Kridha Basa 2
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
BASA
2Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Telah disahkan penggunaannya di sekolah dengan
Keputusan Direktur Jenderal Pendidikan Dasar dan Menengah
Departemen Pendidikan dan kebudyaan
Nomor : 194/C/Kep/R/90
Tanggal : 16 Juli 1990
Berlaku : selama 5 (lima) tahun
Kridha Basa
2
Kanggé
Klas 2
Sekolah Menengah Umum Tingkat Pertama
(SMP)
Karacik déning
Siswadi
Edisi Kapisan
1988
PT INTAN - PARIWARA
Penerbit dan Percetakan
Hak cipta dilindungi undang-undang pada: Pengarang ______________________________________________________________________ Kantor Pusat: JI. Beringin, Klaten Utara, Kotif Klaten57438. |
Ngaturi wuninga, bilih buku Kridha Basa SMP punika ngewrat
racikaning wulangan basa Jawi ing SMP, kados ingkang kapacak wonten ing salebetipun Garis-garis Besar Program Pengajaran Bidang Studi Bahasa Jawa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan babaran Pungkasan.
Urutaning wulangan ing salebetipun buku punika kadamel cèples
kaliyan urut-urutaning pokok bahasan ingkang kawrat wonten ing salebetipun Garis-garis Besar Program Pengajaran (GBPP) punika.
Pamrihipun, sageda nggampilaken para kadang guru saha para anak
murid ingkang sesarengan nindakaken kegiatan belajar mengajar bidang
studi basa Jawi.
Latihan saha garapan ingkang kapacak wonten ing salebetipun buku punika kacawisaken kanggé para anak murid wonten ing sekolahan punapa déné wontén ing griya, minangka garapan kokurikuler. Sami kawuningan bilih garapan kokurikuler ingkang kacawisaken saha dipun tandangi ing samesthinipun punika nyengkuyung lumampahipun cara sinau ingkang kawastanan Cara Belajar Siswa Aktif (CBSA), ingkang tundonipun ndayani rumesepipun wulangan saged tumanem wonten ing telenging manahipun para anak murid, wekasan para anak murid saged munpangataken wohing wulangan punika ing saprayoginipun.
Kula pitados, buku punika taksih kathah kirang saha cèwètipun.
Awit saking punika sadaya panyaruwé badhé kula tampi kanthi bingahing manah lan atur panuwun ingkang tanpa upami.
Panutuping atur, mugi-mugi buku Kridha Basa SMP punika saged suka sumbangsih sawatawis tumrap ajenging basa, bangsa lan nagari.
Nuwun.
Klaten |
Aturipun pangracik
|
Bebukaning Atur |
i |
Wulangan ka-1 |
1 |
Wulangan ka-2 |
8 |
Wulangan ka-3 |
14 |
Wulangan ka-4 |
21 |
Wulangan ka-5 |
28 |
Wulangan ka-6 |
35 |
Wulangan ka-7 |
42 |
Wulangan ka-8 |
49 |
Wulangan ka-9 |
55 |
Wulangan ka-10 |
63 |
Wulangan ka-11 |
69 |
Wulangan ka-12 |
76 |
Kapustakaan |
84 |
I. A. Wacanen kang patitis!
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Agung | : | Mbak, Mbak, mbok aku diajari! |
Asih | : | Diajari apa, Dhik? |
Agung | : | Carané sinau. Bèn bijiku apik kaya bijiné Mbak Sih. |
Asih | : | Genah bijimu ya wis apik ngono kok, |
Agung | : | Mbok ora ngenyèk, Mbak. Mbak Sih rak ya ngerti ta, yèn bijiku pas-pasan. Kurang sethithik baé, aku ora munggah lho, Mbak. |
Asih | : | Dadi, karepmu bèn bijimu luwih apik tinimbang sing uwis-uwis. Ngono pa piye? |
[ 2 ]
Agung | : | Hee. Oraa juwara. ning mbokya katut sepuluh besar. Ora ajeg pethit kaya sing uwis-uwis. |
Asih | : | Gampang, Dhik. Takkandhani ya! |
Agung | : | Iya, Mbak |
Asih | : | Sing wigati, wong sinau kuwi ora mung angger maca. |
Agung | : | Lha terus piyé. Mbak? |
Asih | : | Yèn mung waton maca, janji ora wuta sastra, ora buta huruf, angger uwong mesthi bisa. Wong sinau kuwi karepé rak karebèn apal, mudheng. cemanthèl, lan bisa nindakaké isiné sing disinau, ta? Iya ora? |
Agung | : | Hee, Mbak. Ning... |
Asih | : | Ning piyé? |
Agung | : | Ya nggon karebèn apal, mudheng, lan cemanthèl kuwi sing-angèl. |
Asih | : | Supaya gampang apal. mudheng, lan cemanthèl olèhmu maca kudu bola-bali,tur pirang-pirang rambahan |
Agung | : | Bola-bali,tur pirang-pirang rambahan ki piyé ta, Mbak, karepé? |
Asih | : | Ngéné. Upamané, dina iki kowaca pindho, sesuk. kowaca manèh pindho, lan bésuk embèn kowaca pindho manèh, Kuwi jenengé kowaca pindho, telung rambahan. Kuwi éntuk-éntukané béda banget karo yèn kowaca ping nem ning mung sarambahan. Wis mudheng ta, Dhik? |
Agung | : | Wis, aku wis mudheng. Terus piyé, Mbak? |
Asih | : | Kajaba kudu kowaca bola-bali tur marambah-rambah, yèn wulangan mau ana gambaré, upamané gambar kar utawa pela, gambar kuwi kudu kotamataké sing tenan. |
Agung | : | Bèn apa, Mbak? |
Asih | : | Padhané kaé lho, Dhik, Yèn kowé kenalan karo uwong, yèn kowé weruh wongé tur ketemuné bola-bali, mesthi gampang kêlingan. Nanging yèn ketemumu arang-arang, saya yèn mung sepisan ji, kowé mesthi pampang pangling. |
[ 3 ]
Agung | : | Bener, Mbak, kandhamu. |
Asih | : | Kajaba kuwi, karo maca mau yèn kowé nanggori tembung-tembung sing wigati, utawa ukara-ukara sing dadi bakuning gagasan, tembung utawa ukara-ukara kuwi wènèhana tenger. Upamané kogaris ngisoré, utawa koemblok nganggo pulas. |
Agung | : | Utawa diemblok nganggo, apa Mbak kaé jenengé? Stabillo? |
Asih | : | Hee upamané nganggo stabillo. Sabanjuré, yèn kowé wis rumangsa apal lan mudheng, nyobaa gawé pitakon-pitakon sing magepokan karo bab utawa prakara sing kowaca kuwi. Pitakon-pitakon kuwi wangsulana dhéwé. Kanthi Cara-cara kuwi kowé mesthi cepet mudheng tur cemanthèl. Cobanen! |
Agung | : | Iya, Mbak arep tak coba. Manik muwun ya, Mbak. |
Asih | : | Ngono wé thik ndadak nganggo matur nuwun barang. |
Agung | : | Lha piyé, diajani apa ora matur nuwun. |
Asih | : | Ya wis, padha padha. |
B. Wangsulana kang patitis!
- Agung njaluk diajari apa?
- Généya Agung njaluk diajari carané sinau?
- Sing uwis-uwis bijiné Agung kepriyé?
- Wong sinau kuwi ora kena mung angger apa?
- Coba critakna ringkes baé piyé carané sinau sing becik!
C. Wacanen sing patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!
- Sing wigati, wong sinau kuwi ora mung angger maca.
- Kula matur saleresipun, kula boten matur dora.
- Yèn wulangan kuwi ana gambaré, gambar kuwi tamatna!
- Mbak, aku ajarana carané sinau sing becik!
- Oraa juwara ning mbokya katut sepuluh besar. [ 4 ]
II. A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana, tembung sing cocog, sing cumawis ing sisih tengen!
|
|
B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!
|
6. lès |
III. Tuladha:
|
(ukara tanduk tanpa lésan) |
A.Ukara-ukara iki aranana jenengé kaya tuladha ing dhuwur!
- Maryam kramas. [ 5 ]
- Siti ngramasi adhiné.
- Nunung dikramasi mbakyuné.
- Bayu digoncèngaké Bima.
- Ratih nggoncèngaké Wahyuni,
- Pakdhé lagi saré.
- Budhé durung kondur.
- Dhik Bawa didukani Bulik.
- Sinta ditimbali Bu Guru.
- Tarmana sida lunga.
B. Tembung-tembung iki gawénen ukara sing luwes, lan aranana jenengé ukara apa!
- adus
- ngedusi
- didusi
- ndhelik
- ndhelikaké
- didhelikaké
- mangan
- makani
- dipakani
- dipakakaké
IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!
- Agung tuku jagung.
- Sapar ajar ngarang.
- Ratih durung mulih.
- Wahyu nyilih bukuku.
- Budhé durung rawuh.
- Kadir lunga ngalor.
- Galuh gawé juruh.
- Sukir cengar-cengir.
- Garèng bocah cèngèng.
- Salèh kejegur sumur. [ 6 ]V. Tuladha:
-
a. Jayus dipun dukani Pak Guru amargi boten numpuk PR. (ukara krama alus)
b. Jayus didukani Pak Guru amarga ora numpuk PR. (ukara ngoko alus)
A. 'Ukara-ukara krama alus ing ngisor iki owahana dadi ngoko alus!
- Agung dipun pundhutaken Pakdhé sepatu rodha.
- Dhik Andri dipun timbali Bulik. dipun paringi angsal-angsal.
- Mas Langgeng dipun dangu Budhé prekawis sératipun Mbak Anggit.
- Griyanipun Lik Landhung, pekawisan. lan rajakayanipun. sedaya dipun pundhut Bapak.
- Ibu mundhut durèn, badhé dipun caosaken Bu Camat.
- Dhuwungipun Pakdhé dipun agem Bapak.
- Titihanipun Bapak dipun pundhut ngampil Pakdhé.
- Coklat susunipun dipun unjuk Budhé, kopinipun dipun unjuk Pakdhé.
- Kula dipun timbali Embah, dipun ngendikani kathah-kathah bab anggèn kula badhé nglajengaken sinau dhateng manca negari.
B. Gawea ukara krama alus utawa ngoko alus, nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
- dipun midhangetaken
- dimidhangetaké
- dipun ngendikakaken
- dingendikakaké
- dipun dhèrèkaken
- didhèrèkaké
- dipun dhawuhaken
- didhawuhaké
- dipun paringaken
- diparingaké [ 7 ]VI. Rembugané Agung karo Asih ing wacan ing dhuwur apalna karo
kancamu ana ing ngarep klas! Kowé dadi Agung, kancamu dadi Asih. Utawa, kowe sing dadi Asih, kancamu sing dadi Agung.
7
I. A. Wacanen batin!
Ing èrèng-èrènge Gunung Lawu iring kidul wétan ana tlaga, jenenge Tlaga. Sarangan. Yen diétung saka lumahing segara, papan dununge Tlaga Sarangan kuwi kegolong dhuwur, watara 1.300 meter. Saka Mediyun, dohé Tlaga Sarangan watara 41 kilometer. Yèn arep menyang Tlaga Sarangan, yèn numpak bis mung bisa tekan Désa Ngerong. Jalaran, saka Ngerong kono dalané wiwit ndeder. Saka Ngerong kepeksa disambung laku dharat, nunggang jaran, utawa numpak montor cilik.
Yèn trima mandheg ana ing Ngerong, ing kono ana papan kanggo seneng-seneng, wujude blumbang kanggo langèn, jenengé "Taman Tirta". Saben dina, luwih-luwih ing dina [ 9 ]Minggu, akèh wong padha langèn ana ing Taman Tirta. Yèn wis katog anggoné padha lelangèn, yèn kepéngin memangan ing Ngerong uga ana rèstorané. Sing kepéngin nginep, ing kono uga disedhiyani hotèl utawa omah panginepan.
Sarangan kuwi hawané adhem, nanging ora nganti njekut. Mula, cocog banget kanggo papan palancongan utawa papan patirahan, ora béda karo Pacet, Trètès, Tawangmangu, Baturadèn, lan Puncak.
