Mardi Basa lan Sastra Jawi 1

[ Katrangan ]


MARDI BASA LAN SASTRA JAWI












[ Katrangan ]

Cetakan ke-1 : Desember 1977
Cetakan ke-2 : Februari 1978
Cetakan ke-3 : September 1979
Cetakan ke-4 : Desember 1980
Cetakan ke-5 : Agustus 1981
Cetakan ke-6 : Januari 1982
Cetakan ke-7 : Agustus 1983
Cetakan ke-8 : Januari 1984
Cetakan ke-9 : Juli 1984

[ Katrangan ]

Mugiyana, B.A
K. Hisyam Budya Mardawa, B.A.
Siswadi, B.A.




MARDI BASA
LAN SASTRA JAWI

(Mbs)


1


Kangge ing SMP klas I


Cetakan ke-9
1984



Penerbit & Toko Buku
"TIGA SERANGKAI"
Jl. Dr. Supomo (Jl. H. Wuruk) 11B Telp. 4334-4778 Solo

[ Bebuka ]
B E B U K A

Alhamdulillah “Loka Karya Guru Bahasa Daerah SMP - SMA Negeri Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah tanggal 7 s/d 10 Juli 1977 di Tawangmangu” sampun kasil ndhapuk GBPP Basa Jawi kangge ing SMP lan SMA.

Wontenipun GBPP kasebut, mila lajeng kraos betahipun buku wulangan ingkang laras kaliyan GBPP wau. Awit saking punika kula sakanca ingkang kala semanten tumut cawe-cawe ndhapuk GBPP, rumaos kajibah ndhapuk buku wulanganipun.
Kanthi suka sukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Mahamirah, kula sakanca sampun rampung ndhapuk buku :

  1. Mardi Basa lan Sastra Jawi 1
  2. Mardi Basa lan Sastra Jawi 2,

ing pangajab kenginga kangge cepengan lare- lare ing SMP klas I lan II.
Kula sakanca pitados bilih buku punika taksih kathah kirang lan cewetipun. Pramila panyaruwenipun para kadang sutresna basa lan sastra Jawi kula tampi kanthi bingahing manah lan matur gunging panuwun.
Ing wasana kula sakanca ngaturaken gunging panuwun datheng penjenenganipun :

  1. Bapak Drs. Sudarsono, Ka Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah,
  2. Bapak Sumanto, B. A., Pengawas Bidang PMU Kanwil Dep. P dan K Propinsi Jawa Tengah ( Ketua Panitia Penyelenggara Loka Karya ).

ingkang sampun kepareng paring pitedah lan pangestu tumrap karampunganing damel punika.


Semarang, 28 Oktober 1977
Para pendhapuk



[ Atur sapala ]
DEPARTEMEN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

KANTOR WILAYAH PROPINSI JAWA TENGAH
Jl. Pemuda No. 134 Semarang

Telpon Ka Kanwil : 285302, Umum : 285301 Telex : 22262 PK WIL SM.
_______________________________________________________


KATA PENGANTAR

Rapat Kerja/Loka Karya Guru-guru Bahasa Daerah SMP — SMA se-Jawa Tengah di Tawangmangu tanggal 7 — 10 Juli 1977 telah berhasil menyusun GBPP Bahasa Daerah. Rapat Kerja/Loka Karya tersebut dilanjutkan di Salatiga pada tanggal 1 — 3 Juli 1980, dengan tujuan menyempurnakan GBPP Bahasa Daerah hasil Rapat Kerja/Loka Karya Tawangmangu.


Sebagai realisasi harapan yang tertuang di dalam Kata Pengantar dalam rangka menyambut kelahiran GBPP Bahasa Daerah tersebut, maka terbitnya buku "MARDI BASA LAN SASTRA JAWI 1, 2, 3" untuk siswa SMP kelas I, II, dan III ini pantas disambut dengan gembira.


Terbitnya buku "MARDI BASA LAN SASTRA JAWI 1, 2, 3" hasil karya Sdr. Mugiyono, B.A.dkk. (tim yang menangani GBPP Bahasa Daerah itu sendiri) merupakan pelaksanaan operasional GBPP Bahasa Daerah, dan sebagai salah satu sarana guna mewujudkan harapan yang terkandung di dalam Kata Pengantar kelahiran GBPP Bahasa Daerah di atas.


Atas dasar uraian di atas, maka buku "MARDI BASA LAN SASTRA JAWI 1, 2, 3" ditetapkan sebagai buku pelajaran wajib pegangan siswa SMP di seluruh Jawa Tengah.


Semoga harapan di atas dapat terwujud, demi pembinaan dan pengembangan Bahasa dan Kebudayaan Nasional pada umumnya, serta perwujudan identitas Jawa Tengah pada khususnya.


Semarang, 6 Juni 1984
Kepala Kantor Wilayah,


_____________
DRS. SOEJATTA
NIP 130430070

[ Pratélaning isi ]
Daftar Isi


Bebuka..................................................... 5
Wulangan I................................................ 9
Wulangan II.............................................. 17
Wulangan III............................................. 27
Wulangan IV............................................. 35
Wulangan V.............................................. 45
Wulangan VI............................................. 53
Wulangan VII............................................ 61
Wulangan VIII........................................... 69
Wulangan IX............................................. 77
Wulangan X.............................................. 85


***






Mbs-1- 7


[ 9 ]
W U L A N G A N I


1. A. Pacelathon
Tindakna !

Lulus Ujian SD


Bapak : “Piye, Le, ujianmu SD lulus apa ora ?”
Teguh : “Pangestunipun Bapak Ibu kula lulus, Pak.”
Ibu : “Sokur ta, Le, dadi ora ngilang-ngilangake nggonmu nggentur sinau.”
Teguh : “Inggih, Bu, nanging sedaya wau awit saking daya pangestunipun Bapak saha Ibu.”
Bapak : “Pancen ora kleru panemumu kuwi. Ewasemono kabeh mau yen ora sarana kosetiyari uga ora bisa kecekel gegayuhanmu.”
Ibu : “Aku cocog, Pak, ngendikane Bapak kuwi. Buktine akeh wae wong tuwane dhemen marang prihatin, ning anake seneng ubyang-ubyung, grudag-grudug, nyatane ya ora dadi uwong ki. Bareng wis gedhe malah ngrekasakake wong tuwa.”
Teguh : “Inggih, inggih, Bu. Ibu punika leres. sanget. Kanca kula ingkang boten lulus lare tiga. Punapa sadaya lare nakal tur kesed. Kula ngantos mesakaken, tiyang sepuhipun saben dinten dipun timbali dhateng sekolahan.”
Bapak : “Mula, Le, kabeh mau rak gumantung marang tekade bocah, ta. Ya ngono apa ora, Bu?”
Ibu : “Lha ya genah ngono. Disurung-surunga kaya ngapa yen bocahe mogok ya sida ora dadi tenan. Rak iya ta, Le?”
Teguh : “Kadospundi, Bu, anggen kula badhe matur.
[ 10 ]
Rumaos kula ngendikanipun Bapak Ibu punika leres sedaya. Dhasar larenipun majeng, tiyang sepuhipun nyurung, temtu wohipun maremaken.”
Bapak : "Anu, Bu. Apadene kowe, Le. Kandhamu kuwi bener. Sanajan mangkono, kabeh mau titah mung bisa setiyar, bab klakone ana astane Sing Murbeng Dumadi. Mula ayo padha tansah nenuwun lan ngaturake panuwun marang Gusti Kang Akarya Jagat. Lan, aja lali tansah sumungkem.”
Ibu : “Iya, Pak, aku tansah ndherek ngendikane Bapak kuwi.”
Teguh : “Inggih, Pak, dhawuhipun Bapak Ibu tansah kula estokaken.”


B. Ukara-ukara iki wacanen; aksara kang katulis dhoyong kedalna kang trep !

  1. 1. Inggih inggih, Bu, Ibu menika leres angêt. Ih, kapok kowe saiki !
  2. 2. E, aja lo, esuk-esuk aja mangan rujak !
  3. 3. Ah, kok ngono, ora-apik kuwi
  4. 4. Eh, emoh aku!
  5. 5. O, ngono kuwi ta dadine. Ora aku.


lI. Maca titi

A. Wacanen batin !

Lulus Ujian SD

Pak Pamuji panggesanganipun bakul. Gadhah toko, sanajan alit nanging pepak. Menapa ingkang dipun betahaken bebrayan ing ngriku boten mangsulaken, Tumrap ing dhusun tokonipun Pak Pamuji sampun kalebet ageng lan mitulungi Sanget.

Kabetahanipun sedherek tani dipun sedhiyani. Kadosta, [ 11 ]wiji kacang, rabuk, lan obat ama taneman. Kabetahanipún lare sekolah ugi dipun cawisi. Kadosta, potelot, setip, garisan, lan buku tulis. Kabetahaning pawon ugi boten towong. Gampilipun kabetahaning agesang padintenan sedaya wonten.

Pak Pamuji gadhah momongan kalih, kedhana-kedhini. Ingkang ageng jaler, nama pun Teguh Purwadi. Adhinipun estri nama Atik Wahyuni. Teguh Purwadi sekolahipun mempeng, ngertos unggah-ungguh, dhateng kanca semanak, boten sugih ginem, nanging ugi boten amem. Polatanipun tajem, nanging boten nyengit. Pasemon semu sumeh, nanging boten mirah gujengipun. Kengeng kawastanan lare anteng, nanging boten anggak.

Taun punika Teguh Purwadi lulus ujian SD. Bijinipun sae, malah kalebet onjo piyambak.
Tiyang sepuhipun kekalih merdi sanget pasinaoning anak. Anggenipun ngawat-awati saestu, mila wohipun inggih maremaken.

B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang luwes!

  1. Sing dicritakake iku kulawargane sapa?
  2. Kepriye kulawarga mau pamerdine marang putra?
  3. Coba critakna watak-wantune Teguh Purwadi!
  4. Kepriye ujian lan bijine Teguh Purwadi?
  5. Maju mundure pasinaon iku gumantung sapa?

III. Kawruh basa

A. Tuladha:

  1. Tiyang sepuhipun merdi sanget pasinaoning anak.
  2. Tiyang sepuhipun nggegulang sanget pasinaoning anak.
[ 12 ]Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
  1. Kecepengipun gegayuhan kedah sarana setiyar.
  2. Mugi-mugi Pangeran Ingkang Maha Agung angijabahi ingkang dados esthining manah kula.
  3. Lare nakal, senengipun ubyang-ubyung, tundonipun badhe rekaos gesangipun.
  4. Pituwasipun lare sregep lan tlatos badhe sekeca gesang ipun ing tembe wingking.
  5. Pamarentah boten kendel-kendel anggenipun mbudidaya ngulir budi ndandosi panggesanganipun rakyat.
  6. Ingkang kula peleng sageda nampi piwulang kanthi patitis.
  7. Ewadene kula boten badhe nglokro, taksih badhe setiyar sadumuginipun.
  8. Tetiyang manca ingkang sami dhateng ing negari kita temtu kasengsem dhateng endahing alam.
  9. Patih Gajah Mada tansah mbudidaya amrih pulo-pulo ing saindenging Nusantara sageda lumebet ing wewengkonipun krajan Majapait.
  10. Sinten kepengin gesang ayem lan tentrem, kedah karem dhateng kesabaran.

B. Tuladha

  1. Pak Pamuji gadhah momongan kalih, kedhana-kedhini.
  2. Pak Pamuji momonganipun kalih jaler lan estri.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Pak Mantri putranipun kalih, uger-uger lawang.
  2. Pak Ilyas gadhah momongan kalih, kembang sepasang.
  3. Putranipun pak Camat tiga, sendhang kapit pancuran.
  4. Putranipun bulik tiga, pancuran kapit sendhang.
  5. Bapak putranipun gangsal jaler sadaya, tiyang-tiyang mastani pandhawa. [ 13 ]
  1. Adhi kula Sri lan Sadana punika dhampit.
  2. Kangmas kula, mas Samsu lan mas Surya, punika kembar.
  3. Pakdhe putranipun ontang-anting, inggih punika mas Panuju.


C. Tuladha:

  1. Kula cocog, Pak, ngendikanipun Bapak punika.
  2. Aku cocog, Pak, ngendikane Bapak kuwi.


Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Nalika embah rawuh bapak saweg kemawon badhe mapan sare.
  2. Kula dipun utus bapak ngaturaken serat dhateng Pak Lurah.
  3. Sasampunipun serat dipun waos kula kadhawuhan wangsul.
  4. Sawangsul kula sowan embah, kula sakit kawan dinten.
  5. Ibu ndangu, punapa kula sampun sinau.
  6. Pak Guru ngendika, lare-lare boten kepareng jajan saenggen-enggen.
  7. Bu Guru duka, jalaran lare-lare kesupen boten mbekta atlas.
  8. Pak Mantri ngagem kaca tingal cemeng, amargi peningalipun gerah.
  9. Bapak mriksani ringgit tiyang, kula ndherek.
  10. Kula dipun timbali Pakdhe, jebul namung badhe dipun dukani.


D. Tuladha :

  1. Polatanipun tajem nanging boten nyengit
  2. Nyengit menika lingganipun sengit, angsal ater-ater any.
[ 14 ]Gawenen kaya tuladha ing: dhuwur !
  1. Nyuwun pangapunten kala wingi kula boten mlebet sekolah jalaran sakit.
  2. Punapa kula kepareng nyathet sapunika, Pak Guru?
  3. Bapak tindak toko mundhut koran.
  4. Lare-lare mbekta pirantos kangge kerja bakti.
  5. Pardi pados genter badhe kangge ngundhuh jeram.
  6. Purwadi menika lare mbangun miturut lan nggega sadaya pitedahipun tiyang sepuh lan gurunipun.
  7. Tanemanipun kates dipun upakara saestu pramila wohipun ndados.
  8. Tiyang sepuh ingkang ngertos tanggel jawab, temtu badhe ndhadha sedaya lepating anakipun.

Keterangan :

"sengit" iku jenenge tembung lingga.
"nyengit" iku diarani tembung bandhahan.
an, ang, any, am iku diarani ater-ater, jenenge ater-ater anuswara.

E. Anak linuwih prasasat tanpa cacad iku diparibasakake “Anak anung anindhita.”

Ukara-ukara ing ngisor iki wacanen sarta satitekna tegese paribasan kang tinulis dhoyong !

  1. Ora-orane watake Diran anggone seneng njejaluk iku bisa mari, awit paribasane wis ciri wanci lelai ginawa mati.
  2. Aja kaya si Hartana kae, watake kadang konang, sing diaku sedulur mung sanak sedulure sing sugih.
  3. Aku ora ngira menawa Mursid karo Saleh iku sedulur tunggal welad, dakkira wong iya jebul sedulur tunggal bapa biyung.
  4. Kuwi jenenge mbidhung api rowang, rewa-rewa aweh pambiyantu, nanging sejatine nedya maeka. [ 15 ]
  5. Pak Pradhah kuwi klebu ing paribasan blabah wuda, saking kebangeten anggone loma nganti uripe dhewe kecingkrangan.

IV. Ngarang / crita

Gawea karangan awujud pacelathon, miliha irah-irahan iki salah siji !
  1. Sinau bebarengan
  2. Gegayuhanku
  3. Tekad waja

V. Maca lan nulis aksara Jawa

Wacanen banjur turunen !

