Wikisumber:Angkringan


Sugeng rawuh ing Angkringan Wikisumber Jawa!
Angkringan Wikisumber Jawa minangka papan kanggo sapa baé kang arep takon utawa ngrembug samubarang prakara kang gayut karo Wikisumber basa Jawa. Mangga kowé bisa ngener pérangan kang arep kowé takokaké utawa rembug. Manawa kowé arep ngaturaké pangudarasa, uneg-uneg, panemu, lsp. bab Wikisumber Jawa, mangga kemawon. Ana déné kanggo rembugan bab prakara kang angèl banget, mangga sesambungan langsung marang panata Wikisumber. Kajaba iku, sawetara parembugan manggon ing mandhala aran Parembugan Indhèks lan Kaca. |
꧋ꦱꦸꦒꦼꦁꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦮꦺꦝꦁꦔꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦗꦮ꧉
꧋ꦮꦺꦝꦁꦔꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦗꦮꦩꦶꦤꦁꦏꦥꦥꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦥꦧꦲꦺꦏꦁꦲꦉꦥ꧀ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦔꦽꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦥꦿꦏꦫꦏꦁꦒꦪꦸꦠ꧀ꦏꦫꦺꦴꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦧꦱꦗꦮ꧉ꦩꦁꦒꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦶꦱꦔꦼꦤꦼꦂꦥꦺꦫꦁꦔꦤ꧀ꦏꦁꦲꦉꦥ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦠꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦺꦲꦸꦠꦮꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀꧉ꦩꦤꦮꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦉꦥ꧀ꦔꦠꦸꦂꦫꦏꦺꦥꦔꦸꦢꦫꦱ꧈ꦲꦸꦤꦼꦒ꧀ꦲꦸꦤꦼꦒ꧀꧈ꦥꦤꦼꦩꦸ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦺꦧꦧ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦗꦮ꧈ꦩꦁꦒꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉ꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦿꦏꦫꦏꦁꦲꦔꦺꦭ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ ꦩꦁꦒꦱꦼꦱꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀ꦭꦁꦱꦸꦁꦩꦫꦁꦥꦤꦠꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧉ꦏꦗꦧꦲꦶꦏꦸ꧈ꦱꦮꦠꦫꦥꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦩꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦤ꧀ꦝꦭꦲꦫꦤ꧀ꦥꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦺꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦕ꧉ |
Selamat datang di Warung Kopi Wikisumber bahasa Jawa!
Welcome to Javanese Wikisource's Village Pump!
Nyalon dadi panata (admin request)Besut
Kula badhe nyalonaken dados panata ing Wikisumber mriki. Suwun. Bennylin (rembugan) 15 Fèbruari 2023 04.45 (UTC)
- Nggih, kula sarujuk menawi Njenengan daos panata ing Wikisumber mriki Thersetya2021 (rembugan) 20 Fèbruari 2023 12.06 (UTC)
VotingBesut
- Sarujuk — Labdajiwa (rembugan) 15 Fèbruari 2023 05.00 (UTC)
- Sarujuk — Empat Tilda (rembugan) 17 Fèbruari 2023 07.21 (UTC)
- Sarujuk — Thersetya2021 (rembugan) 20 Fèbruari 2023 07.05 (UTC)
- Sarujuk. Rachmat04 (rembugan) 24 Fèbruari 2023 10.02 (UTC)
- Sarujuk — Devi 4340 (rembugan) 8 Maret 2023 03.13 (UTC)
Owahan ing transliterasiBesut
Aku wis ngirimke owahan sing anyar. Pull request. Iki bakal mbenakne "kekutu" akeh, ing antarane:
- wignyan/layar/cecak + pepet
- cakra/pengkal + sandhangan swara
- panyigeg + sandhangan r/y utawa panjingan w/l
Saliyane kuwi, ana tambahan-tambahan ing ngisor iki:
- H dienggo 'tolong' ꦴ
- Z dienggo 'sa kembang' ꦰ
Yen ana tambahan malih, mangga ditambahi ting mriki, menawi teksih enten kekutu sing durung tak benakne. Suwun.
Ping: mas @Empat Tilda: sing wis akeh mbiyantu nemokake kekutu. Bennylin (rembugan) 16 Fèbruari 2023 15.07 (UTC)
- wonten tambahan om, ten aksara nga, umpami digandheng kaliyan aksara lintunipun biasane mboten saget. Contohipun tembung nglèmpak dadosipun ꦁꦭ꧀ꦩ꧀ꦥꦏ꧀
- ten mriki nga namung dados sandhangan cecak.