Tlaga Sarangan kuwi jeroné watara 30 meter, banyuné anyep kaya ès. Mula, ora kena kanggo adus utawa kanggo langèn. Sing kepéngin seneng-seneng, ing tlaga disedhiyani prau séwan cilik-cilik manéka warna. Sing ora wani praon ora perlu kuwatir. Ing kono para palancong bisa ngemataké éndahing sesawangan karo mlaku-mlaku utawa nunggang jaran liwat dalan sing ngupengi tlaga sing dawané watara 3 kilometer.
Tlaga Sarangan kuwi banyuné ora tau asat. Mangsa ketiga lan mangsa rendheng banyune ajeg agung, kimplah-kimplah bening biru maya-maya. Sababé ora liya déné alas ing sakiwa tengené tlaga kuwi kopen banget, ora dicecamah ing tangan-tangan nggrathil, tangane wong-wong sing ora tanggung jawab marang lestarining alam.
Alas ing sakiwa-tengené Tlaga Sarangan kuwi saliyané ngayomi tandon banyu tuking Tlaga Sarangan, uga muwuhi segering hawa ing papan kono. Kajaba saka kuwi, sarèhné ajeg ditata lan diupakara, alas mau uga ngimbuhi asri lan éndahing sesawangan.
B. Wangsulana kang patitis!
- Tlaga Sarangan kuwi dunungé ana ngendi?
- Pira dhuwuré Tlaga Sarangan saka lumahing segara?
- Généya tumpakan gedhé saka Mediyun menyang Tlaga Sarangan kudu mandheg ana ing Ngerong?
- Généya Tlaga Sarangan ketiga rendheng banyune ora tau asat?
- Apa sing bisa ngimbuhi éndahé Tlaga Sarangan?
9
1. | a. | Tlaga Sarangan kuwi banyuné anyep kaya ès. |
b. | Tlaga Sarangan kuwi banyuné kepriye? | |
2. | a. | Sing kétok kelap-kelip kaé menara Stasiun Pemancar TV. |
b. | Sing kétok kelap-kelip kaé apa? | |
3. | a | Tlaga Sarangan kuwi jeroné watara 30 mèter. |
b. | Tlaga Sarangan kuwi jeroné pirang mèter? | |
4. | a. | Ing dina Minggu akèh wong padha langèn ing “Taman Tirta”". |
b. | Kapan akèh wong padha langen ing “Taman Tirta”? | |
5. | a. | Sing numpak jaran ngubengi Tlaga Sarangan kaé Endra. |
b. | Sing numpak jaran ngubengi Tlaga Sarangan kaé sapa? |
II. Tuladha:
a. Tanah paredèn punika hawanipun....
b. Tanah paredèn punika hawanipun seger.
A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog sing cu-
mawis ing sisih tengen!
1. Ketiga rendheng Tlaga Sarangan kuwi banyuné ajeg....ora tau....
|
a. miring b. adhem c. mbiyet d. ledhung-ledhung e. loh f. anyep g. agung h. asat
|
- mendhungé ngendhanu
- udané deres
- anginé sumiyut
- panasé sumelèt
- lemahé nela
III. Tuladha:
a. | Tlaga Sarangan kuwi/amba. | ||
Tlaga Sarangan kuwi | = | jejer | |
amba | = | wasésa (tembung kaanan) | |
b. | Kaé/Gunung Lawu. | ||
Kaé | = | jejer | |
Gunung Lawu | = | wasésa (tembung aran) | |
c. | Putrané Bulik/loro. | ||
Putrané Bulik | = | jejer | |
loro | = | wasésa (tembung wilangan) | |
d. | Ibuné Ratih/kaé. | ||
Ibuné Ratih | = | jejer | |
kaé | = | wasésa (tembung sésulih panuduh) |
A. Ukara-ukara iki udhalen lan terangna kaya tuladha ing dhuwur!
- Bapak kula pulisi.
- Ibu kula guru.
- Toyanipun bening.
- Redi Lawu punika inggil.
- Buku kula punika.
- Bukunipun Kholil kathah.
- Maésanipun Pakdhé gangsal.
- Sitinipun loh.
|
|
IV. Tuladha:
Tlaga Sarangan | = | ꦠ꧀ꦭꦒꦱꦫꦔꦤ꧀
|
Jago kluruk | = | ꦗꦒꦺꦴꦏ꧀ꦭꦸꦫꦸꦏ꧀
|
Tulisen nganggo aksara Jawa!
- iki klungsu
- obor blarak
- ajar nglangi
- Jumuwah Kliwon
- pating kléwér
- betah slulup
- kena blethok
- gawé dhingklik
- pating dlemok
- pating dlèwèr
V. Tuladha :
a. Tlaga Sarangan iku dunungé ana ing èrèng-èrèngé Gunug Lawu iring kidul wétan. (ngoko lugu)
b. Tlaga Sarangan punika dunungipun wonten ing èrèng-èrèngipun Redi Lawu iring kidul wétan. (ngoko lugu)
Wacan ing dhuwur, Tlaga Sarangan, owahana nganggo basa krama lugu, kaya tuladha! [ 13 ]
VI. Wacanen kang patitis, banjur apalna ana ngarep klas!
Telung atus sèket warsa
Dijajah bangsa Walanda
Saindhenging Nuswantara
Uripé kalunta-lunta
Gumrégah adreng pra warga
Mbudi daya mrih merdika
Wus klakon ambangun praja
Adhedhasar Pancasila
Nggayuh urip kang sempurna
Cukup sandhang klawan boga
Tata tentrem tur raharja
Tan kurang sawiji apa
(Suwito, Kembang Setaman,
PT Intan Pariwara, 1983)
I. A. Wacanen batin!
Tiyang gesang punika betah srawung kaliyan tiyang sanès. Menawi kapurih milih: dipun bruki bandha nanging babar pisan boten kénging srawung kaliyan tiyang sanès, punapa radi kirang sawatawis nanging srawungipun ombèr, limrahipun temtu milih ingkang angka kalih.
Ing salebetipun pasrawungan, tiyang saged nglairaken pamanggihipun, saged ngesokaken raosing manahipun, punapadéné saged ngedalaken pepénginanipun dhateng tiyang sanès. Kosokwangsulipun, ing salebeting pasrawungan tiyang saged mangertos pamanggihipun tiyang sanès, saged mangertos isining manahipun tiyang sanès, lan saged mangertos pepénginan utawi [ 15 ]kekajenganipun tiyang sanès.
Pirantos kanggé sesambetan antawisipun tiyang satunggal lan satunggilipun inggih punika basa.
Tiyang sesambetan utawi srawung kaliyan tiyang sanès punika saged kanthi aben ajeng, nanging ugi saged alantaran sarana. Sarana punika ing salebetipun jaman majeng punika limrah kawastanan sarana komunikasi. Tembung sarana komunikasi punika tembung basa Indonesia. cara jawinipun kirang langkung ateges pirantos kanggé sesambetan. Wondéné sarana komunikasi, utawi pirantos kanggé sesambetan punika upaminipun pesawat télévisi, radhio, lan koran utawi serat kabar.
Sapunika sedaya tiyang ing sadhengah papan, ingkang sami manggèn ing kitha ageng, ingkang sami dedunung ing kitha alit, punapadéné ingkang sami mapan ing dhusun-ngadhusun, sadaya sami tepang kaliyan télévisi, radhio, lan koran utawi serat kabar puníka. Sapunika télévisi, radhio, lan serat kabar punika sampun dados kabetahaning ngakathah. Kathah kemawon tiyang ingkang gesangipun ing saben dintenipun rumaos dereng jangkep, namung jalaran dèrèng maos koran ingkang medal ing dinten punika.
Koran mekaten isinipun warni-warni. Upaminipun pakabaran bab kedadosan ing saindenging bawana ingkang kalebet wigatos. Koran ugi ngewrat kawruh warni-warni, upaminipun kawruh tetanèn, kawruh bab kasarasan, bab panggulawenthah, babagan ekonomi, lan kabudayan.
Mila, lumebetipun koran ing dhusun-ngadhusun punika saestu badhe ndayani rancaging lampahipun pembangunan ing dhusun ngriku. Awit, lumebetipun koran ing dhusun njalari indhaking seserepanipun para warganing dhusun ing bab punapa kemawon.
B. Wangsulana kang patitis!
- Wong urip butuh apa?
- Apa munpangaté srawung karo wong liya?
- Piranti kanggo srawung jenengé apa?
- Yen ora bisa adu arep, wong srawung nganggo sarana apa?
- Sarana komunikasi kuwi upamané apa?
- Layang kabar kuwi isiné apa baé? [ 16 ]C. Wacanen kang patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!
- Juru ngarang ing layang kabar jenengé jurnalis.
- Kawruh sing gegayutan karo pakaryané juru ngarang jenengé jurnalistik.
- Kaum dagang lan sapa baé sing masang adpertensi, iklan, utawa pariwara ing layang kabar kudu mbayar ragad.
- Sing niti lan nata karangan ing layang kabar jenengé redhaktur.
- Yèn maos layang kabar, Bapak remenané maos rubrik kabar saka manca negara, Ibu remenané maos rubrik panggulawenthah, aku lan adhiku seneng maca rubrik olahraga.
II. A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog, sing cumawis ing ngisor!
- Nyai Madurasa winisudha dadi lurahé para . . . . déné Ki Citratanaya dadi lelurahé para juru taman.
- Wong sing pinatah ngreksa pakuburan utawa papan sing kramat jenengé . . . .
- Ora ana . . . sing gelem nyabrangaké Kleting Kuning jalaran Kleting Kuning ambuné blarongan.
- Layang kabar kuwi kongkonan . . . ndhèrèkaké tindaké Bapak Presiden menyang manca negara.
- . . . klurahan jenengé Sèkretaris Désa.
- Bapak lan Ibu kuwi pindhané nakodha lan . . . .
- Aturé . . . . sing bisa nyirep pageblug kuwi randha, katelah parab Mbok Randha Girah.
- Wong sing nglantaraké gunemané wong loro sing padha déné ora ngerti basané jenengé . . . .
|
|
|
|
III. Tuladha:
Ing sajroning pasrawungan, uwong bisa nglairaké panemuné, lan uga bisa nyumurupi panemuné wong liya.
nglairaké = (a)ng + lair + aké
nyumurupi= (a)ny + sumurup+ i
A. Tembung-tembung sing ana ing sajroning kurung ing ngisor iki wènèhana ater-ater anuswara lan panambang aké, utawa ater-ater anuswara lan panambang i!
- Para jurnalis padha (kirim) warta marang tetuwaning redhaktur.
- Wataké satriya tama sirik (oncat) mungsuh.
- Aja kulina (rèmèh) penemune wong liya.
- Bulik kagungan kersa (sewindu) putrané ragil.
- Darmi menyang pasar (patri) manci.
- Jam lima ésuk Gandhung wis tangi, banjur (sapu) lataré.
- Sapa sing (bukak) lawang kowé mau bengi?
- Aku didhawuhi Pakdhé (kanca) Mas Bima tunggu omah.
- Sapa sing (suwèk) sarungku iki mau?
- Bubar dandan, Narsih banjur (dandan) adhiné.
B. Gawéa ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
|
|
crita | : | nyritakaké | : | ꦚꦿꦶꦠꦏ꧀ꦲꦏꦺ
|
cithak | : | nyithakaké | : | ꦚꦶꦛꦏ꧀ꦏꦏꦺ
|
kirim | : | ngirimaké | : | ꦔꦶꦫꦶꦩ꧀ꦩꦏꦺ
|
kabar | : | ngabari | : | ꦔꦧꦂꦫꦶ
|
teka | : | nekani | : | ꦤꦼꦏꦤ꧀ꦤꦶ
|
pakan | : | makani | : | ꦩꦏꦤ꧀ꦤꦶ
|
Tulisen nganggo aksara Jawa!
|
|
V. Tuladha:
a. | Kula ajeng tuku koran, dika titip napa boten. (basa madya ngoko) |
b. | Kula ajeng tumbas koran, sampéyan titip napa boten. (basa madya krama) |
c. | Kula badhé tumbas koran, sampéyan titip punapa boten. (basa krama lugu) |
- Dhik, sing dodol koran, dika mandheg sedhela, Dhik!
