[ Cover ]Mardi Jawi 3 (page 1 crop) [ Title ]Mardi Jawi 3 (page 3 crop) [  ]
Cap-capan ka-2
[ Purwaka ]
PURWAKA

  Nuwun kangge mbantu nyekapi kabetahan mucalaken Basa Jawi ing SMP kula ndhapuk buku MARDI JAWI ingkang adhedhasar KURIKULUM SMP, Garis-garis Besar Program Pengajaran Bahasa Daerah ingkang kadhapuk dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta Agustus 1987.

  Esthining manah, mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados cepenganipun para siswa ing SMP anggenipun sami gumregut anampi piwucaling gurunipun ing babagan basa Jawi pusaka saking leluhur kita ingkang kedah dipun emi-emi turun-temurun.

  Minangka pamecuting pasinaonipun para siswa, pandhapukipun buku punika ing pangarah migunakaken cara “pendekatan CBSA” kanthi prasaja, antawisipun arupi :

- katerangan-katerangan ingkang gampil katampi,

- tugas-tugas klompok piyambakan ing griya,

- srasehan klompok,

- latihan-latihan.

  Mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados ancer-ancer tumrapipun kanca-kanca guru ing SMP anggenipun sami nenuntun lan nenangi para siswanipun amrih saged ngginakaken Basa Jawi kanthi : teteh, titis, leres, tuwin sageda maos lan nyerat mawi aksara Latin/Jawi ingkang leres.

  Buku MARDI JAWI punika dumados saking 3 jilid, inggih punika :

- Jilid 1 kangge siswa kelas I

- Jilid 2 kangge siswa kelas II

- Jilid 3 kangge siswa kelas III

  Wasana minangka panutuping atur, mugi-mugi wontena paring panjenengan pitedah saha panyaruwe ingkang tumuju dhateng sampurnaning buku MARDI JAWI punika.

Surakarta, April 1989

aturipun

Pandhapuk

[ Atur ]
ATUR UNINGA ING BABARAN KAPING KALIH

  Nuwun, ngaturi uninga bilih kangge nyampurnakaken buku MARDI JAWI ingkang tetela taksih wonten kalepatan-kalepatan langkung-langkung ing babagan panyeratipun, pramila ing babaran ingkang kaping kalih punika sampun kaleresaken.

  Pandhapuk ngaturaken agenging panuwun dhumateng para sarjana/sujana ingkang sampun kapareng paring panyaruwe.

Surakarta, Pebruari 1990
aturipun
Pandhapuk
[ ToC ]
ISI BUKU
WAOSAN Kaca
1. Wana 7
2. Budhalan Wdyabala Pandhawa 22
3. Ngingu Tawon 35
4. Atur Pambagya Syukuran Lulus Sarjana 48
5. Persami 59
6. Wangsalan 66
7. Pemilu 76
8. Catur Warga 97
9. Palagan Ambarawa 109
10. Tedha Ingkang Mupangati 122
Kapustakan 135
[ 7 ]
WULANGAN 1

I. WACAN

A. Wacanen batin sing premati !

WANA

 Bumi Pertiwi ingkang sampun kondhang kaonang-onang wonten ing saindhenging jagad minangka bumi ingkang subur makmur loh jinawi punika pancen sanes pamuji lan pambiji ingkang lalawaran. Ananging sayektos wiwit kuna-makunanipun, nagari Indonesia punika anggadhahi kaunggulan ingkang boten kadarbeni dening nagari sanes.

 Kaunggulan-kaunggulan sarta kaelokan kalawau arupi kathahing jinis-jinis tetaneman ingkang tuwuh wonten ing bumi. Punika saged kabuktekaken manawi kita saged kanthi taliti analasak wana-wasa ing saindhenging nagari kita.

 Pramila boten maiben manawi ing satunggaling panggenan wonten jinising wana ingkang boten saged pinanggih wonten ing panggenan sanesipun. Upaminipun ing laladan Kalimantan Tengah sarta Kalimantan Wetan, kathah wana greng ingkang arupi wana penjalin, kajeng besi lan sanes-sanesipun. Ing laladan redi Lawu sarta laladan Malang sakanan-keringipun kathah pinanggih wana cemara pinus, ugi ing laladan Rembang, Blora, Tuban lan Bojonegoro kathah wana jati. Lan boten kesupen ing laladan Parahyangan saged pinanggih wana rasamala.

 Punika sadaya kalawau minangka tandha bukti bilih sayektosipun nagari kita punika pikantuk nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos arupi laladan ingkang gemah-ripah. Wana-wana bebanjengan lan saged tuwuh ngrembaka ing laladan pulo-pulo Jawi, Sumatra, Kalimantan, Sulawesi lan Irian.

 Mligi ing laladan Irian, wana-wana kalawau taksih awujud wana greng ingkang tuhu anggegirisi kawontenanipun. Kejawi kekajengan ageng lan inggil tuwuh kanthi mardhika, ing salebeting wana wau kathah gegremetan sabangsaning sawer, baya, lintah lan sanes-sanesipun ingkang mbebayani tumrap kawilujengan. [ 8 ] Namung ing tanah Jawi kemawon wana-wana kalawau ingkang sampun tinata dening pamarentah, saengga kathah para punggawa ingkang tinanggenah njagi kawilujenganing wana, wantun mlebet lan blusukan wonten ing salebetipun. Ewasemanten kala-kala inggih taksih saged pinanggih sabangsaning sato galak sawatawis, kadosta sima, sawer, andhapan. Malah wana-wana ing laladan Sumatra taksih dipun angge jejigaran gajah, warak, lan sabangsanipun kethek ingkang galak.

 Ngrembag prakawis mumpangatipun wana makaten, sayektos ngandhar-andhar manawi dipun beberaken ing sadayanipun. Tumrap lestari sarta mekaripun lingkungan, wana makaten ageng sanget gina-paedahipun. Jer wontenipun humus ingkang mahanani suburing siti sayektos gumantung dhumateng sae lan mbotenipun wana. Pramila boten lepat manawi kathah para sarjana ingkang elik-elik menggah wigatosing njagi lan ngipuk-ipuk amrih wana makaten saged katindakaken dening manungsa piyambak. Jer manawi tuwuh banjir bandhang tuwin erosi ingkang nandhang kapitunan inggih manungsa.

 Ing bab punika dereng ngrembag prakawis pagesanganipun sato-wana sabangsanipun gajah, sima, lan sanes-sanesipun ingkang kaancam musna. Awit dereng dangu punika kathah pawarta-pawarta ingkang nelakaken, bilih pakampungan transmigran kaamuk dening gajah, utawi kathah sima ingkang mlebet kampung ngganggu-damel rajakaya. Prastawa makaten yektosipun awit si sato sampun rumaos cupet jagadipun, saengga purun boten urun kedah ngrabaseng padhusunan.

 Minangka panutuping atur, sumangga sapunika gumantung dhumateng kasagahanipun manungsa piyambak. Punapa taksih wonten greged kangge njagi lestarining lingkungan ? Manawi taksih sumadiya, sumangga kita wiwiti.


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

  1. Geneya alas-alas kang ana bumi Indonesia iki beda-beda jinising tanduran ?
  2. Wenehana tuladhane manawa ing saben alas kang ana Indonesia beda-beda tandurane !
  3. Kepriye kaanane alas ing laladan Irian lan kepriye kaanane alas ing tanah Jawa ? [ 9 ]
    1. Kanggone manungsa alas iki gedhe banget mumpangate. Coba terangna kanthi gamblang!
    2. Ngelingi mumpangate alas tumraping manungsa iku apa kuwajiban kita?
    3. Apa sababe sato-kewan ing alas iku sok nlasak menyang ing padesan?

C. Lagu/pocapan

ukara-ukara iki ucapna nganggo lagu kang luwes !

  1. Ing wana kathah sato kewanipun, kados ta : sima, liman, bantheng, sangsam, babi, celeng, kethek, lan sanes-sanesipun.
  2. Sinten kemawon ingkang njarag ngrisak wana, kedah dipun cegah. Awit badhe adamel kapitunan tumraping masarakat ing sakiwa tengenipun.
  3. Pareden ingkang gundhul boten saged nyandhet toya jawah, njalari wontenipun banjir bandhang. Awit saking punika, kedah dipun wonteni "gerakan penghijauan”.
  4. Bapak guru nate ngendikan, ”Sing wajib njaga lestarine alas iku iya masarakat.”
  5. Sinten saged ndongeng edipenining sesawangan ing pareden ?
  6. Punapa Ali kelu dhateng kadonyan ingkang nggered dhateng bebeka ?
  7. Gegayuhan ingkang tumuju dhateng kesaenan punika gegayuhan utami, rak inggih ta, Dhimas ?
  8. Punapa wonten gegayuhan ingkang tumuju dhateng kanisthan?

II. KAWRUH BASA

A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara!
pertiwi = lemah, bumi
kondhang kaonang-onang = kondhang banget
loh/lwah = kali akeh banyune sarta subur
[ 10 ]
iwak loh = iwak kali
loh jinawi = subur banget
lalawaran = wantahan
wana wasa = alas gedhe rungkud
wana greng = alas gedhe banget
nugraha = ganjaran, peparing
gemah ripah = reja sarta akeh wonge
babanjengan = katon lelarikan sarta gegandhengan dawa
ngandhar-andhar = nglantrah, rowa banget.
ngipuk-ipuk = nglumpukake, ngunthuk-unthuk
ngrabaseng/"
ngrabasa ing = ngrusak marang


B. Isenana nganggo kosok baline tembung-tembung kang kandel pangecape iku !

  1. Wit-wit jati ing alas iku manawa mangsa rendheng padha
    ngrembuyung, manawa mangsa . . . padha. . . .
  2. Aku nandur wit pelem loro lemu-lemu, sing sijine wohe
    mbiyet nanging sijine . . . .
  3. Narta iki wayahe jam 12.00 adhimu kancanana dolan nanging aja pepanas, jaken​​​​​ ... ana ngisor wit.
  4. Lungguhan awan-awan ana ngemperan krasa prampang,
    nanging ana kebon kang akeh wit-witane krasa . . . .
  5. Wit-witan iku ing mangsa ketiga ngerak akeh kang layu, nanging bareng kena udan sepisan bae wis bisa katon . . . maneh.
  6. Ngrusak alas iku sawijining panggawe kang banget mitunani kanggone bebrayan, nanging manawa njaga lestarining alas iku ateges panggawe kang . . . banget.
  7. Alas kang isine tetuwuhan mung sawerna (jati, karet, utawa pinus) iku kagolong alas yasan, nanging alas-alas kang wit-witane warna-warna kang ora katandur ing manungsa iku diarani . . . .
  8. Alas-alas kang gundhul iki bisa marakake anane banjir bandhang, nanging alas kang dijaga amrih lestarine iku bisa mujudake .... kang ora katon lan bisa ngeculake banyu sithik-sithik kanggo oncoran sawah.
[ 11 ]C. Tembung-tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki golekana dasanamane (sinonime)!
  1. Mongkog atiku manawa nagaraku sugih apa-apa.
  2. Indonesia nyadhongi Philipina lan Thailand ing babagan lenga bumi.
  3. Cadhongku kanggo awan iki durung dak-jupuk.
  4. Srawungan mardika antarane kenya lan priya.
  5. Sesrawungan ana masarakat kudu bisa mapanake awake dhewe.
  6. Pasrawungan kenya lan priya ora dikungkung, nanging kudu dikendhaleni sarana anggering kasusilan Wetanan.
  7. Kang dikandhakake moderen durung mesthi becik lan onjo.
  8. Malah akeh kang nyulayani tumraping ngadat Wetanan.
  9. Akeh kang diecap kolot dening saweneh panemu, nanging lugune isih mumpangati tumrap kita.
  10. Bocah iku isih lugu.

D. Gatekna!

Njuk piye terusna?

Basa kaya ing dhuwur iku basa caturan, dadi beda karo basa ing tulis. Basa caturan iku ora nganggo wewaton, kecaping tembung-temgunge iya beda karo ing basa tulis, dadi kalebu basa sing ora alus.

Njuk piye teruse, ing basa tulis = Banjur kapriye teruse?

Basa caturan ing ngisor iki gantinen basa tulis!

  1. Aku ra ruh, neng ngendi lehmu ndokok.
  2. Mbok gawa ta mau.
  3. Ning ora ngono.
  4. Dhinga nyilih bukumu sapa ?
  5. Aku mbalah ora ngerti.
  6. Dhana apa dhene, sakarepmu.
  7. Aku dhikin (dhisin), kowe aja kesusu!
  8. Sing ndhimik tekane sapa?
  9. Ya bek ngono.
  10. Nek ngono aku ora dhene (mbrene).
  11. Emoh aku nyang nggonmu, ndhak disrengeni bapakmu.
  12. Engko dudu kowe dhing marani barang iki.

11

[ 12 ]13. Njur priye, kowe apa sida lunga ?

14. Suk mben bae aku rene.

15. Aku emoh midhun, enek kene we.

16. Aku ra de dhit, aja njuk aku.

17. Gilo bukumu, dhing mbok takokke.

18. Suk kapan kowe nyang ngomahku ?

19. Eneng ngendi adhimu.

20. Pak dhe jeng teng pundi ? Njing napa mriki melih ?


III. PARAMASASTRA

UKARA LAN RAKITAN TEMBUNG

A. Tuladha-tuladha iki gatekna !

1. Banyu panas.

2.Banyu panas diwadhahi ember

3. Eyang mundhut banyu panas.

4. Iku banyu panas.

5. Eyang siram ngagem banyu panas.

Katrangan :

a. Banyu panas ing ukara ka-1 iku kagolong ukara, amarga :

— Katulis nganggo tandha titik ing pungkasane, iku tegese

kudu diucapake nganggo lagu ukara kang nelakake

manawa gagasan kang kawedharake iku wis rampung

(mandheg).

Banyu // panas.

— Dadi mujudake saukara kang madeg dhewe (dudu pe-

panganing ukara liya).

— Nelakake wedharing gagasan kang ganep (nitik lagu-

ning ukara).


b. banyu panas ing ukara-ukara nomor 2, 3, 4, lan 5 iku

dudu ukara nanging kagolong rakitan tembung (kelom-

pok kata = frasa), marga kalungguhane ing ukara-ukara-

ne mung dadi peranganing ukara kang bisa nglungguhi

gatra-gatraning ukara; kaya ta :

gatra jejer (ukara ka-2) — gatra lesan (ukara ka-3) [ 13 ]— gatra wasesa (ukara ka-4)

— gatra katrangan (ukara ka-5)


B. Lagu ukara (intonasi)

Lagu ukara (intonasi) iku ana ing basa Jawa wigati banget,

amarga kena kanggo :

nelakake kepriye atine sing ngendika,

nggoleki gatra-gatraning ukara,

netepake sawijining rakitan ukara iku kagolong ukara

apa mung rakitan tembung (klompok kata = frasa).


C. Ukara

Ukara iku awujud rakitan tembung/tembung kang nelakake

gagasan kang ganep. Dene ganeping gagasan kang kawe-

dharake iku bisa katitik saka laguning ukara, kang ing basa

tulis migunakake tandha-tandha (.), (,), (;), !, ?, Isp.

1. Banyu panas. (ukara)

2. Banyu panas ? (ukara)

3. Banyu.(ukara)

(Wangsulane pitakon "Apa sing panas ?”)

4. Panas.(ukara) ,

(Wangsulane pitakon ”"Banyu iku kepriye ?")

5. Adhiku mangan nangka, adhiku ngombe wedang. (ukara)

/ adhiku mangan nangka, / (dudu ukara)

/ adhiku ngombe wedang / (dudu ukara)-

6. Adhiku mangan nangka ? (ukara)

Adhiku ngombe wedang ? (ukara).


D. Rakitan tembung (Kelompok kata = frasa)

Perlu kacethakake maneh manawa peranganing ukara kang

kadadean saka tembung loro utawa luwih kang dadi sagantha

iku ing kene diarani rakitan tembung (kelompok kata = fra-

sa), tuladhane :

Aku dipundhutake sepedha anyar,

adhiku diparingi sepatu anyar. = (ukara)

/aku dipundhutake sepedha anyar/ = rakitan tembung


13 [ 14 ]

/dipundhutake sepedha anyar/ = rakitan tembung
/sepedha anyar/ = rakitan tembung
/adhiku diparingi sepatu anyar/ = rakitan tembung
diparingi sepatu anyar/ = rakitan tembung
/sepatu anyar/ = rakitan tembung
Adhiku dipundhutake sepedha anyar. = (ukara)
Adhiku diparingi sepatu anyar. = (ukara)


E. Latihan

1. Ukara iki kadadean saka pirang rakitan tembung

Nalika ibu. tindak pasar, bapak maos koran ana ing dalem.

2. Gatekna wacana ing ngisor iki! Endi kang kagolong ukara

lan endi kang kagolong rakitan tembung ? .

Budi : "Kowe saka ngendi, Ton?"

Toni : "Surabaya."

Budi : "Nginep ana ing daleme sapa, Ton ?"

Toni : "Eyangku".


IV. N U L I S


A. Panulisan kang salah ing ukara-ukara iki benerna !

1. Lo. kanco-kanco, kok-padho teko ? Apa ko-undhang?

Coba dak temonane sedhelo.

2. Ing ndhuwur wis dak terangake menowo Ing ngendi-endi

poro mudho ugo gumregot anggone podho ngudi kawruh.

3. Dandanana pager besok dino minggu jaluka tulung ma-

rang tonggo teparo lan kudu sedhio kuas kanggo nglabor.

4. Bapak ngendiko : Kuwajibanmu saben dino kudu mbok-

tindakake temenan. Ajo mung suaramu bae !

5 Sapuniko bapak kalian ibu punapo saestu tindak dateng

dalemipun bapak guru ? Kolo wau wonten pria sesareng-

an lurah pados bea kerameyan kampung.


B. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener !

Paragraf nomer 3 wacan ing dhuwur iku. [ 15 ]V. UNGGAH-UNGGUH

Salinana nganggo basa krama !


TETANEN


Indonesia iku negara tetanen utawa kasebut uga negara agraria. Wis mataun-taun wong-wong ing kene padha nandur pari, jagung lan palawija. Krambil, wit woh-wohan uga ora keri. Alas gedhe dibabadi. Kali-kali padha dibendung. Wilayah sing jembar banget diwewehi irigasi kang diatur sampurna. Salah sawijine kasile kang wigat yaiku krambil. Pametune krambil ngluwih butuhing rakyat, mulane Indonesia bisa ngrimake kopra akeh banget menyang manca nagara. Mung bae pametuning sawah durung nyukupi, mula iya isih kapeksa ngimpor beras saka manca nagara.

Saiki wis ana cara warna-warna kanggo nambah pametuning sawah. Pamentune sawah sing awujud beras saiki saya tambah. Ing pangangkah Indonesia aja nganti ngimpor beras maneh. Mulane saka iku Indonesia banjur gawe bendungan gedhe-gedhe, kanggo ngoncori sawah-sawah ing mangsa ketiga. Dadi wadhuk-wadhuk yaiku tandhon banyu perlu banget tumramping tetanen. Amarga saka anane wadhuk-wadhuk iku sadulur tani banjut bisa panen pari kaping pindgo setaun-taune, malah ana sing kaping telu barang. Ing krawang swah pirang-pirang puluh ewu hektar bisa dioncori ing mangsa ketiga marga saka anane Wadhuk Jatiluhur.

Kajaba ditanduri pari sawah-sawahan uga ditanduri kacang kedhele, pohung lan tanduran palawija liyane. Iku mau kabeh kanggo nyukupi butuhing rakyat sadina-dinane. Kabeh tetanduran iku mau kanggo nambah makmuring rakyat, kanggo kerta raharjaning nagara.


VI. KASUSTRAAN

GOLONGAN-GOLONGANE LAYANG-LAYANG JAWA

Layang-layang Jawa iki bisa kagolong-golongake manut nom tuwane, kang urut-urutane wewaton: [ 16 ]— angka taun kang tinemu ana ing layang-layang iku dhewe,

— asmaning ratu kang kasebut ing layang-layang iku dhewe,

— lelewaning basan ing layang-layang iku dhewe.

Dene urut-urutane kaya kang kasebut ing ngisor iki:

A. Layang-layang Jawa kuna

besut

1. Kang kagolong tuwa adhapur gancaran.

besut

— Candhakarana, kaanggit jamane Wangsa Syailendra (778 M)

— Kakawin Ramayana, anggitan jamane Prabu Dyah Balitung (898-910 M), isine ana 6 kandha :

  1. Balakandha
  2. Ayodyakandha
  3. Aranyakandha
  4. Kiskendhakandha
  5. Sundarakandha
  6. Yudhakandha

(Ramayana Walmiki isine 7 kandha, sabab ana wuwuhan Uttarakandha)

— Sang Hyang Kamahiyanikan (gancaran) anggitan jamane Prabu Empu Sindhok

— Brahmandhapurana (gancara)

— Agastyaprwa (gancaran) anggitan jamane Prabu Darmawangsa hous: (991 — 1007 M),

— Uttarakandha (gancara) anggitan jamane Darmawangsa. Teguh (991 — 1007 M)

— Perangan-peranganing Mahabarata (gancaran) jamane Darmawangsa Teguh (991 — 1007 M)

— Kunjarakarna (gancaran) anggitan jaman Prabu Darmawangsa

2. Kang kagolong tuwa adhapur kakawin

besut

— Arjunawiwaha (kakawin) jamane Prabu Airlangga (1019 — 1042)

— Kresnayana (kakawin) jamane Prabu Warsajaya (+.1104)

— Sumanasataka (kakawin) dening Empu Manoguna jamane Prabu Warsajaya

— Samaradahana (kakawin) dening Empu Darmaja, jamane Prabu Kameswara | (1115 — 1130)

— Bomakawya (kakawin ), jamane Prabu Kameswara.

— Baratayudha (kakawin) dening Empu Sedhah dan Empu Panuluh.

— Hariwangsa (kakawin) dening Empu Panuluh, jaman Prabu Jayabaya

— Wrettasancaya (kakawin) dening Empu Tantular

— Lubdhaka (kakawin) dening Empu Tanakung, jamane Ken Arok ( 1222 M).


16 [ 17 ]

B. Layang-layang Jawa Kuna kang kagolong enom

Brahmandhapurana (kakawin)
Kunjarakarna (kakawin)
Negarakertagama, dening Empu Prapanca (1365),
jamane Prabu Hayam Wuruk (1350 — 1389).
Arjunawijaya (kakawin) dening Empu Tantular
Sutasoma utawa Purusasanta (kakawin) dening Empu Tantular,
jamane Prabu Hayam Wuruk.
Partayajnya (kakawin), barakane Sutasoma.
Nitisastra (kakawin), jaman Majapahit pungkasan.
Nirarthaprakreta (kakawin) taun 1459.
Darmasunya (kakawin), anggitan (taun 1382/1418)
Harisraya (kakawin), anggitan taun 1574 M.

C. Layang-layang Jawa basa Jawa Tengahan
Kang diarani basa Jawa Tengahan iku grebane basa Jawa kang ana ing anta-
rane Basa Jawa kuna lan Basa Jawa jaman saiki.

1. Layang-layang adhapur gancaran
Tantu Panggelaran, anggitane pandhita dhusun jaman mumbul-
mumbule Majapahit, nyritakake anane gunung-gunung ing tanah Ja-
wa. ;
Calwanarang, anggitan jaman Prabu Erlangga.
Tantri Kamandaka, anggitan jaman mumbul-mumbule Majapait
Pararaton, anggitan jaman Majapait pungkasan.
2. Layang-layang adhapur kidung
Dewaruci (tembang gedhe)
Sudamala, anggitan wong padesan
Kidung Subrata (1541 M)
Panji Anggreni (1801)
Sri Tanjung

D. Layang-layang Jawa Ing Jaman Islam :
1. Layang-layang kang nganggo basa Jawa Tengahan
Suluk Sukarsa (sloka), anggitane para wali
Koja-jajahan (tembang macapat)
2. Layang-layang kang nganggo basa Jawa anyar
Suluk Wujil (tembang), anggitane Sunan Bonang
Suluk Marang Sumirang (tembang), anggitane Sunan Panggung.
Nitisruti (tembang), anggitane Sinuhun Seda Krapyak.
Nitipraji (tembang), anggitane Sultan Agung (1641)
Sastragendhing (tembang), anggitane Sultan Agung.
Sewaka (tembang), anggitan Jaman Amangkurat |
Menak Kartasura (tembang)

17 [ 18 ]— Rengganis (tembang), anggitane Ranggajanur , jaman Kartasura — Manikmaya, anggitane Kartamusadah, jaman Kartasura — Ambya (tembang), anggitan kira-kira jaman Kartasura. — Kandha (tembang), anggitan jaman Kartasura.


E. Layang-layang jaman Surakarta awal

Layang-layang jaman iki kena kapilah dadi 2 golongan :

1. Layang-layang bangunan

Yaiku layang kuna dijarwakake nganggo tembang macapat, kayata:

— Dewaruci, dening Kyai Yasadipura I

— Arjunawiwaha, dening Kyai Yasadipura I

— Panitisara, dening Kyai Yasadipura I

— Bratayuda, dening Kyai Yasadipura I

— Tajusalatin, dening Kyai Yasadipura I

— Ambya, dening Kyai Yasadipura I

— Menak, dening Kyai Yasadipura I

— Rama, dening Kyai Yasadipura I

— Arjunasasra, (Lokapala), dening Kyai Yasadipura II

— Darmasunya, dening Kyai Yasadipura II

2. Layang-layang yasan anyar

Yasane Kyai Yasadipura I

— Cebolek (tembang) — Babad Pakepung (tembang)

— Babad Giyanti (tembang) — Sasanasunu (tembang)

— Babad Prayud (tembang)

Yasane Kyal Yasadipura II

— Layang Wicara Keras (tembang)

— Kawi Dasanama (gancaran)

Yasane Sunan PB IV

_ Wulangreh

Yasane Kyal Sindusastra

— Arjunasasrabau — Sembadra larung

— Partayadnya — Cekel Wanengpati

— Srikandhi maguru manah

Yasane K. Pangeran Arya Kusumadilaga

— Jagal Bilawa —Serat Sastramiruda — Semar Jantur

Yasane R. Ng. Ranggarsita

— Paramayoga — Wirid

— Jitapsara — Kalatidha

— Pustaka raja purwa — Jaka Lodhang

— Cemporet — Sri Kresna Bathara [ 19 ]- Aji Pamasa  - Panji Jayeng Tilam
- Bratayuda (macapat) - Wedharaga
- Witaradya  - Paramasastra

Yasane Sunan PB VII
- Angger nawala pradata

Yasane Sunan PB. IX
- Candrarini Wira Iswara

Yasane Kyai Rangga Amongsastra :
- Serat Kancil

Yasane K.G.P.A.A. Mangkunegara IV :
- Wedhatama  - Panembrama - Salokatama  - Sekar-sekaran - Tripama - Darmalaksita - Buratwangi - Panji Wulung - Sendhon langen swara

Yasane Ng. Yudasara
- Baron Sekendher


F. Layang-layang jaman Surakarta akir

Layang-layang ing jaman Surakarta akir iki arupa napasing kapujanggan kang keprebawan dening sesrawungan karo bangsa-bangsa liya lan suwasana kamardikan. Amarga saka iku wohing kasusastran Jawa bisa kapilah dadi :Kasusastran jaman Bale Pustaka lan Kasusastran jaman Kamardikan.

1. Kasusastran jaman Bale Pustaka

Juru ngarang kang bisa kagolongake jaman Bale Pustaka iku ora sethithik cacahe, kayata :

Ki Padmasusastra, anggitane :
- Parama basa - Suba Sita
- Tata-cara  - Kawruh Klapa
- Carakan Jawi - Pathi Basa
- Burat Wangi - Wangsalan
- Warna Basa - Urap Sari
- Piwulang Warni-warni - Prabangkara
- Basa Sala - Kandha Bisma
- Rangsang Tuban - Serat Kancil Tanpa Sekar
- Hari Wara

Ki Mangunwijaya :
- Serat Purwakanthi -Wuryalocita
- Jiwandana -Gita-gati
- Trilaksita -Asmara Laya
[ 20 ]R.B. Sulardi
- Serat Riyanto

R.Ng. Suradipura
- Babad Mangir

C.F. Winter
- Serat Saridin   - Bebasan lan Saloka
- Bausastra Kawi

M. Yasawidagda.
-Jarot  - Mitradarma
- Purosani

R. Hardjawiraga
- Pathokaning nyekaraken

W.J.S. Purwadarminta
- Pamardi Kawi   - Sarining Paramasastra
- Bausastra Jawa.

Prof. Dr. Purbatjaraka
- Arjunawiwaha  - Dewa Ruci
- Calonarang  - Suluk Wujil
- Bharatayuddha


2. Layang-layang jaman Kamardikan

Ing jaman kamardikan iki para juru ngarang wis rumangsa ucul saka bebandaning rasa pangrasa, wis bisa medharake cipta rasane kanthi mardika.

