Aja Nyuplik Saka Wikipédia!

buku kang dibabar déning Wikimédia Indonésia
[ Sampul ]
ꦲꦗꦚꦸꦥ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦱꦏ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!

Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya

Raymond Sutanto
Nur Rahmi Nailah


Wikimedia Indonesia

[ Irah-irahan ]AJA NYUPLIK
SAKA WIKIPÉDIA!
ꦲꦗꦚꦸꦥ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦱꦏ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ


Pandom cekak tumrap Panjenengan
kang dhemen kalawan bauwarna
paling gedhé ing jagad maya

ꦥꦤ꧀ꦢꦺꦴꦩ꧀ꦕꦼꦏꦏ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀​
ꦏꦁꦝꦼꦩꦼꦤ꧀ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦧꦲꦸꦮꦂꦤ​ꦥꦭꦶꦁ
ꦒꦼꦝꦺꦲꦶꦁꦗꦒꦢ꧀ꦩꦪ



Raymond Sutanto
Nur Rahmi Nailah


Wikimedia Indonesia

[ Katerangan ]

Irah-irahan:
AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!
Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen
kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.
ISBN:
978-623-97254-2-6 (PDF)
Pangecapan:
Perkumpulan Wikimedia Indonesia
Jalan Danau Toba No. 104.
Bendungan Hilir
Jakarta 10210, Indonesia
layang-èl: info@wikimedia.or.id
Panitipriksa:
Karunia El Prita Atarida
Panata Loka:
Adien Gunarta
Dwi Satria Utama
Pangripta:
Raymond Sutanto
Nur Rahmi Nailah
Juru Pertal:
Sahmu Hidayat
Dhistributor:
Perkumpulan Wikimedia Indonesia
Jalan Danau Toba No. 104.
Bendungan Hilir
Jakarta 10210, Indonesia
layang-èl: info@wikimedia.or.id


Lisènsi:
Irah-irahaning buku yaiku “AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya”

Pangripta Raymond Sutanto lan Nur Rahmi Nailah, Wikimédia Indonésia.

Panjenengan diwènèhi idi kanggo andum–nurun lan nyebaraké manèh matèri iki mawa wujud utawa format apa baé; Adhaptasi– ngripta, ngowahi, lan nggawé turunan saka matèri iki kanggo kawigatèn apa baé, kalebu kawigatèn kumersil.

Kang mènèhi lisènsi ora kena nyabut wewaton ing dhuwur salaginé Panjenengan manut marang wewaton lisènsi iki. Lisènsi ingayoman Creative Commons CC-BY-SA 4.0

Sakabèhaning matèri ing jeron buku iki ingayoman lisènsi Creative Commons Attribution Share-Alike (CCBY-SA) 4.0. Publikasi ambalan buku iki kudu ditindakaké mawa bawah lisènsi kang saèmper.

[ Atur Sapala ]
Atur Sapala ꦲꦠꦸꦂꦱꦥꦭ


Wiwit diyasa déning Jimmy Wales ing taun 2001, Wikipédia mlaku ngrembaka klawan rikat. Sawisé Wikipédia basa Inggris wiwit dibabar ing taun 2001, banjur disusul lairé Wikipédia mawa basa-basa liya ing donya, kalebu salah sijiné yaiku Wikipédia basa Indonésia ing taun 2003. Madegé Wikimedia Foundation rikala taun 2003, uga sangsaya nyengkuyung tuwuh rembakaning Wikipédia lan proyèk-proyèk brayaté. Ing Indonésia, Wikimédia Indonésia wis kasil ngayahi manéka proyèk kang ancasé kanggo nyengkuyung tuwuh rembaka sarta ngundhakaké mutu Wikipédia, yaiku ana sajroning kontèn apadéné cacahing naralila kang mèlu njurung ing jeroné.

Salah sawijining program kang dilakokaké déning Wikimédia Indonésia yaiku program WikiLatih kang wis dianakaké wiwit taun 2016. Program WikiLatih iku sawijining program gladhèn utawa palantihan lan pambesutan Wikipédia. Sawisé ndeleng lakuné program WikiLatih kang wis kaleksanan ing sawetara daérah, kanthi kolaborasi bebarengan karo sawenèh instansi, organisasi, apadéné paguyuban utawa komunitas, jebul isih akèh pitakon-pitakon umum babagan Wikipédia kang kerep ditakonaké déning para panyarta gladhèn apadéné mitra kang kolaborasi karo Wikimédia Indonésia. Saliyané iku, médhia sosial Wikimédia Indonésia yaiku Facebook, Instagram, apadéné Twitter uga kerep ditakoni kalawan pitakon-pitakon kang saèmper.

Pitakon kang kerep ditakonaké ing antarané yaiku babagan bédané Wikimédia lan Wikipédia, olèh orané nyuplik informasi kang trep saka Wikipédia, apa baé kang olèh ditulis ing Wikipédia, lan kepriyé carané ngembangaké Wikipédia mligi ana sajroning basa daérah.

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya iku sawijining pambudidaya saka Tim Program Pendidikan Wikimédia Indonésia kanggo mènèhi wangsulan tumrap pitakon-pitakon iku mau.

Tim Program Pendidikan nduwèni pangajap manawa buku pandom cekak iki bisa mènèhi kawruh dhasar babagan Wikipédia kanthi rikat tumrap kanca-kanca ing jaban kana kang kepéngin miwiti kontribusi ing Wikipédia.

Jakarta, 16 Maret 2020
Tim Program Pendidikan
Wikimédia Indonésia

[ 1 ]
Apa iku Wikipédia?

ꦲꦥꦲꦶꦏꦸ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ


“Wikipédia iku bauwarna jeron jaringan binuka ana sajroning manéka warna basa”

Wikipédia iku sawijining bauwarna jeron jaringan utawa online binuka kang cumawis ana sajroning manéka warna basa. Mangga bebarengan nyemak jlèntrèhané siji mbaka siji.