  1. ꧋ꦱꦸꦲꦂꦤꦶꦏꦫꦺꦴꦱꦸꦢꦂꦠꦶꦠꦸꦏꦸꦏꦸꦮꦶꦃꦕꦫ꧉
  1. ꧋ꦱꦸꦭꦩꦠꦸꦏꦸꦗꦢꦃ꧈ꦫꦒꦶꦏꦫꦺꦴꦒꦼꦝꦁ꧉
  1. ꧋ꦥꦪ꧈ꦚꦠꦏꦫꦺꦴꦧꦶꦩꦭꦸꦔꦩꦼꦚꦁꦏꦸꦛ꧉
  1. ꧋ꦱꦺꦴꦫꦺꦱꦺꦴꦫꦺꦱꦸꦂꦪꦤꦶꦠꦼꦏꦫꦺꦤꦺ꧉
  1. ꧋ꦥꦂꦮꦠ꧈ꦱꦂꦪꦤ꧈ꦲꦂꦗꦏꦠꦼꦏꦱꦏꦱꦭ꧉

[ 17 ]I. A. Pacelathon
Tindakna !

Katampi Mlebet ing SMP
Teguh : “Bu, Bu, kula dipun tampi, Bu.”
Ibu : “Guh, ngapa kowe kok bengok-bengok saka dalan kuwi. Ora apik ya, Guh. Matur Ibu kok ngono carane, Kowe yen matur Pak Guru ya ngono kuwi ta ?"
Teguh : "O inggih, Bu, kula kesupen. AA Saking bingah-bingahipun lajeng boten mawi tata krami, inggih Bu Nyuwun pangapunten.”
lbu : “Yawis ora dadi apa. Tujune karo Ibu. Suk maneh diati-ati ya, Lik, mundhak kepatuh.”
Teguh. : “Inggih Bu," kula estokaken. Wonten pundi-pundi kula boten nate kok, Bu.”
Ibu : “Ya sokur ta, Le. Dadi kowe ora gawe isine wong tuwamu. Ana apa ta kok sajak kusung-kusung kuwi ?”
Teguh : “Anu; Bu, angsal pangestunipun Ibu dalah Bapak kula lulus testingipun mlebét SMP.”
Ibu : ”O iya ta, Le. Dadi kowe wis ketampa. Wah, bagus tenan kowe, pinter tenan kowe, Le.”
Teguh : “Wah, wah, Ibu ki kok ngalem adu arep. Ngantos siin, Bu, Kula.”
Ibu : ”He, apa kuwi, siin ki basa apa. Ibu ora ngerti basa manca... Kemaki, Lik, ibune dijak cara apa kuwi.”
Teguh : "Hi, hi, hi, .......... sampun duka inggih, Bu. ; Siin menika walikan, leresipun ....... isin."
[ 18 ]
Ibu : “Hara ta, Ibu dijak glenyengan. Bocah athik.”
Teguh : “Sampun duka lho, Bu, mangke mindhak ketingal sepuh kados eyang, Marakke ibu ki ndadak ngalem barang. Kula isin ngaten.”
Ibu : “Ya wis, ya wis, yen ora gelem dialem ya ora apa-apa. Mengko wae yen Bapak Wis kondur dakaturake. Kowe nyuwun hadhiyah apa, Lik?"
Teguh : “Sampun nyumanggakaken keparengipun Ibu. Boten inggih boten menapa-menapa.”


B. Ukara-ukara iki wacanen, aksara kang katulis dhoyong kedalna kang trep !

  1. 1. O, inggih, Bu, kula kesupen.
  2. 2. Anu, Bu, angsal pangestunipun. Ibu kula lulus.
  3. 3. Wah, wah, ibu ki kok ngalem adu arep.
  4. 4. E, ya sokur ta, Le, Bapak ibu bungah banget.
  5. 5. Iya iya, Kuwi kabeh Kaling ahaning Allah Kang Maha Kuwasa.
  6. 6. Ora liwat padha gedhekna iman, tawakal lan sumungkemmu marang Allah Kang Maha Asih.


II. Maca titi


A. Wacanen batin !

Katampi Mlebet ing SMP


Sasampunipun lulus ujian SD, Teguh Purwadi lajeng cepak-cepak prabot kangge mlebet ing SMP. Piyambakipun ndhaftaraken kalih panggenan, inggih punika ing SMP Negeri I tuwin ing SMP Negeri IV. Perlunipun, bok manawi satunggal boten katampi, saged katampi ing satunggalipun.

Rehning para lulusan SD punika cacahipun kathah sanget, pramila boten sadaya saged katampi ing SMP Negeri. Kangge nyaring supados adil, boten emban cindhe emban siladan,

[ 19 ]

SMP ngawontenaken testing.
Teguh pancen lare pinter, sregep lan mugen. Salaminipun ngadhepi testing boten nate medal saking griya. Kajawi manawi dipun utus tiyang sepuhipun, Teguh boten suwala, sarwa inggih, boten nyulayani. Makaten punika adamel maremipun tiyang sepuhipun kekalih. Mila, Pak Pamuji sekaliyan saya ketingal gematosipun. Salebetipun Teguh nggentur sinau boten nate dipun srempil baunipun.
Rinten dalu Pak Pamuji sekaliyan boten kendhat anggenipun nyenyuwun nugrahaning Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, pun Teguh sageda kadumugen gegayuhanipun.
Saestu, testingipun Teguh lulus, saged katampi ing SMP I lan ugi ing SMP IV. Purwadi lajeng milih salah satunggal. Sepinten bingahing manahipun Pak Pamuji tuwin ibu, boten kenging kagambaraken. Semanten ugi Teguh Purwadi bingahipun tanpa upami, awit rumaos tampi kanugrahan agung. Tiyang sagriya boten kesupen ngaturaken panuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Asih.


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana mawa basa krama kang patitis !

  1. Sawise lulus ujian SD Teguh Purwadi banjur kepriye ?
  2. Geneya Teguh Purwadi ndhaftarake ing rong sekolahan?
  3. Geneya SMP nganakake testing ?
  4. Kepriye sinaune Purwadi sajrone ngadhepi testing ? Lan, kepriye tangkepe wong tuwane sakloron ?
  5. Sepira bungahe Pak Pamuji sakulawarga bareng Teguh lulus testinge ?
  6. Pak Pamuji sakulawarga banjur padha ngapa ?


III. Kawruh Basa

A. Tuladha :

  1. Rinten dalu Pak Pamuji sekaliyan boten kendhat anggenipun nyenyuwun nugrahaning Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, pun Teguh sageda kadumugen gegayuhanipun.

Mbs-1- 19

[ 20 ]

b. Rinten dalu Pak Pamuji sakalian boten kendel anggenipun nyenyuwun nugrahaning Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi, pun Teguh sageda kadumugen gegayuhanipun.


Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Teguh punika lare pinter tur mugen.
  2. Menawi dipun utus tiyang sepuhipun Teguh boten nate suwala.
  3. Makaten punika adamel maremipun tiyang sepuhipun kekalih.
  4. Pamedalipun sakedhik nanging dipun gemeni, mila gesangipun ketingal ayem lan tentrem.
  5. Sampun wongsal-wangsul kula emutaken, nanging boten ngrewes.
  6. Pak Taru taberi ngolah sabinipun, pramila sanajan boten wiyar pamedalipun cekap kangge gesang tiyang sabrayat.
  7. Pak Dhokter tlatos sanget anggenipun ngupakara pasienipun.
  8. Anggenipun momong anak tilaranipun sedherekipun gematos sanget, boten beda kaliyan pangemongipun dhateng anak-anakipun piyambak.


B. Tuladha :
Teguh punika lare pinter tur mugen, dene pun Juned bodho tur kesed nyambut damel.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Duryat punika lare andhap asor, dene adhinipun.......
  2. Wasis majeng pasinaonipun, dene Muhtar radi ...........
  3. Siti punika tangkepipun dhateng sinten kemawon semanak, beda sanget kaliyan mbakyunipun, tiyang-tiyang sami mastani.......



[ 21 ]
  1. Ibu sugih ngendikan, bapak radi.............
  2. Iwan punika lare clingus, dene adhinipun....
  3. Bapakipun sampun seda setaun kepengker, kantun ibunipun ingkang.............................................
  4. Tiyang sepuh temtu adil dhateng putra-putranipun, sekedhik kemawon temtu boten gadhah raos.............................
  5. Niyat kula sampun kenceng, babar pisan boten....
  6. Tiyang ingkang luhur bebudenipun temtu kajen keringan, beda kaliyan tiyang ingkang temtu........................


C. Kangge nyaring supados adil, boten emban cindhe emban siladan, SMP ngawontenaken testing.

Wacanen lan setitekna tegese paribasan ing sajroning ukara ngisor iki !

  1. Kuwi jenenge tulung menthung, kandhamu tetulung nanging sejatine malah saya gawe rekasane wong sing kotulungi.
  2. Nyolong pethek temenan si Wanti kuwi, dakkira bocah amem jebul bareng wis gelem omong ora bisa diselani.
  3. Kowe kuwi saben-saben mesthi kebat kliwat, tumandangmu kesusu wusanane malah kleru.
  4. Si Dul kae cacade siji, yakuwi jalukan ora wewehan, gelem njejaluk ora tau gelem weweh.
  5. Aja kandha ora saguh lan ora bisa, kalah cacak menang cacak, lakonana dhisik.
  6. Kowe kuwi jenenge keplok ora tombok, melu seneng-seneng ora melu cucul ragad.
  7. Katone ngalembana naging bareng dakrasak-rasakake jebul malah ngremehake, kuwi jenenge njunjung ngentebake.
  8. Uripe ketula-tula ketali, tansah nandhang cilaka.
[ 22 ]
  1. Wong tuwa paribasane tut wuri andayani, nyekarep pepenginane anak, nanging tansah mulat lan ora kendhat aweh peling lan pitutur.
  2. Anggone dhemen tetulung iku pancen wis dadi watake, ora jalaran duwe pamrih, paribasane sepi ing pamrih rame ing gawe.


D. Tuladha :

  1. a. Mengko wae yen Gagak wis kondur takaturake.
  2. b. Mangke kemawon menawi bapak sampun kondur kula aturaken.


Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Buku wacan kaguangane Pak Guru iki diparingake aku
  2. Dhek wingi embah tindak rene mundhut priksa, kapan budhalku.
  3. Kondure embah nitih sepur aku ndherekake tekan setasiun.
  4. Bapak gerah padharan, dhahare kudu sarwa alus.
  5. Aku arep sowan Pak Guru, arep nyuwun ngampil buku wacan.
  6. Mau bapak meling, yen tamune rawuh aku didhawuhi nemoni.
  7. Ana ing Bali bapak nyare ing daleme pakdhe.
  8. Ngendikane dhokter, gerahe bapak iku jalaran kakehan lenggah kurang olahraga.
  9. Ibu arang banget duka, duka-duka mung yen bocah-bocah padha kesed sinau.
  10. Midhanget aturku iku sanalika ibu muwun.


E. Tuladha :

Teguh pinter.
sregep.
ageng inggil.
sinau.
[ 23 ]Gawenen kaya tuladha ing dhuwur!
1. Adhi kula .............................................
.............................................
.............................................
.............................................
2. Adhi kula .............................................
.............................................
.............................................
.............................................
3. Buku kula .............................................
.............................................
.............................................
.............................................
4. Toyanipun .............................................
.............................................
.............................................
.............................................
5. Redi punika .............................................
.............................................
.............................................
.............................................
6. Agemanipun Bapak .............................................
.............................................
.............................................
.............................................
7. Titihanipun pak Guru .............................................
.............................................
.............................................
.............................................
8. Suwantenipun Andri .............................................
.............................................
.............................................
.............................................
[ 24 ]
9. Marginipun .............................................
.............................................
.............................................
.............................................
10. Sekolahan kula .............................................
.............................................
.............................................
.............................................

Katerangan :

Teguh sinau. “Teguh” jenenge jejer, "sinau"
jenenge wasesa utawa andharan.


IV. Kasusastran
Wacanen kang patitis !

Apa kang wus kebanjur.
Wus ora bisa wurung.
Puluh ditutuh-tutuha
Diumpah-umpah apa diundhamana
Tuwas mung muwuhi cuwa.
Marmane kang prayitna
Siyagaa
Aja nganti kedadak dening bebaya.

( Sastra Gitawicara I )


V. Nulis Aksara Jawa

  1. Tulisen sing apik dentawyanjana aksara Jawa, ganep sasandhangane!
  2. Tulisen nganggo aksara Jawa !
  1. Suryadi menyang toko tuku kaca mata.
  2. Anggana sinau maca Jawa,
  3. Jarene adhine Subali lara, apa nyata.
[ 25 ]
  1. d. Dina Wage pasar Gedhe rame.
  2. e. Cilaka, aku wingi thili-thili.
  3. f. Ibu sayah, saiki ngaso ana kamar.


***
[ 27 ]
W U L A N G A N III


I. A. Pacelathon iki tindakna !

Dadi Murid SMP
Teguh : "Dhik, dhik, bapak apa wis kondur?"
Atik : "Durung ki, Mas. Kok nggoleki bapak ana apa ta ?"
Teguh : "Iki lho, arep ngaturke layang saka sekolahan karo nyuwun tapak asta."
Atik : "Apa ta sing ditapakastani ?"
Teguh : "Iki apa, tata tertib karo blangko-blangko katrangan liyane."
Atik : "Thik werna-werna ya, Mas, sing kudu ditapakastani bapak. Sing maringi tata tertib iki gurumu ta, Mas ?"
Teguh : "Iya. Ning guruku ora mung siji. Akeh, Tik."
Atik : "Lha nek mulang piye, Mas, guru kok akeh kuwi. Nek guruku mung siji kok, Mas. Sing mulang klas papat nggonku Pak Tohar, klas papat sijine Bu Ninik."
Teguh : "Bener, Tik, kandhamu. Ana SD guru siji mulang saklas, mulange werna-werna, Matematika, IPS, Bahasa Indonesia lan liya-liyane."
Atik : "Ing SMP rak ya ngono ta, Mas ?"
Teguh : "Ora, Tik. Sing mulang IPS mung mulang IPS thok, ngalih-ngalih kelas. Saka kelas siji A ngalih menyang kelas siji liyane. Saben 45 menit salin wulangan, salin sing mulang."
Atik : "Nek ngono guru siji sok mulang nganti limang kelas ya, Mas ?"
Teguh : "Iya, malah sok luwih. Ning, mulange ajeg. Yen IPS ya IPS thok, yen Matematika ya Matematika thok."
[ 28 ]
Atik : “Lha suk sing nulisi rapot ya akeh ya, Mas.”
Teguh : “Anu, Tik. Ana bapak utawa ibu guru sing dadi wali kelas. Yakuwi sing dadi bapake bocah sakelas, sing maringi rapot lan liya-liyane.”
Atik : “Wah, akeh ya, Mas, bedane SD karo SMP.”
Teguh : “Bab guru pancen ana bedane sawetara. Sing ora beda yakuwi, kuwajibane murid. Murid SD lan murid SMP kuwajibane padha, kabeh kudu sregep lan mugen sinau.”