Mula ana ing jagading kasusastran para juru ngarang banjur bisa melu urun-urun nguri-uri tumuju marang sampurnaning jiwa merdika, urip merdika. Para juru ngarang rumangsa kajibah ngayahi panjaluking jaman. Mula ora mokal banjur thukul anggitan-anggitan anyar kang arupa : roman, crita cekak, rumpakan, Isp, kaya ing ngisor iki :


Layang-layang roman :

- Jodho kang pinasthi, anggitane R.M. Sri Hadijaya
- Gerilya Solo, anggitane R.M. Sri Hadijaya
- Tugas Luhur, anggitane R.M. Sri Hadijaya
- Sri Kuning, anggitane R. Harjawiraga
- Sinta, anggitane Sunarna Siswaraharja
- O, Anakku, anggitane Th. Surata
- Kembang Kanthil, anggitane Senggana
- Anteping Wanita, anggitane Ani Asmara
- Kapilut Godhaning Setan, anggitane Widi Widayat
- Tresna abaya pati anggitane Widi Widayat

- Suduk Gunting Tatu Loro, anggitane Widi Widayat [ 21 ]

Crita Cekak

Kidung Wengi ing Gunung Gamping, (kumpulan),
    dening St. I. lesmaniasita
Asmara ing Balet Ramayana (kumpulan)
    dening Sudarma K.D
Umbul Pengging (kumpulan), dening Widi Widayat
Tanpa Tlacak, dening Supartabrata

Rumpakan puisi Jawa gagrag anyar
Akeh kang kababar ana ing majalah-majalan, Penyebar Semangat, Jaya-
baya, Isp. ‘


21 [ 22 ]

WULANGAN 2


I. W A C A N

A. Wacanen batin lan rasakna !


BUDHALAN WADYABALA PANDHAWA


Wus tetela lamun Kurawa tan kena ginawe becik, puguh
anggenya ngukuhi Negara Astina pratandha Bharathayuda tan
kena den wurungake. Mangkana ta Pandhawa sigra apacak ba-
ris amepak wadyabala samekta ing yuda nedya ngrabaseng
Kurawa ing Kurusetra mbelani bebener, bidhal saking alun-alun
Wiratha.

Enjing bidhal Gumuruh saking nagri Wiratha. Sagunging
bala kuswa ! Abra busananira, lir surya wedalira saking Jalani-
dhi, arsa madhangi jagad. Dunk mungup-mungup ing pucuking
wukir.

Lah ing kana ta wau, untaping wadyabala Pandhawa sa-
king Wiratha aselur elur tan ana pedhote, tinon saking mandra-
wa pindha sela blekithi. Sela - watu, blekithi - semut. Lamun si-
nawang kadya semut mlampah ing waktu.

Kumelaping kakandha miwah kumlebeting dwaja apadene
umbul-umbul kadi werdu angga sasra. Werdu - lintah, angga -
banyu, sasra - sewu . Kadya lintah sewu kumelap ing banyu.

Bengingehing kuda, pangempreting dwipangga, pangeri-
king kuda, swaraning janma, miwa kropyaking watang gathik,
binarung lan swaraning tambur gong beri mawurahan pindha
warsa kinteki. Warsa - udan, kinteki - wana pejanten , kadi ta-
lethoking udan ing alas penjanten. Nyrangaping langkap, bedhil,
tumbak landheyan pindha jati ngarang.

Lampahing wadyabala sajuru-juru datan kena wor suh.
Kang busana putih kumpul padha seta tinon saking mandrawa
pindha kontul neba. Kan busana abang kumpul padha rekta ti-
non saking madrawa abra markata pindha wukir kawelagar.
Wukir - gunung, kawelagar - kobong , kadi gunung kobong.
Kang busana ijo kumpul padha wilis, tinon saking mandrawa
pindha tanem lagya gumadhung . Tanem - tandur, guma-
dhung - ijo royo-royo. Kang busana kuning kumpul padha pita,

22 [ 23 ]

tinon saking mandrawa pindha podhang areraton Podhang —
wus ngarani arang peksi, areraton — areroyoman. Kang busana
ireng kumpul padha langking, tinon saking mandrawa pindha
gagak areraton, kadya peksi gagak areroyoman.

Baleduging lampah peteng angampak- ampak angendanu
pindha mendhung.

Mangkana ta lampahing wadya bala Pandhawa wus prap-
teng laladan Kurusetra kang minangka dadi ajanging prang
mbrastha durangkara. Para wadyabala Pandhawa sare makar-
ya yasa pes kinarya palereman.

B. Wangsulana kang pratitis.!

  1. Apa sababe dene Bharatayuda ora bisa diwurungake ?
  2. Perang Bharatayuda iku perange sapa bae ?
  3. Budhalan wadyabala Pandhawa iku saka ngendi menyang
    ngendi ?
  4. Sing digambarake kaya pletheking srengenge kang nje-
    dhule saka ing sagara iku apa ?
  5. Kang digambarake kaya dene semut mlaku ana ing watu
    iku apa ?
  6. Kang digambarake kaya dene lintah sewu padha pating
    krelap ing banyu iku apa ?
  7. Apa sing digambarake kaya talethoking banyu ana ing alas
    pejaten iku ?
  8. Lakune wadya bala Pandhawa iku nyata ora wor suh.
    Buktine apa ?
  9. Bareng wis tekan laladan Kurusetra, wadyabala Pandhawa
    apa banjur terus perang ?

C. Pocapan / panulisan

1. Ucapna sing bener !

ceceg-cecegana cecak
sentig-sentiglenga klentik
pikiran judheg — laraputhek
nabuh bedhug — menyang wadhuk
badan wadhag — uwis cedhak
tuku karag — uwis cerak
nganti wareg — kancane burek

23 [ 24 ]

Sriwidagdabesuk bakda
lagi begjaajar beksa
aja degsuradedeg pideksa

2. Bukumu tutupen, ayo dhikte kaya ing dhuwur iku !

II. KAWRUH BASA

A. Tegese tembung-tembung iki i ea banjur gawenen
ukara !
budhal = mangkat (bebarengan wong akeh)
wadyabala = prajurit
Pandhawa = turune Pandhu
tetela = cetha
lamun = yen, Samangsa
Kuruwa = turune (darah) Kuru
tan kena = orakena
Bharatayuda = perange darah Barata (Pandhawa ><
                       Kurawa).
yuda = perang
sigra = enggal, banjur, nuli
apacak baris = tata baris arep nanggulangi mungsuh
samekta = siyaga, sumadhiya
ngrabaseng
Kurawa = ngrusak ing Kurawa
Ngrabasa = ngrusak
abra = sumorot, mawa cahya
markata = jumerut
busanira = sandhangane
Vjalanidhi = segara
arsa = arep
duk = nalika
wukir = gunung
tinon = ditonton
mandrawa = kadohan
pindha = kaya dene
blekithi = semut
dwaja = gendera
umbul-umbul = gendera ciyut dawa ing pucuke nganggo
                       kloncer
werdu = lintah

24 [ 25 ]

angga = awak, banyu
sasra = sewu
dwipangga = gajah, liman
warsa = udan
kinteki = alas pejaten, layang
sajuru-juru' = kapantha-pantha miturut pepangkatan
rekta = abang
kawelagar = kobong
wilis = ijo
pita = kuning
langking = ireng
pakuwon = palereban ing sawetara mangsa

B. TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja iku kadadean saka tembung loro kang meh
padha tegese dianggo bebarengan.

Tuladha :
Manawi sampun terang trewaca dhawuh timbalanipun
Gusti, keparenga bidhal ing dinten sapunika.

Katrangan :.
trewaca = terang, cetha.
terang trewacaTembung saroja

Tindakna kaya tuladha !

  1. Kocap. . . sabubarane pisowanan ing praja Astina, Pandha-

    wa sigra paring dhawuh . . . marang para manggalaning

    prang, kinen tata . . . gegamaning prang.
  2. Pawarta bakal anane Bharatayuda wis sumebar . . . ing
    praja Astina lan Wiratha kanthi gethok . . .
  3. Raden Werkudara iku satriya kang gagah . . . lari sekti . . .
  4. Tandang . . . mu sing alus, yen angkat . . . kudu ngati-nga-
    ti, aja niru watak ne wong kasar. Sabisa nuduhna budi
     . . . kang apik, lan solah kang mranani marang liyan.
  5. Yen kowe sida menyang Jakarta, aku ya mung nyangoni
    rahayu . . . muga-muga ora nemoni . . . pakewuh lan bisa
    teguh . . . imanmu !

25 [ 26 ]C. DASANAMA

Dasanama (dasa = sepuluh : nama = jeneng). Jeneng kang akeh darbeke wong siji. Uga bisa ateges tembung kang cacahe luwih saka loro kang paones utawa meh padha tegese.

Tuladhane :

Raden janaka iku uga jejuluk : Raden palgunadi Raden Permadi, Parta, Kombang Ali-ali, Margana, Raden Dananjaya, Endraputra, Panengah Pandhawa.

Wukir iku dasanamane : gunung, giri, aldaka

Dasanamane Srengenge : bagaskara, bagaspati, pratangga pati, radite, arka, aruna

Coba dasanamane tembung-tembung ing ngisor iki apalna!

  1. Rembulan = sitaresmi, sitakara, badra, sasi, sasadara, candrama, tengsu.
  2. Lintang = kartika
  3. Langit = wiyat, wiyati, gagana umantara, akasa, antariksa, tawang
  4. Lemah = bantala, kisma, pratala, pratiwi
  5. Segara = jalanidhi, jaladri, samodra, udaya, tasik.
  6. Banyu = tirta, ranu, warih, udaka, we, her.
  7. Geni = agni, pawaka, dahana.
  8. Angin = samirana, pawana, sindhung, bayu, bajra, maruta, pancawora, pancaroba.
  9. Bapa = yayah, sudarma, rama.
  10. Biyung = rena, wibi, umi.
  11. Anak = suta, sunar, atmaja, weka, tanaya, siwi
  12. Karep = karsa, kapti, sedya, kayun
  13. Weruh = uninga, udani, anon, uning, myat, wuni.
  14. Seneng = suka, rena, trusta.
  15. Susah = sungkawa, rudatin, turida, rudita, tikbra.
  16. Ati = nala, prana, wardaya, kalbu, tyas.
  17. Kethek = kapi, wanara, rewanda, palwaga, wre.
  18. Buta = ditya, raseksa, wil, diyu, danawa.
  19. Gajah = dirada, dipa, dipangga, esti.
  20. Ratu = narapati, narpati, nata, pamasa, pamasem narendra, nata, katong, nareswara.
  21. Patihing ratu = mantrimuka, nindyamantri, warangka praja, mantriwredha, mantripangayun.


26

[ 27 ]D. Apa tegese tetembungan kang kaecap kandel iki?
  1. Kandhaku iku ya mung kanggo abang-abang lambe
  2. Olehku nuturi saben dina, ora direwes, bebasan lambe satumang kari samerang.
  3. Bab kaya ngono wae kok mbok anggo padudon. Iku rak ateges madu angin.
  4. Yen kowe arep nglairake pangunek-unek marang wong tuwamu ya kudu angon angin, aja grusa-grusu.
  5. Wah awak ki yen lagi apes! Wong ngerti bae ora, teka-teka ketiban tai baya.
  6. Mungsuhe wis ora bisa oncat, marga wis kinepung wakul binaya mangap.
  7. Apa kowe ora ngerti yen wong tuwamu iku balung peking, kok panjalukmu warna-warna.
  8. Manawa wong tuwamu balung gajah, pantes yen kowe njejaluk warna-warna.
  9. Prakara ora mingsra bae kok dadi regejegan. Iku rak padha wae madu balung tanpa isi.
  10. Kekarepanmu is mbalung usus. Wingi wis matuk saiki ora.
  11. Narta karo Sardi iku pancen padha dene peng-pengan, amarga pancen tunggal banyu.
  12. Kakang adhi kang lagi pasulayan ora perlu mbok belani. Iku rak banyu pinerang.

III. PARAMASASTRA

RIMBAG BAWA MA
(mawa seselan um)

A. Gatekna!

Tembung lingga kang karaketan seselam um' iku dadi tembung andhahan kang diarani rimbag bawa ma, nelakake :

tembung kriya : gumuyu, lumaku, lumayu, sumingkir.

tembung aran : kumuning, dumadi, tumitah.

tembung kaanan : rumujak, jumamak, sumebar, gumuruh. [ 28 ]B. Panganggone seselan um

1. Seselan um kang rinaketake ing lingga kang apurwa sastra (konsonan) mangkene:

Lingga Rinaketan um Andhahane
saji sumaji sumaji
rujak rumujak rumujak
singkir sumingkir sumingkir
jambak jumambak jumambak
ton tumon tumon

Goleka tuladha liyane nglima bae!


2. Seselan um kang renaketake ing tembung lingga kang apurwa swara (a,i,u,e,e,0), um karaketake ing ngarepe lingga, ing pakecapane tembung andharan u ora melu diucapake (dibuwang), kaya ta:

Lingga Rinaketan um Pakecapane
aju um + aju → umaju maju
inger um + inger → uminger minger
uluk um + uluk → umuluk muluk
enggok um + enggok → umenggok menggok
egar um + egar → umegar megar
obah um + obah → umobah mobah

Goleka tuladha liyane nglima bae!


3. Seselan um kang rinaketake ing tembung lingga kang apurwa swara w utawa p, seselan um karaketake ing ngarepe lingga, purwaning linggane luluh ing pakecapaning tembunge andhahan, u ora kaucapake (kabuwang), kaya ta: [ 29 ]

Lingga Rinaketan um Pakecapane
wetu um + wetu → umetu metu
wijil um +wijil → umijil mijil
wuwus um + wuwus → umuwus muwus
pesat um + pesat → umesat mesat
pati um + pati → umati mati
Goleka tuladha liyane nglima bae !

4. Seselan um kang rumaket ing tembung kang apurwa b, b. iku dadi g kaya ta:

bagus. → bumagus → gumagus
brebeg → brebeg._ → gumrebeg
blendre → bumlendre → gumlendre


5. Seselan um iku ing pakecapan sok owah dadi em :

tumurun → temurun:
gumandhul → gemandhul
kumaki → kemaki


C. Tegese seselan um:

  1. Pitike wis kumanggang (= lagi sedheng-sedheng dipanggang)
    Dagane wis rumujak (= lagi sedheng-sedheng dirujak)
  2. Kowe aja sok gumedhe (= duwe anggep gedhe)
    Aja sok kuminter (= duwe anggep pinter)
  3. Banyune gumrujug (= duwe sipat swara grujug)
    Manuke lagi kumedom (= duwe sipat edom)
  4. Kula saweg dumugi (= dirasa luwih ngajeni tinimbang dugi)
    Mangke rumiyini (= luwih ngajeni tinimbang riyin)
  5. Kula trimah sumisih (= tumindak ana sisih)
    Kula ingkang gumujeng' (= nggujeng)


D. Latihan

Tembung-tembung kang dikurung iki rimbagen nganggo seselan um, banjur tegesana pisan ! [ 30 ]

  1. Manuke glathik-lagi (kebet).
  2. Kowe kuwi bok aja (kenthus) ngono kuwi!
  1. Olehe njoget nganti (kringet)
  1. Wayah jam 10.00 iku wayahe pasar (tawon)
  2. Pametune sawah taun iki wis(undhak)
  3. Layanganku bisa(uluk) dhuwur banget.
  4. Toya anjok(wijil) saka sela-selaning watu gedhe
  5. Gathutkaca(pesat)mabur ing gegana
  6. Keparenga kula(sulih) sarira ingkang kagungan damel
  7. Kupingku krasa (grebeg) bareng mangan pil.


IV. NULIS

A. Tulisen maneh lan wenehana tandha-tandha panulisan sing cocog karo surasane!

bal- balan
  sesuk kelas telu arep bal balan karo kelas loro bocah-bocah kelas telu padha ngumpul.
  sarju kandha sesuk kelas telu-aja nganti kalah ngisin isini kipere abas bae abas dhuwur cukat lan trampil bal nleser wasis nampani
  darta mangsuli: cocog nanging beke kudu darma karo padri padha titis adoh tendhangane kanca liya dipasang ngendi bae becik padha pintere
  ali nyambungi ya mung bae sing maju njaba kowe parta njaba tengen dira layune padha bantere bapak guru olak raga disuwun dadi wasite
  tenan esuke kelas telu karo kelas loro padha tandhingan sing ora melu main njagoi kelase dhewe pemain kelas telu katon rukun yen oleh bal ora digawa dhewe


B. Tulisen nganggo aksara Jawa!

1. ndeleng reca
2. karem rengginan
3. gelem mikir
4. areplengganan
5. ndeleng uler
6. lelungan bareng

7. lelipuripun
8. lelewanipun
9. lelesehan
10. wit-witan kleleb
11. renggunak-renggunuk
12. ngantuk ler-leran

[ 31 ]V. ANTAWACANA

Nirokna dhalang anggone ngucapake pacelathon ing jejeran ngisor iki kanthi antawacana (lagu neceng swara ing siji-sijining wayang) !


JEJER PAKUWON KURAWA

 Prabu Suyudana lenggah jinajaran Senapati Agung Dhanghyang Durna, kaadhep dening Nata Mandaraka Prabu Salya, Narpati Karna, Patih Sangkuni, Raden Harya Dursasana, made Harya Burisrawa lan para Kurawa sanesipun.

 Sasampunipun bagya- binagya ing karaharjan, kawiyos pandangunipun sang Prabu.


Pr. Suyudana : "Putraningsun Kaki. Adipati, apa baya wigatine dene jeneng sira sumusul marang Tegal Kurusetra? Apa den utus dening Ibunira See apa muhung karsanira pribadi?”
RH. Lesmana : "Kula nuwun Kangjeng Rama Prabu, wigatosing lampah kula sowan_ing ngarsanipun Rama:Prabu punika, boten sanes inggih badhe ndherek wonten ing madyaning Bratayuda jayabinangun. Raosing manah kula wonten ing praja kadosdene kasetrakaken sarta tanpa ayahan ‘satunggal punapa. Paprangan ingkang murih kuncaraning para Kurawa punika yekti ugi dados kuwajibanipun ingkang putra kula. Kangjeng Ibu malah-malah boten marengaken: manawi kula sumusul ing Rama Prabu. Nanging saking adrenging manah, kula lajeng tilar praja tinpa popoyan. Makaten wau, bokbilih boten andadosaken keparengipun Rama Prabu, kula namung nyadhong duduka.”
Pr. Suyudana : "E, e. Yajagad Dewa Bathara, ya jagad pramudita. Mangke ta. Paman Prabu ing Mandraka. Sakalangkung emeng raosing manah kula, dene wayah Paduka pun Harya Lesmana Mandrakumara adreng tan keni pinambengan anggenipun kumedah badhe tumut andon yuda, Kaparenga Paman Prabu paring dhawuh, kadosa pundi prayoginipun.”
Pr. Salya : "Nuwun Anak Prabu, kawontenan sarta pikajenganipun wayah kula pun Harya punika kados wonten irib emperipun kaliyan lalampahanipun rayi jengandika pun Harya Rukmarata duking ngajeng. Sanget anggen kula ngampah, sampun ngantos tumut andon yuda, ewadene wekasanipun adreng sumusul datan kenging pinambengan. Mangka rayi Paduka pun Harya Rukmarata namung kapetang santana kaliyan anak Prabu. Sareng wayah kula pun Harya Sarojakusuma punika putra ingkang ginadhang-gadhang anggentosi kaprabon, mila raosipun wayah kula punika kadosdene boten purun manawi namung badhe ngundhuh

[ 32 ]

Pr.Salya : kamukten Lampah makaten wau nama ngenggeni wataking satriya. Mila pamrayogi kula mugi dipun parengna wayah kula pun Harya tumut andon yuda. Jer manawi wonten parmaning Jawata, anak Prabu tumpang jayanipun boten sanes inggih pun Harya ingkang badhe‘ngraosaken kamukten tuwin kawibawanipun.”
Pr. Suyudana : "Nuwun inggih Paman Prabu, kula namung andherek pamrayoginipun Paman Prabu. Kajawi saking punika Bapa, Bapa Senapati, kaparenga kula nyuwun pirsa kadiparan kawusananing yudanipun yayi Prabu Bogadenta, Bapa?”
Dh. Durna : "E... lole, lole, gembor monjor-monjor . .. mugi andadosna ing pamirsa Paduka Anak Prabu bilih rayi Paduka anak Prabu Bogadenta sampun kasambuting yuda, mengsah kaliyan pun Arjuna, kula nok non."
Pr. Suyudana : "E...e, ya jagad Dewa Bathara, teka yayi Prabu Bogadenta tan mangga puliha, Bapa, Ing mangka kados-kados kadigdayanipun sakalangkung-langkung, punapadene ginadhuhan pusaka sanjata rante ingkang boten wonten titah ing salumahing bumi sakurebing langit kawawa nadhahi, teka meksa kaprajaya dening yayi Arjuna. Lajeng kados pundi Bapa budidayanipun Bapa Senapati murih ungguling yuda?”
Dh. Durna : "Lha punika ingkang badhe kula aturaken! Kasantosaning Pandhawa punika estunipun dumunung wonten ing kekiyatanipun satriya kakalih, inggih punika pun Werkudara tuwin pun Janaka. Samangsa kakalihipun punika taksih kempal, taksih saged bantu-binantu, tangeh sagedipun Pandhawa kasoran. Mila saking kajengipun pun bapa, Werkudara kedah kapisahken saking Janaka.”
Pr. Suyudana : "Kados pundi, Bapa, sagedipun kasembadan misahaken adhimas Arjuna saking adhimas Werkudara ?”
Dh. Durna : "Kedah wonten caranipun piyambak. Pun bapa boten kasamaran, jer kakalihipun punika sami siswanipun pun bapa. Makaten Anak Prabu: Werkudara kedah tinantang lan sinumbaran kaajaka perang wonten ing tepining samodra ler. Rayi Paduka Janaka kedah katantang andon yuda ing pinggiring pareden kidul. Pun bapa wani nemtokaken bilih kakalihipun badhe minangkani panantanging mengsah wau, jer sakalih-kalihipun sirik lamun boten ngembarana mengsahipun.”
Pr. Suyudana : "Kaluhuran dhawuh Paduka Bapa Senapati. Lajeng sinten ingkang tinanggenah andon yuda kaliyan adhimas Janaka sarta sinten ingkang kedah ngajoni adhimas Werkudara.”
Dh. Durna : "Awit saking pamawasipun pun bapa ingkang saged nandhing! pun Arjuna punika rayi Paduka saking ing praja Kasapta, anak Prabu Gardhapati. Dene ingkang tinanggenah ayun-ayunan

[ 33 ]

Dh.Durna : kaliyan pun Werkudara prayoginipun rayi Paduka ing Parangjara, Anak Prabu Warsaya. Mila Anak Prabu kula aturi.miji pasowanipun rayi Paduka kakalih wau, kula nok non.”
Pr. Suyudana : "Sanget andadosaken sukaning manatykula, bapa. Dhawuhipun bapa badhe kula estokaken. Mengko ta paman, paman Harya ing Kapatihan.”
Pt. Sangkuni : "Wonten ingkang pangandika, Anak Prabu.”
Pr. Suyudana : "Manira mundhut pawowane yayi Prabu Gardhapati ing Kasapta sarta yayi Prabu Warsaya ing Parangjara."


VI. KASUSASTRAN

Pethikan layang Bratayuda iki wacanen, nirua lagune dhalang!

JEJER PAKUWON PANDHAWA
  Prabu Matswapati den adhep dening Prabu Drupada, Prabu Darmakusuma, Senapati R.H. Dresthadyumna tuwin para putra Pandhawa. Ingkang karembag kawontenan pabarisaning Pandhawa ingkang katilar dening R. Arjuna tuwin R.H. Werkudara ingkang sami mituruti panantanging mengsahipun andon yuda wonten ing pareden kidul tuwin pasisir ler. Makaten wau sanget andadosaken prihatosing panggalihipun Prabu Matswapati, ngantos kawiyos dhawuhipun dhateng Prabu Darmakusuma.


Pr. Matswapati : "Wayahingsun Angger Prabu Puntadewa, banget andadekake prihatining panggalihingsun; dene kaki Janaka sarta kaki Werkudara padha tinggal pabarisan, jalaran mituruti panantanging mungsuh. 'Mangkono iku sun duga, muhung saka pambudidayane senapatining Kurawa Dhanghyang Durna, jalaran sumurup marang kakuwatane kadangira sakarone.”
Pr. Darmakusuma : "Kados kaluhuran dhawuh Paduka, Eyang. Mila Eyang, enggal kaparenga manggalih, sampun kalajeng-lajeng kadheseg ing mengsah.”
Pr. Matswapati : "Wayahingsun Angger Prabu, apadene Kaki Senapati Dresthadyumna, sanajan mangkono kaya-kaya isih ana parmaning Jawata jalaran Kaki Prabu Kresna tansah andombani yudane Kaki Janaka. Ewadene Kaki Senapati, apa baya kang sayogya enggal padha linakonan murih aja kabacut-bacut kateter dening mungsuh.”
R.H. Dresthadyumna : "Budidaya ingkang sampun kula tindakaken, Kangjeng i Eyang, nun inggih terang saking kaparengipun Kaka Prabu Puntadewa sampun utusan kaki Prabu Gathutkaca dhateng ing pakuwoniptn anak mas Angkawijaya supados andhawuhaken dhateng angger Abimanyu ki kinen rumusaking mengsah. Samangke kantun ngentosi pasowanan wayah Paduka kaki Prabu Gathutkaca ngirid pun Angkawijaya."
[ 34 ]
 Mangkana saweg eca imbal wacana, babasan idua durung asat, nginanga durung abang, kasaru pasowananipun R.H. Gathutkaca ngirid ingkang rayi satriya ing Plangkawati R. Angkawijaya. Sasampunipun bage-binage ing karaharjan, kawijos dhawuhipun Prabu Matswapati.


Pr. Matswapati : "Mengko-ta Kaki Abimanyu, sawuse lungguhira prayoga, mula enggal-enggal ingsun pasrah marang Kaki Senapati, kadiparan anggone bakal nata pabarisan.Harya, Harya Senapati, samengko pulunanira Angkawijaya wus so

wan, mula enggal-enggal sira tata bakal lakuning kuwajibane para satriya, dimen enggal bisa rumusak barisaning Kurawa.”

R.H. Dresthadyumna : "Nuwun inggih dhateng sandika, Eyang. Mengko putraningsun Angkawijaya, sawuse sira lungguh kang prayoga, terang saka dhawuhe Kaka Prabu Puntadewa sirakinen minangka cucuking yuda rumusaking wadyabala Kurawa. Mula saka panemuningsun, gelaring prang wadya Pandhawa perlu den salini, murih rancag rumusaking barisane Kurawa.
Mangke ta Eyang Prabu punapadene Kaka Prabu Darmakusuma, sasampunipun kakangmas Arjuna tuwin kakangmas Werkudara tilar paharisan, gelaring prang para Kurawa sinantunan gelar Cakra ingkang ugi kawastanan Cakrabyuha. Gelar ingkang makaten wau nuwun inggih sakalangkung rapet kinubengan dening para manggalaning yuda. Mila awit saking pamanggih kula, Pandhawa prayogi santun gelar Supiturang. Wigatosipun para prawira manggala tansah saged nyumerepi lampahing mengsah. Ing saben wonten kalamangsa ingkang sae, manggalayuda ingkang dumunung ing supit kiwa tengen, lajeng saged tumindak ngrabaseng mengsah. Makaten wau kula nyadhong dhawuh paduka kakalih."
Pr. Matswapati : "Ora liya panjenenganingsun banget nayogyani.”
Pr. Darmakusuma : "Yayi Senapati, pun kakang uga nayogyani. Mula enggal-enggal sira patah para prawira kang kinarya manggala, jalaran wus katon pandhesege wadya-Kurawa, malah kapara kateter wadyabala ing Pandhawa.”
RH. Dresthadyumna :

"Nuwun inggih dhateng sandika.”


 Kocap Senapati agung R.H. Dresthadyumna lajeng andhawuhaken tataning gelar Supiturang, Ingkang kapatah dumunung wonten ing supit kering R.H. Gathutkaca, ing supit kanan R.H. Dresthadyumna. Dene ing Susungut R. Angkawijaya. Ing sirah R.H, Setyaki, lajeng ing wurinipun Prabu Darmakusuma kadherekaken R. Nakula tuwin R. Sadewa.
 Santuning gelar wau katindakaken kanthi cukat trangginas, saengga tan pantara dangu wus ical gelar Garuda Nglayang, Kang katon namung gelar Supiturang den manggalani prawira tetiga R.H. Gathutkaca, R.H. Dresthadyumna tuwin R.Angkawijaya. [ 35 ]
WULANGAN 3

W A C A N
A. Wacanen batin kanthi teliti!

NGINGU TAWON


Sukri : “Dak rungu saka ngomah kok thag-thog thag-thog ki lagi gawe apa ta Min?”
Sarmin : “Iki lho, Kang. Ada-ada gawe glodhog. Kanggo omah tawon.”
Sukri : “Kok ndadak digawekake omah. Lumrahe kae yen neneka rak ya manggon dhewe ta ? Ing wuwung omah, utawa ing blandar?”
Sarmin : “Iya, Kang. Nanging luwih prayoga digawekake omah-omahan dhewe. Kareben gampang pangupakarane lan katon luwih sampurna. Coba kae delengen, mburi omah kae rak bisa tumata tharik-tharik.”
Sukri : “Weee... lha iya ta. Mengko dhisik Dhi. Biyen kepriye mula bukane kok tuwuh niyatmu gawe ada-ada ngingu tawon kaya ngene iki?”
Sarmin : “Ngene lho, Kang. Aku nate dicritani guruku. Ing babagan peternakan tawon, satemene Indonesia iki wis kepancal sepur sak abad lawase manawa katandhing karo negara Jerman lan Amerika.”
Sukri : “Lho, lha priye ta kuwi nalare ?”
Sarmin : “Iya, Kang. Kamangka yektine Indonesia iki mbutuhake madu akeh banget! Iya kanggo bahan obat-obatan, lilin utawa malam, nganti kebutuhan panganan ekstra liyane. Iki durung ngrembug pabrik-pabrik farmasi kang mbutuhake madu ora sethithik kanggo bahan tonikum.”
Sukri : “Bener, Dhi. Bener ! Perusahaan-perusahaan bathik kae gajege iya sok kekurangan malam barang.”
Sarmin : “Mula saka kuwi, Kang. Sapa ngerti ada-ada sing dak garap iki iya ana asile.”

[ 36 ]

Sukri : "Lha banjur negara-negara manca mau kepriye Dhi pambudidayane? Coba aku ko-dongengi, kok banjur ketarik karo critamu.”
Sarmin : "Negara Republik Demokrasi Jerman upamane, Kang. Ing ndalem setaune bisa ngasilake madu kurang luwih: 20.000 ton. Ewasemono negara iki isih

mbutuhake udakarars 50 tumekane 60. 000 ton maneh.