Sapisan, bauwarna. Apa iku bauwarna? Apa bédané antarané bauwarna kalawan jinis wacan liya kang wis lumrah awaké dhéwé waca (ing antarané yaiku ariwarta, kalawarta, opini)? Miturut tegesé, bauwarna iku sawijining karya rujukan kang mènèhi reringkesaning ngèlmu kawruh saka manéka warna cecawanging ngèlmu. Èntri utawa sesirah kang ana ing bauwarna iku pancèn luwih dawa tinimbang bausastra lan isiné arupa informasi faktual babagan samubarang utawa prakara kang nembé dirembug. Mangga digatèkaké — ing kéné ana tembung faktual (fakta), kang ateges jumbuh kalawan sayektiné lan perlu migunakaké bukti. Kanggo merkolèh sawijining fakta, mula bauwarna lumrahé ditulis déning sawijining wong kang winasis ing péranganing ngèlmu. Ing Wikipédia, “kawasisan” iki jinupuk lan kaandharaké saka sumber-sumber sekunder, kaya ta pambabar lan panganggit kang wis kaloka pinercaya. [ 2 ]

Banjur apa bédané antarané Wikipédia kalawan salumrahé bauwarna?

Wikipédia cumawis jeron jaringan. Sadurungé anané Wikipédia ing taun 2001, pancèn wis ana bauwarna kang cumawis sarana jeron jaringan, nanging nembé wujud uji coba lan dayané durung bisa madhani Wikipédia.

Wikipédia asipat binuka. Wikipédia malih dadi gedhé kaya saiki jalaran wewatekaning Wikipédia kang binuka. Binuka, yaiku kang ateges sapa baé bisa muwuhi lan ngowahi isiné (mesthiné tumrap sapa baé kang nduwèni sambungan internèt).

Wikipédia cumawis ana sajroning manéka warna basa. Séjé kalawan salumrahé bauwarna kang adaté namung cumawis ana sajroning basa Indonésia utawa basa Inggris, Wikipédia cumawis ana sajroning manéka warna basa daérah, kaya ta basa Jawa, Sunda, Minangkabau, lsp.

Racaké, Wikipédia nduwèni 5 asas utama (ing Wikipédia, limang prakara iki diarani panca-saka) kang wajib dinut déning sakabèhané vèrsi Wikipédia nganti tekan saiki, ing antarané yaiku:

  Minangka sawijining bauwarna

  Bisa dibesut déning sapa baé

  Asipat nétral utawa ora botsih

  Mligi namung ngamot kontèn kang lisènsiné binuka

  Nduwèni pranatan lan paugeran kang disarujuki bebarengan.

Kanggo vèrsi pepaké, Panjenengan bisa mbukak pranala: bit.ly/pancapilarwiki

[ 3 ]
Apa bédané antarané Wikipédia kalawan Wikimédia?

ꦲꦥꦧꦺꦢꦤꦺꦲꦤ꧀ꦠꦫꦤꦺ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦩꦺꦝꦶꦪꦃ?


“Wikimédia iku sawijining pakumpulan kang lumaku ana burèn Wikipédia”

Sanadyan padha-padha diwiwiti mawa tembung “Wiki”, nanging Wikipédia lan Wikimédia nduwèni teges kang séjé. Wikipédia iku wujud bauwarnané, wondéné Wikimédia iku pakumpulan utawa organisasi kang lumaku ana sakburèning Wikipédia.

Ana 2 jinis Wikimédia kang kudu Panjenengan mangertèni, yaiku Wikimedia Foundation lan Wikimedia Indonesia. Wikimedia Foundation (WMF) iku sawijining yeyasan nirlaba utawa tanpa bathi kang punjeré ana ing Amérika Sarékat kang nyengkuyung lan nglakokaké Wikipédia.

Nadyan [ 4 ]mangkono, WMF ora nggawé apa déné ngreksa kontèn artikelé. Saliyané Wikipédia, WMF uga nyengkuyung lan nglakokaké 11 situs liya “brayaté” Wikipédia kaya ta Wiktionary (bausastra), Wikidata (basis dhata), Wikimedia Commons (barkas), Wikivoyage (pandom wisata) lan sawetara situs liyané.

WMF nduwèni mitra lokal kang sumebar saindenging nagara ing donya, salah sijiné yaiku ing Indonésia. Mitra lokal WMF ing Indonésia yaiku Wikimédia Indonésia (WMID). WMID diyasa déning para Wikipédiawan lokal Indonésia rikala taun 2008, lan tata pangrumatané asipat independen saka WMF.

Awas, aja nganti salah kaprah! Ora kabèh situs “wiki” kang ana ing internèt iku rinumat déning WMF. Situs kaya déné WikiLeaks, Wikihow, lan WikiDPR dudu situs kang dirumat déning WMF.

[ 5 ]
Généya Wikipédia diyasa?

ꦒꦺꦤꦺꦪ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦢꦶꦪꦱ?


“Wikipédia mula-bukané iku namung minangka tambahan tumrap Nupédia”


Yèn awaké dhéwé nilik sajarahing Wikipédia, mula-bukané proyèk iki wiwitané saka sawijining proyèk bauwarna kang arané Nupédia nalika taun 2000. Nupédia diyasa déning Jimmy Wales lan Larry Sanger kang nalika iku nyambut gawé ing perusahaan utawa maskapé internèt kang arané Bomis. Nalika iku Nupédia namung ditulis déning para winasis.


Wales lan Sanger nuli nggawé sawijining situs manèh kang kawastanan Wikipédia ing taun 2001. Proyèk Wikipédia ing wiwitané namung minangka tambahan tumrap Nupédia. Nanging, ing tundhoné malah Wikipédia kang sangsaya kaloka. Ing pungkasan malah Nupédia kang tundhoné ditutup nalika taun 2003 jalaran tuwuh-rembakané kang cupet banget.

Ing Indonésia, Wikipédia diwiwiti kanthi anané Wikipédia basa Indonésia nalika taun 2003 kalawan artikel sepisanané asesirah “Elektron”. Sawisé basa Indonésia, setaun candhaké wiwit kayasa Wikipédia mawa basa Jawa lan Sunda, nganti sepréné kang pungkasan kababar yaiku Wikipédia basa Nias nalika taun 2021. [ 6 ]
Apa kang dadi ancasing Wikipédia?