- Enggih, Dhik, sampéyan mandheg, kula nggih ajeng tumbas.
- Koran napa mawon ta, Dhik, sing dika beta niku?
- Pepak, Mas. Pos Kota, Kompas, Suara Pembaruan, Suara Merdeka, mangga sampéyan pilih piyambak.
- Niki rak anyar kabèh ta?
- O, sedaya énggal, Mas. Koran menawi sampun wayu boten pajeng.
- Dhik, kula tumbas setunggil. Ngga, niki sampéyan jujuli.
- Kula nggih tuku siji, ngga niki dhuwité dika jujuli.
Ukara-ukara iki owahana nganggo basa krama lugu!
- Kula ajeng nonton bal-balan, dika mèlu napa boten.
- Dika niki wau seking pundi, yah kèten kok empun dugi ngriki.
- Dika niku pripun, kok gendhulak-gendhulik kaya sida kaya ora.
- Empun, nggih, kula mulih dhisik. Dika padha tutugké oleh dika padha wédangan.
- Kula enteni teng cakruk kidul désa, mengké dika nusul.
VI. Ariwarti lan kalawarti basa Jawa
Wiwit nalika bangsa Indonesia isih kajajah ing Bangsa Walanda, ing kéné wis kababar majalah utawa kalawarti abasa Jawa. Kalawarti sing tuwa dhéwé yaiku kalawarti Kejawèn sing wiwit kababar dhèk taun 1926. Sekawit kalawarti Kejawèn kuwi metuné seminggu sepisan, nanging wiwit taun 1938 metuné mung rong minggu sepisan. Sawisé Kejawèn, dhèk taun 1933 ing Surabaya kababar kalawarti abasa Jawa uga, jenengé kalawarti Panyebar Semangat.
Kuciwa, dhèk jaman Jepang kalawarti Kejawèn lan kalawarti Panyebar Semangat kuwi diendheg, ora kena kababar manèh. Lagi wiwit taun 1949 kalawarti Panyebar Semangat wiwit kababar manèh, nganti tekan sepréné.
Sawisé bangsa Indonesia ngumandhangaké kamardikané, ing [ 20 ]Indonesia dadi saya akèh kababar kalawarti abasa Jawa. Kalawarti-kalawarti abasa Jawa kuwi upamané:
- Jaya Baya, kababar wiwit sasi Desember 1945. Sekawit kababar ing Kediri, nanging ora suwé banjur pindhah kababar ing Surabaya.
- Mekarsari. kababar wiwit taun 1957 ing Ngayogyakarta.
- Waspada, kababar ing Ngayogyakarta wiwit taun 1952.
- Cendrawasih, kababar wiwit taun 1957 ing Surabaya.
- Crita Cekak, kababar ing Surabaya wiwit taun 1955.
- Gotong Royong, kababar ing Surabaya wiwit taun 1963.
- Candra Kirana, kababar ing Surabaya wiwit taun 1964.
A. Wacanen batin!
Sasampunipun ing salebetipun tigang atus sèket taun tanpa kendhat mbudidaya uwal saking regemaning penjajah, kala tanggal 17 Agustus taun 1945 bangsa Indonesia kelampahan saged ngumandhangaken kamardikanipun dhateng bangsa-bangsa sanès ing saindenging bawana. Bangsa Indonesia lajeng ngedegaken negari ingkang mardika, Negari Kesatuan Republik Indonesia ingkang adhedhasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar taun 1945, kacekak UUD 1945. Kamardikan sampun kecepeng. Sapunika mulya utawi sengsaranipun bangsa Indonesia gumantung wonten ing tanganipun bangsa Indonesia piyambak, boten gumantung wonten ing tanganipun bangsa sanès. [ 22 ] Kuciwa, dèrèng ngantos saged nindakaken rancangan mbangun bangsa lan negari, wonten-wonten kémawon rubéda ingkang ngreridhu adeging negari Republik Indonesia ingkang adhedhasar Pancasila lan UUD 1945 punika. Rubéda punika upaminipun lumebetipun bangsa Walandi dhateng negari Republik Indonesia, kanthi sedya badhé njajah negari lan bangsa Indonesia malih. Boten namung punika, dalasan Partai Komunis Indonesia (PKI) ugi nyaru wuwus. Kala taun 1948 PKI brontak: PKI badhé njongkèng panguwaos. PKI badhe ngebrukaken adeging negari Republik Indonesia ingkang adhedhasar Pancasila. PKI kepéngin nyingkiraken dhasaring negari Pancasila, kagantos komunisme. Nadyan kala semanten bangsa Indonesia nedheng-nedhengipun prangtandhing mengsah bangsa Walandi ingkang kepéngin wangsul njajah bangsa Indonesia malih, awit saking kemirahaning Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, bangsa Indonesia saged mbirat rubéda mbrastha pambalelanipun PKI punika.
Pambudidayanipun bangsa Indonesia saged angsal damel. Walandi nungkul. Nanging, taksih wonten-wonten kémawon rubeda ingkang ngreridhu adegipun negari Republik Indonesia. Pranyata. PKI ugi boten kapok. PKI taksih mbudidaya kanthi cara punapa kemawon badhé ngendhih panguwaos lan badhé nggantos dhasaring negari Pancasila.
PKI rumaos sampun kiyat. Kala tanggal 30 Sèptèmber malem tanggal 1 Oktober taun 1965 wanci bangun énjing, PKI damel ontran-ontran malih. Grombolaning PKI ingkang mémba-memba utusanipun Presiden manggihi Bapak-bapak Jéndral ingkang saweg sami sakéca-sakécanipun saré.
Kanthi rudapeksa Bapak-bapak Jéndral punika dipun wungu lajeng dipun prajaya. Wontenipun PKI ngawontenaken ontran-ontran ngantos mentala mrajaya para pangagenging bangsa, punika boten senès jalaran selak kepéngin nyepeng panguwaosing negari, saha nggantos dhasaring negari Pancasila. Nanging, salaminipun, tindak dursila punika boten badhé tumama dhateng barang ingkang leres. Semanten ugi tindak [ 23 ]dursilanipun PKI. punika ugi boten wonten keparengipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi. Sakathah-kathahipun ingkang sami ngrojongi tindak dursilanipun PKI, pranyata taksih langkung kathah ingkang ngrungkebi adeging dhasaripun negari inggih punika Pancasila.
Boten gantalan dinten, ing tanggal 1 Oktober wanci sonten, pambalélanipun PKI kanthi grombolanipun ingkang lajeng kawastanan Gerakan 30 Sèptèmber/PKI utawi kacekak G 30 S/ PKI sampun saged katumpes. Saking satunggal, gembongipun G 30 S/PKI saged karingkus. Negari Indonesia saking sakedhik wangsul pulih tentrem, Pancasila lestari langgeng dados dhasaring negari. Minangka pènget, tanggal 1 Oktober lajeng winisudha dados dinten ageng, kawastanan hari Kesaktian Pancasila.
B. Wangsulana kang patitis!
- Pancasila kuwi dadi dhasaring negara. Apa tegesé?
- Kejaba dadi dhasaring negara, Pancasila uga dadi paugeraning uripé bangsa Indonésia. Apa tegesé?
- Apa maksudé PKI brontak dhèk taun 1948?
- Sapa sing dadi dhalangé pemberontakan G 30 S?
- Généya tanggal 1 Oktober ditetepaké dadi hari Kesaktian Pancasila?
C. Ukara-ukara ing ngisor iki wacanen sing patitis, cekakaning tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!
- Gerakan tanggal 30 Sèptèmber kuwi sing ndhalangi PKI. mula banjur diarani G 30 S/PKI.
- Kuliah UT kala-kala digiyaraké liwat TVRI.
- KUD nyepaki para among tani rabuk, bibit, lan kebutuhané para among tani liyané.
- Yèn butuh pawitan kanggo bakulan golèka utangan menyang BRI.
- AMD kuwi cekakané tembung ABRI Masuk Desa.
Dhemen tulung-tinulung kuwi watake bangsa Indonesia.
A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog, sing cumawis ing ngisor!
- Sing... karo kanca sanak sedulur lan tangga teparo.
- Srawung karo kanca kudu gelem ..., ora kena mburu menangé dhéwé
- Srawung karo sapa baé kudu ... siji lan sijiné ora kena padha ngrèmèhaké liyan.
- Yèn ana gèsèhing penemu kudu dirampungaké kanthi...
- .... marang Gusti Allah tegesé nindakaké sakabèhing dhawuhing Allah lan nyingkiri pepacuhing Allah.
b. rukun
c. musyawarah
d. mong-kinemong
B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!
- tepa slira
- gotong royong
- atut runtut.
- sih-sihan
- manjing ajur ajèr
III. Tuladha:
- Dhèk taun 1948 PKI brontak lan dhèk taun 1965 PKI brontak manèh.
- Tanggal 1 Oktober hari Kesaktian Pancasila, tanggal 5 Oktober hari Angkatan Bersenjata Republik Indonesia.
Ukara kapisan jenengé ukara camboran (mawa tembung panggandhèng). Ukara kapindho jenengé ukara camboran (tanpa tembung panggandhèng). [ 25 ]A. Ukara-ukara-camboran tanpa tembung panggandhèng ing ngisor iki wacanen kang patitis, banjur gawéa tuladha liyané lima baé!
- Bèbèké Dira selawé, bèbèkku satus.
- Tegalé Duryat ditanduri semangka, tegalé Parmun ditanduri timun.
- Wisnu arep nonton bal-balan, aku dikon ngampiri.
- Ibu mundhut rambutan, arep kanggo olèh-olèh.
- Nining lara, aku nggolèkaké tamba.
B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung panggandhèng sing cocog!
- Aku diulemi ... ora nganggo layang.
- Tanduré dirabuk ... dilebi.
- Andri adus ... dandan.
- Dhèk wingi Tarmana dipundhutaké Embah tas ... saiki dipundhutaké sepatu.
- Gathot ndhisiki mulih, ... pit lan buku-bukuné ditinggal dikon nggawa aku.
- Pitik baé ora doyan, ... aku, uwong.
- Gunung Semèru kuwi dhuwur, ... isih kalah dhuwur karo Gunung Kinibalu.
- Aku dikon methuk Bawa nèng Jakarta, ... pojok pèrèngé Jakarta baé aku durung weruh.
|
|
V. Wacanen banjur turunen!
- ꧋ꦧꦺꦴꦁꦱꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧉ [ 26 ]
- ꧋ꦱꦱꦶꦄꦥꦿꦶꦭ꧀꧈
- ꧋ꦱꦱꦶꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ꧉
- ꧋ꦤꦒꦫꦈꦱ꧀ꦠꦿꦶꦪꦃ꧉
- ꧋ꦧꦛꦫꦌꦤ꧀ꦢꦿ꧉
- ꧋ꦠꦁꦒꦭ꧀꧇꧓꧐꧇ꦱꦺꦥ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧙꧖꧕꧇꧉
- ꧋ꦠꦁꦒꦭ꧀꧇꧒꧐꧇ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧙꧕꧙꧇꧉
- ꧋ꦠꦁꦒꦭ꧀꧇꧑꧗꧇ꦱꦱꦶ꧇꧕꧇ꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧙꧕꧖꧇꧉
26
- Rawé-rawé rantas,.......
- Sepi ing pamrih,.....
- Jer basuki ..........
- Sabaya mati,..........
- Rukun agawé santosa,....
- Becik ketitik,....
- Nglurug tanpa bala, ............
- Sadumuk bathuk, ............
- Sura dira jayaning rat..........
- Dèn asih..........
VI. Tuladha:
Kinanthi
(guru lagu lan guru wilangané: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i)
Nadyan asor wijilipun,
yen kalakuwané becik,
utawa sugih carita
carita kang dadi misil,
iku pantes parekana, porte
kurohibe disa karoge
darapon mundhak kang budi
Garapan
- Tembang Kinanthi sapada ing dhuwur kuwi tembangna bebarengan!