Sukri : "Lha mesthine banjur impor ngono, Dhi?”
Sarmin : "Lha iya ta, Kang. Sedheng Amerika dhewe bisa nambahi devisa saka adol madu ora kurang saka 242 yuta pound lan lilin 4 yuta pound ora kurang saka 28 yuta pound US dollar.”
Sukri : "Wah kok nggumun aku, Dhi. Mesthine peternakan tawon ing kana wis gedhe banget ya ?”
Sarmin : "Iki ora nggumunake, Kang. Lha wong ing Amerika kana pambudidayane ternak tawon mau wis diwiwiti dhek taun 1850 jare. Iki beda karo Indonesia kene. Sing gelem ternak lagi siji loro bae, tur iku gaweyan samben.”
Sukri : "Iya, iya bener Dhi. Mula durung suwe iki ing ngendi-endi panggonan Perhutani melu cancut-taliwanda nggrengsengake kegiyatan Apiary iki. Supaya produksi madu bisa ditikelake.”
Sarmin : "Ora mung Perhutani dhewe, Kang. Sekolahan-sekolahan sing mapane cedhak alas iya prayoga gawe kegiyatan Apiary. Aku wis nate nonton kegiyatan mangkono mau upamane kang katindakake dening murid-murid SD ing dhaerah Blora, Pati, Batang, Banyumas lan Cilacap.”
Sukri : "Lha mesthine tumrap Indonesia kene ana kang dadi cucuk laku Dhi. Sapa sing sepisanan ada-ada peternakan tawon mau?”
Sarmin : "Ing Indonesia sing ada-ada sepisanan Drs. Ktut Putra, sawijining apotheker kang sinau ing ITB, Kang. Malah kegiyatane Ktut Putra iki nate ditinjo Bapak Presiden lan Sri Sultan Hamengkubuwono IX rikala panen sepisanan."
Sukri : "Wah, hebat ya Dhi?”

[ 37 ]

Sarmin : "Malah Pak Harto dhewe iya ngendika, jare biyen rikala timure uga wis nate ada-ada nganakake ternak tawon. Yuswane nalika semana lagi 13 taun. Lan wektu iku Pak Harto isih ndherek pamane kang dadi Mantri Pertanian ing Wuryantoro kana.”
Sukri : "Iya, Dhi. Mulane pambudidayamu iki becik diterusake bae. Aku uga saguh mbiyantu, sapa ngerti suk liya dina bisa melu-melu gawe peternakan tawon dhewe.”
Sarmin : "Iya, Kang. Malah yen ora ana alangan, suk wulan ngarep iki aku arep entuk bibit unggul sumbangan saka Australian Freedom From Hunger Campaign Commite. Wingi Pak Camat wis naliti papan kang dak siyapake iki.”
Sukri : "Sokur, sokur Dhi. Yén kowe bisa mekarake pambudidaya iki. Aku melu bungah!"


B. Wangsulana pitakon-pitakon iki!

  1. Kepriye pambudidayane ngingu tawon manut tradisi lawas iki, lan kepriye manut cara sing anyar ?
  2. Kawruhe Sarmin bab pambudidaya ngingu tawon iku saka ngendi ?
  3. Asile ngingu tawon iku ora mung awujud madu bae nanging warna-warna. Coba kandhakna !
  4. Kanggone negara-negara kang wis maju, pambudidaya ngingu tawon iku bisa ngolehake asil kang ora baen-baen. Buktine apa?
  5. Ing Indonesia pambudidaya ngingu tawon kang gedhe iku diadani dening sapa?
  6. Pambudidaya ngingu tawon iku saiki wis wiwit mlaku ana Indonesia. Tuduhna buktine !

C. Isine pacelathon ing dhuwur iku critakna kanthi reringkes bae!

D. Lagu/pocapan

 Ukara-ukara ing ngisor iki ucapna kanthi lagu kang cocog karo surasane! [ 38 ]1. Ukara pangajak

- Ayo padha nyinau carane ngingu tawon !
- Becike saiki ayo padha ngingu tawon bae!
- Mangga sami ngetutaken lare-lare dhateng lapangan !
- Punapa boten prayogi tindak sapunika kemawon ?
- Mangga, Pak, mlebet mriki !
- Mbok inggih mlebet mriki ta, Pak!
- Mangga kula aturi mlebet mriki, Pak !
- Mangga wontena kersa panjenengan mlebet mriki, Pak!


Katrangan :
Ukara kang surasane nuduhake manawa sing guneman ngajak nindakake apa ta apa marang sing diajak guneman iku diarani ukara pangajak.

2. Ukara panguwuh

- Adhuh, larane ! Aja seru-seru anggonmu mijet !
- Dhuh, wetengku kemrucug, tambane apa !
- Lo, hla kok ngono anggonmu nggarapi!
- Lah, rak ya ngono kuwi !
- O, payunge lali ora tak-gawa !
- Hem, mangsa klebua ujian, bocah kesed iku !
- Wah, sregepe ta anakmu kuwi !
- O alah, wong wis direwangi kangelan kok ora ana welase!
- E lah, wong udan deres kok 'lunga nonton!
- Masa, bocah semono gedhene durung bisa sikatan !

Katrangan :
Ukara-ukara kang surasane nelakake rasa pangrasa (susah, gela, gumun, kepengin, marem, nrima) kaya ing dhuwur iku diarani ukara panguwuh. Lumrahe nganggo tembung panguwuh (lo, adhuh, wah, lsp).


II. KAWRUH BASA

A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

ada-ada = wiwit nindakake apa-apa sing durung tau ana
neneka = teka saka liya negara (papan) perlu golek panguripan
glodhog = omah tawon
[ 39 ]

tonikum = penambah tenaga (kekuatan)
nggrengsengake = nggumregutake
apiary = papan kanggo ngingu tawon


B. Tembung entar
Tembung-tembung kang ora ateges baku (ora ateges wantah)
iku diarani tembung entar = tembung silihan

Tuladha :
Narta iku pikirane kethul (= bodho)
Yen kowe momoran karo aku kudu enthengan tangan (= seneng rerewang).

Apa tegese tembung-tembung entar (kang kacithak kandel) ing ukara-ukara ngisor iki?

  1. Tini iku lobok atine, karo sapa bae gampang anggone srawung, mulane iya akeh kancane.
  2. Sing jembar segarane ta, aja neson ngono kuwi! Angger uwong mesthi duwe kaluputan.
  3. Aja dipercaya bocah kuwi, dheweke iku lunyu ilate, yen guneman mencla-mencle.
  4. Aja raket banget karo Rahmat, dheweke iku tipis lambene, mundhak kowe katut ora disenengi ing wong.
  5. Pak Darma iku entheng tangane, cengkiling banget, mulane yen duwe rewang iya mung sedhela banget.
  6. Bocah kuwi gedhe endhase, rumangsane wis pinter dhewe, ana ngendi-ngendi katon sumangkeyan.
  7. Penggedhe sing seneng ngatonake siyunge iku mesthi ora disihi ing sor-sorane.
  8. Kancamu padha bikut olehe usung-usung, kowe kok nggegem tangan thok kuwi apa memper!
  9. Yen ora gelem dak-tuturi saiki aku lumah tangan, marang kowe.
  10. Tumindakmu sing ora pantes ana ngarep priyayi sepuh kang tansah nuturi kowe iki rak jeneng nyolok mata.
  11. Aja gampang mrecaya omonge kancamu siji iku lo, marga dheweke iku rak wis kondhang manawa lunyu ilate.
  12. Mbok ya prihatin, aja mung nggedhekake puluk, ngelingana kowe kuwi durung bisa golek dhuwit dhewe.

39

[ 40 ]Tembung-tembung entar iki gawenen ukara !

- mogel ilate
- ngabangake kuping
- peteng atine

- adus kringet
- cagak lek
- wedi getih

C. Apa tegese saloka ing ngisor iki ?

1. Gajah ngidak rapah.
2. Kodhok nguntal gajah.
3. Semut ngadu gajah.
4. Tengu ngadu gajah.
5. Nggajah elar.
6. Kebo kabotan sungu.
7. Kebo mulih ing kandhange.
8. Kebo nusu gudel
9. Bebek mungsuh mliwis.
10. Kutuk marani sunduk.
11. Ula marani gitik.
12. Belo melu seton.
13. Iwak kalebu ing wuwu.
14. Asu gedhe menang kerahe.
15. Pitik trondhol diumbar ing pedaringan.
16. Wedhus prucul diumbar ing pekarangan.

Katrangan:

a. Saloka iku tetembungan kang ajeg panganggone, nanging ngemu surasa pepadhan (pepindhan). Sing dipadhakake (pindhakake) wong.
b. Paribasan iku tetembungan (ukara) kaya saloka, nanging tegese wantah, dudu pepindhan. Tuladha : Keplok ora tombok, Ulat madhep ati karep.
c. Bebasan iku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, dudu pepindhan. Tuladha: Nabok nyilih tangan.


D. Golekana dasanamane tembung-tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki !

1. Polatane Jarot manis lan ndemenakaken.
2. Upami ayama ayam trondhol, mratandhani bilih mbenjing ageng inggil, sembada kaliyan namanipun.
3. Sandhangan miwah tedha boten kirang.

4. Embahipun Jarot tilar donya. [ 41 ]
  1. Jarot boten mangertos sababipun.
  2. Griyanipun gedheg jrambahipun namung kasrasah banon.
  3. Sumuripun tanpa kulah.
  4. Bapakipun Jarot linggih sangga uwang.
  5. Jarot boten kepengin mangangge adi aeng. Sandhanganipun limrah kemawon.
  6. Jarot trimah nedha sawontenipun waton tuwuk.


III. PARAMASASTRA

Ukara-ukara iki pilah-pilahna gatrane (udhalen)!

  1. Tawon kuwi mencok ana ing kekembangan.
  2. Tawon-tawon tansah ngisepi madu ing kekembangan.
  3. Maduning kekembangan diisepi tawon-tawon saben dina.
  4. Adhiku bola-bali dientup tawon.
  5. Entupe tawon isih kumanthil ana pipine adiku.
  6. Bocah sing teka mau kae wis disuguh ping loro.
  7. Bocah sing teka wis disuguh mau.
  8. Asu kuru mau kae dibalang narta nganggo watu


IV. NULIS

A. Panulisan sing salah ing ukara-ukara iki benerna!

  1. Akeh wong kondho menawo waktu iki rekoso golek pegaweyan. Memujiya wae supoyo gegayuhanmu katurutan.
  2. Aja dhodhok ono kono, kanggo mbuang uwoh.
  3. Kathaipun tiang. Sami ningali sepor tabrakan kaliyn grobag ing celakipun panggenan sesadeyan.
  4. ngGodhoga wedang, nanging aja nganti kakean gulo. Mengko bubar udu dakombene.

B. Ukara-ukara ing dhuwur iku yen wis bener banjur tulisen nganggo aksara jawa ! [ 42 ]V. UNGGAH-UNGGUH

Salinana nganggo basa ngoko andhap sing bener! (Diskusekna karo kanca klompokmu!)

  1. Punapa panjenengan sampun midhanget, bilih ingkang eyang saweg gerah?
  2. Kula mireng manawi panjenengan gerah, tibakipun penjenengan malah sampun tindak-tindak.
  3. Kula trimah ngangge punika kemawon, panjenengan kula aturi ngagem busana ingkang sae.
  4. Bu, kula nyuwun pamit badhe dhateng Surabaya, seminggu malih kula sampun mantuk
  5. Manah kula kok raos mboten sekeca. Punapa penggalih panjenengan ugi kraos kados manah kula?
  6. Benjing-enjing kula gadhah damel mantu. Panjenengan kula suwun rawuh wonten griya kula.
  7. Kagunganipun dalem punapa sampun dados? Punapa panjenengan sampun ngaturi priksa dhateng ingkang eyang, manawi panjenengan ngasta dalem?
  8. Benjing manawi kakangmas kagungan kersa, kula nyuwun panjenengan timbali.
  9. Criyosipun ingkang ibu tindakan! Punapa sapunika sampun kondur? Panjenengan dipun angsal-angsali punapa ?
  10. Kula kepengin nglajengaken sekolah kula, kula aturi mujekaken gangsar lan wilujeng !


VI. KASUSASTRAN

Rumpakan puisi Jawa iku warna-warna wujude, kaya ta : kakawin, kidung, Tembang Macapat, Tembang Tengahan, Tembang Puisi Jawa gagrag anyar.


A. KAKAWIN

kakawin iku jinising puisi basa Kawi (basa Jawa Kuna) kanthi irama India, kaiket ing wewaton :

— kudu patang gatra — cacahing wanda ing saben sagatrane kudu padha. [ 43 ]— dawa-cendhak abot-entheng ing swara (guru/lagu)

  Swara dawa = guru tandhane
  Swara cendhak = lagu tandhane


Tuladha :

   Wat - tra - ning - ca - ri - teng - lam - bang

   stri - wi - yo - ga - di - no - han - sih

   Suk - se - kan - da - ni - duh - kha - gong

   tan - wru - hing - da - ya - yan - ka - ngen


Katrangan :

— tembung kakawin iku asale saka tembung Sansekerta kawi (= penyair)
kang nganggit kawya (= sair)
kakawin kena diarani tembang gedhe kuna.


Layang-layang kang adhapur kakawin iku kaya ta:

   — Arjuna Wiwaha

   — Bharatayuda

   — Gathutkacasraya

   — Bhoma - Kawya


B. TEMBANG TENGAHAN
(KIDUNG)

 TembangTengahan iku satemene uga tembang Macapat nanging wis ora populer, wis arang-arang kesrambah, uga nganggo ngelingi :

  — Guru wilangan (cacahing wanda ing saben sagatra)

  — Guru lagu (dhong-ding = swara ing pungkasaning gatra).


 Buku kang isi crita nganggo tembangTengahan iku arane kidung, upamane : Kidung Sundhayana, Kidung Ranggalawe lsp


 Dene kang klebu ewoning tembangTengahan iku :

— Balabak — Jurudemung
— Wirangrong — Jurudemung
[ 44 ]Tuladha :

1. JURUDEMUNG (7 gatra) : 8a, 8u,-8u, 8a, 8u, 8a, 8u.

Niajeng mring gandhok wetan,
wus panggih lan rara Mendut,
alon wijile kang wuwus,
"Heh Mendut pamitanira,
adhedhasar adol bungkus,
wus katur sarta kalilan,
dening jeng Kyai Tumenggung.

    (Pranacitra)

2. WIRANGRONG (6 gatra) : 8i, 80, 10u, 6i, 7a, 8a.

Andedulu ing samargi,
langening enu katongtong,
surem-surem ri sang hima naput,
pak-ampak nglimputi,
luhuring sri narendra,
prabu Harjunawijaya.

    (Harjunasasra)

3. BALABAK (6 gatra) : 12a, 3e, 12a, 3e, 12a, 3e, 12a, 3e.

Para mudha tamenging nusa lan bangsa,
dadine,
aneng sira mulya makmuring nagara,
dununge,
sira samya kajibah mbangun nagara,
yektine.


4. GIRISA (8 gatra) : 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, Ba, 8a, Ba.

Dén bisa nampani padha,
mungguh sasmitaning suksma,
ingkang padha marang sira,
wineruhken becik ala,
anygah karepanira,
kang marang panggave ala,
kang tumiba siya-siya,
yaiku paring Hyang Suksma.

    (PG IV - Wulangreh) [ 45 ]

C TEMBANG MACAPAT


Tembang Macapat (tembang cilik) iku tembang kang kaiket ing wewaton (guru) mangkene :

a. guru gatra : Cacahing gatra saben sapada

b. guru wilangan : cacahing wanda saben gatrane

c. guru lagu : dhong-dhing ing saben pungkasaning gatra

Dene cacahe tambang Macapat ana 11 iji, yaiku :

a. Gambuh
b. Mijil
c. Pucung
d. Megatruh
e. Kinanthi
f. Maskumambang
g. Durma
h. Pangkur
i. Asmaradana
j. Dhandhanggula

k. Sinom

7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
12u, 6a, 8i, 12a
12u, 8i, 8u, 8, 8o
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
12i, 6a, 8i, 8a
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a
8a 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8l, 12a

(5 gatra)
(6 gatra)
(4 gatra)
(5 gatra)
(6 gatra)
(4 gatra)
(7 gatra)
(7 gatra)
(7 gatra)
(10 gatra)

(9 gatra)

D. TEMBANG GEDHE

 Tembang Gedhe ing jaman saiki iku satemene niru Tembang Gedhe kuna kang aran Kakawin, yaiku kang kaiket ing wewaton :

 - guru wilangan

 - guru lagu, yaiku abot enthenging swara utawa dawa cendhaking wanda.

Rehning ing jaman saiki umume wis padha ora ngreti marang abot enthenging swara apa dene dawa cendhaking swara, pandhapuking tembang Gedhe mung nganggo wewaton :

 - Cacahing wanda ing dalem sagatra kang diarani laku, lan cacahing wanda saben gatra padha bae.

  Ing jaman saiki tembang Gedhe iku mung kanggo mbukani gendhing. Cacahing tembang Gedhe luwih akeh tinimbang tembang Macapat lan tembang tengahan. [ 46 ]Tuladha: Pethikan saka layang Sendhon langen swara anggitan dalem Mangkunagara IV.

1. Citramengeng, laku 12 bali kaping 4, kapedhot 6/6 :

    Lamun sira kaki, dumadi prajurit,
    den bisa tulada, patih Mahespaiti,
    lelabuhanira, ingkang triprakara,
    guna, kaya, purun, estu yen utama.

2. Kusumastuti, laku 13, bali kaping 4, kapedhot 7/6

    Dhuh kulup putraningsun, sireku wus wanci,
    pisah lan jeneng ing wang, ywa kulineng ardi,
    becik sira neng praja, suwiteng narpati,
    nanging ta wekasingwang, ywa pegat teteki.

3. Mintajiwa, laku 16, bali kaping 4, kapedhot 8/8

    Larasing reh sang ener kung,. ing dyah lan kapadhan ing sih,
    kasangsaya ing jurida: rudatine angranuhi,
    ngrancaka tanah wigena, ginupita ing sahari,
    rinipta pama puspita, pantes patrape kang warni.

E. RUMPAKAN PUISI JAWA GAGRAG ANYAR

 Rumpakan puisi Jawa gagrag anyar iku rumpakan puisi kang ora kaiket wewaton kaya ing rumpakan tembang (puisi tradisional Jawa) kang arupa : Cacahing gatra saben Sapada, guru wilangan, guru lagu. Edi penining rumpakan mung ngendelake :

- pilihaning tembung-tembung kang mentes

- wirama

- busananing basa kang awujud : purwakanthi, dwipurwa seselan um, utawa in. [ 47 ]
WANITA UTAMA

Dhasar wanita utama mbangun turut pituturing rama ibu,
Ra ngowahi tata-cara senadyan ta jaman maju.

Dhasar wanita utama yen sinawang gandes luwes sak-solahe,
Menganggo sarwa prasaja nanging dadi lan pantese

Tata-cara iku pusakaning bangsa,
Tata-krama gawe ajining sarira

Dhasar wanita utama tansah bisa agawe reseping kalbu,
Muga dadia tuladha candraning wanita tuhu.

S. Dharmanto

____***____
[ 48 ]
WULANGAN 4

I. WACAN

A. Wacanen batin kang premati!

ATUR PAMBAGYA SYUKURAN LULUS SARJANA
 Nuwun, para sadherek kakung-putri ingkang tuhu minulya, para pinisepuh ingkang tuhu kinabekten. Ing saderengipun kula matur wonten_ngarsa panjenengan sami, keparengakula nyuwun gunging samodra pangaksami, awit kula sampun kumawante ngadeg wonten ngarsa panjenengan minangka susulihing para kanca nem-neman sedaya.
 Ingkang sepisan, sumangga kita gedaya amemuji wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwaos, awit saking keparengipun sarta berkahipun, kita tansah ginanjar ing kawilujengan. Saengga kita sedaya pikantuk kekiyatan lahir-batos saged anjenengi pahargyan dalu menika.
 Kados sampun kapacak wonten ing kintaka-adi, sarta sampun kasebat ing ngajeng, bilih dinten punika penggalihipun Bapak saha Ibu Darsowiyono sakulawarga, mliginipun Kangmas Wasito Sulaksono, rumaos bebeg, bombong lan mokog awit punapa ingkang dados gegayuhanipun sampun saestu kasem-

badan. Inggih punika rikala tanggal 25 Juli 1988 dereng dangu punika, Kangmas Wasito Sulaksono sampun winisudha minangka sarjana ing babagan basa lan kasusastran Jawi saking jurusan Basa lan Sastra Jawi, Fakultas Sastra Budaya Universitas Sebelas Maret ing Surakarta.

 Ingkang sayektos damel bombong sarta mongkog boten wonten sanes awit Kangmas Wasito Sulaksono saged kalampahan lulus kanthi biji ingkang maremaken. Liripun lulusipun pikantuk pangalembana:saking para guru sarjana sujananing basa lan kasusastran Jawi ingkang tinanggenah andadar menggah kalantipan sarta kawasisanipun Kangmas Wasito Sulaksono. [ 49 ]
 Pramila boten sanes kula sakanca andherek muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan, mugi-mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipan punika Kakangmas Drs. Wasito Sulaksono lajeng rumaos pinecut ndherek ndhidhik lan nyengkuyung ajengipun bangsa sarta nagari, cundhuk kaliyan ngelmu ingkang sampun karengkuh. Punapa malih ing wekdal punika kawontenanipun basa lan kasusastran Jawi ingkang taksih mrihatosaken, lan Kakangmas Drs. Wasito Sulaksono minangka sarjana sujana ing babagan basa lan kasusastran Jawi ingkang mumpuni dhumateng reh basa jan paramasastra.
 Mila saestu kapasangyoga manawi tembenipun Kangmas Drs. Wasito Sulaksono kersa kanthi dhanganing panggalih ambyur wonten ing samadyaning bebrayan, anggulawenthah bebrayan agung ing babagan kautamen anggegilut lan angipuk-ipuk murih lestarining kabudayan warisan leluhur punika.
 Sinten malih ingkang kedah cancut-taliwanda anggigah kita Jawi ingkang wekdal menika taksih kasengsem dhumateng kabudayan sanes, lan salajengipun purun nggilut kabudayanipun piyambak kejawi kita sedaya para mudha. Jejibahan menika pancen awrat ketingalipun, nanging manawi saestu katindakaken kanthi esthining manah, sayektos inggih badhe wonten uwohipun. Lan uwoh ingkang kita idham-idhamaken boten sanes inggih mekar lan tumangkaripun kabudayan Jawi ingkang tansah anggadhahi greget lan kapitadosan ingkang tumemen, bilih sayektosipun kabudayan Jawi minika boten kasingsal manawi katandhing kabudayan manca.
 Para rawuh, Bapak Ibu Darsoseateno sarta kangmas Drs. Wasito Sulaksono ingkang kula tresnani. Makaten rerocening basa ingkang saged kula aturaken ing wekdal punika minangkani sesulihing para kadang mudha sedaya. Bokbilih ingkang sampun katur kalawau karaos angandhar-andhar angendhukur sarta ingkang kirang trapsila menggah pahargyan dalum menika, ing mriki kula minangka manungsa wantah bokbilih wonten kekirangan sarta kiang leresing subasita nyuwun gunging pangaksami. Dhumateng Kangmas Drs. Wasito Sulaksono sugeng makarya kanthi greget enggal, mugi-mugi Gusti tansah anjangkungana.

 Matur nuwun. [ 50 ]B. Wangsulana pitakon-pitakon iki !

1. Sapa sing ngaturake pambagya lulusan sarjana ?
2. Sapa ta sing lulus sarjana iku, lan sapa sing ngahakake syukuran?
3. Sing ngaturake pambagya iku rumangsa bombong lan mongkog amarga apa ?
4. Apa kang dadi pangarep-arep para sing rawuh ing sukuran iku gandheng ana kang lulus sarjana basa lan kasusastran Jawa iku ?
5. Sapa sing kuwajiban ngelingake marang para mudha kang isih kasengsem marang kabudayan manca ?
6. Jejibahan kang kasebut nomer lima ing dhuwur iku sajatine ora abot nalare kepriye ?
7. Apa isining panutupe atur pambagya lulusan sarjana ing dhuwur iku ?


C. Lagu / pocapan

1. Ucapna sing bener !

(a). kara
karana
wada
wadana
dara
darana

prahara
pahargya
pambagya
mangkana
prabawa
prasaja

(b). wadana
prahara
prabawa
karana
pahargya

- wadananipun
- praharane
- prabawanipun
- karananipun
- pahargyanipun

2. Bukumu tutupen, ayo dhikte kaya ing dhuwur iku !


II. KAWRUH BASA

A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara ! [ 51 ]

pambagya = pambage, pakurmatan
tuhu minulya = nyata kinurmatan
pinisepuh = ingkang dipun anggep sepuh
kinabekten = dipun bekteni
pangaksami = pangapunten
samodra pangaksami = pangapunten ingkang ageng sanget
berkahipun = pangestunipun, pandonganipun
ajenengi = nunggoni perlu ngaat-awati
pahargyan = pakurmatan
kapacak = kasebutake
adi = becik, endah
bombong = seneng, bungah, mantep
bebeg (atine) = atine kebak ing rasa
mongkog = gedhe atine
kasembadan = klakon kang diarep-arep, sarwa kacukupan
winisudha = diunggahake pangkate (tatarane)
sarjana = wong pinter (putus ing kawruh)
sujana = wong pinter, wong linuwih
tinanggenah = dipitaya nindakake pakaryan
ndadar = neter
lantip = gathekan, landhep pikirane
cundhuk kaliyan = cocog (selaras) kaliyan ...
karengkuh = dianggep kaya dene
mumpuni = nguwasani pinter ing sakehing kawruh
tembenipun = benjingipun
nggegilut = tansah marsudi
greget = mempeng, derenging ati arep tumandang
kasingsal = uwal saka kontal adoh
minangkani = nuruti, nglaksanani
subasita = tatakramaning pasrawungan
njangkung = njampangi, memanuki saka kadohan
[ 52 ]B. Tembung-tembung kang dikurung iki pilihen endi sing cocog karo ukarane!
  1. Sedulur tuwa saiki wis entuk (kanugrahan, ganjaran, paringan), ing Pangeran, dene wis bisa nduweni turun.
  2. Anggonku setya dadi guru wis ana 40 taun, mula dina wingi aku oleh (kanugrahan, ganjaran, paringan) saka pamarentah arupa Satya Lancana.
  3. Saben taun para pembantu.rumah tangga padha tampa (kanugrahan, ganjaran, paringan) saka sing didhereki arupa sandhangan sapengadeg.
  4. Wis sesasi iki barang-barangku kang ana ing gudhang tansah kalong-kalong dicolong uwong, ndilalah mau bengi mbeneri aku matu bisa (nyekseni,nyumurupi, ngonangi) sapa sing gawene nyolong.
  5. Aku dak melu (nyekseni,nyumurupi, ngonangi) anggonmu janjji arep nukokake sepedha adhimu.
  6. Kowe dhewe rakya wis tau (nyekseni,nyumurupi, ngonangi) anggonku sinau klompok, ta?
  7. Wah (nlangsa, susah, nggrates) banget atiku bareng anggonku nggarap testing calon pegawe ora rampung. Mangka sajatine aku bisa kabeh.
  8. Ya ora maido manawa pamanmu (nlangsa, susah, nggrantes) panggalihe, lah wong bandhane wis entek-entekan kanggo nambakake putrane olehe lara tetaunan, kathik ora bisa ngukup pisan.
  9. Toni, ora mung pisan olehmu gawe (nlangsa, susah, nggrantes) marang aku. Angger aku arep budhal menyang kantor, sepedha motore mesthi wis kothong bengsine.
  10. Eyang nile ndedonga muga-muga kowe oleh jodho sing (kebeneran, cocog, mathuk), bisa nyembadani lan tanggung jawab marang kulawarga.
  11. Yen Narta-arep kojodhokake karo Narsi sing terang ora (kebeneran, cocog, mathuk), lah wong pacah loro iku ngalor-ngidul wewatekane.
  12. Saoto karo iwak empal iku kanggoku pancen (kebeneran, cocog, mathuk) banget. [ 53 ]C. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iku, supaya cetha bedaning tegese !
1. ngguyu - mesem - cekakakan
2. ngawasake - ngulatake - namatake
3. ngandhani - nuturi - ndunungake
4. nyelehake - mapanake - mrenahake


D. Paribasan iki salinana paribasan liyane kang padha tegese! Tembung-tembung sing dikurung ing sisih tengene minangka ancer-ancere!

1. Pitik trondhol diumbar ing padaringan (wedhus)
2. Madu balung tanpa isi (asu).
3. Kajugrugan gunung menyan (madu).
4. Dadia godhong suthik nyuwek (banyu).
5. Suwe mijet wohing ranti (timun).
6. Bau kapine (cindhe).
7. Ambuwang rase nemu kuwuk (uceng).
8. Dhayung oleh kedhung (bubuk).
9. Adus kringet (teken).
10. Nggegem tangan (dhengkul).
11. Ati bengkong oleh oncong (dhayung).
12. Atine ati dhondhong (wulu).
13. Keguguran wukir sari (cepaka).
14. Empol pinecok (gudir).
15. Ngungkak krama (tata).
16. Geguyon dadi tangisan (kriwikan).


