - mbuwang
        - suguhan
        - dagangan

        - nyandhang
        - njaluk
        - mangan

        1. Dadekna rimbag dwiwasana lan gawenen ukara !

        - dengek
        - ceklik
        - cengis

        - cekak
        - bedhug

        1. Apa tegese rimbag dwilingga ing ngisor iki?

        - Aja njowal-njawil adhimu, ta !
        - Wit pelemku uwohe gedhe-gedhe.
        - Kanca-kancaku mengko pdha dolan mrene.
        - Prei ana ngomah bok ya nyapu-nyapu rak ya bisa ta kowe ?
        - Kancamu siji kuwa mrena-mrena kuwi ana perlu apa ta ?
        - Coba kowe nyuwara sauni-unimu !
        [ 138 ]IV. N U L I S

        Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener !

        Paragrap kapisan wacan ing dhuwur iku.

        V. UKARA SAMBAWA

        A. Gatekna !

          — Ukara sambawa iku ukara kang nduweni teges : upama, pangarep-arep (pamuji), pangajab (muga-muga), mokal ing bab kalakone prastawa.
          — Lumrahe migunakake tembung kriya kang karaketan panambang : a, ana utawa na.

        Tuladhane :

        1. 1). Udana aku ora bisa teka. (tegese : upama udan)
          2). Kondura saiki mana bapak. (tegese : ngarep-arep kondure).
          3). Udana kae aku sida mangkat. (tegese : sanajan udan).
          4). Udana mana karben ijo tandurku. (tegese: muga-muga udan).
          5). Kowe maneh bisaa, aku bae ora bisa. (tegese : mokal kowe bisa).
        2. 1). Dak-bubutana suketewis mati saiki. (tegese: upama dak bubuti).
          2). Disrengenana mana Sardi, kareben kapok. (tegese : ngarep-arep disrengeni).
          3). Dituturana kae Narta ora gelem nggugu. (tegese : sanajan dituturi).
          4). Diudanana mana sandi karben enggal lemu. (tegese : muga-muga diudani).
          5). Aku maneh dikandhanana, ibune bae ora dikandhani. (tegese : mokal dikandhani).
        3. 1). Ditambakna wis mari, larane. (tegese : upama ditambakake).
          2). Diunggahna saiki mana pangkatku. (tegese : ngarep-arep diunggahake).
          3). Ko-tukokake sandhangan kae aku emoh melu kowe. (tegese : sanajan ditukokake).


        138 [ 139 ]
        4). Dielingna Pangeran mana Sidi kae saka tindake kang ora bener. (tegese : muga-muga dielingake).
        5). Kowe maneh dijalukna dhuwit, aku bae ora. (tegese : mokal dijalukake).


        B. Latihan

        Gawea ukara kang nelakake upama, pangare-arep, pangajab, mokal kelakone kang adhapur kaya ing tuladha a, b, c ing dhuwur iku niji bae !


        VI. KASUSASTRAN

        A. Pethikan candraning alam ing ngisor iki wacanen batin lan rasakna, banjur wacanen kang sora kanthi lagu/pocapan kang cocog karo isine !


        REMBULAN ANDHADHARI

        Ing tancebing langit ing sisih wetan katingal cahya amancorong, anyoroti sawarnaning mega lelapisan, saweneh wonten ingkang abrit mereh-mereh, wonten ingkang jene sepuh kados mas sinangling, wonten ingkang kapuranta, saha wonten ingkang pethak memplak, kados-kados minangka sumber asaling sorotwau sadaya, jer sakiwa tengenipun katingal cetha ngegla, tandha bilih pancen punika wau saestu ingkang nyata suka papadhang, suka lejar ing manah dhateng sok sintena ingkang purun ngraosaken dhateng endah edining bawana.