B. Ukara-ukara iki wacanen lan tembung sing ditulis dhoyong kedalna sing trep!

  1. Adhimu aja koajak rana-rana, jaken dolan rono wae.
  2. Adhine loro, sing siji saiki lagi lara.
  3. Adhine sing siji jenenge Darmana, sijine jenenge Darmadi.
  4. Wong tuwane jenenge Atmasudarma, asale saka sentolo–Yogyakarta.
  5. Wong pasa aja gampang kena godha. Digodha gadho-gadho aja onya niyate. Digawakake kluwa ora temama, digawakake sawo trima lunga. Weruh dhuku sakroso ora krasa, ditawani bakso wangsulane suk bakda.

II. Maca titi

A. Wacanen batin !
Dados Murid SMP
 Teguh Purwadi saestu klebet SMP, malah sampun wiwit dipun wucal. Kala saweg mlebet punika ing sekolahanipun Purwadi wonten pilihan ketua kelas. Teguh Purwadi kapilih. Pancen boten klentu manawi kanca-kancanipun milih Purwadi, awit larenipun ketingal sabar, sumepuh, dhateng kanca grapyak semanak. [ 29 ]

Pinten-pinten dinten punika wucalanipun dereng jangkep, saweg gangsal jam sedintenipun. Awit, bapak-bapak lan ibu-ibu Guru taksih kedah nata samukawis. Para murid kelas satunggal taksih perlu ngiseni blangko warni-warni, sumerep dhateng pranataning pamulangan lan sapanunggilanipun.
Makaten ugi para guru perlu ndhawuhaken kabetahanipun murid ingkang kedah enggal cumawis, kadosta : buku-buku, pangangge seragam, sepatu olahraga.
Sadaya wau pamrihipun namung murih lampahing pasinaon aged rancag, boten konggreh-onggreh ing bab warni-warni.

Kabetahaning murid mekaten pancen kathah lan warni-warni, kala-kala adamel ngrenggiyeg lan mbentoyongipun tiyang sepuh. Nanging, tumrap tiyang sepuh ingkang mersudi dhateng pasinaoning putra, babagan punika sanes prakawis ingkang awrat. Jer, sedaya wau pancen dados tanggel jawabipun tiyang sepuh. Jer basuki mawa beya.


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang luwes abasa krama !

  1. Ing pamulangan anyar iki Purwadi dadi apa ?
  2. Geneya kanca-kancane padha milih dheweke ?
  3. Apa anyaran mlebu sekolah wulangane wis ganep ? Geneya kok ngono ?
  4. Murid-murid kudu yasa apa ? Critakna!
  5. Murid-murid anyar kuwi disumurupake marang apa? Apa pamrihe ?


III. Kawruh Basa

A. Tuladha :

  1. Teguh Purwadi saestu klebet ing SMP.
  2. Teguh Purwadi saestu ketampi ing SMP.
[ 30 ]Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
  1. Ngajengaken inggah-inggahan Ranta sakit ngantos kalih wulan, pramila ing pungkasaning taun kepeksa boten minggah.
  2. Sinaunipun dipun peng saestu, mila bijinipun boten nate kawon kaliyan kanca-kancanipun.
  3. Jalal saestu ketampi ing SMP, ndadosaken bingahipun Pak Abdullah sakukuban.
  4. Tiyang seneng udur punika pituwasipun namung badhe nebihaken pasedherekan.
  5. Kamardikan punika sarana ingkang sakalangkung premati kangge nggayuh masyarakat ingkang tata tentrem karta raharja.
  6. Kombul-kombulipun negari Majapait punika kala jumenengipun Sang Prabu Hayam Wuruk.
  7. Sok sintena kepengin gesang sekeca boten kenging ajrih ing pakewed namung wani ing gampil.
  8. Ingkang dereng nate ngraosaken gesang wonten ing dhusun, angel sagedipun ngentha-entha ayem lan tentremipun dados tiyang tani.
  9. Tiyang kemproh punika adhakanipun gampil kambah ing sesakit.
  10. Blanja semanten kathahipun mangka namung kangge gesang tiyang kalih, lah inggih mubra-mubru.

B. Tuladha :

Teguh Purwadi punika lare grapyak, menawi pinanggih mitranipun temtu ngrumiyini aruh-aruh.

Ukara-ukara iki isenana tembung kang cumawis ing sisih tengen !

  1. Pak Harda punika watakipun . . . . ., boten purun tepang kaliyan tangga tepalihipun.

drengki

[ 31 ]
  1. Tulus punika lare . . . . ., pramila kajen keringan lan dipun tresnani kanca-kancanipun.
  2. Pak Pringga punika priyantun . . . ., srawungipun boten mbedak-bedak-aken tiyang alit lan tiyang ageng.
  3. Rambit punika kadunungan watak . . . . ., boten seneng sumerep tiyang sanes angsal kabejan.
  4. Siwa Drana punika priyantun . . . ., sabar sareh bebudenipun.
  5. Jarwa punika keladuk gemi malah kepara . . . . ., babar pisan boten purun weweh.
  6. Mas Sarman punika priyantun . . . ., sanajan boten gadhah nanging menawi nampi tamu temtu ngenak-enakaken.
  7. Karsan punika lare . . . . ., seneng damel paeka murih sangsaranipun tiyang sanes.

semanak

andhap asor

angkuh

jail

cethil

pradhah

lembah manah

ugungan

kumalungkung

C. Tuladha :

  1. Purwadi kapilih dados ketua kelas.
  2. Purwadi dipun tetepaken dados ketua kelas.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Ingatasipun murid kelas satunggal, Mursid punika murid pilihan.
  2. Ingkang tumut pawai obor dipun pilihaken lare-lare ingkang griyanipun ing lebet kitha.
  3. Boten pilih jaler utawi estri, uger bijinipun sae lan onjo piyambak saged nampi "bea siswa".
  4. Kacariyos, kadigdayanipun Raden Wisanggeni punika pilih tandhing. [ 32 ]
  5. Pamarentah boten pilih asih, sinten lepat temtu tampi pidana.
  6. Para murid kedah sami ngiseni blangko warni-warni.
  7. Mangga, Nak, lenggahipun kepara majeng kemawon.
  8. Kepirengipun elok, nanging pancen kepara nyata bilih mengsah ingkang asenjata bedhil, mriyem lan bom kawon kaliyan bangsa Indonesia ingkang namung asenjata granggang.
  9. Anggenipun dundum kepara-kepere wasana ndadosaken dredah.
  10. Ageng aliting kabegjan katampi kalawan raos syukur konjuk ing ngarsanipun Ingkang Andum Amara.

D. Tuladha :

  1. Dhik, dhik, bapak apa wis kondur ?
  2. Dhik, dhik, bapak punapa sampun kondur ?
Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
  1. Bu, apa aku kepareng melu darmawisata kanca-kanca?
  2. Bulik, iki agemane sapa ?
  3. Enya, Bulik, takaturi ngedhapi.
  4. Ayo, Mas, yen arep mriksani takdherekake.
  5. Yen tindak Pekalongan takaturi pinarak ana gubugku.
  6. Kersane embah aku didhawuhi sekolah ana kana.
  7. Iki, arep ngaturake layang marang pak guru.
  8. Apa layange wis ditapakastani bapak ?
  9. Bapak lenggahan ana pendhapa, ngunjuk teh sinambi maos koran.
  10. Pak guru mriksani gambaranku banjur ngendika, ”Gus, gambaranmu apik !” [ 33 ]E. Murid-murid ngiseni blangko warna-warna.
Udhalan : murid-murid : jejer
: ngiseni : wasesa
: blangko warna-warna : lesan
Ukara-ukara iki rampungna, wenehana lesan !
  1. Ibu mundhut . . . . . . .
  2. Maryadi maca . . . . . . .
  3. Bapak mriksani . . . . . . .
  4. Sadikin nanem . . . . . . .
  5. Wahyuni nata . . . . . . .
  6. Menda punika nedha . . . . . . .
  7. Segawon punika njegogi . . . . . . .
  8. Kapal punika momot . . . . . . .
  9. Tikus punika ngrikiti . . . . . . .
  10. Ayam punika ngeker-eker . . . . . . . [ 34 ]

IV. Ngarang / crita

Ngaranga awujud pacelathon, miliha irah-irahan iki salah siji !

  1. Omongane murid klas siji SMP anyaran.
  2. Tumbas seragam dhateng toko.
  3. Wonten ing toko buku.

V. Maca lan nulis aksara Jawa !

Wacanen banjur turunen !

  1. ꧋ꦱꦸꦏꦿꦏꦸꦱꦶꦂꦏꦿꦺꦠ꧉
  2. ꧋ꦱꦼꦠꦾꦏꦶꦱꦼꦠꦾꦠꦸꦲꦸꦩꦿꦶꦁꦥꦿꦗꦢ꧀ꦮꦫꦮꦠꦶ꧉
  3. ꧋ꦥꦿꦮꦶꦫꦪꦲꦸꦢꦥꦶꦤꦿꦗꦪꦏꦢꦁꦥꦿꦶꦧꦢꦶ꧉
  4. ꧋ꦏꦲꦺꦱ꧀ꦮꦫꦥꦿꦲꦫ꧉
  5. ꧋ꦱꦼꦠꦾꦤꦶꦁꦱꦶꦃꦱꦼꦤꦼꦁꦏ꧀ꦮꦕꦶ꧉
  6. ꧋ꦥꦽꦒꦶꦮꦥꦽꦭꦸꦔꦱꦺꦴꦱꦮꦠꦫ꧉





***
[ 35 ]
WULANGAN IV


I. A. Pacelathon
Tindakna !


Pengetan Dinten Ibu Kartini
Guru : Lis, sasi April iki apa sing wigati tumrap para wanita ?”
Lilis : “Anu, Bu, pengetan wiyosanipun suwargi Ibu Kartini.”
Guru : "Bener, Rul?”
Nurul : “Leres, Bu.”
Guru : "Yen kowe piye, Tony ?”
Tony : "Ya, Bu, dalem setuju.”
Bocah-bocah : "Ha, ha, ha, hi, hi, hi.”
Guru : “He, he !” Bocah-bocah, aja padha nyenges Tony. Ora apik.”
Danang : “Kula boten nyenges, Bu. Namung nggujeng boten saged dipun ampet;”
Mulyadi : “Kula inggih ngaten, Bu. Basanipun kok sae, lucu, Bu.”
Guruh : “Inggih, Bu, campur-campur. Basa Indonesia kaliyan basa Jawi, kados gadho-gadho.”
Guru : “Guruh, aja ngono, kuwi wis pira-pira. Tony rak saka Sumatra, aja kocenges lan kogeguyu, malah wurukana, Coba piye Tatik, benere ?”
Tatik : "Leresipun; Inggih, Bu, kula cocog.”
Guru : "Tony, coba tirokna !”
Tony : “Inggih, Bu, kula cocog.”
[ 36 ]
Guru : "Ngapa ta, Bas wiyosane Ibu Kartini kok dipengeti kuwi ?"
Basuki : "Panjenenganipun kathah lelabetanipun dhateng para wanita, Bu."
Guru : "Ya, bener, nanging isih kurang cetha, Coba, Anna, terangna !"
Anna : "Anu, Bu, penjenenganipun dados pangajenging emansipasi wanita."
Guru : "Iya, bener. Apa Anna kelingan tanggal wiyosane ?"
Dini : "Kula kemutan, Bu, tanggal 21 April."
Guru : "Wah, Dini, kok nyaut bae. Heeh, bener. Lan, miyose ana ing desa Mayong ke bawah kabupaten Jepara."
Anna : "Bu, menawi kepareng nyuwun dipun cariyosaken sejarahipun."
Guru : "Pareng bae. Nanging, becike matura Pak Wiyata bae sing ngasta IPS. Dadi ora cawuh."


B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung-tembung kang tulisane dhoyong kedalna kang bener !

  1. Golek bandha aja ngangsa.
  2. Bok Randha Dhadhapan duwe momongan wadonjenenge Ken Limaran.
  3. Enya, iki ombenen, kanggo tamba ngelak.
  4. Tana tampa layang saka manca.
  5. Yen kurang dhuwur nganggoa andha.
  6. Lik Satiyah dodol ratengan ana pasar.
  7. Bocah cilik ora pareng ngrokok.
  8. Gendheng sing mlorot kuwi benakna !
  9. Bebek kuwi enake yen dimangsakopor.
  10. Sri, jupukna lodhong wadhah gula pasir ana nglemari kae !
  11. Wetengku lara jalaran kakehan mangan lombok. [ 37 ]
    1. Bareng dibongkok kok ya ringkes, ora rowa kaya mau.
    2. Wis sepuluh dina iki pakdhe mondhok ana dhokteran.
    3. Mangsa petengan sing rondha kerep mubeng desa.
    4. Titihane bapakmu kae Yamaha apa Hondha ta, Wir?
    5. Yu, iki bothok apa bongko?
    6. Nyilih tompo arep koenggo apa ta, Jah?
    7. Enya, Jan, takwenehi blondho, icipana!


    II. Maca titi


    A. Wacanen batin banjur tembangna, lagune kaya lagu nasional Ibu Kita Kartini!


    Ibu Kita Kartini

    Ibu kita Kartini, putri sejati
    Putri Nusantara, ngambar asmanya
    Ibu kita Kartini, pahlawan bangsa
    Pahlawan wanita, iku pranyata.

    Dhuh, dhuh, Ibu kita Kartini
    Putri kang minulya
    Dhasar agung gegayuhannya
    Tumrap Nusantara

    Ibu kita Kartini, pahlawan putri
    Putri kang wus mbuka, para wanita
    Ibu kita Kartini, putri tuladha
    Pantes yen tinulad, sinudarsana

    Ibu kita Kartini nyata
    Wanita utama
    Kang wus akeh darmabaktinya
    Marang Nusa Bangsa.

    [ 38 ]

    B. Pitakon-pitakon iki wangsulana nganggo basa krama kang luwes !

    1. Saben tanggal pira bangsa Indonesia mengeti Hari Kartini ?
    2. Geneya Hari Kartini padha dipengeti ?
    3. Ibu Kartini miyose ana ngendi ?
    4. Apa nalika jaman sugenge Ibu Kartini para putri bangsa Indonesia oleh sekolah ?
    5. Apa wajibe bangsa Indonesia marang lelabuhane Ibu Kartini ?


    III. Kawruh Basa

    A. Tuladha :

    1. Lelabetanipun suwargi Ibu Kartini pantes tinulad sinudarsana.
    2. Lelabetanipun suwargi Ibu Kartini pantes dipun tiru.


    Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

    1. Ibu Kartini punika wanita ingkang karem dhateng kadarman.
    2. Ibu Kartini agung gegayuhanipun.
    3. Ibu Kartini ageng darmabaktinipun dhateng nusa lan bangsa.
    4. Suwargi Dhokter Sutama punika priyantun luhur bebudenipun.
    5. Pamedalipun siti tilaranipun embah ngantos sapunika lestantun kadarmakaken dhateng para pakir miskin, nuhoni pangandikanipun suwargi piyambak.
    6. Sareng sampun boten kiyat, Sang Putri lajeng . . . . . les, ngeremaken netra salami-laminipun.
    7. Manungsa punika inggil-inggilipun titah, awit kasinungan akal budi dening Pangeran Ingkang Maha Agung.
    [ 39 ]
    1. Para wadya bala sami nungsung pawartos dhateng senapatining perang.
    2. Raden Kumbakarna wongsal-wangsul asung pemut dhateng ingkang raka Prabu Rahwanaraja, nanging sadaya aturipun boten dipun rewes.
    3. Eman sanget, suwargi Ibu Kartini boten saged nglajengaken gegayuhanipun ingkang luhur lan mulya.