- Gawéa tembang Kinanthi sapada baé, isiné ngandharaké manawa Pancasila kuwi dadi dhasaring negara Republik Indonesia, dadi jiwa sarta dadi watak/kapribadèné bangsa Indonesia.
27
I. A. Wacanen kang patitis!
Murni | : | Piyé, Mas, seneng nèng Sumatra? |
Bima | : | Seneng, Dhik. |
Murdanu | : | Seneng endi karo nèng kéné? |
Bima | : | Padha baé, Dhik. Ning, ya pancèn ana bédané. |
Murni | : | Piyé ta, Mas Bima ki. Jaré padha baé, ning kok ana bédané. |
Bapak | : | Terangna, Bim, adhi-adhimu kuwi, bèn marem! |
[ 29 ]
Bima | : | Inggih. Paklik. Ngéné. Dhik. Sing dakkarepaké padha baé kuwi bab senengé. Lha sing dakkarepaké ana bédané kuwi bab kaanané Sumatra karo kaanané tanah Jawa kéné. Dakcritani ya. Tanah Jawa kéné iki wongé wis jejel riyel. papané wis sumpeg, lemah garapané pak tani. ciyut-civut. Béda karo Sumatra. Sumatra kuwi pendhudhuké rata-rata isih arang, papan ing kana isih jembar. lemah garapané bapak- bapak tani amba-amba. |
Murni | : | Cocog. Mas, kuwi, karo critané pak guruku. Pak guruku IPS ya ngendika ngono. |
Murdanu | : | Biyèn piyé ta. Mas, kok Pakdhé. Budhé, lan Mas Bima boyong menyang Sumatra kuwi? |
Bima | : | Yèn bab kuwi Paklik mesthi luwih priksa. Kados pundi Paklik, critanipun? |
Bapak | : | Ngéné. Jan-jané budhalé bapakmu kuwi rak kepeksa, ning ya pancèn kebeneran. |
Murdanu | : | Kepeksa ning malah kleresan punika kados pundi ta, Pak. |
Murni | : | Mas Danu ki mesthi nyela-nyela lho. |
Murdanu | : | Selak kepéngin ngerti kok. |
Bapak | : | Lha rak padha grejegan dhéwé. Kebenerané ngéné. Wis suwé Pamaréntah rak kagungan ada-ada nganakaké transmigrasi, yaiku mboyongi kulawarga saka tanah Jawa menyang pulo-pulo liya saliyané Pulo Bali. |
Murdanu | : | Dhateng Pulo Bali kok boten, kénging punapa Pak? |
Murni | : | Lha, rak nyela-nyela manèh. |
Bapak | : | Sebab Pulo Bali pendhudhuké uga wis jejel riyel. Malah uga perlu diboyongi menyang liya pulo. Dadi, kebenerané, boyongé pakdhému budhému kuwi ngleksanani programé Pamaréntah. Kowé rak ngerti ta ancasé program transmigrasi kuwi? |
[ 30 ]
Murdanu | : | Menawi boten klèntu kanggé ngradinaken tenaga kerja, Pak. |
Bapak | : | Bener. Déné anané tenaga kerja kuwi kudu diratakaké supaya lakuné pembangunan nasional ing pulo siji lan sijiné ora pincang, sing tundoné idham-idhamané bangsa Indonesia nggayuh masyarakat sing adil lan makmur adhedhasar Pancasila UUD 1945, tumuli kaleksanan. |
Murni | : | Kala wau Bapak kok ngendika bilih tindakipun Budhé Pakdhé punika kepeksa punika kados pundi, Pak? |
Bapak | : | Pakdhému budhému kuwi jan-jané rak ora niyat arep boyong transmigrasi. Sabab, pakdhému ana kéné ngasta guru, budhému ngasta bidhan, lan sawah tegal uga kagungan. Nanging, sarèhné dalemé pakdhému, sekolahan panggonané ngasta, lan Puskesmas panggonané budhému dhines, lan uga sawah tegalé pakdhému budhému ketrajang proyek Wadhuk Gajahmungkur, pakdhému kepeksa budhal transmigrasi. |
Murni | : | Punapa transmigrasi bedhol désa ngaten punika, Pak? |
Bapak | : | Lha déné, kuwi Murni malah ngerti. |
Murni | : | Kula sampun dipun ngendikani Pak Guru bab transmigrasi bedhol désa punika kok, Pak. Nanging, kula boten mangertos bilih pakdhé kula piyambak kalebet. |
Bapak | : | Lha iya, wong Bapak ya ora tau crita. |
Bima | : | Nanging, pancèn leres ngendikanipun Paklik kala wau. Bidhalipun Bapak-ibu punika kepeksa nanging dadosipun malah kleresan. Setunggal taun kalih taun wonten ngrika Bapak-ibu pancèn kedah purun rekaos. Mekaten ugi para transmigran sanèsipun. Nanging, dangu-dangu inggih lajeng mapan, lan saya dangu pengajeng-ajeng sageda gesang ingkang |
[ 31 ]
langkung sekeca lan langkung mulya tumrap para putra wayah ing tembé wingking, sanès pangajeng-ajeng ingkang ngayawara. | ||
Murdanu | : | Yèn ngono bener ya. Mas, pènget sing kapacak ana ing layar TV kaé. |
Bima | : | Sing endi ta? |
Murdanu | : | Kaé lho, sing uniné ngéné: Transmigrasi: perjuangan hari ini untuk kebahagiaan anak cucu. |
Bapak | : | Kuwi bener banget. Nanging, kabèh mau kudu dikanthèni wekel nyambut gawé, tlatèn, disiplin, lan jujur. |
B. Wangsulana kang patitis!
- Généya Pamaréntah perlu nganakaké ada-ada transmigrasi?
- Apa ancasé ada-ada transmigrasi kuwi?
- Ing negarané dhéwé kéné iki transmigrasi kuwi mboyongi penduduk saka pulo ngendi menyang pulo ngendi?
- Ada-ada transmigrasi klakon bisa nggayuh idham-idhamané Pamaréntah lan rakyat Indonesia yèn para transmigran padha gelem kepriyé?
- Terangna tegesé unen-unen: Transmigrasi perjuangan hari ini untuk kebahagiaan anak cucu.
C. Wacanen kang patitis!
- Muga-muga ana ing papan anyar mengko uripmu saya kepénak!
- Muga-muga taun iki ora puso manèh!
- Muga-muga Badri ora salah tampa!
- Muga-muga sepuré uga telat!
- Muga-muga wong tuwané sarujuk! [ 32 ]
II: A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana nganggo tembung sing cumawis ing ngisor!
- Lurah sarakyaté padha budhal ....
- Kangmas biyèn boyongé menyang Sumatra ora katut rombongan transmigrasi umum, nanging klebu éwoné .... utawa ....
- Kumpulan arisan kuwi diowahi dadi ... jalaran para wargané kepéngin kumpulan mau diayomi ing undhang-undhang.
- Racaké lemah ing papan transmigrasi isih ...
- loh
- transmigrasi bedhol désa
- transmigrasi spontan
- transmigrasi swakarsa
- koprasi
B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!
|
|
III. Tuladha:
- Sing dakkarepaké padha baé kuwi bab senengé.
dakkarepaké: dak + karep + aké - Dakcritani ya!
dakcritani: dak + crita + (an) + i
Ater-ater dak kuwi jenengé ater-ater utama purusa. Ater-ater purusa ana telu. Ater-ater purusa kapisan dak, jenengé ater-ater utama purusa. Ater-ater purusa kapindho ko, jenengé ater-ater [ 33 ]dyama purusa. Ater-ater purusa katelu di, jenengé ater-ater pratama purusa. Ater-ater telung warna kuwi diarani ater-ater tripurusa.
Rumaketé ater-ater tripurusa marang tembung lingga ana sing wantah, ana sing dikanthèni pananibang aké utawa panambang i.
Gawéa ukara nganggo tembung-tembung mawa ater-ater tripurusa ing ngisor iki!
|
|
V. Wacanen banjur turunen!
ꦟ (ꦤ)꧈ ꦑ (ꦏ)꧈ ꦡ (ꦠ)꧈ ꦯ (ꦱ)꧈ ꦦ (ꦥ)꧈ ꦓ (ꦒ)꧈ ꦨ (ꦧ)꧈
Pasangané: ꧀ꦟ ꧀ꦑ ꧀ꦡ ꧀ꦯ ꧀ꦦ ꧀ꦓ ꧀ꦨ
- Gusti Allah: ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ
- Sultan Trenggana: ꦯꦸꦭ꧀ꦡꦤ꧀ ꦡꦽꦁꦒꦤ
- Gusti Kang Murbèng Dumadi: ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦑꦁꦩꦸꦂꦨꦺꦁꦢꦸꦩꦢꦶ
- Bapak Mentri Transmigrasi maringaken hadhiyah lembu sarakit dhateng kulawarga transmigran teladhan. (basa krama alus)
- Bapak Mentri Transmigrasi maringaké hadhiyah sapi sarakit
- midhangetaken
- ngendikakaken
- ndhawuhaken
- mundhutaken
- ndhèrèkaken
- ngaturaken
- nyaosaken
- nglenggahaken
- ngonduraken
- maosaken
I. A. Wacanen batin!
Swaranipun kempul kepireng pating krenung pating jlegur, binarung swaranipun slomprèt athiyèt-thiyèt. Slomprèt punika wujudipun ageng panjang, rupinipun cemeng sinelut ing salaka pethak, pinatik ing paku jamur kuningan. Cucupipun dipun pasangi tutup bathok cemeng wiyaripun watawis kalih nyari, mèpèt cangkemipun ingkang nyebul, sinawang mèmper sanget brengos njlekèthèt.
Ing siyang punika kempalan réyog Panaraga "Pujangganom" badhé ngarak pangantèn boyong, saking panggénanipun pangantèn èstri dhateng panggénanipun pangantèn jaler.
Kagunan réyog punika ingkang baku arupi jaranan lan barongan. Barongan mekaten sirahipun arai singa, mawi krembyah-krembyah ingkang dipun damel élaring merak. Wondéné tabuhanipun arupi saron, kempul, kendhang, angklung, lan slompret.
Tetiyang ingkang sami nggelar kagunan réyog punika badanipun sami gothot-gothot singset mbengkiyeng, mawi udheng, rasukan, lan sruwal gembyong warni wulung utawi cemeng, usus-ususipun nglawer panjang, ngangge gombyok ingkang dipun damel sayet.
Ing Panaraga kagunan réyog punika wontenipun sampun wiwit atusan taun kepengker. Kacariyos, kagunan réyog punika nggelar cariyos perangipun Prabu Klana Séwandana raja mudha ing Panaraga mengsah Singabarong ingkang dedunung ing wana Roban. Wondéné cariyos bab wontenipun réyog Panaraga punika kados ingkang kabeber ing geguritan utawi rumpakan ing ngandhap punika.
Klana Séwandana raja mudha Panaraga,
siyaga ing yuda nglawan raja rai singa,
ngasta pusakané pecut Kyai Samandiman,
ngrabas ing prang pupuh Singabarong alas Roban.
Yo ha'é yo ha'é perangé sansaya ramé.
yo ha'é padha sekti kekarone.
Warok-warok sekti ngrabas ing prajurit Singa,
Patih Pujangganóm nglawan pepatihing Singa,
kabeh ancur lebur déning warok Panaraga,
pecut Samandiman swarané mecah angkasa.
Yo ha é yo ha é Singabarong dadi telukan.
yo ha é yo ha é negarané wis dadi aman.
Iku sejarahé crita réyog ing Panaraga,
nggambarké menangé Sang Prabu Klana Séwandana;
dicipta wis dadya seni réyog Panaraga.
sigrak lan gembira nandhakaké menang yuda.
Yo ha'é yo ha é réyog ider sansaya ramé.
yo ha'é yo ha é sarwa ireng sandhanganě.
B. Wangsulana kang patitis!
- Kapan wiwit anané réyog ing Panaraga?
- Tumrap wong-wong Panaraga, kagunan réyog kuwi mbalung sungsum banget. Apa tegesé?
- Kapan lumrahé ing Panaraga ana pagelaran kagunan réyog?
- Kagunan réyog kuwi tabuhané arupa apa baé?