ꦲꦥꦏꦁꦢꦢꦶ​ꦲꦚ꧀ꦕꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?


“Imagine a world in which every single person on the planet is given free access to the sum of all human knowledge.
That’s what we’re doing.”

— Jimmy Wales

Bayangna sawijining jagad papan saben manungsa bisa andum manéka kawruh kalawan mardika.


Iya, mangkono iku kang dadi ancasing Wikipédia. Kanggo nyawisaké manéka warna ngèlmu kawruh lumantar sawijining bauwarna jeron jaringan kang mardika lan binuka sarta bisa diaksès déning sapa baé, kapan baé, lan ing ngendi baé.

[ 7 ]
Apa binukaning Wikipédia iku bisa njalari kontèn ing Wikipédia kena dibesut kanthi sembarangan?

ꦲꦥꦧꦶꦤꦸꦏꦤꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦏꦸꦧꦶꦱꦲꦚ꧀ꦗꦭꦂꦫꦶ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦏꦼꦤ​ꦢꦶꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦫꦁꦔꦤ꧀?


“Wikipédia nduwèni paguyuban ‘pangreksa’ kang tansah ‘nganglang’ mbalèkaké besutan-besutan kang katon sembarangan.”

Miturut tèknis, ya mangkono iku bener. Nanging aja lali, Wikipédia uga wis nduwèni paguyuban “pangreksa” kang kuwat uga.

Pangreksa iku tansah “nganglang” ndelengi kaca “owah-owahan”— wong-wong iki bakalé énggal-énggal mbalèkaké besutan-besutan kang katon sembarangan utawa besutan-besutan kang isiné informasi kang ora pener. Sawetara naraguna iku diwènèhi aksès piranti lan hak mirunggan — kaya ta mblokir lan ngunci artikel — amrih kontèn ing Wikipédia tetep kareksa kwalitasé.

[ 8 ]
Banjur artikel apa baé kang ana ing Wikipédia?

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦄꦂꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦲꦥꦧꦲꦺ​ꦏꦁꦲꦤꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?


“Wikipédia ngamot manéka warna ngèlmu kawruh manungsa”

Wikipédia ngamot manéka warna ngèlmu kawruh manungsa, wiwit saka babagan ngèlmu kang wigati banget kaya ta hukum, ékonomi, filsafat, téknologi, sains, géografi, astronomi nganti babagan kang kondhang utawa populèr kaya ta komik, manga, filem, musik, lan anime uga cumawis ing Wikipédia.

Ing ngisor iki ana sawetara tuladhané artikel ing Wikipédia kang wis apik, tegesé wis trep kalawan sarat kalayakan, sarta pranatan nulis artikel kang becik lan trep ing Wikipédia.

Sujarah Maritim Nuswantara
Sajarah babagan lelayaran bangsa Indonésia
Basa Jawa
Salah sawijining basa Austronésia ing Indonésia
Kadipatèn Mangkunagaran
Praja ing Jawa Tengah kang isih madeg nganti sapréné
Pramoedya Ananta Toer
Salah sawijining panganggit sajeroning sastra Indonésia
Naskah mawi iluminasi
Naskah ingkang kagungan rerenggan wujud gambar
Banyu
Senyawa kang wigati kanggo kabèh wangun kauripan

Panjenengan bisa nglebokaké irah-irahané artikel ing ngisor iki menyang kothak panggolèkan kang mapan ana sisih tengen dhuwur kaca Wikipédia.

[ 9 ]
Généya ora ana pariwara ing Wikipédia?

ꦒꦺꦤꦺꦪꦲꦺꦴꦫ​ꦲꦤꦥꦫꦶꦮꦫꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?


Jimmy Wales, pamrakarsa Wikipédia, medharaké manawa anané pariwara iku bakal njalarani botsih utawa abot sisih. Généya, awit kang pasang pariwara iku mesthi kepéngin artikelé kang ana ing Wikipédia iku namung ditulis babagan-babagan kang beciké thok. Kamangka sayektiné Wikipédia iku mikul dhuwur nétralitas, mula artikel kang ana iku ora ena abot sisih.


Banjur Wikipédia anggoné merkolèh dhuwit saka ngendi?

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺ​ꦩꦼꦂꦏꦺꦴꦭꦺꦃ​ꦝꦸꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏ​ꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ?


Saben tauné, Wikimedia Foundation mbukak pangimpunan dana ing kaca proyèké kalebu Wikipédia. Pangimpunan dana iki adaté kagelar setaun pisan. Dhuwit kang wis kakumpul saka kagiyatan iki kang tundhoné bakal dipigunakaké déning Wikimedia Foundation kanggo nyengkuyung paguyuban Wikipédia saindenging donya, ngrumat paladèn Wikipédia, sarta operasional kantoré. [ 10 ]
Apa bener yèn Wikipédia iku ora kena dadi sumber rujukan?

ꦲꦥꦧꦼꦤꦼꦂꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶ​ꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦲꦶꦏꦸ​ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦢꦢꦶ​ꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦫꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀?


Bener! Artikel ing Wikipédia ora kena didadèkaké sumber rujukan. Nalika Panjenengan golèk informasi ing Wikipédia, pigunakna rujukan-rujukan kang dianggo ing artikel Wikipédia iku minangka sumber rujukan, lan dudu artikel Wikipédiané kang kok-anggo rujukan. Dadi, anggep baé yèn Wikipédia iku minangka “gapura mlebu” kanggo merkolèh rujukan kang becik.

Rujukan-rujukan yang dipakai di artikel Wikipedia, seperti buku, jurnal, situs web dll.
Rujukan-rujukan yang dipakai di artikel Wikipedia, seperti buku, jurnal, situs web dll.
[ 11 ]
Sepira gedhéné pigunaning Wikipédia iku?