    B. Tuladha :

    1. Asmane suwargi Ibu Kartini ngambar tekan manca negara.
    2. Suwargi Ibu Kartini lelabuhane kondhang nganti tekan manca negara.


    Gawenen kaya tuladha ing dhuwur!

    1. Ing palayatan udan tangis, prasasat kabeh para palayat padha ngruntuhake eluh.
    2. Sing padha rondha padha genti-genten main catur, kanggo cagak lek.
    3. Rembuge Sarengat kuwi aja kojagakake netese, amarga dheweke wis kawentar lunyu ilate.
    4. Rohlan kuwi bocah gedhe endhase, mula kanca-kancane pilaur padha ngedoh aluwung ora tepung.
    5. Ngati-ati lho tetanggan karo si Darus, dheweke kuwi dawa tangane.
    6. Darmi kuwi senengane metani lupute wong liya, ora sumurup marang lupute dhewe.
    7. Sasabar-sabare uwong yen krungu omonganmu kuwi mesthi nesu, amarga omonganmu kuwi yen dirasak-rasakake pancen ngabangake kuping.
    8. Wa Drana kuwi lobok atine, babar pisan ora tau nesu.
    9. Yen omongan becik padha diarah aja nganti gawe pinggeting ati.
    10. Sing ngati-ati lho, penggedhemu kae landhep pene.
    [ 40 ]C. Tuladha :

    Ibu Kartini ada-ada ngedegaken pamulangan
    lare estri, dipun namakaken Sekolah Kartini.


    Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

    1. Ingkang . . . . . mencaraken agami Islam ing tanah Jawi punika Syeh Maolana Ibrahim.
    2. Putra . . . . . putri, boten purun nggentosi jumeneng nata, pramila pusaraning praja lajeng kalengseraken dhateng putra panggulu.
    3. Ingkang . . . . . dhusun Jagabayan punika Ki Jagabaya.
    4. Kelenggahaning . . . . . kaasta putra nata ing Wiratha Raden Arya Seta.
    5. Ingkang ngasta . . . . . kempalan Budi Utama punika suwargi Dhokter Wahidin Sudirahusada.
    6. Tiyang sagriya anggenipun siyam sami nutug sewulan, boten wonten ingkang . . . . . . . . . . . . . . . . .
    7. Anggenipun tumut balapan mlajeng saged dumugi garis finis, sanajan namung angsal nomer . . . . .
    8. Sepur . . . . . dumugi ing setasiyun Semarang jam 9 dalu.
    9. Bulik Sun punika putranipun suwargi embah ingkang . . . . . . .
    10. Saben wonten giliran maos kula angsal giliran ingkang . . . . . . . . .


    cikal bakal

    wiwitan

    senapati

    pambajeng

    pangajeng

    unyik

    wuragil

    pungkasan

    tutup kendhang

    kantun piyambak

    [ 41 ]

    D. Tuladha :

    1. Ibu Kartini pranyata pahlawan bangsa.
    2. pranyata lingganipun nyata angsal ater-ater pra.


    Gawenen kaya ing dhuwur !

    1. Sekedhap kemawon latu sampun sirep amargi tiyang sadhusun sami tandang sesarengan.
    2. Lumbung dhusun punika ageng pigunanipun tumrap para among tani, langkung-langkung ing mangsa paceklik.
    3. Watak wantunipun pandhita linangkung, menawi ketaman ing piawon boten badhe suka piwales awon.
    4. Ingkang sami balapan mlajeng mawi karung ketingal pating pancolot kados kodhok mencolot.
    5. Pangageng ingkang saged momong temtu dipun suyudi reh-rehanipun.
    6. Putranipun pambajeng cepeng damel wonten ing pabrik Semen Cibinong.
    7. Sewulan sepisan kula temtu merlokaken sowan embah dhateng dhusun tarkadhang malah sewulan kaping kalih.
    8. Kawruh babagan tehnik sansaya majeng, sarjana bangsa Amerika sampun kelampahan saged yasa kapal gegana kangge naliti kawontenaning rembulan.
    9. Nalika tanah wutah rah kita dipun jagi wadya militer Jepang, gesangipun bangsa pribumi rekaosipun kelangkung-langkung.
    10. Sata Kurawa punika sayektos ambek angkara murka sarta para cidra.
    11. Upacara panggihing panganten sampun paripurna.


    Katerangan :

    Tembung-tembung mawa ater-ater sa, pa, pi, pra, pa lan swara irung (pan, pang, pany, pam),

    [ 42 ]

    tar, ka, pri, para, pafi kaya kang kasebut ing dhuwur iku diarani tembung lingga andhahan.


    E. Tuladha :

    Ibu Kartini ngedegaken pamulangan lare-lare estri.

    Udhalan : Ibu Kartini        : jejer

         ngedegaken        : wasesa

         pamulangan lare-lare estri  : lesan


    Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha ing dhuwur !

    1. Bulik ndandosi putranipun.
    2. Dulah nguras kolah.
    3. Umar nyirami sekar.
    4. Paing mbedhil bajing.
    5. Agus ngoyak tikus.
    6. Sujak nedha rujak.
    7. Lare-lare mirengaken dongengipun pak guru.
    8. Montor mabur punika nabrak redi.
    9. Mahmud nyemproti lemut.
    10. Inem ngonceki pelem.


    IV. Kasusastran

    Wacanen kang patitis !

      Tetelane pawong mitra kang becik
      Atetulung yen kena ing sangsara.
      Tengere yen wong temen
      Gelem mbayar apa kang dadi janjine.
      Tuhuning jejodhoan
      Katon jroning kamlaratan.
      Kasudiran, kaprawiran
      Katon ing madyeng palagan.


    42 [ 43 ]

      Beciking sanak sedulur
      Ketitik yen ketempuh ing pakewuh.

    ( Sastra Gitawicara I ).


    V. Nulis aksara Jawa

    Tulisen nganggo aksara Jawa !

    1. Kae swara suling, sing nyuling Priyana.
    2. Kyai Pulanggeni iku pusakane Harjuna, rayi ipe nata ing Dwarawati.
    3. Jarene Setyani mriyang, apa bener.
    4. Warni tuku kwali.
    5. Wong kuwi ora duwe sedya ala.
    6. Iki trewelune wa Drana.





    Mbs-1- 43

    [ 45 ]
    WULANGAN V

    I. A. Pacelathon

    Tindakna !

    Gawe Kesed Sepet
    Guru : "Cah, apa gunane krambil ?"
    "Sing bisa ngacunga !"
    Murid-murid : "Kula, Pak !" "Kula, Pak !" "Kula, Pak !"
    Guru : "He, he, he, ngacung ora pareng karo pating brengok !"
    "Coba kowe, Narna !"
    Narna : "Klapanipun kangge bumbu, Pak, ugi kangge damel lisah; ingkang taksih enem kangge rujakan, toyanipun dipun katutaken."
    Guru : "Lha wite sing wis tuwa kanggo apa ?"
    "Kowe, Tirta !"
    Tirta : "Kangge kajeng obong, Pak !" Ugi wonten ingkang kangge balungan griya."
    Nani : "Pak, kula nyuwun priksa, sepetipun punapa inggih kangge ?"
    Guru : "Siti, kowe ngerti kanggone?"
    Siti : "Dipun obong, Pak, kangge mangsak."
    Guru : "Ha, ha, ha, bener-bener, lha wong ya bocah wadon, ngertine kanggo kayu obong. Liyane kuwi isih ana. Kowe ngerti, Prapta ?"
    Prapta : "Punapa ingkang kangge kesed punika, Pak ?"

    [ 46 ]

    Guru : “Lha iya. Ya kanggo kesed kuwi. Apa ana kesed liyane sepet ?”
    Mardi : “Wonten, Pak, model sapunika, ingkang dipun damel karet, kawat utawi tosan.”
    Guru : “Apa bocah-bocah kepengin ajar gawe kesed ?”
    Murid-murid : “Inggih, Pak, kepengin sanget.”
    Guru : “Yen ngono sesuk, apa suk kapan dakwuruki.”
    Murni : “Kadospundi, Pak, sepet kados ngaten saged dados kesed nam-naman sae punika ?”
    Guru : “Kabeh mau, yen durung bisa pancen angel. Nanging, yen wis ngerti carane, ora ana barang angel. Jenenge ngelmu angel yen durung ketemu.”
    Murid-murid : “Saestu nyuwun wuruk, Pak, benjing sanes dinten.”
    Guru : “Ya, iya, suk bebarengan padha digarap.”


    B. Ukara-ukara iki wacanen, lagune sing trep karo surasane ukara !

    1. Darman lunga.      ( andharan lugu ).
    2. Darman lunga ?     ( pitakon ).
    3. Darman, lunga !     ( pakon sereng ).
    4. Adhuh, Darman lunga.   ( ngemu rasa cuwa).
    5. Sokur Darman lunga.    ( ngemu rasa seneng ).
    6. Lha rak tenan kandhaku,  ( rasa bombong jalaran
      Darman lunga ta.     cocog panggrayange ).
    7. He, Darman lunga ?    ( gumun, ora ngira ).
    8. Darman, lunga ora ?   ( nari ).
    [ 47 ]II. Maca titi


    A. Wacanen batin !


    Kesed


    Kesed punika ketingalipun barang sepele, nanging menawi dipun manah ingkang saestu sanes barang baen-baen.Kesed punika saestu ageng pigunanipun. Inggih punika kangge njagi resiking papan, ingkang tundonipun ugi migunani sanget tumrap pamardining kasarasan. Liripun, suku ingkang reged utawi sepatu ingkang mentas kangge kesah-kesahan temtu nyangking rereged utawi baksil warni-warni. Makaten ugi sandhal ingkang mentas dipun angge dhateng pakiwan, temtu katutan rereged warni-warni. Sedaya wau saged dipun resiki sarana kesed amrih sedaya rereged lan baksil wau boten lajeng katut kabekta lumebet ing griya.

    Kesed punika pandamelipun boten angel. Punapa malih manawi bahanipun trimah sepet, prasasat boten ngedalaken wragat. Bakenipun namung kedah tlatos lan taberi nglempakaken baka sekedhik. Pandamelipun saged dipun sambi ing kalaning nganggur, tinimbang tilem sonten. Lare-lare sekolah ugi saged dipun ajari damel kesed sepet punika. Inggih punika, ing salebetipun wulangan ketrampilan. Dene manawi badhe damel kesed kasade, inggih punika minangka pangupa jiwa, temtunipun mbetahaken pirantos ingkang langkung sampurna.


    B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang patitis !

    1. Apa gunane kesed ?
    2. Aranana bahan kesed kang adhakan !
    3. Apa ana bahan kesed saliyane sepet ?


    Mbs-1- 47

    [ 48 ]
    1. Bisa uga bakal nandhang lara apa yen nganti kowe ora duwe kesed ?

    III. Kawruh Basa

    A. Yen wis ngerti carane ora ana barang angel. Jenenge ngelmu, angel yen durung ketemu.

    Terangna, apa jarwa dhosoke tembung-tembung ngisor iki !

    1. Wedang : 6. tebu :
    2. cangkir : 7. wanita :
    3. tepas : 8. siti :
    4. tandur : 9. tuwa :
    5. Cengkir : 10. krikil :

    B. Tuladha :
    a. ................... kessed punika boten angel.
    b. Damel kesed punika boten angel.

    Ukara-ukara ngisor iki rampungna nganggo tembung kang
    cumawis ing sisih tengen !

    1. Kula aturi ngentosi sawetawis, Bapak-saweg ..... wonten sabin kidul dhusun, kula susulipun.
    2. Sampun pisan-pisan nilar. ..... ingkang dereng rampung,
    3. Celengan adhapur sawer naga punika .............. Pasongan Ngayogyakarta
    4. Minggu ngajeng punika pakdhe Pringga ....., inggih punika badhe ngijabaken mbakyu Sri Uning.

    a. kagungan damel

    b. angsal damel

    c. dipun damel-damel

    a. cepeng damel

    [ 49 ]
    1. Anggenipun nagih wangsul nglenthung, boten ...............
    2. Dhasar lare seneng mbanyol, sumerep menawi dipun gatosaken lampahipun lajeng ...............
    3. Mangga Pakdhe tindak-tindak, ..... mriksani toya suwakan mili punapa boten.
    4. Sapunika ...... kemawon, penjenengan nyaosi kabar embah, pakdhe lan sedaya kulawarga ing Karangpandhan, kula ngrigenaken nggriya.
    5. Kala jaman rumiyin kudanganipun tiyang sepuh punika sageda putranipun ..... lan dados priyantun.
    6. Nyumerepi lan mireng pisambatipun para prajurit ingkang sami ketaman ing ....., manahipun Henri Dunant kados dipun iris-iris.

    e. dedamel

    f. madamel

    g. padamelan

    h. damelan

    i. sinau damel

    j. andum damel

    C. Kesed punika dipun damel saking sepet.

    Ukara kuwi luput benere : Kesed punika ingkang dipun damel sepet.

    Ukara-ukara ing ngisor iki endi sing bener, ukara a) apa ukara b)?

    1. a. Jampi punika ingkang dipun damel cabe lan lempuyang.
      b. Jampi punika dipun damel saking cabe lan lempuyan [ 50 ]
      1. a. Kolahipun dipun iseni sakeba-kebakipun.
        b. Kolahipun dipun iseni ngantos kebak.
      2. a. Anggenipun nglabur kirang radin.
        b. Ingkang nglabur kirang radin.
      3. a. Rusdi punika sanes adhinipun Saleh nanging kakangipun.
        b. Rusdi punika kakangipun Saleh, sanes adhinipun.
      4. a. Boten dangu saking kedadosan punika ibunipun katimbalan ing pangayunaning Pangeran.
        b. Boten antawis dangu ibunipun katimbalan ing pangayunaning Pangeran.
      5. a. Wardi menika langkung sregep tinimbang adhinipun.
        b. Wardi punika mimpang sregep kaliyan adhinipun.
      6. a. Wonten kanca kula ingkang tumut lomba pop singer.
        b. Salah satunggaling kanca kula wonten ingkang tumut lomba pop singer.
      7. a. Saking agengipun angin kathah griya sami ambruk lan wit-witan sami sol.
        b. Gandheng kaliyan agengipun angin kathah griya sami ambruk lan wit-witan sami sol.