E. Isenana candrane !

1. Raden Gathutkaca iku otot ..., balung ...., sungsum ...., kulit ..., daging ..., driji sikut..., dhengkul.., ngagem caping .... kotang .... udan datan ..., panas datan kepanasan, bisa mletik tanpa ...., bisa mabur tanpa ....
2. Lakune lengket-lengket kaya ....
3. Untabing wadyabala kaya ....
4. Antenge kaya ......
5: Swarane kaya ....
6. Lakune baris kaya ....
7. Lingak-linguk kaya .....
8. Rukune kaya mimi lan mintuna [ 54 ]

  1. Ramene lir prahara
  2. Jogede mucang
  3. Lembehane kaya
  4. Cukate kaya
  5. Bungahe kaya nemu napaka
  6. Mungsuh padha bubar resik kaya
  7. Eseme
  8. Kopat-kapita kaya ula..... , kekejer kaya manuk ....
III. PARAMASASTRA
Terangna tegese panambang an ing tembung-tembung kang kaecep kandel ing ukara-ukara iki!
  1. Beras kang disimpen ana lumbung iku gonen, nanging para bakul beras iku kulake kwintalan lan adole kilon, mula mesthi sedhiya timbangan.
  2. Yen sela ayo sesuk bengi padha sowan menyang Kusumoyudan, marga kana lagi wayangan.
  3. Eyang aturana unjukan karo dhaharan saanane, kareben dhahar lesehan bae! Yen wis rampung rak banjur sarean.
  4. Adhiku pancen nakal banget, kerep jiwitan karo kancane dolanan lan mesthi tangisan marga nyilih dolanan kancane ora oleh.
  5. Aku golekna utangan sepuluh ewu rupiyah bae sing ora nganggo anakan, ee nance mbayar sewan omah sing dak-enggoni iki !
  6. Adhiku wadon saiki lagi pasaran ana ngarepan karo kanca-kancane.
  7. Iku dhuwite tukon buku wacan kanggo kowe.
  8. Eyang dhawuh mundhutake bobok leson kagem bobokanmengko bengi.
  9. Wajan gedhe iku kanggo gorengan cukupan, marga gorengane gelis mateng lan ora gampang gosong.
  10. Dina iki tanggaku sing ngarep selapanan bayen, tanggaku sing buri pitungdinan kanggo anake sing wis ora ana. [ 55 ]IV. NULIS
A. Pacelathon iki tulisen maneh lan wenehana tandha-tandha panulisan miturut surasane!
darya : kula nuwun
priya : onak darya ayo nak lenggah kene
darya : inggih namung sowan kemawon sampun sawatawis dangu kula boten ketingal wonten ngarsanipun bapak kaliyan anu pak kula kepengin maos serat-serat jawi
driya : ya sokur ta yen mung ngono lah sing dikersakake bujawa apa
darya : manawi wonten serat-serat anggitanipun raden kai behi ranggawarsita


B. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener!

  1. Lintange pating krelip abyor ana langit.
  2. Ana apa Trenggana liwat kreteg karo krenggosan iku ?
  3. Si Bagya udan-udan mulih ngeproh.
  4. Madyana byur-byuran saka kreteg.
  5. Larone byuk-byukan nan lampu.


V. UNGGAH-UNGGUH

Pacelathon iki ngokokna banjur majua menyang ngarep klas ngloro-ngloro nirokake !

NGUDI SUGIH KAGUNAN JOGED


Ibu Sri : "O, Mbakyu Brata ! Saking pundi, Mbakyu kok mawi dipun dherekaken ingkang putra? Mangga pinarak rumiyin!”
Ibu Brata : "Inggih Jeng. Anu, kula punika ngeteraken lan nenggani gendhuk anggenipun ajar joged.”
Ibu Sri : "Iya ndhuk? Wis bisa njoged apa bae ? Sing nganti pinter tenan lo anggone njoged ! Pawitane ora kena jelehan."
Gendhuk : "Saweg saged njoged sawatawis warni : golek, Minak Jingga - Dayun, Kupu-kupu, Gambyong.”

[ 56 ]

Ibu Sri : "Wah, lah kok wis pirang-pirang warna ! Apa wis tau digebyagkake ?"
Ibu Brata : "Sampun Jeng. Malah sampun wongsal-wangsul. Etangipun gendhuk punika radi kepilih. Jogedipun mila katingal luwes."
Ibu Sri : Temtu kemawon luwes. Lah ingkang dipun tiru sinten, yen boten Mbakyu. Anu lo ndhuk, ibu biyen dhek isih timur iya dadi pilihan saka anggone pinter njoged. Yen ibumu biyen njoged wong-wong padha gumun luwese. Nganti pating domblong sing padha nonton."
Ibu Brata : "Ah, Jeng Sri kuwi ndhuk, wiwit biyen gawene mung ngàlem ibu. Rak inggih ta Jeng? Lah ingkang putra ingkang, wasis njoged "Kuda Lumping" punika wonten pundi?"
Ibu Sri : Wonten Jakarta. Wonten ngrika rekanipun inggih ngedegaken sekolah joged. Malah ingkang sami ajar ingkang kathah tiyang-tiyang manca. Wonten tiyang Walandi, tiyang Inggris, tiyang Perancis, Amerika, taksih wonten malih Mbakyu, kula kirang dhamang."
Ibu Brata : "Makaten punika kula inggih mangertos saking serat kabar. Malah gajegipun ingkang putra sampun mider donya. Dumugi Inggris, Jerman, Perancis, Sepanyol, Buur Amerika. Makaten ingkang kawrat wonten serat kabar
Ibu Sri : "Kasinggihan, mila makaten Mbakyu. Cariyosipun thole, tiyang Eropa punapa dene Amerika punika sami gandrung joged Jawi. Sami sinau njoged Gambyong, Srimpi, Bedhaya. Ugi sami ajar joged kreasi enggal punapa."
Ibu Brata : "Inggih makaten Mbakyu. Tiyang joged lami lan enggal punika inggih sami dene kabudayan Jawi, seni joged Jawi. Joged Jawi punika sampun kawentar sadonya. Sinten ingkang boten gandrung, tiyang alus lan gambaranipun kados ngaten."


VI. KASUSASTRAN

A. Pidhato

Wacan kanthi irah-irahan "Atur Pambagya Syukuran Lulusan Sarjana" ing dhuwur iku apalna, banjur majua ana ngarep klas pidhatokna! [ 57 ]Penget :

Olehmu pidhato (ora maca) kudu nganggo lagu lan pocapan kang luwes, dikantheni solah bawa / mimik !


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

1. Apa bedane tembang Gedhe Anyar karo tembang Gedhe Kuna (Kakawin) ?
2. Tembang Tengahan karo Tembang Macapat iku satemene padha bae. Loro-lorone kaiket ing apa ?
3. Kapriye guru wilangane lan guru lagune (dhong-dhinge) tembang Kinanthi ?
4. Njupuk lakon saka ngendi wayang-wayang iki?
a. Wayang Purwa
b. Wayang Klithik.
c. Wayang Beber.
d. Wayang Gedhog.
5. Layang isi bab crita wayang iki anggitane sapa ?
a. Abimanyu kerem.
b. Srikandhi maguru manah.
c. Parta krama.
d. Jagal Bilawa.
e. Semar njantur.
6. Ngaranana Kekawin weton jaman Kediri !
Kandhakna pisan pujanggane!
7. Ngaranana layang weton jaman Majapait, lan sebutna panganggite! Jawa kuna enom.
8. Layang kuna apa sing isi bab carita wayang?
9. Ngaranana layang anyar sing isi carita wayang!
10. Apa sing marakake kasusrane pujangga R. Ng. Ronggowarsita ? Ngaranana buku anggitane sawatara !
11. Ngaranana priyagung kang kagungan anggitan ! Aranana apa anggitane!
12. Sapa sing mbangun kekawin Ramayana dadi Serat Rama?
13. Kekawin iku katulis nganggo basa apa ?
14. Perang Baratayuda iku perange sapa?
Sapa sing menang ?
15. Sapa sing ngratoni : Ngastina, Amarta, Ngalengka, Dwarawati, Maespati, Mandura, Wiratha? [ 58 ]

  1. Sapa iki : Sembadra, Drupads, Bagong, Srikandi, Sinta, Banowati, Arimbi ?
  2. Tembang Macapat apa sing watake : galak, ngresepake, sembrana pari kena, sedhih, ngeres-eresi ?
  3. Tembang apa sing kaiket guru lagu, lan guru wilangan ?
[ 59 ]
WULANGAN 5

A. Wacanen batin

PERSAMI


Warsito : "Priye Tom, wis kok siyapake kabeh gawanmu?”
Sutomo : "Ooo, jelas ! Kabeh wis siyap. Kari nunggu Badri. Mengko sedhela maneh dheweke mesthi teka.”
Warsito : "Apa wae ta piranti sing kudu kok gawa?”
Sutomo : "Lha iki! Bantal, klasa, lampu petromak, lan kompor.”
Warsito : "Wingi kae Ketua Regu masrahi aku nggawa baterei, dandang karo ember. Nanging . . . dandange sing aku ora bisa nggawa, Tom!”
Sutomo : "Lho, lha kepriye?”
Warsito : "Dandange simbok dienggo dhewe.”
Sutomo : "Cilaka-ane ! Kowe kok ora kandha wingi ta War! Ngertia ngono aku nyilih dandange Mbakyu Tarmi. Ing kana dandange loro. Dadi bisa digawa siji.”
Badri : "Tuluuung . . . direwangi !" (Bengok-bengok saka kadohan).
Sutomo : “Ngapa ?”
Badri : "Iki, aku kabotan. Nggawa kayu bakar karo wajan”
Sutomo : “Ah, kowe ana-ana bae! Supaya ora kabotan, carane nggawa kudu sing bener! Ora pating pendhosol kaya ngene iki!”
Badri : "Wah, iki Den Warsito. Jebul wis tekan kene. Tiwas mau dakbengoki!”
Warsito : “Aku lagi bae kok, Badri.”
Badri : “Lha nanging wis jangkep kabeh gawanmu?”
Warsito : “Durung ! Aku ora bisa nggawa dandang. Sesuk arep dianggo Simbok.”
Badri : "Waah, kowe ya lagi kandha! Mbok ing kelas mau ngomong! Apa mangkene bae, mengko mangkate liwat omahku. Aku dak-njupuk dandang?"

[ 60 ]

Sutomo : "Iya becik mangkono. Lha saiki kari nunggu Ketua Regu. Purwanto kae yen ora ditunggu sakancanesok nesu."
Badri : "Iya ditunggu dhisik. Iki lagi jam siji. Mangka madege tendha jam telu. Isih cukup kanggo mlaku lan nunggu kanca.”
Warsito : "Utawa tinimbang nganggur apa ora luwih becik kanggo golek dandang?”
Badri : "Aaaah....ora perlu ribut! Mengko mampir omahku. Tanggung beres!”
Sutomo : "Lha kae ! Purwanto teka ! Wadhuh, gawane kok mbrengkut! Gek kaya wong arep transmigrasi. Apa wae sing digawa kae?”
Badri : "Selamat siang, Tuan Besar. . . !” (karo manthuk,kurmat)
Purwanto : "Huss ...aja padha ngece! Ayo iki direwang-rewangi!"
Sutomo : "Siyap! Endi sing perlu digawakake?"
Purwanto : (Ngulungake ransel karo tendha). "Enya. Iki aku tak nggawa piranti masak.”
Badri : “Iki sajake ana sing kelalen, Pur!”
Purwanto : “Apa?”
Badri : “Lading. Peso dhaput karo korek api.”
Purwanto : “Wadhuh! Iya, aku kelalen, Badri. Mengko aku dak mlayu sedhela. Tulung iki dipinggirake dhisik.”
Badri : “Ora perlu mlayu. Aku wis siyap. Aku wis nggagas, kowe mesthi lali.”
Purwanto : "Wah, kowe kok ya pinter temen, ta Badri?”
Warsito : "Aku uga durung nggawa dandang, Pur?”
Purwanto : "Lhooo....lha priye? Iki rak tanggung jawabmu, War."
Warsito : “Iya. Nanging dandangku mung siji. Gek sesuk arep dianggo simbok, jare. Nanging Badri wis siyap. Dandang ing omahe ana loro. Arep digawa siji."
Purwanto : "Lha iki ndadak kudu mbaleni menyang omahe Badri maneh?”
Badri : “Ora kudu mbolan- mbaleni, Pur. Mengko mangkat bareng liwat cedhak omahku kana. Aku dak mampir sedhela njupuk dandang.”

[ 61 ]

Purwanto : "Oiya. Setuju aku ! Wis saiki ayo mangkat bareng. Kak Solikhin wis nunggu regune dhewe ing ngarep sekolahan kana.”
Badri : “Iya ayo ! Ja lali lho ! MengKo aku dielingake ! Njupuk cathetan Dasa Dharma ing kelas !"
Sutomo : "Bereees...” (Bocah papat banjur padha mangkat bebarengan).


B.Wangsulana pitakon-pitakon iki !

  1. Piranti apa bae kang kanggo kaperluan Persami iku ?
  2. Kepriye carane nganakake Pieri pang kang dibutuhake iku ?
  3. Piranti-piranti dhapur sing diperlokake isih kurang siji. Apa kuwi lan sapa sabenere sing kajibah nggawa?
  4. Sapa sing ngganepi kekurangane piranti dhapur iku ?
  5. Sapa sing dadi Ketua Regu ing Persami iku ? Kepriye kalageyane ?
  6. Sapa sing disapa "Tuan Besar” iku lan kepriye anggone naggapi?
  7. Sapa sing nggawa peso dhapur ?

C. Lagu / pocapan

Ukara-ukara pitakon iku ucapna nganggo lagu sing luwes !

  1. Priye Tom wis kok siyapake kabeh gawanmu ?
  2. Apa gawanmu wis kak siyapake kabeh, Tom ?
  3. Gawanmu apa wis kok siyapake kabeh, Tom ?
  4. Utawa tinimbang nganggur apa ora luwih becik kanggo golek dandang ?
  5. Utawa tinimbang nganggur, apa ora luwih becik kanggo golek dandang ?
  6. Apa ora luwih becik kanggo golak dandang, tinimbang nganggur ?
  7. Wah, kowe kok ya pinter temen ta, Badri ?
  8. Rak luwih becik. kangge golek dandang, ta, tinimbang nganggur ?
  9. Apa ora luwih becik kanggo golek dandang, tinimbang nganggur ? [ 62 ]II. KAWRUH BASA

A. Isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing ngisor kang mathuk !

1. Janji Pramuka Siaga iku arane ....
2. Janji Pramuka Penggalang iku arane ...
3. Katetepaning moral kanggo Pramuka Siaga ku arane ....
4. Katetepaning moral kanggo Pramuka Penggalang arane .
5. Janji Pramuka Penegak lan Pramuka Pandhega sarta Anggota Dewasa iku arane....
6. Satuan Pramuka Penggalang iku arane ....
7. Satuan Pramuka Penegak iku arane...
8. Satuan Pramuka Pandhega iku arane ....
9. Pakemahan Pramuka Siaga iku arane .....
10. Pakemahan Pramuka Penggalang iku arane ....
11. Pakemahan Kusus kanggo para Penegak/Pandhega anggota SAKA arane ....
12. Peta perjalanan Pramuka kang awujud kertas gulungan kaya pita mesin tik arane....

Trisatya
Dasadarma
Dwidarma
Dwisatya

pasukan
racana
Pesta Siaga
Trisatya

Pesta Karya
Pèta Pita
ambalan
jambore


B. CANGKRIMAN = BEDHEKAN

Cangkriman (bedhekan) iku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibedhek karepe.

Tuladha : - Pitik walik saba kebon = nanas
- Sega sakepel dirubung tinggi = salak

Cangkriman-cangkriman ing ngisor iku batangen karepe !

1. Embokne dielus-elus. anake diidak-idak.
2. Yen mandheg sikile sepuluh. yen mlaku sikile loro.
3. Yen pinuju isi mengkurep. yen pinuju kothong mlumah.
4. Disawang saka ngendi bae methok.
5. Yen mangan ana ngendhas, yen turu ana ngendhas, yen ngising ya ana ngendhas. [ 63 ]

  1. Bapak pucung, tenteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring.
  2. Bapak pucung, awakmu prasasat gunung, papane ing Plembang, dedegira ageng inggil. Yen lumaku si pucung lembehan grana
C. SREKALAN = PLESEDAN = BLENDERAN
Yaiku cangkriman isi plesedan (blenderan).
Coba bedheken
  1. Wong-wong sing adol pitik ana pasar mau pada disrimpungi.
  2. Sing adol krambil padha dikepruki
  3. Yen ana sapi marep ngalor, buntute ana ngendi
  4. Lawa lima, kalong telu, dadi pira?
  5. Gandhenana endhase, bubutana wulune, kathik bisa mabur
  6. Wong jajan ana pinggir dalan ora oleh pulisi
  7. Parta wingi dadi manten, nanging ora gelem diiringake. Sababe apa.?
  8. Apa bisa wong nylumbat krambil nganggo kathok ?
D. Apa tegese sanepa ing ngisor iki ?
  1. Pikirane landhep dhengkul.
  2. Ulate bening leri.
  3. Utange arang wulune kucing.
  4. Eseme pait madu.
  5. Rindhik kirik digitik.
  6. Suwe mijet wohing ranti.
  7. Rasane legi butrawali.
  8. Cahyane abang dluwang.
  9. Anggone memitran renggang gula kumepyur pulut.
  10. Tatune arang kranjang.
  11. Lungguhe anteng kitiran.
  12. Playune lonjong botor. [ 64 ]III. PARAMASASTRA
Ukara-ukara iki udhalen !
  1. Ibu guru ngidini aku sakanca melu Persami.
  2. Kancaku sing lucu ndhagel ana Persami.
  3. Dhek Sabtu kanca-kanca Pramuka nganakake Persami ana Tawangmangu.
  4. Ibu mundhut lemari kanggo wadhah sandhangan.
  5. Kancaku lungguh sangga uwang.
  6. Kanthi akal julig malinge bisa lolos saka pakepungan.
  7. Adhiku sregep sinau supaya pinter.
  8. Para Pramuka nggawe piranti dhapur kanggo olah-olah ana Persami.
  9. Sirahe kancaku menyonyo ketiban bluluk.
  10. Dheweke nyengkakake garapan tanpa getung wektu.
IV. NULIS Gawea karangan nganggo basa krama kanthi irah- irahan :
MUNGGAH REDI

Penget:

- Irah- irahan ing dhuwur iku becike tambahana jenenge gunung endi sing wis tau-ko-unggahi.

- Topik-topik apa sing perlu ko- critakake, tulisen ana konsep, pilihen sing perlu-perlu, banjur urutna !

- Saben topik dadekna saparagrap. Mula saben topik katrangan-katrangan tambahane sing perlu-perlu.

- Aja lali gawe cengkorongan karangan.

- Ukurane sing cetha, tulisane sing rapi !


V. UNGGAH-UNGGUH

Pacelathon "Persami” ing dhuwur iku dadekna pacelathon nganggo basa krama lugu sing bener ! [ 65 ]VI. KASUSASTRAN

  1. Saben bocah papat latihana gawe adegan pacelathon “Persami” ing dhuwur :
    - sing dhisik dhewe iku patemone sapa karo sapa, banjur disusul sapa lan sateruse.
    - pocapan/lagune sing luwes kaya lumrahe yen padha guneman karo kanca-kancamu kae, aja lali solah bawa / mimik:
    - kena karo maca. sokur setengah apal. waton luwes adegane.
  2. Sawise saben bocah papat latihan, banjur majua ana ngarep klas nganakake adegan kang kasebut ing pacelathon "Persami".
  3. Luwes lan orane adegan bakal diparingi biji dening bapak Guru/ Ibu Guru. [ 66 ]I. W A C A N

A. Wacanen batin lan rasakna

W A N G S A L A N


S I N O M

Edane wong keneng guna,
ambathik sinambi nangis,
malam wutah belabaran,
geni mati muring-muring,
prembeyan mrebes mili,
gawangan sinendhal putung,
ya talah ta si kakang
puluh-puluh awak mami,
petis manis wis kudu dadi pocapan
  (petis manis= kecap)

KINANTHI

Kinanthi linging pitutur,
kenthang rambat menyan putih,
awasna dipun pratela,
noleha wirange wuri
cecangkok wohing kelapa
kang dadi pathoking urip.
kentang rambat  = tela
menyan putih  = wirang
wohing kelapa  = bathok


DHANDANGGULA

Carane wreksa ingkang jamang tambir,
ora gampang wong mengku negara,
baligo amba godhonge,
kudu sentoseng kalbu,
tengareng prang andheping riris.

[ 67 ]

den teteg trang ing cipta,
sendhang niring ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya menyan seta munggwing ardi,
yen apes kawirangan.

carang wreksa  = pang
jamang tambir  = wengku
baligo amba godhonge  = labu
tengareng prang  = teteg
andheging riris  = terang
sendhang niring ranu  = asat
kasang toya  = impes


P A N G K U R

Singgang gung kang piniyara,
mardi siswa kakawinineng estri,
wineh winulangken wadu,
peputhut mong Pregiwa
kang sumewa pasewakaning kalangun,
pangrangtamireng pradangga
sesendhonan genti-genti.
singgang gung kang piniyara  = winih
mardi siswa  = mulang
kakawinireng estri  = wadu
peputhut mong Pregiwa  = Janaloka
pangrantamireng pradangga  = sendhon


B. Wangsulana pitakon-pitakon iki !

  1. Ing tembang Sinom:

    a. Wangsalane ana pira, tulisen sing cetha !

    b. Sing dadi pocapan iku bab apa lan sapa?

    c. Kepriye kaanane wong kang kena guna ing tembang iku ?
  2. Ing tembang Kinanthi:
    a. Wangsalane ana pira, tulisen sing cetha !
    b. Kepriye pathokaning wong ngaurip miturut tembang Kinanthi ing dhuwur iku?
[ 68 ]3. Ing tembang Dhandhanggula

a. Wangsalane ana lima, tulisen sing cetha !
b. Wong mengku negara iku kudu kepriye miturut tembang Dhangdhanggula ing dhuwur iku?

4. Ing tembang Pangkur :
a. Wangsalane ana loro, tulisen sing cetha !
b. Sapa sing padha sesendhonan?

5. Tembang Sinom ing dhuwur iku wose nggambarake apa?

6. Tembang Kinanthi ing dhuwur iku wose ngelingake bab apa?

7. Tembang Dandhanggula, ing dhuwur woṣe iku ngandhakake apa ?

8. Ing tembang pangkur iku nelakake apa?

C. Nembang

Ayo padha ditembangake bebarengan !

D. Lagu/Pocapan

1. Ucapna sing bener !

(a). kala-kalo
sata-sato
ara-maro (b). paido-paidon
ngilo-ngilon
kalo-kalong (c). nangka-nangkane
kandha-kandhane
tangga-tanggane bonggol-bonggole

kira-kirab
suda-sudan
guwa-guwang
toko-tokoh
mlongo-mlongoh
bodho-bodhon
pondhok-pondhoke
komplot-komplote
bonggol-bonggole

2. Bukumu tutupen, ayo dhikte kaya ing dhuwur iku !


II. KAWRUH BASA

A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara!

keneng guna = kena paeka
prembeyan = katon kaya arep nangis
[ 69 ]
gawangan : kayu/pring mawa palangan kanggo mbathik
puluh-puh : kepriye maneh wis kepeksa uripmu lah wong
awak mami : awakku
linging : kandhane, ujare
pratela : aweh weruh marang
wreksa : kayu, wit
carang : pange pring
mengku negara : nguwasani negara
kalbu : ati
tengareng prang : tandha (sasmita) ing prang
riris : grimis
cipta : gagasan, angen-angen
kasang : kanthong (kang dicangklong)
singgang : semen (thukulan) pari sabakdane dieneni
gung : gedhe
piniyara : diopeni
mardi siswa : merdi murid, mulang
kakawinireng estri : basane kawi ”estri”
wineh : diwenehake
winulangaken : diwulangake
wadu : wadon, estri
langun : langen, seneng, endah
ngramtam : ngrancang
pangrantam : carane ngrancang
pangrantamira + ing : pangrancange tumrap
pradangga : gamelan
sendhon : lelagon gamelan

[ 70 ]B. Kaanan lan tindak-tanduk iki golekana bebasane kang tinulis ana gisor !

1. Namakake panggawe ala sarana kongkonan.
2. Ndandani barang kang rusak banget. Wragade akeh, nanging bakal rusak maneh lan mesthi ora kanggo.
3. Wong lanang kang jirih.
4. Ngupaya barang ora mingsra ilang, ora sumbut karo rekasane.
5. Njabel kasaguhan kang wis dilairake. nyabut jonge.
6. Kang dikarepake bisaa.entuk, nanging aja nganti dadi rame.
7. Kari nemu kepenake tanpa rekasa, marga kabeh wis sarwa cumepak.
8. Ngrembug sawijining wong, nanging ditibakake wong liya ing sacedhake (nyemoni).
9. Sesrawungan karo wong ala, mesthi bakal katularan ala.
10. Wong kang tansah ngandhut semelang.
11. Mareni saka panggawe ala, batine isih kepengin nindakake maneh.
12. Ora menehi bandha lan ora menehi pratikel amrih becike.

Bebasan

a. Lanang kemangi
b. Idu didilat maneh
c. Nglungguhi klasa gumelar
d. Nabok nyilih tangan
e. Sandhing kirik gudhigen
f. Nyangoni kawula minggat
g. Nututi layangan pedhot

h. Ancik-ancik pucuking eri
i. Nggutuk lor kena kidul
j. Ora uwur ora sembur
k. Sedhakep ngawe-awe
l. Dikena iwake, aja nganti buthek banyune

C. Panganggone basa ing salah nanging kaprah (salah kaprah) diarani RURA BASA (basa rusak). Yen dibenerake dadi ora lumrah (aneh), dadine malah salah.

Tuladha:

1. nggodhog wedang benere nggodhog banyu, nanging ora lumrah (aneh)
2. nguleg sambel benere ngulek lombok uyah, nanging ora lumrah (aneh) [ 71 ]Tunggale:

Buktekna manawa kagolong rura basa !

1. ndheplok gethuk.
2. mikul dhawet
3. mbathik iket
4. menek krambil
5. adang thiwul

6. ngenam klasa
7. adang sega
8. ngombe kopi
9. nenun mori
10. ngantih benang


D. Apa tegese tembung-tembung sing kacithak kandel ing ngisor iki ?

1. Surya sampun serap.
2. Sapunika surya kaping 26 Rejeb.
3. Swaraning peksi sampun sirep.
4. Benteripun badan sampun sirep. 5. Resi Drona ing Soka Lima.
6. Resi kintunan arta saking Pos.
7. Lampahipun R. Wrekudara medal wanadri.
8. Nalika taksih enem ageng lampahipun. Sareng sepuh, manggih kamulyan.
9. Ringgit dalu punika mendhet lampahan Bima Suci.


III. PARAMASASTRA

Terangna tegese ater-ater "sa" ing tembung-tembung kang kaecap kandel ing ukara-ukara iki !


1. Aja nuruti sakarepe bocah, mula sapolah-polahe ya kudu diruruhi !
2. Yen kowe gelem mangana rambutan iki samaremmu, mumpung aku tuku sakranjang.
3. Entenana satekane kakangmu supaya ora gela. Mung bae sakwise satekane omahmiu mengko aja lali matur eyang.
4. Lho iki watu sagajah ana ing dalan kok cra disingkirake, apa wong-wong sakiwa tengene kene padha sarujuk yen digeser minggir !
5. Sapungkure bapak, eyang sapendhereke rawuh.
6. Pira regane bakal klambi iki sametere ? Aku arep tuku sacukupe wong loro bae, wong dhuwit sethithik ya sacukup-cukupe anggonku mblanjakake. [ 72 ] 7. Ana ing Jakarta Nardi karo Narta dadi saomah. Wis tau wong saomah lunga kabeh, bareng ana tamu kepeksa bali.
8. Olehku tuku jaran salapake iku mung Rp 500.000,00, lagi ana sataun.
9. Kandhaku marang kowe iku ora gawe-gawe, nanging sanyatane, merga satemene aku ya weruh dhewe.


IV. NULIS

A. Endi sing bener panulise tembung-tembung iki ?

1. nyangga - nyonggo
kandha - kondho
songgo - sangga
digontho - digantha
blanja - blonjo
kalian - kaliyan
2. tiyang Jawi - tiang Jawi
para pria - para priya
dibuang - dibuwang
kuwajiban - kuajiban
tukuwa - tukua

lambak - lombok
menggok - menggak
senggal - senggol
nggrantal - nggrontol
nggondhol - nggandhal
bagean - bageyan
krameyan - kramean
sesadean - sesadeyan
tujuan - tujuwan
njagoa - njagowa
mronowa - mronoa

B. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener !

1. majua
2. muliha
3. renea
4. milita
5. baliha
6. dibanda
7. digodhog
8. dibrondhol
9. mangka
10. mbrondholi

11. mbrondhol.
12. nomboki
13. ngayomi
14. ngladosaken
15. njangkepaken
16. njamoni
17. mendheti
18. mbedholake
19. nggondholi
20. ngragadi

[ 73 ]V. UNGGAH-UNGGUH

Wacanen lan rasakna bedane dialek-dialek ing ngisor iki !


YOGYAKARTA

1. Mas ajeng, 'mbenampeyan menapa kagungan sinjang seratan semen rama latar petak ?
2. Inggih gadah, negalo jing latar petak! Ingkeng latar cemeng inggih wonten.
1. Sampun, menika kemawon ingkang latar petak. Pinten pengaosipun salembar menika?
2. Mbenampeyan dawahi seket ewu rupiyah kemawon.
1. Iyak, kawisen mas ajeng! Tigang dasa ewu rupiyah, pareng ?
2. Dereng nderek manawi semanten.
1. Sampun ta kula indaki gangsal ewu rupiyah.
2. Injih ta sampun kula caosaken, taksih enjing kangge cunduk laris.
1. Sinjang cap mbenampeyan menapa inggih kagungan? Kula nyuwun sakodi kemawon.
2. Negalo 'mbenampeyan milih piyambak.
1. Sampun, menika kemawon. Kaparingaken pinten sakodi menika ?
2. Mbenampeyan pundut seket ewu rupiyah kemawon.
1. Enggal-enggalan kemawon, kawan dasa ewu rupiyah, pareng?
2. Awita sampun, kula caosaken.