ꦱꦼꦥꦶꦫꦒꦼꦝꦺꦤꦺ​ꦥꦶꦒꦸꦤꦤꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦏꦸ?


Panjenengan wis ngerti apa durung manawa Wikipédia basa Indonésia iku ditekani nganti ping 2 milyar ambalan ing setaun pungkasan iki? Iku tegesé ing saben sasiné ditekani nganti atusan yuta ambalan, lan mengkono iku dadi pratandha yèn situs iki dipigunakaké déning masarakat minangka papan kanggo golèk informasi. Uga gatèkna, mesin panggolèkan Google uga mèh baé tansah manggonaké Wikipédia ing asil panggolèkan kang paling dhuwur (ing panggolèkan Jawa, Indonésia apa déné Inggris). Tuladhané, jajal Panjenengan ngetig “Candhi Barabudhur” ing Google, nuli bakal metu asilé kaya gambar ing kaca sisih ngisor.

Kanthi panjurung kaya mangkono, tegesé potènsi Wikipédia minangka sumber informasi bakal sangsaya gedhé. Saliyané iku, Panjenengan uga awèh pambiyantu tumrap yeyutan wong ing jaban kana amrih bisa merkolèh kwalitas informasi kang informatif, wiyar, sarta ora botsih.

[ 12 ]
Apa artikel ing Wikipédia iku ngandhut informasi kang bener?

ꦲꦥꦄꦂꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦏꦸꦔꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀​ꦆꦤ꧀ꦥ꦳ꦺꦴꦂꦩꦱꦶꦏꦁ​ꦧꦼꦤꦼꦂ?


Saben wong kang maca Wikipédia kudu kritis nalikané maca apa déné golèk informasi ing Wikipédia. Informasi kang kapacak ing Wikipédia aja langsung dijupuk mentah-mentah.

Perkara sepisanan kang kudu Panjenengan tindakaké yaiku nggatèkaké apa ta ing artikel iku mau wis ana rujukané. Rujukan ing saben artikel Wikipédia ditengeri mawa angka-angka [1], [2], [3] kaya mangkéné:

Yèn Panjenengan nemu angka kaya mangkono iku, nuli Panjenengan klik baé, lan Panjenengan bakal diarahaké menyang rujukan asliné, yaiku rujukan kang dadi sumber tumrap artikelé iku mau. Panjenengan bisa maca sumber asliné kanggo luwih mangertèni informasi kang luwih rinci.

Kaping pindho, sawisé ngerti sumber asliné, saiki jajal dideleng, apa ta sumber asli saka informasi iku mau krédhibel apa ora. Gatèkna, sepira beciké “tingkat” rujukan iku. Sumber saka médhia sosial (médsos), blog pribadi, buku babarané dhéwé, wis cetha dudu rujukan kang krédhibel. [ 13 ]
Apa tegesé rujukan kang dianggo ing artikel Wikipédia kudu krédhibel utawa bisa pinercaya?

ꦲꦥꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺ​ꦫꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦏꦁꦢꦶꦲꦁꦒꦺꦴ​ꦲꦶꦁꦄꦂꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦮꦶ​ꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦏꦸꦢꦸ​ꦏꦿꦺꦝꦶꦧꦼꦭ꧀ꦲꦸ​ꦠꦮꦧꦶꦱ​ꦥꦶꦤꦼꦂꦕꦪ?


Wis cetha! Paguyuban Wikipédia wis nduwèni pathokan dhasar umum rujukan kaya apa kang layak lan bisa dianggo ing Wikipédia. Pathokan iki uga wis disarujuki bareng déning paguyuban lan ana sawetara tingkat kapitayané:

1. Bisa dipercaya. Jurnal ilmiah, buku babarané pambabar kang wis pinercaya, kalawarta/tabloid ngèlmu kawruh, médhia pakabaran nasional, lan tugas pungkasan kang wis diuji déning para winasis kalebu ing kategori iki.

2. Ora dianjuraké. Buku babaran pribadi, samak kasèt, artikel sembarang saka situs populèr, kabèh iku mau becik ora dipigunakaké minangka rujukan.

3. Sabisané disingkiri. Blog, koran kriminalitas, tabloid gosip sabisa-bisa disingkiri.

4. Babar blas ora kena dianggo. Sakabèhané vèrsi Wikipédia basa liya apa déné situs liya kang sistemé saèmper kaya Wikipédia, aja dipigunakaké minangka rujukan. Prakara kaya mangkéné iku uga katrepaké tumrap médsos lan leladèn layang cekak kaya ta Facebook, Twitter, Instagram lan Whatsapp/Line. [ 14 ]
Généya kadhangkalané aku nemokaké informasi kang luput ing Wikipédia?

ꦒꦺꦤꦺꦪ​ꦏꦝꦁꦏꦭꦤꦺꦲꦏꦸ​ꦤꦼꦩꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦆꦤ꧀ꦥ꦳ꦺꦴꦂꦩꦱꦶ​ꦏꦁꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?


Mangkéné iki minangka tuladha layar kang tau dikirimaké déning salah sawijining naraguna Wikipédia saka Google Search ngenani bab salah sawijining grup musik saka Nurwègen aran Mayhem (kang kontèné dijupuk saka Wikipédia basa Indonésia.)

Prakara kaya mangkéné iki ing Wikipédia diarani vandalisme, yaiku tumindak mbesut artikel nanging pangajapé amrih ngrusak artikelé. Para ‘pangreksa’ Wikipédia tansah mbudidaya ngreksa artikel-artikel kang ana saka tumindak vandal kaya mangkono iku.

Nanging manawa Panjenengan nemu artikel kang kena tumindak vandal kaya mangkono iku, Panjenengan bisa nglapuraké menyang kaca ‘Angkringan’ kanthi ngeklik ‘Angkringan’ ing kolom sisih kiwa pacakan praèn Wikipédia.

[ 15 ]
Banjur kepriyé carané mbesut ing Wikipédia?

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦼꦥꦿꦶꦪꦺ​ꦕꦫꦤꦺ​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?