      D. Ukara-ukara iki wacanen sing titi sarta setitekna tegese paribasan sing ditulis dhoyong, banjur tegesna !

      1. Gita kuwi wis kepatuh seneng tinggal kokoh, pagawean durung rampung wis ditinggal nglenthar.
      2. Ora sumbut karo sunibare, durung nganti ketaman gegaman wis tinggal glanggang colong playu, mlayu nggendring sipat kuping ninggal paprangan.
      3. Surya karo Trenggana kuwi sedulur tunggal welat nanging kelakuane beda banget kaya bumi karo langit.
      4. Nalika samana wong-wong Yahudi mbeneri ana ing sajroning pakawuh gedhe, kiwa tengen ngarep buri mungsuh, bebasane kaya endhog kecepit ing watu.
      [ 51 ]
      1. Dadi mata-mata mlebu metu laladaning mungsuh iku gedhe banget bebayane, paribasane ameng-ameng nyawa.
      2. Wong kuwi aja padha seneng kanggonan watak adigang adigung adiguna, yakuwi ngendel-enedelake kekuwatane, kaluhurane lan kapinterane.
      3. Jupri kuwi watake dahwen ati open, seneng nenacad jalaran duwe melik marang barang-barang sing dicacati kuwi.
      4. Aku mono manut penggedheku, yen penggedheku tumindak aku mung kari melu bae, dadi ora ninggal unine bebasan obah ngarep kobet buri.
      5. Ayo, Thole, gliyak-gliyak tumindak, sanajan alon nanging tumindak terus aja nganggo mondhag-mandheg.
      6. Bapak Bupati tindak njajah desa milang kori, niti priksa wewengkone kabeh nganti tekan ing plosok-plosok lan ing gunung-gunung.


      E. Tuladha :

        a. Bocah-bocah nglumpukake sepet.

        b. Sepet diklumpukake bocah-bocah.


      Gawenan kaya tuladha ing dhuwur !

      1. Pak bayan nimbali mas Abas.
      2. Pak guru mriksani gambarku.
      3. Ibu nglimpekake adik.
      4. Srini ngilangake buku gambarku.
      5. Adhik nglimpiti agamane bapak.
      6. Simbah ngelus-elus sirahku.
      7. Pakdhe ngepuk-ngepuk pundhake mas Duryat.
      8. Wong kuwi nyunggekake gawanku.
      9. Bariyun ndhelikake potelotku.
      10. Bocah sakelas padha nekseni janjine si Diran.


      Mbs-1- 51

      [ 52 ]
      Katrangan :
      1. Bocah-bocah nglumpukake sepet.
        Iki jenenge, ukara tanduk.
      2. Sepet diklumpukake bocah-bocah.
        Jenenge, ukara tanggap.


      V. Ngarang / crita

      Gawea karangan abasa krama, miliha irah-irahan iki salah siji!
      1. Damel pasren tembok.
      2. Damel blumbang kangge ngingah ulam.
      3. Damel akuarium.


      V. Maca lan nulis aksara Jawa

      A. Wacanen banjur turunen !
      1. ꧋ꦱꦸꦫꦢꦶꦔꦶꦔꦸꦥꦶꦠꦶꦏ꧀꧈
      2. ꧋ꦱꦸꦕꦶꦠꦿꦠꦸꦏꦸꦮꦼꦝꦸꦱ꧀꧈
      3. ꧋ꦤꦸꦒꦿꦲꦤꦼꦩꦸꦗꦭꦏ꧀꧈
      4. ꧋ꦮꦏꦽꦠꦒꦮꦺꦒꦼꦝꦺꦒ꧀꧈
      5. ꧋ꦠꦽꦁꦒꦤꦧꦺꦴꦕꦃꦱꦽꦒꦼꦥ꧀꧈


      B. Tulisen nganggo aksara Jawa !
      1. Bu Kreta ngingu pitik.
      2. Setyaka nunggang grobag.
      3. Pratiwa maca komik.
      4. Widyaka lungguh ana ing ebuk.
      5. Bu Dwija dhahar krupuk.
      ***

      [ 53 ]I.A. Pacelathon

      Tindakna !

      Cariyos Bratayuda
      Irawan : “Mbah, kula nyuwun dongeng."
      Embah : "Kok kadingaren kowe nyuwun dongeng Simbah; malah Embah critanana kabare jaman saiki, kowe luwih ngerti."
      Irawan : “Leres Mbah, menawi bab kabar jaman sapunika rak sampun kawrat ing serat kabar utawi radhio.”
      Embah : “Sing kokarepake crita apa ta, Le ?”
      Irawan : “Pak guru kula punika kok ngendikakaken lampahan Bratayuda.”
      Embah : “Lha nyuwuna priksa gurumu rak wijang.”
      Irawan : “Temtunipun mekaten, Mbah. Nanging, duka kok malah dhawuh nyuwun priksa dhateng Embah.”
      Embah : "O, ngono, ta. Ya bener ngendikane bapak gurumu kuwi. Amarga, ndongeng Bratayuda kuwi ora rampung sawengi rong wengi, yen didongengake ana sekolahan mesthine banjur

      ngentekake wektu.”

      Irawan : "Kinten kula leres ngendikanipun Embah punika, awit satunggal minggu namung dipun wucal basa Jawi kaping kalih.”
      Embah : "Mula kuwi, bapak gurumu ora kleru, tur gamblang banget yen nyritakake lakon Bratayuda kuwi.”
      [ 54 ]
      Irawan : "Mila, Mbah, menawi Embah longgar kula nyuwun dipun cariyosaken lampahan Bratayuda punika."
      Embah : "Ya ta, Le, nanging suk malem Minggu bae ya, renea maneh tur ora rampung sewengi lho. Wose, Bratayuda kuwi nggelar perange Pandhawa lan Kurawa, sing dadi pradondi prakara negara Astina kang dikukuhi Kurawa."


      B. Tembung-tembung kang tulisane dhoyong ing ngisor iki kedalna kang trep !

      1. Muga-muga anggon mu prihatin iku dadi sarana bisane kabul kang dadi panyuwunmu.
      2. Dahana iku tembung kawi, tembunge saiki geni.
      3. Sawise satata lungguh banjur wiwit rembugan.
      4. Putrane kang wuragil umure watara pitung taun.
      5. Para taruna dikerigake kerja bakti.
      6. Samodra Kidul alune gedhe, ora kaya segara lor.
      7. Hyang Maruta iku dewaning angin.
      8. Patih Pragota pepatihing Prabu Baladewa.

      II. Maca titi

      A. Wacanen batin !


      Cariyos Bratayuda

      Cariyos Bratayuda punika leresipun ing kalangan Jawi sampun misuwur sanget, sampun ngembrah dipun ngertosi ing akathah. Prasasat saben tiyang dhamang, sipat Jawi nyumerepi.

      Ewadene, kados boten wonten awonipun ngaturaken [ 55 ]gancaning cariyos, kenginga kangge icip-icip tumrap ingkang boten komanan maos aslinipun.

        Bakening cariyos, lampahan Bratayuda punika anggelar wontenipun perang ageng ambengkas angkara murka. Inggih punika, campuh yudanipun Pandhawa lan Kurawa wonten ing Tegal Kuru.

      Wondene ingkang dados pradondi inggih punika sepalihing nagari Astina ingkang dipun kekahi dening para Kurawa. Kamangka, saleresipun negarai punika hakipun kadang Pandhawa.

      Rehning dipun rembag kanthi sae boten wonten wohipun, pepuntoning manah Kurawa ginebag ing ajurit.

      B. Pitakon-pitakon iki wangsulna kang luwes lan patitis abasa krama !

      1. Bratayuda iku nyritakake perange sapa ?
      2. Ana ngendi kelakoni perang ?
      3. Apa kang dadi dhadhakaning perang ?
      4. Apa wis dirembug kanthi becik ?
      5. Pungkasaning perang sapa sing menang ?
      6. Crita wayang iku kelakon tenan apa mung dedengenan ?

      III. Kawruh Basa

      A. Tuladha :

        a. Cariyos Bratayuda punika ing kalangan Jawi sampun misuwur sanget.

        b. Cariyos Bratayuda punika ing kalangan Jawi sampun kasumerepan ing akathah.

      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

      1. Kados boten wonten awonipun ngaturaken gancanging cariyos.

      Mbs-1- 55

      [ 56 ]
      1. Bakenipun cariyos Bratayuda punika anggelar perangipun Pandhawa lan Kurawa.
      2. Inggih punika perang ageng ambengkas angkara murka.
      3. Campuh yudanipun Pandhawa lan Kurawa punika wonten ing Tegal Kuru.
      4. Wondene ingkang dados dhadhakaning perang inggih punika sepalihing negari Astina ingkang dipun kekahi para Kurawa.
      5. Rehning dipun rembag kanthi sae boten wonten wohipun, pepuntoning manah Kurawa ginebag ing perang.
      6. Raden Angkawijay tiwas kincorok ing jemparing, tatunipun arang kranjang.
      7. Resi Bisma kapupu madyaning rana, tiwas dening jemparaningpun Wara Srikandhi.
      8. Dewi Setyawati asuduk slira, bela pejah sedanipun ingkang raka Prabu Salya.
      9. Pandhawa unggul yudanipun.


      B. Tuladha :

        Kehing pepati kaya babadan pacing.


      Ukara-ukara pepindhan iki rampungna, pilihen jodhone ing sisih tengen !

      1. Sumber kaya
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      2. Swarane kaya
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      3. Cahyane nglayung kaya
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      4. Panase kaya
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      5. Tepunge kalis kaya
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      6. Tandange cukat kaya
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

      a. sikatan nyamber walang

      b. bantheng kekaton

      c. jambe sinigar

      d. kapuk diwusoni

      e. janget kinatelon

      f. banyu karo lenga

      g. bisa mutung wesi gligen

      [ 57 ]
      1. Pangamuke nggegirisi kaya . . . . . . . . . . . . . . . . . .
      2. Rupane bocah kembar kuwi kaya. . . . . . . . . . . .
      3. Putih memplak kaya. . . .
      4. Sentosaning pasedulurane kaya . . . . . . . . . . . . . . . .

      h. mecah-mecahna gundhul


      i. mbelah-mbelahna bumi


      j. rembulan karainan


      C. Tuladha :

      Lampahan Bratayuda punika anggelar wontenipun perang ageng ambengkas angkara murka.
      Tembung kang katulis dhoyong ing ukara-ukara ngisor iki dadekna tembung saroja kaya tuladha ing dhuwur !
      1. Lare ingkang andhap . . . . ., purun ngawon lan pinter momong kanca temtu sugih mitra.
      2. Tiyang grapyak, semanak lan luhur bebudenipun temtu kajen . . . . . . . . .
      3. Anggenipun nyambut damel dipun rencangi nungsang . . . . ., betekipun badhe muktekaken kulawarganipun.
      4. Wiwit kenangan anggenipun badhe apus-apus ngantos sapriki kula boten nate gepok . . . . . kaliyan piyambakipun.
      5. Sugengipun para Nabi punika kebak tepa . . . . . . . .
      6. Bapak sasedherek punika ketingal sanget anggenipun sayuk . . . . ., prasasat boten nate benceng pamanggih.
      7. Tiyang ingkang santosa ing budi temtu saged meper mubaling hawa nepsu lan saged mbengkas sadaya godha . . . . . . . . .
      8. Embah rawuh, paring eguh . . . . . dhumateng bapak anggenipun bapak badhe kagungan kersa nginggahaken balungan.
      9. Tukar . . . . . punika saestu sirikan menggahing kula.
      10. Manungsa kadunungan akal . . . . . minangka sanguning gesangipun. [ 58 ]D. Tuladha :

        a. ( Babad, Dongeng, Cariyos ) Bratayuda punika misuwur sanget.

        b. Cariyos Bratayuda punika misuwur sanget.

      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

      1. Rakyat sampun dhamang ( ancasipun, sedyanipun, eneripun ) demokrasi ingkang dipun cakaken sarana Pemilihan Umum.
      2. Ingkang gadhah griya ngilir, wusana saged ( ngenangi, nekseni, nyumerapi ) pandung ingkang saweg njugil cendhela.
      3. Sata teneman enggal punika menawi kirang siramanipun adhakanipun ronipun lajeng ( pucet, nglayung, alum ).
      4. Pandung punika pancen ( julig, pinter, wasis ) saestu, sampun dipun krangkeng mawi krangkeng tosan meksa seged pados margi mbradhat medal.
      5. Dhasar lare pambajeng tur estri pisan, mila inggih ( baut, prigel, trampil ) ngrencangi tiyang sepuh nata bale griya.
      6. Yudi punika kesangetan anggenipun mursal, boten nate (pitados, nggega, manut ) pituturipun tiyang sepuh.
      7. Tiyang sepuh temtu ( kepranan, kesengsem, tresna ) dhumateng anakipun.
      8. Solah tingkah lan nyandhang mangganggenipun sarwa ( bares, lugu, prasaja ).
      9. Mireng sumbaripun mengsah, ( polahipun, patrapipun, tandangipun ) kados jangkrik mambu kili.

      E. Tuladha :

        a. Simbah crita bab perang Baratayuda.

        b. - Sapa crita bab perang Bratayudha ?

        - Simbah crita apa ?

      58

      [ 59 ]
      Gawenan kaya tuladha ing dhuwur !
      1. Simbah ngunjuk jamu.
      2. Bocah-bocah nonton sirkus.
      3. Bapak mriksani sandiwara.
      4. Lik Lanjar gawe jugangan wuh.
      5. Pak Radi ndandani radhio.
      6. Lasmi ngempit tas.
      7. Ibu nitih montor mabur.
      8. Rantiman angon bebek.
      9. Salim makani pitik.
      10. Wong-wong ndandani tanggul.
      Katrangan :
      1. "Simbah crita bab perang Bratayuda", jenenge ukara carita utawa ukara andharan.
      2. "Sapa crita bab perang Bratayuda?" lan "Simbah crita apa?", jenenge ukara pitakon.


      IV. Kasusastran

      Wacanen sing patitis !
      Sulingmu

      Cumengklinging swara anganyut
      suwe sansaya anglangut
      agawe kerantaning ati
      saya nalangsa ing wengi sepi.

      Aja, aja kanca
      lagumu aywa tinerusna
      ginanti lagu gembira
      aja nuruti trenyuhing nala

      [ 60 ]

      kang bakal angrusak raga
      satemah mungkasi nyawa.

      Kanca,
      wengi iki sangsaya mamring
      wis punggelen nggonmu nyuling
      tan kuwat rasaning tyasku
      tumetes luhku angrungu

      ( D. Setya Oet )

      V. Maca lan nulis aksara Jawa

      A. Wacanen banjur turunen  !

      1. a. ꧋ꦧꦥꦏ꧀​ꦲꦥꦱꦶꦢꦠꦶꦤ꧀​ꦢꦏ꧀​ꦱꦭ꧉
        b. ꧋ꦧꦥꦏ꧀ꦲꦥꦱꦶꦢꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦱꦭ꧉
      2. a. ꧋ꦩꦱ꧀​ꦤꦠꦤꦶꦠꦶꦃꦧꦶꦱ꧀​ꦩꦭꦩ꧀​ꦧꦪꦁꦏꦫ꧉
        b. ꧋ꦩꦱ꧀ꦤꦠꦤꦶꦠꦶꦃꦧꦶꦱ꧀ꦩꦭꦩ꧀ꦧꦪꦁꦏꦫ꧉
      3. a. ꧋ꦥꦏ꧀​ꦕꦫꦶꦏ꧀​ꦗꦪꦩꦼꦤ꧀​ꦠꦱ꧀​ꦪꦱꦒꦿꦪ꧉
        b. ꧋ꦥꦏ꧀ꦕꦫꦶꦏ꧀ꦗꦪꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦪꦱꦒꦿꦶꦪ꧉:

      B. Tulisen nganggo aksara Jawa  !

      1. Pak Camat tindak saka Banjarnegara.
      2. Mas Yanta karo mas Yitna apa sida rana.
      3. Bambang karo Yunus arep tilik Srini ana ing Rumah Sakit.
      ***
      [ 61 ]
      W U L A N G A N VII

      A. Pacelathon

      Tindakna!