1) mBenampeyan = panjenengan sampeyan
2) Negalo = inggih
3) Jing = sing
4) Injih = inggih
5) Awi = suwawi


BANYUMAS


1. Mas Nganten, napa sampeyan gadeh sinjang seratan semen rama latar petak ?
2. Enggih gadeh, niki sing latar petak ! Latar cemeng kula enggih gadeh.
1. Empun, sing latar petak niki mawon ! Ajeng ken pinten salembar niki?
2. Ken seket ewu rupiyah mawon. [ 74 ]1. Kawisen Mas Nganten! Nek suka kula tumbase tigang dasa ewu rupiyah mawon.
2. Dereng angsal nek semonten.
1. Empun gih, dimbuhi gangsal ewu rupiyah malih.
2. Enggih empun, kula sukakaken (paringaken) pumpung tesih enjing 'engge 'mbucal sebel.
1. Seniki kula ajeng tumbas sinjange cap sekodi mawon.
2. Mangga sampeyan milih kiyambak.
1. Empun, niki mawon. Pinten pengaose sekodi niki?
2. Ken seket ewu rupiyah mawon.
1. Empun gih, enggal-enggalan mawon, kawan dasa ewu rupiyah yen suka.
2. Enggih, daweg, empun niki kula sukakaken.


VI. KASUSASTRAN

Pethikan layang Wulangreh anggitane Sinuhun PB IV ing Surakarta iki wacanen batin dhisik, banjur tembangna !


WULANGREH
Kinanthi

I. Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, ing kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
II. Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lan aja kasukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala wataké wong suka, nyuda prayitna ing batin.
III. Yen wis tinitah wong agung, aja sira nggunggung dhiri, aja caket teket lan wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak, satemah anunulari.
IV. Nadyan asor wijilipun, yen kalakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
V. Yen wong anom pan wis tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, datan wurung bisa juti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.

[ 75 ]

VI. Sanajan ta nora milu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, yeku penuntuning eblis.
VII. Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.
VIII. Lan wong anom-anom iku, kang kanggo ing mangsa iki, andhap-asor dipun simpar, umbag gumunggunging dhiri, obrol umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.
IX. Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lalabete uga, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala lan becik.
X. Carita pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener lan kang ora, kalebu jro cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
XI. Mulane wong anom iku, becik ingkang ataberi, jajagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
XII. Ingkang becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing mangsa puniki.
XIII. Akeh wong kang sugih wuwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolihken ugi, panastene kang den umbar, tan na nganggo sawatawis.
XIV. Aja na wong bisa tutur, ngemungna ingsun pribadi, aja na kang amamadha, angrasa pinter pribadi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipun pareki.
XV. Sikakna den kaya asu, yen wong kang kaya mangkono ugi, dahwen open nora layak, yen sira sandhingan linggih, nora wurung katularan, becik singkirana ugi.
XVI. Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lair batin den estokna, saunine layang iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lair prapta ing batin.


___***___
[ 76 ]
WULANGAN 7

I. WACAN

A. Wacanen batin sing premati !

PEMILU


Pemilihan Umum kang sabanjure dicekak Pemilu, ing Indonesia diadani saben limang taun sepisan. Iki wis cundhuk klayan tumindake UUD 1945 kanthi mekarake demokrasi Pancasila. Mula wis samesthine manawa Pemilu mau sinebut uga pesta demokrasi. Yaiku pestane rakyat kanggo milih anggota-anggota DPR kang pinracaya ngembat bang-pangalumaluming negara.

Wiwit tumapake jaman Orde Baru saprene ing Indonesia wis kaping papat dianakake Pemilu. Pemilu kang pungkasan diadani tanggal 2 Mei 1987. Ing Pemilu mau kacathet ana kontestan cacah 3, yakuwi Partai Persatuan Pembangunan (PPP) mawa tandha gambar bintang, Golongan Karya (Golkar) mawa tandha gambar wit waringin, lan Partai Demokrasi Indonesia (PDI) mawa tandha gambar endhas bantheng.


Ing sajroning kampanye pancen rame. Prasasat tawa program digembar-gemborake mrana-mrene. Kabeh program sing ditawakake apik lan tharik-tharik. Lan kabeh mau ora liya iya rakyat kabeh kang kudu melu nyengkuyung.


Pancen swasana kampanye ing Indonesia ora padha karo kampanye ing sawatara negara manca. Ing negara manca ana kalane malah dadi pancakara, Nanging kampanye ing Indonesia ora mangkono. Kabeh padha sadhar, manawa Pemilu mono mujudake piranti kanggo nuwuhake demokrasi Pancasila, cocog karo kang dikarepake dening Pancasila lan UUD 1945. Mula tukar-padu lan cengkah panemu pancen ora perlu ana. Kabeh bisa lumaku rancag, ora tuding-tudingan lan nyebar pitenah kang tundhone bisa njalari kapitunan. Iya tuna tumrap mungsuhe, lan iya tuna tumrap dhiri-pribadine. [ 77 ]Pancen wis dadi paugeran tumrap partai lan golongan kang melu ambyur ing glanggang Pemilu. Ing kene ora ana mungsuh. Sing ana padha kanca lan partner. Iya partner ing sajroning nindakake demokrasi Pancasila apadene partner sajroning ngleksanakake pembangunan. Mbokmenawa wis dadi tekad lan tujuwane OPPU (Organisasi Peserta Pemilinan Umum) manawa tetelune ora ana kang beda. Kabeh geleng ing tekad nedya mbudidaya sakuwat-kuwate narik kawigatene 93,9 yuta penduduk Indonesia kang nduweni hak pilih, supaya ing dhenge gawe mengko padha nyoblos tandha gambare.

Ing kono rakyat dijamin, bisa lan kena milih kontestan apa bae kang dianggep cocog klayan budi-nuranine. Rakyat sacara politik wis cukup dhewasa, ora bakal ngladeni tumindak kang sasar lan pangajak kang njlomprongake. Pemilu diadani kanthi azas LUBER, cekakan saka langsung, umum, bebas lan rahasia.

Pancen akeh kang ngakoni, manawa tumindake Pemilu taun 1987 iki luwih becik lan luwih sempurna katandhing karo Pemilu sadurunge. Ing azas LUBER kaya kang kacetha ing ndhuwur wis ora bisa dianyang maneh. Awit rakyat wis luwih pinter lan kritis, lire ora gampang dirayu lan diapusi mengkono bae. Kang dibutuhake rakyat bukti, bukti lan kanyatan.

Rehne kabeh kontestan ngaku manawa azase ora ana liya kejaba Pancasila, semono uga ideologine, mula kang kudu ditawakake marang rakyat yaiku program. Ora ana liya !


Mbokmenawa ora jeneng keladuk manawa ana kang alok, "Pak suk yen wis padha lenggah ing kursi DPR, sumangga diperjuwangake kepentingane rakyat cilik, kang mujudake saperangan gedhene bangsa Indonesia. Iya rakyat cilik mau kang saprene isih mbutuhake kawigaten. Lan iya rakyat cilik uga kang nyengkuyung amrih banjenengan, lenggah ing kursi DPR”.


B. Wangsulana !

  1. Apa sababe Pemilu iku uga diarani pesta demakrasi ?
  2. Ana ing sajroning kampanye iku suwasane rame jalaran kepriye ?
  3. Kepriye bedane swasanane kampanye ing Indonesia lan kampanye ing nagara manca ? Apa sababe mangkono iku ? [ 78 ]
    1. Apa sababe kontestan ing Indonesia kang 3 cacahe iku ora kena siji menyang sijine nganggap mungsuh nanging kudu mujudake kanca lan partner ing sajroning pesta demokrasi ?
    2. Azas LUBER iku cekakaning tembung apa lan karepe apa ?
    3. Marang kontestan kang unggul ana ing Pemilu iku apa sing diajak dening rakyat cilik ?

    C. Lagu/Pocapan

    Ukara-ukara dhapur pitakon nanging satemene ora takon ing ngisor iki ucapna nganggo lagu kang luwes !
    1. E, dadi sinau iku karo ngono kuwi, ta?!
    2. Yen kowe ora nggugu karo aku, sapa sing kok gugu ?!.
    3. Ibumu kok nesoni bae! Ngono kuwi ta sing diarani bekti marang wong tuwa?!
    4. Apa ya ngono iku sing diarani sinau ?! (sinau karo gojeg)
    5. Apa ya karo gojegan ngono iku ta, ang kok arani sinau temenan iku ?!


    II. KAWRUH BASA

    A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !
    cundhuk = gathuk, selaras
    klayan = kanthi
    ngembat = ngrembug
    bang pangalum-aluming negara = nguwasani negara, nanggung ala-beciking negara
    kontest = lomba
    kontestan = sing melu
    kampanye = kontes kang katindakake dening organisasi-organisasi politik sing padha rebut unggul supaya oleh panyengkuyung masarakat
    tukar-padu = pepadon, kekerengan
    pitenah = panggawe ala kang dienggo maeka ing liyan
    [ 79 ]
    tundhone = temahan, wasanane
    glanggang = kalangan, papan sing dianggo adu-adu
    partner = pasangane
    njlomprongake = mblasukake, nyasarake
    mlathing = sarwa tata lan becik


    B. Tegese unen-unen kang kacithak kandel ing ukara iki golekana ing ngisor kang mathuk !

    1. Putri sekar kedhaton ing praja Wiratha nalika arep milih sapa sing dadi jatukramane nganakake sayembara pilih sarana menthang langkap.
    2. Sing ndhaptarake dadi calon Pilkadhes iku mesthi bae pilih-pilih wong.
    3. Pangrengkuhe wong tuwa marang anak iki kudu ora kena pilih asih.
    4. Ngelingi kadigdayane Wrekudara mesthi bae pilih tandhing kang bisa ngalahake.
    5. Bakul jeruk kang kulak jeruk sacara nebas iku lumrahe anggone ngundhuhi jeruke sacara pilih lalab.
    6. Jaman saiki golek pembantu kang bisa dipercaya iku pancen ora gampang, mbuwang sijine entuk sing luwih ala, jebles unining bebasan pilih-pilih tebu.
    7. Sapa sing didadekake pangawal ratu iki lumrahe prajurit pilihan.
    8. Nalika jaman perang kamardikan para mudha padha asesanti pilih mati tinimbang dijajah Walanda maneh.

    - nampik kang ala oleh ijol kang luwih ala
    - ora sadhengah prajurit
    - aluwung máti
    - kabeh dirampet
    - arang-arang kang bisa nandhingi
    - ana salah siji kang diasihi
    - ora saben
    - pasanggiri sing sapa bisa minangkani oleh ganjaran putri [ 80 ] C. PRALAMBANG

    Unen-unen kang isi sasmita utawa pasemon jenenge Pralambang kaya ta :

    1. Pralambange dhukun kang ora ngalap opah marang wong kang minta sraya tamba, awujud barang upamane :

    - Wenehana adas pula waras lan godhong bayem (= sing lara bakal waras, kudu ayem).
    - Borehana pupus gedhang. (= kudu mupus marga pepesthening kodrat).

    2. Pralambang mawa warna, upamane :

    - abang (= wani)
    - putih (= suci)
    - kuning (= kaluhuran)
    - ijo (= ngarep-arep)
    - biru (= setya-tuhu)

    3. Pralambang (sasmita) ning gendhing/tembang a. Dhalang ngabani niyaga njaluk gendhing sing dikarepake, upamane :

    (1). Tindakira Sang Panganten sarimbit tansah akekanthen asta, tan kena benggang sanyari (= njaluk gendhing monggang).
    (2). Tindakira Dewi Pregiwa-Pregiwati sanityasa arerangkulan, pindha gadhung apepulutan (= gendhing sekar Gadhung).
    (3). Kawistara ing semu, kadi mangu-mangu tindakira Sang Sinatriya (= ladrang Mangu).
    (4). Tindakira Sang Sinatriya nusup gegrumbulan nasak bebondhotan, karendhet-rendhet ing ri sarirane ( gendhing Bondhet).

    b. Pralambang (sasmita) ing tembang, kang nuduhake sawijining rumpakan iku tembang apa, upamane :

    Manis arum sinawang langen sri,
    sri kawuryan pamudyaning raras,
    [ 81 ]

    kang mulya pangreh sarehe,
    lir manik mandaya gung,
    breming rat wus winajang ing sih,
    sih wigunaning karya,
    akarya wulangun,
    walanguning tama karya,
    harjeng deya sinemangkara suksmadi,
    pangesthi murbeng sastra

    (tembang Dhandhanggula).


    Mingkar-mungkuring angkara.
    Akarana karenan mardi siwi,
    sinawung resmining kidung,
    Sinuba sinukarta.
    Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
    Kang tumrap neng tanah Jawa,
    Agama ageming Aji.

    (tembang Pangkur).

    Dene tembung-tembung kang kanggo nyasmitani tembang iku kaya ta :

    (1). Kinanthi: kanthi, gandheng, kanthen
    (2). Dhandhanggula: sarkara, madu, gula, guladrawa, artati, manis, gagak, kagakresna
    (3). Pangkur: pungkur, wanda kur, wuri, wuntat, yuda kanaka (kukur-kukur)
    (4). Maskumambang: kambang, kumambang, kentir.
    (5). Sinom: anom, mudha, taruna, ron-kamal srinata, pangrawit, logongdhang, rena, weni
    (6). Mijil: wijil. wetu, wiyos, raras-atu, sulastri.
    (7). Asmaradana: asmara, kasmaran, kingkin, brangta, brangti, sedhih.
    (8). Pucung: kluwak, uncung, sing nganggo wanda cung.
    (9). Gambuh: gambuh, embuh, jumbuh, kambuh, tambuh.
    (10). Megatruh : pegat, duduk, truh.
    (11). Wirangrong : wirang, wirong.
    (12). Balabak : keblabak, klelep.
    (13). Girisa : giris.
    (14). Jurudemung : mung, juru. [ 82 ] D. Dhalang uga sok nganggo wangsalan anggere njaluk gendhing marang para niyaga. Coba wangsalan iki karepe njaluk gendhing apa ?

    1. Sekar gadhung kongas gandanya.
    2. Mring paduka angayun-ayun asmara.
    3. Rinipta pindha puspita, pantes patrape kang warni.
    4. Esemira lir gebyaring thatit, maweh renyeping wardaya.
    5. Kapiyarsa kumaricik suwaraning tirta.


    E. Wangsalan kanggo sasmita jenenging tembang iya ana. Coba tembang apa sing dikarepake ?

    1. Aja na mundur pakewuh. (tembang.....)
    2. Mingkar-mingkur ing angkara. (tembang.....)
    3. Mrih sarkara kang pinurweng kawi. (tembang.....)
    4. Mrih dadi kanthinira.(tembang.....)
    5. Kancana timbul ing warihan. (tembang.....)
    6. Aja wuluh ati nira. (tembang.....)
    7. Abrangta ing ngelmu. (tembang.....)
    8. Ywa nganggo budi nom-noman. (tembang.....)


    Tegese tembung-tembung :

    kongas
    gandanira
    paduka
    ngayun-ayun
    rinipta
    pindha
    puspita
    lir
    maweh
    renyep
    wardaya
    kapiyarsa
    tirta
    pakewih
    mingkar-mingkur
    angkara
    mrih
    sarkara
    inurweng
    kawi
    kancana
    warih

    = ngambar-ngambar
    = ambune
    = kowe
    = ngarep-arep
    = ditata
    = kaya 3
    = kembang
    = kaya
    = aweh
    = resep; seneng
    = ati
    = kaprungu
    = banyu
    = pakewuh
    = ngungkurake
    = kamurkan, angkara murka
    = supaya
    = legi, gula, manis
    = kawiwitan
    = tembang
    = emas
    = banyu

    [ 83 ]
    timbul : muncul
    wuluh : lamba, mlaha
    tembang Duduh wuluh : tembang Megatruh
    brangta : susah
    Ywa : aywa


    III. PARAMASASTRA

    UKARA APOLA: J/W lan


    A. Tuladha iki gatekna !

    1. Klambine Budi //anyar = J/W
    2. Budi // klambine / anyar = J /


    Katrangan:
    (1). Ukara nomer 1 ing dhuwur iku jejere 1 Jan wasesane 1, dadi kagolong ukara lamba apola J/W.
    Dhapukane bisa diwalik dadi : Anyar / klambine Budi apola : W/J.

    (2). Ukara nomer 2 ing dhuwur iku wasesane ukara lajer klambine anyar , kadadean saka : klambine = jejer (j) anyar = wasesa (w)

    Dadi klambine anyar iku dadi gatra wasesa (anak kalimat predikat), margo awujud pola ukara, nyatane bisa diwalik dhapukane dadi anyar/klambine.

    Mulane ukara nomer loro iku kagolong ukara rangkep tunggal (kalimat majemuk bertingkat), kanthi gatra wasesa (anak kalimat predikat), kang polane J /

    (3). Ukara nomor 2 iku bisa diwalik mangkene :
    Klambine / anyar // Budi = / S
    Budi // anyar/klambine = S /


    B. Coba ukara-ukara iku udhalen kanthi gawe pola kaya tuladha ing dhuwur !

    1. Tandang-tanduke kancaku becik.
    2. Kancaku tandang-tanduke becik.
    3. Kancaku becik tandang-tanduke. [ 84 ]
    4. Tandang-tanduke becik kancaku.
    5. Becik tandang-tanduke kancaku.
    6. Tawangmangu iku seger hawane.
    7. Tawangmangu iku hawane seger.
    8. Hawane seger Tawangmangu iku.
    9. Hawane Tawangmangu iku seger,
    10. Seger / hawane // Tawangmangu iku.
    11. Séger // hawane Tawangmangu iku.
    12. Adhiku kancane akeh banget.
    13. Kancane adhiku akeh_banget.
    14. Kancane akeh banget adhiku.
    15. Akeh Akeh banget / kancane // adhiku.
    16. Akeh banget // kancane / adhiku.


    IV. NULIS

    AKSARA REKAN

    A. Wujude akeara rekan, yaiku :

    ꦏ꦳꧈ ꦢ꦳꧈ ꦥ꦳꧈ ꦗ꦳꧈ ꦒ꦳꧉

     (kh) (dz) (f) (z) (gh)

    - Aksara rekan iku mung kanggo' nulisi tembung-tembung manca kang perlu dicethakake pakecapane, kaya ta :

    ꦏ꦳ꦲꦸꦩ꧀ ꦏ꦳ꦧꦂ ꦗ꦳ꦏꦠ꧀

    ꦢ꦳ꦭꦶꦩ꧀ ꦥ꦳ꦲꦩ꧀ ꦒ꦳ꦇꦧ꧀

    - Aksara rekan iku yen oleh sandhangan kang dununge ana ing sadhuwuring aksara, upama : /,  ꦶ,  , ꦼ sandhangane iku kudu katulis ing buri, satengene cecek telu, upamane :

    ꦢ꦳ ꦶꦏꦶꦂ ꦥꦼꦂꦭꦸ ꦥ꦳ꦶꦠꦿꦃ ꦥ꦳ꦶꦂꦩꦤ꧀

    - Aksara ꦏ꦳꧈ ꦢ꦳꧈ ꦗ꦳꧈ ꦒ꦳꧈ ora wenang dadi pasangan.

    - Aksara rekan kang wenang dadi pasangan iku​ ​꧀ꦥ꦳ dene yen ​sesak papane, aksarane sesigeng kudu dipangku, pasangan ꧀ꦥ꦳ malih dadi ꦥ꦳. [ 85 ]ꦄꦧ꧀ꦢꦸꦭ꧀​ꦒ꦳ꦤꦶ​ ꦩꦲꦺꦴꦱ꧀​​​​​ꦢꦶꦏꦶꦂ
    ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀​​​​ꦏꦧꦂ​ ​ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸ​ꦏ꧀ꦥ꦳ꦶꦠꦿꦃ

    Yen papane sesak katulis : ꦲꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀​ꦥ꦳ꦶꦠꦿꦃ꧉


    B. Gantinen nganggo aksara Jawa?

    1. Khahar Muzakhir =
    Mukharam =

    2. dzat =
    adzan =
    Dzulkaidah =

    3. Februari =
    Safar =

    4. Zakat =
    Ziarah =
    Sumur zam-zam =

    5. ghaib =
    Abdul Ghafur =


    V. UNGGAH-UNGGUH

    Pacelathon iki salinana nganggo basa ngoko , banjur tirokna ana ngarep kelas, kanthi lagu kang luwes !


    ADAT TATACARA


    Danu : Kula nuwun !
    Ditja : O, Mas Danu ! Mangga Mas ! Mangga lenggah ngriki !
    Danu : Inggih. Sajakipun kok gayeng anggen panjenengan ngendikan kaliyan ibu.
    Dirja : Gayeng inggih boten, namung kemawon wonten rembang ingkang radi wigatos. Anu, kula badhe gadhah damel.

    [ 86 ]

    Danu : O, makaten. Panjenengan badhe kagungan karsa punapa ?
    Dirja : Badhe milujengi 1000 dintenipun ibu kula.
    Danu : Ageng-agengan punapa climen kemawon ?
    Dirja : Inggih namung climen kemawon. Namung sacekapipun kemawon. Kula boten nate gadhah damel ageng-agengan. Namung netepi adat tatacara kemawon.
    Danu : Kasinggihan manawi makaten. Kula piyambak inggih namung netepi adat tatacara ingkang sampun limrah katindakaken. Sepekenan punapa dene nyelapani anak kula namung reringkesan kemawon.
    Dirja : Kula inggih makaten. Punapa ta perlunipun gadhan damel ageng-agengan. Punika rak namung mbucal wragad kemawon. Nelas-nelasaken arta ingkang tanpa tanja.
    Danu : Mila inggih makaten. Tinimbang arta kabucal tanpa tanja, prayogi dipun gemeni. Ing tembe wingking artanipun kangge ngragadi sekolahipun.
    Dirja : Hla inggih, ta. Kathah tiyang klentu tumindakipun. Nyepekeni punapa dene nyelapani dumuginipun sunatan sapiturutipun dipun damel ageng-agengan, ngantos dipun

    rencangi nyambut-nyambut. Bibar gadhah damel sasadean punapa ta punapa kangge nyaur sambutan. Dumugi ing benjingipun anakipun boten karagadan. Sekolahipun sami kapiran.

    Danu : Makaten punika kathah sanget, Mas. Makaten punika nama gesang awur-awuran. Kenging kawastanan boten welas kaliyan anakipun.
    Dirja : Kasinggihan makaten. Makaten punika malah kangge jor-joran, kangge umuk-umukan.
    Danu : Mila leres tuntunaning Pamarentah dhateng rakyatipun. Kedah sami gesang prasaja. Prasaja ing sadayanipun.
    Dirja : Prayoginipun inggih kedah makaten. Yen kirang pangatos-atosipun ing tembe wingking sinten ingkang badhe ngraosaken rekaosipun, boten sanes inggih badanipun piyambak.

    [ 87 ]

    Danu : Mila inggih awrat tanggel! jawab kula saha tetanggelan panjenengan tumraping nenuntun dhateng masarakat.
    Dirja : Saestunipun inggih makaten. Mila kula lan panjenengan kedah tanpa kendhat anggénipun sami suka sesuluh dhateng masarakat. Suka tuladha, kula panjenengan dadosa tetuladanipun tiyang kathah.


    VI. KASUSASTRAN

    A. ROMAN

    Roman iku crita gancaran kang nggambarake uriping wong-wong (kang dadi baku jejering lelakon) kang padha sesrawungan ing sawijining lingkungan (melieu): wiwit awal tumekeng akiring uripe. Ing crita iku uga kagambarake kaananing alam papan panggonane lan-kaanane masarakat sakiwa-tengene. Watak kapribadining lan batine wong sing dicritakake kagambarake kalayan cetha tekan prekara kang cilik-cilik. Mulane roman iku awujud crita gancaran kang dawa, mula lumrahe, critane dipecah-pecah dadi fragmen-fragmen.

    Manut isine, roman iku warna-warna jenise, kaya ta:

    a. Roman Kemasarakatan (Roman Sosial)

    Yaiku roman kang ngandharake kepincanganing kaanan masarakat, kaya ta:

    - Jarot anggitane asawildiagda
    - Karti njunjung drajat anggitane Yasawidagda.
    - Serat Riyanta anggitane P.B. Sulardi.

    b. Roman adat

    Roman kang isi andharan kang magepokan karo adat tatacara ing masarakat, kaya ta :

    ~ Pramacitra
    - Kembang katresnan
    - Serat Riyanta

    c. Roman Sejarah

    Roman kang awewaton sejarah, Wong-wong kang dadi jejering lelakon disebut-sebut ana sejarah. Andharane ora kena nyrimpang karo kaananing sejarah, kaya ta : [ 88 ]- Mitra Darma
    - Kyai Ageng Pandhanarang

    d. Roman Detektif

    Roman kang isine mbongkar tindak kadurjanan, kaya ta:

     - Detektif Kyai X
     - Grombolan Gagak Sela

    e. Roman Jiwa

    Roman kang andharane ngebotake bab asiking jiwane wong kang dadi jejering lelakon. kaya ta:

     - Sinta anggitane Sunarna Siswaraharja.
     - Tugas luhur anggitane R.M. Sri Hadijaya.

    f. Roman Perjuangan

    Roman kang nelakake perjuangan ing sawijining mangsa. Pamrihe nenangi marang semangat perjuangan kang ngatonake bektine marang nusa lan bangsa. kaya ta :

     - Gerilya Sala anggitane R.M. Sri Hadijaya.


    B. Fragmen saka buku roman "Ngulandara" iki wacanen batin, banjur wacanen sing sora kanthi lagu kang luwes !

    NGAJARI KAPAL


    Dinten Minggu candhakipun, langitipun katingal sumilak resik. Dalunipun mentas jawah, dados wit-witan sami katingal seger, ronipun ngrembuyung ijem riyep-riyep, adamel sakecaning paningal, Margi-margi katingal resik, boten mblethok. Hawanipun sakeca, mila prayogi sanget kangge ngenggar-enggar manah.


    Den bei asisten wadana sakaliyan tuwin anakipun medal dhateng margi ageng, lampahipun lon-lonan, sajak badhe sanja.


    Rapingun sumerep den bei asisten wadana sakaliyan tuwin anakipun kesah, manahipun seneng sanget, Lajeng ngungak dhateng margi ageng, den bei asisten wadana sampun boten katingal. Enggal-enggal madosi rencang estri pun Saliyem. Sareng pinanggih, saweg nyapu wonten emper wingking, dipun takeni:


    "Yem, Yem!"
    "Wonten menapa, Mas Rap ?"
    "Ndara Seten wau tindak pundi ?"
    "Kala wau ndara den ayu ngendika badhe tindak kemantren guron."
    "Yen tindak sanja niku asring dangu napa boten ?"
    "Adate ngantos satengah kalih welas saweg kondur." [ 89 ]"Dados ngantos dangu?"
    "Enggih! Ndara den ayu menika awis-awis tindak. Nanging yen sampun kersa tindak, inggih sok mremen-mremen kados alang-alang kobong."
    "Tiwas kebeneran !"
    "Dospundi ta ?"
    "Boten napa-napa."


    Rapingun kesah, mlebet dhateng kamaripun. Boten dangu medal, ngangge sruwal dril ijem cekak, rasukan namung rangkepan, dipun cancutaken dumugi sikut, gulonipun dipun bikak cara Amerikan, mawi nyangking dhadhung bago ageng, panjangiun nem meter, tanganipun kiwa nyangking sarungan kendhali, kabekta dhateng gedhogan. Lajeng wangsul malih mendhet pisang, prelu kangge makani Hel kados adat saben.


    Hel sampun wanuh dhateng Rapingun. Mila sareng Rapingun dhateng, lajeng gereng-gereng, endhasipun dipun anglungaken ing slarak kaliyan ngambus-ambus tanganipun Rapingun, dene pisang dereng dipun tedahaken. Rapingun lajeng mepet ing gedhogan. Sirah lan badanipun dipun ambus-ambus sadaya, kados adat saben. Hel gentos dipun elus-elus saking cithak ngantos dumugi ing jalakipun. Samangke cetha bilih Hel boten namung wanuh kemawon kaliyan piyambakipun, nanging kenging dipun wastani sampun anjilma.


    Kreta sumerep, gumun, wicanten :


    "Wah gumun aku, Hel kena digunani Mas Rap !"
    "Ta ngandel boten saniki sampeyan ?"
    "Enggih empun!"
    "Guna bisa niku sing mandi dhewe sambang sesrawungan, bisa nuju prana."


    Hel dipun ulungi pisang sauler, terus dipun mamah. Saben telas dipun sukani malih. Sadangunipun Hel nedha pisang, gulunipun dipun puk-puk, dipun jak rembagan mawi tembung manuara, dipun sukani ulat manis. Mila sanajan kapal bandhol, Hel inggih lajeng tutut, mendel kemawon kaliyan nedha pisang.


    Rapingun lajeng ngetrapaken dhadhung ing gulunipun Hel kanthi lon-lonan. Sadangunipun Hel nedha pisang, cangkemipun dipun lebeti kendhali kalih, tres lan pangen. Sareng sarungan badhe kaetrapaken ing githok, Hel badhe budi, nanging lajeng dipun arih-arih lan dipun elus-elus, sarta boten kendhat dipun sukani pisang, satemah lajeng anteng malih. Sareng sarungan sampun kaetrapaken, tangsul uwang dipun angslupaken ing timangan. Dhadhung lajeng kaslobokaken ing gelanganing kendhali kiwa-tengen, kaubedaken malih kaliyan dhadhung ingkang saking gulu, murih gelangan boten mlesed ngiwa utawi nengen. Rantening kendali tres dipun pasang.