- Manut crita, kagunan réyog kuwi nggelar perangé sapa-karo sapa? Sapa sing menang?
C. Wacanen kang patitis, tembung sing cap-capané kandel
kedalna sing trep!
- Singabarong sabalané teluk marang Prabu Klana Séwandana.
- Kagunan réyog kuwi nyritakaké perangé Prabu Klana Séwandana raja mudha ing Bantarangin. Panaraga, mungsuh Singabarong abdi Kedhiri sing njaga alas roban.
- Sang Prabu Klana ngerigaké para warok ing Panaraga.
- Tetindhihé para warok kuwi patih ing Bantarangin peparab Kyai Patih Pujangganom
- Singabarong ora kuwawa nadhahi pusakané Prabu Klana Séwandana. pecut Kyai Samandiman.
11. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog, sing
cumawis ing ngisor!
- Kiraping pangantèn binarung ing ungeling.... Ketawang Ibu Pertiwi.
37
- Gamelanipun kalih prangkat, laras . . . lan laras . . . .
- Gangsa Sléndro lan Pélog ingkang laras gangsalipun sami inggilipun dipun wastani gangsa . . . .
- Minangka pratandha badhé gantos pathet, Ki Dhalang nglongkongaken . . . .
- Bukaning gendhing ingkang arupi sesekaran utawi klongkong dipun wastani . . . .
- . . . inggih punika bukaning gendhing ingkang namung mendhet sapéranganing sekar.
- Ngajengaken . . . , iramaning gendhing sansaya tamban.
- Ingkang sami nggérong sajakipun dèrèng apal . . . , pratandha taksih sami ngadhep cathetan.
- . . . lan pasindènipun sedaya bektanipun Ki Dhalang.
- Sapunika sampun awis tiyang bersih dhusun mawi nanggap . . . .
|
|
III. Tuladha:
- Kula ningali réyog wonten ing alun-alun Lèr.
Kula : jejer ningali : wasésa réyog : lésan wonten ing alun-alun Lèr : katrangan panggénan
- A. Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha!
# Aku nonton bal-balan ana ing setadhion. # Sepuré mandheg ana ing setasiun. # Bapak Ibu mriksani wayang wong ana ing Sriwedari. # Ibu mriksakaké adhik ana ing Puskesmas. # Adhik nyèlèhaké bonékané ana ing ambèn. [ 39 ]
- Bakri lunga menyang Kedhiri.
- Tantri lungguh ing kursi.
- Karman mulih saka Tuban.
B. Gawea ukara nganggo katrangan panggonan ing ngisor iki!
- ana ing sekolahan
- ana ing kana
- ing latar
- ing kali
- saka Nganjuk
- saka pasar
- menyang Surabaya
- menyang sawah
IV. Ngarang
Gawéa karangan cekak baé abasa krama, mawa irah-irahan: Lomba
Kethoprak.
Sing perlu köcritakaké upamané: sapa sing nganakaké lomba,
ancasé nganakaké lomba, sing
padha melu lomba, cak-cakané
lomba, asiling lomba.
V. Tuladha:
- Ana ing Mediyun Bapak Mentri dicaosi pasugatan pagelaran réyog. (basa ngoko alus)
- Wonten ing Mediyun Bapak Mentri dipun caosi pasugatan pagelaran réyog. (basa krama alus)
A. Ukara-ukara iki owahana nganggo basa krama alus!
- Kabeh punggawa désa diaturi rawuh,
- Endra diparingi hadhiyah Pak Guru buku Bermain Catur.
- Rahayu ditimbali Budhé, didhawuhi ngancani tunggu omah Mbak Ratih.
- Aku uga wis dingendikani Embah prekara kuwi.
- Gambaranku dipriksani Pak Guru. [ 40 ]
- Bakri didukani Pak Guru amarga konangan anggoné mbolos.
- Mangsakané bocah-bocah dikedhapi Bu Guru.
- Bulik gerah padharan, wis didhahari obat meksa durung dhangan.
B. Ukara-ukara iki owahana nganggo basa ngoko alus!
- Bapak Mentri rena penggalihipun.
- Astanipun Bapak dipun entup kalajengking.
- Gerahipun Embah kirang langkung sampun wonten setunggal wulan
- Rawuhipun Bulik kala wingi sonten.
- Ibu ngagem kaca tingal cemeng amargi paningalipun gerah.
- Ngendikanipun Bulik wulan ngajeng mangké Bulik badhé rawuh ngriki malih.
- Kamus bahasa Inggris punika paringanipun Pak Guru minangka hadhiyah anggèn kula menang lomba ngarang.
- Saweg yuswa sèket kemawon, rékmanipun Bapak sampun nyambel wijèn.
VI. Tuladha:
Pocung
(guru lagu lan guru wilangané: 12u, 6a, 8i, 12u)
Jembar nglangut Bengawan Swiluganggèku,
agung tirtanira,
arang kang wani nyabrangi,
yèn raina tan kendhat janma kang malwa.
Pan ing ngriku tumut kebawah praja gung,
ing Nusakambangan,
kacrita pambelah kalih,
kang sajuga ran Mas Ngantèn Tirtayuda.
Nora bagus Tirtayuda nanging besus,
najan lagi nyatang,
tan pisah pangilon cilik,
dhéla-dhéla mbenakken mèrètanira.
Kadwinipun Ranukarya namanipun,
sedheng dedegira,
pawakané sarwa cilik,
sarwa kenceng Ranukarya kuwat rosa.
Pancèn bagus Ranukarya dhasar besus,
ngglenyèh doyan nginang,
cacadé amung sethithik,
irung pèsèk gawan wiwit cilik mula.
..................................
(Srikandhi Maguru Manah, R. Ng. Sindusastra)
- Pethikan ing dhuwur kuwi tembangna bebarengan!
- Gawéa karangan adhapur tembang Pocung rong pada baé, bab réyog Panaraga!
I. A. Wacanen kang patitis!
Indri | : | Klakon saiki, Dhik! |
Basuki | : | Klakon.apa, Mbak? |
Indri | : | Saiki klakon, yèn bengi désané dhéwé padhang kencar-kencar kaya kutha. |
Basuki | : | Apa listrike wis sida murůb, Mbak? |
Indri | : | Ngendikané Bapak seminggu engkas. |
Basuki | : | Mengko yèn awaké dhéwé sinau, padhang njing glang, ora kaya saiki ya, Mbak. |
Indri | : | Hee, Dhik. Tur gawéanmu suda. Mengko saben soré kowé wis ora perlu ngresiki lan nyumed lampu. |
Basuki | : | Tur bekakas-bekakas liyané uga ora gampang reged ya, Mbak. |
Indri | : | Hee, Dhik. Wong ora ana langes. |
Basuki | : | Mengko Bapak yèn rondha uga ora perlu ngasta batrèi ya, Mbak, wong ngendi-endi wis padhang njingglang kaya rina. Kajaba kuwi mesthiné maling barang ya rada ringga. Ngendi-endi padhang, lagi mindhik-mindhik wis konangan uwong. |
Indri | : | Mula kuwi, mesthiné desané dhéwé kéné dadi tambah tentrem. |
Basuki | : | Mbak, Mbak, Ibu sida mundhut TV ora, Mbak. Biyen Ibu dakaturi mundhut durung kersa. Ibu semaya, ngenteni yèn listrike wis murub. Ngendikané Ibu yén nganggo accu boros. |
Indri | : | Sida kok, Dhik. Aku wingi krungu, Ibu rasanan karo Bapak, yèn minggu iki Ibu arep mundhut TV. Ibu arep mundhut dhuwité Ibu sing disimpen ana ing Simpedès. |
Basuki | : | Seneng ya, Mbak, yèn listriké wis murub. |
Indri | : | Pancèn, Dhik. Listrik mono pancen gedhé banget paédahé. Coba pikiren! Tumrap bocah sekolah yèn sinau bisa padhang. Dadi, ora nyiksa mripat tur ora gampang ngantuk. Bab keamanan utawa katentreman, désa uga dadi mundhak aman. Hiburan sing lumantar radhio utawa télévisi sawayah-wayah bisa disetèl, ora kuwatir kentèkan setrum. Sarèhné rina wengi padhang, indhustri rumah tangga rina wengi bisa mlaku terus. Mangka, lengganan listrik kuwi mbayaré murah. |
B. Wangsulana kang patitis!
- Généya Ibu anggoné mundhut TV ngentèni yèn listriké wis murub?
- Yen listriké wis murub, gawéané Basuki suda. Apa sababé?
- Apa munpangaté listrik tumrap bocah sekolah?
- Apa munpangaté listrik tumrap katentremaning kampung?
- Apa munpangaté listrik tumrap indhustri rumah tangga?
C. Wacanen kang patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!
- a. Yèn lampuné padhang, aku ora gampang ngantuk.
b. Aku ngantu-antu tekané adhiku, nanging sing teka mung layangé. - a. Darwis nganggo sarung banjur mangkat salat Jumat.
b. Aja kulina omong saru! - a. Kethoprak kuwi mula bukané gamelané lesung, mula jenengé kethoprak lesung.
b. Kowé kok lesu, kesel apa lara? - a. Bibi tuku ragi kanggo ngragèni témpé.
b. Anaké sing ragil wis nyambut gawé. - a. Yen dituturi kuwi aja ditampa walaka, becik disaring,
sing apik dienggo, sing ala dibuwang.
b. Critaku mau saringen, golekana sariné.
II. Tuladha:
Yèn arep nyenyuwun tangguhen yèn wong tuwamu pinuju padhang langité.
Padhang langité kuwi tembung éntar, tegesé seneng atiné.
A. Tembung-tembung entar ing ngisor iki terangna tegese, kaya
tuladha ing dhuwur!
- Ngati-ati tetanggan karo Godril, dhèwèké kuwi dawa tangané.
- Wa Drana kaé jembar segarané.
- Sasabar-sabaré uwong, yèn krungu omonganmu kuwi mesthi nesu, wong omonganmu kuwi pancen ngabangaké kuping tenan.
- Samsul kaé pancèn lunyu ilaté, rembugé ora kena diugemi.
- Olehé nyambut gawé diréwangi adus kringet, betèké arep muktèkaké kulawarga.
- Omongan mono becik diarah, aja nganti gawé pinggeting ati.
- Gawé pawuhan mono kudu milih papan sing kiwa.
- Olehmu ngampiraké kuwi tenan, apa mung kanggo abang-abang lambé.
- Yarma kaé nggedhèkaké puluk, blanja akèh entèk nyang pangan.
- Badrun kaé mogèl ilaté, yèn memangan kudu akèh lan sarwa énak.
B. Gawéa ukara nganggo tembung-tembung entar ing ngisor iki!
1. tipis lambéné |
6. mbukak wadi |
III. Tuladha:
- Ibu arep mundhut dhuwité Ibu sing disimpen ana ing Simpedès.
Ibu arep mundhut dhuwité Ibu sing kasimpen ana ing Simpedès.
Ibu arep mundhut dhuwité Ibu sing sinimpen ana ing Simpedès.- disimpen : di + simpen
- kasimpen : ka + simpen
- sinimpen : simpen + seselan in
- Karo Pak Lurah, dhukuh kuwi diparingi jeneng Dhukuh Macan mati.
Karo Pak Lurah, dhukuh kuwi kaparingan jeneng Dhukuh Macanmati.
Karo Pak Lurah, dhukuh kuwi pinaringan jeneng Dhukuh Macanmati.- diparingi : di + paring + i
- kaparingan : ka + paring + an
- pinaringan : paring + seselan in + an
- Bola-bali keris kuwi disudukake marang dhadhane mungsuhe nanging ora tumama.
Bola-bali keris kuwi kasudukake marang dhadhane mungsuhé nanging ora tumama.
Bola-bali keris kuwi sinudukake marang dhadhane mungsuhe nanging ora tumama.- disudukake : di + suduk + ake
- kasudukake : ka + suduk + ake
- sinudukake : suduk + seselan in + ake
Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
- ginanjar
- ginantungan
- binalangake
- kapundhut
- kawangsulan
- kagadhuhake
- disusul
- didukani
- didhelikake
IV. Tuladha:
- listrik : ꦭꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀
- kentrung : ꦏꦼꦤ꧀ꦠꦿꦸꦁ
- Tulisen nganggo aksara Jawa!