      Cangkriman

      Edhi : "Gus, kowe rak libur ta ?"

      Agus : "Iya, wong sesuk dina Minggu ngono kok."

      Edhi : "Apa acaramu bengi iki ?"

      Agus : "Durung duwe acara. Sirku arep dolan-dolan nanging thongpes."

      Edhi : "Aku ya lagi ditinggal fulus, ki !"

      Agus : "Yen ngono padha bae. Wis dolan kene we, ngrewangi aku tunggu omah, wong sedhela engkas bapak ibu tindak njagong."

      Edhi : "Ya ta, disambi cangkriman pa piye, ben betah melek."

      Agus : "Ya, manthuk. Ning, aja angel-angel lho. Aku dhisik ya sing nyangkrimi."

      Edhi : "Iya, dhisila !

      Agus : "Yen lali katut, yen kelingan malah keri, kuwi apa ?"

      Edhi : "Iyah, kowe ki. Jare ngajak gampang-gampangan thik malah ndhisiki angel. Tur mokal kuwi, lali katut kelingan keri."

      Agus : "E, wong jeneng cangkriman, mesthi ya ana. Wis kopikir tenan pa piye ?"

      Edhi : "Aku judheg kuwi, ora nyandhak. Gelis omongna, apa candhakane."

      Agus : "Kae lho suket dom utawa suket usup-usup. Yen kowe liwat kono lali ora cincing clana, sukete

      Mbs-1- 61

      [ 62 ]
      mesthi katut nyang clanamu. Nanging, yen kowe kelingan kowe mesthi banjur cincing clana, lan sukete ora bakal katut nyang clanamu kuwi. Rak iya ta?"
      Edhi : "Wah, diapusi Agus aku. Nek kuwi we jan-jane aku ya ngerti."
      Agus : "Padune wis dakkandhani kuwi. Wis, saiki ganten kowe sing nyangkrimi."
      Edhi : "Ya, dakakali genti kowe, Gus. Sing kelangan lega sing nemu malah gela. Hara, apa kuwi?"
      Agus : "Matik, cilaka. Sida siji-siji iki mengko. Ora mulih nalar kuwi, Dhi. Sing nemu gela, sing kelangan lega. Ah, ora ana kuwi."
      Edhi : "Wis, trima siji-siji ?"
      : "Trima ora bisa mbatang ?"
      Agus : "Wis, Dhi, aku pasrah bongkokan."
      Edhi : "Nyedhaka kene, dakkandhani. Ora wani omong seru aku."
      Agus : "Geneya ?"
      Edhi : "Ssssssst. Dakkandhani lirih-lirih we ya. Kuwi batangane.......entut."
      Agus : "O, asem ki. Piye kuwi nalare ?"
      Edhi : "Pikiren dhewe."


      B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung-tembung kang tulisane dhoyong kedalna kang trep !

      1. Kanca-kanca padha dolan rana.
      2. Kanca-kancane padha tresna.
      3. Kancaku sakelas ana patang puluh.
      4. Yen kowe diundang maraa.
      5. Yen ora diundang ora susah mara.
      6. Limang atus kuwi rega pokok.
      7. Pokoke aku sida melu.
      8. Aku tukokna kacang godhog, Sri ! [ 63 ]
      9. Yen gelem nggodhoge dhewe.
      10. Enya, iki godhogen !
      11. Endi dakghodoge.

      II. Maca Titi

      A. Wacanen batin banjur tembangna !

      Cangkriman
      ( Pocung )

      1. Bapak Pocung duwe tangan duwe gulu,
        uga duwe awak,
        ora duwe sirah sikil,
        saben dina Si Pocung anguntal jalma.

      2. Bapak Pocung sasedulur ana pitu,
        tan ana kang padha,
        mati enem urip siji,
        dulur pitu tan nate urip barengan.

      3. Bapak Pocung yen disawang adi luhung,
        yen saka kadohan,
        nanging lamun den cendhaki,
        Legok geneng watu alas dadi juga.

      B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang patitis !

      1. Terangna dede wangsulane cangkriman-cangkriman nomer 1, 2 lan 3 iku klambi, dina lan gunung.
      2. Kepriye guru wilangan lan dhongdhinge tembang Pocung ?
      3. Gawea tembang Pocung sapada bae kang isi cangkriman ! [ 64 ]III. Kawruh Basa

      A. Tuladha :

      1. Saben dina si Pocung anguntal jalma.
      2. Saben dina si Pocung anguntal uwong.

      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

      1. Tan ana kang padha, mati enem urip siji.
      2. Bapak Pocung yen disawang adi luhung.
      3. Nanging lamun dicedhaki legok geneng watu alas dadi juga.
      4. Sang Prabu Harjunasasra ngandika aris.
      5. Sang Prabu mesem jroning kalbu.
      6. Sang Nata bebisik Prabu Rahwana.
      7. Sang Partasuta Palastra aneng madyaning palagan.
      8. Sang Dananjaya manguntapa aneng wukir Indrakila.
      9. Sang Parta kasinungan nugraha ing Dewagung.
      10. Prabu Niwatakawaca tandya utusan ditya tindhihing jurit.

      B. Tuladha :

      1. Disambi cangkriman apa piye, kareben betah melek.
      2. Disambi cangkriman apa piye, kanggo cagak lek.

      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur nganggo tembung entar sing cumawis ing sisih tengen !

      1. Sawal kuwi cengkiling, pijer plak-plek nangani adhine.
      2. Yen gawe pawuhan miliha papan sing ora adhakan diambah uwong.
      3. Omongan kok ora runtut, ora genah urut-urutane.

      1. ora karuwan bongkot pucuke
      2. entheng tangane
      3. kiwa

      [ 65 ]

        4. Maryam kuwi bocah pinter, manawa arep nyenyuwun bisa nangguh yen wong tuwane pinuju lejar penggalihe.
        5. Aris kuwi murid kinasih, amarga sregep, pinter lan ganep tata kramane.
        6. Wis, Dhi aku trima kalah.
        7. Mingun kae yen memangan kudu akeh lan sarwa enak.
        8. Darmi kuwi seneng nyatur uwong, mula digething tangga teparone.
        9. Wong resikan kuwi adhakane ora gampang ketaman ing lelara.
        10. Wong kok seneng temen njejaluk, kuwi jenenge ora njaga awake supaya kajen keringan.

      1. pasrah bongkokan
      2. padhang langite
      3. ketengen
      4. tipis lambene
      5. mogel ilate
      6. ora njaga prajane
      7. kalis ing lelara

      C. Tuladha :

      1. .. . omongna, apa candhakane !
      2. Gelis omongna, apa candhakane !

      Ukara-ukara iki ganepana kaya tuladha ing dhuwur nga- nggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen!

      1. Saya nyedhaki setasiyun lakune sepur. . . . . . . . . . .
      2. Anggonmu maca aja seru-seru,. . . . . . . . . . . . . .bae.
      3. Coba titinen, urung-urung kuwi kesumpetan apa, banyune iline kok . . . .
      4. Entuk rong gongan iramane gendhing wiwit. . . . . . . .

      1. sendhet
      2. rindhik
      3. lirih
      4. remben

      [ 66 ]
      1. ........... bae anggonmu ngresiki tatune adhimu kuwi.
      2. Dhek jaman biyen priyayi putri kuwi yen dandan ........ banget.
      3. Sing ....... atimu, aja kemrungsung.
      4. Anggone mutus prakara rada ....... saking akehe seksi sing kudu dirungakake paseksene.
      5. Sudir kuwi pancen ..... marang pagawean, yen weruh pagawean ora tumuli cakcek lan cekat-ceket.

      e. tamban


      f. alon


      g. tlendho


      h. rendhet


      i. sareh


      D. Tuladha :

      1. Bapak arep . . . . . njagong.
      2. Bapak arep tindak njagong.
      Ukara-ukara iki ganepana kaya tuladha ing dhuwur nganggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !
      1. Mas Jarot kepengin ngleboni Angkatan Laut nanging bapak ibu ora . . . . . . . . . . .
      2. Aku kandha arep mulih nanging Diran ora . . . . . . . .
      3. Aku . . . . . dhuwit ibu arep kanggo tuku buku wacan.
      4. Bapak . . . . . dhuwit ibu kagem mundhut wiji orok-orok.
      5. Isine layange mas Bima kuwi . . . . . bapak ibu tindak Jakarta sasi Ruwah ngarep iki.

      a. nglilani

      b. marengake

      c. mundhut

      d. nyuwun

      e. nimbali

      f. ngaturi

      [ 67 ]
      1. Surasane layange bapak . . . . . mas Teja mulih menyang desa.
      2. Aku arep sowan Pak Carik . . . . . dhuwit tebasan pari.
      3. Pak Bayan tindak rene . . . . . layang wesel saka mas Suprat.

      g. maringake

      h. nyaosake

      E. Tuladha :

      1. Bapak mriksani apa ?
      2. Bapak mriksani — balapan jaran.

        — wayang uwong.

        — gambaranku.


      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
      1. Jalal mangan apa ?
      2. Ibu mundhut apa ?
      3. Rusdi makani apa ?
      4. Saleh nggambar apa ?
      5. Simbah ngagem apa ?
      6. Panut nggoleki sapa ?
      7. Pak Lurah nimbali sapa ?
      8. Kowe mau kepethuk sapa ?
      9. Iki bukune sapa ?
      10. Tarmana mau nggoncengake sapa ? [ 68 ]IV. Kasusastran

      Wacanen kang patitis !

      Sepi

      Telenging ratri asurem
      Peteng nyenyet asepi
      Lagu kang lawas tanpa wiraga.

      Rembulan enering cipta
      Uga tan ana kemata.

      Wengi kebacut anglangut
      Lan lelimeng saya gumeleng.

      Sansaya sepi samudaya
      Pindha puteg petenging nala
      Pisah sing nanggung pinuja.

      ( S. Pant – MB Basa Jawa No 7/II )

      V. Maca lan nulis aksara Jawa

      Wacanen banjur turunen !

      1. a. ꧋ꦢꦽꦱ꧀​ꦛꦗꦸꦩ꧀​ꦤꦫꦪꦶꦤꦺꦢꦺꦮꦶꦱꦿꦶꦏꦤ꧀​ꦣꦶ꧉
        b. ꧋ꦢꦽꦱ꧀ꦛꦗꦸꦩ꧀ꦤꦫꦪꦶꦤꦺꦢꦺꦮꦶꦱꦿꦶꦏꦤ꧀ꦝꦶ꧉
      2. a. ꧋ꦥꦏ꧀​ꦒꦸꦫꦸꦱꦩ꧀​ꦥꦸꦤ꧀​ꦫꦮꦸꦃꦠꦼꦱ꧀​ꦔꦱ꧀​ꦠ꧉
        b. ꧋ꦥꦏ꧀ꦒꦸꦫꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦮꦸꦃꦠꦼꦱ꧀ꦔꦱ꧀ꦠ꧉
      3. a. ꧋ꦩꦱ꧀​ꦮꦶꦒ꧀​ꦚꦭꦤ꧀​ꦩꦱ꧀​ꦲꦱ꧀​ꦭꦤ꧀​ꦱꦫꦺ꧉
        b. ꧋ꦩꦱ꧀ꦮꦶꦒ꧀ꦚꦭꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦲꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦫꦺ꧉
      4. a. ꧋ꦩꦱ꧀​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀​ꦲꦣꦶꦏ꧀​ꦧꦺꦴꦚ꧀​ꦕꦺꦁꦔꦤ꧀꧉
        b. ꧋ꦩꦱ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦣꦶꦏ꧀ꦧꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦁꦔꦤ꧀꧉
      ***
      [ 69 ]
      W U L A N G A N VII

      I. A. Pacelathon

        Tindakna !

      Bocah Lola


      Setyadi : "Sih, adhikmu ana ngendi ?"
      Sihati : "Dhik Ris ta ?"
      Setyadi : "Iya, iya."
      Sihati : "Lho, aku ora ngerti ki, Mas."
      Setyadi : "Apa ora pamit kowe ?"
      Sihati : "Ora, dakarani matur penjenengan"
      Setyadi : "Mesthine ora wani pamit aku, wong aku mau rada sareng."
      Sihati : "Mas ki ndadak duka barang, adate rak ora tau ta."
      Setyadi : "Apa aku nesu, mung pidhato we diarani nesu."
      Sihati : "Nek pidhato thik keras temen, nganti sing krungu ngewel wedi. Kuwi pidhato gaya baru ta, Mas ?"
      Setyadi : "Hara ta ya, rak nyemoni. Sing marakke kowe seneng gojeg, tur nganggo oyak-oyakan barang. Lha, nabrak cet, wutah. Sapa sing ora muring !"
      Sihati : "Iya ya Mas, jan-jane aku sing luput. Lha piye, Mas, dhik Ris iki mengko. Piye nek nggeblas ora mulih ?"
      Setyadi : "Wis ta mengko gampang dakgolekane. kowe gek adusa kana aja bingung."
      Sihati : "Tenan lho, Mas, penjenengan goleki lho. Aku mesakke dhik Ris. Awake dhewe ki rak wis lola ta, Mas."


      Mbs-1-

      69

      [ 70 ]
      Setyadi : "Wis ta aja susah, kabeh dakpikire. Kowe sing sabar bae, lan ngewang-ewangana nenuwun marang Allah.”
      Sihati : “Iya, Mas.”

      B. Ukara-ukara iki wacanen, tembung-tembung sing tulisane dhoyong kedalna sing trep !

      1. a. Matine merga kena aradan.
        b. Jam sanga esuk wong-wong kang padha amek iwak kuwi wis padha munggah menyang dharatan.
      2. a. Wong kok ajegan njagakake wong liya.
        b. Enya, iki cepakan tukon buku simpenen dhewe !
      3. a. Iki garapan saka sekolahan.
        b. Apa sababe dheweke kok sayah.
      4. a. Adhine dipapag kana ta, Le !
        b. Tamune papakna sing becik !


      II. Maca titi

      A. Wacanen sing titi !


      Bocah Lola

      Setyadi, Sihati tuwin Risnadi punika lare ingkang sampun lola. Piyambakipun dipun tilar tiyang sepuhipun kekalih kala taksih alit. Sejatosipun sedherekipun boten namung tiga. Rumiyin sedaya gangsal. Ingkang pambajeng gugur ndhepani nusa, mbelani bangsa lan negari. Tumut ngrebat negari saking cengkeremaning penjajah. Punika dados pemareming tiyang sepuh. Senajan getun nanging enggal saged dipun pupus, awit genah sampun arum namanipun. Balik ingkang satunggal tilar donya jalaran kenging aradan. Wonten Landi ngamuk, mbedhili tiyang ingkang kemliwer, kala jaman perang gerilya punika. Lare-


      70 [ 71 ]

      nipun wangsul saking sekolah kenging lesaning mimis boten kejarag. Mengsah anggenipun mbedhili ngawag kemawon. Lare tiga lajeng gesang piyambak. Setyadi kedadak dados bapak, ugi dados ibunipun lare kalih, adhi-adhinipun. Setyadi mbudidaya ngawontenaken sedaya kabetahaning kulawarga. Caranipun warni-warni. Sadaya wau pancen sampun dipun dhadhagi pun Setyadi. Tujunipun adhi-adhinipun kok sae-sae. Mbangun miturut lan boten nate ngresula. Lan, boten kepenginan kados umumipun lare. Dhateng pedamelan ngertos, malah kepara sregep.