    Sareng Hel kraos cangkemipun kaereh ing kendhali, lajeng budi, palanging gedhogan dipun pengkali. Nanging sarehning sampun dipun wekani, mila boten nguciwani. Polahipun Hel kados badhe mlumpat-mlumpata, nanging slarakipun dipun kerepi manginggil, mila namung gidro-gidro kaliyan nendhang-nendhang kemawon. [ 90 ]Kreta sumerep polahipun Hel kados makaten wau ajrih, maras, sumelang.


    "Empun Mas Rap, empun. Riyin mawon dilimani, kok saniki ajeng diijeni. Blai mangke!"
    "Diijeni pripun, ta. Rak enggih diloroni ta kalih sampeyan."


    "Ah, boten janji! Kula boten saguh lo Mas Rap. Riyin mawon sing tiyang kathah kula boten wantun, mung mendhetake lapak thok. Saniki malih mung sampeyan ijen, wantuna. Mangka sampeyan kulinane mung kalih oto mawon sing boten saged mengkal. Boten, boten, boten estu lo !"
    "Sampeyan mung nyekeli mawon, kula sing nglapaki."
    "Boten ah, boten. Riyin mawon sing tiyang kathah kuwalahen, kula malih bisaa !"
    "Enggih, ning nek sampeyan sing nyekeli, mesthi nurute."
    "Ah, boten estu lo Mas Rap. Wong nyawa mung siji jare arep dienggo dolanan. Gumampang sampeyan niku."


    Rapingun namung gumujeng kemawon mireng wangsulanipun Kreta kipa-kipa wau. Kreta tansah ngulataken Hel, uger Hel mbekos, Kreta kaget, sajak badhe mlajeng kemawon. Ing batos Kreta nemtokaken yen Hel mangke badhe ucul lan dados damel. Boten wande piyambakipun meksa tumut ngrekaos, mila manahipun tansah sumelang kemawon.


    Tangsul bago ingkang saking kendhali, dipun wedalaken nglangkungi sloroking konten, terus kaulur, katangsulaken ing wit sawo manila ingkang sampun ageng, kaprenah satengen gedhogan. Sloroking konten wonten tiga. Slarak ingkang ngandhap piyambak dipun bikak. Slarak'nginggilipun pantekipun dipun lolos, nunten slarak kabikak sareng. Sami sanalika Hel mlumpat saking gedhogan kados sima nubruk mangsan: Makaten ugi Kreta, enggal mlajeng nebihi gedhogan, dhateng panggenan ingkang boten mbebayani. Manahipun trataban, tangan lan sukunipun sami ndhredheg.


    Dumugi plataraning gedhogan Hel bigar, badhe terus mbandhang, nanging boten saged, jalaran dhadhung, kendhali lan witipun sawo santosa sanget.


    Rehning anggenipun badhe mbandhang kecuwan, Hel lajeng nglumba-nglumba, nendhang-nendhang, nubruk, milar ngiwa-nengen ngubengi wit sawo. Rapingun lajeng murugi wit sawo, dhadung kadamel longsor klowonganipun. Hel mubeng-mubeng, dhadhung boten saged nggubed. Polahipun Hel ngedab-edabi sanget. Sakedhap kemawon plataran sakubengipun wit sawo sampun dados kados paculan.


    Rapingun katingal bingah. Saben polahing Hel katingal kendho, lajeng dipun opyak-opyak mawi wilah panjang. Sampun temtu kemawon Hel lajeng ngetog karosanipun malih. Satengah jam kemawon Hel sampun adus kringet. Sareng sampun saejam, Hel tandangipun katingal radi kendho. Dhadhung lajeng katarik mepet wit sawo. Sareng congoripun Hel sampun memet wit sawo, lajeng kaerut mepet, ngantos Hel boten saged ndhangak utawi ndhingkluk. [ 91 ] Hel katingal tutut, lajeng dipun epuk-epuk, wiwit saking sirah ngantos dumugi ing jalak. Sareng tangan dumugi ing geger, Hel kraos keri, badhe nggiwar, nanging boten saged. Dados namung suku wingking kemawon ingkang minger adegipun. Awit ingkang makaten wau mratandhani bilih Hel badhe angel dipun abah-abahi. Rapingun lajeng nindakaken reka-daya. Sukunipun Hel ingkang ngajeng sisih kiwa dipun cepeng, kajunjung, katekuk mepet kaliyan pupunipun, lajeng dipun tangsuli. Dados Hel adegipun namung kasanggi suku tiga.

     Hel polah, badhe uwal, nanging inggih namung mugat-muget kemawon, amargi suku ingkang tumapak namung tiga, tur congor sampun mepet wit sawo. Mila prasasat boten saged ebah.

     Kreta sumerep kawontenan wau suda sumelangipun, lan pitados yen Hel badhe kenging dipun abah-abahi dening Rapingun piyambak.

     Rapingun lajeng mendhet slebrak, katumpangake ing gegeripun Hel. Hel mende! kemawon. Lapak lajeng katumpangaken, kapepetaken majeng, murih boten ngewahaken kencenging amben. Amben katangsulaken ngantos kenceng, karangkep kalih. Lajeng dipun rangkepi malih mawi amben gendhong. Sanajan Hel ngetog budinipun, amben boten saged kendho lan boten sumelang yen pedhot.

     Lis ingkang satunggal kaetrapaken ing kendhali pangen ingkang dipun slurupi dhadhung wau, satunggalipun malih kaetrapaken ing kendhali tres. Sanggawedhi kaukur cekapan panjang-celakipun. Lis katangsulaken ing gelangan-pongoling lapak. Dhadhung ing gulu ingkang kaslurupaken ing kendhali pangen, ingkang katangsulaken wit sawo, dipun uculi, Hel kraos longgar saking wit sawo, lajeng badhe budi. Nanging meksa boten saged, jalaran sukunipun ingkang satunggal dereng tumapak, taksih katekuk, dipun tangsuli. Dhadhung lajeng kaubedaken ing gulu.

     Rapingun wiwit tata-tata badhe numpak. Lis kapendhet saking gelangan lapak, kacepeng tangan tengen, tangan kiwa nyendhal tangsul wangsul ingkang ngerut suku kaliyan pupu. Sukunipun Rapingun sampun tumumpang ing sanggawedhi. Sareng lan tumapaking suku ingkang kaerut, Rapingun sampun tumumpang ing lapak, suku tengen mancal sanggawedhi sisih tengen. Tangan kalih nyepeng lis. Sami sakala Hel nglumba, njondhil Kaliyan nendhang, nggiwar ngiwa-nengen, nubruk-nubruk lan badhe mbandang. Amargi sadangunipun Hel dipun abah-abahi, punika prasasat ngaso, dados napas pulih kados waunipun malih. Mila badhe bigar malih. Nanging lis kapekak, dados kadhung, namung nglumba-nglumba kemawon, Rapingun kajawi ngengeti rupaking papan, jalaran wonten pekarangan, mila kajarag supados Hel suda kekiyatanipun dening anggenipun nglumba-nglumba, awit badhe ngambah margi ageg, kathah tiyang mlampah. Samangsa kekiyatanipun suda, tandangipun inggih suda, dados boten patos mbebayani. Lan malih kangge anjagi sampun ngantos Hel pedhot napasipun. Awit kathah kemawon kapal Sandel ingkang mbandhang lajeng ambruk terus pejah, Makaten wau jalaran saking Jepatipun ingkang numpak, dening kirang dugi-dugi, dumeh kapalipun kiyat mbandhang kemawon. [ 92 ]  Kreta sumerep Rapingun kabekta nglumba-nglumba Hel, manahipun geter, badanipun ngoplok, kuwatos mbokbilih Rapingun kacilakan. Sarehning boten saged nulungi, tur Rapingun inggih boten betah dipun tulungi, Kreta namung ngetut wingking saking katebihan kemawon.


     Sareng Hel anggenipun nglumba-nglumba lan bigar sampun radi kendho, lis dipun inger. Hel terus dhateng margi ageng, ngener mangaler dhateng Gandhirata. Lis dipun kendhoni, Hel mlumpat lajeng nyongklang mendhar, badanipun nguler kilan, mbandhangipun dipun etog saestu. Kreta nututi dhateng margi ageng, nanging namung sumerep sageblasan Rapingun sampun boten katingal.


     Ing ngriku ugi kathah tiyang ingkang sami ningali. Sanajan Rapingun sampun boten katingal, tiyang-tiyang boten enggal sami kesah, malah sami rembagan ngraosi tindakipun Rapingun wau. Wonten ingkang nglepataken, wonten ingkan nutuh. Nanging ingkang kathah sami ngalem. Ewadene sadaya wau boten sepen was-sumelanging manah. Langkung-langkung Kreta, namung tansah bingung kaworan maras thok, boten ngretos kados pundi murih Rapingun saged wilujeng.


     Mbandhangipun Hel sampun angsal tigang pal, dereng katingal kendho. Rapingun mila saged ngereh dhateng kapal, dhasar tatag tur prayitna. Mila sanajan mbandhangipun Hel kados mimis, tur wonten margi ageng, ingkang sanajan boten nama rame, nanging inggih boten sepen, inggih wilujeng.


     Sareng lampahipun nyandhak kawan pal, lis kapepeg, Hel purun kendho, lajeng mlampah drap. Angsal saepal malih lis dipun pepeg malih, lampahipun dados adheyan. Tindak makaten wau minangka kangge ngasokaken Hel. Sareng lampahipun dumugi dhistrik Candhirata, kringetipun kados dipun sokaken, sami urut suku. Nanging wantering manahipun Hel dereng mantra-mantra suda, katitik saking raosing lis.


     ing pangangkahipun Rapingun, lampahipun Hel badhe dipun kendhokaken malih. Lis lajeng kapepeg malih. Nanging boten kendho, malah badhe mbandhang. Rehne ing ngajeng marginipun badhe nekuk sanget lan njuleg, tur wonten kretegipun ciyut, panyepengipun lis kendhali tres dipun rosani. Hel nglumba, meh ngadeg jejeg, kupingipun njepiping, bekas-bekos kaliyan gebres-gebres, mratandhani yen muring. Panyepengipun lis terus dipun pepeg, awit ngengeti rumpiling margi. Sareng lampahipun sampun nglangkungi margi ingkang njuleg lan kreteg ingkang ciyut, lis dipun longgari, malah dipun gedheg sawatawis. Hel lajeng mbandhang. Marginipun tansah minggah-mandhap. Saben badhe minggah, lis dipun gedheg. Sampun temtu Hel ngetog kekiyatanipun. Sareng lampahipun angsal tigang pal malih, Hel katingal kendho. Sanajan kasereg, lampahipun inggih namung drap. Ing ngriku nyata yen Hel sampun lemper saestu. Sakedhap malih lampahipun Hel dados adhean. Dumugi onderdhistrik Bejen, Hel purun dipun kendelaken. Rapingun lajeng medhak. Hel dipun epuk-epuk lan salighh jak wicanten mawi tembung manis.


     Boten dangu Hel katingal gambira malih. Rapingun enggal nyengklak. Lis kaputer, badhe wangsul. Hel lampahipun drap, nanging kala-kala taksih [ 93 ]purun ngosog. Sanajan makaten, sareng lampahipun angsal tigang pal, drapipun inggik lajeng kendho, dados drap alus. Boten dangu dumugi Candhirata malih.


     Saking Candhirata marginipun mayat. Saking kajengipun Rapingun, murih Hel kapok anggenipun purun mbandhang, lis lajeng dipun gedheg. Hel inggih lajeng mbandhang. Dereng angsal tigang prasakawan pan sampun malih drap. Hel dipun gedheg malih. Lajeng mbandhang malih. Nanging saweg sawatawis tebihipun inggih dados drap malih. Makaten wongsal-wangsul, ngantos Hel katingal lemes. Wiwit punika Hel kalampahaken lon-lonan ngantos saepal tebihipun, minangka kangge ngaso. Yen mentas mlampah lon-lonan, lajeng dipun drapaken. Makaten gontas-gantos. Sareng meh dumugi Ngadi-reja, saking katebihan Rapingun sumerep Kreta mlajeng methukaken. Kala Samanten lampahipun Hel adheyan. Sareng kapethuk Kreta, Hel mandheg greg. Rapingun panyepengipun lis mawi tangan kiwa, tanganipun tengen mendhet kacu kangge ngusapi kringetipun ingkang pating dlewer ing rai lan ing gulu, kaliyan mesam-mesem.

    Kreta pitaken semu gugup :
    "Rak boten napa-napa ta, Mas Rap ?”
    “Enggih napa-napa mawon.”
    “Lo, rak boten onten alangan napa-napa ta ?”
    “Onten mawon alangane.”
    "Yah mas Rap iki, ditakoni tenan kok geguyon.”
    "Lah pripun ta?”
    ”Napa boten manggih kasangsaran ?”
    "Nek kasangsaran boten. Mung alangane, teng Bejen pancene kula ngelak banget, nanging boten bisa tuku wedang.”
    "Nek mung ngoten mawon nggih boten dadi napa. Kuwatos kula boten
    kanten-kantenan kok.”
    "Ndara Seten napa empun kondur ?”
    "Saweg mawon.”
    "Napa boten ndangu ?”
    "Ndangu. Malah kula didhawuhi ngrumiyini, Ndara Seten ajeng mapag ngangge oto.”
    "E lah, empun kula ngriyini mawon.”

     Hel angsal ngaso sakedhap, dipun dhedhet lisipun, lajeng drap memet. Sareng meh dumugi sajawining dhusun, Rapingun sumerep oto Overland dhateng, nanging lajeng mandheg. Boten dangu katingal den bei asisten wadana medhak saking oto. Hel dipun pepeg, lampahipun dados macan nubruk. Dumugi ngajengipun den bei asisten wadana, Hel dipun endhegaken. Upas kalih ingkang sami ndherek sami mlongo, taksih linggih ing bak wingking. Den bei asisten wadana prentah supados Rapingun terus wangsul. Lis lajeng kadhedhet, Hel mlampah, ngentrag, sontan-santun kaliyan macan nubruk. Tiyang-tiyang sami cingak dene Rapingun saged wangsul kanthi wilujeng. Punapa malih sumerep lampahipun Hel sajak gemagus. Mangka lampah makaten wau namung tumrap kapal ingkang sampun mbangun turut lan sampun dipun ajari. [ 94 ] Yektosipun, meh sadaya kapal Sandel ingkang wanter manahipun, temtu saged lampah makaten punika, uger ingkang numpaki prigel anggenipun ngolahaken lisipun, saged anjumbuhaken kaliyan panggraitaning kapal.


     Raden ayu sisten wadana kaliyan raden ajeng Supartinah sami ngadeg wonten longopan asistenan. Raden ayu asisten wadana tansah ningalaken kemawon dhateng Rapingun, sajak ngandhut sumelang. Sareng lampahipun sampun celak, sumerep boten wonten tandha-tandhanipun kasangsaran, lajeng mesam-mesem, Ewadene inggih taksih ngandhut sumelang. Makaten wau katitik saking pasemonipun. Rapingun lajeng tumungkul, ngenut lampahing kapal. Den bei asisten wadana ngetut wingking.


     Dumugi ngajeng longopan, Rapingun badhe medhak. Den ayu asisten wadana sumingkir kaliyan wicanten:


     “Wis terusa wae !”

     Kapal terus dipun tumpaki dumugi ngajeng gedhogan. Den bei asisten wadana sakaliyan tuwin anakipun lan Kreta ugi sami nututi.

     Rapingun medhak, kaliyan mesam-mesem, ndadosaken ayeming manahipun den bei asisten wadana sakaliyan tuwin anakipun dalah Kreta.

     Dhadhung ingkang wonten gulunipun Hel dipun udhari, kendhali tres tuwin lis kendhali pangen ugi kabikak. Dados sarungan-namung mawi kendhali pangen thok. Dadhung katangsulaken wit sawo, cekak. Lapak ugi kabikak, ‘namung slebrak ingkang boten, dipun ambeni gendhong, boten patos kenceng, malah kapara longgar.

    "Ta, Ta, Kreta !"
    "Onten napa, Mas Rap ?”
    "Tulung sampeyan pendhetake banyu saember !”
    "Enggih." Kreta lajeng mlajengfg

    Den bei asisten wadana taken :

    "Banyu arep kanggo apa, Rap ?”
    "Badhe kangge ngumbah suku lan lambenipun Hel.”
    "Ora susah. Ngasoa dhisik. Wis tinggalen wae !"
    "Nuwun, Ndara ! Menika prelu sanget adalem tindakaken. Pun Kreta
    temtu boten purun, tur inggih dereng temtu yen ngretos.”
    "Prelune apa ?
    "Prelunipun supados boten konus panggraita lan kekiyatanipun.”
    "Apa iya ?"
    "Inggih. Amargi pun Hel nembe kataman pangreh ingkang awrat sanget tur ngetog lampah.”
    "Kowe tekan ngendi ?”
    “Dumugi Bejen, Ndara,”

    Raden ayu asisten wadana nyambeti :
    "Bocah sembrana temen ! Besuk aja sok nekad ngono kuwi, Rap !"
    "Adalem boten nekad, Ndara, malah ngatos-atos. Sadaya ingkang ba

    [ 95 ]dhe dalem lampahi, adalem manah rumiyin. Lan malih adalem tandhing kaliyan badanipun adalem.”


     "Kowe mono pinter nek omong. Aku iki sing dadi wong tuwa, atine ora karu-karuwan !"


     Rapingun mendel kemawon, nampeni ember isi toya saking Kreta, terus ngumbah suku lan lambenipun Hel. Sareng sampun rampung ember kasukakaken Kreta kapurih mangsulaken.


     "Hel napa boten diombeni, mas Rap ?”

     "Saniki boten. Mangke nek kringete empun asat, awake empun adhem kados waune, saweg kena diombeni, diuyahi sethithik."

     "Wis Rap ! Kana ndang salin penganggomu. Nek wis ndang menyanga gadri buri kana. Kowe arep taklandrat.”

     "Inggih, Ndara.”



    Den bei asisten wadana sakaliyan tuwin anakipun lajeng dhateng gadri wingking, sami jagongan.


     Rapingun terus dhateng kamaripun, prelu ngusapi kringet lan santun pangangge, ngangge sarung lan rasukan cina.


     Saweg kemawon medal saking ‘kamar, sampun dipun sengkakaken dipun ken boten susah mawi udheng. Rapingun lajeng ngadhep, sila wonten pojokaning gadri kados adat saben. Raden ayu asisten wadana taksih katingal sumelang dhateng tindakipun Rapingun ingkang mentas dipun lampahi.
    Lajeng wicanten :

     "Iki lo Rap; rucuh nangka salieang karo es !”

     "Sembah nuwun, Ndara !” Rapingun nampeni gelas, lajeng linggih ing panggenanipun malih.


     Sarehning ing meja ngriku namung Kantun kalih gelas, dipun adhep den bei asisten kaliyan raden ajeng Tien, Rapingun enggal-enggal matur :

     Menika rak kagem panjenengan-dalem, Ndara.”

     "Ora, wong aku ora seneng kecut-kecut.”


     Anggenipun mangsuli makaten wau pamrihipun supados Rapingun purun ngombe kanthi boten kogel manahipun.

     “Inggih.” Lajeng dipun ombe telas setengah gelas.

     “Ngene Rap ! Besuk maneh kowe ora kena nunggangi Hel. Aku ora eman menyang kowe, eman menyang Hel,” Makaten wau kaliyan mbesengut, ingkang ateges ngeman dhateng Rapingun.

     "Boten, Ndara ! Benjing-enjing pun Hel temtu buten purun mbandhang.”

     “Kowe ki sok gumampang, wong jaran edan kok ..."

     "Ora Bu. Pancen bener rembuge si Rap. Bungahku; ora kok jalaran si Hel bakal dadi jaran becik, nanging dene si Rap bisa mulih kanthi slamet.”

     "Wong bocah kaya ngono direwangi, bapakne kuwi !”

     "Ora ngrewangi, mung sabenere.”


    Raden Ajeng Supartinah nyambeti : [ 96 ] "Ibu ngaten rak boten ngretos dhateng bab kapal, sagedipun rak namung maiben."

      “Iki maneh, sing bocah melu nutuh. Mau rak wis padha dirembug. Yen aku nyrengeni Rap, ora padha arep ngrewangi, jebul malah aku sing dikrubut."


     Sadaya lajeng sami mesem.

     Raden ayu asisten wadana nglajengaken pitakenipun .

     "Lo, awakmu apa ora ana sing krasa lara, Rap ?”

     "Boten, Ndara.”

     “Aja goroh, lo. Yen ana sing krasa lara, koki Songep tak-undange, takkon mijeti.”

     "Sembah nuwun, Ndara ! Nanging yen boten saben dinten numpaki pun Hel, ngantos pun Hel dados sae saestu, badanipun adalem inggih kelajeng sakit, Ndara !”

     "Ah, kowe mono, dikandhani malah ndadra. Wis kana ngaso !”

     “Inggih, Ndara.”

     "Rutuhe apa wis dientekake ?"

      “Sampun.”

     “Maneh apa ? Yen maneh Yem takkon nggawekake Maneh."

     "Sampun, Ndara.”


      Rapingun lajeng muru Hel ingkang tansah gereng-gereng: Kringet sampun tuntas, badan sampun asrep kados salimrah. Slebrak lajeng kabikak. Dhadhung ingkang katangsulaken ing wit sawo lajeng dipun uculi, namung dipun kalar dipun cepengi kemawon. Hel mubeng-mubeng dhakur-dhakur, lajeng guling. Sareng sampun kaping kalih, tangi, dipun ombeni mawi toya sarem, meh telas saember. Lajeng kalebetaken ing gedhogan, sarungan kabikak.

    (Ngulandara)


    ———★★★———
    [ 97 ]
    WULANGAN 8

    1. WACAN

    A. Wacanen batin kang premati !

    CATURWARGA

    Wiwit tumapake program Keluarga Berencana (dicekak KB) ana ing tahapan katelu, ing wektu iku muncul istilah anyar, Caturwarga. Mirid tembung-tembung kasbut, catur tegese papat, lan warga tegese anggota. Dadi Caturwarga tegese anggota cacah papat, yaiku rama lan ibu ditambah putrane loro.


    Wektu iki program KB prasasat wis tumapak saka desa ngadesa. Ananging tumindake program kasbut ora mung nengenake marang pengaturan jarak kelairan bae, nanging luwih saka kuwi nduwei tujuwan marang peningkatan kesejahteraan. Mula wis samesthine manawa program KB wektu iki dudu dadi tanggung jawabe BKKBN bae, luwih saka kuwi iya dadi tanggung jawabe masyarakat lan kudu ditandangi kanthi bebarengan.


    Kanyatane program KB pancen kanggo masyarakat. Mula wis sapantese program iki uga kudu kita biyantu tumindake. Sarana bantuwan iki salah sijine babagan pembangunan kang diayahi pemerintah dadi luwih entheng. Klawan mangkono pemerintah bisa luwih mengenake kawigatene marang pembangunan babagan liya kang pancen mbutuhake kawigaten mligi.


    Saka data-data kang cinathet ing Kantor BKKBN Propinsi Jawa Tengah disebutake, yen nganti sasi Juli 1988, kepungkur ing Jawa Tengah tinemu 3.459.847 peserta KB aktif saka 6.385.392 pasangan usia subur (PUS) kang ana. Bab iki ateges wis 74,2 % saka saindenging pasangan usia subur kang ana.


    Kanthi nggayuh gunggung sarta cacahe peserta KB aktif semono mau, ateges tumindake program KB ing Jawa Tengah wis ana kemajuwane. Malah ora kliru manawa kena diarani ngancik tahap pengembangan masyarakat. Iya tahapan iki kang asring sinebut minangka tahap pelembagaan/pembudayaan program, KB kanggo nggayuh Norma Keluarga Kecil Bahagia & Sejahtera (dicekak NKKBS). [ 98 ] Tumindake Program KB ing Jawa Tengah wektu iki wis wiwit dirintis sarana Proyek Pelayanan Terpadu (Proyandu) kang katindakake antara liya dening ibu-ibu PKK, Persit Kartika Can- dra Kirana, Dharma Wanita lan Pondok-pondok Pesantren ing laladan Jawa Tengah. Proyandu kang kanthi resmi kawiwitan taun 1983 mujudake kegiyatan pelayanan antara Kesehatan, KB lan Kependudukan, lan Peningkatan Pendapatan Keluarga, kang dileksanakake kanthi terpadu dening Lembaga Lintas Sektoral lan Kelompok Masyarakat.


    Kegiyatan kang ditindakake dening Proyandu dumadi saka pemeriksaan kesehatan, immunisasi, pemeriksaan ibu kang ngandhut, ceramah, simulasi, ketrampilan lan dialog antarlembaga. Kegiyatan kasbut pungkasane katindakake dening Kelompok Penimbangan (Pokbang). Klawan mangkono wusanane Pokbang owah dadi Pos Pelayanan Terpadu (dicekak Posyandu).


    Program KB ing Indonesia kang dirintis dening Perkumpulan Keluarga Berencana wiwit 25 Desember 1957 kanthi ancas ndhapuk keluarga Indonesia kang bahagia, bakal luwih kasil. Rasa mongkog thukul, merga tumindake program KB kanggo nggayuh NKKBS, masarakat diwenehi kalodhangan kanggo ngoper pengelolane saprabeyane pisan. Iki ateges jiwa swadaya tetela nuwuhake rasa marem marang sapa bae.


    Ing wektu iki kasile Caturwarga pancen wis bisa dirasakake. Peputra loro cukup. Istingarah bisa gampang anggone nggedhekake, ngragadi lan minterake. Sukur bage anak loro bisa njunjung drajate rama ibu kang ngukir jiwa ragane. Tinimbang anak akeh prasasat mbruwah, mbutuhake wragad kang ora sethithik lan durung mesthi kasil anggone anggulawenthah.


    Malah ing desa-desa racake saiki akeh pasangan usia subur kang isin manawa bubar dadi temanten banjur age-age ngandhut. Keh-kehane padha ngrasakake urip sakloron sawatara lawase, lagi yan wis rinasa cukup pasangan kasbut ngajab momongan. Lanang utawa wadon padha bae jer kabeh mau nugrahaning Gusti kang kudu tinampa kanthi lega-lila.


    Kita suka-sukur dene program KB wis bisa tumapak sawatara lawase nir sambekala sawiji apa. [ 99 ]B. Wangsulana pitakon-pitakon iki!

    1. Apa tegese istilah ”Caturwarga” ana ing program KB iku ?
    2. Tumindake program KB iku satemene dadi tanggung jawabe sapa bae ?
    3. Apa Sababe program KB iku kalebu salah sawijining ayahaning pembangunan ?
    4. BKKBN lan NKKBS iku cekakaning tembung apa ?
    5. Proyandu iku cekakaning tembung apa, tujuwane apa lan sapa bae kang kejibah nindakake ?
    6. Kegiyatane Proyandu iku apa bae ?
    7. Program ”Caturwarga” iku nduweni ancas tujuwan sing kepriye, coba terangna kang gamblang !


    C. Pocapan/lagu

      Ucapna sing cetha !

    — dielap-elap — anasebab
    — ati karep — lagidiusap
    — sasi Rejeb — uwisijab


    KAWRUH BASA

    A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

    catur = papat
    warga = anggota
    sejahtera = aman, sentosa lan makmur
    kartika = lintang
    candra = rembulan, sasi
    istingarah = prasasat meh, kena diarani
    sukur bage = bégja banget dene....
    mbruwah = memangan apa-apa sasenenge


    B. HOMONIM

    Homonim iku tembung-tembung kang padha pocapane lan padha panulise, nanging beda tegese. [ 100 ]Tuladha :

    - Dedamel jaman kina kathah ingkang arupi waos (= tumbak)
    Buku punika punapa sampun sampeyan waos ? (= waca).

    -Kula sampun tumbas badhe kangge raşukan. (= bakal)
    Nyuwun pamit, kula badhe mantuk sekedhap.(= arep)

    Terangna beda-bedane tegese tembung-tembung homonim iki !

    1. Lelabuhane R.A. Kartini ngajokake kaum wanita.
    Kenduren iku lumrahe didongani dening kaum.
    2. Labuh labete R.A. Kartini tansah dieling-eling dening bangsa Indonesia.
    Kapal kang lagi labuh iku mesthi ngedhunake jangkar. Ing mangsa labuh akeh wong kang nenandur.
    3. Bapak sampun mundhut kajeng jatos.
    Kajeng kula boten makaten.
    4. Kala wingi sonten kula ningali bal-balan.
    Tikus werok ingkang nggilani punika sampun kula cepeng mawi kala.
    5. Pak Lik gereng-gereng margi gerah waja.
    Ing Batur gelem tuku waja kang akeh.
    6. Sinten asmanipun priyantun punika ?
    Sapunika kathah tiyang sakit asma. 7. Aku ora bakal lali karo wong tuwa.
    Tini tuku bakal klambi.
    8. Adhiku rewel nangis nganti pirang-pirang jam, bareng disuwuk simbah banjur meneng klakep.
    Gamelane wis disuwuk.
    9. Wong urip mono kudu sregep golek kawruh.
    Aku mau nonton wayang golek.
    10. Wacanen buku iki ing rai lima.
    Tatune ing rai durung mari.


    C. PANYANDRA

    Panyandra iku tétembungan utawa ukara kang wis gumathok, kanggo nyandra kaananing alam, satriya, ratu, peranganing awak, solah bawa lsp. Lumrahe adhapur pepindhan. [ 101 ]Tuladha :

    1. Candrane peranganing awak :

    a. Gulune ngelung gadhung.
    b. Bangkekane nawon kemit.
    c. Wadana melok lir wulan purnama.
    d. Imba njalirit nanggal sapisan.
    e. Netra lir baskara kembar.

    2. Candrane solah bawa :

    a. Lakune lengket-lengket kaya macan luwe.
    b. Untabing wadyabala kaya gabah diinteri.
    c. Kumepyur saengga panjang putra dhumawah ing sela gilang.
    d. Tandange kaya bantheng ketaton.
    e. Anjenger kadi tugu sinukarta.