Nalikané Panjenengan nembé maca Wikipédia, apa wis tau weruh tulisan “besut” ing sisih tengen dhuwur kaca?

Ing modhe “besut” iki, Panjenengan bisa muwuhi kontèn kang isih kurang, ndandani kang isih luput, utawa mbusak kontèn kang isiné sembarangan. Aja lali uga tansah muwuhi rujukané. Sabanjuré, namung kari ngeklik manèh “Babar owahan” ing sisih tengen dhuwur.

Nalika Panjenengan ngeklik “Besut”, banjur pacakan kaca Wikipédia bakal malih dadi modhe “besut”, yaiku modhe kang Panjenengan bakalé bisa ngowahi tumrap kaca iku mau. Panjenengan bisa nggatèkaké tuladha pacakan modhe besut ing ngisor iki:

Besutané Panjenengan bakal langsung disimpen lan kapacak! [ 16 ]
Apa baé tulisan kang ora ditampa ing Wikipédia?

ꦲꦥꦧꦲꦺ​ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦏꦁ​ꦲꦺꦴꦫꦢꦶꦠꦺꦴꦩ꧀ꦥ​ꦲꦶꦁꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?


Wikipédia basa Jawa nduwèni kaca mirunggan aran “Wikipedia:Dudu”. Ing kaca iki, Panjenengan bisa ndeleng bab apa baé kang ora kalebu ciri-ciriné bauwarna utawa ènsiklopédhi. Sawetara ing antarané yaiku:

Bausastra, awit Wikipédia nduwèni proyèk brayat kang aran Wiktionary.

Koran/warta aktual, awit Wikipédia uga nduwèni proyèk brayat kang aran Wikinews.

Papan kanggo tawa utawa pariwara, awit pancèn dudu panggonané. Sawijining barang kuwi kudu kaloka dhisik, sadurungé mlebu Wikipédia, ora malah dadi kaloka jalaran Wikipédia.

Buku resèp, pandom arah, pandom wisata, buku ajar, klumpukan jurnal, tutorial, lsp. kang ora mratandhani minangka ciri tulisan ènsiklopédhi.



Panjenengan namung nglebokaké “Wikipedia:Dudu” ing kothak panggolèkan kanggo ngaksès kaca iku mau.

[ 17 ]
Apa tulisan ing Wikipédia iku bisa didhaku minangka darbèkku pribadi?

ꦲꦥꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦏꦸꦧꦶꦱꦢꦶꦝꦏꦸ​ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏ​ꦢꦂꦧꦺꦏ꧀ꦏꦸ​ꦥꦿꦶꦧꦢꦶ?


Bab sepisanan kang kudu Panjenengan mangertèni yaiku sipat dhasar Wikipédia kang bisa dibesut déning sapa baé. Arep sepira baé dawané artikel kang Panjenengan wiwiti, ing tundhoné bakal ana wong liya kang bisa ngembangaké artikel iku mau. Mula sajatiné saben artikel Wikipédia iku diduwèni bebarengan lan ora bisa diduwèni utawa didhaku déning sapa baé. Alesan liyané yaiku amrih artikel ing Wikipédia iku ora namung ngamot cara pandeleng kang sawiji thok lan uga amrih sipat nétralé artikel ing Wikipédia bisa jinaga.

Saliyané iku Wikipédia tansah migunakaké lisènsi binuka ing saben kontèné. Lisènsi binuka yaiku lisènsi kang bisa gawé gampang tumrap wong kang migunakaké lan wong kang nduwèni kontèn anggoné andum lan migunakaké karya-karyané. Lisènsi binuka kang dipigunakaké ing Wikipédia yaiku Lisènsi Creative Commons Atribusi-Andum Saèmper 3.0. Kanggo wedharan luwih pepak babagan lisènsi iki, Panjenengan bisa nekani situsé ing:

[ 18 ]
Généya kontèn ing Wikipédia basa Inggris lan Indonésia iku isiné béda?

ꦒꦺꦤꦺꦪ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦧꦱꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀​ꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦏꦸꦲꦶꦱꦶꦤꦺ​ꦧꦺꦢ?


Kontèn kang ana ing Wikipédia basa Inggris lan basa Indonésia wis cetha béda, awit saben artikel ing Wikipédia iku wiwit digawé déning wong kang béda-béda. Pancèn uga bener, manawa artikel Wikipédia iku bisa digawé déning bot (robot), nanging lumrahé kanggo babagan kang topiké répetitif kaya ta pambagéan wewengkon, taksonomi biologi, utawa pawèhan jeneng tumrap objèk jaban angkasa. Wondéné kanggo artikel saliyané iku mau, tetep digawé lan dikembangaké déning manungsa.

Généya artikel ing basa Inggris iku luwih akèh tinimbang artikel ing basa Indonésia? Prakara kaya mangkono iku jalaran cacah kontributor Wikipédia basa Inggris iku luwih akèh yèn dibandhingaké karo kontributoré Wikipédia basa Indonésia. Ing wanci saiki, cacahé naraguna aktif (yaiku naraguna kang mbesut punjul saka 5 besutan saben sasiné) ing Wikipédia basa Inggris sawetara ana 66.000, wondéné ing basa Indonésia angkané namung 1000. Saka angka iku mau Panjenengan bisa ndeleng kacèk kang adoh banget babagan cacahing kontributor— kang tundhoné uga mrabawani tumrap cacahing kontèn ing antarané rong vèrsi Wikipédia iku mau.

Wikipédia basa Inggris Wikipédia basa Indonésia Wikipédia basa Jawa
66.000 1.000 299
Naraguna aktif Naraguna aktif Naraguna aktif
[ 19 ]
Généya ana wong kang gelem mbesut ing Wikipédia kamangka ora nampa bayaran?

ꦒꦺꦤꦺꦪꦲꦤꦮꦺꦴꦁ​ꦏꦁꦒꦼꦊꦩ꧀​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦏꦩꦺꦴꦁꦏꦲꦺꦴꦫ​ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥ​ꦧꦪꦂꦫꦤ꧀?