      B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang luwes nganggo basa krama !

      1. Pira tunggale Setyadi ?
      2. Saiki kari pira ?
      3. Sing mbarep dadi apa ?
      4. Sing sijine ajale marga apa ?
      5. Sawise dadi bocah lola lan ditinggal sedulure loro kuwi Setyadi rumangsa kejibah apa ?
      6. Apa kang njalari enthenge pikire Setyadi ingatase dheweke kudu nyangga butuhe kulawarga ?


      III. Kawruh Basa

      A. Tuladha :

      1. Sanajan getun nanging enggal saged dipun pupus.
        dipun pupus = manahipun dipun selehaken.
      2. Tun, golekna pupus mlandhing arep dakenggo mopok tatune adhimu.
        pupus mlandhing = ron ingkang taksih enem ing pucuk.


      Mbs-1- 71

      [ 72 ]Terangna kaya tuladha ing dhuwur !
        1. Wis surup kok pitike isih ana sing durung ngandhang, apa dimangsa luwak maneh.
        2. Yen mangsa kopi ing Lampung prasasat udan dhuwit.
        1. Tatune dipopok pupus mlandhing.
        2. Yen gawe popok miliha mori sing alus lan empuk.
        1. Njupuka sulak, Rit, kanggo nyulaki meja tulise ibu!
        2. Pelem kemampo kuwi kulite ijo sulak kuning.
        1. Sawo mentah kok dipangan, apa ora sepet.
        2. Goleka sepet sing akeh mengko padha digawe keset.
        1. Kamar ngarep disingget nganggo rana, separo kanggo kamar tamu sing separo kanggo kamar dhahar.
        2. Adhimu tinggalen kene, sesuk dakterne rana.
        1. Pabrik waos ingkang ageng piyambak sa Indonesia punika pabrik waos ing Cilegon.
        2. Ingkang gereng-gereng punika bapak saweg gerah waos.
        1. Gunung kuwi yen disawang saka kadohan katon asri, nanging yen dicedhaki wujude mung watu, padhas lan alas.
        2. Ayo, cah, anggone reresik tumuli padha diayati, delengen kae tembok lan pyane kebak sawang.
        1. Wadhuking manungsa lan kewan asikil papat iku peranganing weteng minangka papan pangejuring pangan.
        2. Wadhuk Jatiluhur ing tanah Jawa Kulon iku wadhuk "serbaguna".

      B. Tuladha:

      1. Setyadi, Sihati tuwin Risnadi punika sedherek tunggil kringkel.
      2. Setyadi, Sihati tuwin Risnadi punika sedherek tunggil bapa biyung.
      [ 73 ]

      Terangna kaya tuladha ing dhuwur !

      1. Jarot kaliyan Wisnu punika tiyang sanes nanging sampun dados sedherek sinarawedi.
      2. Paklik Santosa kaliyan ibu punika sedherek nak dherek.
      3. Kula kaliyan Wahyuni punika sedherek misan.
      4. Sudir punika sedherek ipenipun yu Sri.
      5. Mas Gathot kaliyan mas Bambang punika sedherek tunggil ngalap.
      6. Bu Mangku punika marasepuhipun Mbak Warni.
      7. Rusmi punika sedherek pripeyanipun Siti.
      8. Pak Ali punika besanipun Pak Cakra.
      9. Anusapati kaliyan Mahisa Wongateleng punika sedherek asu.


      C. Tuladha :

      1. Ingkang pambajeng gugur ndhepani nusa lan bangsa.
      2. Ingkang pambajeng gugur mbelani nusa lan bangsa.


      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

      1. Ingkang satunggal tilar donya jalaran kenging aradan.
      2. Mengsah anggenipun mbedhili ngawag kemawon.
      3. Sadaya wau pancen sampun dipun dhadhagi.
      4. Tujunipun adhi-adhinipun sae-sae, mbangun turut lan boten nate ngresula.
      5. Kala semanten Setyadi muring saestu.
      6. Kula saweg ngudaraos bab anggen kula badhe tuwi adhi kula, dumadakan mak jedhul piyambakipun dhateng.
      7. Wiwit dipun undhamana anggenipun pijer ngresahi sedherek kala semanten punika, lajeng pet boten purun ngambah ngriki.


      Mbs-1- 73

      [ 74 ]
      1. Adhi-adhinipun sami dipun gadhang dadosa lare ingkang migunani nusa lan bangsanipun.
      2. Setyadi boten pisan-pisan ngugung adhinipun, awit Setyadi mangertos bilih lare ugungan punika temtu rekaos gesangipun tembe wingking.

      D. Risnadi nyandhung mangsi, wutah.

      Unen-unen “nyandhung mangsi” iku tembung rusa basa utawa tembung salah kaprah. Yaiku tembung sing salah nanging wis kaprahe ngono kuwi, yen dibenerake. malah dadi ora lumrah.

      Ukara-ukara ngisor iki rampungna, tembung-tembung kang tulisane dhoyong dadekna tembung rura basa!

      1. Ibu nggodhog
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      2. Simbah netel
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      3. Bapak menek
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      4. Sawitri ndondomi
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      5. Wa Drana ndhudhuk
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      6. Wiji nguleg
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      7. Yanti mbuntel
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      8. Mariyam mbuntel
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      9. Landhung mikul
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
      10.Bandi nyunggi
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

      E. Tuladha :

      1. Sihati dikon adus kakange.   (ukara andharan)
      2. Sih, adusa kana !   (ukara pakon).

      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

      1. a. Marsam ditimbali ibu.
        b. Sam,..................... !
      2. a. Retna didhawuhi mulih.
        b. Retna,..................... ! [ 75 ]
      3. a. Andri didhawuhi ibu mangkat sesuk sore.
      b. Andri,..................... !
      4. a. Endar didhawuhi bapak numpak sepur Senja bae.
      b. Endar,..................... !
      5. a. Bocah-bocah didhawuhi pak guru nggawa piranti kanggo kerja bakti.
      b. Bocah-bocah,..................... !
      6. a. Yanti didhawuhi ibu bukune Tomas supaya tumuli dibalekake.
      b. Yanti,..................... !
      7. a. Panut diutus bapak sowan Wa Yasa nyuwun ngampil graji.
      b. Nut,..................... !
      8. a. Tarsi didhawuhi ibu ngonceki gori.
      b. Si,..................... !
      9. a. Sawal diutus ibune menyang pasar tuku janganan.
      b. Wal,..................... !
      10. a. Ranti didhawuhi bapak tunggu omah, ora pareng lunga-lunga.
      b. Ti,..................... !

      IV. Ngarang lan crita

      Gawea karangan banjur critakna ing ngarep klas, miliha salah siji irah-irahan ing ngisor iki!

      1. Nglempakaken pangangge kangge mbiyantu para lare ing Panti Asuhan.
      2. Kintun samukawis dhateng tetiyang ingkang nandhang korban lindhu.
      3. Nulungi lare bingung ing peken malem. [ 76 ]V. Maca lan nulis aksara Jawa

      Tembangna banjur turunen !

      ꧋ꦥꦺꦴꦕꦸꦁ꧉

      ꧋ꦮꦺꦴꦁꦤꦤꦤ꧀ꦢꦸꦂ ꦲꦶꦏꦸꦧꦏꦭꦸꦤ꧀ꦝꦸꦃ ꦲꦸꦤ꧀ꦝꦸꦃ꧈

      ꦩꦸꦁꦮꦶꦗꦶꦏꦁꦧꦲꦼꦕꦶꦏ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈

      ꦲꦗꦥꦶꦤꦤ꧀ꦢꦸꦂ ꦧꦧꦏꦭ꧀ꦭꦶꦁꦮꦶꦱ꧉


      (Tata Sastra)


      ***
      [ 77 ]
      WULANGAN IX


      I. A. Pacelathon

      Tindakna!
      Televisi
      Nanang : “Mas, tevene kok ora disetel ?”
      Budi : “Mengko, Dhik, sinau dhisik. Kowe rak arep test ta ?”
      Ninik : “Iya ki, Nang, nggonku ya arep test.”
      Nanang : “Mengko ya, Mas, saiki dak sinau dhisik tekan jam pitu.”
      Budi : "Saiki wis jam setengah pitu, ki. Apa cukup sinau mung setengah jam.”
      Ninik : “Nanang pinter kok, Mas, nek sinau dibiyaki sedhela bae wis rampung sabuku.”
      Nanang : “Pancen kok, Mbak. Dak tonton gambare njaba bae kok, malah ora nganti limang menit wis beres.”
      Ninik : “Ya, ya Nanang mbalap, kok, nesu ta dhik karo mbake.
      Nanang : “Ora, Mbak, mung anyel aku kosindhir. Ora-orane yen aku sinau mung tekan jam pitu tenan, apa niyat mung dolanan thok.”
      Budi : “Nik, adhimu rak cah bagus, wis ana SMP klas siji rak wis ngerti wajibe. Rak iya ta, Lik ?”
      Nanang : “Iya, Mas, aku ya seneng nonton teve ning wektuku sinau uga daketung-etung, aja nganti klepyan. Mbak Nik rak ya ngono ta?”
      Ninik : “Heeh, Dhik, tibake nonton teve ki yen lali sinau ya gawe pituna.”

      [ 78 ]

      Budi : “Wis kana, gek padha sinau. Mengko jam sanga apa jam sepuluh tevene disetel.”


      B. Wacanen, kedalna sing trep !
        1. Tatag, teteg, bisa tutug.
        2. Bapak mriksakake menyang dhokteran.
        1. Mangan ora perlu dipeksa, wong wis wareg temenan.
        2. Pak Digda mapag putrane.
        1. Mas Totok tubrukan.
        2. Ana grobag mandheg ing dalan totogan.
        1. Paklik methuk bulik.
        2. Bagya babag tandhing Pak Digda.
        1. Bake mobil suwek buntele.
        2. Durung tutug olehe rembugan wis krungu swara bedhug.

      II. Maca titi

      A. Wacanen sing titi !
      O … Teve!

       Kutha Sondher dununge ana ing Sulawesi kepering lor. Ing kono akeh kebon cengkeh jembar-jembar. Ing mangsa panen Sondher kena diparibasakake udan dhuwit. Sing buruh ngundhuh bae tampane dhuwit buruhan ora sethithik. Apa maneh,sing duwe kebon cengkeh, dudu padon.

       Dhek samana ana tani cengkeh kepengin tuku teve awit cengkehe ndadi. Dheweke krungu pawarta yen sedhela maneh ing tlatah kono wong-wong bakal bisa nyetel teve. Bubar adol panenane wong mau banjur gita-gita menyang Menadho tuku teve. Tekan ngomah tevene disetel. Kaya [ 79 ]

      ngapa bingunge wong mau, bareng weruh tevene ora njedhul gambare lan ora muni. Digoleki apa sababe ora kecekel, nganti gemrobyos meksa gagal. Esuke teve dibalekake nyang toko karo kandha yen teve sing digawa kuwi jebul teve bobrokan. Kandha ngono kuwi karo nesu-nesu. Klawan sabar lan tlaten sing duwe toko aweh katrangan yen tevene pancen anyar gres, dudu teve bobrokan. Dene anggone ora bisa nyaut jalaran anggone mbangun stasiun kanggo tlatah kono pancen durung rampung. Mula disetal-setela iya ora bakal bisa nyaut. Isih kudu sabar sawetara. Krungu katrangan ngono kuwi wong mau mlongo lan njaluk ngapura, terus mulih karo grenengan, nyangking tevene : Oh, teve.......teve.


      B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang trep lan lawes !

      1. Lelakon apa kang kasebut ing crita ing dhuwur kuwi ?
      2. Ana ing ngendi kelakone ?
      3. Bareng digoleki bab rewele teve ora bisa ketemu wong mau banjur kepriye ?
      4. Apa sababe teve kuwi ora bisa nyaut ?
      5. Apa paedahe wong duwe watak sabar ?


      III. Kawruh Basa

      A. Tuladha :

      1. Kutha Sondher dununge ana ing Sulawesi kepering lor.
      2. Kutha Sondher dununge ana ing Sulawesi sisih lor.


      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

      1. Apa maneh sing duwe cengkeh, tampane dhuwit dudu padon.
      [ 80 ]
      1. Dheweke krungu pawarta manawa ing tlatah kong sedhela maneh wong-wong bakal bisa nyetel teve,
      2. Bubar adol panenane wong mau banjur gita-gita menyang Menadho tuku teve.
      3. Wong mau banjur mulih karo grenengan.
      4. Anggone arep dandan-dandan omah kagol amarga dhuwit panenane kopi kanggo nambakake anake,
      5. Diaruh-aruhi ngono bae kok banjur mutung, dadi wong kuwi bok aja kebangeten anggone cupet pikire,
      6. Nasri kuwi bocah gathekan, diterangake sepisan terus ngerti lan cemanthel.
      7. Budi kuwi bocah cugetan, ora kena kecenthok rembug.

      B. Tuladha

      1. Kutha Sondher iku ... ana ing Sulawesi kepering lor.
      2. Kutha Sondher iku dununge ana ing Sulawesi kepering lor

      Titik-titik ngisor iki isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !

      1. Bareng wis. . .. . dhodhok selehe prakara Darwis lagi lega atine.
      2. Tlaga Sarangan iku .. ... ana ing ereng-erenge. Gunung Lawu,
      3. Prabu Duryudana nata ing negara Astina ..... watak angkara.
      4. Kepriye ..... dhuwit iki, kowenehake apa koutangake.
      5. Untung wis bisa lumebu ing tengahing alas. .... Pangeran Purbaya.
      6. Sih, bolah iki |... , ., Nduk, Ibu ora pati premana |
      7. Rakyat wis padha... ... perlune ana ada-ada transmigrasi !

      dumunung

      dunung

      padunungan

      dununge

      kadunungan

      didunungake

      kesurupan

      [ 81 ]
      1. Sowana pamanmu nyuwuna..... pretikele wong lelungan menyang negara manca.
      2. Pangirane tangga teparo si Tulus iku anggone ndleming jalaran...., nanging sanyatane saking panase.
      3. Jalal dunungna, aja kongsi seling
      . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

      sesurupan

      surup

      sumurup

      surupna

      disurupake

      C. Tuladha :

      Sing duwe toko kandha manawa tevene kuwi isih anyar gres, dudu teve bobrokan.

      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur!

      1. Teka....., salin sandhangan, banjur lunga..... nggawa walesan.
      2. Lagi lungguh.....,banjur ngadeg.....clilang-clileng kaya wong kelangan.
      3. Ngerti manawa sing duwe omah nglilir malinge banjur mlayu.....
      4. Mbeneri tekan tengah bulak dumadakan udan.....aku ora bisa ngeyub.
      5. Yen kowenehake saiki mesthi dakbayar....., ora ngenteni sesuk-sesuk.
      6. Watake si Sukra yen omong sok....., ora tedheng aling-aling.
      7. Sardi nyampluk teplok, lengane muncrat ngenani gedhek, banjur mubal.....kobongan.
      8. Aku gumun, ingatase playune banter kok bisa mandheg.....lan ora ngglimpang.
      9. Tangi.....aku menyang kolah banjur ngangsu.
      10. Omahe ditinggal.....wong saomah padha nonton karnaval. [ 82 ]D. Tuladha :
      1. Nanging pinter kok, Mas, nek sinau dibiyaki sedhela bae wis rampung sabuku.
      2. Nanang pinter kok, Mas, nek sinau dibiyak sedhela bae wis rampung buku siji.