    3. Candrane satriya :

    Raden Gathutkaca iku otot kawat, balung wesi, sungsum gagala, kulit tembaga, daging kancana, driji gunting, sikut palu, dhengkul paron, pupu mriyem ngagem caping basunanda, kotang antrakusuma, udan datan kodanan, panas datan kepanasen, bisa mletik tanpa suthang, bisa mabur tanpa elar.

    Tegese tembung-tembung :

    wadana = rai
    lir = kata
    wulan = rembulan
    imba = alis
    netra = mripat
    baskara = srengenge
    saengga = kaya
    sela gilang = watu sing meleng-meleng (sing atos banget)
    kadi = kaya
    sinukarta = direngga-rengga
    gagala = lak
    kancana = mas
    antrakusuma = kembang kang warna-warna
    kusuma = kembang
    antra = tanpa wates, warna-warna
    [ 102 ]D. Golekņa paribasane ing ngisore !

    1. Wong sing wis ora duwe panguwasa.
    2. Prakara cilik dadi prakara gedhe.
    3. Samubarang kang langka bisa kagayuh.
    4. Katone ora pakra nanging duwe kaluwihan.
    5. Oleh kabegjan sing gedhe.
    6. Kasangsaran kang matumpa-tumpa.
    7. Wis kepenak dienak-enakake.
    8. Sing gedhe lan duwe panguwasa iku sing menang.
    9. Laire katon bregas, nanging satemene kacingkrangan uripe.
    10. Ngunen-uneni wong sakatoge.
    11. Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake wragad
    12. Sing diaku sedulur mung sanak sedulure sing sugih.
    a. Kriwikan dadi grojogan.
    b. Baladewa ilang gapite.
    c. Bathok balu isi madu.
    d. Cecak nguntal elo.
    e. Endhas gundhul dikepeti.
    f. Nyandhung cepaka sawakul.
    g. Kepalu kepenthung.
    h. Asú gedhe menang kerahe.
    i. Kadang konang.
    j. Garang garing.
    k. Keplok ora tombok.
    l. Entek amek, kurang golek.


    III. PARAMASASTRA

    PANAMBANG

    A. Wangsulana pitakon-pitakon iki ! 1. Weneha tuladha rumaketing panambang a kang mujudake rimbag agnya (pakon) 5 bae, lan rimbag sambawa uga 5 bae!
    2. Wenehana tuladhane panambang a kang nelakake pakon tanduk (tanpa lesan) cacahe 5 bae! [ 103 ]3. Wenehana tuladhane panganggone panambang a kang nelakake pakon tanggap (kang lesane gumathok) cacahe 5 bae!
    4. Wenehana tuladhane ngloro bae panganggone panambang a kang nelakake upama, pangarep-arep, sanajan, muga-muga, mokal!

    B. Terangna tegese panambang a ing tembung-tembung kang kandel panyithake ing ukara iki!

    1. Din, njupuka sepedha menyang ngomah!
    2. Kowe mlakua dhisik!
    3. Tukua klambi menyang toko sedhela!
    4. Pintera kaya ngapa yen ora ngajeni wong tuwane ateges asor bebudene.
    5. Udana mono awakku ora rekasa nyirami tanduran mengkene iki.
    6. Sugiha kae yen ora ngreti marang sedulur ora ana gunane.
    7. Bapak kondura saiki, bisa kepethuk aku.
    8. Aku duwea dhuwit, kowe mesthi daktukokake sepatu.
    9. Reregan saiki medhuna mono, blanjaku kareben bisa cukup kanggo urip sesasi.
    10. Sing kowe bae ora bisa, aku maneh bisaa.
    11. Ngakua bae, aja nganti goroh !
    12. Kowe bae ora ngreti, adhimu maneh ngretia.
    13. Kowe meleka, aku dakturu dhisik !
    14. Anggen kula matur kathah-kathah wau, sageda madhangaken panggalih.
    15. Enggone mangsuli mengkono iku rak mamrih dianggepa bener.


    IV. NULIS

    A. Panulisan sing salah ing ukara-ukara iki benerna !

    1. Akeh wong kondho menawa waktu iku rekoso golek pegaweyan. Memujiya wae supoyo gegayuhanmu katurutan.
    2. Aja dhodhok ono kono, kanggo mbuang uwoh. [ 104 ]3. Kathaipun tiang sami ningali sepor tabrakan kalian grobak ing celaipun panggenan sesadeyan.
    4. ngGodhoga wedang, nanging aja nganti kakean gulo. Mengko bubar udut dakombene.


    B. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener Paragrap 1 lan 2 wacan "Caturwarga" ing dhuwur iku !


    V. UNGGAH-UNGGUH

    Pacelathon ing ngisor iki tirokna ana ngarep kelas nganggo basa krama, nganggo lagu kang luwes !


    Nanang : Wah kok mempeng, anggonmu sinau nganti mbeng-kuk. Nyinau apa ta Dhik ?
    Nunu : Anu, Mas, nyinau sajarah. Sesuk ana ulangan sejarah. Ning aku iya wis apal kok, Mas. Kowe teka, lagi bae anggonku nutup buku. Dadi iya wis rampung temenan anggonku sinau
    Nanang : Iya kudu ngono kuwi. Bocah sekolah mono sing didhisikake kudu sinaune. Ngelingana, saiki iki jaman rebutan, rebutan pinter, rebutan pangan. Iya mung sing pinter sing bisa mangan, sing bisa mulya.
    Nunu : Pancen mangkono, Mas. Tur kebeneran sing kudu dan dak-sinau iku bab Patih Gajahmada. Bombong atiku Indonesia duwe pahlawan kaya Patih Gajahmada iku.
    Nanang : Sapa sing ora mbedhodhok duwe pahlawan kaya Patih Gajahmada mangkono iku. Luwih-luwih kowe karo aku sing kagolong pemudha kang kudu nerusake perjuangane para pahlawane dhewe, kalebu pahlawan Patih Gajahmada.
    Nunu : Iya ngono kuwi. Aku kowe iku padha kinudang-kudang wong tuwa, dadja pahlawan, dadia pemimpin nagara. Aku karo kowe sing nggenteni wong tuwa nyekel bang-bang pangalum-aluming nagara.
    Nanang : Iya wis samesthine kudu ngono. Witekna sapa sing nggenteni nyekel negara. Para mudha padha kajibah ngudi sampurnane, kaluhurane lan kamulyane bangsa Indonesia.

    [ 105 ]

    Mulane ayo padha mempeng. Sebab sesangganggane para mudha iku abot temenan. Nagarane saya maju, pemudhane kudu saya nggrengseng anggone ngudi ngelmu.
    Nunu : Iya kok Mas. Aku iya kudu ngono. Indonesia kudu enggal bisa nututi kemajuane bangsa-bangsa liya. Para mudha kudu duwe idham-idhaman, "emoh dikalahake bangsa liya." Yen wis ngono mesthi banjur cancut taliwanda, ngetog karosan, merés pikir. Aku yakin sarana ati kenceng para mudha Indonesia mesthi enggal bisa nututi bangsa-bangsa liyane.
    Nanang : Mula ya mengkono. Yen kana bisa, apa ya kene ora bisa. Apa bedane kana karo kene. Angger ana karep mesthi ana dalan. Kudu kenceng karepe, kaya idham-idhamane Patih Gajahmada mau iku mau kabeh dadi sarana kanggo majuning nusa bangsa. Kanggo enggal kagayuhe masarakat adil

    makmur.


    VI. KASUSASTRAN


    A. Cerita cekak (cerkak)

    Cerita cekak iku cerita gancaran kang ngandharaka sarining kedadean bae saka awal tekan pungkasan. Dadi mung isi andharan sakeplasan bae tumrap sing dadi jejering carita. Kang dadi jalaran lan kedadeaning lelakon ora dicritakake jero-jero, mung cekakan bae, nanging rampung.


    Tuladha :

    - Sawur Sari (kumpulan cerkak) Balai Pustaka.
    - Umbul Pengging (kumpulan cerkak) anggitane Wiji Widayat.
    - Kidung Wengi ing Gunung Gamping (kumpulan cerkak) anggitane St. J. Jesmaniasita. [ 106 ]B. Crita cekak anggitane Astuti Wulandari S.P. iki wacanen nganggo lagu kang luwes !


    JAKARTA


    Yen wis ngene iki tuwuh maneh rasa bosenku. Temenan Bosen sing wis mucuk kae. ora kena diluk. Apa maneh yen udan deres ngene iki. Gendeng trocoh kabeh njalari jogane keblambangan banyu. Yen dakgagas dawa ooo keduwung banget olehku ngetutake pindah nyang Jakarta kene. Ngertia ngene tok pungkasane biyen lowung ngenteni ana ndusun bae. Au ora maido menawa mas Has - bapake bocah-bocah-ulap ing pandeleng meruhi kanca-kancane pada urip brewu sawise boyong nyang kuta metropolitan iki. Kanggoku, ah ora gigrig kabar pisan marang gebyaring banda.


    Wis akeh tuladane. Tanggaku tunggal pager, meh setaun pindah Jakarta, wis dadi juragan gede. Durung tutug gumune wong-wong sadesa, weruh-weruh deweke wis digrudug polisi. Jebul ana Jakarta gawene ngapusi, malah ngrampog barang. Isih ana maneh. Sawijining guru SD, rupane pancen rada melek tur isih legan. Kepencut tembung manis lan kintil ngono bae bareng dipameri urip ana Jakarta. Wiwitane pancen gawe ewa. Saben minggu kirim duwit ewon-ewon marang emboke. Durung ganep setaun ndadak deweke bali nggendong anak tanpa bapa. Saiki nganggur, malah dadi sanggane biyunge. Tibane ana Jakarta dadi hostess.


    Kuwi mung saperangan bae. Saka kono aku nitik, yen urip ana Jakarta mono pancen angel banget. Apa maneh tumrap sing durung weruh nyatane. Mulane aku kaget banget nalika bapake bocah-bocah meksa ngajak pindah mrana.


    "Panjenengan ki bingung apa piye ta, mas? Lha sing ana kana da kleleran ngono. Kok reka-reka arep mrana ki pa nyedya dadi kere?" ujarku protes, ora setuju marang pratikele.
    "Kuwi rak sing ra ngerti dalane ta, Nien!" kandane.
    "Ngerti ra ngerti kuwi, sing perlu rak nyatane. Apa ta gunane pindah, gek durung karuwan nyambut gawene. Ana desa, nganggur-nganggura rak isih bisa tetandur," wangsulanku tetep menging.


    Nanging embuh, pungkasane aku sida pindah. Sing genah ora kok merga aku kepencut gebyaring panguripan sing jare luwih kepenak nyang kuta gede. Yeh aku dikon blaka, gelemku nuruti karepe kuwi rak merga aku ngeman wutuhing bebrayanku. Wekasane, tegalan kadol, kanggo ngontrak gubug ana pinggiran. Anakku telu dak-gawa, dene sing siji diopeni embahne ana desa.


    Seprene meh setaun aku sabrayat ngenggoni gubug cilik pinggir rel sepur cedak kali. Ora ana crita seneng babar pisan. Kampungku jembreg. Sembarang sarwa larang. Banyu kudu tuku. Pakurmatan kudu tuku. Kahanan ing dalan-dalan mung nggraji ati tok. Sok-sok aku ngelingake bapake bocah-bocah, kepriye yen bali nyang desa bae. [ 107 ]"Ah, Nien, rak mung gawe isin bae no. Wis diniyati pindah kok bali ndesa. Iya yen nggawa donya brana. Yen malah luwih mlarat ngene iki rak malah dadi keploke tangga."


    "Kanggoku luwih isin yen jare nyang Jakarta kok malah manggon pinggir kali. Gek sedina mangan rong dina pasa. Luwih becik awake dewe mulih. Ora sah nggape guneme tangga. Panjenengan pirsani ! Bayi tambah kuru, durung Titien sing pijer laranen merga hawane ora sehat. Banyu cumpen, gubug empet-empetan!" swaraku adreng.


    Ooo wis gawang-gawang ing salumahing pangangen. Desaku kang tintrim. Banyu bening kincling-kincling ora samar kasatan. Warga kampung sing rukun. Ya kuwi kabeh kang mesti dak-impekake ing wengi-wengi pungkasan iki.


    Dak-sawang mas Has tumungkul. Aku ora bisa ngranggeh mungguh apa sing cumantel ing atine. Muga-muga bae lagi nglimbang rembugku. Aku ngerti. Deweke sawijining priya sing tegas, sanadyan kategasane sok-sok gawe mirising ati. Nanging kepriye maneh. Aku nresnani deweke, komplet karo kekurangane dalah kaluwihane.


    Sepasar suwene aku nglentruk. Mas Has ngerti, yen dina-dinaku sangsaya kebak peksan. Pancen. Saben melek, ajeg bae sing dak-rungu, dak-sawang, dak-lakoni, gemrubuging sepur nggremet, ilining kali kabotan larahan lan gubug-gubug semplah.


    Sawijining sore, mas Has ngajak rembugan. Dak-tamatake, ooo, katone cepet tuwa kepangan kahanan.
    "Apa kepenake pancen bali nyang desa bae ya. Nanging ngenteni warase Titien" ujare mantep.
    Mripatku kembeng eluh. Ora muspra lehku ngonga saben dina.


    Sawise rembug mateng, aku tata-tata arep boyongan. Kabeh wis samekta. Kari ngenteni warase anakku ragil. Wis seminggu awake panas. Dek mau, sadurunge udań, bapake budal nukokake obat. Durung mulih. Mestire kodanan lan kebeteng ana dalan. Udane panggah nggrejeh. Lamat-lamat keprungu wong mlaku ing emper omah ngidaki bletokan. Lawang didodog.


    "Mas Has?" pangundangku karo menyat.
    "Bukakna sedela !" keprungu swara nyauri, Dudu mas Has. Sawenehing pitakon nggremeti ati.
    "Nien, aku oleh welingan. Kowe dikon nyusul Has menyang apotik cedak kantor polisi kono !" akone gemrojog ing tengahing lawang. Aku njenger. Dak-sawang yu Sri, tanggaku tunggal gedeg sing wis sumendulur. Jarite perangan ngisor kebes.
    "Lungguha sik ta, yuk. Sing ngakon sapa ?" pitakonku karo ngglandang mlebu.
    "Wis ta, susulen ! Kiraku leh nggawa duwit kurang," saurane yu Sri mrayogakake.
    Aku mikir amrih becike.
    "Ya wis, dak mrana. Entenana sedela ! Titip Titien ya, yu. Yen komprese garing, celupna maneh !" welingku karo njangkah metu. [ 108 ]Dalane peteng tur jemek. Karo mlaku kudung plastik, aku nganyam pikir. Tumetese udan nggujug sirahku. Kala-kala atiku nratab merga kepleset bletok. Urip kok kaya dongeng.


    Tekan apotik sing jejer kantor polisi, aku mandeg. Akeh wong rubung-rubung. Kaya-kaya dudu wong ngeyub. Karo ndesel-ndesel golek dalan aku isih kober nginguk. Oh Gusti ! Dak-srondol wong-wong kang pada ngrubung. Aku isih bisa ngampet sumedoting ati lan sadompyokan pitakon sing nglumpruk ing dada.

    "Mas, Maaas... !" serak pambengokku.

    Awakku sing kademen ndredeg nyumurupi bapake bocah-bocah gumletak ing emperan kantor polisi. Dadane gupak bletok saka dlamakan-dlamakan sepatu. Raine gubras getih. Sirahe mburi ... oooh!

    Aku njerit. Dak-rungkebi awake sing teles. Kahanan sepi. Wong-wong njinggleng. Aku ngguguk.
    "Bu, punika sinten ?" dak-rungu pitakon alus.
    "Punapa panjenengan garwanipun ?" bacute maneh.
    Aku ndengengek lan mantuk ing sela-selaning kamisesegen.
    "Punika ngaten. Kala wau piyambakipun dipun wastani nyopet arta. Dening tiyang-tiyang katah lajeng dipun gebugi ngantos kados ngaten. Keleresan kula sumerep lajeng kula bekta mriki kaliyan ngrantos ambulance," ngendikane sawijining bapak polisi njlentrehake.

    Mas Has nyopet? Ah mokal ! Ngayawara banget yen deweke tumindak ala kuwi. Nyopet? Mokal ! Maling? Ngayawara! Mokal ! Mokal banget ! Rumangsaku wengine tambah peteng lan sirahku abot banget. Saombyokan lintang-lintang sing sore mau ora katon, saiki ngebyuki aku. Dak-rungkebi awake mas Has sing njejet. Sateruse aku ora eling, semaput.

    Wis telung dina iki aku ana desa. Pancen sida bali, sanadyan beda banget karo apa sing nate dak-impekake.

    Saperangan pancen bener. Kaya ta banyu kincling-kincling sing agung, desaku sing tentrem lan sesawangan endah. Saliyane kuwi wis ora ana maneh. Uripku wis diremed, dirampas lan disiya-siya kuta Jakarta kang jare kondang loma menehi panguripan. Kepriye olehku ora nggrantes, jer nyatane mas Has, bapake anak-anakku, ya priya sing nduweni hak marang setya lan tresnaku, wis tinggal donya amarga pandakwa sing ngayawara. Aku mung oleh ijol tembung njaluk pangapura, jer kabeh mau mung kleru alamat. Mas Has ora luput. Copete sing temenan wis kasil kepikut. Nanging kepriye lehku njaluk ijol, wong sing milara mas Has sapirang-pirang.


    Oh Gusti! Kuwi durung nyampurnani kabeh sanggahing batinku. Anakku Titien uga kepundut Pangeran, bengi kuwi uga bareng karo bapake.


    Saiki aku nyoba urip ninggalake wewayangan panguripanku biyen nalika ana Jakarta. Uga aku nyoba ora getun, jer sadurunge tinggal donyo, mas Has tansah nggereng-genteng yen deweke kepengin bali nyang asale. Saiki kanyatan. Aku lila.

    Astuti Wulandari S.P.
    (Kumpulan Cerkak Pilihan 1, 1975).

    [ 109 ]
    WULANGAN 9


    I. WACAN

    A. Wacanen batin sing premati !

    PALAGAN AMBARAWA


    Kutha Ambarawa mono klebu kutha cilik ing laladan Jawa Tengah. Ewasemono ana ing sejarah perjuwangan bangsa, kutha cilik iki ndarbeni andhil kanggo ngrebut lan ngukuhi kamardikan. Iki kacetha lan bisa ditonton ing kompleks Monumen Palagan Ambarawa kang dununge ora adoh karo stasiyun Ambarawa kana.


    Monumen Palagan Ambarawa iki diresmekake dening Presiden Suharto rikala tanggal 15 Desember 1974, sineksenan dening Gubernur Jawa Tengah Supardjo Rustam (rikala semana durung ngasta Menteri), Pangdam VII/Diponegoro Mayjen Yasir Hadibroto (rikala semana durung ngasta dadi Gubernur) lan para priyagung saka pusat sarta daerah liyane.


    Eloke, Bapak Presiden Suharto, Bapak Supardjo Rustam apadene Bapak Yasir Hadibroto pisan, rikala semana pancen melu nyarirani berjuwang ana ing Palagan Ambarawa. Bapak Presiden rikala paresmen kasbut nelakake wigatine Monumen Palagan Ambarawa iku dibangun. Adege monumen mau ora liya kanggo nenangi semangat perjuwangan lan supaya kita padha ngrasakake kaya apa rekasane ngrebut lan ngukuhi kamardikaning Indonesia. Semangat perjuwangan mau kabukten ana ing Palangan Ambarawa kang diuri-uri.


    Ing sajroning paresmen Bapak Presiden Suharto pratela, kita menang ing Palagan Ambarawa ananging kita uga kudu menang ana ing Palagan Pembangunan. Pancen prastawa Palagan Ambarawa mau wigati banget, sebab ing kono kita ngadhepi mungsun kang sarwa jangkep piranti militere. Apamaneh tentara Sekutu kang kita adhepi iki mujudake tentara kang wis terdidik, sugih pengalaman, tur... lagi bae mentas saka kancah Perang Donya ka-2 kanthi nggawa kamenangan. Ing mangka kita bangsa Indonesia, lagi bae ngedegake negara Republik Indonesia. Negara kita lagi lair, lan kang maju perang ora ngemungake para prajurit, nanging iya pemuda sarta rakyat biasa saka karang padesan. [ 110 ]Dadi cetha manawa perang kita iku perang semangat. Semangat berjuwang lan berkurban kang ora mung ngenthengake pakaryan, nanging uga dadi tali pemersatu, ngilangake beda-bedaning agama, drajat-pangkat apadene asal-usul lan adat-istiadat. Ya semangat mangkono mau kang kudu kita uri-uri lan kita dadekake sangu berjuwang ing Palagan Pembangunan dina iki.

    Ana ing altar Bangunan Pokok Monumen Palagan Ambarawa kono kacetha reca pepethane Letkol Isdiman kang gugur ing pertempuran kasbut, Jenderal Sudirman lan Jenderal Gatot Subroto. Katon Pak Dirman kang sakawit dadi guru Muhammadiyah iku paring komando tempur kanthi dreling mitraliyur. Disaut dening dreling mitraliyur saka sektor wetan, kulon, kidul lan lor.

    Ing kompleks monumen kono isih tinemu gerbong lan lokomotif kang biyen kanggo ngangkut pengungsi, pejuwang apadene tentara republik. Uga truk-truk Sekutu kang kasil dirampas dening pejuwang, motor-mabur "cocor-merah" kang rikala semana kasil natoni atusan penduduk kang pungKkasane kasil ditembak tentara republik lan nyungsep ing rawa Pening. Semono uga tank-tank lapis waja kang dadi pirantine Sekutu lan kasil dilumpuhake tentara republik isih kapajang ing plataran monumen.

    Dene monumen induk Palagan Ambarawa iki anduweni denah dhasar wewangunan gelar "supit-urang", gelar kang dinggo Pak Dirman nalika nyerbu Ambarawa. Ing dhasar "supit-urang" mau madeg tugu kembar dhuwure 17 meter. Longkangan antarane tugu loro mau 0,8 meter. Dene ngarep tugu kembar mau kawangun altar kanthi relief kang nggambarake Palagan Ambarawa kang dawane 45 meter. Lan ing sandhuwure tugu kembar disawijekake dening lambang negara Garuda Pancasila.

    Kabeh mau mengku pralambang yen Proklamasi 17 Agustus 1945 wis dadi gerbang (tugu kembar) kanggo nggayuh negara Pancasila kang adil makmur lan nampa nugraha sarta ridlaning Gusti Allah Kang Mahawelas lan Asih.

    Ing altar mau madeg recane Pak Dirman kang melu mimpin langsung lumakune paprangan. Pak Gatot Subroto kang ora cilik labuh labete uga melu mandhegani paprangan rikala Letkol [ 111 ]
    Isdiman gugur. lya Palagan Ambarawa utawa Serangan Umum ing kutha Ambarawa iki kang puncake kedadeyan tgl. 15 Desember 1945, tentara Sekutu kang kebetheng ing beteng pendhem kang kondhange "ora bisa direbut” nyatane kasil dhadhal lan diusir dening para pejuwang kita.
      Tentara Sekutu keplayu, diuber nganti tekan Ungaran lan Semarang. Prastawa iki mujudake kemenangan mutlak dening infanteri kita, saengga tgl. 15 Desember kita pengeti minangka Hari Infanteri. Cekake prastawa Palagan Ambarawa iki kejaba mbuktekake menange semangat lumawan teknik, uga mbuktekake kadar kepemimpinan militere bangsa kan wis ndarbeni bobot internasional.

    B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

    1. Apa sababe Monumen Palagan Ambarawa ana ing kutha Ambarawa ?
    2. Apa wigatine Monumen Palagan Ambarawa iku diedegake ?
    3. Bapak Presiden Suharto ana ing paresmen Monumen Palagan Ambarawa iku pratela keng wigati banget tumrap kita. Apa. pratelane
    4. Palagan Ambarawa iku kena diarani paneterane tumrap prajurit, pemudha, lan rakyat Indonesia anggone ngadhepi mungsuh. Geneya kok bisa diarani mangkono ?
    5. Apa sababe perang kita nglawan mungsuh iku diarani perang semangat ?
    6. Ing altaring Bangunan Pokok Monumen Palagan Ambara‘wa kono ana pepethan apa bae ?
    7. Critakna pepajangan apa bae kang tinemu ana ing kompleks Monumen Palagan Ambarawa iku !
    8. Denah apa kang tinemu ana ing monumen indhuk Palagan Ambarawa iku ?
    9. Ing altar uga diedegi recane sapa bae lan lagi tumindak kepriye?
    10. Yen mangkono Palagan Ambarawa iku sawijining bukti kang ora bisa diselaki dening sapa bae tumraping apa ? [ 112 ]C. Lagu/pocapan

    Ukara-ukara iku ucapna kanthi lagu kang luwes !

    1. Bapak ngendika, "Mengko. Eyang arep tindak mrene.
    2. Bapak ngendika manawa mengko Eyang arep tindak mrene.
    3. Bapak dhawuh, "Kowe kudu sinau sing mempeng supaya pinter!"
    4. Bapak dhawuh manawa aku kudu sinau sing mempeng supaya pinter.
    5. Ibu ndangu, "Apa kowe sesuk arep ulangan ?"
    6. Ibu ndangu apa aku sesuk arep ulangan.
    7. Eyang ngendika, "Aku sesuk arep tindak Sala."
    8. Eyang ngendika manawa panjenengane arep tindak Sala.


    II. KAWRUH BASA

    A. Tegese tembung-tembung iki gatekna, banjur gawenen ukara !

    palagan = paprangan
    kompleks = klompok
    monumen = bangunan utawa panggonan kang penting ajine ing sejarah
    pratela = aweh weruh marang
    kancah Perang Donya = ajanging Perang Donya
    altar = meja kanggo ngunjukake kurban
    pepethan = wewujudan teteroning barang
    denah = gambar kang nduduhake panggonan
    gelar "supit-uráng" = tananam baris "supit-urang"
    longkangan = lowahan
    nugraha = ganjaran, peparing


    B. Golekna sinonime tembung-tembung kang kandel pangecape ing ukara-ukara iki !

    1. Palagan Ambarawa iku dununge ana ing laladan Jawa Tengah.
    2. Kutha cilik iki ndarbeni andhil kanggo ngrebut lan ngukuhi kamardikan.
    3. Perjuwangane bangsa kita kacetha ing kompleks Monumen Ambarawa. [ 113 ]

    1. Adege monumen iku ora liya kanggo nenangi semangat perjuwangan.
    2. Pancen prastawa Palagan Ambarawa mau wigati banget.
    3. Ana ing altar Bangunan Pokok Monumen Palagan Ambarawa kono kacetha reca pepethane Letkol Isdiman_kang gugur ing pertempuran kasbut.
    4. Rikala samana "cocor-merah” kasil natoni atusan pendhudhuk, nanging pungkasane kasil ditembak tentara Republik.
    5. Tentara Sekutu keplayu, diuber nganti tekan Ungaran lan Semarang.

    C. ISBAT

    Isbat iku pepindhan kang isi pitutur jati.
    Coba tuladha iki golekana potas ing ngisor !

    1. Kodhok ngemuli lenge
    2. Nangangsu apikulan warih = Amek geni adedamar.
    3. Warangka manjing curiga.

    a. Wong kang golek ngelmu (maguru) kudu duwe pawitan = wani rekasa ora ngumbar hawa nafsu.
    b. Jiwane manungsa kudu bisa ngereh agane.
    c. Manunggaling jiwa lan raga.


    D. SENGKALAN

    Sengkalan iku pengetan cacahing taun kang arupa tetembungan utawa gambar. Mulane sengkalan iku ana warna loro

    Sengkalan lamba

    Yaitu pengetan cacahing taun kang arupa tetembungan.

    Sengkalan memet

    Yaitu pengetan cacahing taun kang arupa gambar.

    Kang dirembug ing buku iku mligi sengkalan lamba, yaiku cacahing taun kang pinengetan nganago tetembungan. Kang lumrahe migunakake sengkalan iku wong-wong Jawa ing jaman kuna, Ing jaman saiki wis arang banget kang migunakake. [ 114 ]Tuladha :
    Panca Catur Trusing Tyas (= taun 1945)
    54 9 1
    Putri Tata Trus Manunggil (= taun 1953)
    35 91

    Katrangan :

    Carane nemtokake angka taun iku saka tengen mangiwa.

    Perlune pengetan taun nganggo tetembungan (sengkalan) : — Bisa kasalarasake karo prastawa utawa lelakone wang pinengetan. — Gampang dieling-eling lan angel faline.