- kalihan kula tambahi malih, aksara ra biasanipun kecampur kalihan cakra. dadu umpami kula nulis pun rabi dadosipun ꦥꦸꦤꦿꦧꦶ umpami diparingi spasi dadose malah medal pangkon. Empat Tilda (rembugan) 25 Fèbruari 2023 13.21 (UTC)
KekutuBesut
Kompetisi Wikisumber 2023Besut
Ngaturaken wilujeng dalu, Réncang Wiki!
Komunitas Wikimédia Ngayogyakarta badhé ngawontenaken swayambara Wikisumber 2023, yaiku nitiwaos lan nyerat saking buku-buku basa Jawa ingkang sampun cumawis ing Wikimédia Commons.
Swayambara badhé dipun wiwiti 6 Maret 2023 lan dipunpungkasi 20 Maret 2023.
Para Réncang ingkang saged ngempalaken biji paling kathah badhé pikantuk pigegel mirunggan.
Info jangkepipun saged dipun priksani ing bit.ly/wmid-wikisumber2023
Sumangga sami ndhaptar ing bit.ly/wmid-daftarwikisumber2023
Matur nuwun.
Panitia Swayambara - 2 Maret 2023 12.02 (UTC)
- Aku kétoké bakal olèh juwara ing WikiPusaka. Iki aku isik olèh mèlu ta, Mas? Aku ora ngincer juwara 1–3, mung kapéngin ngregengaké pasanggiriné waé. — Labdajiwa (rembugan) 3 Maret 2023 12.15 (UTC)
Miturut wangsulane WMID per dina iki, saged mas, amarga WikiTeroka isih keitung durung rampung, dadi pesertane WikiTeroka isih oleh entuk hadiah utama ing kompetisi iki. Semangat mas!Bennylin (rembugan) 3 Maret 2023 14.03 (UTC)
- Pranala asli tanpa panyekak URL:
- bit.ly/wmid-wikisumber2023 → Wikisumber:Kompetisi Wikisumber 2023
- bit.ly/wmid-daftarwikisumber2023 → Google Forms
- — Labdajiwa (rembugan) 4 Maret 2023 03.45 (UTC)
- Mas @Bennylin: log filter panyarta Kompetisi Wikisumber 2023 (Mirunggan:Filter penyalahgunaan/2) dinggé napa, nggih, Mas? Menawa péngin ngerti gunggung besutan utawa naraguna sing paling akèh mbesut ing kompetisi iki bisa njupuk datané ing Quarry kaya quarry:query/64445 (kompetisi taun kapungkur) utawa kaca sing paling akèh dibesut kaya ing quarry:query/64444. — Labdajiwa (rembugan) 6 Maret 2023 03.00 (UTC)
- matur nuwun mas. dingge pratelan pepak kaca sing dibesut, kangge cadangan, menawi ing WSContest tool enten masalah. Bennylin (rembugan) 6 Maret 2023 03.35 (UTC)
- Mas @Bennylin: log filter panyarta Kompetisi Wikisumber 2023 (Mirunggan:Filter penyalahgunaan/2) dinggé napa, nggih, Mas? Menawa péngin ngerti gunggung besutan utawa naraguna sing paling akèh mbesut ing kompetisi iki bisa njupuk datané ing Quarry kaya quarry:query/64445 (kompetisi taun kapungkur) utawa kaca sing paling akèh dibesut kaya ing quarry:query/64444. — Labdajiwa (rembugan) 6 Maret 2023 03.00 (UTC)
KasilBesut
Selamat siang, Kawan Wiki!
Kompetisi Wikisumber 2023 sudah terlaksana dengan baik dari tanggal 6–20 Maret 2023 dan diikuti oleh para peserta dengan penuh semangat.
Selamat kepada 10 besar pemenang yang berhasil mengumpulkan poin terbanyak. Segenap panitia mengucapkan banyak terima kasih atas partisipasi Kawan-kawan semua!
- WanaraLima 1687
- Kriita 1654
- Ships in the Starlight 1092
- Alicya- 1021
- Pijri Paijar 545
- Shinta Jasmen 528
- Masruroh Febriyanti 412
- Devi 4340 384
- Abdansykr26 369
- Diahasy 361
Sampai berjumpa di kompetisi berikutnya! Thersetya2021 (rembugan) 26 Maret 2023 08.31 (UTC)