      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
      1. Setyadi saadhi-adhine kedadak urip dhewe, amarga ditinggal wong tuwane sakloron.
      2. Kretane diedol sajarane.
      3. Aku titip tukokna lenga klentik sacanthing bae'.
      4. Aku mau weruh ula sawa gedhene selengen.
      5. Sapungkurmu dhek Wingi kae embah rawuh didherekake Yonatan.
      6. Adhimu bagehana salilamu.
      7. Adhimu entenana saentuke tumpakan.
      8. Sujak kuwi kebangeten kesede, seminggune olehe ora mlebu sekolah sethithike rong dina.


      E. Tuladha:

      Sawal didhawuhi adus. (ukara andharan).
      1. Wal, adusa ! (ukara pakon).
      2. Sawal didhawuhi apa ? (ukara pitakon).


      Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !
      1. Jamal didhawuhi mulih.
      2. Sapar didhawuhi ngarit.
      3. Rejeb didhawuhi nyapu latar.
      4. Paing didhawuhi nata kamar.
      5. Kliwon didhawuhi tunggu pari ana sawah.
      6. Randi didhawuhi ndandakake radhio.
      7. Warih didhawuhi cukur.
      8. Ranta didhawuhi ngombe jamu. [ 83 ]
        1. Warlan didhawuhi nguras kolah.
        2. Mufid didhawuhi gawe pawuhan.

        IV. Kasusastran

        Guritan ngisor iki wacanen kang patitis banjur apalna !

        Pasrah

        Pandonga konjuk ing Pangeran.

        Rikala sakupeng kula sepi
        O, Gusti pepundhen mami
        Kawula nothok gapura suci
        tuwin atur kawula
        Kaparingana kawula toya.
        Lir sangsam ngajeng-ajeng toya
        Makaten alum nyawa kawula
        Mangka tan wonten saweneh toya
        Kwagang nyirep ngoronging donya
        Anjawi kang saking Paduka.
        O, Gusti Rajaning Raja
        Mugi kepareng amelasana
        Aparing tentreming nyawa.
        Kawula nyuwun regeming asta
        Sarta ayoming swiwi Paduka.

        (S. Pant — Medan Bahasa Basa Jawi

        Nomer 7 Juli 1957).

        [ 84 ]V. Maca lan nulis aksara Jawa

        Wacanen/tembangna banjur turunen !

        ꧋ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ꧉

        ꧋ꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦸꦃꦝꦸꦲꦁꦒꦺꦂ​ꦮꦤ꧀ꦠꦶꦮꦤ꧀ꦠꦶ꧇

        ꦥꦺꦴꦩꦱꦶꦫꦲꦗ꧈

        ꦏꦺꦭꦸꦧꦸꦧꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦲꦺꦧ꧀ꦭꦶꦱ꧀

        ꦩꦝꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦦ​ꦔꦺꦫꦤ꧀


        ( Tata Sastra )


        ***
        [ 85 ]
        WULANGAN X


        I. A. Pacelathon

        Tindakna !

        Dinten Pahlawan
        Widayat : "Bapak, kula nyuwun priksa punapa kepareng ?"
        Bapak : "Apa ta, Dayat, kok sajak wigati, kadingaren temen."
        Widayat : "Inggih, Pak, punika punapa babagan dinten pahlawan."
        Bapak : "Iya kene mumpung Bapak longgar. Sing ora ngerti apane ?"
        Widayat : "Werni-werni, Pak. Cobi nyuwun priksa rumiyin bab tembung pahlawan, punika werdinipun kados pundi ?"
        Bapak : "We lha kepeksa njupuk kamus iki, amarga iku dudu basa Jawa asli."
        Widayat : "Basa punapa, Pak, sekawit ?"
        Bapak : "Yen ora kliru iku basa Sanskrit uga diarani basa Sanskerta. Coba golekana dhewe dhisik, enya kamuse."
        Widayat : "Cobi-cobi inggih, Pak, dangu inggih kajengipun waton kepanggih."
        Bapak : "Lha iya, dadi bocah kudu tlaten lan taberi."
        Widayat : "Wah, boten wonten punika, Pak. Punapa sanes tembung lingga inggih ?"
        Bapak : "E e e e, wis tita ta kowe. Pancen angel tur kuwi dudu tembung lingga, wis dirimbag."
        Widayat : "Mangga, Pak, tibakipun boten baen-baen."
        [ 86 ]
        Bapak : "Kene kene dak terangake. Pahlawan saka tembung Sanskerta phala karo wan."
        Widayat : "Kula wau inggih badhe matur mekaten, Pak, nanging kesupen."
        Bapak : "Iya ta ya, wong kari melu payu we, ndadak matur kesupen barang. Wong lali ki rak maune wis tau ngerti."
        Widayat : "Kesinggihan, Pak. Tiyang namung katimbang boten matur. Lajeng, phala punika kados pundi Pak, werdinipun ?"
        Bapak : "Phala tegese woh. Yen basa Indonesiane buah utawa jasa. Yen tambahan wan rak wis ngerti ta, yaiku kang kadunungan sipat linuwih, becik, utama, akeh, lan liya-liyane."
        Widayat : "O, dados pahlawan punika tiyang ingkang sampun kathah lelabetanipun. Punapa ngaten, Pak ?"
        Bapak : "Lha iya, gene pinter."

        B. Wacanen lan ucapna kang trep manut rasane!

          1. Apa kowe kepengin klambi anyar, Rit? (pitakon)
          2. Apa kang digayuh wis kelakon kabeh. (andharan)
          1. Sapa sing diadili dhek wingi kae ? (pitakon)
          2. Sapa nerak angger-angger bakal nampa pidana. (andharan)
          1. Pira butuhe dhuwit ? (pitakon)
          2. Pira butuhe dhuwit diparingi. (andharan)
          1. Sepira gedhene Andi saiki ? (pitakon)
          2. Sepira gedhene atine ora bisa digambarake. (andharan)
          1. Genea adhimu nangis? (pitakon)
          2. Genea saiki ngrampek-ngrampek, andekna maune kok anggep temen. (andharan)
          1. Kepriye carane nggarap PR iki ? (pitakon)
          2. Kepriye rekadayane, aku ora ngerti. (andharan)
          [ 87 ]II. Maca titi

        A. Wacanen kang titi !

        Dinten Pahlawan

        Bangsa Indonesia asring sanget mengeti dinten ageng. Kadosta dinten Kartini, Pendidikan Nasional, Proklamasi Kamardikan lan sanes-sanesipun.

        Makaten ugi dinten ageng dinten Pahlawan. Dinten Pahlawan punika dhawah ing tanggal 10 Nopember. Dinten Pahlawan perlu sanget dipun pengeti ing sadhengah bangsa Indonesia minangka pangemut-emut lan kangge mahargya lelabetanipun para kusumaning bangsa ingkang sampun ngrumiyini marak ing Pangayunaning Pangeran minangka tebusaning kamardikan.

        Kala taun 1945, wulanipun Nopember, para nem-neman ing Surabaya kathah ingkang gugur ndhepani tanah wutah rah. Amargi kala semanten wonten pasulayan rembag lan pemanggih, daredah antawisipun bangsa kita ingkang mentas kemawon ngumandhangaken proklamasi kamardikan kaliyan Inggris lan Walandi ingkang kepengin wangsul njajah negari lan bangsa Indonesia. Bangsa Indonesia boten lila sumerep krenahipun bangsa sanes punika.

        Para mudha makantar-kantar semangatipun, cancut taliwanda boten wigih-wigih mbelani nusa lan bangsa, ngantos dipun tohi pecahing jaja wutahing ludira.

        Engga sapriki aruming namanipun, dipun pengeti saben tanggal 10 Nopember,winisudha dados kusumaning bangsa ugi kawastanan pahlawan ing bangsa. [ 88 ]B. Pitakon-pitakon iki wangsulana kang patitis abasa krama!

        1. Tanggal pira pengetan dina Pahlawan kuwi ?
        2. Anane pengetan iku marga prastawa ing ngendi ?
        3. Ukara endi kang nuduhake gedhening lelabuhane para mudha duk samana ?
        4. Nganti taun iki dina Pahlawan iku wis dipengeti ping pira ?
        5. Sajroning padha mengeti dina Pahlawan apa sing wigati ?
        6. Yen kowe ngeningake cipta mengeti dina Pahlawan, ing batin kowe muni kepriye ?

        III. Kawruh Basa

        A. Tuladha :

        Dinten Pahlawan perlu sanget dipun pengeti ing sadhengah bangsa Indonesia.
        sadhengah = sinten kemawon boten pilih tiyang

        Terangna kaya tuladha ing dhuwur !

        1. Pengetan dinten Pahlawan punika minangka pangemut-emut lan kangge mahargya lelabetanipun para Pahlawan.
        2. Kala semanten wonten daredah antawisipun bangsa Indonesia kaliyan bangsa Inggris lan Walandi.
        3. Bangsa Indonesia mentas kemawon ngumandhangaken proklamasi kamardikanipun.
        4. Bangsa Indonesia boten lila sumerep krenahipun bangsa manca wau.
        5. Para mudha boten wigih-wigih mbelani nusa lan bangsanipun.
        6. Anggenipun mbelani nusa lan bangsanipun dipun tohi pecahing jaja wutahing ludira.
        7. Engga sapriki namaning para mudha wau tetep arum, [ 89 ]
            winisudha dados kusumaning bangsa.
        8. Tembung pahlawan punika werdinipun tiyang ing- kang sampun kathah lelabetanipun.
        9. Eeee, wis tita ta, kowe ?
        10. Wong kari melu payu we kok ndadak matur kesupen barang.

        B. Engga sapriki para mudha wau arum namanipun winisudha dados kusumaning bangsa.

        "arum namanipun" iku tembung entar, tegese : namanipun tansah dipun mulyakaken awit ageng lelabetanipun.

        Ing ngisor iki unen-unen, jenenge sanepa. Mara tegesana !

        1. Gandanipun arum jamban.
        2. Kawruhipun jero tapak meri.
        3. Cayanipun abang dluwang.
        4. Rembagipun peret beton.
        5. Sambutanipun arang wulu kucing.
        6. Polahipun anteng kitiran.
        7. Badanipun kuru semangka.
        8. Polatanipun bening leri.
        9. Raosipun legi bratawali.
        10. Tatunipun arang kranjang.

        C. Tuladha :

        1. Bangsa Indonesia boten lila. . . . .krenahipun bangsa sanes wau.
        2. Bapak Lurah . . . . . srah-srahan warisan tilaranipun swargi Embah.
          nekseni — sumerep — ngenangi [ 90 ]
        3. Bangsa Indonesia boten lila sumerep krenahipun bangsa sanes wau.
        4. Bapak Lurah nekseni srah-srahan warisan tilaranipun swargi Embah.


        Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

        1. Gendheng ingkang pecah sampun kula . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
        2. Buku kagunganipun pak guru ingkang kula icalaken badhe kula . . . .
        3. Dhuwung punika, wilahan sarangkanipun, dipun . . . . . Rp 25.000,00 kanthi sareman 1% sewulanipun.
        4. Dumugi ing griya Widayat lajeng . . . . . . pangangge.
        5. Sepatu ingkang kula tumbas kala wingi punika radi kaliten, sapunika kula badhe nyuwun . . . . . . . . . . . .
        6. Punika leres tiyang-tiyang ingkang sami nenepi ing sacelaking rawa punika sami dipun . . . . . uling ?
        7. Rekadayanipun Yusuf sampun dipun . . . . . pangagengipun.
        8. Dereng ngantos rampung anggenipun damel babahan pandung punika sampun dipun . . . . . tiyang rondha.
        9. Namung prakawis arta Rp 25,00 kemawon dipun rencangi paben, boten lingsem dipun . . . . . tiyang sapeken.
        10. Prasapanipun Mahapatih Gajahmada dipun . . . . . Sang Prabu ing Majapait dalah para priyagung ingkang kaleres pinuju sami marak.

        lintoni

        santuni

        gantos

        lintu

        santun

        gantosi

        kenangi

        sumerepi

        tingali

        sekseni

        sumerep

        ketingali

        [ 91 ]D. Bocah nyuwun wuruk marang wong tuwane iku jeneng wis samesthine. Nanging ana kalane wong tuwa njaluk wuruk marang anake; lha iki sing klebu ing saloka; Kebo nusu gudel.

        Mara terang tegase saloka-saloka ngisor iki!

        1. Kebo mulih ing kandhange.
        2. Kebo lumumpat ing palang.
        3. Pecruk tunggu bara.
        4. Endhog kecepit ing watu.
        5. Palang mangan tandur.
        6. Kutuk marani sunduk.
        7. Kethek saranggon.
        8. Kemladeyan ngajak sempal.
        9. Iwak klebu ing wuwu. Sapu ilang suhe.

        1. Dadekna ukara tanggap !

        a. Nyata nyuwekake bukuku.

        b. Ibu nimbali mas Aru.

        c. Jarot nggawakake tase Mingun.

        d. Salekan ngilekake banyu.

        e. Godril njothak Paat.

        2. Dadekna ukara tanduk !

        a. Anggreke disirami Fatonah.

        b. Gathot didukani Pak Mantri.

        c. Bukuku diilangake Petrus.

        d. Ambar digoncengake Sinta.

        e. Murti didangu Pak Guru.

        3. Ukara-ukara iki udhalen manut lungguhe !

        a. Ibu mundhut jamu.

        b. Lik Lanjar ndandosi pager.

        c. Bapak nawu blumbang.

        Mbs-1- 91

        [ 92 ]
        1. Yohan nambal ban.
        2. Gelase dipecahake Parwati.


        IV. Ngarang

        Gawea karangan awujud pacelathon, miliha irah-irahan salah siji ing ngisor iki !
        1. Dhemen Tetulung.
        2. Upacara Pengetan Dina Pahlawan.
        3. Perayaan Tutupan Tahun.


        V. Maca lan nulis aksara Jawa

        Wacanen/tembangna banjur turunen !
        ꧋ꦩꦼꦒꦠꦿꦸꦃ꧉

        ꧋ꦱꦭꦺꦴꦏꦤꦺꦒꦼꦤꦶꦠꦤ꧀ꦠꦼꦝꦱ꧀ꦲꦶꦁꦧꦚꦸ꧈

        ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦸꦫꦸꦧ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦠꦧ꧀ꦏꦁꦱꦶꦗꦶ꧈

        ꦠꦁꦒꦥ꧀ꦥꦤꦩꦤꦶꦱ꧀ꦲꦫꦸꦩ꧀

        ꦠꦼꦩꦃꦱꦶꦉꦥ꧀ꦢꦢꦶꦲꦫꦶꦱ꧀

        ꦮꦸꦫꦸꦁꦢꦢꦶꦤꦺꦥꦢꦸꦢꦺꦴꦤ꧀꧈


        ( Tata Sastra )
        ***