- cantrik
- kontrag
- kantrog
- mantrus
- santri
- japa mantra
- mantri guru
- wuta sastra
- kontrang-kantring
- sentrap-sentrup [ 47 ]
V. Tuladha:
Ut. mati listriké!
Lho, kok kowé, kapan tekamu?
Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana tembung panguwuh sing cocog sing cumawis ing ngisor!
- ..., baloné mumbul!
- ..., kaé lho Simbah rawuh!
- ..., ya iki sing dakgoleki!
- ..., piyé kandhaku mau, rak bener ta!
- ..., wis ta mangsa bodhoa kowé kono!
- ..., gegermu dirambati uler!
- ..., iwak sapiring dientèkaké kucing!
- ..., apiké gambarané!
- ..., ngono wae nesu!
- ..., bocah semono gedhéné isih ngompol!
|
|
Mara golèka tembung-tembung panguwuh liyané telu baé, lan gawénen ukara!
VI. Wacanen kang patitis, banjur tembangna bebarengan!
Dhandhanggula
Tanggap mulat Hyang Arka naketi, dumipèng rat ambabar prabawa, sumirat-sirat soroté,
méga sinungging wungu, graning arga pinulas wilis, samantara kawuryan,
Hyang Surya wus mungup, ngancik pucaking aldaka, larut mirut tedhuhing dalu kalindhih,
sumeblak tanpa sésa. [ 48 ] Anglur selur lakuning wong tani, pareng mangkat maring pepasaran, pating krengkèt pikulane, wenèh sikep waluku, maring sawah tegale sami, si gundhul nèthèk kandhang, keboné pinecut. ngucul sarwi tinumpakan, ngénak-énak nèng gigir marep mring wuri, sembari ura-ura.
(Slisir Marèng Tenggèrèng, Pusaka Jawi
Desember 1922 taun I angka 3)
A. Wacanen batin!
Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma mbidhalaken prajurit Mataram nggecak wadyabala Kumpeni ing Betawi. Prajurit-prajurit Mataram punika sadaya prajurit pinilih ingkang dipun pandhégani tetungguling para manggalayuda ingkang kawentar sekti mandraguna, tatag, teteg lan tanggon.
Lampahipun para prajurit kapantha-pantha manut tetumpakanipun. Ingkang numpak kapal ngempal sami ingkang numpak kapal, ingkang numpak turangga ngempal sami ingkang numpak turangga, ingkang lampah dharat ngempal sami ingkang lampah dharat. Sedaya sami asikep dedamel jangkep. Kepa[ 50 ]rengipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma, utusan punika sampun ngantos boten angsal damel, kados utusanipun setaun kepengker.
Utusanipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma ingkang kapisan cabar, boten angsal damel. Wondéné jalaranipun, nalika nedheng-nedhengipun ramé mangsah yuda, tandhon tedha cawisanipun para prajurit Mataram telas gusis. Inggih awit ketelasan tedha punika, prajurit Mataram kathah ingkang lajeng tilar. Nadyan kala semanten Kumpeni sampun kethèthèran jalaran kathah prajuritipun ingkang sami tiwas, prajurit Mataram ingkang dipun pandhegani dening Tumenggung Sura Agul-agul, Kyai Adipati Mandurareja, saha Kyai Dipati Upasanta, kepeksa mundur, wangsul dhateng Mataram.
Inggih awit wontenipun kawontenan ingkang njalari cabaripun utusan ingkang kapisan punika, prajurit utusan ingkang sapunika lajeng dipun cawisi sedhiyan tedha ingkang kathah, kasimpen ing lumbung-lumbung ing saurutipun pesisir lèr tanah Jawi Kilèn lan tanah Jawi Tengah, upaminipun ing Cirebon saha ing Tegal.
Prajurit Mataram ngamuk, kitha Betawi dipun kepung, bètèng Holandia kénging karebat lan lajeng dipun risak. Nanging, kuciwa, gelaripun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma kejodhèran. Kumpeni ngertos bilih Sultan Agung. Anyakrakusuma yasa lumbung pantun wonten ing Cirebon saha ing Tegal. Kanthi sesidheman Kumpeni kintun telik sandi dhateng Cirebon saha dhateng Tegal, kinèn mbesmi gudhang pantunipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma.
Saèstu, lumbung pantun yasanipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma kadenangan ing Kumpeni saha lajeng dipun besmi dados awu. Satemah prajurit Mataram ugi lajeng telas kekiyatanipun. Awit nyatanipun, prajurit punika badhéa sekti mandraguna, tatag, tangguh lan tanggon, menawi ketelasan tedha temtu lajeng loyo tanpa daya. Kanthi panandhang ingkang sakalangkung ngeres-eresi, prajurit Mataram ingkang taksih gesang wangsul dhateng Mataram. Pambudidayanipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma cabar. Gegayuhanipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma nyingkiraken Kumpeni saking bumi Nusantara dèrèng pinarengaken ing Gusti Ingkang Murbèng Dumadi. [ 51 ]
B. Wangsulana kang patitis!
- Apa idham-idhamané Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma?
- Kepriyé pambudidayané Kanjeng Sultan Agung kanggo nggayuh idham-idhamané kuwi?
- Coba sebutna para tetungguling manggalayuda ing Mataram kang mandhégani prajurit Mataram utusané Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma!
- Ping pira Kanjeng Sultan Agung utusan nggecak Kumpeni ana ing Betawi?
- Généya pambudidayané Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma cabar?
C. Wacanen kang patitis, laguné sing trep!
- Upama siasaté Sultan Agung ora kasumurupan ing Kumpeni, Sultan Agung mesthi menang perangé.
- Upama kowé ngabari yén ora bisa teka, aku mesthi réné dhèk embèn-emben.
- Upama durung kebanjur kotawakaké Bulik, aku gelem nuku.
- Upama sida budhal wingi, ora wurung mesthi tlingsingan ana ndalan.
- Upama nèng SD biyèn ora nunggak, saiki aku wis klas telu.
II. Tuladha:
Sing digethingi Sultan Agung kuwi wataké bangsa penjajah sing
srakah sarta ambek adigang, adigung lan adiguna.
A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog sing
cumawis ing ngisor!
1. Ngendi ana penjajah wataké...paramarta, ... bawa leksana
2. Sing lumrah penjajah kuwi wataké....
3. Penjajah kuwi pancèn..., akal lan kapinterané kanggo nga-
kali lan kanggo ngerèh bangsa liya....
51
- Kowé kuwi pancèn.... sapa-sapa koapusi.
- Réwangé Ibu ditokaké amarga konangan wataké sing... dhemen ngunthet dhuwit blanjan pawon.
|
d. culika |
B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!
- geleman
- tegelan
- mentalan
- mblubud
- panastèn
- daksiya
III. Tuladha:
Sultan Agung kalah amarga sedhiyané pangan konangan Kumpeni. Ukara kuwi jenengé ukara camboran kang kedadéyan saka ukara lamba loro cacahé, yaiku:
- ukara kapisan : Sultan Agung kalah
- ukara kapindho : Sedhiyané pangan konangan Kumpeni
Gandhèngé ukara kapisan karo ukara kapindho mawa tembung panggandhèng amarga.
Dadiné ukara camboran, ukara kapindho (sedhiyané pangan konangan Kumpeni) dadi katrangané ukara kapisan (Sultan Agung kalah), yaiku katrangan kang mratélaké sabab, jenengé katrangan sabab.
Ukara-ukara camboran ing ngisor iki rampungna!
- Sardi ora munggah amarga ....
- Aku ora mlebu sekolah amarga...
- Sudir didukani Pak Guru amarga....
- Tekaku kasèp amarga.....
- Taun iki Bapak ora panèn amarga...
- Méméané ora garing amarga.... [ 53 ]
- Aku ora sida ndhèrèk Bulik amarga...
- Baskara ditokaké saka sekolahan amarga...
- Wisnu kepeksa ditinggal kancané amarga...
- Keboné Bapak ora sida didol amarga...
IV. Alinéa kapisan wacan ing dhuwur tulisen nganggo aksara Jawa!
Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma mbidhalaken prajurit
Mataram nggecak Kumpeni wonten ing Betawi....
nganti tekan: ...., kados utusanipun ingkang kepengker.
V. Alinéa kapindho lan alinéa katelu wacan ing dhuwur owahana dadi ngoko alus!
Wiwitana ngéné:
Utusané Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma kang
kapisan cabar, ora éntuk gawé .... lan sapituruté.
VI. Wacanen kang patitis, banjur apalna ana ing ngarep klas!
Galo mitra, rungokna
lamat-lamat swaraning kidung.
Bisa temen gawé geter rasa
ngosak-asik isining jantung.
Ah, kiraku mitra
dudu gumonthanging gambang kang ilang kabuncang
utawa kethèring gendèr benthèting swara.
Nanging getering rasa kadayan swasana
wiramaning jiwa anut ing mangsa.
Aku kayungyun mitra
ngumbara katut uleming lagu
ndedel nggayuh langit sap pitu
Liwat méga kang putih malang
tumuju lintang abyor ing tawang
Yagéné sumitra, swara blero iku ....
ndadak ngreridhu ngogrèh-ogrèh laku.
Ngajak sumusup ing mendhung ngendhanu
datan weruh ingkang tinuju.
Aku kuwatir mitra, yèn sasar lakuku
nyuwun tuduh gondhèlan astamu.
Bisaa lelumban mèlu ngajangi
anut ing jaman kang dilakoni.
(Suyadi Pratomo, Medan Bahasa
Basa Jawi, Nomor 1 Taun ka-4)