Mbesut ing Wikipédia tumrap para kontributor iku ibaraté hobi utawa kasenengan. Hobi nyumbang kawruh babagan-babagan kang disenenginé. Sawetara Wikipédiawan uga seneng andum informasi anyar utawa aktual, kaya ta nalika ana lelakon utawa prastawa gedhé kang jembar srambahané, nuli mesthi bakal ana Wikipédiawan kang agé-agé nggawé artikelé. Sawetara naraguna uga nyenengi topik kang spésifik, kaya ta babagan sepur. Para railfans (sesebutan kanggoné wong kang seneng babagan sepur) wis kaloka awit kebaté nalika ana jadwal sepur kang malih, anané informasi anyar babagan setatsiyun, lsp.

Sawetara Wikipédiawan liya ing basa daérah, kepéngin mbesut jalaran rasa perduli kalawan pangruktèning basa daérahé. Ora nggumunaké manawa saiki Wikipédia wis ana ing 13 basa daérah lan atusan basa daérah liyané kang isih manggon ing jeron Incubator (salah sawijining proyèk Wiki kang durung bisa madeg dhéwé).

[ 20 ]
Ing Indonésia, basa daérah apa baé kang nduwèni Wikipédia dhéwé?

ꦲꦶꦁꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧈​ꦧꦱꦢꦲꦺꦫꦃ​ꦲꦥꦧꦲꦺꦏꦁ​ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤ꧀ꦤꦶ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦝꦺꦮꦺ?


Ing Indonésia, basa kang sepisanan kababar Wikipédiané yaiku basa Malayu (ms.wikipédia.org) rikala taun 2002, nuli disusul basa Indonésia ing taun 2003.

Gatèkna manawa alamat situs Wikipédia namung dibédakaké adhedhasar kodhe basané baé, banjur katutaké “.wikipedia.org”.
Gatèkna manawa alamat situs Wikipédia namung dibédakaké adhedhasar kodhe basané baé, banjur katutaké “.wikipedia.org”.
[ 21 ]
Généya ana Wikipédia basa daérah? Kaya apa wewujudané? Lan apa ancasé?

ꦒꦺꦤꦺꦪꦲꦤ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦧꦱꦢꦲꦺꦫꦃ?​ꦏꦪꦲꦥ​ꦮꦼꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦤꦺ?​ꦭꦤ꧀ꦲꦥ​ꦲꦚ꧀ꦕꦱ꧀ꦱꦺ?


Wikipédia basa daérah ing Indonésia iku cara gampangé bisa dimangertèni minangka Wikipédia sajroning basa saliyané basa Indonésia.

Wikipédia basa daérah kang sepisanan kababar yaiku Wikipédia basa Jawa kang kawiwitan ing taun 2004 déning Revo Arka Giri Soekatno. Revo uga kang miwiti Wikipédia basa Indonésia rikala taun 2003. Revo nduwèni gagasan manawa kawruh iku sajatiné ora namung cumawis mawa basa Indonésia baé, nanging uga kudu cumawis mawa basa-basa daérah liya kang dituturaké ing Indonésia, awit kawruh iku haké saben wong. Kababaré Wikipédia Jawa banjur kasusul Wikipédia sajroning basa-basa daérah liyané, kaya ta basa Sunda, basa Bugis, lan kang pungkasan mijil saka Incubator ing taun 2021 yaiku Wikipédia basa Nias.

Saliyané iku, wong-wong kang padha njurung saha nyengkuyung ing Wikipédia basa daérah uga ngrumangsani manawa nulis ing Wikipédia basa daérahé iku minangka salah sawijining cara anggoné ngreksa basa daérah amrih tetep lestari.

[ 22 ]
Aku kepéngin miwiti Wikipédia sajroning basa daérahku. Banjur kepriyé carané?

ꦲꦏꦸꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦩꦶ​ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦱꦗꦿꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦧꦱ​ꦢꦲꦺꦫꦃꦏꦸ꧉​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ​ꦏꦼꦥꦿꦶꦪꦺ​ꦕꦫꦤꦺ?


Wikimédia nduwèni sawijining situs proyèk kang mligi ngayahi prakara iki, arané Wikimedia Incubator. Saèmper karo jenengé, situs iki ngamot proyèk-proyèk kang istilahé “durung layak” kanggo madeg dhéwié. Ing kéné, proyèk-proyèk bakalé digodhog nganti tembéné layak kanggo dirilis mawa domainé dhéwé. Panjenengan bisa ngaksès situs iki ing incubator.wikimedia.org.

Nanging Panjenengan kudu mangertèni manawa salah sawijining sarat amrih basa daérah Panjenengan bisa digawèkaké situs Wikipédiané yaiku anané kodhe ISO 639. Salah sawijining cara kanggo ngecèk basa daérahé Panjenengan iku nduwèni ISO 639 apa ora yaiku sarana ngecèk ethnologue.com. Lebokna jeneng basané, lan deleng asilé. Manawa Panjenengan kepéngin miwiti Wikipédia ing basa daérahé Panjenengan nanging isih bingung kanggo miwitiné, Panjenengan bisa sesambungan karo kanca-kanca saka Wikimédia kang kontaké bisa Panjenengan deleng ing pérangan pungkasané buku iki. Kanca-kanca saka Wikimédia Indonésia mengko bakalé mbiyantu Panjenengan anggoné ngajokaké panjaluk amrih digawèkaké Wikipédia sajroning basa daérahé Panjenengan.

[ 23 ]
Aku kepéngin miwiti mbesut ing Wikipédia, nanging isih kangèlan anggoné golèk gagasan utama utawa ide topik kanggo nulis. Apa ana pituduh kang bisa mrantasi prakara kaya mangkono iku?

ꦲꦏꦸꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦩꦶ​ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦱꦶꦃ​ꦏꦔꦺꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦒ​ꦒꦱ꧀ꦱꦤ꧀​ꦲꦸꦠꦮꦆꦝꦺ​ꦠꦺꦴꦥꦶꦏ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴ​ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦥꦲꦤ​ꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃ​ꦏꦁꦧꦶꦱ​ꦩꦿꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦱꦶ​ꦥꦿꦏꦫꦏꦪ​ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ​ꦲꦶꦏꦸ?