    Dene tembung-tembung kang kanggo ing sengkalan iku mung tembung-tembung kang dianggep nduweni: watak-wilangan, kaya ta:

    — Watak siji : barang kang cacahe mung siji, barang kang awangun bunder, janma manungsa.
    — Watak loro : barang kang cacahe loro (mapa tangan, kuping lsp.)
    — Watak telu : eni, barang-barang. kang mawa geni.
    — Watak papat : banyu, tembung-tembung kang ateges gawe
    — Watak lima : buta, panah, angin.
    — Watak nenem : araning rasa, tembung-tembung kang ngemu surasa, obah, tembung-tembung kang ateges kayu, araning sapada (aseet)
    — Watak pitu : pendhita, gunung, pitu, nunggang, jaran.
    — Watak wolu : gajah, kewan rumangkang (reptil).
    — Watak sanga : dewa, barang-barang kang dianggep bolong
    — Watak das : tembung-tembung kang ngemu surasa ora ana, langit utawa dhuwur. [ 115 ]Dene pandhapuke tembung-tembung kang kanggo ana ing sengkalan iku nganggo paugeran cacahe 8, yaiku mangkene :

    (1). Paugeran Dasanama

    Tembung-tembung kang tegese padha (nunggal misah), kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
    pretiwi = kisma = pratala → 1
    akasa = langit = dirgantara → 0

    (2). Paugeran Sastra (tulisan)

    Tembung-tembung kang padha panulise, kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :

    esti (= gajah) = esti (= sedya) ->8

    (3). Paugeran Wanda

    Tembung-tembung kang nduweni wanda padha, kaanggep padha watak wilangane, kaya ta:
    dadi = waudadi → 4

    (4). Paugeran Warga

    Kang nunggal warga (golongan), kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
    ula = baya → 8

    (5). Paugeran karya (pakarti)

    Barang karo pakartine kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
    mripat = mandeng → 2

    (6). Paugeran Sarana (piranti)

    Piranti lan gunane kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
    ilat = rasa = pratala →6

    (7). Paugeran sipat

    Barang lan sipate kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
    geni panas -> 3 [ 116 ](8). Paugeran Jarwa (teges)

    Tembung lan tegese kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
    retu = oreg = seger = obah → 6

    Pethikan sengkalan-sengkalan minangka tuladha:

    (1). Sirna llang Kartaning Bumi = taun 1400
    (0) (0) (4) (1)
    (sengkalan rusake Majapahit 1400 Saka).
    (2). Uninga Tatu Trus Aji = taun 1953
    (3) (5) (9) (1)
    (3). Tata Guna Swareng Nata = taun 1735
    (5) (3) (7) (1)
    (4). Nir raraning pujanggarja = 1860
    (0) (6) (8) (1)
    (5): Resi Suci Trus Samadi = 1947
    (7) (4) (9) (1)


    III. PARAMASASTRA

    UKARA WUTUH LAN UKARA WANCAHAN

    A. Gatekna pacelathon iki!


    Budi : "Kowe saka ngendi, Har?" (1)
    Harna : "Saka Bandung." (2)
    Budi : "Sapa sing ngajak kowe?" (3)
    Harna : "Bapak." (4)
    Budi : "Kowe nggawa oleh-oleh?" (5)
    Harna : "Nggawa.'(6)
    Budi : "Nggawa apa?"(6)
    Harna : "Peuyum."(8)


    B. Katrangan:

    1. Pacelathon ing pasrawungan iku, kajaba migunakake ukara wutuh lumrahe migunakake ukara wancahan, amarga sing padha guneman wis padha bisa nyukup karepe senajan ukarane ora ganep. [ 117 ]2. Ukara wutuh

    Yaiku ukara kang dumadi saka gatra jejer lan gatra wasesa, kaya ta:
    - Kowe / saka ngendi, Har? (1)
     (j)   (w)
    - Sapa sing/ngajak kowe? (2)
     (j)   (w)
    -Kowe / nggawa oleh-oleh? (5)
     (j)  (w)

    3. Ukara wancahan

    Yaiku ukara kang dumadine tanpa gatra jejer utawa tanpa wasesa, utawa tanpa jejer lan wasesa, kaya ta:
    - Saka Bandung.(2)→gatra katrangan panggonan thok.
    - Bapak.(4) -> gatra jejer thok
    - Nggawa.(6) gatra wasesa thok
    - Nggawa apa ? (7) → gatra wasesa lan lesan (tanpa jejer)
    - Peuyum.(8) gatra lesan thok (tanpa jejer lan wasesa)

    Rakitan tembung-tembung nomer 2, 4, 6, 7, 8 ing dhuwur iku kagolong ukara wancahan, marga ana gatra-gatra kang ora diucapake (diwancah) marga sing diajak guneman wis bisa nyakup karepe.

    Dene sing ora diucapake ing pacelathon dhuwur iku gatra kang ana njeron kurung:

    - (Aku) saka Bandung.
     (J)  (W)
    - Bapak (ngajak aku)
     (J) (W)  (L)
    -(Aku) nggawa (oleh-oleh).
     (J) (W) (L)
    - (Kowe) nggawa apa?
     (J) (W) (L)
    -(Aku nggawa) peuyum.
     (J) (W) (L) [ 118 ]C. Tugas

    1. Goleka tuladha ukara wancahan lan ukara wutuh nglima bae!
    2. Endi kang kagolong ukara wancahan lan ukara wutuh ing ngisor iki ?
    a. Ndandani omah kang ana kutha.
    b. Panas wedange.
    c. Tindakan menyang ngendi?
    d. Dhateng Surabaya.
    e. Iku kewan iwen.
    f. Kewan galak iku.
    g. Mangan karo nyandhang iku butuhe wong urip.
    h. Nakale adhiku kebangeten.
    i. Endang mulih bae saiki!
    j. Ayo ta mangan-mangan dhisik!
    k. Apa kuwi?


    IV. NULIS

    Pada pangkat

    A. Gatekna lan tamatna !

    Pada pangkat iku gunane mengkene :

    1. Kanggo ngelet-eleti critane kang nulis karo kang ditirokake dening kang nulis, tuladhane :

    ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦔꦺꦴꦩꦃ꧈​ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦩꦔꦤ꧀​ꦗꦪꦸꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦼꦚꦁꦲꦺꦴꦩꦃꦲꦺꦢꦶꦫꦤ꧀꧈​ꦕ꧀ꦭꦛꦸꦤꦺ꧇​ꦏꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧈

    ꦲꦼꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦤꦺꦢꦶꦫꦤ꧀ꦚꦥ꧇​​ꦱꦥ꧈​ꦠ꧈​ꦲꦏꦸꦮꦶ꧉ [ 119 ]2. Kanggo ngelet-eleti tetembungan karo katrangan, tuladhane :

    ꦕꦏꦂꦫꦺꦚꦼꦁꦉꦩ꧀ꦥꦶꦠꦏꦁꦲꦤꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺ꧇ꦧꦶꦤ꧀ꦤꦺꦏꦠꦸꦁꦒꦭ꧀​ꦆꦏ꧉

    ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺ꧇ꦮꦂꦤꦮꦂꦤꦤꦶꦁꦩꦸꦁꦱꦶꦗꦶ꧉

    3. Kanggo ngapit-apit angka Jawa, tuladhane:

    ꦲꦂꦠꦏꦸꦭ​꧇​꧒꧕꧐꧐​꧇ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ꧉

    ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀​꧇​꧓​꧇​ꦗꦊꦱꦢꦪ꧉


    B. Tulisen nganggo aksara Jawa !

    1. Eyang ngendika, "Besuk kapan anggonmu arep menyang​ ​Surabaya ?"
    2. Adhiku celathu, "Benjing liburan semesteran ngajeng punika, Eyang."
    3. Ibu tindak pasar mundhut sayuran, daging sapi, endhog, bumbu lan gula pasir.
    4. Sapunika taun 1989.
    5. Tabanas kula 1.743.530 rupiyah
    6. Dina iki tanggal 17 Agustus, taun 1989.


    V. PANANTANG LAN IPAT-IPATI

    A. Ukara panantang iku ukara kang nelakake ngajak adu kaluwihan utawa ngajak kerengan, mula ngemu rasa sesumbar.

    Tuladhane :

    - Yen nyata atos balungmu lan ulet kulitmu, ayo padha tandhing ijen padha ijen !
    - Yen kowe pancen satriya temenan, metua njaba dakladeni sagendhingmu !
    - Majua sayuta ngarsa. sakethi wuri, ora-orane aku bakal mundur sapecak!
    - Yen wani, aku kepengin neter kewasisanmu main catur !
    [ 120 ]B. Ukara ipat-ipat iku ukara kang nelakake wewaler kinanthen supata!

    - Dadia banyu emoh nyawuk, dádia godhong emoh nyuwek.
    - Dadia suket suthik nyenggut.
    - Yen nganti kowe bisa nyenggol awakku, dak beset kulitku.
    - Senajan uripku mepet nggalar, ora bakal aku nangisi kowe.
    - Kekejera kaya ngapa, ora bakal aku aweh pitulungan marang kowe !


    C. Goleka tuladha liya ukara panantang lan ukara ipat-ipat nelu bae!


    VI. KASUSASTRAN

    A. NGARANANA BUKU LAN PANGANGGITE !
    a. 1. Ing jamane Dyah Balitung.
    2. Ing jaman Kedhiri.
    3. Ing jaman Majapait.

    b. 1. Ngaranana priyagung kang kagungan anggitan lan anggitane!
    2. Ngaranana jurunganggit crita wayang!
    3. Pujangga ing Surakarta sing kasusra sapa ? Apa anggitane?
    4. Sing mbangun layang-layang kuna sapa? Layang apa bangunane?
    5. Ki Padmasusastra iku sapa ?


    B. DEKLAMASI

    Rumpakan puisi Jawa gagrag anyar iki wacanen batin lan rasakna, banjur deklamasekna ana ngarep klas!

    GELENGING TEKAD

    <poem> Pedhut anggameng-ameng pucuking arga Nutup soroting surya ing, wanci enjing Mbudidaya kanti sakehing tenaga

    Sang Baskara ywa nganti aweh pepadhang. [ 121 ]

    Ning Sang Hyang E weruh marang kuwajiban
    Sigra nempuh barising pedhut gunung
    Pepalanging laku ginempur lawaran
    Matemah ebun kandel tapis tinundung

    Tan prabeda lawan tekading bangsaku
    Kang ngugemi marang kamardikan
    Tan mraduli cacah pepalanging laku
    Kabeh dinuwa anti Kawicansanen


    Golonging Kae gineleng dadi sawiji
    Mbanqun nagara kang mandhireng pribadi.


    Soebagio Ilham Wotodidjoyo


    _____***_____
    [ 122 ]
    WULANGAN 10

    I. WACAN

    A. Wacanen batin sing premati!

    TEDHA INGKANG MUPANGATI

     Tedha punika kalebet kabetahan ingkang baken menggahipun tiyang gesang. Mila saking punika, sinten kemawon lajeng sami ngudi amrih sagedipun Bikaniuk tedha ingkang sarwi cekap ing saben dintenipun.

     Dene ingkang kawastanan nedha sarwi cekap punika boten ateges nedha ingkang kathah, ngantos kewaregen utawi kemlakaren. Nanging nedha tetedhan ingkang nyekapi kabetahaning badan amrih saged lestantun anjagi kesarasanipun.Tedha kala wau kedah pepak pathi sarining, pepak pitamin lan ngandhut gizi, ugi kedah resik.

     Tetedhan ingkang ngandhut gezi punika tetedhan ingkang nyekapi kebetahaning badan ing babagan : protein, hidrat arang,, mineral, gajih, vitamin. Kekirangan protein lan hidrat arang saged njalari sakit busung lapar, kekirangan vitamin A saget njalari blawur, kekirangan vitamin B, njalari sakit beri-beri, kekirangan yodium saged. njalari sakit gondhok. Awit saking punika peflu saged kita mangertasa tetedhan punapa ingkang ngandhut zat- zal ingkang kebetahaken ing badan kita sadaya.

     Gizi punika Satunggaling kabetahan ingkang baken tumraping badan. Manawi bdilih’ badan- kekirangan gizi, badhe ngalami risaking perangan-peranginipun badan. Punika badhe mbebayani sanget tumraping kasarasan. Pramila babagan tedha punika ingkang wigatos sanget kedah kajagi kanthi permati saestu.

     Manut panalitining para ahli ing babagan qizi tuwin kasarasan, ingkang kataman penyakit amargi kekirangan gizi punika limrahipun ingkang kathah lare-lare alit. Malah manut panaliti kala wau, saben lare sekawandasa ingkang nandhang sakit jalaran kekirangan gizi radin-radin wonten 7 ing nemahi tiwas, lan umumipun lare-lare ingkang kalebet balita.

    122 [ 123 ] Kekirangan gizi ugi anjalari kirang sekecanipun badan ingkang ugi nuwuhaken raos lesu, kirang semangat manawi tumandang damel Tumraping lare saget anjalari geger wungkuk, sikil bengkong, lemes, lan munduring daya pikiripun.

     Awit saking punika tedha ingkang kita betahaken ing saben dintenipun, kedah nyekapi sarat-saratipun, ing antawisipun : kalori, protein, vitamin.

     Perlu kaaturaken, bilih gizi: punika tegesipun tetedhan ingkang njalari badan saras. Mila lajeng wonten ingkang negesi bilih gizi punika tetedhan ingkang gegayutan kaliyan kasarasan.

     Manut paniti priksaning para ahli gizi, ing kalangan masyarakat Indonesia kepanggih wonten 4 prakawis ingkang gegayutan kaliyan gizi, inggih punika : kekirangan kalori, kekirangan protein langkung-langkung protein hewani, kekirangan vitamin A, penyakit gondok Indemis. Kekirangan kalori, protein, kaliyan vitamin A punika dados campur adhuk. Amargi tiga-tiganipun sami wonten gandheng-cenengipun.

     Sampun katerangaken ing nginggil manawi tiyang ing kacekap gizinipun dados saras, manawi kirang boten badhe ngalami sakit-sakit kurus lapar, busung lapar, sakit gondhok, cadhok lan sanes-sanesipun. Nanging kosok wangsulipun manawi kekathahen gizi badhe njalari : penyakit jantung, penyakit darah, penyakit diabetes lan sanes-sanesipun.

     Awit saking punika minangka punjagining gizi.sampun ngantos kekirangan utawi kekathahen tumraping \rakyat Indonesia, mila Lembaga Makanan Rakyat tansah damel reka dayaamrih rakyat punika "sadar gizi” lan mrayogekaken dhateng masyarakat supados menuning tedha saben dintenipun karacika adhedhasar slogan EMPAT SEHAT LIMA SEMPURNA. Tegesipun menu ingkang sehat punika dumadinipun saking 4 werni, inggih punika : sekul, lelawuhan, sayuran, tuwin buah-buahan. Menu werni 4 punika badhe dados sampurna manawi dipun tambahi. susu. Wosipun slogan ing nginggil punika satunggaling pathokan ingkeng gampil tumraping rakyat anggenipun badhe ngreka daya amrih kabetahanipun gizi ing saben dintenipun saged kacekapan lan kajagi kasarasanipun.


    123

    [ 124 ]B. Wangsulana !

    1. Kang dikarepake "pangan kang mumpangati" iku pangan sing kepriye ?
    2. Sing dikarepake "gizi" iku sebenere apa ?
    3. Wong kang kurang gizi iku njalari apa, lan yen kakehan gizi iku marakake apa ?
    4. Rekadaya apa sing kudu kita tindakake supaya aja nganti kekurangan/kaluwihan gizi ?
    5. Kandhakna tuladhane penyakit-penyakit kang gegayutan karo kebutuhan gizi !


    C. Pocapan/lagu

    Ucapna sing bener !

    - zakat fitrah
    - fakir miskin
    - para alim-ulama
    - kalifatullah
    - sukur alhamdulillah
    - kaum muslimin

    - astagfirullah
    - asalamualaikum
    - jamaah
    - takwa
    - takdir
    - amal jariyah

    II. KAWRUH BASA

    A. Tegese tembug-tembung iki golekna, banjur gawenen ukara !

    gizi = pangan kang marakake waras
    vitamin = zat pangan kang dibutuhake kanggo njaga kawarasaning awak.
    mineral = garam-garaman (garam besi, garam kapur, garam yodium).
    protein = persenyawaan-persenyawaan organik kang piguna kanggo mujudake jaringan.
    kalor = panas
    kalori = satuan panas, keling energi kang dibutuhake kanggo ngundhakake panasing banyu 1 kg dadi luwih dhuwur 1°.
    [ 125 ]B. Terangna tegese saloka-saloka ing ngisor iki !

    1. Palang mangan tandur.
    2. Kebo bule mati setra.
    3. Asu belang kalung wang.
    4. Kebo nusu gudel.
    5. Kebo mulih ing kandhange.
    6. Timun wungkuk jaga imbuh.
    7. Ula marani gitik.
    8. Pitik trondhol diumbar ing padaringan.
    9. Wedhus diumbar ing pakacangan.
    10. Iwak klebu ing wuwu.
    11. Kutuk marani sunduk.
    12. Ketepang ngrangsang gunung.


    C. Tetembungan utawa unen-unen ing ngisor iki arane golekana sisih ngisore !

    1. Tanpa tedheng aling-aling.
    2. Eseme pahit madu.
    3. Kebanjiran sagara madu.
    4. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
    5. Tandhange nggegirisi kaya bantheng ketaton.
    6. Godhong jati, godhong nangka, ayo ngudi basa Jawa.
    7. Gulune ngelung gadhung.
    8. Sirna ilang kertaning bumi (taun 1400).
    9. Deşa mawa cara, nagara mawa tata.
    10. Yen isi mengkurep, yen mlumah kothong, iku apa ?
    11. Bubutana wulune, gandhenana endhase, kathik bisa mabur, iku apa ?
    12. Wedang = ngawe kadang
    13. Kodhok ngemuli lenge.
    14. Nggodhoga wedang. Nguleka sambel.
    15. Borehana adas pala waras (= bakal waras).

    a. wangsalan
    b. sanepa
    c. parikan
    d. bebasan
    e. saloka

    f. pepindhan
    g. candra sangkala
    h. paribasan
    i. isbad
    j. cangkriman

    k. rusa basa
    l. srekalan
    m. pralambang
    n. kerata basa
    o. panyandra

    [ 126 ]E. Panganggone wangsalan ana ing pacelathon iku terangna !

    Tuladha :

    Lo, dhi, kok njanur gunung, ngagem kupluk !
    Iya, Mas, ya mung ndhadhung manuk bae kok.

    Katrangan :

    janur gunung = januring aren
    njanur gunung = kadingaren
    dhadhung manuk = kala
    ndhadhung manuk = kala-kala

    Tindakna kaya tuladha !

    1. Wong dikon rikat kok malah nguler kambang mengkono !
    2. Lo, kok ngembang kopi ki apa arep jagong ta Dhi, kok mblanggreng (macak) ?
    3. Pipa Landa ngono we kok nesu !
    4. Pancen aku sing luput Dhi, ya jenang sele, apuranen !
    5. Pindhang lulang, kacek apa aku karo mas Wata !
    6. Jenang gula, aja lali lo Mas !
    7. Pring dhempet sunduk sate. Tulung kandhanana ijen padha ijen !
    8. Balung jagung lo Dhi, gelemku isih janggelan.
    9. Balung klapa, geleme ethok-ethokan.
    10. Wilangan wolu loro, puluh-puluh dikapakake wong wis kebacut.


    III. PARAMASASTRA

    Tembung-tembung kang dikurung ing ukara-ukara iki rimbagen, supaya cocog karo ukarane !

    1. Marga kurang pangati-atiku sirahku nganti (thuthuk)
    2. Anggone nangis marga (thuthuk) Ali nganggo garisan.
    3. Olehmu (adreng) kepengin melu iku arep ngapa ?
    4. Nyuwun agenging samodra pangaksami dene kula (wantun) (sela) atur dhumateng para rawuh.
    5. Maling kang kecekel sesasi kapungkur kae oleh (ukum) enem sasi. [ 127 ]
    6. Aku kok gregeten karo adhimu loro iku, angger ditinggal mingset kok banjur (keplak).
    7. Welingku padha senenga (tulung) marang liyan.
    8. Nalika liburan aku wegah (lunga), ana ngomah mung (mangan) bae.
    9. Kabar olehmu arep duwe gawe mantu wis (sebar) tekan ngendi-endi.
    10. Pamuji kula mugi-mugi putra temanten kekalih sageta (sih) runtang-runtung (renteng) wonten ing (brayan) ageng.
    11. Bocah iki kok aneh.mau ditakoni ora ngaku, saiki kok (celuk) dhewe.
    12. Adhimu iku kokapakake, wiwit mau esuk seprene kok (bengok).
    13. (udan) kae wis tanpa guna, lha wong tandurane wis kebacut mati.


    IV. NULIS.

    Gawea karangan gancdran nganggo basa krama, kanthi irah-irahan :

    Vitamin


    V. UNGGAH- UNGGUH

    Pacelathon nganggo basa madya iki salinana nganggo basa krama, banjur tirokna ana ngarep klas !


    REMBAGIPUN BLANTIK KALIYAN TIONG HOA


    Blantik : "Pancene samang ajeng kula welingake, kleresan samang dateng kiyambak.”
    Tiong Hoa : "Mang welingake onten damele napa ?”
    Blantik : "Anu, kapal kula sing mang westani ciri suduk, manah kula kok'rada samar, kula niki kerep teng Klaten numpak kapal prelu pasok pajengan barang dagangan teng juragan, mangke nek onten ing margi dibegal ing durjana, disuduk, ketarik saking cirining kapal suduk, niku sing kula kawekani.”

    [ 128 ]

    Tiong Hoa : "Nek, sasat kenging dipestekake nemu bebaya, botena disuduk, enggih ditumbak tiyang, dados awis sing purun numbas, ewadene jembar-jembaring jagad boten onten barang sing boten pajeng disade, nanging enggih kedah narimah tuna sawatawis."
    Blantik : "Nek tuni kula boten suka, mung kula bukake mawon, panumbas kula resik Rp 1.000.000,00 kawrat onten serat lulusan."
    Tiong Hoa : "Kula bektane kapale saniki, nanging kedah disipengake sedalu sing ajeng tumbas, ditandha gedhog watuke, nek boten enggih siyos ditumbas."
    Blantik : "Sing ajeng tumbas niku sinten?"
    Tiong Hoa : "O, niku wados Bah, samang mung nyerepi jangkepe yatra Rp 1.000.000,00 kejawi kalong ujuran teng kula.
    Blantik : "O, nek prekawis ujuran kula boten saged nyukani. Sasat nama tuni, mang pados ujuran saking ngrika.
    Tiong Hoa : "Mangsa alama tiyang tumbas ditedhani ujuran."
    Blantik : "Ujurane yatra Rp 1.000.000,00 pinten ?
    Tiong Hoa : "Ming Rp 40.000,00 petangan 2,5%."
    Blantik : "Enggih tah gampil, nek saged pajeng buk sapanumbas kula Rp 1.000.000,00."


    (Pethikan Serat Erang-erang)
    kanthi ewah-ewahan.


    VI. KASUSASTRAN

    A. Tembang macapat pethikan saka layang Wedhatama iki tembangna!

    SINOM

    1. Nulada laku utama,
    tumrap ing wong tanah Jawi,
    wong agung ing Ngeksiganda,
    Panembahan Senapati,
    kapati amarsudi,
    sudane hawa lan napsu,
    pinesu tapa-brata,
    tanapi ing siyang-ratri,
    amamangun karyenak tyasing sasama.

    [ 129 ]

    2. Samangsane pasamuan,
    memangun marta martani,
    sinambi ing saben mangsa,.
    kala-kalaning asepi,
    lelana teki-teki,
    gayuh geyonganing kayun,
    kayung yun eninging tyas,
    sanityasa pinrihatin,
    puguh panggah cegah dhahar lawan nendra.

    3. Saben mendra saking wisma,
    lelana laladan sepi,
    ngisep sepuhing sopana,
    mrih prana pranaweng kapti,
    tis-tising tyas marsudi,
    mardawaning budya tulus,
    mesu reh kasudarman.
    neng tepining jalanidhi
    sruning brata kataman wahyu dyatmika.

    4. Wikan wengkoning samodra,
    kederan wus den ideri,
    kinemat kamot ing driya,
    rinegem agegem dadi,
    dumadya angratoni,
    nenggih Kangjeng Ratu Kidul,
    dedel gayuh gegana,
    umara marak maripih,
    sor prabawa lan wong agung Ngeksi Ganda.

    (Mangku Negoro IV)


    B. Wataking tembang

    Siji-sijining tembang kang dilagokake iku manawa dirasakake temenan, nyata padha nduweni, watak dhewe-dhewe, kaya ing ngisor iki :

    1. Sinom awatak: gapyak, renyah.
    Mathuke kanggo mituturi, sesoreh.
    2. Dhandhanggula awatak: luwes, ngresepake.
    Mathuke kanggo bebuka medharake piwulang, nelakake rasa asmara (gandrung) [ 130 ]

    3. Kinanthi awatak : asih, tresna, seneng.
    Mathuke kanggo medharake piwulang, nelakake rasa asmara (gandrung)
    4. Pangkur awatak: sereng.
    Mathuke kanggo mituturi lan nelakake rasa asmara (sreg sarwa seneng)
    5. Asmaradana awatak : sengsem, sedhih, prihatin.
    Mathuke kanggo crita kang nelakake rasa asmara.
    6. Maskumambang awatak : nelangsa.
    Mathuke kanggo nelakake rasa pangrasa kang ngeres, nelangsa, karanta-ranta.
    7. Durma awatak : galak, muntab, sereng.
    Mathuke kanggo nelakake kanepson utawa crita perang.
    8. Mijil awatak : asih, tresna.
    Mathuke kanggo mituturi, crita asmara.
    9. Pucung awatak : sakepenake, gloyam-glayem.
    Mathuke kanggo crita kang mung salilahe tanpa ngaya, clewa-clewa.
    10. Gambuh awatak : rumaket, gulet, kulina.
    Mathuki kanggo mituturi kang rada sereng marga wis rumaket
    11. Megatruh awatak : sedhih, nglokro.
    Mathuke kanggo nelakake rasa getun, nalangsa, karanta-ranta.
    12. Balabak awatak : sembrana parikena
    Mathuk kanggo crita kang mung sakepenake.
    13. Girisa awatak : wanti-wanti.
    Mathuke kanggo pitutur kanthi pamanti-manti.
    14. Wirangrong awatak : mrabu, mrabawa.
    Mathuke kanggo nelakake rasa sedhih marga kasengsem.
    15. Jurudenung awatak : nenes-kenes.
    Mathuke kanggo ing crita kang isi peprenesan.

    C. Tugas

    Watake siji-sijining tembang ing dhuwur iku cocogna karo tembang-tembang apalanmu !


    __________***____________
    [ 131 ]
    LAYANG

    Warna-warnaning layang Jawa :

    1. Layang iber-iber (layang kiriman).
    2.   "   paturan
    3.   "   dhawuh
    4.   "   ulem.
    5.   "   kitir
    6.   "   Lelayu, lan sapanunggalane.

    Perangane layang iber-iber kang ganep :

    1. Adangiyah (adawiyah).
    2. Pambuka (bebuka).
    3. Isi (surasa basa).
    4. Panutup (wasana-basa).
    5. Titimangsa (tanggal).
    6. Paprenahan.
    7. Tandha tangan.

    Adangiyah kang nelakake unggah-ungguhing layang, upamane :

    1. Taklim (Ingkang taklim): Tumrap menyang sadulur tuwa utawa menyang sapadha-padha kang perlu diajeni.
    2. Salam taklim: Tumrap marang sadulur enom utawa menyang sapapadhane.
    3. Ingkang salam: Tumrap marang sadulur enom nanging perlu diajeni, upamane menyang keponakane kang pangkate luwih dhuwur.
    4. Ingkang salam pandonga: Saka wong tuwa menyang wong enom kang diajeni.
    5. Ingkang pandonga: Saka wong tuwa marang anak putune dhewe utawa sing wis karengkuh kaya anak putune dhewe.
    6. Ingkang sembah: Saka wong cilik menyang para luhur najan pangkate padha.
    7. Ingkang sembah sumungkem: Saka wong enom marang para sepuh (embah) utawa menyang para luhur.
    8. Ingkang sembah pangabekti: Saka wong enom menyang wong tuwane dhewe, upama bapak, ibu, embah, wong wadon menyang sing lanang.


    [ 132 ]

    1. Ingkang pangabekti: Tumrap menyang wong tuwa kang diajeni (dibekteni) upama : menyang ipene sing tuwa.
    2. 'Sembah sujud : Saka kawula menyang gustine.
    3. a. Pamuji.

    b. Karengga sagunging kaurmatan.
    c. Karengga sagunging pahargian.
    d. Kairing ing sagunging kaurmatan.
    e. Pudyarja lan sapanunggalane.

    (Iku kabeh satemene owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau, amarga ana pakewuhe enggone arep nandukake unggah-ungguh).

    TULADHA LAYANG-LAYANG

    1. Layang kiriman

    Ingkang sembah pangabekti kula katur
    ing panjenengannipun bapak sekaliyan.


    Nuwun awiyosipun, kula nyaosi priksa, bilih angsal berkah pangestunipun para sepuh kula ginanjar wilujeng, pinaringan ing Pangeran bagas kuwarasan, ingkang kula suwun ing ngriki ugi makatena.


    Kajawi saking punika, sarehning benjing wulan ngajeng punika kula sampun libur, mangka kula sampun boten gadhah sangu, mila manawi dhangan ing panggalih saha pinuju wonten, kula nyuwun kintunan arta sacekapipun, perlu badhe kula angge sangu mantuk sowan bapak sekaliyan.


    Wusana namung punika atur kula saha kula ngajeng-ajeng sanget arta kintunganipun bapak.


    Ngayogyakarta, 20 Juli 1989

    Sembah pangabekti kula.

    Sumarna

    [ 133 ]2. Layang ulem

    ULEM ULEM


    Ingkang taklim

    Nuwun wiyosipun, kula, ngaturi uninga dhateng penjenengan/sekaliyan, bilih boten wonten alangan satunggal punapa, benjing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 15 Sawal 1921 utawi kaping 21 Mei 1989 punika, kula badhe ngemah-emahaken anak kula estri pun Rochani angsal pun Siswaya, anakipun sadherek Darmabrata, wedana Wanagiri, dene kepanggihipun dipun angkah jam 10 enjing.


    Ingkang punika panjenengan/sekaliyan kula suwun rawuh ing griya kula, kampung Timuran no 22 Surakarta, perlu kula suwun njenengi kepanggihipun penganten, punapa dene kaparenga maringi berkah pangestu wilujeng dhateng anak kula penganten kekalih wau sumrambah dhateng sadayanipun.


    Wusana sanget ing pangajeng-ajeng kula menggah rawuh panjenengan/sekaliyan wau.


    Sala, 16 Mei 1989

    Taklim kula kekalih.

    Bratajaya.


    3. Layang kitir

    Kitir.


    Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan yen ora kagem piyambak, aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha, arep tak enggo lungan menyang Sragen, perlu tilik sedulur kan lagi lara. Dene enggonku ngondurake sesuk sore.


    Klaten, 21 Juli 1989

    Rayi

    Sukamto