        Punapa ta ingkang njalari wontenipun cahya endah edi marakata makaten punika. Boten sanes inggih punika badhe jumedhulipun sang sitaresmi, jumedhul angleresi wulan purnama. Saya sakedhik saya dangu pasuryanipun sang hyang Badra saya katingal ngalela wetah cetha wela-wela andedel mumbul, sakedhap-sakedhap kasaput ing mega sawalawis, katingal surem-surem adamel lam-laming mana. Sareng mega ingkang nutupi wau kabuncang ing samirana aris, sang hyang Wulan katingal sumeblak mancorong mandhangi jagad raya, anggelar praba, cahyanipun mancur sumirat, kados-kados ang-

        139
        [ 140 ]
        gentosi kalenggahanipun sang hyang Praptanggapati ingkang nembe kemawon jengkar sumilem ing dhasar ing bumi ing imbang pracima.

        (Cariyos kekesahan saking tanah Jawi dhateng
        nagari Walandi
        , dening R.M.A Suryosuparta).


        B. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana !

        1. Bab apa bae kang dicritakake ing anggitan iku ?
        2. Ing sisih wetan ana apa ? Ing wayah apa iku ?
        3. Molah-malihing mega iku marga apa? Megane katon pirang warna? Aranana !
        4. Apa sababe dene rembulan iku sok katon ngegla, lan sok katon surem-surem ?
        5. Yen wong gelem ngrasakake rembulan banjur kapriye ?
        6. Rembulan ing kene dikandhakake nggentosi kalenggahan". Kalenggahane sapa? Apa sababe dicandra mangkono ?


        C. Goleka tuladha gancaran lija kang isine candraning alam cacahe siji bae, banjur wacanen ana ngarep klas!



        ◇◇◇
        [ Kapustakan ]
        KAPUSTAKAN

        Dalil Prawirodihardjo, Paribasan, Spring, Yogyakarta.
        Hadisoebroto, T. Paramasastra Jawi, Widya Duta, Surakarta, 1974.
        ___________,Sarwa-Sarwi, Widya Duta, Surakarta 1974.
        Poerwadarminta, W.J.S., Baoesastra Djawa, J.B. Wolters, Vitgevers. Maattschappy
        NV Groningen Batavia, 1939.
        ___________,Sarining Paramasastra Djawa, Noordhoff Kolff N.V. Jakarka, 1953.
        Prawiro Atmodjo, S, Bausastra Jawa, Yayasan "Djojo Bojo", Surabaya, 1987.
        Porbatjaraka, M. Ng. Prof. Dr., Kepustakaan Djawa, Djambangan, Jakarta 1952.
        Probohardjono R.S., Pakem Wayang Purwa, RATNA, Solo, 1960.
        Padmosoekatjo, S., Ngengrengan Kasusastran Djawa I, II, Hien Hoo Sing, Yogyakarta,
        1958.
        Prawirodihardjo, S., Burat Sari, Harapan Masa, Jakarta, 1957.
        ___________, Burat Sari I, Citra Jaya, Surabaya 1980.
        Kementerian "Pengajaran, Pendidikan dan Kebudayaan, Karti Basa Jakarta, 1946.
        Kats, J., Serat Warna Sari Djawi, Boekhandel Visser & Co, Weltevreden, 1922.
        ___________,Punika Pethikan Saking Serat Jawi Tanpa Sekar, Visser & Co, Weltevre-
        den, 1928.
        ___________,Serat Bab Dapoekanipoen Basa Djawi, Boekhandel en Drukkery Visser &
        Co, Batavia. C, 1935.
        Ras, J.J., Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, Grafiti Pers, Jakarta, 1985.
        Samsirmiardja, Mas., Layang Neka, Tjatoer Djawa, Drukkery Ruygrok & Co., Batavia,
        1917.
        Soelardi, R.B., Serat Rijanto, Balai Pustaka, Weltevreden, 1920.
        Soetarno - Soebroto, Sari Jawi I, II, III, Widya Duta, Surakarta, 1981.
        Soetarno, Bisa Jawa II, III, IV, V, VI, Widya Duta, Surakarta, 1981