Panjenengan bisa miwiti nulis artikel mawa topik-topik kang Panjenengan senengi, nanging Panjenengan kudu mesthèkaké manawa artikel kang bakal Panjenengan tulis iku durung cumawis ing Wikipédia. Saliyané iku, kang perlu diéling-éling yaiku nulis artikel ing Wikipédia kudu kalawan cara pandeleng (point of view) kang nétral, saéngga Panjenengan ora kena yèn namung nulis bab beciké utawa bab alané thok saka subjèk kang Panjenengan tulis. Panjenengan uga kudu nulis apa anané, trep kalawan informasi kang Panjenengan temokaké ing sumber mitayani kang Panjenengan rujuk.

KAWRUH WIKI Wikipédia Basa Jawa Sajroning Angka
22.401.126 2.571.331
Cacah ambahan ing Wikipédia basa Jawa setaun pungkasan (Mèi 2019-April 2020) Cacah ambahan sasi April 2020
Rata-rata cacah pambesut mawa 5 besutan utawa luwih (Oktober 2019-Maret 2020) 299
23% Wong kang ngaksès migunakaké pangambah punsèl
Cacah besutan ing Wikipédia basa Jawa, Mèi-Oktober 2019  19.197
77% Wong kang ngaksès saka dhèstop
Cacah kaca kang dibesut, Maret 2020 548
12% Wong kang ngaksès asalé saka Indonésia, disusul Amérika Sarékat, Inggris, lan Jérman.
Wangsalan | Arané pérangan awak | Tembang dolanan
Artikel paling populèr Maret 2020
[ 24 ]
Apa ana pituduh utawa pandom anggoné nulis ing Wikipédia?

ꦲꦥꦲꦤꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃ​ꦲꦸꦠꦮꦥꦤ꧀ꦢꦺꦴꦩ꧀​ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺ​ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?


Panjenengan bisa sinau mbesut Wikipédia kanthi otodidak sarana ngenut pandom kang wis ana ing pranala bit.ly/WPTUTOR. Wikimédia Indonésia uga wis nduwèni modhul gladhèn utawa palantihan kang pepak. Modhul iki bisa Panjenengan aksès kanthi lelahanan utawa gratis ing pranala bit.ly/modulmanual.

Saliyané iku, manawa Panjenengan luwih seneng nulad tutorial kang wujud vidhio, Panjenengan bisa ndeleng vidhio kang wis digawé déning Wikimédia Indonésia kang bisa diaksès ing pranala bit.ly/TutorialWikiID.

bit.ly/modulmanual
bit.ly/TutorialWikiID
bit.ly/WPTUTOR
[ 25 ]
Apa ana lokakarya pambesutan ing Wikipédia kanggo para pamula kang bisa dak-mèloni?

ꦲꦥꦲꦤ​ꦭꦺꦴꦏꦏꦂꦪ​ꦥꦩ꧀ꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀​ꦲꦶꦁꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦏꦁꦒꦺꦴꦥꦫ​ꦥ꦳ꦩꦸꦭꦏꦁꦧꦶꦱ​ꦢꦏ꧀ꦩꦺꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ?


Saben sasiné, Wikimédia Indonésia ngadani manéka lokakarya utawa gladhèn pambesutan ing Wikipédia sajroning manéka basa ing sawetara kutha. Mangga ajeg tutaké médhia sosial Wikimédia Indonésia kanggo mèlu acarané!

Utawa, manawa Panjenengan nduwé gagasan kanggo ngadani gladhèn dhéwé ing kutha, paguyuban, utawa instansi Panjenengan, sumangga ngajokaké sarana sesambungan kalawan kita lumantar layang èlèktronik ing:


[ 26 ]
Apa kagiyatan nulis ing Wikipédia bisa dipigunakaké minangka sarat kanggo ngundhakaké kalungguhan utawa jabatan?

ꦲꦥꦏꦒꦶꦪꦠ꧀ꦠ​ꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦧꦶꦱ​ꦢꦶꦥꦶꦒꦸꦤꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏ​ꦱꦫꦠ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴ​ꦔꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦏꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸ​ꦠꦮ​ꦗꦧꦠ꧀ꦠꦤ꧀?


Nulis ing Wikipédia iku minangka kagiyatan kang adhedhasar sukalila saéngga ora bisa mènèhi paédah kang wujud matèri utawa pawitan kalebu ing jeroné yaiku mundhaking jabatan.

Nanging, nulis ing Wikipédia bisa ngundhakaké kaprigelan non-tèknis, kaya ta prigel anggoné nulis, saha golèk sumber kang mitayani, kang tembéné bakal migunani sajroning bab pawiyatan, kaya ta panyungsunan kurikulum, panggolèkan matèri mulang, sarta panyungsunan lapuran.

KAWRUH WIKI Kontributor Paling Unggul Maret 2020
ing Wikipédia Basa Jawa
Dandung Adityo Argo Prasetyo
294 besutan
Elicefa
293 besutan
Sunshroom17
214 besutan
Fandy Aprianto Rohman
160 besutan
Saka stats.wikimedia.org/v2
[ 27 ]
Manawa aku kepéngin takon luwih akèh manèh, banjur aku kudu sesambungan marang sapa?

ꦩꦤꦮꦲꦏꦸ​ꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦠ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃ​ꦲꦏꦺꦃꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦏꦸꦏꦸꦢꦸ​ꦱꦼꦱꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀ꦩ​ꦫꦁꦱꦥ?