I. A. Wacanen kang patitis!
- Takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi
Ikhsan | : | Mbah, badhé matur punapa kepareng? |
Embah | : | Pareng baé, matur wé thik ora pareng. |
Ikhsan | : | Ingkang kula kajengaken punapa Embah sela. |
Embah | : | O, kuwi ta. Upama ora sela rak ya diselak-selakaké, wong putuné arep matur. Ngapa ta kok sajak wigati temen. |
Ikhsan | : | Inggih, Mbah, pancèn wigatos sanget. |
Embah | : | Piyé ta, piyé? |
Ikhsan | : | Ngaten, Mbah. Kula sakanca punika dipun paringi garapan Pak Guru, dipun dhawuhi |
[ 56 ]
damel karangan cekak bab Ketakwaan terhadap Tuhan Yang Maha Esa. | ||
Embah | : | Ya wis, gèk ndang diwiwiti! |
Ikhsan | : | Lha punika, Mbah. Mila kula matur Embah punika jalaran kula dèrèng saged wiwit ngarang. Awit, tegesipun tembung takwa terhadap Tuhan Yang Maha Esa punika kémawon kula dèrèng ngertos |
Embah | : | O, dadi, genahe kowe kuwi arep nyuwun priksa Embah bab maknane unèn-unèn kuwi, ngono pa piyé? |
Ikhsan | : | Kesinggihan, Mbah. Menawi Embah sela kula nyuwun dipun terangaken prakawis punika. |
Embah | : | Yoh, Nganggo basa Jawa tur ringkes baé, ya. |
Ikhsan | : | Inggih, Mbah. |
Embah | : | Ngéné. Aku, kowe, ibumu, bapakmu, adhimu, cekaké kabèh manungsa, kuwi titahing Gusti Allah, Gusti Kang Akarya Jagat. Manungsa dititahaké ana ing alam donya iki ora ijèn. Kancané akèh. Kéwan sawernaning kéwan, tetuwuhan sawernaning tetuwuhan, lan jagat saisine iki uga titahing Gusti Allah, dadi kanthiné manungsa urip ana ing alam donya. Padha-padha titahing Gusti Allah, manungsa kuwi titah sing luhur dhéwé. Nanging, manungsa uga bisa keplorot drajaté dadi titahing Gusti Allah sing asor lan nistha dhéwé. Bab kuwi gumantung marang pakartiné manungsa kuwi dhéwé. |
Ikhsan | : | Wah, kula bingung, Mbah, boten mudheng. |
Embah | : | Iya baé, wong durung dakjlentrehaké. Liré ngéné. Manungsa dititahaké ana ing alam donya iki diparingi prabot arupa akal lan budi, sing ora diparingaké, marang titah-titah saliyané manungsa. Kersané Gusti Kang Murbeng Dumadi, kanthi akal lan budiné kuwi, manungsa bisaa nata jagat saisiné iki. |
[ 57 ]
Ikhsan | : | O, ngaten, Mbah. |
Embah | : | Hee. Lha, supaya kena kanggo praboting manungsa nata jagat saisiné, akal lan budi kuwi kudu tansah diasah. Tegesé, ora kena kendhat manungsa kudu tansah tegen lan mugen ngudi undhaking kawruh. Akal yèn tansah diasah dadi landhep, wong dadi sugih kawruh, sugih kapinteran, lan sugih akal. Déné budi, yèn tansah diasah njalari wong banjur kadunungan budi luhur. Lha ya kapinteran lan budi kang luhur kuwi sing dadi praboting manungsa nata jagat saisiné, kaya dhawuhing Gusti Allah. Dadi, ringkesé: wong sing ora kendhat tansah ngudi marang undhaking kawruh lan luhuring budiné kanggo mranata donya saisiné kaya kersané Sing Gawé Urip, ateges wong kuwi wis netepi dhawuhing Gusti Allah. Ya uwong sing kaya ngono kuwi sing kena diarani wong sing takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi. |
Ikhsan | : | Sapunika kula sampun radi mudheng, Mbah. |
Embah | : | Sokur yèn wis mudheng. |
Ikhsan | : | Punapa saged kula ringkes ngaten, Mbah? Tiyang ingkang takwa dhateng Gusti Allah punika tiyang ingkang tansah nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, sarta tansah nebihi awi san saha pepacuhipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi |
Embah | : | Pancèn lantip tenan kowé. Yèn ngono coba terangna, sapa sing klebu ewoné uwong sing ora takwa marang Gusti Kang Akarya Jagat. |
Ikhsan | : | Wah, nyuwun pangapunten, Mbah, kula boten saged. |
Embah | : | Ha ya dicoba, no. |
Ikhsan | : | Menawi klèntu nyuwun dipun leresaken inggih, Mbah. |
Embah | : | Yoh. |
Ikhsan | : | Tiyang ingkang boten takwa dhateng Ingkang |
[ 58 ]
Maha Kuwaos punika tiyang ingkang tansah damel risak. Akal lan budinipun boten kanggé nindakaken dhawuhing Gusti Allah nata donya saisinipun, nanging malah kanggé nga kali tiyang sanès, kanggé ngrisak pranataning negari, kanggé nerak angger-anggering Gusti Allah. Akal lan budinipun boten kanggé nggayuh kaluhuran, katentreman saha kamul yaning gesang, nanging malah kanggé ngga yuh bab-bab ingkang saestu dados awisanipun Gusti Allah. Punapa ngaten, Mbah. | ||
Embah | : | Yèn ora klèru, kurang luwihé ya ngono kuwi. Sing mesthi, wong sing kaya ngono kuwi selawasé urip ora bakal bisa ngunjukaké rasa syukur marang Gusti Kang Maha Murah tumrap sakabèhing peparing lan kamurahané |
Ikhsan | : | Kala wau Embah ngendika bilih manungsa punika luhur-luhuring tumitah, nanging ugi saged keplorot drajatipun dados asor-asoring tumitah. Punika kados pundi, Mbah, liripun? |
Embah | : | Diarani luhur-luhuring titah yèn manungsa kuwi tansah takwa marang Gusti Kang Akarya Jagat, lan keplorot dadi asor-asoring titah yèn manungsa kuwi ora gelem takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi. Piyé, rak wis mudheng ta? Yèn wis mudheng enggal garapen dhawuhe bapak gurumu kuwi. |
Ikhsan | : | Inggih, Mbah, kula sampun mudheng. Kula énggal badhé wiwit ngarang. |
B. Wangsulana kang patitis!
- Ikhsan didhawuhi apa karo bapak guruné?
- Généya Ikhsan ora énggal wiwit ngarang?
- Urip ana ing alam donya, manungsa diparingi prabot apa karo Gusti Allah?
- Kersané Gusti Allah, manungsa dititahaké ana ing alam donya didhawuhi apa? [ 59 ]
- Endi sing diarani uwong sing takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi?
- Manungsa sing keplorot drajaté dadi asor-asoring titah kuwi manungsa sing kepriyé?
C. Wacanen sing patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!
- Wong njaluk ngapura kuwi kudu lair batin. Ora kena lairé njaluk ngapura nanging batiné grundelan.
- Jamu iki pait. Paité ngungkuli bratawali.
- Penemuku lan penemumu wis bisa jumbuh. Jumbuhé penemuku lan penemumu kaya jumbuhé uyah lan asiné.
- Yèn disetiyari lan disuwun kanthi mantheng, panyuwuné mesthi kabul.
II. A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog sing cumawis
ing sisih tengen!
|
a. mustajab b. tawakal c. imané d. tangadur e. mukjijat
|
B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!
- akrab
- akérat [ 60 ]
- alamat
- amanat
- aral
- mubadir
- khasiyat
- donga
- karam
- gaib
III. Tuladha:
- Coba terangna, sapa sing klebu éwoné wong sing ora takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi!
- Terangna kuwi tembung rimbag agnya ngemu surasa akon supaya di terangaké.
- A. Mara ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung rimbag agnya sing cumawis ing ngisor!
- Kulit rambutan kuwi . . . . banjur buwangen ana ing pawuhan!
- Aku . . . banyu saèmbèr baé, arep dakenggo nyirami anggrèk iki!
- Pitmu daktambalaké ana ing bèngkèl kidul kono, mengko . . .!
- Yen kowé kepéngin, . . . dhéwé, miliha sasenengmu!
- njupuka
- jupukana
- jupuken
- jupukna
- Yèn arep budhal, budhala, ning aja lali adhimu . . .!
- Layang iki . . . nyang nggoné masmu!
- Yèn sida menyang Kedhiri, . . . nyang nggoné Yu Siti!
- mampira
- ampirana
- ampirna
- Yèn sida menyang Semarang. aku ... blimbing Demak rong kilo baé! # Radhioku iki... selawé èwu baé!
- Mengko menyanga pasar, ... pakan pitik telung kilo!
- tukua
- tukokna
- tukunen
B.Gawéa ukara nganggo tembung-tembung rimbag agnya ing ngisor iki!
1. balia |
6. nggawaa |
IV. Tuladha:
- dolan + a = dolana : ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ꦤ
- silih + ana = silihana : ꦱꦶꦭꦶꦃꦲꦤ
- buwang + en = buwangen : ꦧꦸꦮꦁꦔꦼꦤ꧀
- susul + na = susulna : ꦱꦸꦱꦸꦭ꧀ꦤ
Tulisen nganggo aksara Jawa kaya tuladha ing dhuwur!
A. Mara ukara-ukara ngoko alus ing ngisor iki owahana dadi krama alus!
B. Gawéa ukara, ngoko alus nganggo tembung-tembung ing ngisor iki,
Wulangan ka-10
I. A. Wacanen batin! Balé Sigalagala
Wongsal-wangsul Sata Kurawa namakaken rékadaya murih sirnanipun kadang Pandhawa. Nanging, Pandhawa tansah pinayungan ing kamirahaning Bathara, lepat saking paékanipun kadang-kadang nakndhèrèkipun punika. Rumaos katelasan cara anggènipun badhé nyirnakaken sadhèrèkipun nem, ing satunggaling dinten Duryudana sowan marak wonten ing ngarsanipun ingkang rama, Prabu Drestarasta. Aturipun Duryudana, "Dhuh, Kanjeng Rama, jejimat kula, pepundhèn kula. Gotèking ngakathah, para kawula ing Astina badhé sowan marak wonten ing ngarsanipun Kanjeng Rama, [ 64 ]munjuk atur prakawis wisudhanipun Adhimas Yudhisthira jumeneng nata ing Astina, nggentosi kalenggahanipun Paman Prabu Pandhudéwanata, jer samangké pun adhi kadang Pandhawa sampun sami ngancik diwasa. Menawi gotèking ngakathah punika kepara nyata, lajeng kados pundi kawontenan kula sakadang mangké. Boten sandé, kula dalah kadang Kurawa sedaya badhé dados rèh-rèhanipun kadang Pandhawa. Pramila awit saking punika, mugi wontena keparengipun Kanjeng Rama, kadang Pandhawa badhé kula sirnakaken kémawon." Midhanget aturipun ingkang putra, Prabu Dresțarasta sakala njegreg pindha tugu sinukarta, sapandurat boten saged paring pangandika. Sasampunipun sarèh sawatawis, Prabu Drestarasta saweg kepareng paring wangsulan. Prabu Drestarasta satuhu boten nyondhongi panyuwunipun ingkang putra, awit pepénginan punika saèstu nalisir saking anggering kautamèn saha nyimpang saking darmaning satriya tama. Duryudana sakadang boten mundur sapecak. Kanthi sesidheman Duryudana utusan abdi pinitados, kadhawuhan yasa balé pasanggrahan wonten ing dhusun Waranawata, dhusun ingkang asri ingkang mapanipun wonten ing sukuning redi ing sacelaking wana. Balé punika ingkang dipun damel deling petung ingkang ing nglebetipun dipun iseni damar. Mila katelah nama balé sigalagala, tegesipun balé ingkang isinipun gala. Sasampunipun balé punika dados, kanthi ulat manis saha tetembungan manuhara, Duryudana dhawuh dhateng ingkang rayi, Yudhisthira sakadang, kinèn ameng-ameng dhateng dhusun-ngadhusun, saperlu pados indhaking seserepan, minangka sangunipun anggénipun ing bénjing jumeneng nata ing Astinapura. Amrih saged pana nguningani watak-wantunipun kawula alit ing padhusunan, kadang Pandhawa kadhawuhan masanggrah ing balé pasanggrahan, ing sawatawis wekdal. Pandhawa boten gadhah raos sanggarunggi dhateng pangandikanipun kadang sepuhipun. Sasampunipun siyaga ing sedayanipun, punapa déné malih sampun nyuwun pamit dalah nyuwun pangèstu dhateng ingkang uwa Prabu Drestarasta, dhateng ingkang paman Arya Yamawidura, dalah dhateng ingkang éyang Resi Wara Bisma, Pandhawa dalah ingkang ibu Dewi [ 64 ]munjuk atur prakawis wisudhanipun Adhimas Yudhisthira jumeneng nata ing Astina, nggentosi kalenggahanipun Paman Prabu Pandhudéwanata, jer samangké pun adhi kadang Pandhawa sampun sami ngancik diwasa. Menawi gotèking ngakathah punika kepara nyata, lajeng kados pundi kawontenan kula sakadang mangké. Boten sandé, kula dalah kadang Kurawa sedaya badhé dados rèh-rèhanipun kadang Pandhawa. Pramila awit saking punika, mugi wontena keparengipun Kanjeng Rama, kadang Pandhawa badhé kula sirnakaken kémawon." Midhanget aturipun ingkang putra, Prabu Dresțarasta sakala njegreg pindha tugu sinukarta, sapandurat boten saged paring pangandika. Sasampunipun sarèh sawatawis, Prabu Drestarasta saweg kepareng paring wangsulan. Prabu Drestarasta satuhu boten nyondhongi panyuwunipun ingkang putra, awit pepénginan punika saèstu nalisir saking anggering kautamèn saha nyimpang saking darmaning satriya tama. Duryudana sakadang boten mundur sapecak. Kanthi sesidheman Duryudana utusan abdi pinitados, kadhawuhan yasa balé pasanggrahan wonten ing dhusun Waranawata, dhusun ingkang asri ingkang mapanipun wonten ing sukuning redi ing sacelaking wana. Balé punika ingkang dipun damel deling petung ingkang ing nglebetipun dipun iseni damar. Mila katelah nama balé sigalagala, tegesipun balé ingkang isinipun gala. Sasampunipun balé punika dados, kanthi ulat manis saha tetembungan manuhara, Duryudana dhawuh dhateng ingkang rayi, Yudhisthira sakadang, kinèn ameng-ameng dhateng dhusun-ngadhusun, saperlu pados indhaking seserepan, minangka sangunipun anggénipun ing bénjing jumeneng nata ing Astinapura. Amrih saged pana nguningani watak-wantunipun kawula alit ing padhusunan, kadang Pandhawa kadhawuhan masanggrah ing balé pasanggrahan, ing sawatawis wekdal. Pandhawa boten gadhah raos sanggarunggi dhateng pangandikanipun kadang sepuhipun. Sasampunipun siyaga ing sedayanipun, punapa déné malih sampun nyuwun pamit dalah nyuwun pangestu dhateng ingkang uwa Prabu Drestarasta, dhateng ingkang paman Arya Yamawidura, dalah dhateng ingkang éyang Resi Wara Bisma, Pandhawa dalah ingkang ibu Dewi [ 65 ]Kunthi bidhal lelana brata. Kanggé samudana, Suyudana utusan ingkang abdi, Purocana, kinèn ndhèrèkaken tindakipun ing kang rayi kadang Pandhawa, miwah kadhawuhan ngladosi dhaharipun. Ing satunggaling dinten, nalika kadang Pandhawa saweg ngaso wonten ing balé pasanggrahan, wonten utusanipun ing kang paman Arya Yamawidura, nama Kanana, sowan marak. Aturipun Kanana, kadang Pandhawa kinen ngatos-atos, awit mangke ing malem tanggal 14 wulan punika Purocana kadhawuhan mbesmi balé pasanggrahan ing kalanipun kadang Pandhawa dalah ingkang ibu nedheng-nedhengipun saré. Nanging, kasuwun Pandhawa boten perlu kuwatos. Awit, Kanana badhé yasa trowongan sinandi, kanggé marginipun kadang Pandhawa lolos saking balé pasanggrahan punika. Ing dinten ingkang dipun temtokaken, Pandhawa ngajak kembul dhahar sesarengan kaliyan Purocana. Purocana ical kaprayitnanipun, anggenipun nedha keladuk kathah, malah nganggé minum inuman keras, njalari lan mendemipun. Purocana mendem, ngalumpruk pindha yaksa pejah. Ing nalika punika Pandhawa lajeng mbesmi balé pasanggrahan. Nalika latu murub ngalad-alad, Bima, panenggaking Pandhawa, mbopong sedhèrèk-sedhèrèk dalah ingkang ibu, kabekta mlajeng medal nurut trowongan sinandi, njedhul-njedhul sampun wonten ing satengahing wana. Pandhawa wilujeng, lepat saking paékanipun ingkang raka, Duryudana. Kacariyos ing nagari Astina. Midhanget aturipun kawula ing padhusunan bab balé pasanggrahan ingkang kabesmi ing wanci dalu, Prabu Drestarasta dalah Resi Wara Bisma sakalangkung sungkawa ing galih ngantos boten saged ngampet. wedaling waspa. Namung Arya Yamawidura ingkang gumujeng ing batos, awit mangertos ingkang sejatosipun kedadosan ing Waranawata. Déné Suyudana dalah rayi-rayinipun bingah-bingah awit rumaos ical klilipipun. B. Wangsulana kang patitis! 1. Pandhawa karo Kurawa kuwi keprenah apa?