Yèn Panjenengan kepéngin takon luwih pepak babagan program-program ing Wikimédia Indonésia, Panjenengan bisa sesambungan marang kita sarana layang-èl info@wikimedia.or.id utawa lumantar sawetara layang-èl ing ngisor iki:

[ 28 ]
Atribusi ꦄꦠꦿꦶꦧꦸꦱꦶ


CAKRIK HURUF
Montserrat déning Julieta Ulanovsky | OFL Merriweather déning Sorkin Type | OFL Noto Sans Javanese déning Google | OFL Segoe UI déning Microsoft

[21] Ranga déning TipTopTyp | OFL • Leelawadee (aksara Bugis) déning Microsoft • Noto Sans Rejang (aksara Rejang) déning Google | OFL • TG Siloka Sundanese (aksara Sunda) déning Tegamitype/Iqbal Firdaus • Noto Sans Javanese (aksara Jawa) déning Google | OFL • Noto Sans Balinese (aksara Bali) déning Google | OFL • Arabic Typesetting déning Microsoft (aksara Arab) • Noto Sans Batak (aksara Batak) déning Google | OFL • Wijaya (aksara Kawi) déning Aditya Bayu Perdana


FOTO
[1] CEEMeeting2016 Armenia Globe 25 déning AWang (WMF) | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[3] Wikimania 2016 - group photo 03 déning Niccolò Caranti | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[6]Old Wikipedia déning L337p4wn (pengunggah) | Wikimedia Commons | CC BY-SA 3.0 • Jimmy Wales 83 1 déning Chris Floyd | Wikimedia Commons | CC BY-SA 3.0

[7] Keceriaan WikiNusantara1 déning Studio Amarana kanggo Wikimedia Indonesia | Wikimedia Commons | CC BY 3.0

[8]COLLECTIE TROPENMUSEUM Basreliëf Boroboedoer. TMnr 60002312 déning Tropenmuseum | Wikimedia Commons | CC BY-SA 3.0 • Groot Javaansch No.2 cursief - Lettergieterij Amsterdam déning Lettergieterij Amsterdam | Wikimedia Commons | Domain Publik • Mangkunegaran Palace Java362 déning Arabsalam | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0 • Pramudya Ananta Tur Kesusastraan Modern Indonesia p226 déning Kementerian Pendidikan | Wikimedia Commons | Domain Publik • Mss jav 28 f064v saka layang Serat Selarasa kagungan Nyonya Sakeber Surabaya, di-scan déning British Library | Wikimedia Commons | Domain Publik • Water drop impact on a water-surface - (5) déning Davide Restivo | Wikimedia Commons | CC By-SA 2.0

[9] Foto uang rupiah déning Eko Anug | Pixabay | Lisensi Pixabay

[10] Foto buku déning Nick Fewings | Unsplash | Lisensi Unsplash

[19] WikiLatih Indonesiana; April 2017 03 déning Indorelawan | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[25]Wikilatih Purworejo 1 déning Hidayah Sunar | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0 • WikiLatih Sunda Universitas Pendidikan Indonesia 17-19 September 2018 10 déning Nadiantara | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0 • Sukarelawan pelatih WikiLatih APKS PGRI Kabupaten Jember (Gelombang 1)-3 déning Ahmadi SE | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0 • April 29 2018 WikiLatih Indonesiana 2.0 with Indorelawan déning Indorelawan | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[26] WikiPelatih PGRI Sulsel-7 déning Gunarta | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0


GRAFIS
[2] Wikimedia Illustration Header Detail Projekte déning Blanca Flores | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[4] Wikipedia Education Backpack 1 déning Blanca Flores | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[5]Nupedia déning Nupedia lan milodesign.com, berkas vèktor déning Habitator terrae | Wikimedia Commons | Domain Publik • Nupedia, the open content encyclopedia 2000-08-15 déning nupedia.com | Wikimedia Commons | CC BY-SA 3.0

[17] Wikimedia Illustration Header Detail Digitales Ehrenamt déning Kati Szilágyi kanggo Wikimedia Jerman | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[18] Wikimedia Illustration Header Detail Recherche 2 déning Kati Szilágyi kanggo Wikimedia Jerman | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[21] Themenfeld Wissensgesellschaft déning Kati Szilágyi kanggo Wikimedia Jerman | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[22] Wikipedia Community cartoon - high quality déning Giulia Forsythe, gambar diturun déning Asiyeh Ghayour, diunggah déning Seyyedalith | Wikimedia Commons | CC0


IKON
[2]Globe déning Eagle Eye | Noun Project | CC BY • Open Lock déning Caio Ranieri | Noun Project | CC BY • Translation déning Mun May Tee | Noun Project | CC BY • Encyclopedia icon déning Atón | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0 • Light bulb icon red déning Atón | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0 • Scale icon green déning Atón | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0 • Jigsaw piece yellow 01 déning Atón | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0 • Smiley icon orange déning Atón | Wikimedia Commons | CC BY-SA 4.0

[16]Dictionary déning Kantor Tegalsari | Noun Project | CC BY • Advertisment déning Komkrit Noenpoempisut | Noun Project | CC BY • Newspaper déning Fahmi | Noun Project | CC BY • Writing déning andriwidodo | Noun Project | CC BY

[22]Phone déning Larea | Noun Project | CC BY • Computer déning Phoenix Dungeon | Noun Project | CC BY • Indonesia déning Ivan Colic | Noun Project | CC BY [ 29 ]


[ Sampul ]



AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen klawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya iku sawijining pandom kang ditujokaké kanggo para maos kang kepéngin mangertèni luwih pepak babagan Wikipédia.

Pangripta nduwèni pangajap pandom iki bisa mangsuli pitakon-pitakon kang kerep ditakokaké babagan Wikipédia, kaya apa sajatiné Wikipédia iku, informasi apa baé kang ana ing Wikipédia, uga kepriyé carané golèk lan migunakaké informasi ing Wikipédia kalawan trep.

Kanthi tepung luwih jero babagan Wikipédia, pangripta uga nduwèni pangajap para maos iku bisa mèlu ngamardika kawruh bebarengan ing Wikipédia.

Pandom vèrsi jeron jaringan (online) bisa Panjenengan waca ing: bit.ly/wmid-ajanyupliksakawikipedia


Jalan Danau Toba No. 104
Bendungan Hilir, Jakarta Pusat
DKI Jakarta 10210
wikimedia.or.id | info@wikimedia.or.id