II. A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog sing cumawis ing ngisor!
B. Balé kuwi tegesé werna-werna. Bisa ateges panggonan, omah, pendhapa,
III. Tuladha: Purocana turu kepati. (ukara lamba) Gawea ukara camboran nganggo tembung-tembung panggandhèng ing ngisor iki!
IV. Tulisen nganggo aksara Jawa! Kacariyos ing nagari Astina. Midhanget aturipun kawula ing padhusunan bab balé pasanggrahan ingkang kabesmi ing wanci tengah dalu, V. Wacanen sing patitis laguné sing trep, banjur apalna! Janturan Jejer ing Nagari Dwarawati
Swuh rep data pitana, anenggih nagari pundi ingkang kaéka adi dasa purwa. Eka sawiji adi luwih dasa sepuluh purwa kawitan. Dhasar nagari panjang punjung pasir wukir loh jinawi gemah ripah karta tur raharja, Panjang dawa pocapané, punjung luhur kawibawané, pasir samodra wukir gunung, déné nagari Dwarawati angungkuraken pagunungan ngéringaken pasabinan nengenaken benawi angayunaké bandharan gedhe. Loh tulus ingkang sarwa titandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Gemah wong kang lumaku dagang rinten dalu datan ana pedhoté labet tan ana sangsayane margi. Aripah janma manca kang sami gegriya ing salebeting praja jejel apipit pangrasa aben cukit tepung taritis papan wiyar katingal rupak saking arjaning nagari. Karta kawula ing padhusunan padha tentrem atiné, mungkul pangulahing tetanen. Ingon-ingon kebo, sapi, pitik, iwèn datan ana cinancangan, rahina aglar ing pangonan yèn bengi padha mulih marang kandhangé dhéwé-dhéwé. Raharja tebih ing parangmuka, déné para mantri bupati padha kontap kautamané, wicaksana limpad ing kawruh putus marang wajib pangerèhing praja, tansah ambudi wewahé kaluhuraning Nata. Dhasar nagara gedhé oboré padhang jagaté dhuwur kukusé adoh kuncarané. Boten tanah Jawi kémawon ingkang sumuyud, sanadyan ing tanah sabrang kathah ingkang sami sumawita tanpa kalawan krananing bandayuda, amung kayungyun pepoyaning kautaman, bebasan ingkang celak manglung ingkang tebih tumiyung. saben antara mangsa asok bulu bekti glondhong pangareng-areng. pèni-pèni raja peni guru bakal guru dadi. VI. Wacanen kang patitis, banjur lagokna! Suluk Pathetan Slendro 9
Sansaya dalu araras abyor kang lintang kumendhap.
Wulangan ka-11
I. A. Wacanen kang patitis! Gugur Gunung
[ 70 ]
[ 71 ]
C. Wacanen kang patitis!
Yèn budhal jam nem apa ora késuken.
Kajaba tembung rimbag adiguna, ana tembung rimbag guna. yaiku, tembung lingga sing entuk panambang en kang ngemu surasa kadunungan kaanan utawa nandhang kang kasebut ing linggane.
Umpamane kaya kang tinemu ing ukara iki:
IV. Tuladha: Dhemen tetulung kuwi wis dadi wataké bangsané dhéwé, bangsa = ꦧꦺꦴꦁꦱ bangsane = ꦧꦁꦱꦤꦺ [ 74 ]Tulisen nganggo aksara Jawa kaya tuladha ing dhuwur!
V. Tuladha:
b. Bapak ngasta pacul, arep gugur gunung ndandani tanggul. (ukara ngoko alus) Mara ukara-ukara krama alus ing ngisor iki owahana dadi ukara ngoko alus kaya tuladha ing dhuwur!
VI. Wacanen kang patitis, banjur tembangna bebarengan! Modèrnisasi Désa
(Pelog pathet nem)
Ayo ayo kanca tilingena kanca piyarsakna Wulangan Ka-12
I. A. Wacanen batin! Palang Merah Indonesia
Ing saenggèn-enggèn ing saurutipun margi ageng wonten pos, namanipun pos PPPK. PPPK punika cekakanipun tembung Pertolongan Pertama Pada Kecelakaan. Tegesipun, pitulungan ingkang sipatipun namung kanggé sawetawis wekdal, sa&erèngipun kurban angsal pitulungan ingkang langkung murwat. Mila leres sanget déné ing saenggèn-enggi:n ing saurutipun margi ageng punika dipun degi pos PPPK. Awit, ing margi ageng asring sanget wonten kaeilakan. Kathah kémawon kurbaning kacilakan ingkang tiwas namung jalaran boten énggal [ 77 ]angsal pitulungan. Kosok wangsulipun, ugi boten sekedhik kurbaning kacilakan ingkang nandhang tatu awrat nanging boten ngantos tiwas jalaran énggal angsal pitulungan. Pos PPPK punika ingkang ngedegaken bebadan utawi kempalan, namanipun Palang Merah Indonesia kacekak PMI. Mila, Pos PPPK punika ugi nganggé lambangipun PMI, inggih punika palang warni abrit ing sanginggilipun dhasar warni pethak. Palang Merah Indonesia utawi PMI punika punapa? Sapunika sampun boten wonten perang: Sapunika PMI tetulung dhateng soksintena ingkang nandhang ribed utawi kasangsaran jalaran wontenipun paceklik, pagebluk, pagering, utawi wonten bencana alam. Ing salebetipun tetulung, PMI boten mbédak-mbédakaken bangsa, agami, punapa déné kapitadosanipun ingkang dipun pitulungi. Yektosipun, ing negari-negari sanès ugi wonten kempalan. Palang Merah, kados déné Palang Merah Indonesia ing Indonesia punika. Wondéné mula bukanipun wonten kempalan Palang Merah punika cariyosipun mekaten. Ing negari Swis wonten nèm-nèman nama Henri Dunant. Tiyang sepuhipun Henri Dunant punika sudagar sugih. Kajawi bandha, Henri Dunant tampi warisan saking tiyang sepuhipun arupi watak remen tetulung dhateng sesami. Ing satunggaling dinten Henri Dunant kekésahan ngurus barang daganganipun. Lampahipun Henri Dunant nglangkungi papan tilas ajanging paprangan. Ing ngriku Henri Dunant mireng swara pating glereng saha swara pisambatipun tiyang nedha tulung. Sareng dipun tilingaken lan dipun celaki tetéla ingkang sambat-sambat nedha tulung punika prajurit ingkang nandhang tatu ingkang katilar ing kancanipun. Sok ugi, prajurit-prajurit punika dipun kinten ing kancanipun sampun dumugi ing tiwas. Sumerep [ 78 ]kedadosan ingkang ngeres-eresi punika, Henri Dunant lajeng nglempakaken tetiyang ing sakiwatengenipun tilas ajanging paprangan punika. Tiyang-tiyang punika, jaler estri ageng alit, ensem sepuh sedaya kapurih nulungi para prajurit ingkang sesambat punika. Awit wontenipun pitulungan punika, kathah prajurit ingkang lajeng luwar saking panandhang. Wangsul dhateng negarinipun, Henri Dunant lajeng adaada ngedegaken kempalan ingkang ancasipun tetulung dhateng sesami ingkang nandhang kasangsaran. Salajengipun Henri Dunant lajeng ajak-ajak bangsa sanès ngedegaken bebadan ingkang ancasipun tetulung dhateng sesami punika. Ada-adanipun Henri Dunant dipun sarujuki bangsa-bangsa sanés ingkang sami -ngawontenaken saraséhan ing kitha Jenewa. Kanggé ngémut-émut saha kanggé mahargya ada-adanipun Henri Dunant saha bangsa Swis punika, kempalan wau migunakaken lambang palang warni abrit tumumpang ing dhasar warni pethak, walikanipun gendéranipun bangsa Swis, inggih punika palang warni pethak ingkang tumumpang ing dhasar warni abrit. B. Wangsulana kang patitis!
II. Tuladha:
III. A. Tuladha:
B. Tuladha: Mara tembung-tembung dwipurwa lan tembung-tembung dwilingga ing ngisor iki terangna tegesé, kaya tuladha ing dhuwur!
Wangsul dhateng negaripun, Henri Dunant lajeng ngedegaken kempalan ingkang ancasipun tetulung dhateng sesami ingkang nandhang papa. Salajengipun, Henri Dunant lajeng ajak-ajak bangsa sanès ngadegakeun babadan ingkang ancasipun tetulung dhateng sesami punika. Ada-adanipun Henri Dunant punika dipun sarujuki bangsa-bangsa sanès ingkang sami ngawotenanken sareséhan ing kitha Jenewa. V. Tuladha:
Tembung-tembung sambawa ing ngisor iki terangna tegesé, kaya tuladha ing dhuwur!
Tamanku
Swara kumrosak tekaning udan, ngeresah rumangsang apes priyangga. (Medan Bahasa - Basa Jawi, Nomer 9, Taun II) Kapustakan
Garan Pangracikipun Buku Kridha Basa SMP
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Groningen. 84 |